Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kitab Suci, Anonim, #1962 (Bagian 4)

Katalog:Kitab Suci, Anonim, #1962
Sambung:
1.Kitab Suci, Anonim, #1962 (Bagian 1). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1548.
2.Kitab Suci, Anonim, #1962 (Bagian 2) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1547.
3.Kitab Suci, Anonim, #1962 (Bagian 3) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1546.
4.Kitab Suci, Anonim, #1962 (Bagian 4) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1545.

27. Pralambang Prawan Sadasa tuwin Pralambang Arta ingkang Pinitadosakên, Pangandikanipun Gusti Yésus Mênggah Pangadilan ing Dintên Kiyamat

Gusti Yésus lajêng ngandika malih: "Ing nalika iku karatoning Swarga upamané prawan sapuluh padha anggawa damar, arêp mêthuk pangantèn lanang.[332] Prawan mau kang lima pintêr, kang lima busuk. Mungguh kang busuk mau ênggoné anggawa damar tanpa andhungan lênga, déné kang pintêr nganggo andhungan. Sarèhné wus antara suwé pangantèn ora têka, prawan mau banjur padha ngantuk, tumuli katuron kabèh. Barêng ing wayah têngah wêngi ana swaraning wong gumêrah, lah pangantèn têka, agé padha mêthuka. Prawan mau banjur padha tangi, anyadhiakaké damaré. Déné prawan kang busuk anêmbung marang kang pintêr: 'Aku jaluk lêngamu, sabab damarku wus ambalêrêt.' Wangsulané kang pintêr: 'Yèn mêngkono mundhak aku lan kowé padha kakurangan, luhung kowé tukua lênga marang kang adol.' Sasuwéné prawan busuk mau tuku lênga, kasêlak têkané pangantèn. Déné prawan kang padha samêgtasamêkta* banjur padha mèlu malêbu ing bawahan, lawangé tumuli kinancing. Wusana prawan kang busuk mau padha têka sarta padha umatur: 'Gusti, Gusti, kula nyuwun kontên.' Wangsulané pangantèn: 'Satêmêné aku ora wanuh lan kowé.' Gusti lajêng nêgêsi, pangandikanipun: "Mulané kowé padha mêlèka, sabab kowé ora sumurup dina utawa wayahé ênggoné rawuh putraning manungsa."

Gusti Yésus lajêng nyambêti pralambang malih, pangandikanipun: "Ana wong[333] arêp lêlungan, anglumpukaké batur-baturé padha kapasrahan dhuwité. Kang sawiji dipitayani limang talênta (satalênta punika tiga bêlah èwu rupyahrupiah*), sawijiné rong talênta, déné sawijiné manèh satalênta, mawa-mawa ing kapintêrané. Bêndarané tumuli mangkat lunga, déné batur kang nampani limang talênta, dhuwité banjur ginawé dagang, olèh bathi limang talênta. Mêngkono uga batur kang nampani rong talênta, iya olèh bathi rong talênta. Déné batur kang nampani satalênta, dhuwité bêndarané banjur dipêndhêm. Sawusé antara lawas, bêndara mau banjur mulih, tumuli itung-itungan lan batur têtêlu mau. Kang dhisik umarêgumarêk* sarta umatur: 'Bêndara, kula sampéyan pitadosi arta gangsal talênta, lah ing mangké sampun dados sadasa talênta.' Bêndarané banjur ngalêm: 'Héh batur kang bêcik lan têmên, kowé dipitayani sathithik wus katara katêmênamukatêmênanmu*. Kowé bakal takpitayani kang akèh. Kowé mèlua suka-suka lan bêndaramu.' Tumuli batur kapindhoné umarêgumarêk*, aturé: 'Bêndara, kula sampéyan pawiti arta kalih talênta, lah ing mangké sampun dados kawan talênta.' Tumuli dialêm lan dililani mèlu bêbungah kaya batur kang dhisik mau. Wusana[334] batur katêluné mau marêka sarta umatur: 'Bêndara, kula sumêrêp yèn sampéyan punika tiyang murka. Sampéyan asring ngundhuh ing panggènan kang botên sampéyan tanêmi, saha sampéyan asring ngalêmpakakên ing panggènan kang botên sampéyan sawuri. Mila saking jrih kula, arta sampéyan lajêng kula pêndhêm. Lah sumôngga punika kagungan sampéyan taksih wêtah satalênta.' Bêndarané banjur mangsuli: 'Héh batur kang ala lan kêsèd, yèn mêngkono sumurupmu, ya géné dhuwitku ora banjur kopasrahaké marang préyalan supaya saulihku kênaa daktampani saanakané?' Bêndara mau nuli dhawuh marang batur liyané: 'Dhuwit satalênta iku pundhutên, wènèhna marang batur kang duwé sapuluh talênta mau! Sabab sing sapa duwé bakal winuwuhan, têmah dadi sugih. Déné wong kang ora duwé bakal pinundhutan duwèké. Déné batur kang tanpa gawé iku buwangên mênyang panggonan kang pêtêng dhêdhêt, ing kono bakal ana panangis lan panggêgêting untu.'"

Gusti Yésus lajêng ngandika malih: "Ing bésuk sarawuhé putraning manungsa angagêm kamulyané, ginarêbêg ing para malaékaté ka-[335]bèh, tumuli pinarak ana ing dhampar kapraboné. Déné para jinis kabèh bakal kinalumpukaké ana ing arsané. Tumuli padha pinisah-pisah, mungguh wong kang laku bêcik padha kaprênahaké ana ing têngêné, déné kang laku ala ana ing kiwané. Ing kono Sang Prabu ngandika marang wong kang padha ana ing têngêné: 'Héh wong kang padha kanugrahan déning Kangjêng Rama, lah mara padha tampanana karaton kang wus cinadhangaké marang kowé wiwit nalika jagad dumadi. Sabab ing nalika Aku kaluwèn, kowé saosi dhahar. Ing nalika Aku ngêlak, kowé saosi ngunjuk. Ing nalika Aku nênêka, kosaosi pondhokan. Ing nalika Aku kawudan, kowé saosi busana. Ing nalika Aku gêrah, kotinjo. Ing nalika Aku kinunjara, kotiliki.' Déné wong kang laku bêcik mau bakal padha mangsuli atur: 'Gusti, kala punapa anggèn kula ngladosi Sampéyan ingkang kados makatên wau? Wangsulané Sang Prabu: 'Tutur-Ku ing kowé iku sanyatané. Sapira ênggonmu ambêciki salah sawijining sadulurku kang cilik-cilik iki, iya iku ênggonmu ngladèni Aku.' Sang Prabu tumuli ngandika marang wong kang ana ing ki-[336]wane: 'Héh wong kang kêna ing bêbêndu, kowé lungaa saka ngarsa-Ku, malêbua ing gêni langgêng kang wus cinawisaké marang iblis sabalané! Sabab nalika Aku kaluwèn, ora kosaosi dhahar. Nalika Aku ngêlak, ora kosaosi ngunjuk. Nalika Aku nênêka, ora kosaosi pondhokan. Nalika Aku kawudan, ora kosaosi busana. Nalika Aku gêrah ora kotiliki.' Déné wong kang laku ala iku bakal padha mangsuli atur: 'Gusti, kala punapa anggèn kula ningali ing Sampéyan amanggih ribêd ingkang makatên wau? Môngka kula botên angopèni Sampéyan.' Pangandikané Sang Prabu: 'Ênggonmu ora ambêciki marang salah sawijininé kang cilik-cilik iki, iya iya iku ênggonmu ora ngopèni Aku.' Wusana wong kang laku ala iku nêmu siksa langgêng, déné wong kang laku bêcik mau nêmu urip langgêng."[337]

28. Gusti Yésus Angwisuhi Sukuning Para Sakabat, tumuntên Amurwani Bujana Suci

Gusti Yésus sêsampuning anggêlarakên pangandika kados ing nginggil wau, lajêng angandika dhumatêng para sakabatipun: "Kowé wus padha sumurup yèn bésuk êmbèn dina paskhah, ing kono putraning manungsa bakal kaulungaké banjur sinalib."

Kala samantên para imam agêng tuwin para pinisêpuh sami kalêmpakan wontên dalêmipun pangulu imam, sami apirêmbagan anggènipun badhé anyêpêng Gusti kalayan paékan, saha anggènipun badhé anyédani pisan. Kocapa wontên satunggaling sakabatipun Gusti Yésus anama Yudas Iskariot sowan dhatêng para imam agêng. Aturipun: "Kula sagah angulungakên Yésus dhatêng sampéyan, badhé sampéyan ganjar punapa?" Para imam wau lajêng sami asuka bingah. Wusana Yudas lajêng dipunêbang arta tigangdasa wang salaka. Wiwit ing dintên punika Yudas angupados margi anggènipun badhé angulungakên Gusti.

Sarêng andungkap mangsaning têtiyang Yahudi sami amragat cêmpé ingkang badhé kang-[338]gé ing dintên agêng paskhah, para sakabat sami umatur ing Gusti: "Karsa Sampéyan anggèn kula nyadhiakakên dhahar Sampéyan paskhah wontên ing pundi?" Gusti lajêng utusan Pétrus lan Yokhanan dhatêng Yêrusalèm. Pangandikanipun: "Kowé mênyanga ing nagara, ing kono kowé bakal kapapag wong angindhit êjun isi banyu. Iku tut burinên, ing ngêndi omah kang dilêboni. Kowé tutura marang kang duwé omah mangkéné: 'Dhawuhipun guru amundhut priksa anggènipun badhé dhahar paskhah kaliyan para sakabatipun wontên ing pundi?' Wong iku amêsthi banjur nuduhaké marang kowé ing gêdhong gêdhé, ing kono kowé nyadhiaknana dhahar-Ku paskhah." Saksana sakabat kêkalih wau lajêng nglampahi punapa dhawuhing Gusti. Sarêng wanci sontên Gusti rawuh kadhèrèkakên sakabatipun kalih wêlas. Lajêng sami akêmbul dhahar.

Gusti Yésus sadangunipun dhahar lajêng jumênêng angrucat rasukan, tumuntên amundhut mori kasabukakên. Lajêng angasta bokor kaisènan toya, nuntên angwisuhi sukuning para sakabatipun, kausapa-[339]n kalayan kumlèwèring mori ingkang kasabukakên wau. Kocapa Simon Pétrus sarêng badhé dipunwisuhi ing Gusti, lajêng matur: "Kados pundi Gusti, déné Sampéyan têka badhé angwisuhi suku kula?" Wangsulanipun Gusti: "Kang daklakoni iki kowé saiki ora sumurup, sumurupmu yèn wus kalakon." Pétrus lajêng matur malih: "Sampun pisan- pisan Gusti, Sampéyan angwisuhi suku kula." Wangsulanipun Gusti: "Yèn kowé ora dakwisuhi, amêsthi ora kalêbu ing gêgolongana-Kugêgolongan-Ku*," Aturipun Pétrus: "Gusti manawi makatên, sampun angêmungakên suku kula kémawon, dalah tangan tuwin sirah kula pisan sumôngga." Pangandikanipun Gusti: "Wong kang wus adus iku kang prêlu mung winisuhan sikilé baé, sabab awake sakojur wus rêsik. Déné kowé iku wus padha rêsik nanging ora kabèh." Mila Gusti ngandika makatên, awit sampun sumêrêp yèn satunggaling sakabatipun kapanjingan iblis badhé angloropakên sariranipun. Gusti sêsampuning angwisuhi sukuning para sakabat, lajêng ngagêm rasukan malih. Nuntên pinarak sarwi ngandika dhumatêng para sakabat: "Kowé apa wis sumu-[340]rup kang dadi karêp-Ku ênggon-Ku ngwisuhi kowé mau? Kowé padha nyêbut guru lan Gusti marang Aku, dhasar bênêr Aku iki guru sarta Gustimu. Sarèhning Aku iki guru lan Gustimu, môngka Aku wus angwisuhi sikilmu. Mulané kowé padha kawajiban wisuh-winisuhan sikil, sabab Aku wus paring tuladan marang kowé supaya kowé padha anirua panggawé-Ku marang kowé iki mau. Tutur-Ku ing kowé iku sanyatané, yèn mungguh jênênging batur iku ora ngungkuli bêndarané, utawa jênênging kongkonan iku ora ngungkuli kang akongkon. Yèn kowé wus sumurup kang mangkono iku, rahayu yèn padha kolakoni."

Sêsampuning makatên Gusti Yésus lajêng ngandika dhumatêng para sakabat: "Bangêt têmên kapéngin-Ku mangan paskhah iki barêng lan kowé, mupung Aku durung nandhang pilara. Wruhanamu sawijining panunggalamupanunggalanmu* kang mèlu mangan lan Aku bakal angloropaké Aku." Para sakabat nuntên sami kèmêngan, sami matur ing Gusti piyambak-piyambak: "Punapa kawula Gusti? Punapa kawula Gusti?" Wangsulanipun Gusti: "Salah sawijining wong rolas iki kang kêmbul mangan karo Aku, iya iku kang bakal angloropaké Aku. Déné putra-[341]ning manungsa iya mêsthi nglakoni kaya kang wus katulisan ing atasé sarirané. Éwadéné bilahi wong kang ngloropaké, luwih bêcik wong iku aja tumitah baé." Yudas inggih lajêng matur: "Guru, punapa kawula?" Pangandikanipun Gusti: "Kowé wus ngarani." Yudas sêsampuning nêdha tumuntên késah pinuju ing wanci dalu.

Saksana Gusti angasta roti, sêsampuning mêmuji sukur lajêng cinuwil-cuwil, tumuntên kaparing-paringakên dhumatêng para sakabat. Pangandikanipun: "Padha tampanana lan panganên! Iya iku sarira-Ku kang pinaringaké mikolèhi ing kowé. Iku padha gawénên pangéling-éling marang Aku." Gusti tumuntên angasta cangkir isi anggur, sêsampuning mêmuji sukur lajêng kaparingakên dhumatêng para sakabat sarwi ngandika: "Iku padha ombénên sakancamu kabèh! Iku gêtih-Ku, iya gêtihing prajanjéan anyar kang winutahaké minôngka panglêburing dosamu lan dosané wong akèh. Pitutur-Ku marang kowé, wiwit saiki Aku bakal ora ngombé duduhing wit anggur iki kongsi tumêka ênggon-Ku ngombé lan kowé kang anyar, ana karato-[342]né Kangjêng Rama."

29. Gusti Yésus Wontên ing Patamanan Gètsémané

Sêsampuning sami angrêpi panggunggung maring Allah, (masmur ôngka: 115-118) kados déné adatipun tiyang Yahudi bilih anglêrêsi dintên paskhah. Tumuntên sami tindak dhatêng rêdi Jaitun. Wontên ing margi Gusti ngandika dhumatêng para sakabatipun: "Ing wêngi iki pracayamu bakal padha kasandhung ing Aku." Aturipun Pétrus: "Sanadyan kônca kula sadaya sami makatêna, yèn kula piyambak amêsthi botên pisan." Pangandikanipun Gusti: "Tutur-Ku ing kowé iku sanyatané. Ing wêngi iki uga sadurungé jago kaluruk kang kapindho, kowé bakal anyélaki Aku kongsi rambah ping têlu." Aturipun Pétrus: "Sanadyan kula dumugia ing pêjah ambélani Sampéyan." Para sakabat sanèsipun inggih lajêng sami matur makatên sadaya.

Botên antawis dangu Gusti Yésus sasakabatipun sami nyabrang ing lèpèn Kidron, lajêng lumêbêt ing patamanan ingkang winastan Gètsémané. Gusti lajêng ngandika: "Kowé padha ngêntènana ing ké-[343]né baé dhisik! Aku taksêmbahyang mrono." Gusti lêstantun tindakipun, déné ingkang kabêkta namung Pétrus, Yakobus, lan Yokhanan. Sanalika Gusti lajêng tab- taban lan sungkawa. Pangandikanipun: "Bangêt têmên prihatiné nyawa-Ku rasané kaya mati-matia. Kowé karia ing kéné lan padha mêlèka karo Aku!" Sêsampuning tindak sawatawis, Gusti lajêng sumungkêm ing siti asêmbahyang. Aturipun: "Dhuh Rama Kawula manawi kénging cangkir punika mugi langkunga saking Kawula, nanging déné pikajêng Kawula karsa Sampéyan ingkang kalampahana." Gusti tumuntên wangsul dhatêng panggènaning sakabat têtiga wau, pinanggih sami tilêm. Pangandikanipun dhumatêng Pétrus: "Kowé apa turu? Apa ora bisa mêlèk karo Aku sajam baé? Padha mêlèka lan sêmbahyanga supaya kowé aja kongsi kêna panggodha! Si ati iku nurutan nanging si raga ora kêlar nêmbadani." Gusti lajêng tindak malih asêmbahyang, aturipun: "Dhuh Rama Kawula manawi cangkir punika botên kénging langkung saking Kawula tan kénging botên kêdah Kula ombé, sumôngga ing sakarsa Sampéyan." Gusti tumuntên wangsul malih dhatêng panggènaning sa-[344]kabat têtiga wau, ugi pinanggih sami tilêm sabab mripatipun sami ambaliyut. Lajêng sami katilar sêmbahyang malih, aturipun inggih kados ingkang sampun wau. Tumuntên wontên malaékat tumêdhak saking Swarga angatingali Gusti, anyantosakakên sariranipun. Gusti nalika kapêtêgkapêtêk* ing prihatin sangsaya adrêng sêmbahyangipun, riwénipun ngantos rêntah ing siti apindha tètèsing êrah. Sêsampuning sêmbahyang Gusti lajêng wangsul malih dhatêng panggènaning sakabatipun, pangandikanipun: "Saiki kowé apa arêp turu lan aso? Lah iki mangsané putraning manungsa diulungaké marang tangané wong dosa. Mara padha tangia, ayo padha lumaku! Lah kang ngloropaké Aku wus cêdhak."

30. Gusti Yésus Linoropakên déning Yudas, Sinélakan déning Pétrus

Gusti Yésus dèrèng dumugi anggènipun ngandika, tumuntên wontên gumrêdêging tiyang kathah. Inggih punika utusanipun para imam agêng[345] tuwin para pinisêpuh sami kinèn anyêpêng Gusti. Déné ingkang dados pangiridipun Yudas Iskariot. Punika sampun amangsit dhatêng tiyang kathah wau, wicantênipun: "Êndi kang takambung iya iku Yésus. Cêkêlên, banjur bandanên dikukuh." Yudas sarêng ningali Gusti tumuntên marêpêki sarwi umatur: "Bagéya guru, lajêng angambung Gusti." Déné pangandikanipun Gusti: "Héh Yudas, ya géné kowé angloropaké putraning manungsa sarana pangambung?" Para sakabat sarêng sumêrêp Gusti badhé cinêpêng lajêng sami umatur: "Gusti, punika punapa kula amuk kaliyan pêdhang?" Saksana Pétrus angunus pêdhangipun lajêng kasabêtakên, kénging abdining pangulu imam anama Malkus, kapêrung kupingipun kang têngên. Gusti lajêng ngandika dhumatêng Pétrus: "Pêdhangmu wrangkakna! Cangkir pêparingé Kangjêng Rama apa ora takombé?" Gusti lajêng anggêpok kupingipun tiyang wau, sanalika lajêng saras. Para sakabat sarêng sumêrêp bilih Gusti botên pisan suwala lajêng sami katilar lumajêng. Wusana Gusti kacêpêng.

Gusti Yésus lajêng kabêkta dhatêng dalêmipun pangulu imam a-[346]nama Kayafas. Ing ngriku pakêmpalaning pradata agêng. Déné Pétrus angodhol Gusti, tumut lumêbêt ing dalêmipun pangulu imam wau badhé sumêrêp kados pundi wusananipun. Wontên ing ngriku Pétrus api-api sarwi andhodhok awor lan para abdi, tumuntên wontên satunggaling para nyai amandêng Pétrus, wicantênipun: "Kowé iku iya panunggalané Yésus wong Nasarèt?" Pétrus lajêng sélak, ungêlipun: "Aku ora wanuh lan wong iku. Pangucapmu iku apa? Aku ora ngrêti." Pétrus lajêng medal dhatêng palataran, nuntên wontên sawung kaluruk. Sarêng Pétrus dhatêng ngrégol, kapranggul para nyai malih amandêng Pétrus sarwi wicantên dhatêng têtiyang kang sami wontên ing ngriku: "Wong iku panunggalané Yésus wong Nasarèt." Déné Pétrus inggih lajêng sélak malih kalayan supata, ungêlipun: "Aku ora wanuh lan wong iku." Botên antawis dangu wontên satunggaling abdinipun pangulu imam sadhèrèking tiyang ingkang kapêrung kupingipun dhatêng Pétrus wau, punika lajêng wicantên: "Aku ora nyilih mata, kowé rak kancané Yésus dhék ana pata-[347]manan mau ta?" Déné têtiyang kang wontên ing ngriku lajêng sami wicantên: "Nyata kowé iku panunggalané, kowé iya wong Galiléa, katara kêdaling calathumu." Pétrus sarêng sampun kapèpèt sangêt lajêng angipat-ipati awakipun piyambak kalayan supata: "Aku ora wanuh lan wong kang koucapaké iku." Lajêng wontên sawung kaluruk malih, Gusti tumuntên nolih dhumatêng Pétrus. Sanalika Pétrus kèngêtan pamêcanipun Gusti, lajêng medal sarwi nangis kalara-lara.

31. Gusti Yésus Pinariksa ing Pradata Agêng, Katêmahanipun Yudas

Wontên dalêmipun pangulu imam Kayafas, Gusti Yésus pinariksa ing pradata agêng. Wiwitipun amriksa pangulu imam pitakèn dhatêng Gusti mênggahing sakabatipun tuwin ing wêwulangipun. Wangsulanipun Gusti: "Anggèn Kula wicantên dhatêng tiyang kathah punika kalayan ngêdhèng kémawon, punapadéné anggèn Kula mêmulang sabên-sabê-[348]n wontên ing masjid-masjid tuwin Bétal Mukadas, pakêmpalaning tiyang Yahudi sadaya botên naté mulang wontên ing pasingidan. Kados pundi déné sampéyan têka pitakèn dhatêng Kula? Luhung sampéyan pitakèna dhumatêng têtiyang kang sampun sami mirêngakên punapa ingkang Kula gêlarakên. Lah punika ingkang sami sumêrêp mênggahing piwulang Kula sadaya." Sarêng Gusti matur makatên, lajêng wontên satunggaling abdi anapuk Gusti. Wicantênipun: "Kapriyé déné aturmu marang pangulu imam têka kaya mêngkono?" Wangsulanipun Gusti: "Lamun atur-Ku luput pratélakna, déné yèn bênêr ya géné Aku kotapuk?" Wondéné para imam agêng tuwin para ahli pradata sami ngupados tiyang ingkang purun nêksèni kalêpatanipun Gusti supados kénginga kaukum pêjah, nanging sami botên angsal. Inggih kathah tiyang kang malêbêt saksi dora, nanging anggènipun nêksèni botên mufakat. Saksana pangulu imam jumênêng sarwi pitakèn dhatêng Gusti: "Kowé apa ora madoni panêrkané saksi-saksi iku?" Nanging Gusti kèndêl kémawon, botên amangsuli punapa-punapa. Pangulu imam tumuntên pi-[349]takèn malih: "Kowé taksupatani, matura! Apa kowé iku Kristus putraning Kang Maha Mulya?" Wangsulanipun Gusti: "Dhasar inggih, mangké sampéyan amêsthi ningali putraning manungsa pinarak wontên têngêné Sang Wisésa, rawuh wontên méganing ngakasa." Pangulu imam tumuntên anyuwèk-nyuwèk sandhanganipun piyambak. Wicantênipun dhatêng para ahli pradata: "Wus ora susah nganggo saksi manèh, pakênira wus padha krungu dhéwé ênggoné anyatur ala maring Allah, panimbang pakênira kapriyé?" Déné atur panimbangipun para ahli pradata: "Tiyang punika kalêrês ing khukum pêjah." Saksana Gusti lajêng kapasrahakên dhatêng para abdi kinèn anyêpêngi. Déné para abdi wau sami anggêgujêng ing Gusti, wontên ingkang ngidoni wadananipun, wontên malih ingkang ambithèni, lan wontên malih ingkang nyêrup wadananipun lajêng dipuntapuki. Wicantênipun: "Héh Kristus, mara sapa kang napuk kowé iki?" Sarêng wanci énjing para imam agêng lan para pinisêpuh sami apirêmbagan malih anggènipun badhé nyédani Gusti. Gusti lajêng kabêsta, kaladosakên dhatêng ngarsaning adipati Rum anama Pontius Pilatus.[350]

Kocapa Yudas Iskariot sarêng sumêrêp yèn Gusti katêtêpakên ing khukum pêjah sangêt kaduwungipun. Uwang salaka tigangdasa ingkang sampun dipuntampèni lajêng dipunwangsulakên dhatêng para imam agêng tuwin para pinisêpuh. Aturipun: "Kula rumaos dosa, anggèn kula ngloropakên rah kang rêsik." Wangsulanipun ingkang dipunaturi: "Aku ora praduli, iku prakaramu dhéwé." Yudas tumuntên anguncalakên wang salaka tigangdasa wau dhatêng Bétal Mukadas lajêng késah anglawé gulunipun piyambak. Tumuntên para imam agêng sami amêndhêti uwang salaka wau, wicantênipun: "Iku ora patut yèn dilêbokna ing pêthi dana, sabab iku patukuning gêtih." Tumuntên sami sarêmbag arta wau katumbasakên siti pakundhèn, kadamêl pajaratanipun tiyang nênêka. Mila pasitèn wau lajêng misuwur nama palêmahan gêtih.[351]

32. Gusti Yésus Pinariksa déning Adipati Pilatus, tuwin Raja Hérodhès

Kacariyos para ahli pradata ingkang sami ngladosakên Gusti Yésus sami botên purun lumêbêt ing dalêmipun sang adipati Pilatus, supados sampun ngantos najisakên badanipun. Awit sang adipati wau sanès agami Yahudi, mila Pilatus lajêng medal amanggihi para ahli pradata wau sarwi andangu: "Panggugatmu marang wong iku prakara apa?" Aturipun para imam agêng: "Tiyang punika sampun kacihna anggènipun nasarakên tiyang kathah, sami dipunpênging anyaosi bulu bêkti dhatêng Sang Prabu, pangakênipun Kristus inggih punika Sang Prabu." Sang adipati lajêng lumêbêt ing dalêm, Gusti nuntên katimbalan saha kadangu: "Apa têmên kowé iku ratuné wong Yahudi?" Wangsulanipun Gusti: "Karaton Kula dédé karaton donya. Saupami karaton Kula punika karaton donya amêsthi bala Kula sami anglawan pêrang, supados Kula sampun ngantos kaulungakên dhatêng tiyang Yahudi." Pangandikanipun Pilatus: "Dadi nyata kowé iku ratu?" Wangsulanipun Gusti: "Dhasar inggih Kula punika ratu, mênggah lair Kula tuwin dhatêng Kula ing do-[352]nya supados Kula anêksènana mênggahing kanyataan. Sintên-sintêna ingkang wijil saking kanyataan amêsthi mirêngakên suwara Kula." Pangandikanipun Pilatus: "Ah, kanyataan iku apa?" Sêsampuning ngandika makatên, Pilatus lajêng medal manggihi para imam agêng malih. Pangandikanipun: "Panêmuku wong iku ora kaluputan." Wondéné para imam agêng wau sami adrêng panggugatipun, aturipun: "Tiyang punika anggègèrakên tiyang kathah sarana piwulangipun ingkang dipun-gêlarakên ing satanah Yudia sadaya, wiwit saking Galiléa ngantos dumugi ing ngriki." Sarêng Pilatus mirêng ungêl-ungêlan Galiléa, lajêng andangu: "Punapa Yésus punika tiyang Galiléa?" Pilatus sarêng sumêrêp yèn Gusti punika tiyang Galiléa, lajêng kakintunakên dhatêng sang raja Hérodhês, ratu ing Galiléa, anglêrêsi wontên ing Yêrusalèm prêlu anêtêpi paskhah. Déné sang raja Hérodhês sarêng mirsa Gusti, sangêt sukanipun awit sampun lami anggènipun kapéngin pirsa, margi sampun asring-asring mirêng pawartos mênggah ing Gusti. Mila sarêng pinanggih, sang prabu kumêdah-kêdah badhé pirsa mukjijatipun, akathah-kathah pandangunipun. É-[353]wadéné Gusti botên mangsuli sakêcap- kêcapa. Wondéné sang prabu saprajuritipun lajêng sami nyênyampahi tuwin mêmoyoki ing Gusti. Nuntên dipunagêmi jubah gumilap lajêng kawangsulakên dhatêng sang adipati Pilatus. Wiwit ing dintên punika sang prabu Hérodhês amêmitran kaliyan sang adipati Pilatus. Déné ing waunipun mêmêngsahan.

Kacariyos sampun dados adatipun ing ngriku sabên dintên agêng paskhah, sang adipati angluwari salah satunggaling pasakitan, pundi ingkang dipunpilih déning tiyang kathah. Ing nalika punika wontên pasakitan satunggal anama Barabas, sampun misuwur piawonipun amêjahi tiyang salêbêting rêrêsah. Sang adipati lajêng ngandika dhumatêng tiyang kathah kang sami andhèr wontên ngarsanipun: "Lah mara padha pilihên êndi kang dakluwari, apa Barabas apa Yésus kang sinêbut Kristus?"Kréstus* Wondéné para imam agêng tuwin para pinisêpuh sami angojok-ojoki dhumatêng tiyang kathah kapurih sami milih Barabas. Sakathahing tiyang lajêng sami anguwuh-uwuh: "Barabas kémawon sampéyan luwari." Pangandikanipun Pilatus: "Yèn mêngkono Yésus iku dakkapakaké?" Panguwuhipun tiyang[354] kathah: "Kasirnakna, kasaliba." Pilatus andangu malih: "Apa ta pialané wong iku?" Panguwuhipun tiyang kathah sangsaya asru: "Kasaliba, kasaliba."

33. Gusti Yésus Kapasrahakên déning Pilatus, Badhé kasalib

Sang adipati lajêng andhawahakên anggitiki Gusti Yésus. Para prajurit tumuntên anganam êri kadamêl makutha, kaêtrapakên ing mastakanipun Gusti sarta kasingêpan jingga tuwin kacêpêngan wuluh. Prajurit ing kadipatèn lajêng sami jèngkèng wontên ing arsanipun sarwi amoyoki, ungêlipun: "Bagéya, héh ratuné wong Yahudi." Tumuntên anapuk wadananipun, wontên ingkang ngidoni, wontên malih ingkang ngrêbat wuluhipun lajêng kagitikakên ing sirah. Gusti lajêng kabêkta medal malih, pangandikanipun sang adipati dhumatêng tiyang kathah: "Lah wong iku dakgawa mêtu supaya kowé kabèh padha sumurupa, yèn aku ora nêmu kaluputané." Wêdalipun Gusti taksih ngagêm maku-[355]tha êri tuwin singêb jingga wau. Pangandikanipun sang adipati dhumatêng tiyang kathah: "Padha dêlêngên wong iku!" Wondéné para imam agêng saabdinipun sarêng sami ningali Gusti, lajêng sami anguwuh-uwuh: "Kasaliba, kasaliba." Pangandikanipun Pilatus: "Aku ora nêmu kaluputané." Karsanipun Pilatus kêdah angluwari Gusti, ananging para imam agêng sami anguwuh-uwuh: "Manawi sampéyan angluwari tiyang punika dados tétéla yèn sampéyan punika dédé mitranipun sang prabu ing Rum. Sintên ingkang ngadêg ratu piyambak punika baléla." Wondéné Pilatus sarêng mirêng panguwuh ingkang makatên wau sarta sumêrêp yèn karsanipun tanpa damêl malahan dadosakên gègèring tiyang, tumuntên amundhut toya, wijik asta wontên ngajênganing tiyang kathah, sarwi ngandika: "Aku iki rêsik, ora mèlu-mèlu mungguh wutahing gêtihé wong bêcik iki, dadia têtanggunganmu dhéwé." Panguwuhipun tiyang kathah: "Kajêngipun kula saanak kula katêmpaha ing rahipun." Gusti tumuntên kapasrahakên dhatêng para imam agêng badhé kasalib. Sêsampuning katampèn lajêng kabêkta dhatêng rêdi Golgota sarwi manggul kajêng salib. Kacariyos sarêng wontê-[356]n ing margi kapêthuk satunggaling tiyang ing Kiréné anama Simon sawêg mantuk saking sabin. Punika lajêng dipunarat kinèn manggul kajêng salib wau wontên ing wingkingipun Gusti. Ing ngriku kathah tiyang kang sami andhèrèkakên, punapadéné tiyang èstri kathah kang sami nangisi saha sêsambat. Gusti tumuntên nolèh sarwi ngandika dhumatêng tiyang èstri punika: "Héh bocah wadon ing Yêrusalèm, kowé aja nangisi Aku, balik padha nangisana awakmu dhéwé apadéné anak-anakmu. Sabab yèn kaya mêngkono panggawéné wong marang kayu kang sêgêr, kayu kang garing iku bakal dikapakaké?"

34. Gusti Yésus Sinalib

Sarêng sampun dumugi ing rêdi Golgota, Gusti Yésus lajêng dipunsaosi anggur winoran rêmpêlu kados adating tiyang badhé kinisas. Murih sudaning sakitipun amargi mêndêm sawatawis. Nanging Gusti botên karsa ngunjuk. Gusti lajêng kaêtrapakên ing kajêng salib, asta tuwin sukunipun pinaku. Lah ing ngriku wontên tiyang[357] bégal kêkalih sami kasalib sarêng kaliyan Gusti. Ingkang satunggal kaprênahakên wontên têngêning Gusti, satunggalipun wontên ing kiwanipun. Sanadyan Gusti dipunsawênang-wênang kados makatên. Éwadéné botên karsa males awon utawi sarêng walat. Malah lajêng umatur maring Allah: "Dhuh Rama, Sampéyan mugi ngapuntêna tiyang punika, awit déné sami botên sumêrêp punapa pandamêlipun." Wondéné kajêng salib wau dipuncirèni awit saking dhawahipun Pilatus, ungêlipun makatên: "Iki Yésus wong Nasarèt, ratuné wong Yahudi." Kacariyos prajurit sakawan ingkang sami anyalib Gusti lajêng sami amêndhêti pangagêmanipun, sami dipunêdum. Wondéné rasukanipun rangkêpan tanpa dondoman tinênun lajuran kémawon. Punika sami dipunundhèni, lah ing ngriku kayêktosan ingkang sampun winêca wontên ing kitab Zabur, (Mazmur kaping: 22) ungêlipun: "Panganggé Kula sami dipunêdum saha rasukan Kula sami dipunundhèni."

Kocapa para imam agêng tuwin para prajurit punapadéné tiyang kathah sami angolok-olok ing Gusti. Wo-[358]ntên ingkang mungêl: "Yèn nyata Kowé iku putraning Allah, lah mudhuna saka ing kayu salib." Dalah tiyang bégal wau ingkang satunggal ugi tumut ngolok-olok, wicantênipun: "Yèn nyata Kowé iku Kristus, mara nulungana awak-Mu dhéwé lan awakku." Déné bégal satunggalipun amangsuli kalayan srêngên. Wicantênipun: "Apa kowé iku iya ora wêdi maring Allah? Môngka kowé iku uga nandhang paukuman. Luhung kowé lan aku iki wus bênêré nandhang paukuman. Balik wong iku ora pisan duwé kaluputan." Saksana lajêng matur ing Gusti: "Gusti, manawi Sampéyan sampun rawuh ing karaton Sampéyan, mugi èngêta dhumatêng kula." Wangsulanipun Gusti: "Tutur-Ku ing kowé iku sanyatané, ing dina iki uga kowé mêsthi munggah ing Swarga Pirdus barêng lan Aku."

Wondéné kang ibu Gusti tuwin sadhèrèkipun kang ibu anama Maryam Klopas punapadéné Maryam Magdaléné sami ngadêg sacêlaking kajêng salibipun Gusti. Sarêng Gusti mirsani kang ibu sarta sakabatipun kêkasih anama Yokhanan wontên ing sandhingipun kang[359] ibu, lajêng ngandika dhumatêng kang ibu: "Héh wong wadon, iku anakmu." tumuntên ngandika dhumatêng Yokhanan wau: "Héh iku ibumu." Ing dintên punika Maryam kabêkta déning Yokhanan, anunggil sagriya.

Sarêng wanci têngangé, ing bumi kapêtêngan dangunipun ngantos tigang jam. Sarêng wanci jam tiga, Gusti anguwuh-uwuh kalayan swara asru: "Dhuh Allah Kawula, dhuh Allah Kawula, punapaa Sampéyan nilar Kawula." Sarêng Gusti mirsa bilih samukawis sampun rampung anêtêpi ingkang sampun winêca ing atasing sariranipun, lajêng ngandika: "Aku ngêlak." Ing ngriku wontên cokak, pancèn ombèn-ombèning prajurit ingkang jagi. Lajêng wontên tiyang anyêlubakên kêmbang karang ingkang sinundukan, nuntên kalolohakên ing tutukipun Gusti. Sêsampuning nêsêp cokak wau, Gusti lajêng ngandika: "Wus sampurna." Lajêng anguwuh-uwuh malih kalayan swara asru: "Dhuh Rama, Kawula masrahakên nyawa Kawula ing asta Sampéyan." Sêsampuning makatên Gusti lajêng séda sarwi andhingkluk sirahipun. Sami sanalika gubahing Bétal Mukadas sigar dados kalih saking nginggil dumugi ing ngandhap. Bumi agonjang-ganjing, parang- parang sami pêcah, pakuburan sami bêngkah. Kathah[360] jisimipun tiyang suci sami tinangèkakên sawungunipun Gusti saking séda lajêng sami medal saking kuburipun, tumuntên sami lumêbêt dhatêng nagari Yêrusalèm, kathah tiyang kang dipunkatingali.

Wondéné têtindhihing prajurit ingkang jagi salib wau sarêng sumêrêp lindhu sarta mirêng panguwuhipun Gusti nalika andungkap sédanipun, lajêng wicantên: "Nyata wong iku putraning Allah." Punapadéné sakathahing tiyang kang sami wontên ing ngriku sarêng sumêrêp samukawis ingkang klampahan wau, mantukipun sami têbah-têbah dhadha.

35. Gusti Yésus Sinarékakên

Sédanipun Gusti Yésus anglêrêsi dintên Jumungah ngajêngakên dintên sabat tur dintên paskhah. Mila tiyang Yahudi sami darbé panyuwun dhatêng sang adipati Pilatus. Tiyang kang sami sinalib wau mugi sami kaputunga garêsipun. Sarta jisimipun tumuntên kaudhuna sadèrèngipun ngancik ing dintên sabat paskhah wau. Sarêng panyuwunipun sampun kaparêng, prajurit tumuntên amutungi garêsipun tiyang bégal kêkalih[361] wau, tumuntên mrêpêki layonipun Gusti. Sarèhning sampun tétéla ing sédanipun, mila botên èstu amutung garêsipun. Éwadéné wontên satunggaling prajurit anumbak lambungipun Gusti, nuntên medal rah tuwin toya. Lah punika kayêktosanipun ingkang sampun winêca déning para nabi, ungêlipun makatên: "Sira aja mutung balungé." Punapadéné makatên: "Bakal padha andêlêng kang tinumbak."

Kacariyos wontên satunggaling nayaka agêng tur sugih saking nagari Arimatéa anama Yusuf, kalêbêt sakabatipun Gusti dhêdhêmitan. Mila sampun botên angrujuki pirêmbagipun tiyang Yahudi ing atasipun Gusti wau. Sarêng wanci sontên Yusuf wau sowan dhatêng ngarsaning Pilatus. Kamipurun nyuwun layonipun Gusti. Sarêng Pilatus sampun mirêng aturipun têtindhihing prajurit bilih Gusti saèstu sampun séda, lajêng anglilani panyuwunipun Yusuf wau. Saksana Yusuf atumbas mori alus, tumuntên amêndhêt layonipun Gusti saking kajêng salib. Wontên malih tiyang nama Nikodémus, sampun naté sowan ing Gusti ing wanci dalu. Punika inggih dhatêng sarwi ambêkta konyoh garu watawis wawrat sa-[362]tus kati. Layonipun Gusti lajêng dipunkonyohi tuwin dipunulêsi kalayan mori alus wau. Wondéné Yusuf punika kagungan kaluwat énggal dèrèng dipunanggé dumunung wontên ing patamanan sacêlaking Golgota. Layonipun Gusti tumuntên kasarékakên ing ngriku, tumuntên katutupan kalayan séla agêng. Wondéné sakabat èstri sawatawis ingkang sami tumut ngurmati layonipun Gusti. Saantukipun lajêng anyawisakên jêbad badhé kanggé anjêbadi layonipun Gusti sêsampuning dintên sabat. Déné ing dintênipun sabat sami kèndêl anêtêpi pêpacak.

Ing wanci énjing para imam agêng tuwin tiyang Parisi sami sowan dhatêng ngarsanipun Pilatus. Aturipun: "Tuwan, kula sami kèngêtan ing têlung dinané Aku mêsthi tangi saka ing pati. Mila manawi kaparêng, mugi wontêna dhawah sampéyan angrêksa kuburipun ngantos kalangkung ing tigang dintênipun. Supados jisimipun sampun ngantos kacolong dhatêng sakabatipun ing wanci dalu, lajêng dipunmisuwurakên tangi saking pêjah. Têmah panasaranipun angungkuli ingkang[363] rumiyin." Pangandikanipun Pilatus: "Dhasar wis ana wong jaga, môngsa bodhoa ênggonmu mratikêlaké." Têtiyang kang sami sowan wau saunduripun lajêng amratikêlakên tiyang jagi kinèn rumêksa kuburipun Gusti, déné séla tutuping kubur lajêng kaêcap.

36. Wungunipun Gusti Yésus saking Séda

Sarêng dintên Akhat ing wanci bangun énjing wontên lindhu sangêt amargi wontên malaékat tumêdhak saking Swarga angglundhungakên séla tutuping astananipun Gusti Yésus. Lajêng dipunlênggahi, warninipun kados thathit, busananipun pêthak kados salju, déné tiyang jagi astana saking ajrihipun aprasasat tiyang pêjah.

Déné tiyang èstri kang sami nyawisakên jêbad wau, ing wanci bangun énjing angajak réncangipun sami èstri dhatêng astananipun Gusti, sêdya badhé anjêbadi layonipun. Sarêng sampun cêlak astana sami rêraosan: "Sapa kang bakal mitulungi ênggonku angglu-[364]ndhungaké watu gêdhé iki mêngko?" Sarêng tumênga ningali séla sampun gumlundhung. Panunggilanipun tiyang èstri wau wontên ingkang nama Maryam Magdaléné, punika lajêng énggal wangsul manggihi Pétrus kaliyan Yokhanan. Wicantênipun: "Gusti sampun kapêndhêt saking pasaréan, kula botên sumêrêp ing pundi dumunungipun." Déné sapêngkêripun Maryam Magdaléné wau, tiyang èstri sanèsipun sami lumêbêt ing astana, saèstu layonipun Gusti sampun botên wontên. Ingkang makatên wau andadosakên kuwuring manahipun. Wusana aningali malaékat kêkalih, panganggénipun sarwa gumilap. Mila tiyang èstri wau sakalangkung gêtêripun. Malaékat lajêng ngandika: "Ya géné kowé padha anggolèki kang urip mênyang panggonané wong mati? Ing kéné ora ana, wus wungu kaya pangandikané piyambak kang nguni. Kowé dikêbat anuturana para sakabaté!" Para tiyang èstri wau énggal sami késah kalayan ajrih kamoran ing bungah agêng badhé anyriyosi para sakabatipun Gusti. Kocapa Pétrus lan Yokhanan, sarêng sampun sami dipuncariyosi déning Maryam Magdaléné lajêng sami anuwèni[365] astananipun Gusti. Aningali mori ulêsipun Gusti sampun anglumpruk, punapadéné kacu ingkang kaagêmakên ing mastakanipun Gusti inggih sampun pinanggih lêmpitan botên amor kaliyan ulês wau, nanging Gusti botên wontên. Sakabat kêkalih wau lajêng sami mantuk. Ing wêkdal punika Maryam Magdaléné taksih kantun wontên ngajênganing astana sarwi nangis. Sarêng ngungak astana, lah ing ngriku wontên malaékat kêkalih, pangagêmanipun pêthak sami ngandika dhumatêng Maryam: "Héh wong wadon, kêna ngapa kowé nangis?" Wangsulanipun Maryam: "Awitdéné Gusti kula kapêndhêt ing tiyang. Kula botên sumêrêp ing pundi pandèkèkipun." Maryam tumuntên amêngkêrakên astana. Lajêng ningali Gusti jumênêng, nanging botên sumêrêp yèn punika Gusti. Gusti lajêng ngandika: "Héh wong wadon, kêna ngapa kowé nangis? Kowé anggolèki sapa?" panyananipun Maryam, Gusti wau kakintên juru taman. Maryam lajêng mangsuli: "Tuwan bok manawi sampéyan ingkang ambêkta, kula mugi sampéyan pasajani, sampéyan dèkèkakên ing pundi? Badhé kula pêndhêt." Gusti lajêng ngandika: "Héh Maryam." Sanalika Maryam bo-[366]tên pandung yèn suwantênipun Gusti, lajêng nyungkêmi sampéyanipun, sarwi matur: "Rabuni." Têgêsipun, guru. Gusti ngandika: "Kowé aja anggêpok Aku, sabab Aku durung munggah mênyang ngarsané Kangjêng Rama. Balik saiki kowé mangkata, anuturi para sadulur-Ku yèn Aku arêp munggah marang ngarsané bapak-Ku lan bapakmu, utawa marang Allah-Ku lan Allahmu!" Saksana Maryam Magdaléné mundur, anyriyosi para sakabat yèn piyambakipun sampun ningali Gusti sarta dipunpangandikani makatên wau. Éwadéné para sakabat wau sami dèrèng pitados.

37. Gusti Yésus Ngatingali Sakabat Kêkalih, ingkang Sawêg Lumampah dhatêng Dhusun Emaus

Ing dintên Akad punika ugi Gusti Yésus ngatingali Simon Pétrus ingkang sawêg nandhang sungkawa murih lipuripun. Lan wontên malih sakabat kêkalih ing dintên punika sami mantuk dhatêng ing dhusun Emaus. Saking Yêrusalèm watawis lampahan tiga têngah jam. Tiyang kê-[367]kalih wau wontên ing margi sami rêraosan samukawis ingkang nêmbé kalampahan ing atasing sariranipun Gusti. Salêbêtipun gêginêman, Gusti mrêpêki sarwi nyarêngi lampahipun. Nanging sakabat kêkalih wau sami pandung dhatêng Gusti. Gusti lajêng pitakèn: "Kang padha dika rasani niku napa? Déné kisanak sêmuné padha prihatin." Wondéné sakabat ingkang satunggal anama Kléopas punika mangsuli: "Namung dika piyambak tiyang mônca kang botên sumêrêp prakawis kang nêmbé klampahan ing Yêrusalèm ngriki." Gusti mangsuli pitakèn: "Prakara napa niku?" Wangsulanipun sakabat wau: "Prakawis Yésus tiyang Nasarèt. Niku nabi sêkti pandamêlé lan pangandikané wontên ngarsaning Allah lan ngajêngé tiyang kathah. Lah niku kapatrapan khukum pêjah sinalib awit saking pitênahé para imam agêng tuwin lêlurah kula. Môngka ingkang wau pangajêng-ajêng kula Yésus niku angluwarana Banisrail. Éwadéné mêkotên kadadosané, malah niki tigang dintêné. Kajawi saking niku wontên kônca kula tiyang èstri sawatawis sami damêl gugup kula, umun-umun wau sami nuwèni a-[368]stanané nanging layoné botên kapanggih, nuntên sami wangsul. Criyos-criyos yèn dikatingali malaékat. Mangandikakaké yèn Yésus gêsang malih. Saêmpuné mêkotên wontên kônca kula tiyang jalêr tumut nuwèni astana, ugi kapanggih kados criyosé tiyang èstri wau, nanging Yésus botên wontên." Gusti tumuntên ngandika: "Héh wong bodho, katanggungan têmên olèhmu pracaya mungguh pamêcaning para nabi. Sang Kristus iku apa ora wus wajibé nandhang pilara iku, ênggoné manjing ing kamulyané." Gusti tumuntên anjarwakakên samukawis ingkang sampun winêca déning Musa tuwin para nabi ing atasing sariranipun. Sarêng sampun cêlak ing dhusun Emaus. Gusti sêngadi badhé nglajêngakên tindakipun. Nanging dipun-gondhèli dhatêng sakabat kêkalih wau. Wicantênipun: "Sumôngga Sampéyan sipêng ngriki kémawon margi sampun mèh sêrap." Gusti tumuntên lumêbêt ing griyanipun sakabat wau. Sarêng sami lênggah dhahar, Gusti lajêng angasta roti, sêsampuning amuji sukur, roti lajêng cinuwil-cuwil, tumuntên kaparingakên dhatêng sakabat kêkalih wau. Sanalika mripatipun kabuka, mantun pandungipun dhatêng[369] Gusti, nanging Gusti lajêng musna. Sakabat kêkalih wau lajêng sami rêraosan: "Ora lidok ta atiku dhasar wus krasa nalika dipangandikani ana ing dalan mau sarta dijarwani mungguh pamêcaning para nabi." Sakabat kêkalih wau énggal wangsul dhatêng Yêrusalèm malih, pinanggih kaliyan sakabat sawêlas sapanunggilanipun. Sakabat kêkalih wau lajêng dipunpapag ing wicantên: "Nyata Gusti wus wungu, wus ngatingali marang Simon." Sêdhêng taksih sami rêraosan, lah ing ngriku Gusti piyambak katingal jumênêng amor lan para sakabat wau sarwi uluk salam. Kang môngka kontêning griya kinancing, mila para sakabat sami kagèt sarta ajrih, kanyana bilih êjin. Gusti lajêng ngandika: "Ya géné kowé padha kagèt sarta padha sumêlang? Padha andêlênga tangan-Ku lan sikil-Ku, iya iki Aku dhéwé, padha anggrayangana awak-Ku, yèn êjina môngsa duwéa daging lan balung, balik pandêlêngmu, Aku duwé." Gusti lajêng anêdahakên asta tuwin sampéyanipun. Sarèhning para sakabat dèrèng pitados awit saking éram tuwin bingahipun, Gusti lajêng mundhut dhahar, nuntên dipunsaosi u-[370]lam gorèngan sarta tala tawon. Lajêng dipundhahar wontên ngajênging para sakabat wau. Gusti nuntên uluk salam malih sarwi ngandika, kowé padha dakutus kaya déné olèhku dinuta ing Kangjêng Rama. Gusti tumuntên andamoni para sakabatipun sarwi ngandika: "Padha nampanana Roh Suci."

38. Gusti Yésus Ngatingali dhumatêng Tomas Sakancanipun, lajêng Ngatingali Sakabat Pêpitu Wontên ing Sagantênan Tibérias

Kala Gusti Yésus ngatingal dhumatêng para sakabat wau, Tomas anglêrêsi botên wontên. Sarêng kapanggih kaliyan kancanipun, lajêng dipuncariyosi yèn sampun sami ningali Gusti. Wangsulanipun Tomas: "Yèn aku ora wêruh dhéwé labêting paku ing astané sarta labêting paku mau ora taklêboni drijiku utawa lambungé ora taklêboni tanganku, amêsthi aku ora pracaya." Sarêng pêndhaking dintên Akat, para sakabat sa-[371]mi ngalêmpak malih, Tomas ugi wontên. Kontêning griya sami kinancing, saksana Gusti rawuh sarwi uluk salam. Tumuntên ngandika dhumatêng Tomas: "Êndi drijimu? Iki lo tangan-Ku. Êndi tanganmu? Rogohna ing lambung-Ku iki. Lan kowé aja maido, balik pracayaa!" Tomas tumuntên nyêbut: "Dhuh Gusti kawula, saha Allah kawula." Pangandikanipun Gusti: "Héh Tomas, saiki kowé pracaya sabab wus andêlêng Aku. Rahayu wong kang padha pracaya tanpa andêlêng."

Botên antawis dangu para sakabat sami wangsul dhatêng Galiléa. Lah ing ngriku sami dipunkatingali malih dhatêng Gusti wontên gisiking sagantênan Tibérias. Kala samantên sakabat pêpitu anglêrêsi sami numpak baita sarwi amêndhêt ulam. Nanging sadalu muput botên angsal punapa-punapa. Sarêng wanci énjing Gusti ngatingal wontên ing gêgisik, nanging para sakabat sami pandung. Gusti lajêng andangu: "Héh bocah-bocah, kowé apa simpên lawuh?" Wangsulanipun: "Botên." Gusti lajêng andhawahi: "Jalamu tibakna satêngêning prau amêsthi olèh!" Sarêng jala kadhawah-[372]akên, angsal ulam agêng-agêng ngantos satus sèkêt tiga. Yokhanan lajêng wicantên dhatêng Pétrus: "Lah iku Gusti." Sarêng Pétrus mirêng, lajêng ambyur nglangi dhatêng gisik. Wondéné sakabat sanèsipun sami nusul kalayan baita. Sarêng sampun sami mêntas, lajêng aningali wongwawongwang* katumpangan ulam loh kaliyan roti. Para sakabat lajêng sami kapurih sarapan dhatêng Gusti. Para sakabat lajêng sami sumêrêp yèn punika Gusti. Sêsampuning sami sarapan, Gusti lajêng ngandika dhumatêng Pétrus: "Héh Simon anaké Yunus. Katrêsnanmu marang Aku apa ngungkuli kônca-kancamu iku?" Wangsulanipun: "Inggih Gusti, Sampéyan môngsa kakilapana yèn kula punika trêsna dhatêng Sampéyan." Pangandikanipun Gusti: "Kowé angona cêmpé-Ku!" Gusti tumuntên andangu malih: "Héh Simon anaké Yunus. Kowé apa trêsna marang Aku?" Wangsulanipun: "Inggih kados ing ngajêng wau." Pangandikanipun Gusti: "Kowé angona wêdhus-Ku!" Tumuntên Gusti andangu kaping tiganipun: "Héh Simon anaké Yunus. Apa kowé trêsna marang Aku?" Ing ngriku Pétrus kèmêngan, déné[373] kadangu makatên ngantos rambah kaping tiga, lajêng matur: "Adhuh Gusti, Sampéyan sumêrêp ing samukawis, amêsthi sumêrêp yèn kula punika trêsna dhatêng Sampéyan." Pangandikanipun Gusti: "Kowé angona wêdhus-Ku! Tutur-Ku ing kowé iku sanyatané. Duk kowé isih nom, aningsêti awakmu dhéwé sarta lumaku ing saparan-paranmu. Déné ing bésuk yèn kowé wus tuwa, tanganmu bakal ambapang sarta kowé bakal siningsêtan ing wong, apadéné ginawa marang panggonan kang ora kokarêpi." Wondéné pangandikanipun Gusti ingkang makatên wau pralambang pêjahipun Pétrus anggènipun angluhurakên asmaning Allah.

Kajawi saking punika wau Gusti ngatingal malih dhumatêng para sakabat sapanunggilanipun. Kathahing tiyang ngantos langkung saking gangsal atus, dados botên kirang saksi kang ningali Gusti Yésus sawungunipun.

39. Gusti Yésus Andhawahakên Pasalulupan Suci, Minggahipun Gusti dhatêng Swarga

Botên antawis dangu sakabat sawêlas sami késah dhatêng Galilé-[374]a, anjujug ing rêdi ingkang sampun kadhawahakên ing Gusti Yésus. Wontên ing ngriku sami dipunkatingali déning Gusti malih. Pangandikanipun: "Aku iki wus kaparingan sakèhing pangawasa ing Swarga lan ing bumi, mulané kowé padha anjajaha ing jagad kabèh, amratakna Injil marang sarupaning umat. Padha kasalulupna kalawan anganggêp asmané Kang Rama, lan Kang Putra, tuwin Roh Suci. Padha wulangana ngèstokna samubarang kang wus takdhawuhaké marang kowé! Sing sapa pracaya lan kasalulupaké, bakal kaslamêtan. Déné sing sapa ora pracaya bakal kapatrapan. Anadéné wong kang padha pracaya bakal akanthi kramat mêngkéné, kaya ta, ambuwangi sétan, kalawan nganggêp asma-Ku, acêlathu kalawan têmbung kang mauné durung sumurup. Bisa anyêkêl ula, tawa ngombé wisa, anumpangaké tangané marang wong lara dadi lan warasé. Lah Aku dadi kanthimu ing salawas-lawasé kongsi tumêka wêkasaning jagad."

Gusti anggènipun asring ngatingali para sakabat sarta amêmulang bab karatoning Allah wau, laminipun ngantos kawan dasa dintên. Lah ing kawan dasa dintênipun wau Gusti ngalêmpakakên para sakabati-[375]pun wontên ing rêdi Jaitun. Sami kadhawahan, sampun ngantos nêbihi nagari Yêrusalèm. Sami ngêntosana kalampahaning prajanjéan. Mênggah anggènipun badhé tumuntên kasalulupakên kalayan Roh Suci. Ing ngriku para sakabat lajêng sami matur pitakèn ing Gusti: "Gusti, punapa ing môngsa samangké Sampéyan badhé karsa ambangun karatonipun ing Israil?" Wangsulanipun Gusti: "Dudu bubuhamu ngawruhi môngsa utawa wayah kang kawêngku pangawasané Kang Rama. Balik kowé bakal padha nampani dayaning Roh Suci kang anêdhaki ing kowé lan kowé bakal dadi sêksi-Ku ana ing Yêrusalèm. Tuwin satanah Yudia lan Samaria kabèh kongsi tumêka wêkasaning bumi."

Sêsampuning ngandika makatên, Gusti Yésus lajêng paring pangèstu dhumatêng para sakabatipun sarwi ngêgarakên astanipun. Lah ing ngriku Gusti kasêngkakakên dhatêng ing Swarga, katingalan déning para sakabat. Botên antawis dangu kaling-kalingan ing mega. Sadangunipun para sakabat angawasakên mumbulipun Gusti, lah wontên tiyang kêkalih jumênêng ing sandhingipun. Pangagêmanipun sarwa pêthak. Ti-[376]yang kêkalih wau lajêng wicantên dhatêng para sakabat: "Lah wong Galiléa, ya géné kowé padha ngadêg tumênga marang langit?" Wruhanamu, Yésus kang wus kapundhut saka ing kowé, kasêngkakaké marang Swarga, iku ing têmbé iya rawuh manèh, patrapé kaya kang wus kadêlêng, ênggoné munggah marang Swarga mau.

40. Dintên Agêng Pêntékosta

Sêsampuning Gusti Yésus minggah dhatêng Swarga, para sakabat taksih kêmpal wontên ing Yêrusalèm sarta tansah sami anyênyuwun têdhakipun Roh Suci ingkang kaprasêtyakakên déning Gusti. Ing ngriku para sakabat sami sarêmbag amilih tiyang satunggal, kadamêl gêgêntosipun Yudas Iskariot. Wondéné ingkang kapilih sarana dipunundhèni punika satunggal muridipun Gusti anama Matias. Sêsampuning kalampahan sadasa dintên saking minggahipun Gusti dhatêng Swarga, dados sèkêt dintên saking dintên agêng paskhah, a-[377]nglêrêsi dintên agêngipun tiyang Yahudi ingkang winastan pêntékosta. Para sakabat sadaya sami saékakapti akêkêmpalan pêpak wontên satunggaling panggènan. Lah ing ngriku wontên swara dadakan saking langit gumrubug apindha prahara, angèbêgkiangèbêki* ing griya pakêmpalan wau. Sanalika wontên ilat sêsigaran apindha latu katingal sami méncok wontên satunggal- tunggaling para sakabat wau. Lah punika para sakabat kaèbêkan déning Roh Suci lajêng sami wicantên kalayan têmbung warni-warni, punapa pêparinging Roh Suci wau. Kacariyos ing wêkdal punika ing nagari Yêrusalèm pinuju kathah tiyang Yahudi kang ngibadah saking pundi-pundi nagari sakurêbing langit. Dupi mirêng suwara wau lajêng sami ambyuk anuwèni, têmahan sami anjêngêr awit sami mirêng têmbungipun piyambak-piyambak kawicantênakên déning para sakabat wau. Mila sami sangêt kahébatan. Anggènipun sami rêraosan: "Iku rak wong Galiléa, kapriyé déné têka padha bisa calathu kalawan têmbungku dhéwé-dhéwé ing kalairanaku?kalairanku* Lah iku ênggoné ngucapaké kaélokaning Allah kalawan têmbungku[378] dhéwé-dhéwé." Tiyang kathah wau wontên ingkang sumêlang wicantênipun: "Iku ngalamat apa?" Wontên malih ingkang anggêgujêng, wicantênipun: "Ah wong iku rak padha mêndêm anggur." Sakabat kalih wêlas sarêng mirêng wicantênipun tiyang ingkang makatên wau lajêng sami ngadêg. Pétrus tumuntên wicantên kalayan swara asru: "Hé sadhèrèk Yahudi ing ngriki tuwin kang mônca nagari sadaya, jêngandika sami mirêngna wicantên kula awit tiyang punika sadaya anggènipun makatên punika botên margi saking wuru kados pangintên jêngandika, balik punika kayêktosanipun pamêcaning nabi Yoèl anggènipun angêmban timbalaning Allah ingkang makatên: 'Bésuk ing jaman akir, amêsthi klakon goning-Sun angêsokaké rohing-Sun marang satêngahing wong. Ing kono anakira lanang utawa wadon bakal padha mêmêca lan wong nonomanira bakal padha andêlêng sasmita, apadéné wongira tuwa bakal padha tômpa wahyu ing pangimpèn, dalasan para batur lanang lan wadon bakal Sunsoki rohing-Sun, banjur padha mêmêca: Hé têdhaking Israil, jêngandika sami mirêngna wicantên kula punika mênggah Yésus tiyang Nasa-[379]rèt punika sampun katêdahakên déning Allah dhumatêng jêngandika sadaya kalayan ngagêm mukjizat pintên-pintên. Suprandéné jêngandika kapêjahi, sarana kasalib. Éwa samantên sampun kawungokakên déning Allah, kula punika sadaya saksinipun. Ing mangké Yésus wau sampun kasêngkakakên dhatêng panguwasaning Allah, têmah lajêng angêsokakên Roh Suci, kados kang sampun jêngandika tingali punika. Amila Banisrail sadaya sami sumêrêp kang sayêktos yèn Yésus ingkang sami jêngandika salib punika wau, ing samangké kaangkat Gusti tuwin Kristus déning Allah.'" Wondéné tiyang Yahudi punika wau sarêng mirêng wicantên ingkang makatên lajêng sami ical manahipun. Wicantênipun dhatêng para utusaning Gusti wau: "Dhuh sadhèrèk, ingkang wajib kula lampahi punapa?" Wangsulanipun Pétrus: "Wajibipun jêngandika sami tobat sarta sinalulupakên kalayan nganggêp asmaning Yésus Kristus supados samia angsala pangapuntên. Têmahan jêngandika badhé sami nampèni pêparinging Roh Suci awit déné prajanjéan punika ugi tumrap dhumatêng jêngandika turun-tumurun punapa dé-[380]né sakathahing tiyang kang têbih-têbih. Sapintên ingkang badhé katimbalan déning Pangéran Allah kula." Wondéné sakathahing tiyang kang sami mituhu piwulangipun Pétrus wau lajêng sami kasalulupakên. Ing dintên punika tiyang wau sami rukun têpangipun saha anyuwil roti tuwin sêmbahyang. Raja brana tuwin barang darbékipun sami dipunsadéni, kadamêl anyêkap kabêtahanipun tiyang ingkang botên gadhah sarta sami angsal sihing tiyang sanagari. Wondéné Pangéran ing sabên dintên amêwahi cacahing tiyang kang sami pitados.

41. Tiyang Lumpuh Kasarasakên, Ananias lan Safira

Ing satunggal dintên Pétrus lan Yokhanan sami lumêbêt dhatêng Bétal Mukadas badhé sêmbahyang. Ing ngriku wontên tiyang lumpuh lair mila[381] umuripun sampun langkung kawan dasa taun. Sabên dintên kagéndhong, kaprênahakên wontên kontêning Bétal Mukadas. Lajêng ngêmis dhatêng sawarnining tiyang kang mlêbêt medal. Tiyang lumpuh wau sarêng sumêrêp Pétrus lan Yokhanan sami lumêbêt, ugi dipunprimani. Pétrus lan Yokhanan lajêng sami mandêng dhatêng tiyang wau, pangandikanipun Pétrus: "Aku ingêtna." Tiyang lumpuh wau lajêng nyawang dhatêng utusan kêkalih punika, angajêng-ngajêng pêparingipun. Pétrus lajêng ngandika malih: "Yèn êmas utawa slaka aku ora duwé, nanging kang aku duwé dakwènèhaké marang kowé awit asmané Yésus Kristus Nasarani. Ngadêga lan lumakua!" Pétrus lajêng nyandhak tanganipun kang têngên, tumuntên kaadêgakên. Sanalika ros-rosanipun suku sami kêkah, lajêng trêngginas lumampah andhèrèk utusan kêkalih wau lumêbêt ing Bétal Mukadas. Sarwi alincak-lincak, amêmuji maring Allah. Sakathahing tiyang ingkang sumêrêp sami kagawokan. Ing ngriku Pétrus lajêng mêmulang dhumatêng tiyang kathah, sami kasumêrêpakên mênggah sawabing asmanipun Yésus Kristus,[382] têmah kathah tiyang sami pitados. Kala samantên tiyang ingkang sami pitados ing Gusti, tiyang jalêr kémawon watawis gangsal èwu.

Kacariyos wontên satunggaling tiyang anama Ananias, tuwin sémahipun nama Safira, punika sami nyadé pasitènipun. Déné arta pêpajêngipun wontên ingkang dipunumpêtakên, sarêmbag tiyang sakaliyan. Lan wontên ingkang dipunaturakên dhatêng para utusan kadamêl dana dhumatêng tiyang miskin. Kaawadakên yèn punika wêtahing pêpajêngipun pasitèn wau. Pétrus tumuntên ngandika: "Héh Ananias, ya géné atimu kapanjingan sétan kongsi kowé anggorohi Roh Suci? Lah palêmahan iku sadurungé diêdol apa dudu duwèkmu? Apadéné sawusé diêdol dhuwité apa dudu kuwasamu? Ya géné têka ana kang koumpêtaké kalawan sêdya kang ala? Kowé ora goroh marang wong, balik goroh maring Allah." Sarêng Ananias mirêng pangandikanipun Pétrus wau, sanalika dhawah kapisanan. Déné para nènèman tumuntên sami tumandang ngulêsi ji-[383]simipun, kabêkta medal lajêng kakubur. Sarêng watawis sampun tigang jam Safira lajêng nusul sowan wontên ngarsaning Pétrus. Dèrèng sumêrêp lêlampahan punika wau, Pétrus lajêng andangu: "Kowé blakaa marang aku, olèhmu adol palêmahan pêpayoné apa kaya tuturé lakimu?" Wangsulanipun: "Inggih samantên." Pétrus lajêng ngandika: "Ya géné kowé padha sarêmbug anyoba rohing Pangéran? Lah sikilé wong kang mêntas mêndhêm lakimu iku ana ngarêping lawang, uga bakal mêtokaké kowé." Sanalika Safira wau dhawah kapisanan wontên ngarsaning Pétrus. Sarêng para dènéman wau lumêbêt, Safira sampun pinanggih pêjah lajêng binêkta medal, kapêtak sandhing lakinipun. Déné tiyang sapasamuwan tuwin sanèsipun. Ingkang sami mirêng prakawis punika wau, sangêt ajrihipun.

42. Sédanipun SêtéfanusStefanus #

Sarèhning pasamuanipun Gusti Yésus sangsaya mindhak-mindhak kathah-[384]ing tiyang, para utusan lajêng kuwalahên angabarakên Injil, ngirang momong tiyang miskin. Mila lajêng sabiyantu kaliyan tiyang sapasamuan. Amilih tiyang pêpitu ingkang pinitados angopèni tiyang miskin wau. Tiyang pêpitu wau wontên satunggal ingkang nama Sêtéfanus. Punika sakalangkung banter imanipun saha kaèbêkan ing Roh Suci, tuwin sugih kramat. Kagêlarakên wontên ngajênging tiyang kathah sarwi mêmulang. Lah ing ngriku kathah tiyang Yahudi sami mabêni dhatêng wêwulangipun. Éwadéné botên wontên ingkang nyandhak kawasisan tuwin pamicaranipun ingkang jalaran saking Roh Suci. Mila sami ngojok-ojoki dhatêng tiyang kathah, punapa malih dhatêng para pinisêpuh tuwin para ngulama. Sêtéfanus lajêng kinarubut, tumuntên kaladosakên dhatêng pradata agêng. Tiyang Yahudi lajêng matah sêksi dora. Déné panêksinipun wontên ngarsaning pradata makatên: "Tiyang punika tansah angraosi awon dhatêng panggènan suci punika, utawi dhatêng anggêr-anggêr. Kula mirêng piyambak wicantênipun yèn Yésus Nasarani badhé ambibrah panggènan punika sarta ba-[385]dhé nyantuni saréngat ingkang kadhawahakên déning nabi Musa dhumatêng bôngsa kula." Wondéné para ahli pradata sarêng sami mandêng dhatêng Sêtéfanus, pasuryanipun katingal kados wadananing malaékat. Pangulu imam lajêng andangu dhumatêng Sêtéfanus: "Kang mangkono iku apa nyata?" Sêtéfanus lajêng nyariyosakên lêlampahanipun Banisrail, punapadéné pamurangsarakipun lêstantun ngantos dumugi ing wêkdal punika. Wusana Sêtéfanus matur: "Hé tiyang wangkot kang botên têtak manah lan kuping, sampéyan tansah bôngga dhatêng Roh Suci botên sanès kaliyan lêluhur sampéyan. Lah pundi para nabi kang botên kinuya-kuya dhatêng lêluhur sampéyan? Ingkang sami mêmêca mênggah rawuhipun Kristus. Punika lêluhur sampéyan ingkang mêjahi, makatên malih sarêng Sang Kristus sampun rawuh, inggih sampéyan ingkang mêjahi."

Aturipun Sêtéfanus sawêg angsal samantên. Mara ahli pradata lajêng sami ngumbar nêpsunipun, grêgêtên sarwi akêrot. Lah ing ngriku Sêtéfanus kaèbêkan Roh Suci, tumênga[386] sarwi wicantên: "Aku andêlêng Swarga kabuki sarta putraning manungsa jumênêng ana têngêning Allah." Tiyang kathah lajêng sami anjêrit sarwi atutup kuping. Sêtéfanus lajêng kinarubut lan cinêpêng, kadhabyang dhatêng sajawining nagari badhé dipunranjam. Wondéné ingkang kajibah ambalangi rumiyin punika tiyang ingkang sami dados sêksi wau. Saksana lajêng sami cucul sandhangan, katitipakên dhatêng satunggaling jêjaka anama Saul. Tumuntên sami tumandang ambalangi séla dhatêng Sêtéfanus. Tiyang kathah inggih lajêng sami anut ambalangi. Sêtéfanus tumuntên nyêbut: "Dhuh Gusti Yésus, Sampéyan mugi anampènana nyawa kawula." Lajêng jèngkèng sarwi anguwuh: "Dhuh Gusti, dosanipun tiyang punika mugi Sampéyan apuntên." Sêsampuning matur makatên wau lajêng angles séda. Wondéné layonipun lajêng kinukup dhatêng tiyang salèh sawatawis. Tumuntên kinubur sarta tinangisan sangêt.[387]

43. Pêpatih Lêbêt ing Tanah Ngabêsi, Bok Tabita

Saul anggènipun purun nêngga sandhanganing para sêksi wau, amratandhani bilih jumurung prakawis sédanipun Sêtéfanus. Dhasar Saul punika kalêbêt éwoning tiyang Yahudi ingkang kakêncêngên dhatêng saréngating agaminipun, mila sangêt sêngitipun dhatêng para sakabating Gusti. Saul punika malah angrêsahi pasamuwaning Gusti, anglêbêti sakathahing griya ngupadosi tiyang kang sami pitados ing Gusti. Manawi pinanggih lajêng linarakan saha kalêbêtakên ing pakunjaran, anjalari têtiyang kang sami pitados wau pating salêbar. Déné para tiyang kang sami buyar wau, anggènipun anjajah nagari tuwin padhusunan kalayan anggêlarakên Injil.

Kacariyos wontên satunggal pamomongipun tiyang miskin, anama Filipus, punika dumugi ing tanah Samaria. Wontên ing ngriku anggêlarakên Injiling Kristus sarwi ngatingalakên kramatipun, kados ta: nyarasakên tiyang sakit, sêsaminipun.[388] Wondéné tiyang ing Samaria kathah kang sami mituhu dhatêng wêwulangipun Filipus wau kalayan sangêt suka bingahipun. Botên antawis lami Filipus kadhawahan pangandikaning malaékat kinèn lumampah mangidul, mêdal ing margi kang saking Yêrusalèm anjog ing kitha Gasa. Filipus lajêng mangkat, wontên ing margi sêsarêngan kaliyan pêpatih lêbêt punggawanipun sang Rêtna Kandasé, prabu wanudya ing nagari Ngabêsi. Sang patih wau mêntas sêmbahyang saking Yêrusalèm badhé kondur dhatêng Ngabêsi, tindakipun nitih karéta. Ing wêkdal punika sawêg maos kitabipun nabi Yésaya. Ing ngriku Filipus kaosikakên déning Roh Suci kinèn marêpêki karétanipun sang patih wau. Sarêng Filipus sampun cêlak kaliyan karéta, amirêng pamaosipun. Filipus tumuntên pitakèn: "Sampéyan punapa mangrêtos suraosipun ingkang sampéyan waos punika?" Wangsulanipun sang patih: "Kados pundi anggèn kula mangrêtos bilih botên wontên ingkang ngrêtosakên?" Filipus tumuntên kaaturan minggah numpak karéta. Déné ungêl-ungêla-[389]nipun kitab ingkang sawêg winaos wau makatên: "Apindha wêdhus kang ginawa marang pasambêlèhan, utawa kaya cêmpé kang mênêng ana ngarêpé tukang ambathili, kaya mêngkono iku ênggoné ora ambuka tutuké." Sang patih lajêng pitakèn dhatêng Filipus: "Kula nyuwun sêrêp dhatêng sampéyan, sintên ingkang dipunpangandikakakên déning nabi Yésaya punika? Punapa sariranipun piyambak, punapa tiyang sanèsipun?" Sarèhning ungêl-ungêlaning kitab wau kalêbêt pamêca ing atasipun Kristus, mila klêrêsan sangêt Filipus anggènipun ngrêtosakên suraosipun, kadamêl jalaran anggènipun mulangakên lêlampahanipun Gusti Yésus. Ing ngriku sang patih karênan sangêt mirêngakên wêwulangipun. Sarêng sami dumugi ing panggènan toya, sang patih lajêng wicantên: "Lah punika wontên toya, punapa wontên pakèwêdipun yèn kula kasalulupna sapunika?" Wangsulanipun Filipus: "Manawi têmên-têmên pitados sampéyan, inggih kénging." Wicantênipun sang patih: "Kula pitados saèstu Yésus Kristus punika putraning Allah." Saksa-[390]na karétanipun kinèn ngandhêgakên, sakaliyanipun lajêng sami tumêdhak dhatêng toya, sang patih lajêng sinalulupakên déning Filipus. Samêntasipun saking toya, Filipus lajêng kamusnakakên déning rohing Pangéran. Déné sang patih anglajêngakên tindakipun kalayan suka bingah.

Kocapa rasul Pétrus anggènipun nganglangi pasamuan dumugi ing nagari Lida. Ing ngriku wontên satunggaling tiyang anama Énéas, punika anggènipun sakit lumpuh sampun wolung taun, lajêng kasarasakên déning Pétrus. Prakawis punika lajêng misuwur, anjalari tobatipun para tiyang ing ngriku tuwin sanès nagari.

Kacariyos ing satunggal dintên Pétrus kaaturan kalayan situ-situ dhatêng nagari Yopé, botên têbih saking ngriku. Awit ing Yopé wontên satunggaling sakabatipun Gusti anama Bok Tabita, sampun misuwur saé budinipun sarta kathah pitulunganipun dhatêng tiyang miskin. Kèngkènan wau nyaosi priksa yèn ing dintên punika Bok Tabita dumugi ing janji. Saksa-[391] na Pétrus mangkat, sarêng salampahipun kèngkènan wau. Sarawuhipun lajêng katêdahakên jisimipun Bok Tabita. Ing ngriku kathah rôndha sami nangisi sarwi anêdahakên sandhangan dananipun Bok Tabita kala taksih gêsangipun, tur punika dêdamêlanipun piyambak. Sakathahing tiyang wau lajêng sami kinèn mêdal. Pétrus tumuntên jèngkèng asêmbahyang, sêsampuning amudhar asta lajêng mingêr dhatêng jisim wau sarwi ngandika: "Héh Tabita, tangia!" Sanalika Bok Tabita gêsang malih, lajêng katêdah-têdahakên déning Pétrus dhumatêng para rôndha tuwin tiyang sapasamuan ngriku. Prakawis punika lajêng kawêntar ing sanagari Yopé wau, têmah tiyang ing ngriku kathah ingkang sami tumut pitados ing Gusti.

44. Tobatipun Saul

Kala samantên Saul sangsaya andadra panguya-uyanipun dhatêng para sakabatipun Gusti. Sowan dhatêng pangulu imam ing Yêrusalèm nyuwun sêratipun dhumatêng para imam ing nagari Dhamaskus, supa-[392]dos samia ambiyantu mênggah kacêpêngipun para tiyang kang sami pitados ing Gusti kang wontên ing nagari ngriku, sanadyan jalêr utawi èstri kénginga kabêkta bêstan dhatêng Yêrusalèm. Sêsampuning kaparingan sêrat, Saul lajêng mangkat. Sarêng sampun cêlak ing nagari Dhamaskus, lajêng wontên cahya saking langit cumalorot dhatêng badanipun. Saul tumuntên andhawah ing siti sarwi mirêng suwara makatên: "Héh Saul, Saul, ya géné sira anguya-uya Ingsun?" Wangsulanipun: "Gusti, Sampéyan punika sintên?" Pangandikanipun Gusti: "Ingsun iki Yésus kang sira kuya-kuya iku, rêkasa têmên tur tanpa gawé malah mlarati gonira ngayoni marang Ingsun." Saul lajêng matur pitakèn sarwi gumêtêr tuwin trataban: "Gusti, kawula Sampéyan karsakakên anglampahi punapa?" Pangandikanipun Gusti: "Sira mênyanga ing nagara, ana ing kono sira bakal tinuturan apa kang wajib sira lakoni." Saul tumuntên ngadêg, angêlèkakên mripatipun nanging lajêng botên sumêrêp tiyang. Nuntên dipuntuntun dhatêng réncangipun, kabêkta dhatêng nagari Dhamaskus. Wontên ing ngriku ngantos tigang dintên botên sa-[393]gêd ningali sarta botên nêdha lan botên ngombé.

Kocapa ing nagari Dhamaskus wontên satunggal sakabatipun Gusti anama Ananias. Punika tampi paréntahing Gusti salêbêting wahyu, makatên dhawahipun: "Héh Ananias, sira mênyanga ing lêlurung kang karan lêmpêng, jujuga ing omahé Yudas. Ana ing kono nakokna wong aran Saul, asli saka ing nagara Tarsên.Tarsus # Sabab Saul iku lagi sêmbahyang andêlêng sira sajroning wahyu. Katon sira tumpangi tanganira, andadèkaké bisané andêlêng manèh." Ananias amangsuli atur: "Gusti, pamirêng kawula saking tiyang kathah, Saul punika kathah piawonipun dhatêng kagungan Sampéyan para suci ingkang wontên ing Yêrusalèm. Malah dhatêngipun ing ngriki punika ambêkta sêrat panguwasa saking para imam agêng kanggé ambêstani sakathahing tiyang kang nyêbut asma Sampéyan." Pangandikanipun Gusti: "Sira mangkata! Sabab wong iku dhawah Ingsun pêpilihan kang bakal anggawa asmaning-Sun marang ngarêpaning para jinis, marang para ratu lan marang Banisrail, sarta bakal Su-[394]nwangsit yèn mêsthi nandhang pilara akèh marga saka asmaning-Sun." Ananias tumuntên mangkat. Sêsampunipun kapanggih kaliyan Saul, lajêng katumpangan astanipun, wicantênipun: "Hé sadhèrèk kula Saul, kula kautus ing Gusti Yésus amanggihi jêngandika supados jêngandika sagêda ningali malih saha kapanjingana Roh Suci." Sanalika wontên ingkang rêntah saking mripatipun Saul warninipun kados kêndhangan, lajêng sagêd ningali malih. Saksana Saul kasalulupakên déning Ananias. Sêsampunipun lajêng nêdha anguwatakên badanipun. Wiwit kala samantên Saul botên taha-taha amêmulang wontên ing Dhamaskus tuwin ing pundi-pundi nagari, yèn Yésus Kristus sapunika putraning Allah. Têtiyang Yahudi kathah kang sami mabêni têmah sami ngangkah pêjahipun. Sarêng kapirêng déning para sadhèrèk, Saul lajêng kakintunakên dhatêng nagari kalairanipun.

[iv]

Bab 45, 46, 47, dumugi 52 bab botên katêdhak jalaran dalancangipun têlas. Kaping kalih sampun kêsêl. Déné salajênging cariyos wau, inggih bab gumêlaring Injil ingkang ginêlarakên para utusan ngantos dumugi nagari pundi-pundi.

Transliterasi Tambahan dari Cariyos Satus Sakawan

45. Kurnélis Têtindhihing Prajurit Rum

Kacariyos ing nagari Késaria wontên satunggal têtindhihing prajurit Rum anama Kurnélis. Punika sarayatipun sami ngibadah saha ajrih maring Allah. Kurnélis wau sugih dana dhatêng tiyang Yahudi sarta srêgêp sêmbahyang. Ing satunggal dintên wanci jam tiga siyang sawêg asêmbahyang kaparingan wahyu. Wontên malaékating Allah lumêbêt ing griyanipun, pangandikanipun: "Héh Kurnélis, sêmbahyangira lan dananira wus katrima déning Allah. Ing samêngko sira kongkonan marang nagara Yopé, angaturana Simon kang ajêjuluk Pétrus, mondhok ana ngomahé Simon tukang samak, prênahé sapinggiring sagara. Pétrus iku bakal mituturi marang sira, apa kang wajib sira lakoni." Kurnélis lajêng kèngkènan réncangipun têtiga dhatêng nagara Yopé. Énjingipun wanci lingsir wétan, kèngkènan wau andungkap dumugi ing kitha. Kocapa ingkang wontên ing nagari Yopé, Pétrus minggah dhatêng payon badhé sêmbahyang. Ing ngriku Pétrus sawêg luwé, kapéngin dhahar. Sadangunipun kacawisakên, Pétrus angraga suksma. Aningali buntêlan kacu wiyar tumurun saking Swarga isi khéwan warni- warni, kang suku sakawan utawi sanèsipun. Tumuntên wontên suwara, pangandikanipun: "Héh Pétrus, mara nyambêlèha lan mangana." Pétrus lajêng mangsuli atur: "Nuwun kémawon Gusti, sajêg kula gêsang dèrèng naté nêdha ingkang kharam." Suwara wau tumuntên ngandika malih: "Samubarang kang wus dikhalalaké déning Allah aja sira kharamaké." Ingkang makatên wau ngantos rambah kaping tiga, buntêlan wau lajêng kajunjung dhatêng Swarga malih. Sêdhêng Pétrus angraos-raosakên wahyu punika wau, lah kèngkènanipun Kurnélis sampun wontên ngajênging kontên, anakèkakên Pétrus. Saksana roh amangsit dhumatêng Pétrus: "Lah kaé ana wong têtêlu anggolèki sira, sira mèlua barênga salakuné. Sabab iku Ingsun kang angutus." Pétrus lajêng mênggahi, pangandikanipun: "Aku iki wong kang kogolèki iku, lah ana gawé apa?" Tiyang têtiga tumuntên sami mratélakakên wêwêlingipun Kurnélis, lajêng sami nyipêng ing ngriku. Énjingipun Pétrus mangkat sarêng salampahipun kèngkènan wau sarta kadhèrèkakên para mitra sawatawis. Kocapa Kurnélis tansah ngajêng-ngajêng rawuhipun Pétrus, sampun anglêmpakakên sanak sadhèrèk tuwin para mitranipun. Sarêng Pétrus rawuh, Kurnélis angacarani. Lajêng sujud dhatêng Pétrus, nanging Pétrus anyandhak Kurnélis, pangandikanipun: "Jêngandika ngadêg, kula punika rak inggih tiyang." Pétrus tumuntên lumêbêt ing griya, kapanggih kaliyan tiyang kang sampun sami ngalêmpak wau. Lajêng sami dipunpangandikani: "Jêngandika sampun sami sumêrêp ing atasipun tiyang Yahudi botên kénging lumêbêt ing griyanipun bôngsa sanès, éwadéné Allah sampun anêdahakên dhumatêng kula, sampun ngantos anajisakên tiyang. Déné ing samangké kula badhé sumêrêp wontên prêlu punapa anggèn jêngandika nimbali kula?" Kurnélis lajêng anyariyosakên anggènipun dipunkatingali malaékat. Miwiti malah mêkasi. Pétrus sêsampuning têrang pamirêngipun, lajêng ngandika: "Ing samangké kula sumêrêp têrang, yèn Allah punika botên pilih tiyang malah sadhéngah bôngsa kang ajrih maring Allah saha nglampahi kasaénan, punika amêsthi katrimah déning Allah." Pétrus tumuntên anggêlarakên Injil, amratélakakên bilih sawarnining tiyang kang pitados ing Gusti Yésus Kristus amêsthi angsal pangapuntêning dosa jalaran saking asmanipun. Pétrus dèrèng dumugi anggènipun mêmulang, lah sakathahing tiyang kang sami mirêngakên, sami katurunan Roh Suci, déné para mitranipun Pétrus kang sami andhèrèkakên wau sangêt kagawokan aningali tiyang kapir têka tumut kaêsokan pêparinging Roh Suci, katôndha anggènipun sami ngluhurakên asmaning Allah kalayan têmbung warni-warni. Pétrus tumuntên ngandika: "Sapa kang ora ngênakaké yèn wong iku kasalulupna, kang môngka wus padha nampani Roh Suci kaya déné aku." Pétrus tumuntên dhawah, tiyang punika sami kinèn anyalulupakên kalawan nganggêp asmaning Gusti. Sêsampuning kalampahan awit saking panyuwunipun Kurnélis sakancanipun, Pétrus lajêng lêrêb wontên ing ngriku ing sawatawis dintên. Inggih punika wiwitipun tiyang ingkang pitados ing Gusti Yésus Kristus.

46. Pétrus Kaluwaran saking Pakunjaran

Ing wêkdal punika sang prabu Hérodhês Agripa ratu ing tanah Yahudi anyêpêngi sawênèhing tiyang kang pitados ing Gusti Yésus, badhé dipunpisakit. Malah rasul Yakobus, sadhèrèkipun Yokhanan katigas jangganipun. Sarêng sang prabu mirsa yèn ingkang makatên wau andadosakên suka bingahipun tiyang Yahudi, lajêng andadra. Pétrus kacêpêng pisan, ugi badhé dipunpêjahi, ananing sarèhning anglêrêsi dintên agêng paskhah, mila kasarèhakên rumiyin. Sadangunipun Pétrus wontên ing pakunjaran, pasamuan ing Yêrusalèm tansah andongakakên wilujêngipun Pétrus. Kocapa ing wanci dalu angrintênakên anggènipun badhé kapêjahan, Pétrus saré, kajagi déning prajurit kêkalih, astanipun kiwa têngên karanté kaangsalakên tanganipun prajurit kêkalih wau. Sajawining kontên pakunjaran inggih dipunjagi. Sêdhêng tiyang jagi sami tilêm, malaékating Pangéran tumêdhak salêbêting pakunjaran padhang déning cahya. Malaékat lajêng anggugah Pétrus, sanalika ranté anglokro saking astanipun. Malaékat tumuntên ngandika dhumatêng Pétrus: "Sira dandana, nuli tut buria ingsun!" Pétrus lajêng andhèrèkakên malaékat, anglangkungi tiyang jagi, lajêng medal. Déné régoling pakunjaran mênga piyambak. Ingkang makatên wau Pétrus botên sumêrêp têrangipun, kanyana paningal salêbêting wahyu kémawon. Sarêng malaékat sampun musna, Pétrus lajêng rumaos yèn sampun luwar saking pakunjaran, pangunadikanipun: "Saiki aku wus têrang yèn Pangéran angutus malaékaté angluwari aku." Pétrus tumuntên dhatêng griyanipun Maryam, ibunipun Yokhanan Markus. Ing ngriku pakêmpalanipun para sakabat kang sami andêdonga wau. Sarêng Pétrus andhodhog kontên, lajêng wontên réncang èstri anilingakên, botên pandung suwaranipun Pétrus. Saking bingahipun botên tumuntên dipunwêngani, énggal ngaturi uninga yèn Pétrus wontên sajawining kontên, nanging têtiyang sami maibên. Sarêng Pétrus anitir pandhodhogipun, lajêng sami dipunwêngani. Sarêng kapara yêktos yèn Pétrus, lajêng sami kagawokan sangêt sarwi ambyung pitakèn. Pétrus lajêng ngandika: "Padha mênênga, aku dakkôndha dhéwé." Tumuntên anyariyosakên anggènipun linuwaran déning Gusti saking pakunjaran, miwiti malah mêkasi. Ingkang makatên wau kapurih martosakên dhatêng Yakobus tuwin para sadhèrèk. Pétrus lajêng késah dhatêng panggènan sanès. Wondéné têtiyang kang sami jagi pakunjaran, sarêng botên sagêd nyaosi katêrangan mênggah icalipun Pétrus, lajêng sami kadamêl lintu kaukum pêjah sadaya.

47. Paul Mêmulang Wontên ing Nagari Antiokhus tuwin ing Listra

Kocapa para sakabat kathah ingkang sami ngungsi dhatêng nagari Antiokhus. Wontên ing ngriku ngadêgakên pasamuwan piyambak. Déné para utusan kang sami wontên ing Yêrusalèm, sarêng mirêng lajêng anuding Barnabas, kapurih tuwi saha mituturi dhatêng pasamuwan ing Antiokhus wau supados samia mantêp pitadosipun. Botên antawis lami Barnabas wau lajêng dhatêng nagari Tarsên ngupadosi Saul. Sarêng sampun kapanggih lajêng dipunjak dhatêng nagari Antiokhus. Sakaliyanipun lajêng sami mêmulang wontên ing ngriku ngantos sataun, têmah kathah tiyang sami tumut ing pasamuwan. Lah punika wiwitipun para tiyang kang sami pitados ing Gusti kasêbut Kristên, têgêsipun tiyang kang panutan Yésus Kristus.

Kacariyos ing satunggal dintên Barnabas kaliyan Saul sami katuding déning Roh Suci amradinakên Injiling Gusti Yésus dhatêng nagari sanès-sanès. Tiyang sapasamuwan lajêng sami anjurungi saha sami andongakakên wilujêng ing lampahipun. Saksana tiyang kêkalih wau lajêng sami mangkat anjajahi pulo Kipri. Paul ingkang wau nama Saul, anglêrêsi mêmulang. Lah ing ngriku wontên satunggaling tiyang lumpuh lair mila déné Paul sumêrêp yèn tiyang wau anggènipun mirêngakên wêwulang gadhah pangandêl kénging kawaluyakakên. Paul lajêng ngandika kalayan suwara asru: "Ngadêga kang jêjêg!" Sanalika tiyang lumpuh wau saras, ngadêg lajêng lumampah. Wondéné têtiyang ing ngriku sarêng sumêrêp kramatipun Paul makatên wau lajêng sami alok-alok: "Lah iku jawata Yupitêr lan Mêrku padha anjalma, anêdhaki aku." Wondéné imaming Yupitêr lajêng amêndhêt lêmbum, rinêngga ing oncèn-oncèn, badhé kasaosakên kurban dhatêng rasul kêkalih ingkang sami dipunwastani panjalmaning jawatanipun wau, kadhèrèkakên ing tiyang kathah. Déné Paul tuwin Barnabas sarêng mirêng prakawis punika wau, lajêng anyuwèk-nyuwèk pangagêmanipun, tumuntên awor tiyang kathah wau sarwi anguwuh-uwuh: "É iku apa? Aku iki manungsa ora béda lan kowé. Têkaku ing kéné amêmulang marang kowé supaya kowé padha marènana ênggonmu padha nêmbah jawata iku, balik anêmbaha maring Allah kang gêsang kang anitahaké langit lan bumi miwah sagara saisiné kabèh." Pituturipun utusan kêkalih ingkang makatên wau mèh botên sagêd angundurakên pikajênging tiyang kathah anggènipun badhé nyaosi kurban. Botên antawis dangu wontên tiyang Yahudi dhatêng saking Antiokhus lan saking Ikhoni, sami angojok-ojoki têtiyang ing ngriku, têmah sami manut. Paul lajêng dipunbalangi ing séla, tumuntên dipunlarak dhatêng sajawining nagari, kakintên sampun pêjah. Sarêng karubung déning tiyang Kristên, Paul tumuntên jumênêng, lajêng lumêbêt ing kitha malih. Énjingipun Paul lan Barnabas sami késah dhatêng nagari Drêbé. Derbe # Wontên ing ngriku ugi mulangakên Injil, kathah tiyang kang sami manjing Kristên. Panunggilanipun tiyang kathah wau wontên jêjaka satunggal anama Timotéus. Punika wijiling tiyang ibadah, amila sumêrêp suraosing kitab suci alit mila, wasana Timotéus wau dados mitra lan kanthinipun Paul. Botên antawis lami Paul lan Barnabas sami wangsul dhatêng nagari Antiokhus malih. Wontên ing margi ngiras nuwèni têtiyang Kristên kang sami malêbêt énggal punika, sami kasantosakakên manahipun sarta dipunpituturi supados mantêpa pitadosipun. Makatên ugi dipunsêrêp-sêrêpakên yèn tiyang gêsang punika anggènipun lumêbêt ing karatoning Allah tan kénging botên kêdah margi saking kasusahan kathah. Ing pundi-pundi pasamuan ingkang kamargèn sami dipuntanêmi pinisêpuh. Sarêng sampun dumugi ing Antiokhus, Paul lan Barnabas lajêng sami cariyos dhatêng pasamuan ing ngriku, bilih padamêlanipun sampun kaidèn déning Allah ngantos kathah tiyang kapir kang sami malêbêt Kristên.

48. Bok Lidhi,Lidia # Juru Kunjara

Botên antawis lami Paul anglanglangi pasamuanipun tiyang Kristên malih, saha anggêlarakên Injil dhatêng nagari kang dèrèng kacakan. Déné ingkang dados kanthinipun anama Silas. Sarêng tindakipun dumugi ing nagari Troas, ing wanci dalu Paul aningali wahyu. Wontên tiyang jalêr bôngsa Makêdoni adarbé atur panyuwun dhatêng Paul: "Sampéyan mugi anyabranga dhatêng nagari Makêdoni, amitulungana ing kula." Sarêng sampun luwar Paul lajêng mangkat nyabrang dhatêng nagari Makêdoni, anjujug ing kitha Filipi. Wontên ing ngriku anglêrêsi dintên sabat, Paul medal saking kitha dhatêng sapinggiring lèpèn pasêmbahyanganipun tiyang Yahudi. Paul lajêng mituturi dhumatêng têtiyang èstri kang sami ngalêmpak wontên ing ngriku, panunggilanipun tiyang èstri wau wontên satunggal ingkang ngibadah anama Bok Lidhi, asli saking nagari Tiatira, padamêlanipun wade sinjang jingga. Punika sadangunipun mirêngakên pituturipun Paul wau, manahipun kabuki déning Gusti, sagêd animbang-nimbang piwulangipun Paul wau, têmahan kasalulupakên sarayatipun. Sarêng sampun kalampahan, lajêng anggubêl dhatêng Paul, dipunaturi lêrêb wontên ing griyanipun.

Kacariyos ing nagari ngriku wontên satunggaling tiyang èstri préwangan, sakalangkung andadosakên kauntunganing bêndaranipun, jalaran saking pêpêthèkipun. Punika lêlêmbatipun katundhung déning rasul Paul. Sarèhning bêndaranipun tiyang préwangan wau ical pangasilanipun, Paul kaliyan Silas lajêng sami dipuncêpêng kaladosakên dhatêng pangadilan, kadakwa amulangakên saréngat énggal, angorêgakên tiyang sanagari. Déné dhawuhing pangadilan, Paul lan Silas sami kinèn anggitiki. Sêsampuning ginitikan ingkang sangêt, lajêng sami kalêbêtakên ing kunjara sarwi kabêlok. Ing wanci têngah dalu Paul lan Silas sami andêdonga sarta angrêrêpi pêpuji maring Allah. Para sakitan sanès-sanèsipun sami mirêngakên, lah ing wêkdal punika lajêng wontên lindhu sangêt ngantos angorêgakên talêsing pakunjaran, kontên-kontên sami mênga, sakathahing pasakitan ranténipun sami nglokro. Sarêng juru kunjara nglilir, ningali ingkang makatên wau lajêng badhé suduk jiwa, kakintên bilih sakathahing pasakitan sampun sami lumajêng, ananging kapambêngan déning rasul Paul, panguwuhipun: "Kowé aja angêndhat, pasakitan isih pêpak kabèh." Juru kunjara lajêng aminta colok, tumuntên lumêbêt ing pakunjaran, sumungkêm ing arsaning rasul Paul lan Silas sarwi gumêtêr. Lajêng sami kaajak medal, aturipun juru kunjara: "Dhuh tuwan, amurih kawilujêngan kula ingkang wajib kula lampahi punapa?" Cêkaking wangsulanipun Paul makatên: "Kowé pracayaa marang Gusti Yésus Kristus, amêsthi kowé sarayatmu padha kaslamêtan." Juru kunjara karênan sangêt mirêngakên wêwulangipun Paul lan Silas. Saksana lajêng angumbah biluripun. Tumuntên kasalulupakên pisan sarayatipun sadaya. Paul tuwin Silas lajêng sami kaaturan dhahar dhatêng griyanipun. Énjingipun sami kaluwaran déning pangadilan, lajêng sami dhatêng griyanipun Bok Lidhi wau, kapanggih kaliyan para sadhèrèk Kristên sami dipunayêm-ayêmi manahipun sarta dipunpituturi. Paul lan Silas nuntên sami anglajêngakên lampah.

49. Paul Mêmulang Wontên ing Nagari Atén, ing Korinti, lan ing Éfésus

Tindakipun Paul saking kitha Filipi dumugi ing nagari Atén, wontên ing ngriku Paul angrês galihipun ningali brahala pintên-pintên sêsêmbahanipun tiyang ing Atén wau. Paul tumuntên amulangakên Injil tuwin tanginipun tiyang pêjah wontên ing masjidipun tiyang Yahudi utawi wontên ing pêkên. Lah ing ngriku wontên sawênèhing tiyang wasis sami amabêni wêwulangipun. Paul tumuntên kapurih anggêlarakên wêwulangipun kang énggal punika wontên ngajênganing tiyang kathah. Sarêng sampun sami ngalêmpak, Paul lajêng amêdharakên wêwulang, makatên pangandikanipun: "Hé tiyang Atén, paningal kula kados-kados ngibadah jêngandika punika nglangkungi, awit anggèn kula midêr ing nagari ngriki amanggih pintên-pintên candhi sêsêmbahan jêngandika. Lah ing ngriku wontên satunggaling candhi kang mawi ciri sêratan ungêlipun makatên, katur ing Allah kang botên kasumêrêpan. Ing samangké jêngandika sami badhé kula sumêrêpakên Allah kang sampun jêngandika bêktèni nanging dèrèng jêngandika sumêrêpi wau. Inggih punika Allah kang anitahakên jagad saisinipun sadaya, botên manggèn salêbêting candhi dêdamêlaning tiyang sabab Allah punika Pangéraning langit lan bumi. Manungsa sayogya ngupaya maring Allah, éwadéné Allah punika botên têbih saking satunggal- tunggaling manungsa awit gêsang kula lan mobah mosik kula punapadéné wontên kula sadaya punika wontên salêbêting Allah. Hé tiyang Atén, sanadyan ing ngajêng Allah sampun amitambuhi jaman buda punika, éwadéné ing samangké dhawuhipun sawarnining tiyang ing saênggèn-ênggèn sami kinèn tobat. Sabab Allah sampun anamtokakên dintên anggènipun badhé ngadili tiyang sajagad kalayan salêrêsipun, sarana tiyang satunggal ingkang sampun kapatah saha sampun kanyatakakên dhumatêng sawarnining tiyang amargi anggènipun kawungokakên saking séda. Amila tiyang punika sadaya wajib sami pitados dhatêng Sang winungokakên wau." Wondéné têtiyang ing ngriku sarêng mirêng cariyos bab tangining tiyang pêjah wontên ingkang anggêgujêng lan wontên ingkang mungêl: "Énjing malih kémawon kula mirêngakên criyos sampéyan." Éwadéné wontên tiyang sawatawis ingkang pitados, kados ta satunggaling nayaka ingkang nama Dionisius punapadéné tiyang èstri ingkang nama Damaris tuwin sanès-sanèsipun.

Paul tumuntên mangkat saking nagari Atén dhatêng ing nagari Korinti. Wontên ing ngriku kapanggih kaliyan tiyang Yahudi sasémah, kang jalêr nama Akila,Akwila # kang èstri nama Priskila, panggaotanipun adamêl khémah. Sarèhning Paul ugi sagêd dhatêng padamêlan makatên wau, mila lajêng nunggil manggèn sarta nyambut damêl. Paul anggènipun wontên ing Korinti laminipun ngantos kalih têngah taun, tansah mêmulang dhatêng tiyang Yahudi tuwin tiyang Yunani, malah ngantos adamêl pasamuan agêng wontên ing ngriku.

Saking Korinti Paul lajêng wangsul dhatêng Antiokhus. Botên antawis lami tindakan malih. Sarêng dumugi ing nagari Éfésus kapanggih kaliyan tiyang Kristên sawatawis. Paul lajêng mulangakên Injil wontên ing ngriku laminipun ngantos langkung kalih taun, têmahan têtiyang ing ngriku dalah tiyang ngamônca sami mirêngakên mênggah cariyosipun Gusti. Wondéné awit saking idining Gusti, kathah tiyang kang sami pitados kalayan angakêni kalêpatanipun, ngantos para ajar ing ngriku kathah ingkang sami dhatêng ambêkta primbonipun, lajêng kabêsmi wontên ngajênganing tiyang kathah. Lah makatên pangandikanipun Gusti sangsaya mindhak-mindhak sawabipun, andadosakên unggulipun.

Ing wêkdal punika sakalangkung orêging nagari jalaran saking bab agami. Awit gumêlaring wêwulangipun Paul wontên ing Éfésus wau andadosakên kuwatosipun satunggaling kêmasan anama Démétrius. Bokmanawi anjalari wudhuning dêdamêlanipun awarni candhèn salaka, gambaring candhinipun sang bathari diyana ingkang wontên nagari Éfésus ngriku. Démétrius wau anglêmpakakên kancanipun sami kêmasan tuwin sawarnining tiyang kang angsal kauntungan jalaran saking padamêlan punika. Sarêng sampun ngalêmpak lajêng sami dipunwicantêni: "Hé kônca-kônca kabèh, kowé wus padha sumurup yèn gêgawéanaku iki andadèkaké kauntunganaku kabèh, kang môngka têkané Paul iki angèdhêpaké wong akèh marang wêwulangé, angarani yèn gêgawéaning wong iku dudu Pangéran. Kang iku aku ora amung nguwatiraké wudhuning gêgawéanaku baé, malah candhining sang bathari diyana kang gêdhé ora wurung ing têmbé disawiyah- wiyah." Déné têtiyang kang sami ngalêmpak, sarêng mirêng wicantênipun Démétrius wau lajêng sami anêpsu sarwi anguwuh-uwuh: "Agung sang bathari diyana ing nagari Éfésus." Ingkang makatên wau timbal tumimbal ngantos kalih jam dangunipun. Tiyang sanagari sami orêg, ananging rasul Paul wilujêng.

Botên antawis dangu Paul mangkat saking nagari Éfésus anganglangi pasamuan ing tanah Makêdoni tuwin ing nagari Korinti. Saking ngriku Paul karsa wangsul dhatêng nagari Yêrusalèm anangguh dintên agêng pêntékosta. Tindakipun mampir ing pulo Milété,Milétius # sacêlaking nagari Éfésus wau. Sarèhning tindakipun kasêsa, mila botên sagêd nuwèni pasamuan ing ngriku, namung para pinisêpuhipun kémawon sami katimbalan dhatêng pulo Milété wau. Sarêng sampun dhatêng lajêng sami dipunpituturi makatên: "Hé para mitra, ing mangké kula kêdah-kêdah dhatêng ing Yêrusalèm, botên sumêrêp badhé kadadosanipun badan kula wontên ing ngriku. Sumêrêp kula namung saking wangsitipun Roh Suci yèn kula punika badhé nglampahi pinisakit amargi saking asmaning Gusti, nanging kula botên ngétang punapa-punapa. Sanadyan dumugia ing pêjah kula botên anggrantês supados anggèn kula andumugèkakên ngêmbat ayahaning Gusti punika sagêda kalayan bingah. Ingkang punika kula sumêrêp yèn jêngandika sadaya sami badhé botên pêpanggihan kaliyan kula malih, amila jêngandika sami dèn prayitna ing atasing badan piyambak, punapadéné pasamuan ingkang sampun dados kagunganing Gusti jalaran saking rahipun piyambak. Môngka jêngandika kapatah déning Roh Suci dados pamomongipun pasamuan wau, amila jêngandika padha mêlèka, èngêta yèn salêbêting tigang taun kang kapêngkêr punika kula tansah ngèngêtakên dhatêng satunggal- tunggaling tiyang kalayan luh. Hé para sadhèrèk, ing samangké jêngandika sami kula pasrahakên maring Allah tuwin dhatêng sih wêwulanging Allah kang kawasa anglêstantunakên jêngandika." Paul tumuntên ajèngkèng, andêdonga kaliyan para pinisêpuh wau. Paul sami dipuntangisi sarta dipunrangkul tuwin dipunambungi. Déné ingkang andadosakên sangêting karaos-raos ing manahipun para pinisêpuh wau, awit mirêng pangandikanipun Paul bilih badhé botên pêpanggihan malih. Wasana lajêng sami andhèrèkakên dumugi ing baita. Sarêng sampun dumugi ing Yêrusalèm, Paul lajêng kapanggih kaliyan rasul Yakobus, kalêrêsan ing ngriku para pinisêpuh sami pêpak. Tumuntên sami dipuncariyosi mênggah pamanutipun tiyang kapir dhatêng wêwulangipun. Saksana lajêng sami mêmuji maring Allah.

50. Paul Kinunjara Wontên ing Nagari Késaria

Sarêng sampun sawatawis dintên Paul anggènipun wontên ing Yêrusalèm, lajêng malêbêt dhatêng Bétal Mukadas. Wontên ing ngriku kapanggih kaliyan tiyang Yahudi saking tanah Asipa alit. Punika lajêng angorêgakên tiyang kathah awit anggènipun bêngak-bêngok anyêpêng Paul, lajêng kaglandhang dhatêng jawi badhé dipunpêjahi. Sarêng kapirêng déning pangagênging prajurit kang jagi kitha, Paul lajêng karêbat kalêbêtakên dhatêng bètèng. Botên antawis dangu kakintunakên dhatêng nagari Késaria supados kapriksaa déning sang adipati Fèlik. Sarêng sang adipati sampun mirêngakên gugat lan jawab, botên anggêga panarkanipun tiyang Yahudi, malah sêmunipun saé dhatêng Paul, éwadéné botên tumuntên dipunluwari, namung kajagi unjar-unjaran kémawon. Paul kêrêp dipuntimbali kaajak ngandikan, yèn ta Paul wau puruna ngaturi rêruba amêsthi lajêng dipunluwari. Ing satunggal dintên garwanipun Fèlik anama Dursila, putraning sang prabu Hérodhês Agripa punika kapéngin badhé mirêngakên wêwulangipun Paul. Ing ngriku Paul mulangakên ing bab pitados dhatêng Gusti Yésus Kristus. Sarêng anggêlarakên bab kautamèn tuwin cêcêgah punapadéné bab paukuman ing akhérat, FélikFeliks # tumuntên tab-taban sabab galihipun botên rêsik, pangandikanipun: "Saiki mundura baé dhisik, samôngsa aku kobêr iya daktimbali manèh."

Sarêng sampun antawis kalih taun, Félik kagêntosan déning Féstus. Punika pangaggêpipun sami ugi kaliyan Félik, kêdah nglêgani tiyang Yahudi. Paul katantun badhé kapriksa malih sarta dipunrampungi prakawisipun wontên ing Yêrusalèm. Nanging Paul sumêlang bok manawi kaulungakên dhatêng tiyang Yahudi, mila lajêng matur badhé pépé dhatêng sang prabu ing Rum.Roma # Déné pangandikanipun Féstus: "Kowé duwé panyuwun arêp apa marang sang prabu ing Rum? Iya dakladèkaké."

Sadèrèngipun Paul kaladosakên dhatêng Rum, sang prabu Agripa ratu ing tanah Yahudi tindak dhatêng Késaria badhé amanggihi sang adipati kang jumênêng énggal wau. Sarêng sampun sami pêpanggihan, sang adipati Féstus acêcriyos bab prakawisipun Paul. Sang prabu lajêng kapéngin badhé mirêngakên piyambak mênggah paturanipun Paul. Wasana Paul tinimbalan, ing ngriku Paul angsal margi anggènipun anggêlarakên asmanipun Kristus wontên ngarsaning sang prabu tuwin para pangagênging nagari. Aturipun Paul katutupan makatên: "Amargi saking pitulunging Allah, kula lêstantun dumugi ing dintên punika, saha kula nêksèni wontên ngajênging tiyang alit utawi tiyang agêng, wêwulang kula botên anyulayani pamêcanipun para nabi utawi Musa, yèn Kristus punika kawajiban anandhang pisakit sarta dados pangajêngipun tiyang tangi saking pêjah, saha amadhangakên bôngsa kula punika tuwin para jinis." Féstus lajêng ngandika kalayan suwara asru: "Héh Paul, kowé andalêming jalaran saka lêpasing budimu. Wangsulanipun Paul: "Lah Féstus kang mulya, kula botên dalêming. Atur kula punika pitêmbungan kang nyata, medal saking budi saras. Sang prabu inggih sumêrêp kayêktosanipun. Lah sang raja Agripa, sampéyan punapa pitados?" Wangsulanipun sang prabu: "Mèh baé aku kêna korimuk dadi Kristên." Déné aturipun Paul: "Panyuwun kula maring Allah botên ngamungakên sampéyan kémawon, dalasan sakathahing tiyang kang sami mirêngakên atur kula punika sadaya dados sakados kula, kajawi ranté punika."

51. Lampahipun Paul Dumugi ing Nagari Rum

Botên antawis lami Paul tuwin sakitan sanèsipun sawatawis sami kapasrahakên dhatêng têtindhihing prajurit Rum. Ingkang kapatah angatêrakên anumpak baita, wontên ing margi pintên-pintên dintên. Sarèhning ngajêngakên môngsa rêndhêng, sêdyanipun badhé kèndêl wontên ing pulo Krété. Sarêng sampun cêlak kaliyan pulo wau, katêmpuh ing ribut. Baita botên sagêd nyêlak ing dharatan, kabuncang anut lampahing angin kémawon. Sakathahing tiyang anglangkungi susahipun, botên wontên ingkang rumaos gêsang. Sarêng sampun sawatawis dintên, Paul awicantên: "Héh kônca-kônca kabèh, kowé aja ana cilik atimu, sabab aku kabèh ora ana kang mati kajaba mung prau baé kang mêsthi katiwasan. Wruhanamu aku mau bêngi tômpa wangsité malaékating Allah Pangéran kang dakkawulani lan dakbêktèni. Pangandikané mangkéné: "Héh Paul, kowé aja kuwatir, amêsthi klakon ênggonmu kasébakaké marang sang prabu ing Rum. Déné panyuwunmu slamêté rowangmu saprau kabèh, Allah iya wus marêngaké." Sarêng kawan wêlas dalunipun baita pêcah kabêntus ing parang sacêlaking pulo Milété. Déné tiyangipun wontên ingkang nglangi lan wontên ingkang numpak rêmukaning baita. Sadaya sami wilujêng dumugi ing dharatan, déné cacahing tiyang sadaya kalih atus pitung dasa nêm.

Déné têtiyang ing ngriku tangkêbipun dhatêng Paul sakancanipun sami saé-saé, lajêng sami kadamêlakên totor kaanggé api-api. Paul inggih tumut anglêmpakakên kajêng rèncèk, katumpangakên ing totor wau. Dumadakan wontên sawêr wêlang medal saking kajêng rèncèk wau, amulet astanipun. Déné têtiyang ing pulo ngriku sarêng ningali wontên sawêr wêlang gumandhul ing astanipun Paul, lajêng sami rêraosan: "Amêsthi wong iku wus tau matèni wong, sanadyan wus bisa slamêt saka ing sagara, éwadéné katututan ing khukum gaib." Sarêng Paul angipatakên sawêr wau saha botên punapa-punapa, ciptanipun têtiyang wau lajêng sami malih, Paul kawastanan déwa. Ing sadangunipun môngsa rêndhêng Paul sakancanipun sami lêrêb wontên ing pulo ngriku. Paul anyarasakên tiyang sakit kathah awarni-warni. Sarêng sampun antawis tigang wulan, lajêng sami numpang baita sanès. Anggènipun layar lêstantun dumugi ing Rum. Déné têtiyang Kristên ing ngriku, sarêng sami mirêng wartos mênggah dhatêngipun Paul, lajêng sami mêthuk, andadosakên lêjaring galihipun Paul, tumuntên amuji sukur maring Allah. Sadangunipun Paul ngêntosi karampunganing prakawisipun, klilan nyéwa griya piyambak, nanging mawi karanté saha kajagi ing prajurit laminipun ngantos kalih taun. Ing ngriku Paul tabêri mêmulang dhatêng bôngsa Yahudi tuwin manggihi sawarnining tiyang kang sami mara tamu kalayan martosakên bab karatoning Allah sarta botên taha-taha amulangakên Injil, lêstantun botên wontên ingkang angaru biru.

52. Gumêlaring Injil déning Para Utusan

Pangajêng-ngajêngipun rasul Paul sagêda luwar saking patahanan wau satêngahing cariyos inggih klampahan, lajêng anggêlarakên Injil malih wontên ing pundi-pundi nagari. Tiyang kathah kang sami pitados wasana kacêpêng malih, têmahan anglampahi séda sahid tinigas jangganipun wontên ing nagari Rum.

Mangsuli cariyos ngajêng kala Paul kinunjara kang wêkasan, angaping kalihi kintun sêrat dhatêng TimotéusTimotius #, inggih punika kanthinipun rasul Paul ingkang sampun katanêm dados lurah ing pasamuan Kristên ing nagari Éfésus. Déné ingkang wau kala taksih lêlampah, punapadéné kala wontên ing patahanan ing nagari Rum sampun kathah anggènipun kintun sêrat dhatêng pasamuan Kristên ing pundi-pundi, yasanipun piyambak tuwin sanèsipun. Wondéné sêrat-sêrat wau sami kapacak wontên ing kitab prajanjéan énggal.

Sadèrèngipun séda Paul, kitab Injil têtiga wiwitanipun kitab prajanjéan énggal ugi sampun wontên. Inggih punika kitab Injil anggitanipun Matéus, ingkang kayasakakên punika têtiyang Kristên ingkang sami asli Yahudi ing tanah Yahudi. Punapadéné kitab Injil anggitanipun Markus, ingkang kayasakakên punika kados-kados tiyang Kristên bôngsa Rum. Lan malih kitab Injil anggitanipun Lukas, kasaosakên dhatêng satunggaling tiyang bôngsa Yunani trah luhur, anama Téofilus. Wondéné nalika Yokhanan nganggit kitabipun Injil, miwah sêratipun kintunan kang kapacak ing kitab prajanjéan énggal punika, pamêcanipun Gusti ingatasing risakipun nagari Yêrusalèm sampun klampahan. (kala taun Kristên, 70). Déné sêratipun Wahyu dhasar ing wau-wau sampun wontên. Anjawi saking punika wontên ugi sêrat kintunanipun Pétrus, tuwin Yakobus, lan Yudas ingkang dhatêng pasamuan Kristên, punika inggih kapacak wontên ing kitab prajanjéan énggal.

Anjawi ingkang sampun kasêbut ing ngajêng, wontên ugi para utusan ingkang kacariyos séda sahid. Inggih punika Yakobus putraning Alféus, sédanipun karanjam wontên ing nagari Yêrusalèm, punapadéné Simon Pétrus sédanipun kasalib wontên ing nagari Rum. Mênggah sédanipun Yokhanan jalaran sêpuh, yuswanipun andungkap satus taun. Wondéné sakabat sanès- sanèsipun botên wontên cariyosipun ingkang têrang. Éwadéné ingkang sampun mêsthi, sadaya sami anêtêpi paréntahipun Gusti Yésus, anggêlar-gêlarakên Injil dhatêng salumahing bumi. Makatên ugi Gusti inggih anêtêpi prasêtyanipun, anggènipun badhé dados kanthinipun para utusan, tuwin sawarnining tiyang ingkang sami mradin-mradinakên Injil, ngantos dumugi wêkasaning jagad.