Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kitab Suci, Anonim, #1962 (Bagian 3)

Katalog:Kitab Suci, Anonim, #1962
Sambung:
1.Kitab Suci, Anonim, #1962 (Bagian 1). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1548.
2.Kitab Suci, Anonim, #1962 (Bagian 2) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1547.
3.Kitab Suci, Anonim, #1962 (Bagian 3) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1546.
4.Kitab Suci, Anonim, #1962 (Bagian 4) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1545.

Cariyosipun Tiyang Yahudi, Wiwit Nabi Mal AkhiMaleakhi # Dumugi Nabi Yokhanan Baptista

Kacariyos, tiyang Yahudi anggènipun kabawah déning para ratu ing Pèrsi laminipun watawis kalih atus taun. Sêsampuning punika karaton ing Pèrsi lajêng kabêdhah déning sang prabu Iskandêr (Zulkarnèn) ratu ing Yunan. Sasédanipun sang prabu Iskandêr, wontên satunggal sénapatinipun anama: Ptolêméyus, jumênêng ratu ing tanah[231] Mêsir, punika lajêng ambawahakên ing tanah Yahudi. Kala samantên tiyang Yahudi kathah ingkang kaboyong dhatêng tanah Mêsir. Sarêng kaprabonipun gumantos dhumatêng ingkang putra, punika lajêng kathah kasaénanipun dhatêng bôngsa Yahudi, malah sang prabu anuding pujôngga pitung dasa, mênggah kitabipun tiyang Yahudi torèt sapanunggilanipun, kinèn ambasakakên Yunani. Déné têtiyang Yahudi anggènipun kabawah déning para ratu ing Mêsir ngantos langkung satus taun. Tumuntên kabawahakên ing sang prabu Antiokhus, ratu ing tanah Aram. Wondéné putranipun sarêng anggêntosi jumênêng ratu, punika lajêng ambêbujuk dhatêng bôngsa Yahudi, ingajak nêmbah brahala, déné ingkang botên purun sami pinisakit. Ingkang makatên wau anjalari tiyang Yahudi éwon ingkang sami wangsul nêmbah brahala malih, samantên ugi ingkang sami mantêp dhatêng Pangéran inggih kathah, dipunpilahur pêjah sahid, anggadhahi pangajêng-ajêng manggiha kamulyan ing jaman kalanggêngan. Saking sangêting siya-siyanipun sang prabu, tiyang Yahudi ngantos tuwuh manahipun baléla. Kacariyos, wontên imam anama Matatéa, punika gadhah putra gangsal, sami pinunjul ing kaprawiran tuwin kawantêranipun, sami kasêbut bôngsa Manabi, gantos-gumantos anyénapatèni tiyang Yahudi wau, têmahan sagêd luwar saking panguwasanipun karaton ing Aram. É-[232]wadéné tiyang Yahudi wau botên tulus anggènipun mardika, margi lajêng aprajanjèan kaliyan bôngsa Rum. Lah punika anjalari ing wingking kaparéntah dhatêng bôngsa Rum. Samantên ugi ing tanah Yahudi inggih wontên turunipun piyambak, anama sang prabu Hérodhês, kalêbêt ratunipun Esaf. Kacariyos sang prabu Hérodhês wau sakalangkung prawira tuwin wicaksananipun, ananging ambêksiya. Têtiyang kathah ingkang ngonggrong amastani yèn sang prabu punika ambangun karatoning prabu Dawud, ananging para tiyang salèh sami rumaos kaparéntah dhatêng sanès bangsanipun, mila sami sangêt angajêng-ajêng mênggah rawuhipun Sang Pamartaning jagad, ingkang sampun kawêcakakên déning nabi Yakub ing nguni.

Wiwit jamanipun Mal Akhi botên wontên nabi malih-malih ingkang sagêd anglêlipur tuwin anggugah manahing tiyang Yahudi. Punika ingkang amêwahi pangajêng-ngajênging tiyang mênggah rawuhipun ratu panutan, inggih punika jêjêbadaning Pangéran, kakintên badhé ambangun karatoning prabu Dawud, saha angluwari tiyang Yahudi saking panguwasaning tiyang Rum, ananging kayêktosanipun botên makatên. Dhasar ing nguni nabi Yésaya sampun amêdharakên pangandikaning A-[233]llah ingkang makatên: "Ana déné ciptaning-Sun dudu ciptanira, sarta dalanira dudu dalaning-Sun. Sabab kaya dhuwuring langit saka ing bumi, mêngkono dhuwuré dalaning-Sun saka ing dalanira, apadéné ciptaning-Sun saka ing ciptanira."

[iii]

Dwi Makandhêh

Pêpêthikan Saking Prajanjéan Énggal

Kathahipun Sèkêt Kalih Cariyos

[234]

1. SakhariaZakharia # tuwin Maryam Kadhatêngan Malaékat JabarailGabriel #

Kala sang prabu Hérodhès jumênêng ratu wontên ing tanah YudiaYudea #, ing parêdèn Yahuda wontên satunggaling imam salèh anama Sakharia. Sémahipun nama Èlisabèt. Kalih-kalihipun sampun sami sêpuh botên apêputra. Sarêng Sakharia kalêrês tampi giliran angimami, lajêng késah dhatêng Yêrusalèm, anglampahi padamêlanipun wontên ing Bétal Mukadas. Panuju wontên ing sasana suci, angladosakên latu padupan. Lajêng dipunkatingali déning malaékating Pangéran. Paring uninga yèn Sakharia wau badhé apêputra jalêr. Punika badhé mangsulakên Banisrail kathah dhatêng Pangéran, saha angrumiyini Sang Kristus. Bêbudèn tuwin kawantêranipun apindha nabi Élia. Putra jalêr wau kinèn namakna Yokhanan Yokanan #. Déné Sakharia botên pitados dhatêng pangandikaning malaékat wau, mila lajêng anyuwun pratôndha ing kayêktosanipun. Wangsulanipun malaékat: "Ingsun iki Jabarail kang ngadhêp ana ngarsaning Allah. Kautus andha-[235]wuhi sira, lah sira bakal bisu kongsi tumêka kalakoné pituturingsun mau, awit déné sira ora pracaya marang ujaringsun." Déné sabdaning malaékat wau sanalika lajêng klampahan. Mila Sakharia sarêng mêdal dhatêng palataran, botên sagêd ambêrkahi dhumatêng tiyang kathah.

Sarêng sampun antawis nêm wulan, malaékat wau lajêng angatingali dhatêng satunggaling prawan anama Maryam wontên ing nagari Nasarèt. Sêsampuning lumêbêt ing griya lajêng uluk salam makatên: "Héh wong rahayu, sira salamêta, Pangéran anjangkung ing sira, sira nêmu kanugrahan angungkuli para wadon kabèh." Maryam lajêng kumêpyur awit saking pangandika punika. Malaékat tumuntên angandika malih: "Héh Maryam, sira aja wêdi, sira wus olèh sihing Allah, lah sira bakal ambabar putra kakung, namakna Yésus. Iku bakal dadi gêdhé lan kasêbut putrané Kang Maha Luhur. Bakal pinaringan déning Allah dhamparé Dawud lêluhuré lan bakal angratoni turuné Yakub ing salawa-lawasé." Sarêng Maryam anêrang mênggah kalampahani-[236]pun prakawis punika, jalaran taksih prawan. Jabarail lajêng amangsuli: "Roh Suci bakal anêdhaki marang sira, sarta pangawanépangawasané* Kang Maha Luhur bakal angéyubi sira. Mulané kang suci lair saka ing sira iku bakal sinêbut putraning Allah, sabab mungguhing Allah ora ana barang kamokhalan." Ing ngriku Maryam lajêng sumarah dhatêng prasêtyaning Allah wau, saksana malaékat lajêng linggar.

Sêsampuning makatên, Maryam lajêng tuwi dhatêng Élisabèt, sémahipun Sakharia. Ing nalika Maryam uluk salam, Élisabèt lajêng kapanjingan Roh Suci, anglêmbana dhatêng Maryam, sinêbut ibuning Gustinipun. Maryam lajêng amêmuji: "Nyawa kula angluhurakên Pangéran, suksma kula asuka rêna ing atasipun Allah pamarta kula, sabab angangkat parêkanipun, wiwit sapunika ing salajêngipun. Tiyang sadaya badhé anyêbut rahayu ing kula, sabab Kang Maha Kawasa tuwin suci asmanipun sampun aparing nugraha agêng dhumatêng kula."

Sêsampuning tigang wulan, Maryam lajêng mantuk dhatêng nagari Nasarèt.[237] Élisabèt tumuntên anglairakên putra jalêr, cundhuk kados pangandikanipun malaékat dhumatêng Sakharia wau. Sarêng bêbayi sampun umur wolung dintên, badhé dipuntêtaki lan dipunnamakakên. Déné pawongsanakipun sami badhé anamakakên Sakharia, nanging ibunipun anamakakên Yokhanan. Sarêng Sakharia dipunpitakèni lajêng anêdha papan panyêratan. Sawêg anglêrêsi nyêrat, sanalika lajêng mantun bisu. Wicantênipun: "Takjênêngaké Yokhanan." Awit nalika punika Sakharia sagêd wicantên malih. Têtiyang ingkang sami mirêng prakawis kaélokan punika, sami kagawokan sarta takèn-tinakèn: "Pêthèkmu bêbayi iku ing têmbé bakal dadi apa?" Ing ngriku Sakharia lajêng kapanjingan Roh Suci sarta amêmêca. Wicantênipun: "Pangéran Allahé Israil kaluhurna, sabab wus anuwèni lan angluwari umaté kaya pangandikané ing nguni, jalaran saka para nabi kang suci sarta kèngêtan prajanjéané kang suci utawa prasêtyané kang marang Ibrahim lêluhurku. Déné kuwékowé* anakku bakal sine-[238] but nabiné Kang Maha Luhur. Andhingini Sang Kristus, angrata margané, sarta amratakaké kawruhing kaslamêtan marang umaté, iya iku pangapuraning dosa."

Kacariyos Yokhanan sangsaya mindhak agêng sarta rosa budinipun. Manggèn wontên ing ara-ara kang samun ngantos dumugi anggènipun wiwit amêmulang dhatêng Banisrail.

2. Wiyosipun Gusti Yésus

Kala samantên ingkang jumênêng ratu ing nagari Rum anama sang prabu Agustus, punika andhawuhakên undhang-undhang. Tiyang sabawahipun sadaya kinèn anacahakên mawi katêrangakên mênggah jalêr èstrinipun tuwin umur-umuranipun, punapadéné barang darbékipun. Wondéné anggènipun nacahakên wau sakathahing tiyang sami kinèn dhatêng nagarining lêluhuripun piyambak-piyambak. Wondéné Maryam tuwin Yusuf pacanganipun sarèhning sakaliyanipun wau kalêbêt trahing Dawud, mila lajêng sami késah[239] saking Nasarèt dhatêng nagari Bètlêkhèm, inggih punika panggènaning bèbètipun Dawud ing nguni. Sarêng sampun dumugi ing nagari Bètlêkhèm, sakathahing griya ing ngriku sami kêbak tamu sadaya, sanadyan ing paséwan inggih sampun botên wontên panggènan ingkang lêga. Mila Yusuf lan Maryam wau lajêng sami nyipêng wontên panggènaning khéwankéwan*. Wontên ing ngriku Maryam ambabar putra kakung têmbéyan. Bêbayi lajêng dipun-gêdhong ing popok, sinèlèhakên wontên ing pamakanan.

Kacariyos sajawining kitha wontên tiyang angèn. Ing dalu punika sami nêba angêmiti méndanipun. Lah ing ngriku wontên malaékating Pangéran anyêlak ing têtiyang angèn wau. Dados sami kasorotan kamulyaning Pangéran, andadosakên sangêt ajrihipun. Malaékat lajêng angandika: "Sira aja padha wêdi! Sira Sunwartani kabungahan gêdhé kang bakal nyarambahi sabangsanira iku kabèh. Sabab ing dina iki wus miyos pamartanira, iya iku Kristus Sang Gusti ana ing Bètlêkhèm. Ing kono sira ba-[240]kal anêmoni bêbayi ginêdhong ing popok, sumèlèh ana ing pamakanan." Sanalika punika gêgolonganipun malaékating Swarga sami ngalêmpak ing ngriku sarta sami amêmuji: "Allah kamulyakna ana ing dhuwur. Kaslamêtan anaa ing bumi. Manungsa iku sinarjonandoning Allah." Para malaékat wau sêsampuning kondur dhatêng ing Swarga. Tiyang angèn lajêng sami pirêmbagan: "Ayo padha malêbu ing kutha, padha andêlêng kanyataané prakara kang wus kawartakaké déning Pangéran marang aku mau." Saksana lajêng sami lumampah rêrikatan. Sadumugining kitha kapanggih kaliyan Maryam tuwin Yusuf, punapadéné bêbayi sumèlèh wontên ing pamakanan. Têtiyang angèn lajêng sami cêcariyos samukawis ingkang dipunsumêrêpi wontên sajawining kitha wau. Têtiyang ingkang mirêngakên sami kagawokan, déné Maryam anyathêt prakawis punika, karaos-raosakên salêbêting galih.

Sarêng bêbayi yuswa wolung dintên lajêng dipunsupiti saha kanamakakên Yésus. Sarêng sampun yuswa kawandasa dintên lajêng kasaosakên maring Allah wontêng ing Bétal Mukadas, anê -[241]têpi anggêr-anggêripun nabi Musa. Ing ngriku panuju wontên satunggaling tiyang salèh sampun sêpuh anama Siméon. Punika sampun kawisik déning Roh Suci, yèn badhé botên pêjah -pêjah saéngga ningali Sang Kristus. Ing dintên punika Siméon kagèndèng déning Roh Suci lumêbêt ing Bétal Mukadas. Sarêng sumêrêp Gusti Yésus, lajêng binopong. Aturipun: "Dhuh Pangéran, ing sapunika Tuwan anglilani kawula atilar donya kalayan kawilujêngan. Nêtêpi sapangandika Tuwan, awit déné maripat kawula sampun ningali kawilujêngan ingkang sampun Tuwan prasêtyakakên." Siméon lajêng wicantên dhatêng Maryam: "Lah bêbayi iki wus pinêsthi bakal dadi marga tibané utawa ngadêgé Banisrail akèh, lan dadi têtêngêran kang pinadonan. Sarta kowé dhéwé, atimu bakal cinublês ing pêdhang, iku supaya panyiptaning atiné wong akèh kalairna."

Ing wêkdal punika wontên nabi èstri sampun sêpuh anama[242] AnaHana #. Punika inggih marêpêki sarwi angluhurakên Pangéran, lan anyariyosakên mênggah bêbayi punika dhatêng sakathahing tiyang ingkang sami angajêng-ajêng pangluwaran wontên ing nagari Yérusalèm.

3. Gusti Yésus Sinujudan déning Pujôngga saking Tanah Wétan

Nalika Gusti Yésus taksih wontên ing nagari Bètlêkhèm, wontên pujôngga saking tanah wétan sumêdya sujud dhatêng Panjênênganipun. Ananging sami anjurug ing nagari Yêrusalèm. Kanyana wiyosipun Gusti wontên ing ngriku. Para pujôngga wau lajêng sami atêtakèn: "Ana ing ngêndi ratuné wong Yahudi kang lagi miyos iku? Sabab aku ana tanah wétan wus andêlêng lintangé, déné têkaku iki sumêdya sujud marang Panjênêngané." Ingkang makatên wau sarêng kapirêng déning sang prabu Héro-[243]dhês ingkang ngêdhaton wontên ing ngriku, sakalangkung kagètipun. Punapadéné tiyang sanagari sami orêg. Sang prabu lajêng andangu dhumatêng para imam agêng tuwin para ngulama, mênggah wiyosipun Kristus wontên ing pundi. Déné ingkang dinangu lajêng umatur: "Anggènipun miyos wontên ing Bètlêkhèm, tanah Yudia. Sabab pamêcanipun nabi makatên: 'Héh sira Bètlêkhèm tanah Yahuda, amêsthi sira ora kuciwa ing atasé pangiriding Yahuda. Sabab bakal mêtu saka ing sira, sang panutan kang bakal angon umatingsun Banisrail.'" Sang prabu Hérodhês lajêng animbali para pujôngga wau dhêdhêmitan. Analiti anggènipun sami ningali lintang wau kala punapa. Para pujôngga wau tumuntên sami kinèn lajêng dhatêng Bètlêkhèm. Wêlingipun sang prabu: "Golèkana bêbayi iku kang gêmêt! Déné yèn wus katêmu, banjur ngaturana uninga marang aku! Déné aku iya arêp mrana mèlu sujud." Para pujôngga lajêng sa-[244]mi mangkat, déné lintang ingkang katingal wontên ing tanah wétan angirid lampahipun. Wusana mandhêg sanginggiling griya panggènaning bêbayi wau, para pujôngga sakalangkung bingahipun lajêng sami lumêbêt ing griya, kapanggih kaliyan bêbayi tuwin Maryam ingkang ibu. Para pujôngga lajêng sami sumungkêm asujud dhatêng bêbayi wau kalayan dipunsaosi êmas, ratus tuwin mênyan. Sêsampuning makatên para pujôngga lajêng sami mantuk. Ananging botên mawi wangsul dhatêng Yérusalèm, awit déné sampun kawalêran déning Allah wontên salêbêting supênan. Dados mantukipun mêdal margi sanès.

Sapêngkêripun para pujôngga, Yusuf lajêng dipunkatingali déning malaékat wontên salêbêting supênan. Pangandikanipun: "Sira tangia, angalapa bêbayi lan saibuné, banjur ngungsia marang Mêsir lan anaa ing kono kongsi tumêka goning-Sun mituturi marang sira! Sabab Hérodhès bakal anggolèki bêbayi iku arêp dipa-[245]tèni!" Sarêng Yusuf sampun tangi lajêng ambêkta bêbayi tuwin Maryam, kaungsèkakên dhatêng Mêsir.

Kacariyos sang prabu Hérodhès sarêng sumêrêp bilih dipuncidrani déning para pujôngga wau sakalangkung bêndunipun. Lajêng utusan amêjahi sakathahing bêbayi ing Bètlêkhèm sawêwêngkonipun, ingkang sawêg umur kalih taun sapangandhap, kapirit saking anggènipun analiti dhatêng para pujôngga wau.

Sasédaning sang raja Hérodhès, malaékat wau lajêng ngatingali dhatêng Yusuf malih. Pangandikanipun: "Ing saiki sira muliha! Sabab kang ngarah patiné bêbayi iku wus mati." Tumuntên sami mantuk, lajêng manggèn wontên ing Nasarèt. Gusti Yésus sangsaya mindhak-mindhak agêngipun sarta sinungan budi rosa lan kadunungan kawicaksanan, saha angsal sih kanugrahaning Allah.[246]

4. Gusti Yésus Nalika Yuswa Kalih Wêlas Taun

Tiyang sêpuhipun Gusti Yésus ing sabên taun yèn kalêrês dintên agêng paskhah sami minggah dhatêng Bétal Mukadas. Sarêng sang putra sampun yuswa kalih wêlas taun, inggih dhèrèk minggah. Sêsampuning dumugi ing dintên karampunganipun, tiyang sêpuhipun lajêng sami mantuk nanging sang putra katilapan. Kanyana déning tiyang sêpuhipun, yèn angêmpal tiyang sêsarênganipun lumampah. Sarêng sampun lampahan sadintên lajêng dipunupadosi dhatêng panggènaning pawongsanakipun utawi kawanuhanipun, nanging botên pinanggih. Tiyang sêpuhipun tumuntên sami wangsul dhatêng Yêrusalèm, tansah angupadosi. Sarêng antawis tigang dintên sang putra kapanggih wontên ing Bétal Mukadas. Sawêg lênggah kaliyan para pujôngga mirêngakên piwulang lan atêtakèn. Déné para tiyang kang sami mirêngakên ing Gusti, sadaya kagawokan mênggahing kalantipanipun. Tiyang sêpuhipun sarêng sumêrêp sami ngungun. Wicantênipun ingkang ibu: "Ya géné gèr, ko-[247]wé têka gawé mêngkono marang aku? Lah bapakmu lan aku anggolèki kowé kalawan susah." Déné wangsulanipun sang putra: "Punapaa sampéyan ngupadosi kula? Sampéyan punapa botên sumêrêp yèn kula kêdah wontên padalêmanipun Kangjêng Rama." Tiyang sêpuhipun botên mangrêtos wangsulan makatên wau. Sang putra tumuntên andhèrèk mantuk dhatêng Nasarèt sarta ambangun turut dhatêng tiyang sêpuhipun. Wondéné ingkang ibu anyathêt samukawis punika wau salêbêting manahipun. Kacariyos Gusti Yésus sangsaya mindhak kawicaksananipun lan dêdêgipun, sarta angsal sihing Allah tuwin para tiyang

5. Gusti Yésus Sinalulupakên déning Nabi Yokhanan, lajêng Ginodha déning Iblis

Nalika Yokhanan wontên ing ngara-ara kang samun, kadhawuhan pangandikaning Allah, kinèn angêdhèng dhatêng Banisrail. Saksa-[248]na lajêng anjajah sauruting bênawi Yardèn, anggêlarakên pasalulupaning patobat murih pangapuntêning dosa. Pangandikanipun: "Padha tobata! Karatoning Swarga wus anyêdhaki." Déné pangagêmanipun nabi Yokhanan wau ingkang kadamêl wuluning unta, apaningsêt wacucal. Ingkang kadhahar walang tuwin mabên wanan. Têtiyang ing Yérusalèm sarta têtiyang ing tanah Yudia sadaya tumuntên sami medal, sinalulupakên déning nabi Yokhanan wontên ing bênawi Yardèn, sarwi angakêni dosanipun. Sarêng têtiyang kathah sami gadhah panyana bilih nabi Yokhanan punika Kristus ingkang sampun kawêca déning para nabi ing nguni, Nabi Yokhanan lajêng pratéla: "Aku iki anyalulupaké kowé kalawan banyu murih tobatmu. Déné kang rawuh sawusé aku, panguwasané ngungkuli aku. Aku iki nguculi jangêting tarumpahé baé ora pantês. Iku bakal nyalulupaké kowé kalawan Roh Suci lan gêni."

Kala samantên Gusti Yésus sawêg yuswa tigangdasa taun, kacariyos rawuh saking tanah Galiléa dhatêng panggènaning nabi Yo-[249]khanan wontên ing bênawi Yardèn. Karsanipun sinalulupna, nanging sanalika punika nabi Yokhanan lênggana. Aturipun: "Ingkang pantês malah kawula Sampéyan salulupakên, môngka rawuh Sampéyan amundhut salulup dhumatêng kawula." Déné wangsulanipun Gusti Yésus: "Saiki lêganana, sabab mêngkono iku Aku padha kawajiban anêtêpi sagunging kautaman." Wusana lajêng linêganan. Gusti Yésus sêsampuning sinalulupakên, mêntas saking toya lajêng andêdonga. Lah punika Swarga katingal binuka. Nabi Yokhanan aningali rohing Allah anêdhaki Gusti Yésus apindha pêksi dara. Tumuntên wontên suwara saking Swarga. Pangandikanipun: "Iku putraning-Sun kêkasih kang Sunsarjoni."

Gusti Yésus tumuntên binêkta déning roh dhatêng ngara-ara ingkang samun, badhé ginodha déning iblis. Wontên ing ngriku ngantos kawandasa dintên tanpa dhahar punapa-napa. Sarêng Gusti angraos kaluwèn, iblis tumuntên marêk sarwi umatur: "Yèn Sampéyan punika putraning Allah, sumôngga séla punika Sa-[250]mpéyan dhawahi dadosa roti!" Wangsulanipun Gusti: "Wus katulisan, uriping manungsa ora jalaran saka roti baé, balik saka sakèhing pangandika kang mijil saka tutuking Allah." Gusti Yésus tumuntên binêkta déning iblis dhatêng nagari Yérusalèm, kaprênahakên wontên mastakaning Bétal Mukadas. Déné aturipun: "Manawi Sampéyan putraning Allah, sumôngga sampéyan anjlog! Sabab sampun kasêratan yèn Allah badhé andhawahi malaékatipun, angrêksaa Sampéyan sarta anyanggi Sampéyan supados suku Sampéyan sampun ngantos katanggor ing séla." Wangsulanipun Gusti: "Iya wus katulisan, sira aja nyoba Pangéran Allahira!" Sêsampuning makatên Gusti Yésus tumuntên binêkta déning iblis malih dhumatêng rêdi ingkang sakalangkung inggil. Lajêng tinêdahakên sakathahipun karatoning jagad dalah kamuktènipun. Sarêng sanalika, aturipun iblis: "Punika sadaya badhé kula aturakên dhatêng Sampéyan, bilih Sampéyan sumungkêm sujud dhatêng kula." Ing ngriku Gusti lajêng ngandika: "Hus sétan, lungaa! Sabab wus katulisa-[251]n, asujuda lan ngabêktia maring Pangéran Allahira baé!" Iblis lajêng anilar Gusti ing sawatawis laminipun. Lah punika wontên malaékat umarêk sami angladosi dhatêng Gusti.

6. Wiwitipun Gusti Yésus Angsal Sakabat, Bawahan ing KhanaKana * Tanah Galiléa, Gusti Mêmulang Wontên Nasarèt

Ing satunggal dintên nabi Yokhanan angadêg wontên sapinggiring bênawi Yardèn akaliyan sakabatipun kêkalih. Sarêng Yokhanan aningali Gusti sawêg amêng-amêng, lajêng wicantên dhumatêng sakabatipun: "Lah kaé cêmpéning Allah kang amikul dosaning manungsa." Sakabat kêkalih wau lajêng sami atut wingking dhatêng Gusti. Déné Gusti sarêng nolih lajêng ngandika: "Kowé anggolèki apa?" Wangsulanipun: "Dhuh[252] guru, kula nyuwun priksa pondhokan Sampéyan wontên ing pundi?" Pangandikanipun Gusti: "Ayo ta dêlêngên!" Lajêng sami andhèrèk sarta anunggil kaliyan Gusti ing dintên punika. Déné sakabat kêkalih wau namanipun Yokhanan kaliyan Andréas. Botên antawis dangu Andréas wau kapanggih lan sadhèrèkipun anama Simon, lajêng dipunwicantêni: "Aku wus nêmoni Sang Kristus." Sarêng Gusti ningali Simon lajêng ngandika: "Kowé iku Simon anaké Yunus? Jênêngmu dakêlih Kéfas, iya Pétrus." Énjingipun Gusti Yésus kapanggih kaliyan Filipus. Pangandikanipun: "Ayo mèlu aku!" Déné Filipus sarêng kapanggih kaliyan Natanaèl, wicantênipun: "Aku wis padha katêmu kang wus katulisan déning Musa utawa para nabi liyané. Iya iku Yésus putrané Yusuf kang saka Nasarèt." Wangsulanipun Natanaèl: "Wêton Nasarèt apa ana kang bêcik?" Wicantênipun Filipus: "Ayo ta dêlêngên!" Sarêng Gusti aningali[253] Natanaèl dhatêng, lajêng ngandika: "Lah kuwi wong Israil têmênan kang ora kanggonan cidra." Natanaèl lajêng umatur: "Sumêrêp Sampéyan dhumatêng kula saking pundi?" Wangsulanipun Gusti: "Sadurungé Filipus angundang kowé, Aku wus wêruh ing kowé ana sangisoring wit arah kaé." Natanaèl lajêng amangsuli: "Guru, Sampéyan punika putraning Allah, Sampéyan punika ratuning Banisrail." Pangandikanipun Gusti: "Pracayamu marang Aku awit gon-Ku ngandika marang kowé. Yèn Aku wêruh kowé ana sangisoring wit arah, lah kowé bakal wêruh kang angluwihi Aku."

Botên antawis lami ing dhusun Kana tanah Galiléa wontên bawahan. Déné Maryam ibunipun Gusti wontên ing ngriku, punapa malih Gusti lan sakabatipun inggih rawuh dipunulêm-ulêmi. Sarêng kakirangan anggur, Maryam lajêng matur dhatêng kang putra: "Ingkang gadhah damêl katêlasan anggur." Wangsulanipun Gusti: "Kang ibu kapurih sabar rumiyin!" Maryam tumuntên wicantên dhatêng para sinoman: "Apa kang dadi dhawuhé putraku[254] banjur padha lakonana!"

Kacariyos ing ngriku wontên gênthong séla nênêm, pirantos kadamêl rêrêsik. Gusti Yésus tumuntên ngandika dhatêng para sinoman: "Gênthong wau sami kinèn ngisènana toya!" Lajêng dipunisèni sakêbakipun. Gusti tumuntên ngandika malih: "Mara cidhukana, sarta wènèhna marang kang ambakoni gawé!" Sarêng cinidhukan, pinanggih toya wau sampun dados anggur. Déné ingkang ambakêni damêl angicipi anggur kadadosan saking toya wau, nanging botên sumêrêp pinangkanipun. Lajêng angundang pangantèn jalêr, punika inggih botên sumêrêp pinangkanipun. Déné wicantênipun ingkang ambakêni damêl dhatêng pangantèn jalêr: "Mênggah limrahipun tiyang gadhah damêl, ingkang kawêdalakên rumiyin anggur kang éca. Manawi tamu sampun sami tuwuk, lajêng kasêgahan anggur ingkang sêdhêng, kang môngka anggur ingkang éca sawêg sampéyan wêdalakên sapunika." Lah punika mukjijatipun Gusti ingkang kawitan, ngatingalakên kamulyanipun. Ing ngriku para sakabat sami pitados dhatêng Gusti.[255]

Kacariyos ing satunggal dintên Gusti rawuh wontên ing Nasarèt panggènaning duk timuripun, amarêngi ing dintên sabat. Gusti lumêbêt masjid ing ngriku kados adatipun. Tumuntên jumênêng badhé maos kitab, sinaosan kitabipun nabi Yésaya. Kitab wau sarêng kabikak, anglêrêsi sêsêratan ingkang mungêl makatên: "Rohing Pangéran anjangkung ing Aku, mulané Pangéran wus anjêbadi Aku, kinon amratakaké Injil marang wong kasrakat, anglêjaraké wong kang bubrah atiné, anggêlaraké pangluwaran marang sakitan, sarta pandêlêng marang wong picak, apadéné angluwaraké môngsa kasênêngané Pangéran." Pamaosipun Gusti sawêg dumugi samantên, kitab lajêng katangkêbakên. Gusti tumuntên pinarak, déné tiyang kang wontên ing ngriku tansah sami mandêng dhatêng Gusti. Gusti lajêng ngandika: "Ing samêngko kowé wus padha angrungu mungguh kayêktèné têtulisan iku mau." Têtiyang sadaya sami kagawokan dhatêng manising pangandikanipun Gusti sarta sami rêraosa-[256]n: "Iku apa dudu anaké Yusuf?" Gusti lajêng angandika dhatêng tiyang wau: "Amêsthi batinmu iku amaribasakaké marang Aku mangkéné: 'Héh dhukun, nambanana awakmu dhéwé. Apa kang wus kolakoni ana ing KapêrnakhumKapernaum # iku gawénên ana nagaramu dhéwé.' Lah iku ora mêngkono, satêmêné yèn mungguh jênênging nabi ora ana kang kajèn yèn ana nagarané dhéwé. Nalika jamaning nabi Élia, ing tanah Israil ana pailan gêdhé. Ing kono akèh rôndha. Éwa samono nabi Élia ora kautus marang salah sawijiné rôndha akèh mau, balik kautus marang sawijining rôndha ing tanah Sidon. Mêngkono uga nalika jamané nabi Élisa, ing tanah Israil ora kurang wong lara budhugên. Éwadéné ora ana kang diwarasaké, mung sawijining wong ing Aram aran Naaman iku kang winarasaké." Wondéné sakathahing tiyang kang sami wontên ing masjid sarêng mirêng pangandikaning Gusti ingkang makatên wau, sami sangêt nêpsunipun. Gusti lajêng kawêdala-[257]kên saking masjid dhatêng sawijining kitha, sarta kadhabyang dhatêng sêsêngkaning rêdi, badhé kajorogakên dhatêng jurang. Ananging Gusti lajêng késah morot saking têngahing tiyang kathah wau, lajêng tindak dhatêng Kapêrnakhum.

7. Tiyang Èstri Bôngsa Samaria

Ing satunggal dintên Gusti Yésus kondur saking nagari Yêrusalèm dhatêng ing Galiléa, naratas mêdal ing tanah Samaria. Sarêng dumugi ing kitha SikarSikhar # tanah Samaria, Gusti sayah anggènipun tindak, lajêng pinarak wontên satêpining sumbêr ingkang winastan sumbêring Yakub. Kala samantên para sakabatipun sawêg késah dhatêng kitha tumbas dhaharan. Botên antawis dangu wontên tiyang èstri mêdal saking kitha badhé ngangsu. Sarêng dumugi ing sumbêr wau, Gusti Yésus lajêng mundhut ngunjuk dhumatêng tiyang èstri wau. Sarèhning ingkang sampun kalampahan, tiyang Yahudi punika botên rukun kaliyan tiyang Samaria, mila tiyang[258] èstri wau sakalangkung éramipun. Déné Gusti karsa mundhut ngunjuk. Aturipun: "Kados pundi dosa Sampéyan tiyang Yahudi têka mundhut ngunjuk dhumatêng kula? Kang môngka kula punika tiyang èstri Samaria" Wangsulanipun Gusti: "Yèn kowé sumurupa sajatiné kang jaluk banyu marang kowé iki, amêsthi kowé kang jaluk marang Aku, tumuli dakwènèhi banyu urip. Sapa kang ngombé banyu pêparing-Ku, amêsthi ora ngêlak ing saklawas-lawasé." Aturipun tiyang èstri wau: "Tuwan, kula mugi Sampéyan paringi toya punika wau, supados kula sampun ngantos ngêlak malih lan sampun susah ngangsu mariki malih." Pangandikanipun Gusti: "Lakimu undangên!" Aturipun tiyang èstri: "Kula botên gadhah laki." Pangandikanipun Gusti: "Iya bênêr aturmu iku, kowé wis tau laki ping lima, nanging wong lanang kang kokumpuli saiki iku dudu bojomu." Ing ngriku tiyang èstri wau anjêngêr lajêng umatur: "Tuwan, sampun tétéla yèn Sampéyan punika nabi. Lêluhur kula sami sêmbahyang wontên ing rêdi Kharizin punika, déné pangucapi-[259]pun tiyang Yahudi, panggènaning tiyang sêmbahyang punika wontên ing Yêrusalèm. Lah punika pundi ingkang lêrês?" Wangsulanipun Gusti: "Ngandêla marang Aku, wus tumêka ing môngsa, wong sêmbahyang kang têmênan amêsthi nêmbah maring kang Rama kalawan roh lan kanyataan. Wruhanamu Allah iku roh. Déné kang sêmbah maring Allah, bênêré anêmbaha kalawan roh lan kanyataan." Déné aturipun tiyang èstri wau: "Kula sumêrêp badhé rawuhipun Kristus, lah punika ingkang badhé mratélakakên samukawis punika wau dhumatêng kula." Pangandikanipun Gusti: "Iya Aku kang ngandikani kowé iki Kristus." Tiyang èstri sarêng mirêng pangandikaning Gusti ingkang makatên wau, lajêng anilar êjunipun, gêgancangan wangsul dhatêng kitha, cêcariyos dhatêng tiyang: "Lah sajabaning kutha ana sawijining wong, wêruh sabarang panggawéku. Mara padha dêlêngên! Apa iku dudu Sang Kristus?" Têtiyang tumuntên sami medal saking kitha, sowan wontên ngarsaning Gusti, sarta gadhah panyuwun supados Gusti anyaréa wontên ing nagarinipun. Gusti inggih lajêng lêrêb saha mêmulang wontên ing ngriku-[260] ngantos kalih dintên. Déné têtiyang ing ngriku kathah ingkang sami pitados dhatêng Gusti, lajêng sami wicantên dhatêng tiyang èstri wau: "Lah saiki pracayaku wus ora marga saka pangucapmu baé. Sabab saiki aku wus ngrungu pangandikané dhéwé, têmahan aku sumurup yèn iku Kristus satuhu pamartaning jagad."

8. Pétrus Anjala, Gusti Milih Sakabat Kalih Wêlas

Kacariyos Gusti Yésus tindak dhatêng kitha Kapêrnakhum, kaprênah sacêlaking sagantênan Génésarêt, tanah Galiléa, lajêng dêdalêm wontên ing ngriku pisan. Ing satunggal dintên Gusti jumênêng wontên sapinggiring sagantênan wau. Ing ngriku kathah tiyang sami andhêsêk dhatêng sariranipun, sumêdya mirêngakên pangandikaning Allah. Gusti lajêng nitih baitanipun Simon Pétrus. Têtiyang kang wontên ing gisik sami winulang saking baita kémawon. Sêsampuning mêmulang Gusti lajêng ngandika dhumatêng Pétrus: "Mara praumu rada têngahna sarta jalamu tibakna,[261] karêbén olèh iwak!" Aturipun Pétrus: "Guru, anggèn kula jala sampun sadalu muput botên angsal punapa-punapa. Éwadéné sarèhning wontên dhawuh Sampéyan, inggih kula lampahi." Sarêng jala kadhawahakên, lajêng angsal ulam anglangkungi kathahipun ngantos ambêdhahakên jala. Lajêng ngawé kancanipun, inggih punika Yakobus lan Yokhanan kang sami wontên ing baita sanès kapurih angréncangi. Déné ulamipun kaisèkakên ing baita kalih wau kêbak ngantos sarat. Simon Pétrus sarêng sumêrêpa ulam kathahipun ngantos samantên, lajêng sumungkêm wontên ngarsaning Gusti, aturipun: "Dhuh Gusti, Sampéyan mugi nilara kula, awit kula punika tiyang dosa." Mila gadhah atur makatên, awit Pétrus sakancanipun sami gumyur awit saking ulam wau. Pangandikanipun Gusti dhatêng tiyang têtiga wau: "Kowé aja padha wêdi, balik padha tut buria Aku! Ing samêngko kowé padha takdadèkaké tukang amèk uwong." Tumuntên sami angêntasakên baitanipun saha nilar samukawis darbékipun, lêstantun andhèrèk Gusti.[262]

Ing sanès dintên Gusti animbali sakabatipun, lajêng amatah tiyang kalih wêlas kinarsakakên dados kanthinipun. Supados kénginga kautus mradin-mradinakên Injil, ugi winastan para utusan. Wondéné namanipun sakabat kalih wêlas wau, Simon ingkang jinulukan Pétrus kaliyan sadhèrèkipun anama Andréas. Yakobus anaking SêbédayuZebedheus # kaliyan sadhèrèkipun anama Yokhanan. Filipus kaliyan BartalaméusBartolomeus #. Tomas kaliyan Matéus. Yakobus anaking Alféus kaliyan Yudas jinulukan Tadéus Tadheus #. Simon tiyang ing Kana kaliyan Yudas Iskariot.

9. Wêwulangipun Gusti Yésus Wontên ing Rêdi

Kacariyos Gusti Yésus anjajah ing satanah Galiléa, anggêlarakên Injiling karatoning Allah wontên ing masjid-masjid punapadéné anyarasakên sawarnining sêsakitipun tiyang. Ing ngriku kathah tiyang kang sami tut wingking ing Gusti badhé mirêngakên wêwulangi-[263]pun. Ing satunggal dintên Gusti minggah ing rêdi. Sêsampuning pinarak, para sakabat lajêng sami umarêk. Gusti lajêng mêmulang dhumatêng para sakabat punapadéné dhumatêng tiyang kathah wau, pangandikanipun makatên: "Rahayu wong kang budi andhap asor, sabab anduwèni karaton ing Swarga. Rahayu wong kang prihatin, sabab bakal linipur. Rahayu wong kang sarèh budiné, sabab bakal tômpa warisan bumi. Rahayu wong kang ngêlih lan ngêlak marang kautaman, sabab bakal winarêgan. Rahayu wong kang wêlasan, sabab bakal winêlasan. Rahayu wong kang rêsik atiné, sabab bakal wêruh ing Allah. Rahayu wong kang angrukunaké, sabab bakal ingaranan putraning Allah. Rahayu wong kang kinuya-kuya jalaran saking laku kang bênêr bêcik, sabab anduwéni karaton ing Swarga. Rahayu kowé yèn dialakaké utawa kinuya-kuya ing wong marga saking aku, sabab gêdhé ganjaramuganjaranmu* ana ing Swarga."

"Kowé iku uyahing bumi. Kowé iku pêpadhanging jagad. Mulané padha madhangana ma-[264]rang wong! Supaya padha wêruha marang panggawému kang bêcik, sabanjuré padha angluhurna Bapakmu kang ana ing Swarga. Kowé aja andalih yèn têkaku iki ambatalaké torèt utawa para nabi, têkaku ora ambatalaké malah nêtêpaké. Déné tuturku ing kowé iku sanyatané, sanadyan bésuk sirnaning langit lan bumi ananging torèt iku ora sirna saaksara utawa sacêcêk baé, saéngga kalakoné kabèh."

"Kowé trêsnaa marang satrumu, ambêrkahana wong kang ngipat-ipati ing kowé, ambêcikana wong kang nyêngiti kowé, lan andongakna bêcik marang wong kang nganiaya tuwin nguya-uya ing kowé! Supaya kowé dadia putrané Bapakmu kang ana ing Swarga. Sabab iku kang mlêthèkaké srêngéngé, madhangi wong bêcik lan wong ala sarta ngudani wong laku bênêr lan wong laku salah. Déné yèn trêsnamu iku mung marang wong kang trêsna ing kowé baé, kowé olèh opahan apa? Wong mupu béya iku rak iya mêngkono lakuné. Mulané kowé disampurna, nulada kasampurnané Bapakmu kang ana ing Swarga. Déné yèn kowé sêmbahyang lumêbua ing sê-[265]nthongmu, lawangé kancingên nuli sêmbahyanga marang bapakmu ana ing pasingidan. Déné bapakmu kang nguningani ing pasingidan amêsthi males marang kowé ana ing lair. Ênggonmu sêmbahyang aja juwêt-juwêt kaya sêmbahyangé wong kapir, panyanané si kapir bakal katarima marga saka akèhing pitêmbungané. Mulané kowé sêmbahyanga mangkéné: Rama kawula ingkang wontên ing Swarga mugi asma Sampéyan kamulyakna, karaton Sampéyan andhatêngana, karsa Sampéyan kalampahana kados ing Swarga, ing bumi makatêna ugi. Kawula sadaya mugi Sampéyan paringi rêjêki ing dintên punika, saha Sampéyan ngapuntên sakathahing kalêpatan kawula kados déné anggèn kawula ngapuntên tiyang ingkang kalêpatan dhatêng kawula, punapa malih kawula mugi sampun ngantos kalêbêtakên dhatêng panggodha, kawula Sampéyan luwarakên saking piawon. Sabab Sampéyan ingkang kagungan karaton saha wisésa, miwah kamulyan ngantos ing salami-laminipun, Amin."

"Kowé aja nglumpukaké bôndha ana ing alam donya, ênggoné rêngêt lan bubuk amêmôngsa, lan ênggoné maling a-[266]mbabah lan nyolong. Balik kowé anglumpukna bôndha ana ing Swarga kang ora ana rêngêt lan bubuk, lan ora ana maling! Sabab ing ngêndi ênggoné bandhamu, ing kono ênggoné atimu. Lah mara dêlêngên manuk-manuk iku, tur ora nyêbar wiji lan ora panèn, apadéné kaklumpukana ing lumbung. Suprandéné bapakmu kang ana ing Swarga pêparingé pangan ora kakurangan, lah kowé apa ora ngluwihi manuk iku? Ya géné kowé padha sumêlang mungguhing sandhang? Lah mara andêlênga kêmbang tunjung, tur iku ora nyambut gawé lan ora ngantih. Suprandéné sang prabu Suléman, kapraboné kabèh ora ngagêm kang kaya iku. Héh wong kurang pangandêl, sarèhné Allah amanganggoni kaya mêngkono marang thêthukulaning bumi kang ora suwé bakal ingobong, apa ora milahur amanganggoni kowé. Kowé padha andhisikna ngupaya karatoning Allah, apadéné kautamané, lah sandhang pangan iku bakal winuwuhaké marang kowé."

"Aja ngukumi ala marang wong! Supaya kowé aja diukumi ala.[267] Sabab kowé uga bakal diukumi padha lan olèhmu ngukumi, lan bakal ditakêri padha lan olèhmu nakêri. Mulané samubarang kang kokarêpi wong agawéa marang kowé, kowé iya agawéa mêngkono marang wong. Kowé padha lumêbua ing lawang kang ciyut, sabab lawang kang ômba utawa dalan kang jêmbar iku anjog marang karusakan, môngka akèh kang padha lumêbu ing kono. Déné lawang kang ciyut utawa dalan kang rupak iku anjog marang kaslamêtan, môngka arang wong kang nêmu iku. Kowé dèn prayitna yèn ana wong ngaku-aku nabi, titikên saka kalakuané baé. Ora sok wong anyêbut marang aku Gusti, Gusti, iku bakal lumêbu karatoning Swarga, mung wong kang nglakoni karsané Kangjêng Rama kang ana ing Swarga iku kang lumêbu." Wondéné Gusti sêsampuning dumugi anggènipun mêmulang, tiyang gêgolongan sami kahébatan ing wêwulangipun, sabab anggènipun mêmulang kados ingkang kagungan kuwasa, botên kados pamulangipun para ngulama.[268]

10. Gusti Yésus Anyarasakên Tiyang Sakit

1. Anglêrêsi ing dintên agêng Gusti wontên ing Yêrusalèm. Kacariyos ing ngriku wontên satunggaling sêndhang pasiraman ingkang winastan Bètésdha, kinubêng ing griya lajuran, dipunênggèni pintên-pintên tiyang sakit awarni-warni sami angajêng-ajêng ébahing toya sêndhang wau. Ing ngriku wontên satunggaling tiyang, anggènipun nandhang sakit laminipun sampun tigang dasa wolu taun. Sarêng Gusti mirsa tiyang punika ngalèlèh sarta sumêrêp yèn anggènipun nandhang sakit sampun lami, lajêng andangu: "Kowé apa kapéngin waras?" Wangsulanipun tiyang sakit wau: "Dhuh Tuwan, kula botên gadhah kônca ingkang nyêmplungakên kula dhatêng sêndhang ing nalika toyanipun ébah, dumados yèn kula badhé ambyur karumiyinan tiyang sanès." Déné pangandikanipun Gusti: "Kowé tangia, paturonmu junjungên, banjur lumakua!" Tiyang sakit wau lajêng saras sami sanalika anjunjung patilêmanipun lajêng lumampah.

2. Ing satunggal dintên Gusti tindak dhatêng Kapêrnakhum. Ing ngriku[269] wontên satunggaling tindhihing prajurit Rum, gadhah abdi kêkalih sakit mèh pêjah. Wondéné têtindhih wau sarêng mirêng mênggah pawartosipun Gusti, tumuntên utusan para pinisêpuh têtiyang Yahudi, kinèn angaturana Gusti supados têdhaka anyarasakên abdinipun wau. Tiyang Yahudi wau sarêng dumugi wontên ngarsaning Gusti, sangêt pangudinipun, aturipun: "Pantês yèn Sampéyan alênggana panyuwunipun têtindhih punika, sabab trêsna dhatêng bôngsa kula, malah sampun naté ambangun masjid kula." Gusti Yésus lajêng têdhak anyarêngi lampahipun tiyang Yahudi wau. Sarêng Gusti sampun andungkap rawuh, têtindhih wau lajêng kèngkènan pawongmitranipun amêthuk. Sarêng sampun kapanggih, lajêng umatur: "Dhuh Tuwan, aturing têtindhih makatên: 'Sampéyan sampun susah-susah, amila ingkang wau kula ngantos botên sowan piyambak wontên ngarsa Sampéyan. Awit déné kula rumaos botên pantês griya kula Sampéyan lêbêti. Déné ingkang kula suwun namung sabda Sampéyan sakêcap, amêsthi réncang kula tumuntên saras. Upaminipun: kula punika tiyang kabawah déning[270] inggil-inggilan kula, éwadéné kula inggih ambawahakên tiyang kalèrèhan kula, sanadyan prajurit utawi réncang punika manawi kula dhawuhi paréntah, amêsthi lajêng nglampahi samukawis dhawuh kula wau.'" Sarêng Gusti mirêng aturaning têtindhih wau ngungun. Pangandikanipun dhumatêng tiyang ingkang sami andhèrèk: "Sanadyan wong Israil pisan, Aku durung nêmu kang pangandêlé samono." Saantukipun kèngkènan wau, réncang kang sakit pinanggih sampun saras.

3. Ing sanès dintên Gusti tindak dhatêng Kapêrnakhum malih. Sarêng sampun kasumêrêpan déning tiyang kathah yèn Gusti lumêbêt ing satunggaling griya, para tiyang lajêng sami dhèrèk lumêbêt ing griya ngantos sêsak panggènanipun. Dalah ing jawi tiyang ugi sami dhêsêkan. Gusti lajêng andhawahakên wêwulang dhumatêng para tiyang wau. Ing ngriku kasaru dhatêngipun tiyang sakawan sami anggotong kancanipun ingkang sakit lumpuh, sumêdya kasuwunakên pitulunganing Gusti. Tiyang sakawan wau sami botên sagêd lumêbêt ing griya jalaran saking jêjêling tiyang, sarèhning griya ing ngriku sami kadamêl pa-[271]pak. Mila tiyang sakawan wau lajêng sami gadhah réka mènèk dhatêng payonipun kémawon, lajêng ambobok. Déné tiyang sakit wau dalah patilêmanipun lajêng kaudhunakên medal ing ngriku dumugi wontên ngarsaning Gusti. Sarêng Gusti mirsa mênggah pangandêlipun tiyang punika, lajêng angandika dhatêng tiyang sakit wau: "Héh anak, dosamu wis kaapura, tangia, paturonmu junjungên, banjur muliha!" Sanalika tiyang sakit wau lajêng tangi, anjunjung patilêmanipun, kabêkta mantuk medal sangajênging tiyang kathah. Wondéné para tiyang sami kagawokan. Sarta sami angluhurakên asmaning Allah, pangucapipun: "Salawasé aku durung tau tumon kang kaya mêngkono."

4. Ing satunggal dintên Gusti tindak dhatêng Yêrusalèm, medal ing tapêl watêsipun tanah Galiléa kaliyan tanah Samaria. Dumugi ing satunggal dhusun, Gusti mrangguli tiyang sadasa sami sakit budhugên, sami ngadêg wontên ing katêbihan. Tiyang wau lajêng sami anguwuh-uwuh: "Dhuh Yésus, guru, kawula mugi Sampéyan wêlasi." Pangandikanipun Gusti: "Kowé padha lungaa, awakmu tuduhna marang i-[272]mam!" Déné tiyang sadasa wau salêbêtipun lumampah sêsakitipun sami saras. Môngka ingkang satunggal sarêng sumêrêp mênawi awakipun sampun saras, saksana lajêng wangsul, asru mêmuji maring Allah. Sarêng dumugi wontên ngarsanipun Gusti lajêng sumungkêm, angaturakên panuwunipun. Wondéné tiyang satunggal punika bôngsa Samaria. Gusti Yésus lajêng andangu: "Kang dakwarasaké rak wong sapuluh pisan, sabab apa kang bali nyaosi pêpuji maring Allah mung siji iku tur wong mônca." Gusti tumuntên ngandika dhumatêng tiyang satunggal wau: "Ngadêga, banjur nutugna lakumu! Pangandêlmu iku wus mitulungi kowé."

5. Ing satunggal dintên Gusti Yésus anggènipun lêlana ngantos medal saking tanah Yahudi, dumugi pajajahaning nagari Tirus tuwin Sidon. Ing ngriku wontên satunggaling tiyang èstri bôngsa Kênangan, botên kalêbêt tiyang Yahudi, gadhah anak èstri sakit kranjingan. Sarèhning tiyang èstri wau sampun mirêng pawartos ing atasipun Gusti, mila kêdah nyuwun pitulunganipun, lajêng anguwuh-uwuh: "Dhuh Gusti têdhaking Dawud, kawula mugi[273] Sampéyan wêlasi, anak kawula èstri sakit kranjingan." Sarèhning sanalika punika Gusti botên mangsuli. Para sakabat lajêng sami matur: "Tiyang punika tut wingking kula kalayan jêlah-jêlih, bok inggih Sampéyan dhawuhi késah kémawon." Gusti lajêng mangsuli: "Aku mung kautus mitulungi bôngsa Israil baé." Tiyang èstri wau lajêng majêng, asujud wontên ngarsaning Gusti, aturipun: "Dhuh Gusti, kawula mugi Sampéyan pitulungi." Pangandikanipun Gusti: "Ora patut anjupuk rotining anak-anak pinakakaké ing asu." Aturipun tiyang èstri wau: "Kasinggihan pangandika Sampéyan, éwadéné sagawon punika inggih nêdha cuwilan roti kang rêntah saking méjaning bêndaranipun." Gusti lajêng mangsuli: "Héh wong wadon, gêdhé têmên pangandêlmu, kasêmbadana panyuwunmu iku." Déné anakipun lajêng saras sanalika punika.[274]

11. Gusti Yésus Anggêsangakên Tiyang Pêjah

1. Kacariyos Gusti Yésus tindak dhatêng kitha Nain, kathah ingkang sami andhèrèk, para sakabat tuwin tiyang gêgolongan. Sarêng dumugi sacêlaking kitha, Gusti kapêthuk mayit ginotong, inggih punika anakipun ontang-anting satunggaling rôndha ing ngriku, kairingakên déning tiyang kathah, punapa malih biyungipun ugi tumut sarwi nangisi turut margi. Sarêng Gusti ningali bok rôndha wau lajêng rêntah wêlasipun, pangandikanipun: "Kowé aja nangis!" Gusti lajêng mrêpêki anyandhak bandhosa, têtiyang kang gotong lajêng sami mandhêg, pangandikanipun Gusti: "Tholé, dhawuhku marang kowé, tangia!" Sanalika mayit wau lajêng anjênggèlèk saha wicantên, tumuntên kapasrahakên dhatêng biyungipun. Wondéné sakathahing tiyang sami ajrih sarta mêmuji maring Allah, ungêlipun: "Ana nabi gêdhé jumênêng, Allah anuwèni umaté."

2. Tan antawis lami Gusti wangsul dhatêng nagari Kapêrnakhum. Sa-[275]rêng dumugi ing ngriku, lurahing masjid anama Yairus dhatêng sumungkêm wontên ngarsanipun, panyuwunipun mugi Gusti têdhaka dhatêng griyanipun, supados mitulungana anakipun èstri namung satunggal, sawêg umur kalih wêlas taun sakit sangêt ngantos mèh pêjah. Saksana Gusti andhangani têdhak dhatêng griyanipun, kathah tiyang kang andhèrèkakên. Sarêng ngajêngakên dumugi, lajêng wontên abdinipun Yairus dhatêng umatur ing bêndaranipun: "Putra sampéyan sampun kalajêng ajal, mila sampéyan sampun ngantos makèwêdi guru." Sarêng Gusti mirêng lajêng nyambêti pangandika: "Kowé aja sumêlang, kumandêla baé, anakmu amêsthi waras!" Sarêng Gusti lumêbêt ing griya, aningali tiyang kathah sami gumuruh nangisi laré kang pêjah wau, pangandikanipun Gusti: "Aja kotangisi! Bocah iku ora mati, lagi turu baé." Déné sakathahing tiyang sami angèsêmi dhatêng Gusti, sabab sami sumêrêp yèn laré wau sayêktos sampun pêjah. Lah ing ngriku sakathahing tiyang sami kinèn mêdal déning Gusti. Wondéné ingkang kinarsakakên wontên salêbêting griya namung sakabat tiga, Pétrus, Yakobu-[276]s, lan Yokhanan, punapa malih bapa biyungipun laré wau. Gusti tumuntên anyandhak tanganing mayit sarwi anguwuh, pangandikanipun: "Bèng, dhawuh-Ku tangia!" Nyawanipun laré wau lajêng wangsul, tumuntên tangi sami sanalika. Tiyang sêpuhipun ngantos sami kagawokan, éwadéné sami dipunwalêri mênggah prakawis punika sampun ngantos kapanjang-panjang ing wartos. Gusti tumuntên dhawuh, laré wau kinèn nyukani nêdha.

12. Sédanipun Nabi Yokhanan Baptista

Kacariyos sang prabu Hérodhês ratu ing tanah Galiléa punika angrêbat tiyang èstri nama Hérodhias, sémahing sadhèrèkipun kuwalon anama Filipus, kasêngkêr wontên ing kadhaton. Lah ing ngriku nabi Yokhanan Baptista botên taha-taha angèngêtakên dhatêng sang prabu, aturipun makatên: "Sampéyan botên kénging amêngku tiyang èstri punika!" Ananging aturipun nabi Yokhanan wau botên kagêga, nabi Yokhanan malah la-[277]jêng kinunjara. Sampuna sang prabu èngêt bilih Yokhanan punika kaanggêp nabi dhatêng kawulanipun, saèstu lajêng dipunpêjahi pisan, awit saking gêmêsipun Hérodhias wau. Wondéné nabi Yokhanan wontên salêbêting kunjara mirêng pawartos mênggah samukawis ingkang dipunlampahi Sang Kristus, tumuntên utusan sakabatipun kêkalih kinèn matur pitakèn dhatêng Gusti Yésus: "Punapa Sampéyan punika Sang Kristus ingkang sampun winêca badhé rawuh? Punapa kula taksih ngajêng- ajêng malih?" Sarêng utusan wau dumugi wontên ngarsanipun Gusti, angaturakên punapa wêlingipun nabi Yokhanan, pangandikanipun Gusti makatên: "Kowé balia! Mratélakna marang Yokhanan, apa sapangrungumu lan sapandêlêngmu, kaya ta wong picak dadi andêlêng, wong lumpuh têmah lumaku, wong budhugên padha winarasaké, wong budhêg têmahan ngrungu, wong mati padha inguripaké, apadéné wong mlarat padha kawartanan Injil. Rahayu wong kang ora kasandhung ing Aku."

Kacariyos sang raja Hérodhês anglêrêsi tingalan wi-[278]yosanipun adamêl bujana. Ing ngriku putranipun putri Hérodhias patutan saking Filipus anama Salomé, bêksa wontên ngarsaning sang prabu. Déné sang prabu kasêngsêm sangêt mirsani bêksanipun sang putri wau, ngantos kawiyos pangandikanipun kalayan supata, sagah maringi punapa sapanyuwunipun, sanadyan anyuwuna sapalihing karatonipun ugi sinagahan. Déné sang putri sêmunipun kèmêngan ing galih, mila lajêng nyuwun pirêmbagipun kang ibu, kados pundi prayoginipun ingkang badhé kasuwun. Wondéné kêngkang* ibu sarèhning taksih mêmpêng sêngitipun dhatêng nabi Yokhanan Baptista, kagalih kalêrêsan sangêt, saksana lajêng mangsit dhumatêng kang putra, kinèn nyuwun sirahipun nabi Yokhanan Baptista, kawadhahana ing bési. Sarêng sang prabu nampèni atur panyuwunipun sang putri Salomé, sakalangkung sungkawanipun. Éwadéné sarèhning sampun kawiyos supatanipun saha kasumêrêpan déning para tamu, têmah sang prabu dhawuh amaringi sapanyuwunipun Salomé wau, lajêng utusan priyantun mondaraka kinèn anigas jangganipun nabi Yokhanan kang wontên salêbêting ku-[279]njara. Sirahipun tumuntên kawadhahan ing bési, kaparingakên sang putri wau, lajêng kaaturakên kang ibu. Déné para sakabatipun nabi Yokhanan lajêng sami ngukup layonipun, sêsampuning kapêtak, lajêng sami nyaosi pirsa dhatêng Gusti Yésus.

13. Gusti Yésus Anyirêp Prahara tuwin Alun, lajêng Amaringi Têdha Tiyang Gangsal Èwu, Tindak Sanginggiling Toya.

Kacariyos Gusti Yésus anitih baita, para sakabatipun ugi botên kantun, pangandikanipun Gusti: "Ayo padha mênyang sabrang! Baita tumuntên pangkat, sêsampuning ambabar layar, Gusti lajêng saré. Botên antawis dangu wontên prahara, baita agonjang-gunjing, awit déné katêmpuh ing alun, malah ngantos kalêbêtan toya. Para sakabat tumuntên umarêg umarêk* amungu Gusti, aturipun: "Dhuh Gusti, Sampéyan mugi mitu-[280]lungana kula sami katiwasan." Déné pangandikanipun Gusti: "Héh wong kurang pangandêl, ya géné kowé padha maras?" Gusti lajêng wungu, andukani prahara tuwin alun, sanalika sami sirêp lêrêb. Wondéné sakathahing tiyang sami kagawokan sarta sami rêraosan: "Iku wong apa? Déné prahara lan alun têka padha ngèstokaké paréntahé." Wondéné lampahipun baita lêstantun ngantos dumugi ing sabrang, Gusti sasakabatipun lajêng mêntas wontên ing tanah Gadara Gadhara #. Wontên ing ngriku Gusti anyarasakên tiyang sakit kranjingan, sakalangkung galakipun. Sêsampuning makatên Gusti lajêng nitih baita malih, wangsul dhatêng nagari Kapêrnakhum.

Ing sanes dintên Gusti Yésus nitih baita malih, kadhèrèkakên déning para sakabatipun tindak dhatêng ngara-ara kang sêpên sacêlaking nagari BètsaidhaBetsaida # . Wondéné tiyang gêgolongan sampun têrang yèn tindakipun Gusti nitih baita, mila lajêng sami lumampah dharat angrumiyini tindakipun Gusti, nyêgat wontên panggènan badhé mêntasipun. Sarêng Gusti mêntas, amirsani tiyang gê-[281]golongan sampun andhèr wontên ing ngriku. Gusti lajêng rêntah wêlasipun awit tiyang wau apindha ménda kang tanpa pangèn. Tumuntên sami dipunwulangi bab karatoning Allah ngantos dangu pamulangipun, saha tiyangipun sakit sami dipunsarasakên. Sarêng sampun wanci lingsir kilèn, para sakabat sami umatur: "Punika panggènan sêpên, wancinipun sampun lingsir, tiyang kathah punika prayogi sami kadhawahana bibar supados sami késaha tumbas roti, sabab sami botên wontên ingkang dipuntêdha." Gusti lajêng ngandika dhumatêng para sakabat: "Kowé baé awèha mangan!" Aturipun sakabat: "Punapa kula késah tumbas roti kalih atus dinar kadamêl anuwuki tiyang samantên punika?" Gusti lajêng andangu: "Kowé sangu roti pira?" Aturipun sakabat: "Wontên roti gangsal saha ulam loh kêkalih." Gusti nuntên paréntah dhumatêng para sakabat: "Sakathahing tiyang sami kinèn lênggah sap-sapan wontên ing sukêtan!" Têtiyang tumuntên sami lênggah sap-sapan, amarik-marik, atusan u-[282]tawi èkêtan. Gusti tumuntên mundhut roti gangsal wau tuwin ulam loh kêkalih, lajêng tumênga dhatêng langit sarwi andêdonga. Roti lajêng cinuwil-cuwil nuntên kaparingakên dhumatêng para sakabat kinèn amradinakên dhumatêng sakathahing tiyang wau, punapadéné ulam loh kêkalih wau kaêdum-êdumakên inggih wradin sadaya. Sakathahing tiyang lajêng sami nêdha satuwukipun, malah roti tuwin ulam wau taksih langkung, kaklêmpakakên awit saking dhawuhipun Gusti ngantos angsal kalih wêlas kranjang kêbak. Môngka kang sami nêdha wau watawis wontên tiyang gangsal èwu, kajawi tiyang èstri tuwin laré-laré. Wondéné sakathahing tiyang sarêng sumêrêp mukjizating Gusti ingkang makatên wau, lajêng sami rêraosan: "Lah iku kanyataané nabi kang wus winêca bakal rawuh, malah sami gadhah karêntêg badhé anjiyat dhatêng Gusti kajumênêngakên ratu. Sarêng Gusti mirsa pikajêngipun tiyang kathah ingkang makatên wau, Gusti lajêng anyalimpêt minggah ing rêdi piyambak karsa sêmbahyang.[283]

Ing wanci sontên para sakabat sami anumpak baita badhé wangsul dhatêng Kapêrnakhum. Déné Gusti taksih kantun wontên ing rêdi. Lampahing para sakabat wau wontên ing sagantênan kasaput ing dalu, lah ing ngriku baita katêmpuh ing prahara, para sakabat sangêt kasusahanipun. Sarêng wanci bangun énjing Gusti nusul para sakabatipun, tindak sanginggiling toya amrêpêki baita, para sakabat sarêng ningali sami ajrih sarwi ajêlah-jêlih, dipunwastani mêmêdi. Gusti tumuntên ngandika dhumatêng para sakabat wau: "Kowé padha diayêm atimu, iki Aku dhéwé, kowé aja ana kuwatir!" Pétrus lajêng amangsuli atur: "Gusti, manawi saèstu Sampéyan, kula mugi kadhawuhana umarêk dhatêng Sampéyan lumampah sanginggiling toya!" Pangandikanipun Gusti: "Iya mrénéa!" Pétrus lajêng mudhun saking baita, lumampah sanginggiling toya amrêpêki Gusti. Sarêng sumêrêp angin agêng, Pétrus lajêng maras sarta badhé kêlêm, abêngok-bêngok: "Gusti, kula Sampéyan tulungi!" Gusti lajêng mulung astanipun, anyandhak Pétrus sarwi ngandika: "Héh wong cupêt pa-[284]ngandêl, ya géné kowé maido?" Sakaliyanipun wau, sêsampunipun minggah ing baita, angin lajêng sirêp. Sakathahing tiyang kang wontên ing baita sami umarêk sujud dhatêng Gusti, aturipun: "Sampéyan punika saèstu putraning Allah."

14. Tobatipun Tiyang Èstri Awon, SakhéusZakheus #

Wontên satunggiling tiyang ParisiFarisi # anama Simon, angaturi Gusti dhahar ing griyanipun. Salêbêting Gusti pinarak ing ngriku kasaru dhatêngipun tiyang èstri awon sampun tobat, ambêkta cupu isi lisah wangi. Tumuntên marêpêki Gusti sarwi nangis, luhipun ngantos angêbêsi sampéyanipun Gusti, lajêng dipunusapi kalayan rambutipun sarta ngujungi sampéyanipun lan dipunkonyohi kalayan lisah wangi wau. Déné ingkang gadhah griya sarêng ningali pratingkah makatên wau lajêng angunadika: "Yèn wong iku nabi ya amêsthi sumurup mungguh wong wadon kang anggêpok sarirané iku wong ala." Sarêng Gusti mirsa pangunadikanipun tiyang Parisi wau[285] lajêng ngandika: "Héh Simon, Aku duwé pitakon marang kowé. Ana wong motangaké marang wong loro, kang siji limang atus dinar, sijiné sèkêt dinar. Sarèhning padha ora bisa nyaur, utangé sakaroné iku banjur diêpuraké. Kapriyé mungguh panêmumu? Wong loro mau êndi kang onjo trêsnané?" Wangsulanipun Simon: "Pandugi kula ingkang sambutanipun kathah kaêpurakên punika." Pangandikanipun Gusti: "Iya bênêr panêmumu iku. Kowé apa ora andêlêng wong wadon iku? Lah mara pikirên, ênggonku lumêbu ing omahmu kowé ora ngaturi banyu wisuh marang Aku, kang môngka wong wadon iku angêbêsi sikil-Ku kalawan luhé sarta diusapi kalawan rambuté. Apadéné kowé ora ngambung Aku, môngka wong wadon iku tansah angujungi sikil-Ku, mêngkono uga kowé ora nglêngani êndhas-Ku, môngka wong wadon iku angonyohi sikil-Ku kalawan lênga wangi, mulané pitutur-Ku marang kowé: "Wong wadon iku bênêr dosané akèh nanging wus ingapura, mulané akèh trêsnané. Déné [286] wong kang diapura sathithik, trêsnané iya mung sathithik." Gusti tumuntên ngandika dhumatêng tiyang èstri wau: "Dosamu wus ingapura, muliha kalawan slamêt."

Nalika Gusti tindak dhatêng nagari Yêrusalèm ingkang wêkasan, mêdal ing kitha Yéréka. Ing ngriku wontên satunggaling tôndha sugih anama Sakhéus. Tiyang punika sakalangkung kapénginipun sumêrêp ing Gusti nanging botên wagêd, jalaran saking kathahing tiyang gêgolongan, kang môngka dêdêgipun andhap. Saksana Sakhéus lajêng gadhah réka anglancangi tindakipun Gusti, lajêng mènèk ing wit arah ingkang sampun kapasthèkakên yèn Gusti badhé medal ing ngriku. Sarêng Gusti dumugi sacêlaking wit arah wau lajêng tumênga amirsani Sakhéus sarwi ngandika: "Héh Sakhéus, énggal mudhuna! Sabab aku kudu lèrèn ing omahmu." Sakhéus tumuntên rikat mudhun, lajêng anampèni Gusti kalayan suka bingah. Wondéné sakathahing tiyang kang sumêrêp sami pating garundêl, wicantênipun: "Têka lèrèn ana ngomahé wong ala." Sakhéus tumuntên majêng matur ing Gusti: "Gusti, bôndha[287] kula ingkang sapalih kula danakakên dhatêng tiyang miskin, kang sarta manawi kula ambalithuk dhatêng satunggaling tiyang, kula wangsulakên tikêl sakawan." Gusti lajêng ngandika: "Ing dina iki omah iki wus olèh kanugrahan, awit déné Sakhéus iku uga turuné Ibrahim, sabab rawuhé putraning manungsa anggolèki lan anylamêtaké kang wus ilang."

15. Pralambang Pêpitu Tumrap Karatoning Allah

Gusti Yésus anggènipun mêmulang dhumatêng para sakabat utawi tiyang kathah ing bab karatoning Allah asring mawi pralambang.

Ing satunggal dintên Gusti anitih baita wontên sapinggiring sagantênan Galiléa. Déné tiyang gêgolongan andhèr wontên ing gisik, sami kawulang saking salêbêting baita. Pangandikanipun makatên:

1. Ana wong tani mêtu anyêbar wiji. Gone anyêbar mau ana kang kècèr ing dalan banjur kaidak-idak sarta ci-[288]nucukan ing manuk. Lan ana kang tiba ing padhasan, wiji mau énggal thukulé, awit lêmahé kurang kandêl, barêng kasorotan ing srêngéngé banjur kabrangas, sarèhné ora ana oyodé banjur garing. Ana manèh kang tiba ing ngêrèn, têmaha thukulé kêndhih déning thukuling êri. Apadéné ana kang tumiba ing lêmah bêcik, lah iku kang tulus mêtu wohé. Ana kang tikêl satus, ana kang tikêl sawidak, lan ana kang tikêl têlung puluh. Sapa kang duwé kuping pangrungu angrungokna.

Sarêng para sakabat matur pitakèn mênggah wantahipun pralambang wau, Gusti lajêng ngandika: "Wiji iku pangandikaning Allah, déné kang kècèr ana ing dalan iku kaya ta wong kang ngrungokaké pangandikaning Allah nanging ora ngrêti. Wêkasan pangandika mau karêbut déning iblis, supaya aja kongsi pracaya, aja kaslamêtan. Déné kang tiba ing padhasan iku kaya ta wong kang angrungokaké pangandikaning Allah banjur tinampanan kalawan suka bungah nanging ora kukuh, go-[289]ne pracaya ora lêstari, barêng katêmpuh ing panggodha banjur murtatmurtad*. Déné kang tiba ing ngêrèn iku kaya ta wong kang ngrungokaké pangandikaning Pangéran nanging banjur kêndhih déning kasusahan utawa kasugihan, apadéné pakarêman ing alam donya andadèkaké ora tulusé. Déné kang tumiba ing lêmah bêcik iku kaya ta wong kang angrungokaké pangandikaning Allah sarta ngrêti, banjur kasimpên sajroning ati kang têmên bêcik. Tumuli mêtu wohé, ana kang onjo, utawa kang sêdhêng lan ana kang asor.

2. Gusti Yésus tumuntên anggêlarakên pralambang malih, pangandikanipun: "Karatoning Swarga iku kaya upamané wong nyêbar wiji gandum kang bêcik ana ing palêmahané. Barêng wayahé wong lagi turu satruné anêkani, nyêbar wiji walingi ana satêngahing paganduman mau, banjur lunga. Barêng gandum mau thukul mêtu wêwuléné, walingi iya banjur katon. Déné baturé wong kang duwé palêmahan mau matur ing bêndarané: 'Bêndara, sampéyan punapa botên nyêbar wiji saé[290] wontên pasitèn sampéyan? Lah wontênipun walingi punika saking pundi?' Wangsulaning bêndarané: 'Iku panggawéning satru.' Baturé banjur matur manèh: 'Sampéyan punapa parêng bilih walingi punika kula bêdholi?' Bêndarané amangsuli: 'Aja! Bok mênawa gandum iku katut kabêdhol, karêbèn sakaroné padha tuwuh kongsi tumêka môngsa panèn. Lah ing kono wong kang ngundhuh gandum bakal tak kon ngalumpukaké walinginé dhisik, sawusé kabongkokan nuli takkon ngobongi, déné gandumé takkon ngalumpukaké ana ing lumbungku.'"

Sêsampuning dumugi pangandikanipun Gusti, para sakabat lajêng sami nêrang kados pundi mênggah wantahipun pralambang wau. Gusti lajêng ngandika: "Kang anyêbar wiji gandum iku putraning manungsa, déné palêmahan iku jagad, wiji gandum iku putraning karaton, déné walingi iku anaking piala, satru kang nyêbar walingi iku iblis, môngsa panèn iku wêkasaning jagad, wong kang ngundhuh gandum iku para malaékat. Déné walingi mau dikalumpukaké banjur diobong, mêngkono uga bésuk wêkasaning[291] jagad, putraning manungsa bakal utusan malaékaté, kinon anglumpukaké sakèhing sêsandhungan, lan wong kang agawé piala binuwang saka ing karatoné, nuli cinêmplungaké ing gêni, ing kono ana panangis lan panggêgêting untu, déné wong kang alaku bênêr bakal mêncorong kaya srêngéngé ana karatoné kang rama. Sapa kang aduwé kuping pangrungu padha angrungokna."

3. Gusti Yésus nuntên nyambêti pralambang malih. Pangandikanipun: "Karatoning Swarga iku upamané wiji sawi kang disêbaraké déning wong marang palêmahané. Môngka padha-padha wiji, sawi iku cilik dhéwé. Nanging yèn wus thukul, gêdhéné angluwihi sakèhing jêjanganan. Uwité nyrêkakah, têmahan manuk-manuk padha nusuh ing êpangé."

4. Gusti Yésus angandika malih kalayan pralambang: "Karatoning Swarga iku upamané ragi kang dicarub lan galêpung têlung taker déning wong wadon, kongsi dadi tape kabèh."

5. Lan maningé: "Karatoning Swarga iku upama raja brana kang kapêndhê-[292]m ing lêmah, tinêmu déning wong banjur diumpêtaké. Déné wong mau tumuli lunga kalawan suka bungah, angêdoli barang darbéké kabèh ginawé tuku palêmahan iku."

6. "Apa manèh karatoning Swarga iku upamané sudagar kang golèk mutiara bêcik-bêcik, barêng olèh mutiara siji kang adi banjur angêdoli barang darbéké kabèh ginawé tuku mutiara iku."

7. "Apadéné karatoning Swarga iku upamané jala kang ditibakaké ing sagara, olèh iwak warna-warna. Déné jalané yèn wus kêbak banjur diêntasaké marang gisik, nuli dipilihi, kang bêcik diwadhahi, déné kang ala dibuwangi. Kaya mêngkono uga wêkasaning jagad, para malaékat mêtu, amisahaké wong ala lan wong bêcik. Déné wong ala iku dicêmplungaké marang gênining pawon. Ing kono ana panangis lan panggêgêting untu."[293]

16. Pralambang Tiyang Bêbêrah Pakêbonan Anggur

Ing satunggal dintên Gusti Yésus amêmulang malih wontên sanès panggènan. Makatên pangandikanipun: "Karatoning Swarga iku upamané wong mêtu saka ngomahé ing wayah ésuk, golèk glidhig bakal kinon anggarap gawé ana ing pakêbonané anggur. Barêng wus olèh banjur dijanji opahané sadina sadinar. Glidhig mau nuli padha kinon tumandang gawé ana ing pakêbonané anggur. Barêng wayah jam sanga ésuk, kang duwé pakêbonan mêtu manèh, andêlêng ing pasar ana wong angguran, banjur padha dicêlathoni: 'Kowé padha mèlua nyambut gawé ana ing pakêbonan anggur, mêngko kowé dakopahi sapatuté.' Wong mau banjur padha mangkat. Barêng ing wayah têngangé tuwin jam têlu sore, kang duwé pakêbonan mêtu manèh, agawé kaya ing ngarêp mau. Barêng wayah jam lima sore, kang[294] duwé pakêbonan mêtu manèh, amrangguli wong angguran manèh, banjur padha dicêlathoni: 'Ya géné kowé padha nganggur baé sadina muput?' Déné wangsulané: 'Awit botên wontên ingkang ambêrahakên dhumatêng kula.' Banjur dicêlathoni manèh: 'Kowé padha mèlua nyambut gawé ana ing pakêbonan anggur, kowé bakal dakopahi apa sapatuté.' Barêng wayah surup, kang duwé pakêbonan anggur andhawuhi juru gêdhongé, wong glidhig padha undangan sarta wèhana opahané. Wong kang malêbu kari dhéwé dhisikna, mêngkono sauruté kongsi tumêka wong kang malêbu dhisik dhéwé. Tumuli wong kang malêbu jam lima maju, padha dibayar nyadinar. Barêng wong kang malêbu dhisik maju, panyanané bakal dibayar luwih saka sadinar, éwadéné iya mung dibayar nyadinar. Satampané banjur padha anggarundêli kang duwé pakêbonan, aturé: 'Tiyang ingkang malêbêt kantun piyambak punika anggènipun nyambut damêl namung sajam, déné bêrahanipun sampé-[295]yan damêl sami kaliyan kula, kang môngka panggarap kula damêl rêkaos sarta kabêntèrên sadintên.' Wangsulané kang duwé pakêbonan marang sawijining glidhig mau: 'Héh ki sanak, aku ora kluputan marang kowé. Aku mau rak uwis janji sadina sadinar marang kowé, tampanana opahanamu opahanmu*, nuli lungaa! Dhasar wus karêpku awèh marang wong kang mlêbu kari padha lan marang kowé. Lah darbékku dhéwé apa ora wênang takgawé apa sakarêp- karêpku? Kowé apa mèri ênggonku loma?' Lah mêngkono wong wêkasan dadi wiwitan sarta wong wiwitan dadi wêkasan. Déné wong iku kang diundang akèh nanging kang pinilih mung sathithik."

17. Pralambang Têtiga Tumrap Sih Piwêlasipun Allah Dhumatêng Tiyang Dosa

Kacariyos kathah tiyang mupu béya tuwin tiyang a-[296]won sami umarêk wontên ngarsaning Gusti Yésus, sumêdya mirêngakên pangandikanipun. Sarêng tiyang Parisi tuwin para ngulama sumêrêp lajêng sami ngumêl-umêli. Anggènipun sami rêraosan: "Wong iku anêmoni wong ala sarta anunggal mangan." Gusti tumuntên ngandika dhumatêng tiyang Parisi tuwin para ngulama wau kalayan pralambang:

1. "Sapa wong panunggalamu kang aduwé wêdhus satus? Yèn ilang siji, kang sangangpuluh sanga apa ora banjur ditinggal anggolèki wêdhusé siji kang ilang mau kongsi katêmu? Barêng wus katêmu banjur dipanggul kalawan suka bungah, satêkané ngomah banjur angundangi pawong mitrané lan tôngga têparoné. Cêlathuné: 'Ayo padha bungah-bungah sabab wêdhusku kang ilang wus katêmu.' Gusti lajêng anjarwani, pangandikanipun: "Mêngkono uga kang ana ing Swarga iku padha bungah amarga saka wong dosa siji kang tobat angluwihi bungahé kang marga saka wong bêcik sangangpuluh sanga kang ora kawajiban tobat."

2. "Utawa upamané wong wadon aduwé dirham sapuluh[297] banjur ilang kang siji, nuli anyumêd colok sarta anyaponi omahé, gone anggolèki talatèn kongsi katêmu. Déné sawusé katêmu banjur angundangi pawong mitrané lan tôngga têparoné padha wadon. Cêlathuné: 'Ayo padha bêbungah sabab dirhamku kang ilang wus katêmu.' Gusti lajêng anjarwani, pangandikanipun: "Mangkono uga bungahé para malaékating Allah amarga saka wong dosa siji kang tobat."

3. Gusti Yésus lajêng ngandika malih: "Ana wong sawiji aduwé anak lanang loro. Déné kang nom umatur marang bapakné: 'Rama, warisan ingkang kalêrês dhumatêng kula, kula suwun sapunika.' Anak loro mau banjur padha kaêduman bandhaning bapakné. Ora antara lawas, anak kang nom sawusé anglumpukaké barang darbéké kabèh banjur lêlungan mênyang tanah kang adoh, sarta angêbrèh-êbrèh bandhané. Barêng wus êntèk, ing tanah kono kapailan bangêt têmahan anak mursal mau kakurangan pangan. Tumuli ngèngèr marang sawijining wong ngindhung ing tanah kono, pinatah pagawéan angon babi. Sanadyané ama-[298]rêgi wêtêngé kalawan pakaning babi nanging ora diwènèhi. Tumuli karasa-rasa ing atiné, pangunadikané: 'Buruhé si bapak pira-pira padha warêg mangan roti, malah kongsi turah. Môngka aku iki nandhang karusakan marga déning kaluwèn. Bêcik takmulih mênyang ênggoné si bapak sarta takmatur mêngkéné: Dhuh rama, kula sampun dosa dhatêng ing Swarga utawi dhatêng sampéyan. Sampun botên pantês yèn kawastanan putra sampéyan malih. Ing samangké kula mugi sampéyan rêngkuh bêrah sampéyan kémawon.' Sanalika banjur mangkat mulih mênyang ênggoné bapakné. Isih adoh bapakné wêruh anaké têka, banjur runtuh wêlasé tumuli amlayoni, angrangkul guluné sarta diambungi. Anaké nuli umatur: 'Dhuh rama, kula sampun dosa dhatêng Swarga utawi dhatêng sampéyan. Sampun botên pantês yèn kawastanan putra sampéyan malih.' Aturé lagi samono, bapakné banjur maréntahi batur-baturé kinon anjupukaké sandhangan kang luwih bêcik, kaanggokna pisan, sarta kinon anganggoni ali-ali lan trumpah, apadéné kinon anyêmbêlèhaké pêdhèt kang lêmu. Tumuli[299] wong saomah padha ingajak mangan, pangucapé: 'Ayo padha mangan lan bungah-bungah marga anakku iki wus mati urip manèh, wus ilang katêmu manèh.' Saksana banjur padha bungah-bungah.

Nalika samana anaké kang tuwa pinuju ana ing sawah, barêng mulih wus cêdhak lan omahé krungu suwaraning gamelan lan sindhèning wong kang padha jogèdan. Banjur angundang sawijining batur, ditakoni: 'Ramé-ramé iku ana apa?' Wangsulané kang tinakonan: 'Punika rayi sampéyan dhatêng, mila rama jêng ngandika ngarsakakên mragat pêdhèt ingkang lêma, sabab putranipun sampun kapanggih wilujêng.' Déné anak kang tuwa mau banjur nêpsu, suthik malêbu ing ngomah. Tumuli bapakné mêtu, amituturi anaké kapurih malêbu ing ngomah. Nanging anaké mangsuli atur marang bapakné: 'Anggèn kula ngabdi ing sampéyan sampun pintên-pintên taun, botên naté ngêlirakên ing pêpakèn sampéyan. Môngka kula punika dèrèng naté sampéyan paringi cêmpé satunggal, supados kula damêla bingah-bingah kaliyan para mitra kula. Sarêng putra sampéyan ingkang ngêbrèh-êbrèh punika dhatêng, lajêng sampé-[300]yan pragatakên pêdhèt ingkang lêma.' Bapakné nuli mangsuli: 'Ênggèr, kowé iku tansah ana ing aku, saduwèk-duwèkku kabèh iya kowé kang duwé. Patut aku padha suka bungaha, sabab adhimu iku wus mati urip manèh, wis ilang katêmu manèh.'"

18. Pralambang Tiyang Sugih kaliyan LasarusLazarus #

Wontên malih piwulangipun Gusti Yésus ingkang mawi pralambang, pangandikanipun makatên: "Ana sawijining wong sugih manganggo jingga lan mori alus, sarta sabên dina asukan- sukan, rêrênggané pating galêbyar. Lan ana sawijining wong miskin aran Lasarus, ngalèlèh ana ngarêping régolé wong sugih mau, awaké sakojur padha korèngên. Angarêp-arêp sisa kang saka ngomahé wong sugih mau, malah ana asu andilati korèngé. Ora antara suwé wong miskin mau mati, banjur ginawa déning para malaékat marang pangkoné Ibrahim. Déné wong sugih mau iya banjur mati, nuli dipêndhêm. Barêng wong sugih a-[301]na ing naraka, iya panggonan siksa, tumuli tumênga sarta andêlêng Ibrahim saka ing kadohan lagi amangku Lasarus. Wong sugih banjur anguwuh-uwuh: 'Dhuh rama Ibrahim, kawula mugi sampéyan wêlasi, sampéyan utusan Lasarus anyêlupna pucuking darijinipun ing toya, supados angasrêpana ilat kula. Awit déné sangêt sakit kula wontên salêbêting latu murub punika.' Déné wangsulané Ibrahim: 'Héh tholé, élinga ênggonmu nampani kabêgjanmu duk misih urip, balik Lasarus anandhang cilaka. Déné ing samêngko Lasarus kang linipur, kowé gênti kang nandhang sangsara, lan manèh ana jurang jêmbar kang angêlêt-êlêti kowé lan aku. Dadi wong kéné arêp mrono utawa wong kono arêp mréné padha ora bisa.' Wong sugih mau tumuli umatur: 'Manawi makatên dhuh rama, sampéyan mugi utusana Lasarus dhatêng griyanipun tiyang sêpuh kula, sabab kula gadhah sadhèrèk jalêr gangsal kang taksih sami kantun wontên ing alam donya. Punika sami dipunèngêtna, sampun ngantos dhawah ing panggènan siksa ngriki.' Wangsulané Ibrahim:[302] 'Padha aduwéa kitabé Musa lan para nabi, iku baé padha dièstokna.' Déné aturé wong sugih: 'Dhuh rama Ibrahim, sampun makatên, wangsul yèn sadhèrèk kula dipunpurugi déning tiyang kang sampun pêjah, amêsthi sami tobat.' Wangsulané Ibrahim: 'Yèn ora anggugu Musa lan para nabi, sanadyan dipituturana marang wong kang tangi saka ing pati, iya mêksa ora pracaya.'"

19. Katrêsnaning Gusti Yésus Dhumatêng Para Laré

Ing satunggal dintên para sakabat sami umarêk wontên ngarsanipun Gusti Yésus, sarwi umatur mênggah ingkang agêng piyambak wontên karatoning Swarga punika sintên. Gusti tumuntên animbali satunggaling laré alit, kaprênahakên wontên satêngahing para sakabat sarta ngandika: "Tutur-Ku ing kowé iku sanyatané, yèn kowé ora malih bocah cilik, amêsthi kowé ora bisa lumêbu karatoning Swarga. Sing sapa angasoraké a-[303]wake kaya bocah cilik iki, amêsthi gêdhé dhéwé ana karatoning Swarga. Lan sing sapa anampani sawijining bocah kang kaya mangkono iku kalawan nganggêp jênêng-Ku, iya iku anampani Aku. Kowé padha diprayitna aja nacad sawijining kang cilik kaya iki, sabab pitutur-Ku marang kowé, malaékaté bocah iku tansah padha ngadhêp Kangjêng Rama ana ing Swarga."

Kacariyos ing sanès dintên wontên tiyang sami anyowanakên laré alit-alit dhatêng ngarsaning Gusti Yésus, supados samia katumpangan astanipun sarta kabêrkahana. Déné para sakabat sarêng sumêrêp lajêng sami anyrêngêni dhumatêng tiyang kang sami ambêkta laré wau. Sarêng Gusti mirsa lajêng andukani para sakabatipun, pangandikanipun: "Karêbèn, bocah- bocah iku padha umarêk marang Aku. Aja koarubiru! Sabab kang mêngkono iku padha anduwèni karatoning Allah. Déné tutur-Ku ing kowé iku sanyatané, sing sapa ora nampani karatoning Allah apindha bocah cilik, amêsthi bakal ora lumêbu." Saksana laré alit-alit wau lajêng[304] sami karangkul déning Gusti, katumpangan astanipun sarta sami dipunbêrkahi.

20. Pralambang Tiyang Samaria kang Wêlasan sarta Pralambang Abdi Tégan

Kacariyos wontên satunggaling ngulama torèt umarêk wontên ngarsanipun Gusti Yésus, sêdya badhé anyobi, aturipun: "Guru, ingkang wajib kula lampahi punapa supados angsala gêsang langgêng?" Wangsulanipun Gusti: "Kang kasêbut ana sajroning torèt kapriyé?" Ngulama wau lajêng mangsuli atur: "Mênggah ungêling torèt makatên, sira trêsnaa marang Pangéran Allahira kang trusing atinira, lan trusing nyawanira, utawa trusing kakuwatanira, sarta trusing budinira. Apadéné trêsnaa marang sapêpadhanira, pindhanên awakira dhéwé." Pangandikanipun Gusti: "Iya bênêr wangsulanmu, iku lakonana, mêsthi kowé bakal urip1" Déné ngulama torèt wau matur pitakèn malih dhatêng Gusti: "Mênggah[305] sêsami kula punika sintên?" Gusti lajêng amangsuli pangandika kalayan pralambang: "Ana sawiji wong mudhun saka Yêrusalèm mênyang Yéréka. Ana ing dalan dibégal, dibalojodan sarta ditatoni nganti satêngah mati. Wong bégal mau banjur lunga. Tumuli ana sawiji imam ambênêri liwat ing dalan iku. Barêng wêruh wong kalaran mau, gone liwat banjur nyimpang. Tumuli ana wong Lèwi liwat mêtu ing panggonan iku. Barêng wêruh wong kang kalaran mau, iya banjur nyimpang. Wusana ana sawijining wong Samaria lêlungan mêtu ing panggonan iku. Barêng wêruh wong kang kalaran mau, banjur runtuh wêlasé. Tumuli marêpêki sarta ambêbêd tatuné, apadéné dilêngani lan disoki anggur, banjur tinunggangaké ing tunggangané. Tumuli ginawa mênyang paséwan sarta pinulasara. Barêng ésuké wong Samaria mau arêp mangkat, aninggali dhuwit rong dinar marang kang duwé paséwan sarta mêmêkas: 'Tiyang sakit punika sampéyan gumatosi, déné yèn ar-[306]ta kalih dinar punika botên cêkap kadamêl wragat, bénjing sawangsul kula amêsthi kula wêwahi sapintên kirangipun.' Mungguh wong têtêlu mau pandugamu êndi kang dadi pêpadhané wong kang binégal mau?" Aturipun ngulama: "Tiyang ingkang mêlasi punika wau." Pangandikanipun Gusti: "Kowé muliha, gawéa kaya mêngkono uga!"

Sarêng sampun antawis dintên Gusti Yésus amêmulang malih kalayan pralambang, pangandikanipun makatên: "Karatoning Swarga iku lir upamané ratu kang arsa itung-itungan lan abdiné. Déné kang séba dhisik abdi siji kang utang nêm wêndra dinar. Sarèhning ora bisa nyaur, sang prabu dhawuh, abdi mau saanak bojoné utawa sabarang darbéké kabèh padha kinon ngêdoli, minôngka panyauring utangé. Abdi mau tumuli sumungkêm sujud marang sang prabu, aturé: 'Dhuh gusti, kawula mugi panjênêngan dalêm sarantosakên rumiyin, sambutan kawula badhé kawula sauri sadaya.' Sang prabu tumuli runtuh wêlasé marang abdi mau, banjur kalilan mulih sarta utangé diêpuraké pisan.[307] Sawêtuné abdi mau kapapag lan kancané kang utang marang dhèwèké satus dinar. Wong iku banjur cinêkêl sarta tinêkak guluné, pangucapé: 'Utangmu marang aku saurana!' Kancané mau tumuli sumungkêm, pangucapé: 'Dhuh mitra kula, kula mugi sampéyan sarantosakên rumiyin, sambutan kula badhé kula sauri sadaya.' Déné kang potang ora gêlêm nginahi, kancané banjur dilêbokaké ing kunjara, kajanji kongsi tumêka gone mundhati utangé. Déné kônca-kancané barêng sumurup prakara iku bangêt sêriké marang kang potang mau, banjur diaturaké marang sang prabu. Saksana abdi kang diêpuraké utangé mau banjur ditimbali, pangandikané sang prabu: 'Héh abdi kang ala, utangmu kabèh wus takêpuraké, sabab kowé nyênyuwun marang aku, lah kowé apa ora kuwajiban mêlasi kancamu, kaya gonku mêlasi kowé?' Sang prabu tumuli duka bangêt, abdi kang tégan mau banjur kinon ngunjara kongsi tumêka ênggoné mundhati utangé."

Mêngkono uga kangjêng rama kang ana ing Swarga bakal matrapi ma-[308]rang kowé, yèn kowé ora ngapura kaluputané sadulurmu, kang trus ing atimu.

21. Pralambang Tumraping Sêmbahyang tuwin Pralambang Tumraping Budi Andhap Asor.

Makatên malih Gusti Yésus amêmulang kalayan pralambang supados sakathahing tiyang samia tansah mêrlokakên sêmbahyang, sampun ngantos bosên. Pangandikanipun makatên: "Ing sawijining nagara ana jaksa kang ora wêdi maring Allah lan ora isin marang sadhéngah uwong. Môngka ing nagara kono ana sawijining rôndha umarêk marang jaksa mau, angaturaké prakara para padu sarta anyuwun adil. Nanging wus antara suwé jaksa durung gêlêm ngopèni aturé bok rôndha mau, wusana jaksa mau angunadika: 'Sanadyan aku ora wêdi marang Allah sarta ora wirang marang sadhéngah uwong, éwadéné sarèhning rôndha iku ngrubêdi aku, bêci-[309]k takadilané supaya aja kongsi bola-bali mréné, mundhak angrisèni.' Lah mara padha pikirên pangunadikaning jaksa kang ora adil iku, mungguhing atasing Allah apa ora ngadili pêpilihané kang padha sêsambat ing rina lan wêngi? Apa nyênyuwé pitulungané? Pitutur-Ku marang kowé amêsthi mitulungi tumuli."

Wontên malih piwulangipun Gusti Yésus kalayan pralambang dhumatêng tiyang ingkang ngêndêl-êndêlakên kasucianipun piyambak sarta angina dhatêng tiyang sanèsipun. Makatên pangandikanipun: "Ana wong loro padha munggah ing masjid arêp sêmbahyang. Kang siji wong Parisi, sijiné wong mupu béya. Déné wong Parisi ênggoné ngadêg mênjila, sêmbahyangé mêngkono aturé: 'Dhuh Allah, kawula amuji sukur ing Tuwan, déné kawula botên sami kaliyan tiyang-tiyang punika, kados ta tiyang bégal, tiyang nganiaya, tiyang jina, utawi kados tiyang mupu béya punika. Sabarang darbèk kawula sadaya kula jakati, punapadéné sabên pitung dintên kula siyam kaping kalih.' Déné wong mu-[310]pu béya mau ênggoné ngadêg adoh, tumungkul baé, ora wani tumênga sarwi atêbah-têbah dhadha, aturé: 'Dhuh Allah, kawula tiyang dosa, mugi Tuwan wêlasi.' Pitutur-Ku marang kowé: sabubaring sêmbahyang, wong mupu béya mau katrima déning Allah, déné wong Parisi ora. Sabab sing sapa angunggul-unggulaké awake iku bakal diêsoraké, déné kang ngêsoraké awake bakal diunggulaké."

Gusti Yésus mêmulang malih dhatêng tiyang gêgolongan tuwin dhumatêng para sakabatipun, angraosi kalakuanipun têtiyang Parisi tuwin para ngulama, pangandikanipun makatên: "Para ngulama lan wong Parisi iku padha lungguh ana ing palungguhané Musa, mulané apa kang dadi pituturé marang kowé padha lakonana kabèh, nanging kang dadi kalakuané aja kotiru! Wong iku yèn ana ing pajagongan, utawa ana ing masjid, dhêmên lungguh ana ing ngarêp, apadéné padha lumaku diuluki salam ana ing pasar, lan sinêbut guru déning wong. Nanging kowé aja kapéngin sinêbut guru, sabab gurumu mung siji Kri-[311]stus, déné kowé iku kabèh padha sadulur, éwasamono sing sapa arêp dadi gêdhé dadia baturing para saduluré."

Botên antawis dangu Gusti Yésus lajêng pinarak angajêngakên pêthi dana, inggih punika wadhah arta dananipun para tiyang ingkang sami manjurung tambal sulaming masjid. Ing ngriku Gusti amirsani tiyang anggènipun sami nglêbêtakên arta dhatêng pêthi dana wau, kathah tiyang sugih sami nglêbêtakên arta kathah. Tumuntên wontên satunggaling rôndha miskin, anglêbêtakên arta igaran kêkalih. Gusti lajêng animbali sakabatipun, sami dipunpangandikani: "Tutur-Ku ing kowé iku sanyatané, rôndha miskin iku ênggoné nglêbokaké dhuwit ing pêthi dana luwih akèh tinimbang lan sakèhing wong kang padha nglêbokaké. Sabab wong akèh iku ênggoné nglêbokaké saka dhuwité kang akèh, balik rôndha miskin iku dhuwité mung sathithik, wus dilêbokaké kabèh, tur iku jagané kang dipangan."[312]

22. Panêksinipun Pétrus ing Atasipun Sariranisariraning* Gusti Yésus, Gusti Malih Warni

Gusti Yésus sêsampuning rawuh wontên pajajahaning nagari KésariaKaisarea # Filipus, andangu dhumatêng para sakabatipun: "Aku iki putraning manungsa sok dirasani ing wong-wong iku kaaranan sapa?" Kang dinangu sami umatur: "Wontên tiyang amastani Sampéyan punika nabi Yokhanan Baptista. Wontên malih tiyang mastani Sampéyan punika nabi Élia. Lan wontên malih ingkang mastani nabi Yirmaya utawi salah satunggaling para nabi." Pangandikanipun Gusti: "Yèn mungguh kowé dhéwé padha ngarani sapa marang Aku?" Lah ing ngriku Simon Pétrus lajêng amangsuli atur: "Sampéyan punika Kristus putraning Allah ingkang gêsang." Gusti lajêng mangsuli pangandika: "Rahayu kowé Simon anaké Yunus. Sabab kang mêruhaké ing kowé dudu daging lan gêtih, mung Kangjêng Rama kang ana ing Swarga."

Kala samantên Gusti Yésus wiwit anyumêrêpakên dhumatêng para[313] sakabat yèn sariranipun kêdah tindak dhatêng Yêrusalèm. Sarta badhé nandhang sangsara kathah amargi saking pitênahipun para pinisêpuh tuwin para imam agêng, lan para ngulama. Malah ngantos kalampahan dipunsédani, nanging ing tigang dintênipun wungu malih saking séda.

Sarêng sampun antawis nêm dintên Gusti Yésus tindak dhatêng rêdi kang inggil. Déné ingkang kabêkta namung sakabat têtiga, Pétrus, Yakobus, lan Yokhanan. Wontên ing ngriku Gusti lajêng amalih warni, wadananipun mancorong kados surya, busananipun anglangkungi pêthak ngantos kados salju. Tumuntên katingal nabi Musa lan nabi Élia sami imbal wacana kaliyan Gusti Yésus, angginêm bab kadadosanipun sariraning Gusti ingkang badhé dipunlampahi wontên ing Yêrusalèm. Déné Pétrus sakancanipun anglêrêsi sami ngantuk. Sarêng nglilir sumurup kamulyaning Gusti sarta tiyang kêkalih wau sami kêmpal kaliyan Gusti. Pétrus tumuntên matur ing Gusti: "Gusti prayogi[314] wontên ing ngriki, manawi parêng ing karsa, kula badhé damêl tarub têtiga. Ingkang satunggal Sampéyan, satunggalipun Musa, déné satunggalipun malih Élia." Dèrèng têlas aturipun, wontên méga pêthak amayungi kang sami imbal wacana wau. Salêbêting méga lajêng wontên suwara, ungêlipun: "Iku putraning-Sun kêkasih kang Sunsarjoni, iku padha èstokna!" Para sakabat wau sarêng mirêng suwara lajêng sami konjêm ing siti, anglangkungi ajrihipun. Gusti lajêng marêpêki sarta anggêpok para sakabatipun, pangandikanipun: "Padha tangia! Aja kowé wêdi!" Sarêng anjênggèlèk, anolih ngiwa nêngên botên wontên ingkang katingal kajawi Gusti piyambak. Sarêng sami mandhap saking rêdi, Gusti amalêri dhumatêng sakabat têtiga wau, pangandikanipun: "Dêdêlêngan mau aja kotutur-tuturaké marang wong! Yèn putraning manungsa durung wungu saka ing pati."[315]

23. Tindakipun Gusti Yésus dhatêng Bétani Ngantos Kaping Tiga

1. Wontên satunggaling dhusun anama Bétani dumunung ing sukuning rêdi Jaitun, saking Yêrusalèm lampahan sajam. Ing ngriku griyanipun sadhèrèk têtiga anama Lasarus, Marta lan Maryam. Tiga pisan sami kinasih déning Gusti, mila Gusti asring tindak mriku. Kacariyos ing satunggal dintên Gusti tuwi mriku, andadosakên kabingahanipun tiyang sagriya. Ing ngriku Maryam ngadhêp wontên ngarsaning Gusti: "Gusti, Sampéyan punapa botên anggalih gèn kula ngladosi piyambak? Sadhèrèk kula punika mugi Sampéyan dhawahi ngréncangi kula!" Gusti lajêng mangsuli: "Ing atasing prakara akèh, môngka mung siji kang pêrlu, Maryam wus amilih bubuhan kang bêcik, ora kêna rinêbut."[316]

2. Nalika Gusti Yésus tindak dhatêng nagari Yêrusalèm ingkang wêkasan, Lasarus sawêg ginanjar sakit. Sadhèrèkipun kêkalih lajêng sami kèngkènan nyaosi priksa ing Gusti. Kèngkènan wau kapêthuk wontên ing margi, aturipun: "Dhuh Gusti, kêkasih Sampéyan sakit." Pangandikanipun Gusti: "Larané iku ora andadèkaké patiné, balik dadi kamulyaning Allah miwah kamulyané putraning Allah." Gusti lajêng lêrêb wontên ing ngriku kalih dintên. Sêsampuning makatên, Gusti lajêng ngandika: "Lasarus mitraku turu, déné Aku arêp mrono anggugah." Aturipun para sakabat: "Gusti, manawi sampun sagêd tilêm inggih badhé waluya?" Mênggah ingkang kapangandikakakên Gusti wau pêjahipun Lasarus, nanging tampinipun para sakabat ingkang dipunpangandikakakên Gusti wau tilêm sayêktos. Gusti tumuntên walèh: "Satêmêné Lasarus wus mati, éwadéné ayo padha mrono!" Lajêng sami mangkat. Marta sarêng mirêng yèn Gusti rawuh, lajêng mêthuk sarwi umatur: "Gusti, manawi Sampéyan wontêna ing ngriki amêsthi sadhèrèk kula botên pêjah." Pangandikanipun Gusti: "Sadulur-[317]mu bakal tangi." Aturipun Marta: "Kula inggih sumêrêp yèn badhé tangi énjing dintên kiyamat." Pangandikanipun Gusti: "Aku iki kiyamat lan urip. Sapa kang pracaya marang Aku, sanadyan wus mati bakal urip. Déné sapa kang urip lan pracaya marang Aku amêsthi ora mati ing salawas-lawasé. Apa kowé ngandêl kang mêngkono iku?" Atur wangsulanipun: "Inggih Gusti, kula pitados yèn Sampéyan punika Kristus putraning Allah tumêdhak dhatêng jagad." Marta tumuntên angundang Maryam, déné Maryam sawêg manggihi tamu Yahudi kang sami nglayat. Éwadéné lajêng gurawal lan amêthuk rawuhipun Gusti. Panyananing para tamu, Maryam badhé dhatêng kuburipun Lasarus. Mila lajêng sami tut wingking. Maryam tumuntên sumungkêm wontên ngarsaning Gusti sarwi umatur: "Dhuh Gusti, manawi Sampéyan wontêna ngriki amêsthi sadhèrèk kula botên pêjah." Gusti sarêng mirsa tangisipun Maryam saha tiyang Yahudi kang sami tut wingking wau, sakalangkung ngêrês galihipun ngantos kumêmbêng waspa. Wusana lajêng andangu: "Kakubur ing ngêndi?" Aturipun Maryam: "Dhuh Gusti sumôngga Sampéyan pirsani." Gusti lajêng muwun, têti-[318]yang Yahudi sarêng sami sumêrêp lajêng sami rêraosan: "Lah mara dêlêngên! Iba trêsnané marang Lasarus." Saksana Gusti dumugi ing kubur, déné kubur wau guwa katutup kalayan séla. Gusti lajêng dhawuh: "Watuné singkirna!" Marta lajêng mangsuli atur: "Gusti èmpêripun sampun mambêt, sabab sampun kawan dintên." Pangandikanipun Gusti: "Aku rak uwis pitutur marang kowé, yèn kowé pracaya bakal andêlêng kamulyaning Allah." Séla tutup wau lajêng kasingkirakên. Gusti nuntên tumênga sarwi matur maring Allah: "Dhuh Rama, Kawula amuji sukur ing Sampéyan. Déné Sampéyan anarimah ing Kula. Kawula sumêrêp yèn Sampéyan tansah narimah ing Kula. Déné atur Kawula punika wau awit déné tiyang kathah kang sami wontên ngriki punika, supados samiya pitados yèn Sampéyan ingkang ngutus dhatêng Kawula." Sêsampuning makatên Gusti anguwuh-uwuh: "Héh Lasarus mêtua!" Sanalika kang sampun pêjah wau lajêng medal. Suku tuwin tanganipun sami kablêbêt ing ulês, rainipun katutupan ing kacu. Gusti lajêng dhawuh: "Iku uculana supaya bisaa luma-[319]ku!" Wondéné têtamu Yahudi wau sarêng sampun sumêrêp mukjijatipun Gusti ingkang makatên wau, kathah ingkang sami pitados ing Gusti. Ananging para imam agêng tuwin tiyang Parisi lajêng sami wêwah gêthingipun dhatêng Gusti, ngantos sami saékapraya ngupados margi sagêdipun nyédani.

3. Sarêng angajêngakên dintên agêng paskhah kirang nêm dintên, Gusti Yésus tindak dhatêng Bétani malih. Pinarak wontên griyaning Simon sarta kasugata. Ingkang ngladosi Marta, déné Lasarus angdhèrèk dhahar. Maryam tumuntên dhatêng sarwi ambêkta cupu isi lisah nardus tulèn kang kathah rêginipun. Lajêng kinonyohakên ing sampéyanipun Gusti sarta dipunusapi kalayan rambutipun, salêbêting griya ngantos amrik gônda arum. Tumuntên wontên satunggaling sakabatipun Gusti ingkang nama Yudas Iskariot punika awicantên: "Ya géné lênga iku ora diêdol têlung atus dinar kadanakaké marang wong miskin?" Déné wicantênipun Yudas makatên wau botên margi saking ngopèni dhatêng tiyang miskin. Sayêktosipun Yudas punika durjana, kapitados ambêkta arta sangu-[320]nipun Gusti sasakabatipun. Arta wau asring wontên ingkang dipunsalingkuhakên dhatêng Yudas. Pangandikanipun Gusti: "Ya géné kowé makéwuh marang wong wadon iku? Môngka wus agawé bêcik marang Aku. Wong miskin salawasé awor lan kowé, yèn kowé arêp ambêciki ing samôngsa-môngsa amêsthi bisa. Balik Aku iki ora salawasé kumpul lan kowé. Wong wadon iku ênggoné anjêbadi Aku ing waktu iki prasasat ing sabisa-bisa andhisiki ênggoné ambêciki layonku. Tutur-Ku ing kowé iku sanyatané. Ing ngêndi-êndia panggonan kang kasrambahan gumêlaring Injil ing jagad kabèh. Panggawéné wong wadon iku amêsthi bakal kacangking minôngka pangéling-éling mungguh kabêcikané."[321]

24. Gusti Yésus Nitih Kuldi Ginarêbêg déning Tiyang Kathah Lumêbêt dhatêng Yêrusalèm

Énjingipun Gusti Yésus tindak saking Bétani dhatêng Yêrusalèm. Sarêng sampun cêlak kaliyan nagari, sawêg ngajêngakên dhusun Bétfagé. Lajêng utusan sakabat kêkalih, pangandikanipun: "Kowé mênyanga ing désa ngarêp kaé! Ing kono ana kuldi wadon siji cinancang sabêloné. Iku padha uculana gawanên mréné! Déné yèn ana wong ngaruh-aruhi gonmu ajupuk kuldi mau, warahên yèn iku bakal kagêm ing Gusti, amêsthi kang ngaruh-aruhi mau banjur angulungaké." Sakabat kang kautus wau tumuntên anglampahi punapa dhawuhipun Gusti. Wusana kuldi kabêkta, sinalébrakan kalayan sandhanganing sakabat wau, lajêng katitihan déning Gusti. Lah punika klampahanipun ingkang winêca déning nabi Sakharya kala rumiyin. Pangandikanipun makatên: "Héh Yêrusalèm, sira bungah-bungaha, ratunira rawuh, satuhu sabar anitih kuldi wadon anak-anak." Ing ngriku kathah tiyang[322] anggêlar sandhanganipun urut margi, sawênèh wontên ingkang mancasi panging wit-witan katata wontên ing radinan. Wondéné têtiyang kang sami mêthuk tuwin andhèrèkakên sami asurak-surak, ungêlipun makatên: "Hosana putraning Dawud kaluhurna kang rawuh angagêm asmaning Pangéran, hosana sadhuwuring akasa." Wondéné têtiyang Parisi sarêng sami sumêrêp pratingkah ingkang makatên wau lajêng sami rêraosan, anglairakên sangêting cuwanipun utawi bêntèr manahipun. Ngantos kawêdal wicantênipun: "Lah kapriyé déné malah tinut buri ing wong sajagad?"

Gusti Yésus lêstantun ing tindakipun. Sarêng nagari Yêrusalèm sampun katingal, lajêng dipunmuwuni sarwi ngandika: "Héh Yêrusalèm, bok iya saiki baé kowé sumurupa apa kang andadèkaké kaslamêtanamukaslamêtanmu*, nanging kowé kakilapan. Bésuk bakal tumêka ing môngsa, mungsuhmu ênggoné gawé bètèng ing saubêngmu, angêpung lan ambutuhaké kowé ing saênggon-ênggon. Lan ginawé karang rampas, kongsi ora ngarèkaké bata rong larap. Sabab kowé ora nimbangi sihing Allah."[323] Sarêng lumêbêt ing nagari, para tiyang ngriku sami abusêkan anggènipun sami takèn-tinakèn: "Iku sapa?" Wangsulanipun tiyang ingkang sami andhèrèk: "Iku Yésus, nabi saka ing Nasarèt." Gusti lajêng lumêbêt ing Bétal Mukadas, tumuntên anundhungi têtiyang kang sami wade tinumbas wontên ing ngriku, méjanipun tiyang préyalan sami dipunbaléngkrahi, punapadéné kursinipun tiyang wade pêksi dara. Pangandikanipun: "Wus katulisan, padalêmaning-Sun sinêbuta omah sêmbahyangan. Déné sira gawéa guwa pambégalan. Wondéné para imam agêng tuwin para ngulama sarêng sami mirêng suraking laré kathah wontên ing Bétal Mukadas, ungêlipun: "Hosanna putraning Dawud." Para imam wau lajêng sami muring-muring, aturipun dhatêng Gusti: "Sampéyan punapa botên mirêng suraking laré punika?" Wangsulanipun Gusti: "Iya ngrungu, balik kowé apa durung tau maca têtulisan kang muni mêngkéné: Cangkêmipun bayi tuwin pasuson tuwan anyawisakên panggunggung." Gusti sêsampuning nilar têtiyang puni-[324]ka lajêng wangsul dhatêng Bétani malih, anyaré wontên ing ngriku.

Énjingipun Gusti tindak dhatêng Yêrusalèm malih. Wontên ing margi angraos lapa, tumuntên mirsa wit arah satunggal wontên sapinggiring margi. Sarêng dipunprêpêki pinanggih godhong kémawon, botên wontên wohipun. Nuntên dipunpangandikani makatên: "Kowé aja awoh-awoh manèh ing salawas-lawasé!" Sanalika punika wit arah wau lajêng garing saoyodipun pisan. Wit arah punika upaminipun bôngsa Yahudi, tur botên kirang pangrimat, suprandéné botên anuwuhakên kalakuan saé.

25. Pralambang Tiyang Tani Dursila tuwin Pralambang Bujana Agêng

Ing dintên punika Gusti Yésus wontên ing Yêrusalèm amêdharakên pralambang dhumatêng tiyang kathah. Déné para imam agêng tuwin tiyang Parisi inggih kathah ingkang sami mirêngakên. Makatên pangandikanipun: "Ana wong gawé pakêbonan anggur dipagêri ing sau-[325]bêngé, sarta ing têngahé didokoki pamipitan, apadéné diadêgi ranggon. Tumuli diparokaké marang wong tani. Kang duwé pakêbonan mau banjur lêlungan adoh. Barêng tumêka mangsané ngundhuh, banjur kongkonan baturé mundhut paroné marang wong tani mau. Déné batur mau banjur dicêkêl marang si tani. Kang siji dipala, sijiné dipatèni, lan sijiné manèh dibalangi watu. Kang duwé pakêbonan banjur kongkonan batur liyané, kèhé angluwihi kang uwis, éwadéné padha dimêngkonokaké uga. Sawusé mêngkono kang duwé pakêbonan banjur kongkonan anaké ontang-anting kang dikasihi, pangunadikané: 'Amêsthi éring marang anakku.' Nanging wong tani barêng andêlêng anaké kang duwé pakêbonan mau, banjur padha rêrasan: 'Lah iku ahli warisé, ayo padha dipatèni lan warisané padha diêpèk!' Anak mau banjur dicêkêl, tumuli dipatèni lan binuwang marang sajabaning pakêbonan anggur. Déné satêkané kang duwé pakêbonan anggur, wong tani mau bakal dikapakaké?" Atur wangsulanipun tiyang kathah: "Mêsthinipun dipunpêjahi[326] sarta pakêbonan anggur wau badhé kapalihakên dhatêng tiyang sanès ingkang ngladosakên palihan sabên kalamôngsa awoh." Pangandikanipun Gusti: "Mulané pitutur-Ku marang kowé, karatoning Allah bakal pinindhut saking kowé, kaparingaké marang bôngsa kang ngladèkaké wohé."

Pinuju ing dintên sabat Gusti Yésus dipunulêmi déning satunggalipun lurahing tiyang Parisi. Sarêng rawuh ing ngriku lajêng pinarak dhahar. Wondéné tiyang Parisi sami andodok dhatêng Gusti. Sarêng sampun kathah ingkang sami dipun-ginêm, Gusti lajêng ngandika dhatêng kang gadhah griya: "Yèn kowé gawé bujana aja ngulêm-ulêmi sanak sadulurmu utawa mitramu miwah tôngga têparomu kang sugih-sugih, supaya kowé aja gênti diulêmi minôngka pamalêsé marang kowé. Balik angulêm-ulêmana wong miskin, wong kuthung, wong lumpuh utawa wong picak. Dadi kowé bêgja, sabab wong iku ora bisa malês marang kowé, éwadéné kowé bakal olèh wêwalês ing bésuk mangsané wong kang laku bênêr padha tangi saka ing pati." Kacariyos wontên satunggaling tamu mi-[327]rêng pangandikaning Gusti ingkang makatên wau, lajêng matur makatên: "Bêgja têmên tiyang kang tumut bujana wontên karatoning Allah." Gusti lajêng ngandika dhumatêng tiyang wau: "Ana sawijining wong agawé bujana gêdhé, akèh wong kang padha diulêm-ulêmi. Barêng andungkap mangsané bujana, akongkonan baturé kinon anuturi ulêm- ulêmané: 'Kabèh padha têkaa sabab rampadané wus cumawis kabèh!' Ulêm-ulêman mau banjur padha sêngadi, kang siji mangsuli: 'Aku lagi tuku palêmahan, ing saiki aku kapambêng arêp lunga mriksani, ora liwat aku jaluk maklum baé.' Sijiné mangsuli: 'Aku lagi tuku sapi limang rakit, ing saiki aku arêp lunga anjajal. Mulané aku jaluk maklum baé.' Déné sijiné manèh amangsuli: 'Aku lagi rabi, mulané ora bisa nêkani.' Déné saulihé batur mau, banjur ngaturaké marang bêndarané apa kang dadi wangsulané ulêm-ulêman mau. Déné bêndarané banjur nêpsu, ngandika marang baturé: 'Énggal mênyanga ing lêlurung tuwin pakampungan, angiridana sakèhing kéré lan wong kuthung utawa wong lumpuh, apadéné wong pi-[328]cak!' Baturé wau wus anglakoni dhawuhing bêndarané, banjur matur: 'Lah punika sampun sami dhatêng, ananging langkung panggènan kirang tiyangipun.' Bêndarané ngandika manèh: 'Lah puniki énggal mênyanga ing ratan tuwin ing simpangan, sarupané wong kang ana ing kono padha jiyadên maréné, supaya omahku kêbaka!' Déné pitutur-Ku marang kowé: "Wong kang padha nulak ulêm- ulêmku mau ora ana kang bakal ngrasakaké bujana-Ku."

26. Pangandikaning Gusti Yésus Mênggahing Jaman Wêkasan

Ing satunggal dintên Gusti Yésus sawêg mêdal saking Bétal Mukadas. Para sakabat sami umarêgumarêk* wontên ngarsanipun sarwi anêdahakên samukawis rêrêngganipun ing ngriku, kados ta séla éndah tuwin barang pèni-pèni, sapanunggilanipun. Pangandikanipun Gusti: "Tuturku ing kowé iku sanyatané, kabèh iku bakal rinusak kongsi ora kari bata rong larap. Ing bésuk yèn kowé andêlêng Yêrusalèm kinêpung ing bala,[329] iku mratandhani yèn wus cêdhak rusaké. Lah ing kono wong kang ana ing tanah Yudia bêcik padha ngungsia marang gunung, sabab iku mangsaning paniksa. Kalakoné samubarang kang wus tinulisan kabèh ing dina iku, bilahi wong mêtêng lan wong nusoni. Sabab ing nagara bakal katêkan sangsara gêdhé, bôngsa iki kêna ing bêbêndu, wong bakal padha mati déning landhêping pêdhang, utawa bakal kaboyong mênyang ngêndi-êndi, sarta Yêrusalèm bakal diilês-ilês déning wong kapir kongsi tumêka puputing mangsané wong kapir."

Gusti lajêng tindak dhatêng rêdi Jaitun. Ing ngriku para sakabat sawatawis sami umarêk wontên ngarsaning Gusti sarwi umatur pitakèn piyambak: "Kula nyuwun priksa mênggah ingkang dados sasmitanipun rawuh Sampéyan utawi wêkasaning jagad punika punapa?" Wangsulanipun Gusti: "Kowé diprayitna aja nganti disasaraké ing wong, sabab ing têmbé akèh wong ngaku-aku Kristus bakal anasaraké wong akèh. Kowé bakal krungu yèn ana pêpêrangan utawa pawarta ing ata-[330]sing pêrang. Jinis bakal padha lawan-linawan sarta karaton anglawan padha karaton. Lan bakal ana pagêblug utawa larang pangan. Tuwin lindhu ing saênggon-ênggon. Kowé bakal padha diniaya sarta dipatèni. Ing nalika iku akèh wong padha kasandhung lan akèh wong cidra-cinidra. Déné wong kang mantêp kongsi tumêka ing wêkasan, iku kang slamêt. Déné Injiling karaton bakal kagêlaraké ing salumahing bumi minôngka panêksimu ana ngarêpaning para jinis kabèh, tumuli têkaning wêkasan. Déné ing nalika iku yèn ana wong kang tutur marang kowé: 'Lah Kristus ana ing kéné utawa ing kono.' Kowé aja pracaya! Sabab rawuhé putraning manungsa lir upamané kilat kang mêtu saka wétan, cumalorot mangulon. Déné ing ngêndi ênggoné bêbathang, ing kono pakumpulaning gagak. Sawusé kalakon kasusahan iku, srêngéngé tumuli surêm lan rêmbulan ilang padhangé, apadéné lintang-lintang padha runtuh saka ing langit sarta pikukuhing langit pa-[331]dha amoyag-mayig. Tumuli têtêngêraning putraning manungsa katon ana ing langit. Déné para jinis ing bumi kabèh bakal padha ngadhuh-adhuh lan andêlêng putraning manungsa rawuh ana méganing akasa, angagêm pangawasa lan kamulyan gêdhé. Tumuli bakal utusan malaékaté anyangking salomprèt kang banter swarané, bakal anglumpukaké pêpilihané saka ing kéblat papat. Déné mungguhing dina utawa wayahé ora ana kang sumurup. Sanadyan malaékating Swarga iya ora sumurup. Mung Kangjêng Rama piyambak kang mirsa. Mulané kowé padha mêlèka! Sabab kowé ora sumurup wayahé rawuhing Gustimu."