Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kitab Suci, Anonim, #1962 (Bagian 2)

Katalog:Kitab Suci, Anonim, #1962
Sambung:
1.Kitab Suci, Anonim, #1962 (Bagian 1). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1548.
2.Kitab Suci, Anonim, #1962 (Bagian 2) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1547.
3.Kitab Suci, Anonim, #1962 (Bagian 3) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1546.
4.Kitab Suci, Anonim, #1962 (Bagian 4) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1545.

27. Para Têlik

Banisrail sêsampunipun dumugi ing ara-ara Paran, nabi Musa lajêng anglampahakên tiyang, andikakakên sami nêlik ing tanah Kênangan. Ingkang kautus sabên pancêr satunggal katamtokakên tiyang satunggal. Para utusan wau lajêng sami anjajah ing tanah Kênangan saking watês kidul dumugi ing watês lèr. Ing tanah Kênangan pinuju mangsanipun angundhuh anggur, tumuntên anyêmpal pang anggur ingkang wontên wohipun sadhompol agêng, lajêng dipunrêmbat tiyang kalih sarta sami ambêkta woh dalima, kurma, lan wowohan sanèsipun. Sarêng sampun antawis kawandasa dintên, para utusan wau lajêng sami wangsul dhatêng pabarisan sarta sami umatur dhatêng nabi Musa: "Anggèn kula sampéyan utus sampun sami dumugi ing tanah Kênangan, inggih saèstu panjang[118] apunjung, pasir awukir, loh jinawi. Lah punika warnining wowohanipun. Wondéné tiyangipun sami gagah-gagah lan rosa-rosa. Yèn kula katandhing kaliyan tiyang ngriku aprasasat walang. Punapadéné kithanipun agêng-agêng sarta santosa."

Banisrail sarêng mirêng aturing para têlik wau lajêng sami giris. Tiyang sapasamuan sadaya nuntên sami gumuruh anguman-uman dhatêng nabi Musa lan Arun. Wicantênipun: "Luhung kula pêjaha wontên tanah Mêsir utawi wontên ing ara-ara ngriki kémawon. Punapaa kula têka sami kabêkta déning Pangéran dhatêng tanah punika, wusana badhé sami pinêjahan ing mêngsah sarta anak bojo kula badhé tinawan. Lah punapa botên langkung saé kula wangsul dhatêng Mêsir kémawon?" Banisrail nuntên sami agêginêman: "Ayo padha ngadêgaké lurah dhéwé baé lan padha bali mênyang Mêsir!"

Ingkang punika Yusak lan Kalèb panunggilanipun têlik wau, lajêng sami angayêm-ayêmi Banisrail. Wicantênipun: "Tanah kang wus taktiliki iku dhasar luwih déning bagus, bokmanawa Pangéran sudi marang aku, amêsthi aku padha pinaringan ta-[119]nah iku, mung kowé baé aja baléla maring Pangéran lan aja wêdi marang wong Kênangan iku! Sabab pangungsèné wong iku ora ana, môngka aku jinangkung déning Pangéran." Ananging pangayêm-ayêmipun Yusak lan Kalèb dhumatêng Banisrail kapurih kumandêla ing Pangéran wau tanpa damêl, malah tiyang kathah sami alok-alok: "Wong loro iku padha ranjamên baé!"

Saksana kamulyaning Pangéran lajêng ngatingal wontên ing pasucian. Allah nuntên angandika: "Wus ping pira baé Banisrail iku gone padha nyênyampahi marang Ingsun utawa marang sakèhing têtêngêran kang wus Sun-gawé ana ngarêpané? Mulané sira bakal Sun-gawé kaya pangucapira kang wus tumama ing talinganing-Sun. Anakira kang wus sira ucapaké bakal tinawan iku kang bakal Sunlêbokaké andarbéni tanah kang wus sira tampik. Nanging sira iku bakal padha mati ana ing ara-ara iki. Déné anakira bakal anglambrang ana ing ara-ara patang puluh taun."

Makatên Banisrail inggih sami pêjah wontên ing ara-ara,[120] pundi ingkang umur kalihdasa taun sapanginggil. Nalika mêdalipun saking tanah Mêsir, kajawi Yusak lan Kalèb. Môngka Banisrail anggènipun wontên ing ara-ara ngantos kawandasa taun.

28. Balélaning Banisrail

Wondéné tiyang Banisrail taksih wontên kémawon ingkang sami baléla. Kacariyos ing ngriku wontên pangagêngipun Banisrail kathahipun kalih atus sèkêt. Sami sabiyantu anglawan dhatêng nabi Musa lan Arun. Winastan angagungakên sariranipun. Déné ingkang dados cucukipun tiyang têtiga, anama: KorahKorakh #, Datan, lan Abiram. Mênggah pangangkahipun tiyang baléla wau, sadaya kadamêla sami tumut angrèh lan angimami. Nabi Musa lajêng ngandika: "Sésuk-ésuk padha sébaa marang ngarsaning Pangéran! Padha anggawaa padupanmu! Ing kono bakal katara, sapa kang pinilih déning Pangéran." Korah tu-[121]muntên anglêmpakakên Banisrail sadaya wontên ngajêngipun pasucianing Allah. Pangéran lajêng ngandika: "Sira padha ngêdohana tarubé Korah, Datan, lan Abiram! Sabab wong iku bakal Suntumpês sakhal." Sanalika punika bumi ingkang dipunanciki tiyang têtiga wau lajêng bêngkah sarta lajêng sami dipununtal sadarbékipun sadaya. Wondéné tiyang kalih atus sèkêt wau lajêng sami pêjah sinambêr ing gêlap latu. Sampun kalampahan makatên, suprandéné botên andadosakên kêndhating manahipun Banisrail. Malah sami angumêl-umêl dhatêng nabi Musa lan Arun, winastan dados jalaraning tumpêsipun tiyang samantên wau. Sarêng makatên tumuntên wontên wêwêlaking Pangéran malih, tiyang salêksa kawan èwu pitung atus lajêng sami pêjah sanalika.

Anjawi saking punika wontên malih cariyosipun Banisrail sami anggarundêli dhatêng nabi Musa amargi sami kakirangan toya wontên ing Kadès. Pangéran lajêng angandika dhumatêng nabi Musa: "Sira ngalapa têkênira! Nuli anglumpukna wong kabèh! Sira lan Arun padha angaruh-aruhana parang ana ngarêpa-[122]né! Sawusé mêngkono parang iku amêsthi mêtu banyu." Nabi Musa lan Arun tumuntên sami anglêmpakakên sakathahing tiyang, lajêng angandika: "Héh wong wangkot, padha ngrungokna! Aku apa mêtokaké banyu saka parang iki?" Môngka nabi Musa angayatakên astanipun lajêng anjojoh parang mawi têkênipun rambah kaping kalih. Sanalika parang wau lajêng medal toya kathah. Tiyang Banisrail dalah khéwanipun kéwanipun* lajêng sami ngombé. Pangéran tumuntên ngandika dhumatêng Nabi Musa lan Arun: "Sarèhning sira wus anglirwakaké paréntahing-Sun sarta ora ngajèni marang Ingsun ana ing pasamuan, mulané gonira ngirid Banisrail iku bakal ora kongsi tumêkané ing tanah Kênangan." Wondéné sêndhang punika winastan: MaribaMeriba #, têgêsipun: toya pabên.

Sarêng sampun angsal kawandasa taun lumampah, Banisrail lajêng dumugi ing tanahipun tiyang Édom, inggih punika turunipun Ésaf, putraning nabi Iskhak. Môngka tiyang Édom wau sami botên suka yèn Banisrail langkunga medal ing tanahipun, mila Banisrail lajêng sami nyimpang. Sarêng[123] wontên ing margi lajêng sami anggarundêl malih, wicantênipun: "Ing kéné ora ana roti lan banyu, môngka aku wis padha bosên mangan man iku." Saksana Pangéran lajêng andhatêngakên wêwêlak awarni sawêr kathah saha mandi-mandi sami anyakot tiyang Banisrail, têmahan kathah ingkang sami pêjah. Sakathahing tiyang lajêng sami umarêk dhatêng nabi Musa sarwi umatur: "Kula sampun sami rumaos kalêpatan, sampéyan mugi andongakna kula maring Pangéran, sawêr punika kabirata saking ngriki." Nabi Musa lajêng andongakakên Banisrail. Pangéran tumuntên angandika dhumatêng nabi Musa: "Sira gawéa ula têmbaga, sarta sira panjêra minôngka têtêngêran! Sing sapa cinakot ing ula, yèn mawas ula têmbaga iku amêsthi banjur waluya." Nabi Musa tumuntên yasa sawêr têmbagi, déné sawarnining tiyang kang cinakot ing sawêr samôngsa mandêng sawêr têmbagi wau lajêng mulya.

29. Pandhita BalhumBileam #

Lampahipun Banisrail sêsampuning kalangkung ing tanah É-[124]dom lajêng trus mangalèr anyabrang ing lèpèn Arnon. Sarêng dumugi ing talatahipun nagari Amori lajêng manggih pangkalan malih. Kala samantên sang raja Sihon ingkang darbé nagari Amori wau amapagakên lampahipun Banisrail, botên parêng langkung angambah ing tanahipun. Ing wusana dados pêrang, nanging sang raja Sihon kawon, têmahan nagari ing Amori kadarbé ing Banisrail.

Makatên ugi sarêng dumugi ing nagari Basan, ingkang jumênêng ratu ing ngriku nama sang prabu Og, punika inggih angalang-alangi lampahipun Banisrail, kalampahan kagitik ing pêrang dhatêng Banisrail, dados lan kawonipun.

Banisrail tumuntên sami lêrêb wontên ing lêbak Moab sapinggiring bênawi Yardèn angajêngakên nagari YérékaYerikho #. Kacariyos sang prabu ing Moab anama raja Balak punika animbali juru pamêca ing Aram awasta Balhum, dhawuhipun ingkang kaêmban déning utusan: "Kowé daktimbali supaya angipat-ipatana mungsuhku Banisrail! Sabab aku rumôngsa bakal kuwalahên amapag pêrangé, yèn[125] ora kalawan sabdamu." Nanging Allah ngandika dhumatêng Balhum: "Sira aja mèlu-mèlu lan aja ngipat-ipati Banisrail, sabab wus kabêrkahan!" Mila pandhita Balhum botên purun sowan. Éwadéné raja Balak lajêng utusan punggawa malih ingkang langkung agêng pangkatipun, punika sami angipuk-ipuk dhatêng pandhita Balhum têmahan lajêng purun sowan, anyarêngi lampahing utusan wau. Sarêng wontên ing margi, malaékating Pangéran angadhangi, astanipun nyêpêng pêdhang ligan, wondéné kuldi ingkang dipuntumpaki sumêrêp dhatêng malaékat wau, mila lajêng nyimpang. Ananging Balhum botên sumêrêp dhatêng malaékat, lajêng anggêbagi kuldinipun, têmah lajêng anjêrum. Balhum sangsaya sangêt ing panggêbagipun. Pangéran lajêng ambuka cangkêming kuldi, tumuntên awicantên cara tiyang: "Dosa kula punapa? Déné kula têka sampéyan gêbagi?" Saksana Pangéran ambuka mripatipun pandhita Balhum, lajêng sumêrêp dhatêng malaékat wau. Déné pangandikanipun dhatêng Balhum: "Sira bacuta, nanging sira aja ngucap liyané kang Sunwisikaké!"[126]

Pandhita Balhum sarêng dumugi ngarsaning sang raja Balak, lajêng kabêkta déning sang prabu dhatêng punthuk, supados uninga agumêlaripun Banisrail. Pandhita Balhum tumuntên wicantên wontên ngarsaning sang prabu tuwin para pangagêng: "Kados pundi anggèn kula ngêsotakên tiyang ingkang botên dipunsotakên déning Allah? Lan kados pundi anggèn kula ngipat -ipati tiyang ingkang dipunbêrkahi déning Pangéran? Lah dhatêng kula mriki tan kénging botên mêsthi ambêrkahi." Wondéné pandhita Balhum anggènipun ambêrkahi ngantos rambah kaping pitu. Sang raja Balak tumuntên angandika dhumatêng Balhum: "Kapriyé déné kowé mêngkono? Olèhku nimbali kowé supaya angipat-ipatana marang Banisrail! Môngka kowé malah ambêrkahi, mulané olèhku arêp ngurmati marang kowé tinulak déning Pangéranmu." Sêsampuning makatên, pandhita Balhum tumuntên mantuk dhatêng griyanipun. Lah ing ngriku Banisrail sami anggitik tiyang Moab, ingkang jalêr sadaya sami pinêjahan.[127]

30. Sédanipun Nabi Musa

Kala samantên, sakathahing tiyang jalêr ingkang kairid déning nabi Musa saking Mêsir sampun sami pêjah, amung kantun Yusak lan Kalèb, Arun ugi sampun séda, punapadéné nabi Musa inggih dumugi ing janji.

Kacariyos kala Banisrail lêrêb wontên ing lêbak Moab, nabi Musa darbé panyuwun dhatêng Pangéran, aturipun: "Kawula mugi kalilana nyabrang ing Yardèn, aningali tanah ingkang Tuwan janjèkakên punika." Ananging Pangéran botên marêngi panyuwunipun. Pangandikanipun: "Sira wis aja matur manèh marang Ingsun ing bab prakara iku. Sira munggaha ing gunung Nêbo! Ana ing kono sira Suntuduhakê tanah Kênangan, kang Sunjanjèkaké marang Banisrail. Matanira bakal andêlêng, nanging sira mêsthi ora lumêbu ing kono." Nabi Musa tumuntên pamit dhumatêng Banisrail kalayan angèngêtakên ing samukawis kasaénaning Allah, punapadéné angapingkalihi paréntahing Allah sadaya. Banisrail sami katêdahakên ing ipat-ipat lan bêrkah sarta sami[128] kaparingan janji: "Pangéran Allahmu bakal angadêgaké nabi sawijining sadulurmu apindha aku, kang iku padha èstokna!" Sêsampuning makatên nabi Musa lajêng paring pangèstu dhumatêng Banisrail. Tumuntên minggah ing rêdi lajêng séda wontên ngriku. Layonipun kapêtak déning Pangéran, botên wontên tiyang ingkang sumêrêp pasaréanipun. Sarêng Banisrail sumêrêp yèn nabi Musa sampun kapundhut déning Pangéran, lajêng dipuntangisi laminipun tigangdasa dintên. Sédanipun nabi Musa wau panuju yuswa satus kalihdasa taun. Mripatipun botên lamur sarta karosanipun botên suda. Ing sapêngkêripun, ing Banisrail botên wontên nabi ingkang kados nabi Musa mênggah kapêrakipun maring Allah.

31. Nabi Yusak

Sasédanipun nabi Musa, ingkang kakarsakakên dêning Pangéran angirid Banisrail punika nabi Yusak. Pangéran anjangkung dhumatêng nabi Yusak kados déné ang-[129]gènipun anjangkung dhumatêng nabi Musa. Nabi Musa ingkang anyabrangakên Banisrail ing sagantên Suf, nabi Yusak ingkang anyabrangakên Banisrail ing bênawi Yardèn. Toyanipun piyak, ingkang nginggil kados pagêr banon, ingkang ngandhap lêstantun ilinipun saéngga asat. Ingkang makatên wau ngantos dumugi têlasipun Banisrail anggènipun nyabrang. Sarêng sampun dumugi ing bang kilèn sacêlaking nagari Yéréka, ing ngriku Banisrail sami anêtêpi dintên agêng paskhah ingkang katêmbèn wontên ing tanah Kênangan. Kala samantên amarêngi mangsanipun panèn juwawut, mila Banisrail lajêng sami tumut nêdha juwawut. Wondéné têdhanipun ingkang warni man ing wêkdal punika sampun botên kaparingan malih.

Kacariyos nagari Yéréka punika sakalangkung santosa, éwadéné Pangéran sampun aprajanji badhé pinaringakên dhumatêng nabi Yusak. Pangandikaning Pangéran: "Sira angidêrana ing nagara, sakèhing prajuritira iya padha angubêngana sadina sapisan, lawasé nêm dina. Sarta imam pêpitu padha anggawaa têngara salomprèt ana ngarêpaning pêthi[130] prajanjéan, kairingaké déning wong akèh. Déné ing dina kapituné sira angubêngana nagara rambah kaping pitu, sarta para imam padha angunèkna salomprèté. Samôngsa salomprèt muni, Banisrail kabèh padha surak-suraka kang ramé. Ing kono baluwartining nagara amêsthi jugrug!" Wondéné dhawuhing Pangéran ingkang makatên wau lajêng kalêksanan sadaya. Sarêng Banisrail asurak-surak ramé, saksana baluwartining Yéréka lajêng rêbah. Bala lajêng lumêbêt ing kitha, tiyang ing nagari sami dipunpêjahi lan griyanipun sami kabêsmi. Lah makatên Allah amitulungi nabi Yusak ngantos anêlukakên para ratu alit-alit sanèsipun, cacah tigangdasa satunggal ingkang sami angratoni ing Kênangan. Kala pêrang mêngsah tiyang Amori wontên ing jurang Ayalon, surya tuwin rêmbulan sami kandhêg lampahipun margi saking dhawuhipun nabi Yusak. Môngka Allah anumpês tiyang Amori sarana gêlap jawah woh.

Sarêng bumi ing Kênangan sampun kathah ingkang kénging dhatêng na-[131]bi Yusak, saksana nabi Yusak lajêng angêdum tanah wau dhatêng pancêring Israil, turuning Rubin saha turuning Gad lan turunipun Mênasé ingkang sapalih sampun sami kaparingan dèning nabi Musa bang wétaning Yardèn. Déné Banisrail sanès-sanèsipun sami kaparingan déning nabi Yusak tanah saantawising Yardèn lan sagantên agêng. Wondéné turuning Lèwi botên panduman tanah, ananging kaparingan kitha kawandasa wolu kapêndhêtakên saking pandumanipun Banisrail sanès-sanèsipun. Déné dalêm pasucian kaadêgakên wontên ing kitha Silo. Wondéné Banisrail kaparingan têntrêm, botên kakirangan kamirahaning Pangéran ingkang sampun kaprasêtyakakên ing wau-wau.

Nabi Yusak sarêng yuswa satus sadasa taun, sêsampunipun angrampungakên ayahaning Pangéran sadaya, tumuntên anglêmpakakên sakathahing tiyang Banisrail wontên ing Sikèm, badhé sami dipunpamiti. Sami kaèngêtakên kasaénaning Allah sadaya, sami kadhawuhan mantêpa maring Pangéran. Pangandikanipun nabi Yusak: "Padha wêdia maring Pangé-[132]ran sarta padha nêtêpana kang wus tinulis ana ing layang anggêr-anggêré nabi Musa kabèh! Aja ngabêkti maring allah liyané, padha mantêpa maring Pangéran, lamun kowé wêruh kang ngluwihi Pangéran. Kowé amiliha kang arêp kobêktèni, déné mungguhing aku sakrabatku kabèh amêsthi ngabêkti ing Pangéran Allah!" Banisrail sadaya sami saur pêksi, sampun panggih-pinanggih, kula botên purun nilar Pangéran, botên purun angabêkti allah sanèsipun. Nabi Yusak tumuntên angadêgakên séla agêng wontên sangandhaping kajêng agêng ingkang cêlak kalayan dalêm pasucian. Pangandikanipun: "Watu iki minôngka dadi saksi supaya kowé aja mukir maring Allah."

32. GidyonGidheon #

Sasédanipun nabi Yusak, Banisrail botên anêtêpi prajanjéanipun, kêrêp sami anêmbah brahala, mila lajêng kapasrahakên déning Pangéran dhatêng tanganing mêngsahipun.[133] Déné yèn sami tobat maring Pangéran inggih lajêng dipunpitulungi sarana tiyang prawira ingkang sami kapatah déning Allah, inggih punika ingkang winastan: para khakim. Ing salajêngipun sami angrèh pancêr satunggal utawi langkung.

Kala samantên tiyang Mêdayin sami angêbroki ing tanah Kênangan, angrêsahi sabin lan ambradhat raja kaya. Ingkang makatên wau ing sabên warsa laminipun ngantos pitung taun, môngka botên wontên ingkang malangi. Allah tumuntên amatah tiyang nênêman satunggal anama Gidyon kalêbêt turunipun Mênasé, dipunpangandikani déning malaékating Pangéran: "Héh wong prawira, Pangéran anjangkung ing sira." Aturipun Gidyon: "Manawi saèstu Pangéran anjangkung ing kawula, kénging punapa kawula sami kadhatêngan sakathahing karibêdan punika? Lah pundi mukjizat ingkang kacariyosakên déning para lêluhur kawula?" Saksana Pangéran angandika dhumatêng Gidyon: "Sira angluwarana Banisrail saka tangané wong Mêdayin kalawan anganggo karosanira! Ingsun kang angutus marang si-[134]ra." Aturipun Gidyon: "Sarana punapa anggèn kawula ngluwari Banisrail? Kang môngka kawula punika sami-sami turuning Mênasé kalêbêt alit piyambak, makatên ugi sami-sami sadhèrèk kawula kalêbêt ênom piyambak." Pangéran lajêng ngandika malih dhumatêng Gidyon: "Ingsun anjangkung ing sira, déné sira bakal anggitik bôngsa Mêdayin kaya amungsuh wong siji." Gidyon tumuntên kadhawuhan pangandikaning Pangéran malih, kakarsakakên angrisak brahala sêsêmbahaning bapakipun dalah panggènanipun pisan. Sarêng sampun kalampahan, sakathahing tiyang ingkang sami nêmbah brahala wau sami anggugat Gidyon, katêdha dhatêng bapakipun badhé dipunpêjahi, déné wangsulaning bapakipun: "Ya géné kowé arêp ambombong prakarané Baal? Lamun Baal iku allah amalêsa dhéwé marang wong kang ambubrah panggonané."

Botên antawis lami ing tanah Kênangan kadhatêngan mêngsah malih anglangkungi kathahipun ngantos wontên sa-[135]kêthi tigang lêksa gangsal èwu, ingkang kathah bôngsa Mêdayin wau. Ing ngriku Gidyon badhé mapag pêrang. Sadèrèngipun mangsah anyuwun pratôndha maring Allah, aturipun: "Kawula badhé anyèlèhakên wulu ménda wontên ing latar, manawi bénjing- énjing wulu ménda kaêbunan sarta kiwa têngênipun garing, kawula amêsthi sumêrêp yèn Tuwan badhé angluwari Banisrail amargi saking tangan kawula." Sarêng Gidyon tangi tilêm ing wanci énjing, wulu lajêng dipunpêrês amêdal êbun ngantos sabokor kêbak, ing sakiwa têngênipun garing kémawon. Gidyon tumuntên kamipurun gadhah panyuwun maring Allah malih, aturipun: "Wulu punika garinga sarta latar kaêbunana sadaya." Allah inggih amarêngi ing sapanyuwunipun Gidyon wau. Ing dalu punika wulu garing, déné latar sadaya kaêbunan.

Gidyon tumuntên mêpakakên bala kathahipun tigang lêksa kalih èwu. Dhawuh pangandikaning Allah: "Balamu samono iku kakèhan, mundhak Banisrail gumunggung rumôngsa angêntasi dhéwé.[136] Mulané saiki undhangana, sapa kang jêrih muliha, aja nganti nulari kancané." Têmahan ingkang sami mantuk, tiyang kalih lêksa kalih èwu. Sarêng bala kantun salêksa, Pangéran tumuntên ngandika dhumatêng Gidyon: "Bala iku isih kakèhan." Kalampahan dipunlong malih ngantos kantun tiyang tigang atus. Sénapati Gidyon tumuntên amérang-mérang tiyang tigang atus wau kadamêl tigang pôntha. Sabên tiyang kaparingan obor nyatunggal ingkang kalêbêtakên ing guci kothong lan salomprèt nyatunggal. Sarêng wanci têngah dalu lajêng sami lumampah nyilib dhatêng pabarisanipun tiyang Mêdayin, ajêngipun amara tiga lajêng sami asurak-surak, ungêlipun makatên: "Pêdhangé Pangéran lan Gidyon." Sarta sami angumbulakên oboripun sarêng lan suwaraning salomprèt lan kalêpruking guci adamêl kagèting mêngsah ingkang sawêg sakéca tilêm. Tiyang Mêdayin lajêng sami gègèr awurahan, tambuh mêngsah lan kônca. Kathah ingkang sami pêjah déning kancanipun piyambak, anggènipun lumajêng amawut-mawut. Wondéné bala ingkang saking rêdi[137] Éfraim sadaya ambêbujêng mêngsah. Tiyang Mêdayin kathah ingkang kapupu, déné kathah ing bandhangan tanpa wicalan.

Sakonduripun Gidyon saking anggènipun unggul ing prang, lajêng badhé kaangkat ratu déning Banisrail, ananging pangandikanipun: "Aja mêngkono, mung Allah piyambak kang angratoni kowé."

33. Bok Rut

Kala jamanipun para khakim, ing tanah Kênangan pinuju awis têdha. Kacariyos, wontên satunggaling tiyang BètlêkhèmBetlehem # anama Èlimèlèh Elimelekh # kaliyan sémahipun wasta Naomi tuwin anakipun jalêr kêkalih punika sami atilar balé pémahanipun, késah dhatêng tanah Moab. Wontên ing ngriku anakipun wau sami amêndhêt sémah laré èstri ing Moab kêkalih anama ArpahOrpa # lan Rut. Botên antawis lami Èlimèlèh saanakipun jalêr kêkalih wau sami pêjah. Ing ngriku Naomi lajêng mantuk dhatêng tanah kalairanipun, kaêtêrakên ing mantunipun ka-[138]lih. Sarêng wontên ing margi lajêng sami dipunkèn mantuk. Arpah inggih lajêng mantuk, nanging Bok Rut umatur: "Sampéyan sampun ambalak dhumatêng kula, sapurug-purug sampéyan, kula inggih andhèrèk. Bôngsa sampéyan inggih bôngsa kula, Allah jêngandika inggih Allah kula, pêjah gêsang kula andhèrèk sampéyan."

Sadhatêngipun Naomi ing Bètlêkhèm, têtiyang sami pandung, wicantênipun: "Iku apa Naomi?" Déné wangsulanipun: "Kowé aja padha ngarani aku Naomi, marga têgêsé Naomi iku wong ayêm. Luhung aku aranana MarahMara # baé, têgêsé wong kaprihatinan. Olèhku lunga sugih, nanging Allah angulihaké aku mlarat."

Kacariyos ing nalika punika pinuju mangsanipun panèn juwawut. Lah ing ngriku Bok Rut dhatêng sabin angangsag juwawut. Kapanujon sabin ingkang dipunangsagi punika gadhahanipun tiyang sugih anama Boas, taksih kalêbêt wangsanipun Élimèlèh ingkang sampun pêjah. Sadhatêngipun Boas ing sabin, lajêng pitakèn dhatêng tiyang ani-ani: "Iku wong wadon ngêndi?" Sarêng sumêrêp yèn punika mantuning Naomi, tumuntên wicantên kalayan têmbung manis: "Héh Rut, aku sumurup sakèhing kabê-[139]cikanamukabêcikanmu* marang maratuwamu sapatiné lakimu. Allahé Israil kang kobêktèni muga amalêsa kabêcikanmu." Boas tumuntên dhawuhi réncangipun kinèn sami angrêngkuh saé dhatêng tiyang èstri Moab punika, saha kinèn anilari angsagan ingkang kathah. Saantukipun Bok Rut saking sabin, lajêng anyariyosakên punika wau sadaya dhatêng marasêpuhipun, déné wicantênipun Naomi: "Wong iku isih kalêbu sanakku, muga-muga olèha bêrkahing Allah awit saka wêlasé marang kang urip lan kang wis mati."

Salaminipun panèn, Boas angawasakên kalakuanipun Bok Rut saèstu yèn saé, lajêng tuwuh trêsnanipun. Kacariyos ing Israil wontên anggêr manawi wontên tiyang jalêr pêjah botên atilar anak, akrabipun ingkang cêlak piyambak kawajiban angrabèni randhanipun. Bok Rut sêsampunipun winulang déning marasêpuhipun, tumuntên umarêk dhatêng Boas kados adatipun ing tanah ngriku. Sarèhning sadhèrèkipun ingkang cêlak piyambak botên sarju, mila lajêng karabi[140] déning Boas piyambak. Ing wusana Bok Rut wau dados éyangipun buyut ratu agêng, awit déné Bok Rut apatutan jalêr anama ObètObèd*, déné Obèd apêputra Isai, môngka Isai apêputra prabu DawutDawud* ratu agêng ing Banisrail.

34. Èli lan Nabi SêmuèlSamuel #

Èli punika pangulu imam ngiras khakim. Dalêmipun wontên ing nagari Silo. Inggih punika sasananing pasucianing Allah, panggènanipun tiyang sami kêkêmpalan angabêkti maring Pangéran.

Ing satunggal dintên, Èli aningali tiyang èstri satunggal andêdonga wontên palataraning pasucian. Tiyang wau anama KanahHana #. Anggènipun andêdonga anggujêg, lambénipun calumikan nanging botên kawêdal suwaranipun, awit andêdonga salêbêtipun manah kémawon. Panyananipun Èli, tiyang èstri punika mêndêm, nanging sayêktosipun botên. Panyuwunipun tiyang èstri wau mugi kaparingana anak jalêr, margi[141] anggènipun laki sampun lami, môngka dèrèng gadhah anak. Sarêng Èli sumêrêp mênggah panyuwunipun, lajêng angandika dhumatêng tiyang èstri wau: "Kowé muliha kalawan slamêt! Allahé Israil mêsthi anjurungi panyuwunmu." Kanah lajêng mantuk sarwi bingar, margi Allah sampun anarimah pandonganipun. Botên antawis lami èstu lajêng kaparingan anak jalêr kanamakakên Sêmuèl, têgêsipun ingkang kasuwun maring Allah.

Sarêng sampun sawatawis taun amarêngi dintên agêng, Sêmuèl kabêkta déning tiyang sêpuhipun aminggah dhatêng Silo, lajêng kapasrahakên déning ibunipun dhatêng Èli wau, aturipun: "Laré punika kula sumanggakakên ing Pangéran salaminipun gêsang wontên ing arsa sampéyan ngriki." Kalampahan, Sêmuèl tumut angladosi wontên ing dalêm pasucian. Wondéné tiyang sêpuhipun ing sabên taun yèn marêngi dintên agêng sami minggah dhatêng dalêm pasucian, ngiras anuwèni anakipun. Ing ngriku tamtu mirêng pawartosing anakipun ingkang saé. Botên antawis lami Sêmuèl kadhawuhan pangandikaning Allah pi-[142]yambak, kakarsakakên dados nabi.

Kacariyos, anakipun pangulu imam anama KopniHofni # lan PinkasPinehas # punika sami diksura lan durjana. Asring sami dipunèngêtakên déning bapakipun bab anggènipun damêl dosa maring Allah lan dhatêng tiyang, nanging tanpa kapêthès margi sami dipunugung.

Kacariyos ing wanci dalu Sêmuèl pinuju tilêm wontên salêbêting dalêm pasucian, lajêng katimbalan déning Allah, pangandikanipun: "Héh Sêmuèl." Laré wau lajêng tangi, panyananipun ingkang animbali punika Èli. Sarêng katimbalan kaping kalih saha kaping tiga, Èli lajêng sumêrêp yèn ingkang nimbali punika Allah, tumuntên angandika dhatêng Sêmuèl: "Yèn kowé ditimbali manèh matura mêngkéné, sumôngga Pangéran ngandikaa." Sêsampuning makatên, saèstu lajêng wontên suwaraning Allah malih animbali: "Héh Sêmuèl, Sêmuèl." Déné aturipun Sêmuèl: "Sumôngga Pangéran ngandikaa." Saksana Pangéran lajêng ngandika: "Lah Ingsun agawé têtêng-[143]êran ana ing Israil kang andadèkaké sumruwênging kupingé wong kang angrungu. Ingsun bakal aniksa Èli saanaké loro barêng sadina, sabab Èli wus sumurup yèn kalakuané anaké ala têka ora malangi." Sarêng énjingipun, Èli andangu dhumatêng Sêmuèl: "Pangéran angandika apa marang kowé? Kowé aja ngikibi marang aku!" Nabi Sêmuèl sêmu ajrih, nanging inggih amasajakakên sadaya, pangandikanipun Èli: "Iya sumôngga sakarsané Pangéran."

Botên antawis lami punapa sadhawuhing Pangéran wau tumuntên kalampahan. Tiyang PilistimFilisti # tumuntên anglurugi prang, angasorakên Banisrail. Déné têtindhihing tiyang Israil lajêng sami amêdalakên pêthi prajanjéan dhatêng pabarisan, kadamêl anggugah kapurunaning bala, karêmbat déning putranipun Èli kêkalih wau. Wondéné Èli sadangunipun pêpêrangan, pinarak wontên ing sakèthèng, angajêng-ngajêng pawartos. Kala samantên Èli sampun sêpuh sangêt, yuswanipun sampun sangangdasa wolu taun. Tumuntên wontên utusan dhatêng, panganggénipu-[144]n rowak-rawèk. Èli andangu: "Ing pabarisan kapriyé wartané?" Aturipun utusan: "Banisrail kaplajêng, malah putra sampéyan kêkalih sami pêjah, déné pêthining Allah kabandhang." Sarêng Èli mirêng pawartos punika saksana lajêng kagêblag saking palênggahanipun, githokipun ngantos rêmuk, séda ing ênggèn.

Kocapa pêthining prajanjéan wau lajêng kabêkta déning tiyang Pilistim dhatêng ing Asdod, kalêbêtakên dhatêng panggènaning brahalanipun. Sarêng énjing brahalanipun gumuling ing siti pating sarêmpal. Pêthi wau tumuntên kaêlih dhatêng Ékron. Déné tiyang Ékron inggih lajêng kénging wawêlak, nanging tiyang Pilistim taksih anguwasani Banisrail ngantos kalihdasa taun, têmah Banisrail kathah karibêdanipun.

Sasédaning Èli, nabi Sêmuèl lajêng jumênêng khakim wontên ing tanah Israil. Tumuntên anglêmpakakên sakathahing bala wontên ing MispahMizpa #, pangandikanipun: "Lamun kowé tobat maring Pangéran kang trus ing atimu, amêsthi Pangéran a-[145]ngluwari kowé saka tangané wong Pilistim." Saksana Banisrail lajêng sami tobat maring Allah sarta ambucali brahalanipun. Tumuntên sagêd unggul pêrangipun, angawonakên tiyang Pilistim. Sakathahing kitha ingkang sampun karayut déning tiyang Pilistim, lajêng sami kénging karêbat malih. Sarêng sampun kalampahan makatên, nabi Sêmuèl angadêgakên séla wontên ing tapêl watêsipun tanah Pilistim. Séla wau minôngka têtêngêran, kasêrat: Èbèn ÈsêrÈbèn Èsêr = Eben-Haezer, têgêsipun: Pangéran wus amitulungi kongsi tumêka ing kéné. Nabi Sêmuèl anggènipun ngasta pranatan saèstu adil, saha kautamènipun angungkuli para khakim ing Israil sadaya.

35. Nabi Sêmuèl lan Raja Saul

Sarêng nabi Sêmuèl sampun angangkat sêpuh, putranipun inggih sami tumut kabêbahan angrèh Banisrail, nanging sami botên niru kalakuanipun ingkang rama, sami kumêt lan méli- [146]kan, karêm ing rêruba.

Satunggaling dintên para pinisêpuhing Banisrail sadaya sami ngalêmpak sowan dhatêng nabi Sêmuèl wontên ing kitha Ramah. Kadarbé panyuwun, sampun ngantos kaêrèh déning para khakim malih, mugi kaêrèha ing ratu kados déné bôngsa sanès-sanèsipun, ananging nabi Sêmuèl botên sarju. Éwadéné Allah angandika dhumatêng nabi Sêmuèl: "Sira amiturutana mungguh panyuwuné Banisrail, sabab ora nampik sira, balik Ingsun kang tinampik, ora gêlêm Sunratoni pribadi."

Kacariyos ing nalika punika wontên satunggaling tiyang kalêbêt turunipun Bun Yamin anama: KisKisy # punika kécalan kuldi sawatawis. Tumuntên kèngkènan satunggal anakipun awasta Saul tuwin réncangipun kinèn anglacak kuldi wau. Lajêng dumugi sacêlaking nagari Ramah, lah ing ngriku réncangipun lajêng angrêmbagi dhatêng Saul kapurih pitakèn dhatêng tiyang sidik mênggah kuldi wau wontên ing pundi. Saksana lajêng pitakèn dha-[147]têng nabi Sêmuèl. Wondéné nabi Sêmuèl dhasar sampun kawangsit déning Pangéran kadhawahan anjêbadi tiyang ingkang pitakèn kuldi punika dadosa ratunipun Banisrail. Sarêng sampun kapanggih, nabi Sêmuèl tumuntên ngandika dhumatêng Saul: "Kowé lumêbua ing gêdhong bêbarêngan mangan lan aku! Déné mungguh kuldimu wis aja kopikir, sabab wus katêmu. Balik kowé bakal anduwèni samubarang kang kasênêngan ing tanah Israil kabèh." Saul botên mangrêtos pangandika punika. Sarêng énjingipun, nabi Sêmuèl angatêrakên Saul. Wontên ing margi piyambakan nabi Sêmuèl angrogoh cupu isi lisah wangi, lajêng dipunsokakên ing sirahipun Saul sarta dipunaras, pangandikanipun: "Lah kowé iku kajêbadan déning Pangéran angratoni Banisrail!" Sêsampuning makatên, Saul tumuntên mantuk. Wontên ing margi kapanjingan rohing Pangéran. Éwa samantên Saul botên wêwartos dhatêng satunggaling tiyang ngantos dumugi ing dintên anggènipun kakêpyakakên déning nabi Sêmuèl.[148]

Botên antawis lami nabi Sêmuèl anglêmpakakên Banisrail wontên ing Mispah, sami dipuntêdahakên ratunipun tuhu bagus lan inggil dêdêgipun, anama sang raja Saul. Banisrail tumuntên asurak-surak. Botên antawis lami sang raja Saul anyénapatèni pêrangipun Banisrail mêngsah lan tiyang AmoniAmon #. Wusana unggul ing yuda, kitha YabèsYabesy # ing tanah Gilhad kénging karêbat. Anglangkungi prawiranipun ngantos pinuji-puji déning Banisrail sadaya. Sêsampuning makatên raja Saul kadhawuhan pangandikaning Pangéran, kakarsakakên anumpês tiyang Amalèk sarajakayanipun. Prabu Saul lajêng mangsah pêrang katêmahan unggul yudanipun, ananging lajêng anglirwakakên dhawuhing Pangéran, angéman tiyang punapa malih raja kaya ingkang saé-saé kaawadakên badhé kadamêl kurban. Ing ngriku nabi Sêmuèl amambêngi, wicantênipun: "Punapa pangraos sampéyan? Allah punika sênêngipun dhatêng kurban anglangkungi pamanut, punika botên makatên, wangsul pamanut ingkang ngungkuli kurban. Déné tiyang ambangkang punika dosanipu- [149]n sami lan nêmbah brahala utawi nênung. Sarèhning sampéyan sampun anyênyampahi dhatêng pangandikaning Pangéran, mila Pangéran ugi nyampahi mênggah anggèn sampéyan dados ratu." Wiwit ing nalika punika raja Saul sangsaya amurang sarak, têmah rohing Pangéran angoncati sariranipun.

36. Dawud Jinêbadan

Ing satunggal dintên nabi Sêmuèl tampi dhawuhing Pangéran, kakarsakakên késah dhatêng griyanipun Isai ing kitha Bètlêkhèm. Awit putranipun Isai wontên ingkang kapilih déning Pangéran badhé kadadosakên ratu. Sarêng sampun dumugi ing Bètlêkhèm, nabi Sêmuèl lajêng angajak sidhêkahan Isai saputranipun. Salêbêtipun sidhêkahan punika nabi Sêmuèl angajêng- ajêng pitêdahing Allah mênggah putraning Isai wau ingkang pundi ingkang kakarsakakên badhé dipunjêbadi. Isai tumuntên sowan lan putranipun pêpitu. Wondéné putra pê-[150]pitu wau wontên ingkang kinintên déning nabi Sêmuèl. Nanging sayêktosipun botên wontên ingkang pinilih déning Pangéran. Pangandikaning Allah: "Sira aja mawang cara manungsa! Sabab panduluning wong iku mung marang kang katon baé, balik Ingsun angudanéni ing batiné." Nabi Sêmuèl tumuntên andangu dhatêng Isai: "Punapa namung punika putra sampéyan?" Wangsulanipun: "Taksih wontên malih satunggal ingkang wuragil anama Dawud sawêg angèn ménda." Dawud lajêng dipuntimbali tumuntên sowan. Sariranipun bambang awak, alindri nétranipun, lan pidêksa dêdêgipun. Lajêng wontên dhawuhing Pangéran dhumatêng nabi Sêmuèl: "Lah iku kang Sunpilih, nuli sira jêbadana!" Nabi Sêmuèl lajêng anjêbadi Dawud. Wiwit ing dintên punika Dawud katurunan rohing Pangéran lêstantun ing salaminipun. Wondéné raja Saul sarêng sampun kaoncatan rohing Pangéran, manahipun lajêng uru-ara. Tumuntên angupados tiyang ingkang wasis angungêlakên calêmpung kadamêl anglêlipur galihipun. Ing ngriku amirêng pawartos bilih putranipun Isa-[151]i ingkang nama Dawud wasis anyalêmpung saha bagus lan wicaksana tur prawira. Dawud lajêng katimbalan. Wusana kaabdèkakên déning sang prabu, déné yèn galihipun sang prabu anglêrêsi angot uru-aranipun. Dawud lajêng kadhawuhan nyalêmpung ing sabên-sabên andadosakên lipur.

Botên antawis lami tiyang Pilistim anglurugi malih dhatêng Banisrail, lajêng kêkuwu wontên sapucaking rêdi kapapagakên déning Banisrail, ugi masanggrahan sanginggiling rêdi sami ajêng-ajêngan. Tumuntên wontên satunggaling agul-agulipun prajurit Pilistim anama Goliat mêdali ing paprangan. Agêng inggilipun anglangkungi, anganggé topèng têmbagi tuwin kêré pindha sisik, punapadéné garêsipun tinapêl ing têmbagi, amanggul towok, landhéyanipun têmbagi, sarwi anguwuh minta tandhing, wuwusipun makatên: "Hé Banisrail, miliha wong sawiji kang mapagaké pêrangku. Mêngko sapa kang unggul jurité amêsthi ngawulakaké mungsuhé kabèh." Sêsumbar ingkang makatên wau andadosakên tintriming galihipun sang raja Saul [152] sawadya bala Israil sadaya.

Kacariyos, kala samantên para sadhèrèkipun Dawud sami tumut wontên ing pabarisan. Nanging Dawud sampun mantuk dhatêng Bètlêkhèm, anglêstantunakên padamêlanipun lami angèn ménda. Tumuntên kautus ingkang rama anuwèni para sadhèrèkipun. Sarêng Dawud dumugi ing pabarisan, anglêrêsi wêdalipun agul-agul prajurit Pilistim wau taksih asêsumbar. Sarêng Dawud mirêng lajêng pitakèn dhatêng tiyang Israil: "Wong Pilistim iku sapa? Déné têka wani anyênyampahi pabarisaning Allah kang gêsang lan manèh yèn ana wong kang saguh anyirnakaké iku ginantungan ganjaran apa déning sang prabu?" Wangsulanipun ingkang tinakènan: "Sang prabu dhasar sampun sayêmbara, sintên ingkang anyirnakakên prajurit punika amêsthi dipuntarimani putranipun sang prabu lan kadamêl sugih pisan." Dawud botên anggalih kabêgjan ingkang samantên wau, amung ingkang andadosakên prihatinipun, déné Banisrail botên wontên tiyang ingkang kumandêl ing Allah purun mêdali pêrang a-[153]mapagakên prajurit Pilistim punika. Dawud tumuntên kaaturakên dhatêng sang prabu yèn sêmunipun sagah anyirnakakên Goliat. Pangandikanipun sang prabu: "Kowé isih bocah, môngka Goliat iku prajurit cilik mula." Aturipun Dawud: "Nalika kawula angèn ménda sampun naté mêjahi singa tuwin bruwang, Allah ingkang ngluwari kawula saking singa lan bruwang, amêsthi ugi angluwari kawula saking tiyang Pilistim punika." Prabu Saul tumuntên amanganggèni Dawud agêmanipun piyambak, tuwin dipunanggèni topèng miwah kêré. Nanging Dawud angrucati prabot punika, awit rumaosipun malah angribêdi. Sanadyan pêdhang ugi botên ambêkta, panganggénipun kados laré angèn kémawon. Lajêng dhatêng lèpèn angupados séla gangsal ingkang kalimis, kalêbêtakên ing krêganipun. Sarwi anyangking têkên lan bandhil amarêpêki Goliat wau.

Sarêng Goliat sumêrêp bilih Dawud amapag pêrang lajêng wicantên: "Héh bocah angon, aku iki apa kopadhakaké asu? Déné olèhmu mapagaké yudaku mung[154] anggawa têkên baé, majua mréné! Dakpakakaké ing gagak." Wangsulanipun Dawud: "Olèhmu mêtoni pêrang anggawa pêdhang, tumbak, lan tamèng, balik olèhku mêthukaké kowé kalawan asmaning Pangéran, Allahé Banisrail kang kocampahi. Ing dina iki kowé wus kaulungaké déning Pangéran marang tanganku, supaya wong ing bumi kabèh padha sumurupa yèn Banisrail iku anduwèni Allah kang tanpa timbang." Goliat lajêng mangsah sarwi ambapang. Dawud énggal ambandhilakên séla, kénging bathukipun Goliat, lajêng dhawah krungkêb. Dawud nuntên anututi angrêbat pêdhangipun, katigasakên ing jangganipun. Sarêng makatên, sakathahing tiyang Pilistim lajêng sami giris têmah lumajêng, kabujêng déning Banisrail ngantos dumugi ing kithanipun, kitha Gad tuwin Ékron. Nalika punika putranipun sang prabu Saul ingkang nama Yonatan sakalangkung trêsnanipun dhatêng Dawud apindha sariranipun piyambak. Mila lajêng kaparingan agêmipun rasukan tuwin paningsêt, saha pêdhang lan gandhéwa. Sang prabu Saul botên anglilani yèn Dawud mantuka, tumuntên kaang-[155]kat dados lurahing prajuritipun. Botên antawis lami lajêng kapundhut mantu, kaangsalakên putranipun ingkang nama Mikhal.

37. Dawud Kinuya-Kuya

Sarèhning Dawud sampun unggul yudanipun kalayan Goliat, mila lajêng pinuji-puji ing tiyang kathah. Kacariyos mantukipun Banisrail saking ambujêng tiyang Pilistim kapêthukakên ing tiyang kathah saha sami asurak-surak. Punapadéné tiyang èstri sami angrêrêpi sauran, ungêlipun makatên: "Saul wus anggitik éwon, nanging Dawud malah anggitik lêksan." Ingkang makatên wau sarêng kapirêng déning sang prabu lajêng runtik galihipun, pangandikanipun: "Yèn mêngkono Dawud iku bakal dadi ratu." Wiwit ing dintên punika raja Saul tansah murina dhatêng Dawud têmahan angangkah pêjahipun.

Kacariyos ing satunggal dintên Dawud sawêg anyalêmpung wontên ngarsanipun sang prabu. Prabu Saul lajêng angot malih uru-aranipun.[156] Dawud katlorong ing waos nanging angéndhani, tumuntên lumajêng mantuk dhatêng dalêmipun. Sang prabu tumuntên utusan anyidra Dawud dhatêng dalêmipun, nanging Dawud kasukanan margi déning kang garwa medal ing jandhéla, tumuntên lolos angungsi dhatêng nabi Sêmuèl ing Ramah. Sarêng Dawud sumêrêbsumêrêp* bilih tinututan déning sang prabu, lajêng wangsul dhatêng tanah Gibya, karsanipun badhé pirêmbagan kaliyan Yonatan. Wondéné Yonatan amurih lilih ing dukanipun ingkang rama, nanging sampun botên kénging. Malah dhawuhing sang prabu: "Dawud iku amêsthi pinatènan!" Sarêng makatên, Yonatan lajêng angrêmbagi dhatêng Dawud kapurih angungsia kémawon.

Dawud lajêng mangkat késah. Sarêng lampahipun dumugi ing nagari Nob pinanggih kaliyan pangulu imam ing ngriku anama AkimèlèhAkhimelekh #. Lajêng kaparingan sangu roti lan pêdhangipun Goliat ingkang sinimpên wontên ing ngriku. Ingkang makatên wau sarêng kapirêng déning sang prabu Saul lajêng dhawuh amêjahi Akimèlèh kaliyan golonganipun para imam kathahipun wolungdasa sakawan. Kajawi saking punika tiyang[157] sakitha Nob wau ugi sami kapêjahan. Déné ingkang sagêd angrêbat nyawanipun namung satunggal putranipun Akimèlèh anama Abyatar, punika lajêng angungsi dhatêng Dawud. Wondéné Dawud lajêng asingidan dhatêng parêdèn Yahuda. Wontên ing ngriku angsal bala kathahipun nêmatus. Kathah ingkang sami gagah prakosa lan wontên ugi tiyang sêpuh utawi tiyang èstri saha laré-laré kalêbêt kulawangsanipun Dawud sami tumut ngungsi awit ajrih dhatêng sang raja Saul.

Sadangunipun Dawud lolos, Yonatan taksih lêstantun anggènipun amêmitran. Makatên ugi Dawud inggih taksih tulus sêtya tuhunipun dhatêng sang prabu Saul, botên mawi asôngga runggi, botên supé yèn Saul punika ratunipun saha marasêpuhipun lan sudarmaning mitranipun.

Sêsampuning sang raja Saul amêjahi para imam wau, botên antawis lami tumuntên miyos angirid bala pêpilihan tigang èwu badhé anyêpêng Dawud wontên ing parêdèn Yahuda wau. Prabu Saul nuntên lumêbêt dhatêng satunggaling guwa badhé aso wontên ing ngriku,[158] môngka Dawud sabalanipun inggih umpêtan wontên ing guwa punika. Balanipun sami umatur dhatêng Dawud: "Lah ing mangké Pangéran angulungakên mêngsah dhatêng asta sampéyan." Wangsulanipun Dawud: "Aku ora gêlêm matèni marang Gustiku jêjêbadaning Allah." Dawud tumuntên umangsah alon dhatêng panggènanipun saré sang prabu, lajêng angiris poncoting jubahipun. Sarêng raja Saul mêdal, Dawud anguwuh-uwuh: "Dhuh gusti kula sang prabu, lah Pangéran sampun angulungakên sarira dalêm dhumatêng tangan kawula, nanging kawula botên kolu dhatêng panjênêngan dalêm. Dhuh rama, mugi panjênêngan dalêm priksani poncoting jubah dalêm wontên ing tangan kawula." Raja Saul tumuntên amuwun sarwi ngandika dhumatêng Dawud: "Héh anakku, saiki aku wus sumurup mungguh sêtya tuhumu marang aku, dhasar aku dhéwé kang luput." Raja Saul kalingsêman lajêng kondur.

Botên antawis lami tumuntên miyosi malih, kacariyos ing wanci dalu Dawud lumêbêt ing pabarisanipun sang prabu, lajêng mêndhêt agêm waos agêmipun sang prabu sarta la-[159] ntingan pangunjukanipun ingkang sami wontên ing ulon-ulonipun. Sarêng sampun lajêng wangsul dhatêng ing panggènanipun. Dawud lajêng anguwuh-uwuh: "Héh Abnèr, Abnèr, sénapatiné sang prabu Saul." Abnèr lajêng anglilir sarta pitakèn: "Kowé iku sapa? Déné ambaribini sang prabu." Panguwuhipun Dawud: "Kowé iku lêlanangé Banisrail, sabab apa kowé ora bisa ngrêksa ratumu? Ana wong lumêbu arêp ambilahèni gustimu sang prabu, lah iki waosé lan lantingané dakjupuk saka ulon-uloné." Raja Saul tumuntên andangu: "Héh Dawud anakku, iku apa dudu swaramu?" Wangsulanipun Dawud: "Inggih gusti, kula sang prabu, punika swara kawula, punapaa panjênêngan dalêm anguya-uya dhumatêng kawula? Kalêpatan kawula punapa? Déné ratu ing Israil têka miyosi ambêkta bala samantên. Ambêbujêng ayam wana ing rêdi." Pangandikanipun raja Saul: "Héh Dawud anakku, aku kang luput, kowé muliha! Aku ora ngalani kowé manèh." Nanging Dawud botên pitados dhatêng pangandikanipun sang prabu wau, lajêng anêdha tiyang sa-[160]tunggal, kapurih murugi waos lan lantingan wau. Dawud lajêng késah sabalanipun dhatêng tanah Pilistim. Kaparingan panggènan déning sang raja AkisAkhis #. Wontên ing kitha SiklagZiklag #. Sarêng sang prabu mirêng bilih Dawud angungsi dhatêng ratu ing Pilistim, lajêng botên karsa ambujêng malih.

38. Sédanipun Raja Saul

Dawud sarêng sampun antawis satêngah taun anggènipun wontên ing tanah Pilistim, para raja ing tanah Pilistim lajêng sami sabiyantu anglurug pêrang dhatêng tanah Israil. Nalika samantên, Dawud pakèwêd sangêt saha manggih kasusahan agêng. Makatên ugi sang prabu Saul dupi mirêng bilih badhé linurungan, sakalangkung kapita tuwin girisipun. Rumaos badhé botên kaconggah ananggulang mêngsah, badhé nêdha pitêdah dhatêng nabi Sêmuèl. Nabi Sêmuèl sampun séda, punapadéné anêgês karsaning Allah. Pangéran sampun botên karsa mangsu-[161] li, kang môngka mêngsah sangsaya angangsêg. Wusana têmpuhing prang wontên ing rêdi GilbuahGilboa #. Ing ngriku Banisrail kaplajêng, kathah kang sami pêjah. Yonatan tuwin sadhèrèkipun kêkalih ugi pêjah. Botên antawis dangu prabu Saul kinêpang ing mêngsah, saking sangêting bingungipun lajêng dhawuh dhumatêng abdi kaparak andikakakên nglarihi panjênênganipun. Nanging kaparak wau sangêt lênggana, wusana sang prabu Saul asuduk jiwa.

Sarêng antawis tigang dintên, wontên satunggaling tiyang dhatêng ing nagari Siklag. Angaturi uninga dhatêng Dawud mênggah kasoring yudanipun Banisrail, saha sédanipun raja Saul saputranipun têtiga. Dawud sakalangkung giyuh, akathah-kathah pangadhuhipun: "Dhuh Saul lan Yonatan sadulurku, iba-iba rêsêp lan trêsnamu marang aku, kongsi angluwihi trêsnamu mawangmarang* wanita."

Dawud sabalanipun tumuntên kondur dhatêng tanah kalairanipun, manggèn wontên ing kitha Khébron, rinatu déning para têdhakipun Yahuda. Wondéné Abnèr anjumênêngakên Isbosèt Isyboset # putranipun raja Saul, angratoni Banisrail. Dado-[162]s Banisrail ratunipun kêkalih, ananging sarêng sampun antawis nêm taun, Isbosèt sinédanan déning abdinipun piyambak. Prabu Dawud tumuntên kapilih angratoni Banisrail sadaya. Sarêng sampun jumênêng ratu ing Israil, lajêng pêrang mêngsah tiyang Yêbusi angrêbat nagari Yêrusalèm dalah kithanipun ingkang nama Sion. Sarêng sampun unggul yudanipun, kitha wau lajêng dipun-yasani karaton, winastan kithaning Dawud.

Sang prabu Dawud lajêng ambangun dalêm pasucian kapindhah wontên ing Siyon wau, dalah pêthining prajanjéan, anglangkungi raménipun. Punapadéné tumindakipun saréngat Musa inggih kakêncêngakên malih. Ing salajêngipun prabu Dawud taksih kêrêp pêrang agêng, angêlar jajahaning karatonipun. Wiwit saking sagantên agêng ngantos dumugi ing bênawi Frat lan wiwit saking DamésékDamsyik # ngantos dumugi ing Mêsir. Sanadyan kêrêpa anggènipun pêrang, éwadéné harjaning wadya ing bawahipun angungkuli jamanipun para khakim. Wondéné pamêngkunipun dhatêng wadya anglangkungi adil aparamarta.[163]

Sarêng sampun radi têntrêm, sang prabu lajêng ngandika dhatêng nabi Natan: "Lah kula sampun ngênggèni kadhaton kang éndah, kang môngka pêthining Pangéran punika taksih manggèn wontên salêbêting gubah kémawon." Nabi Natan lajêng matur dhatêng sang prabu: "Prakawis punika sarèhning sampéyan sampun kaidèn déning Pangéran, botên langkung kula nyumanggakakên." Kacariyos ing wanci dalu Pangéran adhawuh dhumatêng nabi Natan, pangandikanipun: "Sira dhawuhna marang Dawud! Pangandikaning-Sun mangkéné: 'Sira aja ngyasakaké padalêmaning-Sun! Sabab sira iku wus asring pêpêrangan lan amutahaké gêtih, malah kongsi sapréné durung têntrêm babar pisan. Éwadéné bésuk yèn sira wus tumêka ing janji, anakira lanang kang bakal angyasakaké padalêmaning asmaning-Sun, déné dhamparing karatoné bakal Sunkukuhaké lêstari ing salawasé. Ingsun iki minôngka bapakné lan dhèwèké minôngka putraning-Sun. Apadéné turunira lêstari lan karatonira langgêng.'" Sêsampuning prabu Dawud kaparingan prasêtyaning Allah ingkang kaêmban déning nabi Natan wau, prabu Dawud la- [164]jêng sowan ing arsaning Pangéran, sarwi umatur: "Dhuh Gusti Pangéran, sintên kawula? Déné angsal sih Tuwan ingkang samantên agêngipun, lêstantun dumugi sapriki. Éwa samantên taksih Tuwan wastani kirang, malah Tuwan mangandikakakên mênggah turunipun abdi Tuwan bab prakawis ing têmbé. Dhuh Gusti Allah, mugi Tuwan anêtêpana pangandika Tuwan wau sadaya, saha asma Tuwan mugi kaluhurna ing salami-laminipun."

39. Prabu Dawud Manggih Lêpat, lajêng Nalôngsa

Botên antawis lami wontên pêrang malih, mêngsah lan bôngsa Amon. Nanging sang prabu Dawud botên miyosi ing payudan. Namung pitados dhumatêng sénapati anama Yoab.

Kocapa sang prabu Dawud ing satunggal dintên ninis wontên payoning dalêm. Ing ngriku mirsa satunggaling wanita éndah ing warni anama BatsébahBatsyeba # sémahipun OriaUria #, pinuju adus. Déné Oria andhèrèk wontên ing payudan. Prabu Dawud sa-[165]kalangkung kasmaran dhatêng Batsébah wau, wusana lajêng paring sêrat dhatêng sénapati Yoab kinèn angloropakên Oria wontên salêbêting paprangan. Kalampahan Oria anêmahi pêjah. Sarêng sang prabu sampun mirêng pawartos, Batsébah lajêng kapundhut garwa pisan. Prakawis punika sakalangkung andadosakên dukaning Pangéran. Nabi Natan tumuntên kautus déning Pangéran. Aturipun dhatêng sang prabu: "Wontên tiyang kêkalih sami manggèn wontên nagari satunggal, ingkang satunggal sugih, satunggalipun botên gadhah. Ingkang sugih kathah rajakayanipun, déné ingkang botên gadhah namung darbé cêmpé satunggal tumut nêdha pulukipun lan ngombé ing cangkiripun, punapa malih tilêm ing pangkonipun. Kocapa tiyang sugih wau katamuan, ménda lan lêmbunipun owêl yèn kapragata. Dipunlampu amêndhêt cêmpénipun tiyang ingkang botên gadhah wau kadamêl nyêgah tamunipun." Panyananipun sang prabu mênggah dhatêngipun nabi Natan punika anyuwun adil, sang prabu sangêt duka, pangandikanipun: "Dêmi Allah, pun sugih punika amêsthi dipunpêjahi." Nabi Natan tumuntên umatur dhatêng sang[166] prabu: "Inggih sampéyan punika tiyangipun." Pangandikaning Allahipun Israil makatên: "Sira wus Ingsun jêbadi dadi ratu lan sira wus Sunluwari saka tangané Saul. Ya géné sira anglirwakaké pangandikaning-Sun? Agawé piala mêngkono iku? Déné sira wus amatèni Oria asrana pêdhangé wong Amon, lan bojoné sira alap. Mulané Ingsun bakal anêkakaké bilahi marang sira jalaran saka batihira dhéwé." Prabu Dawud lajêng rumaos ing kalêpatanipun sarta ngakêni dosanipun dhatêng Pangéran. Aturipun: "Dhuh Allah, mugi amêlasana kawula, mugi anglêbura dosa kawula, déné kawula ngakêni kalêpatan kawula, dosa kawula tansah katingal. Dhuh Allah, Tuwan anitahna manah rêsik ing lêbêt kawula sarta maringana roh énggal ingkang têtêp dhumatêng kawula." Nabi Natan lajêng sumambung: "Pangéran inggih ngapuntên dhumatêng sampéyan. Sampéyan badhé botên séda, nanging sarèhning sampéyan sampun asuka margi dhatêng mêngsahing Pangéran badhé angawon-awon. Amila putra sampéyan ingkang sawêg lair patuta-[167]n saking Batsébah punika badhé pêjah." Nabi Natan lajêng mundur. Sapêngkêripun nabi Natan, bêbayi lajêng sakit sangêt. Dawud tansah analôngsa sarwi muwun, anyênyuwun wilujêngipun bêbayi wau, ananging Pangéran botên amarêngi. Sarêng bêbayi sampun pêjah, Dawud lajêng mupus. Saksana suryan sarta gêgônda, tumuntên lumêbêt ing padalêmaning Allah saha andêdonga lan amêmuji sokur: "Héh nyawaku, angluhurna Pangéran, héh atiku angluhurna asmané kang suci, héh nyawaku angluhurna Pangéran lan aja lali kabêcikané kang marang kowé, angapura dosamu kabèh sarta amarasaké mêmalamu kabèh, angluwari uripmu saka ing karusakan sarta maringi sih piwêlas marang kowé. Wong urip iku kaya sukêt, mêkar kaya kêmbang, katiyup ing angin banjur ora ana, lan wong ora sumurup panggonané, nanging sih piwêlasing Pangéran tan pêgat ing salawasé marang wong kang wêdi asmané. Apadéné adilé marang turuning wong kang anêtêpi prajanjéané sarta kang angèstokaké paréntahé."

Sang prabu lajêng anglêlipur dhumatêng Batsébah. Kacariyos,[168] Batsébah apatutan malih kakung kanamakakên Suléman, inggih punika ingkang jinulukan: YadidyahYedija #, têgêsipun: kêkasihing Pangéran.

40.Prabu Dawud kaliyan Absalom

Kasusahaning sang prabu Dawud sangsaya kathah. Botên antawis lami putranipun ingkang nama Amnon angrêmêni sadhèrèkipun sanès ibu anama Tamar. Sarêng kapirêng Absalom ingkang raka, lajêng ngupados margi badhé amêjahi Amnon. Sarêng sampun kalampahan, Absalom lajêng lolos ngantos gangsal taun sawêg klilan sowan ingkang rama. Sêsampuning angsal pangapuntên lajêng gadhah tékattékad* awon, sumêdya ngraman dhumatêng ingkang rama. Kacariyos, ing Israil botên wontên tiyang ingkang nyamèni Absalom bagusipun. Sakalangkung dados pangalêman. Wiwit saking talapak dumugi ing ngêmbun pisan botên wontên cacadipun.[169]

Kocapa Absalom asring nitih karéta kajajaran déning tiyang sèkêt. Sabên wungu ing wanci énjing lajêng jumênêng wontên sapinggiring margi ingkang anjog dhatêng sakèthènging nagari. Wondéné sakathahing tiyang ingkang sami gadhah prakawis badhé sowan dhatêng sang prabu anyuwun adil. Punika sami tinimbalan déning Absalom, sarta dinangu: "Kowé iku wong ngêndi? Prakaramu apa?" Sarêng tiyang punika sampun matur, Absalom lajêng amangandikani: "Prakaramu iku pancèn bênêr, nanging ora ana kang bakal nganggêp aturmu iku ana pangadilané sang prabu, yèn ta akua kang nyêkêl pangadilan, amêsthi sapa kang bênêr dakmênangaké." Wondéné manawi wontên tiyang amrêpêki badhé sumungkêm, Absalom énggal anampèl saha anyandhak tumuntên ingaras. Lah makatên punika Absalom anggènipun mêndhêt manahipun Banisrail sadaya.

Botên antawis lami, Absalom késah dhatêng nagari Khébron ambêkta bala kalih atus. Sadumuginipun ing Khébron, lajêng anyêbar utusan kinèn amangsiti Bani-[170]srail sadaya. Ing samôngsa mirêng suwaraning salomprèt awurahan, lajêng sami alok-aloka makatên: "Absalom wus dadi ratu." Botên antawis lami Absalom kalampahan baléla saha kathah tiyang ingkang sami ambaluhi. Sarêng sang prabu kaaturan pirsa mênggah pangramanipun Absalom, lajêng kasok galihipun. Pangandikanipun: "Ayo padha lumayu! Sabab aku kasompokên ana ing kéné, ora ana pangungsènku."

Sang prabu tumuntên anilar kitha ing Yêrusalèm, nyabrang ing lèpèn Kidron, nuntên minggah ing rêdi Jaitun Zaitun # tanpa tarumpah sarwi muwun. Déné ingkang sami andhèrèk, sadaya béla nangis. Saèstu kala samantên sang prabu anglangkungi sangsaranipun. Malah sarêng dumugi ing margi wontên satunggaling kulawangsanipun Saul anama SimiSimei # . Punika ambalangi séla lan anguman-uman dhatêng sang prabu. Ing ngriku wontên abdi satunggal anama Abisai, kêdah amêjahi dhumatêng Simi wau, nanging kacêgah déning sang prabu, pangandikanipun: "Karêbèn ta, wus mêngkono karsaning Pangéran." Sang prabu lajêng malêbêt ing kitha Mahanaim.[171]

Kocapa Absalom ambêdhah ing kitha Yêrusalèm, lajêng angêbroki kadhaton. Botên antawis dangu amêpak bala, lajêng ambujêng ingkang rama, kapêthukakên déning balanipun sang prabu. Wondéné sabidhalipun, dipunwêling déning sang prabu: "Botên parêng yèn Absalom kasiya-siyaa!" Sarêng têmpuhing prang wontên ing wana Éfraim, bala kraman sami kasoran, têmahan Absalom lumajêng sarwi anitih kuldi. Dumadakan sirahipun kacêpit ing kêkajêngan, saha rikmanipun anggubêd ing pang, kuldi taksih lajêng pambandhangipun. Wusana Absalom kantun gumantung wontên ing pang wau. Tumuntên wontên satunggaling prajurit aningali dhatêng Absalom manggih sangsara wau, lajêng ngaturi uninga dhatêng sénapati Yoab. Pangandikanipun Yoab: "Ya géné ora korampungi pisan?" Wangsulaning prajurit wau: "Sanadyan kula kaparingana uwang salaka sèwu, kula môngsa puruna amêjahi putranipun sang prabu, sabab kula sampun mirêng pangandikaning sang prabu, botên parêng yèn Absalom wau kasiya-siyaa." Pangandikanipun Yoab: "Yèn aku ora mêngkono, apa kang takanti ma-[172]nèh. Saksana lajêng mêndhêt waos têtiga, amurugi dhatêng panggènaning Absalom, pinanggih taksih gêsang, lajêng kaprajaya pulung manahipun, wusana Absalom kapisanan."

Dupi sang prabu sarêng mirêng yèn ingkang putra séda, sakalangkung kasêngkêlan ing galih, angadhuh-adhuh: "Dhuh anakku Absalom, dhuh anakku, anakku Absalom, angur aku baé matia, dhuh Absalom anakku, anakku." Botên antawis dangu sang prabu lajêng kondur dhatêng Yêrusalèm, ananging konduripun wau Banisrail ingkang rumêrêprumêsêp* namung têdhak Yahuda, amargi sang prabu kapéngin pinêthuk déning têdhak Yahuda wau. Lah punika andadosakên kamèrèning Banisrail sanès-sanèsipun.

41. Wêkasaning Panjênênganipun Prabu Dawud

Sakonduripun sang prabu Dawud, Banisrail dèrèng sagêd têntrêm amargi wontên kraman malih. Pangagêngipun anama Séba kalêbêt têdhak Bun Yamin, dipunbaluhi déning Banisrail ingkang sami kamèrèn wau.[173] Botên antawis dangu kalurugan déning Yoab, têmahan sami kawon. Séba malah dipunpêjahi déning balanipun piyambak.

Tumuntên wontên putraning sang prabu Dawud anama AdoniaAdhonia # ugi baléla. Anganggah dados ratu, anggêntosi ingkang rama. Ananging sang prabu énggal anyandèkakên kaniyatanipun Adonia wau, lajêng angadêgakên putranipun ingkang ênèm anama Suléman kaangkat dados prabu anèm, kajêbadan saha kaèstrènan déning tiyang kathah. Dhasar rumiyin mila Suléman punika ginadhang déning kang rama, saha kaidènan déning Allah badhé anggêntosi jumênêng ratu.

Kacariyos ing satunggal dintên sang prabu Dawud kénging godha, kêdah nacahakên sakathahing Banisrail. Sanadyan sénapati ingkang kautus anama Yoab punika anyulayani, éwadéné saking kêncênging karsanipun prabu Dawud inggih kalêksanan.

Sarêng sampun antawis sangang wulan langkung, Yoab mantuk saking ang-[174]gènipun nacahakên Banisrail wau. Pinanggih cacahipun tiyang Israil sanèsipun têdhak Yahuda, wolung kêthi sami tiyang prakosa, wondéné ingkang têdhak Yahuda gangsal kêthi. Sarêng sampun katur dhatêng sang prabu, sanalika galihipun lajêng tab-taban, rumaos sangêt kalêpatanipun. Analôngsa dhatêng Pangéran. Allah tumuntên ngutus nabi Gad kinèn andhawuhana dhatêng prabu Dawud makatên: "Ana têlung prakara minôngka paukumanira. Kang sapisan larang pangan lawasé têlung taun. Kapindhoné kaburu ing mungsuh lawasé têlung sasi, katêluné pagêblug ing tanah lawasé têlung dina. Iku sira piliha salah siji kang bakal Suntêkakaké!" Sarêng pangandikaning Allah wau sampun kadhawuhakên, wangsulanipun prabu Dawud dhatêng nabi Gad: "Sangêt ribêd kula, luhung kula kasiksaa déning Allah piyambak, sabab kathah sih piwêlasipun. Sampun ngantos kasiksa samining tiyang." Pangéran tumuntên dhatêngakên pagêblug. Tiyang ingkang pêjah pitung lêgsalêksa*. Sarêng pagêblug badhé dumugi ing Yêrusalèm, Pangéran lajêng lumuntur wêlasipun. Malaékat ingkang ambêkta pagêblug, kadhawahan kèndêl.[175] Sang prabu Dawud aningali malaékat jumênêng wontên ing rêdi Siyon, cêlak lan panutoning Aruna tiyang Yêbusi. Sang prabu nuntên ayasa pakurbanan wontên ing ngriku, sarta anyaosakên kurban panuwun dhatêng Pangéran. Wêwêlak lajêng sirêp.

Sêsampuning makatên, sang prabu angadêgakên lurahing Banisrail. Tiyang nêm èwu pêpilihan saking tiyang Lèwi, sakantunipun tiyang Lèwi pinatah anggarap padamêlan wontên ing masjid, pinara kawan likur nyèwu-nyèwu. Punapadéné tiyang ngrêrêpi lan niyaga kawan èwu, pinara kawan likur. Déné ingkang nglurahi punika Asaf, Yêdutun, lan Héman.

Sarêng sang prabu angraos bilih sampun angajêngakên dumugi ing janji, lajêng animbali sakathahing para pangagêng andikakakên sowan wontên ngarsanipun. Sang prabu siniwaka kaliyan Suléman putranipun. Sarêng sampun sami pêpak wontên ing arsanipun sang prabu tuwin ingkang putra, prabu Dawud lajêng amasrahakên karatonipun dhatêng Suléman sarta amêmêling andikakakên yasa Bétal Mukadas. Suléman kaparingan pola sarta raja brana ê-[176]mas lan salaka, têmbagi lan wêsi kathah ingkang sampun tinandho, punapadéné bêkakas êmas lan slaka kathah ingkang sampun dados, sarta kajêng lan séla cêndhani kathah. Suléman lajêng dipundhawuhi kinèn tumêmên saha mantêp anggènipun angèstokakên paréntahing Pangéran. Sang prabu Dawud angandika dhumatêng ingkang putra: "Kowé dirosa lan dipanggah, sarta anglakonana sakèhé paréntahing Pangéran. Kowé aja wêdi lan aja maras! Sabab Gusti Allah: Allahku anjangkung ing kowé, mêsthi ora anilar kowé."

Sang prabu Dawud lajêng amujèkakên kathah-kathah dhatêng Suléman. Saha lajêng angajak tiyang sapasamuan angluhurakên asmaning Pangéran, ngiras damêl bujana pisan. Botên antawis lami sang prabu Dawud lajêng séda, kasarékakên wontên ing kitha Yêrusalèm. Wondéné anggènipun mêngku kaprabon laminipun kawandasa taun.[177]

42. Kaprabonipun Raja Suléman

Sasédaning sang prabu Dawud, Suléman anggêntosi jumênêng ratu wontên ing tanah Israil, sakalangkung trêsnanipun dhatêng Pangéran, anêtêpi pranatanipun sawargi ingkang rama.

Ing satunggal dintên, sang prabu tindak dhatêng kitha Gibyon, karsanipun badhé kurban wontên ngriku. Sarêng sampun dumugi ing Gibyon, lajêng dipunkatingali déning Pangéran wontên salêbêting supênan ing wanci dalu. Pangandikaning Allah: "Sira nyênyuwuna, amêsthi Sunparingi!" Aturipun sang prabu Suléman: "Kawula punika taksih laré, môngka kawula angrèh Banisrail samantên kathahipun. Kawula mugi kaparingana kawicaksanan saha manah ingkang jujur, sagêda mêngku umat Tuwan Banisrail. Saha sagêda bèntênakên awon kaliyan saé." Pangéran lajêng ngandika: "Sarèhning mêngkono panyuwunira, ora anyuwun umur dawa, utawa kasugihan, miwah unggul marang mungsuhira, lah Ingsun amarêngi panyuwunira, kajaba saka iku Ingsun iya amaringi kasugihan lan kamuktèn, angungkuli para ratu ing jamanira kabèh. Déné yèn si-[178]ra anêtêpi paréntahing-Sun, kaya bapakira, amêsthi Sundawakaké umurira."

Botên antawis lami sang prabu Suléman anglampahakên utusan dhatêng sang raja Khiram ing nagari Tirus, mitranipun sawargi ingkang rama. Aminta pasumbang warni kajêng èrês tuwin borês badhé kanggé yasa Bétal Mukadas. Ingkang makatên punika sakalangkung andadosakên dhanganipun sang raja Khiram, mila lajêng dhawuh dhumatêng para abdinipun undhagi, sami kinèn ambiyantu panêgoripun kajêng wau wontên ing rêdi Libanon saha natahi pisan.

Wondéné sang prabu Suléman anggènipun yasa Bétal Mukadas wontên ing rêdi MuriahMoria # laminipun ngantos pitung taun. Sarêng sampun dados, sang prabu lajêng angêmpalakên sawarnining lurah bêkêlipun Banisrail panuju dintên agêng ingkang winastan: tancêbing tarub. Sami dipunajak suka-suka anganyari Bétal Mukadas wau. Ing nalika punika para imam sami anjunjung pêthining prajanjéan kalêbêtakên dhatêng[179] Bétal Mukadas, kaprênahakên wontên sucining asuci. Wondéné sawêdalipun, lajêng wontên mega angèbêki ing Bétal Mukadas. Lah punika anyasmitani kamulyaning Pangéran. Sang prabu lajêng amêmujèkakên ing tiyang sapasamuan saha andêdonga: "Dhuh Pangéran Allahing Israil, lah Swarga utawi Swarganing Swarga botên kuwawi Tuwan ênggèni, langkung malih padalêman yasan kawula punika, éwadéné Tuwan mugi anêmbadanana panyuwun kawula ing dintên punika, tingal Tuwan mugi anyawanga dhumatêng padalêman punika rintên dalu, saha Tuwan angidinana Banisrail sadaya tuwin tiyang ngamônca ingkang sami marêk ing arsa Tuwan wontên salêbêting Bétal Mukadas punika."

Sang prabu tuwin Banisrail sadaya lajêng sami nyaosakên kurban dhatêng Pangéran. Wondéné kurbanipun sang prabu piyambak awarni lêmbu kalih lêksa kalih èwu tuwin ménda sakêthi kalih lêksa. Mênggah anggènipun sami suka-suka ngantos kawan wêlas dintên. Sang prabu lajêng andhawahi bibaran. Tumuntên sami umantuk asowang-sowang kalayan suka bingah, sami sa- [180]kéca manahipun. Awit saking kasaénaning Pangéran dhumatêng Dawud kawulanipun lan dhumatêng Banisrail umatipun.

Sang prabu Suléman misuwur ing kawicaksanan sarta kasugihan lan kamuktènipun, botên wontên ratu ingkang nyamèni. Baitanipun lumampah ing sagantên Suf dhatêng tanah Indi, wontên ingkang dhatêng tanah Tarsis, sami ambêkta raja brana lan sêsotya tuwin gadhing lan kajêng arêng saking tanah Aprikah. Anggitanipun saloka ngantos sapriki kanggé mêmulang dhumatêng tiyang bodho tuwin tiyang sagêd. Salaminipun sang prabu Suléman jumênêng ratu, Banisrail sami têntrêm ayêm, punapadéné nagarinipun sakalangkung gêmah harja.

Para ratu ing ngamônca wontên ingkang sami dhatêng ing nagari Yêrusalèm badhé anêksèni mênggah kawicaksananipun, saha sami angsal-angsal dhatêng sang prabu.

Kacariyos sang pramèswari ing SêbaSyeba #, bawah Ngarab, sarêng sampun mirsa kamulyan saha kawicaksananipun sang prabu, lajêng wicantên: "Kula wontên nagari kula piyambak mirêng pawar-[181]tos ing atasipun kaluwihan sampéyan dèrèng pitados. Ing mangké kula sampun sumêrêp piyambak mênggah kayêktosanipun, pangraos kula malah langkung saking tikêl katimbang kaliyan pawartos wau."

Sanadyan kawicaksananipun sang prabu Suléman sampun misuwur, éwadéné inggih taksih kénging dosa anêrak prajanjéaning Allah kaliyan Banisrail. Garwanipun pintên-pintên atus, para putri ing Kênangan, ing Sidon, ing Sur, ing Mêsir, lan ing tanah sanèsipun, sami ambêkta brahalanipun dhatêng Yêrusalèm. Sarta anggléwangakên galihipun sang prabu Suléman, têmah anêmbah brahala. Milanipun kénging bêbênduning Pangéran sarta kadhawuhan, bénjing sapêngkêripun badhé kagêmpal karatonipun.

43. Gêmpaling Karaton

Sang prabu Suléman anggènipun jumênêng ratu laminipun kawandasa[182] taun. Déné sasédanipun, Banisrail sami kêkêmpalan wontên ing nagari Sikhèm badhé anjumênêngakên putranipun ingkang nama RêkhabamRehabeam #. Sarêng Banisrail sampun pêpak, lajêng sami matur dhatêng Rêkhabam: "Rama jêngandika sawargi angawratakên pêpikulan kawula. Panyuwun kawula, ing samangké panjênêngan dalêm mugi angènthèngna, kawula inggih lêstantuna dados abdi dalêm." Wondéné para pinisêpuh sami angrujuki ing panyuwunipun Banisrail wau, ananging para priyantun nènèman sami botên kadugi. Wusana Rêkhabam amiturut rêmbagipun para nènèman wau, lajêng andhawuhakên bilih panyuwunipun wau botên kasêmbadan, malah ing atasipun sêsanggèning tiyang alit sadaya badhé kadamêl langkung awrat. Déné sêdyanipun Rêkhabam makatên wau badhé anggêgiro Banisrail. Ananging malah sami gambira. Kadadosanipun Banisrail sanèsing têdhak Yahuda lan Bun Yamin sami amilih ratu piyambak. Wondéné ingkang kaangkat dados ratu, sénapati YarobamYerobeam #. [183]

Wondéné Rêkhabam sarêng mirêng badhé anginggahi pêrang dhatêng tiyang Israil, nanging Allah angutus nabi satunggal andhawuhakên dhatêng sang prabu lan dhumatêng Banisrail sadaya, pangandikaning Pangéran makatên: "Sira aja pêrang lawan padha kadangira Banisrail! Padha muliha! Sabab prakara iku dhasar wus karsaning-Sun." Wusana tumuntên sami mantuk, angèstokakên pangandikaning Pangéran. Awit nalika samantên, ing tanah Israil wontên karaton kêkalih. Ingkang satunggal kasêbut karaton Yahuda, kithanipun ing Yêrusalèm, ingkang jumênêng ratu anama Rêkhabam. Satunggalipun kasêbut karaton Israil, kala samantên kithanipun wontên ing Sikhèm, botên antawis lami ngalih dhatêng TirsaTirza # , wusana ngalih malih dhatêng Samaria.

Sarêng Yarobam sampun jumênêng ratu ing Israil, lajêng botên mantêp pangabêktinipun dhatêng Pangéran. Wondéné ingkang dados jalaranipun makatên, sang prabu kagungan sumêlang bilih kawulanipun sami kalilan minggah sêmbahyang dhatêng Bétal Muka-[184]das, botên wandé ing têmbé sami ambalik dhatêng têdhaking Dawud. Mila sang prabu lajêng yasa sêsêmbahan piyambak awarni pêdhèt êmas kêkalih. Ingkang satunggal kaprênahakên wontên ing watês lèr, satunggalipun kaprênahakên wontên watês kidul. Sarta lajêng dhawah, sawarnining tiyang kinèn anyêmbah dhatêng pêdhèt êmas wau, botên kalilan minggah dhatêng Bétal Mukadas. Sang prabu lajêng kaèngêtakên déning Allah, éwa samantên botên purun tobat. Mila lajêng kénging bêbênduning Pangéran. Ngantos karaton Israil namung tumurun dhumatêng putranipun kémawon. Ing salajêngipun botên lêstantun dhatêng têdhakipun.

44. Nabi Élia

Sami-sami ratu ing Israil, ingkang murang sarak piyambak sang raja Akhab. Garwanipun putri ing Sidon anama IsêbèlIzebel #. Punika ayasa candhi wontên ing nagari Samaria minôngka kabuyutaning Baal tuwin AstarotAsyera #, sami braha-[185]lanipun tiyang Sidon. Saha angingah imaming Baal wau kawan atus sèkêt tuwin imaming Astarot kawan atus. Déné tiyang kang sami nêmbah Allahipun Israil sami kinuya-kuya sarta nabining Allah sami dipunpêjahi.

Kocapa ing satunggal dintên nabi Élia sowan dhatêng sang prabu Akhab. Aturipun: "Dêmi Pangéran Allahipun Israil ingkang kula sungkêmi, ing taun punika ing salajêngipun badhé botên wontên êbun utawi jawah kajawi saking panyuwun kawula." Kalampahan ing tanah Israil botên jawah-jawah, têmahan awis têdha. Wondéné nabi Élia kadhawuhan déning Allah andhêlika wontên ing lèpèn Kêrit, inggih punika ingkang kaunjuk toyanipun. Mênggah dhaharipun saking parmaning Pangéran. Ing sabên dintênipun dipunkintun roti tuwin ulam déning pêksi dhandhang. Sarêng lèpèn wau sampun asat, nabi Élia lajêng kadhawuhan déning Pangéran késaha dhatêng nagari Sarfat, amargi ing ngriku wontên satunggaling rôndha ingkang sampun kadhawuhan nyanggi dhaharipun. Sarêng nabi Élia dumugi sa-[186]kèthènging nagari, lah ing ngriku wontên satunggaling rôndha sawêg ripik kajêng punika lajêng dipuntêmbungi toya tuwin roti. Wangsulanipun: "Mugi sampun andadosakên panggalih sampéyan. Dêmi Allah, gadhahan kula namung galêpung sagêgêm wontên ing cuwo, tuwin lisah sakêdhik wontên ing gêndul, jaginipun têdha kula lan anak kula namung kanggé sagêpyakan. Déné yèn sampun têlas, tamtu kula pêjah kalirên. Lah kados pundi anggèn kula sagêd nyaosi dhatêng sampéyan?" Pangandikanipun nabi Élia: "Kowé aja kuwatir! Muliha! Aku olèhna roti! Sawusé mêngkono kowé olèha sabutuhmu dhéwé, sabab pangandikaning Pangéran Allahé Israil mangkéné: ?Galêpung kang ana ing cuwo bakal ora êntèk-êntèk sarta lênga ing gêndul bakal ora kalong-kalong, kongsi tumêka tibaning udan.'" Saksana bok rôndha wau lajêng anglampahi punapa sapitêdahipun nabi Élia wau. Ing salajêngipun, nabi Élia mondhok wontên ing griyanipu-[187]n bok rôndha wau sarta anunggil nêdha laminipun ngantos sataun. Inggih kayêktosan, galêpung ing cuwo botên têlas-têlas, punapadéné lisah ing gêndul botên kalong-kalong.

Sarêng sampun antawis dintên anakipun bok rôndha wau sakit dados lan pêjahipun. Saking sangêting susahipun bok rôndha lajêng matur dhatêng nabi Élia: "Dhuh tiyanging Allah, punapa dhatêng sampéyan punika anjalari pêjahipun anak kula, minôngka paukumaning dosa kula?" Nabi Élia tanpa mangsuli lajêng anyandhak jisim wau, kabêkta dhatêng pamondhokanipun lajêng dipunrungkêbi rambah kaping tiga, sarta sangêt panyuwunipun maring Allah supados laré punika kagêsangna malih. Pangéran inggih anjurungi panyuwunipun nabi Élia. Sanalika jisim wau gêsang. Sarêng dipunwangsulakên dhatêng biyungipun, bok rôndha wau lajêng anêksèni bilih nabi Élia punika saèstu tiyanging Allah sarta ngêmban timbalaning Allah.[188]

Ing tanah Israil sêsampuning kakêndhatan jawah laminipun kawan têngah taun, Pangéran angandika dhumatêng nabi Élia: "Ing samêngko sira ngatona marang Akhab! Sabab Ingsun bakal anibakaké udan manèh." Sadhatêngipun nabi Élia, sang raja Akhab lajêng ngandika: "Lo kowé, wong ambilaèni Banisrail." Wangsulanipun nabi Élia: "Déné kula ingkang andhatêngakên bilahi, saèstunipun sampéyan piyambak lan sakulawôngsa sampéyan, anggèn sampéyan nilar paréntahing Pangéran saha manut ing brahala punika ingkang dados jalaranipun." Awit saking panyuwunipun nabi Élia, sang prabu tumuntên angêmpalakên sakathahing Banisrail wontên ing rêdi Karmêl, sarêng kaliyan para imaming Baal tuwin Astarot. Sarêng sampun ngalêmpak, nabi Élia tumuntên ngandika dhumatêng gêgolongan punika: "Bésuk kapan olèhmu padha marèni amaro tingal? Yèn Pangéran iku Allah, padha nutên! Déné yèn Baal iku allah iya padha nutên!"[189] Tiyang gêgolongan botên mangsuli punapa-punapa. Nabi Élia tumuntên ngandika malih: "Ênggonku dadi nabi iki ijèn baé, môngka imaming Baal wong patang atus sèkêt. Kowé padha nêkakna sapi loro! Kang siji para imam iku padha anyèlèhna ing kayu, sijiné aku kang numpangaké ing kayu, nanging aja ana nyêpakaké gêni, tumuli kowé padha nyêbuta jênêngé déwamu, aku iya anyêbut asmaning Pangéran Allahku. Déné êndi kang mangsuli kalawan gêni, iku Allah kang sajati." Tiyang gêgolongan lajêng sami saur pêksi. Para imaming Baal tumuntên sami murak lêmbunipun, lajêng sinèlèhakên ing pakurbananipun. Tumuntên sami angidêri pakurbanan wiwit énjing dumugi wanci luhur saha sami anguwuh-uwuh: "Dhuh Baal, amangsulana kawula." Nanging botên wontên suwara utawi wangsulan. Saksana nabi Élia amoyoki para imam punika, pangandikanipun: "Panguwuhmu kurang sêru. Bok manawa déwamu lagi éwuh, apa manèh lagi pêpara, u-[190]tawa lagi turu." Tumuntên sangsaya asru panguwuhipun, sami anyublêsi awakipun mawi lading nanging mêksa botên wontên suwara utawi wangsulan. Sarêng dumugi ing wanci sontên, nabi Élia ayasa pakurbanan kinubêng ing kalèn. Déné kajêng tuwin kurbanipun obaran sami dipun-grujugi ing toya. Nabi Élia tumuntên anyênyuwun: "Dhuh Allahipun Ibrahim, Iskhak kaliyan Yakub, ing dintên punika Tuwan mugi anguningakna yèn Tuwan punika Allahipun Banisrail, saha kawula punika abdi Tuwan." Sanalika lajêng wontên gêlap latu amôngsa kurban. Toya ingkang wontên ing kalèn ngantos asat dinilat ing latu. Ing ngriku tiyang gêgolongan tumuntên sami sumungkêm saha sami asurak: "Pangéran iku Allah, Pangéran iku Allah." Wondéné dhawuhipun nabi Élia: "Para imaming Baal aja ana kang mrucut, padha dicêkêlana lan dipatènana!" Nabi Élia tumuntên anyênyuwun rambah kaping pitu: "Allah mugi amaringana jawah." Réncangipun nabi[191] Élia kinèn angawasakên prênahing sagantên. Sêsampuning andêdonga rambah kaping pitu, réncangipun lajêng umatur: "Kula ningali mêndhung alit mumbul saking sagantên agêngipun saèpèk-èpèking tiyang." Nabi Élia tumuntên kèngkènan umatur dhumatêng raja Akhab: "Sampéyan ngrakitana karéta! Sampun ngantos kabêthêngên ing jawah." Saksana mêndhung andhêdhêt saha lajêng jawah dêrês.

Sarêng sang pramèswari Isêbèl mirêng pawartos bilih para imaming Baal sampun sami dipunpêjahi déning nabi Élia, sakalangkung ing dukanipun, kêdah malês ukum pêjah dhatêng nabi Élia. Wondéné nabi Élia lajêng ngungsi têbih. Wontên ing margi kèndêl sangandhaping kêkajêngan. Saking sêngkêling galih lajêng nyênyuwun dhatêng Pangéran, mugi kapundhuta ing sanalika punika. Botên antawis dangu lajêng saré, tumuntên kagugah déning malaékat kinèn wungu sarta dhahar. Sarêng nglilir lajêng manggih roti lan toya cumawis wontên ngajêngipun. Nabi Élia nuntên dhahar sarta ngunjuk.[192] Wondéné saking sawabing roti tuwin toya wau lajêng kuwawi andumugèkakên lampahipun ngantos kawandasa dintên kawandasa dalu. Sarêng dumugi ing rêdi KorêbKhorêb* lajêng andhêlik wontên ing guwa, nuntên dipunpangandikani déning Pangéran: "Lah apa karyanira ana ing kono?" Wangsulanipun nabi Élia: "Dhuh Pangéran, kawula sampun angêkahi Pangéran Allahipun langit lan bumi. Sanadyan Banisrail sampun sami anilar prajanjéan Tuwan sarta amêjahi nabi Tuwan sadaya, ing mangké namung kantun kawula piyambak. Sêdyanipun, kawula badhé dipunpêjahi pisan." Pangéran lajêng angandika: "Sira mêtua! Ingsun bakal langkung ing ngarêpanira." Tumuntên wontên angin ribut, lindhu tuwin thathit lan galudhug, ananging Pangéran botên wontên ing ngriku. Sêsampunipun lajêng wontên samirana sumilir, ing ngriku nabi Élia rumaos wontên pangayunaning Allah. Lajêng kadhawuhan pangandikaning Pangéran: "Ingsun angisihaké Banisrail wong pitung èwu kang padha ora mèlu nêmbah brahala." Nabi Élia lajêng kadhawuhan mantuk, ki-[193]nèn anjêbadi Élisa sakabatipun. Ing têmbé sapêngkêripun anggêntosana dados nabi.

Wondéné sang raja Akhab botên antawis lami kénging kukuming Allah, séda ing paprangan jalaran kénging jêmparing ing mêngsah. Mênggah ingkang gêntosi dados ratu putranipun anama AkhasAhazia #. Punika inggih sangêt pamurangsarakipun. Kacariyos ing satunggal dintên sang prabu gêrah lajêng utusan anêgês dhatêng Baal Sêbub déwanipun tiyang Pilistim. Kados pundi mênggah gêrahipun wau, punapa waluya punapa botên. Kocapa utusan wau wontên ing margi kapêthukakên déning nabi Élia, lajêng dipunpangandikani: "Ing Israil apa ora ana Allah? Déné kowé têka arêp nêgês marang déwané wong Pilistim. Mulané pangandikaning Pangéran mangkéné: 'Amêsthi Akhas ênggoné lara iku anjalari patiné.'" Utusan wau lajêng wangsul sarta umatur: "Wontên ing margi kawula kapêthuk ing tiyang, panganggénipun wacucal, wicantênipun: 'Kowé matura marang sang pra-[194]bu, amêsthi sampéyan badhé séda.'" Sang prabu lajêng anamtokakên bilih punika nabi Élia. Mila lajêng utusan têtindhih saprajuritipun sèkêt, andikakakên nyêpêng nabi Élia kalayan bêbandan. Déné wicantênipun têtindhih dhatêng nabi Élia: "Héh wonging Allah, paréntahku marang kowé trang saka sang prabu, kowé mudhuna!" Wangsulanipun nabi Élia: "Yèn aku wonging Allah, anaa gêni tumurun saka ing langit amôngsaa kowé saprajuritmu sèkêt!" Sanalika kalampahan makatên. Sang prabu nuntên utusan malih têtindhih sanèsipun. Môngka têtindhih punika saprajuritipun sèkêt, inggih kamôngsa ing latu saking langit malih. Déné dhatêngipun utusan ingkang kaping tiga, utusan wau lajêng sumungkêm sarwi matur: "Dhuh tiyanging Allah, sampéyan mugi mêlasana nyawa kula sakônca kula tiyang sèkêt punika." Nabi Élia lajêng tumurun, tumut sowan dhatêng sang prabu, aturipun: "Pangandikaning Pangéran makatên: Sarèhning sira kongkonan nêgês marang Baal Sêbub déwané wong Pilistim, prasasat ing Israil ora ana Allah kang kêna[195] ditêgês. Mulané sira ora mudhun manèh saka ing paturonira, amêsthi nêmahi mati." Lah makatên punika sédanipun raja Akhas, botên atilar putra.

45. Nabi Élisa

Kala nabi Élia anjêbadi Élisa badhé anggêntosi dados nabi, sampun sumêrêbsumêrêp* bilih sampun andungkap pinundhut déning Allah. Ing satunggal dintên Élisa andhèrèkakên nabi Élia. Sarêng lampahipun dumugi ing bênawi Yardèn, nabi lia tumuntên angrucat jubahipun, lajêng winaru kadamêl anggitik toya. Sanalika toyaning bênawi Yardèn piyak asisih-sisihan. Sakaliyanipun tumuntên lumampah asatan. Sarêng sampun dumugi ing sabrang, lajêng sami andumugèkakên lampahipun. Wontên ing margi sami agêginêman. Ing ngriku nabi Élia lajêng kabêkta ing lésus, mumbul dhatêng Swarga sarwi numpak rata murub, kapalipun ugi murub. Saksana Élisa lajêng katurunan roh tuwin kasêktè-[196]nipun nabi Élia.

Nabi Élisa lajêng tindak dhatêng nagari Bèt ElBetel #, inggih punika panggènanipun tiyang nêmbah pêdhèt êmas yasanipun sawargi sang prabu Yarobam. Ing ngriku wontên laré kathah andhugal sami amoyoki nabi Élisa. Wicantênipun: "Héh gundhul, sumingkira! Héh gundhul, sumingkira!" Nabi Élisa lajêng ngêsotakên laré punika anganggé asmaning Pangéran. Sanalika lajêng wontên bruwang kêkalih medal saking wana, nuntên anyêmpal-nyêmpal laré kawandasa kalih.

Botên antawis lami lajêng wontên randhaning nabi satunggal asêsambat dhatêng nabi Élisa, aturipun: "Laki kula sampun pêjah atilar sambutan. Ing samangké ingkang nyambutakên dhatêng, badhé amêndhêt anak kula kêkalih kadamêl réncang." Pangandikanipun nabi Élisa: "Kowé duwé apa ing omahmu?" Aturipun bok rôndha: "Abdi sampéyan namung gadhah lisah saguci." Pangandikanipun nabi Élisa: "Kowé golèka wadhah kothong kang akèh, banjur lumêbua ing omah saanakmu, lawangé kancingên![197] Wadhah-wadhah iku kabèh tumuli êsokana lênga saka ing gucimu nganti sakêbaké!" Bok rôndha lajêng anglampahi punapa sadhawuhipun nabi Élisa, wadhah-wadhah sami kaisènan lisah sakêbakipun. Nabi Élisa tumuntên ngandika: "Lênga iku êdolên, banjur saurna utangmu. Déné turahané gawénên panguripanmu saanakmu!"

Kocapa ing jaman punika wontên sénapati ing nagari Aram awasta Naaman. Punika gêrah budhugên, garwanipun kagungan réncang èstri tiyang Israil boyongan. Réncang wau umatur: "Mênawi bêndara kula dhatênga ing arsanipun nabi Élisa kang wontên ing Samaria, amêsthi badhé saras." Naaman lajêng mangkat dhatêng tanah Israil ambêkta kapal, karéta lan barang pèni-pèni kathah. Tumuntên dhatêng ing dalêmipun nabi Élisa. Saksana nabi Élisa lajêng utusan andhawuhi dhatêng Naaman kinèn salulupa wontên ing bênawi Yardèn rambah kaping pitu. Yèn sampun kalampahan amêsthi waluya. Naaman sarêng tampi dhawuh makatên wau lajêng rêngu, pangandikanipun: "Daknyana arêp nêmoni aku sarta tangané angusapi mala-[198]ku lan andongakaké warasku. Kali-kalining tanahku ing kana apa ora ngungkuli banyuning tanah Israil kabèh?" Para abdinipun lajêng sami matur dhatêng bêndaranipun: "Dhuh bêndara, sanadyan nabi andhawuhana padamêlan ingkang awrat, botên wandé inggih sampéyan lampahi. Langkung malih namung andikakakên siram dhatêng lèpèn kémawon, tur sampéyan dipunjanji waluya." Saksana Naaman lajêng tumurun, salulup ing bênawi Yardèn kaping pitu. Ing ngriku dagingipun lajêng pulih kados daginging bêbayi. Naaman tumuntên wangsul, angaturakên panuwun dhatêng nabi Élisa, sarta lajêng anêksèni bilih ing pundi-pundi botên wontên Allah kajawi ing tanah Israil. Sêsampuning makatên, Naaman lajêng anyaosakên raja pèni, ananging nabi Élisa botên pisan-pisan karsa nampèni. Wusana aparing pangèstu wilujêng, Naaman lajêng kondur.

Kocapa réncangipun nabi Élisa awasta GékasiGehazi # punika kapéncut ing barang mas slaka lan panganggé saé ingkang tinampik déning bêndaranipun wau. Mila sapêngkêripun Naa-[199]man, Gékasi lajêng anututi, aturipun: "Sapêngkêr sampéyan wau, bêndara kula katamuan nabi miskin kêkalih, mila kula lajêng dipunutus punika. Sampéyan kapurih maringi slaka satalênta tuwin panganggé kalih pangadêg dhatêng têtamu wau!" Gékasi lajêng kaparingan slaka kalih talênta tuwin panganggé kalih pangadêg, lajêng mantuk. Sowan ing arsaning bêndaranipun, nabi Élisa andangu: "Héh Gékasi, kowé saka ing ngêndi?" Aturipun: "Kula botên késah-késah." Pangandikaning nabi Élisa: "Aku wus wêruh kalawan roh, yèn kowé nampani salaka lan sandhangan saka Naaman. Lah tingkahmu mêngkono iku apa patut? Ing samêngko larané Naaman sandhangên salawasmu urip." GékhasiGékasi* lajêng medal, sanalika lajêng sakit budhugên.

Kala samantên ingkang jumênêng ratu ing tanah Israil anama sang prabu Yoram. Punika apêpêrangan mêngsah lan tiyang Aram. Ing ngriku nabi Élisa amratélakakên dhatêng sang prabu mênggah kalakuanipun pabarisaning mêngsah. Ratu ing Aram tumuntên utusan angêpang ing kitha Dotan badhé anyêpêng nabi Élisa kang mang-[200]gèn wontên ing ngriku. Dhatêngipun tiyang Aram ing wanci dalu, lajêng angêpang ing kitha Dotan. Réncangipun nabi Élisa sarêng tangi énjing, aningali mêngsah angêpang kitha, lajêng angaturi uninga dhatêng bêndaranipun: "Dhuh tuwan, kados pundi polah kula?" Pangandikanipun nabi Élisa: "Kowé aja kuwatir! Kang anjangkung ing aku angungkuli mungsuhku." Pangéran tumuntên ambuka mripatipun réncang wau, sanalika lajêng sumêrêp ing rêdi kêbak jaranan lan rata murub sami angayab nabi Élisa. Saking pandonganipun nabi Élisa, bala mêngsah lajêng sami lamur, nuntên kairid déning nabi Élisa dhatêng ngarsaning sang prabu Yoram. Wontên ing ngriku saking pandonganing nabi Élisa lajêng sami awas kados ing wau-wau. Kadadosanipun, mêngsah botên dipunpêjahi dhatêng sang prabu, malah dipunsugata, lajêng sami kalilan mantuk.

46. Nabi Yunus

Kala panjênênganipun sang prabu Yarobam ingkang kaping kalih, ratu ing Israil, punika wontên satunggaling nabi awasta[201] Yunus. Kautus ing Pangéran dhatêng nagari Ninêwé Niniwe #, tanah AsurAsyur #. Nagari punika sakalangkung agêngipun, kêmputipun ngantos lampahan tigang dintên. Déné tiyangipun anglangkungi kathah piawonipun, mila nabi Yunus wau kinèn andhawuhakên karsaning Allah dhumatêng tiyang ngriku, bilih badhé kadhatêngan bêbênduning Pangéran. Ananging nabi Yunus sangêt lênggana, malah lajêng miruda sumêdya dhatêng nagari Tarsis, lampahipun medal ing sagantên. Sarêng lampahing baita sampun dumugi ing têngah, Pangéran tumuntên andhatêngakên prahara, andadosakên kuwatosipun para tiyang ing baita, bok manawi rêmuk, sami asêsambat dhatêng allahipun piyambak-piyambak. Tumuntên sami ambucali bêkakas dhatêng sagantên supados baita wau ènthènga. Wondéné nabi Yunus tilêm kémawon wontên salêbêting baita ingkang ngandhap. Lurahing baita tumuntên anggugah dhumatêng nabi Yunus: "Hé, kapriyé déné kowé têka turu baé? Lah tangia, anyêbuta Allahmu!" Têtiyang ing baita sami mupakat angundhèni, supados sumêrêpa sintên ingkang dados margining kadhatêngan pakèwêd punika. Lah ing ngriku undhi anêdahakên nabi Yunus. Sa-[202]ksana nabi Yunus lajêng wicantên: "Aku baé cêmplungna ing sagara! Ing kono amêsthi sirêp. Sabab aku rumôngsa dadi jalarané gonmu padha katêkan pakéwuh iku." Têtiyang ing baita tumuntên sami nyênyuwun maring Allah, aturipun: "Kawula sampun ngantos karisakan, margi anggèn kawula nyêmplungakên tiyang punika ing sagantên. Kawula sampun ngantos katêmpahan rah ingkang rêsik." Nabi Yunus lajêng kacêmplungakên ing sagantên. Sanalika kocaking sagantên lajêng sirêp. Sêsampuning kalampahan, têtiyang ing baita lajêng sami kurban saha punagi.

Kocapa nabi Yunus saking karsaning Allah kauntal déning ulam agêng, ananging botên dados ing sédanipun. Ngantos tigang dintên tigang dalu anggènipun wontên salêbêting padharan ulam wau sakalangkung prihatinipun. Analôngsa maring Allah, wusana lajêng kautahakên dhatêng dharatan. Pangéran tumuntên ngandika malih dhatêng nabi Yunus: "Sira lungaa marang nagara Ninêwé, amituturna apa kang Sunpangandikakaké marang sira!" Nabi Yunus lajêng késah dhatêng nagari Ninêwé sarta anguwuh-uwuh wontên ing lêlu-[203]rung: "Kurang patang puluh dina Ninêwé bakal winalik." Têtiyang ing nagari sami pitados wicantêning nabi Yunus wau sarta sami ajrih, lajêng sami siyam tuwin amanganggé bagor, dalah sang prabu inggih ngrucat kaprabonipun sarta angundhangakên manungsa sakéwanipun sami kinèn siyam. Saha têtiyang sami sangêta anggènipun nyênyuwun maring Allah kalayan amantuni kalakuanipun ingkang awon. Bok manawi Allah anyandèkakên bilahi. Pangéran inggih angowêl nagari punika, botên tamtu andhatêngakên bilahi. Nabi Yunus tumuntên amuring-muring mênggah kasabaraning Allah, wicantênipun: "Yèn mêngkono angur aku matia." Lajêng mêdal saking nagari adamêl gubug, badhé sumêrêp punapa kadadosaning nagari.

Ing wanci dalu Allah anuwuhakên uwit kikayon, énjingipun agodhong lan angéyubi, nabi Yunus sênêng anggènipun kaéyuban. Nanging énjingipun malih Pangéran andhatêngakên ulêr, amêmôngsa uwit punika. Sarêng surya sampun bêntèr, godhongipun lajêng sami garing. Sirahipun nabi Yunus sarêng kasorotan ing surya lajêng aminta pêjah. Allah tumuntê-[204]n ngandika: "Mungguh nêpsumu iku apa pantês?" Aturipun nabi Yunus: "Inggih sakalangkung pantêsipun." Pangandikaning Pangéran: "Sira angowêl uwit kikayon iku, môngka ora sira tandur, thukulé barêng sawêngi sarta rusaké padha sawêngi. Ingsun apa ora ngowêl nagara gêdhé iku? Kang diênggoni ing wong luwih saka rolas lêksa kang durung bisa ambédakaké tangan kiwa lan têngên, apadéné khéwan sapirang-pirang."

47. Wêkasaning Karaton Israil

Sasédanipun sang prabu Yarobam ingkang sapisan, Banisrail sangsaya karisakan, santun-sumantun ingkang ngraman. Manawi wontên ratu énggal lajêng dipunlungsur saking dhamparipun lan dipunpêjahi sakulawangsanipun. Wondéné ingkang anggêntosi jumênêng ratu malah anglangkungi piawonipun. Botên angamungakên nêmbah pêdhèt êmas kémawon, malah anêmbah brah-[205] alanipun para jinis. Kados déné lêlampahanipun sang raja Akhab ingkang sampun kasêbut nginggil sarta anyaosakên kurban kanisthan. Lah punika margining karisakanipun Banisrail. Salêbêtipun makatên, para nabi tansah angèngêtakên supados sami mantuna anggènipun nêmbah brahala, ananging mêksa botên purun tobat. Lami-lamining dintên Banisrail kalurugan déning ratu ing tanah Asur, têmahan tanahipun wontên ingkang kénging kabawahakên. Sarêng ingkang jumênêng ratu ing Israil sang prabu Hoséa punika adamêl prajanjéan kaliyan sang raja Salmanèsêr ing Asur, nanging dèrèng ngantos lami dipuntêrak piyambak. Ing ngriku sang prabu Salmanèsêr lajêng anglurugi dhatêng tanah Israil angêpang kitha ing Samaria laminipun ngantos tigang taun. Wêkasan nagari Samaria bêdhah, Banisrail sami kaboyong, kabêkta dhatêng tanah Médi utawi sanèsipun ingkang têbih-têbih. Déné tiyang ingkang dipuntilar wo-[206]ntên ing tanah Israil namung sakêdhik. Wondéné tanahipun ingkang suwêng awit saking dhawuhipun sang prabu ing Asur lajêng sami dipunênggèni déning tiyang kapir. Lah punika wêkasaning karaton Israil. Umuripun kalih atus sèkêt tiga taun. Wondéné cacahing ratu sangalas.

Kacariyos têtiyang kapir ingkang sami manggèn wontên ing tanah Israil kathah bêncananipun. Prakawis punika ngantos katur dhatêng sang prabu ing Asur, déné pamanggihipun ingkang ngaturi uninga, ingkang makatên wau jalaran para tiyang sami botên uninga cara-caranipun angabêkti dhatêng Allahipun ing tanah Israil. Saksana sang prabu ing Asur lajêng angintuni imam satunggal bôngsa Israil, tinuduh kinèn amêmulanga pratikêlipun anêmbah ing Pangéran. Wondéné woworanipun tiyang kapir kaliyan tiyang Israil ingkang sami taksih wontên ing ngriku punika winastan bôngsa Samaria.[207]

48. Para Ratu ing Karaton Yahuda

Kala sirnaning karaton Israil, karaton Yahuda taksih jumênêng, malah umuripun ngantos dumugi tigang atus wolung dasa pitu taun. Cacahing ratu kalih dasa, sami têdhaking prabu Dawud sadaya. Ananging para ratu samantên wau inggih kathah ingkang nêmbah brahala sarta awon kalakuanipun. Wondéné ratu ingkang salèh namung sakêdhik.

Kacariyos sang raja Akhas punika ayasa pasujudan dhatêng Baal, wontên lêlurunging Yêrusalèm. Déné Bétal Mukadas kainêb, mila lajêng botên wontên ingkang ngambah ing ngriku. Sarêng kaprabonipun gumantos dhumatêng ingkang putra anama prabu KhiskiaHizkia #. Sarèhning panggalihipun salèh, mila lajêng angêngakakên kontênipun Bétal Mukadas malih, anyirnakakên brahala saking ing Yêrusalèm sarta amurih pancêr sadasa sami wangsula anganggêp Allahing lêluhuripun, saha sami kinèn tumut angrêgani paskhah. Déné nalika panjênênganipun sang prabu wau pancêr sadasa sami kaboyong dhatêng A-[208]sur, têtiyang ing karaton Israil pintên-pintên èwu ingkang sami ngungsi dhatêng karaton Yahuda amêwahi harjaning karatonipun sang prabu Khiskia.

Botên antawis lami sang raja SankhéribSanherib #, ratu ing tanah Asur anglurugi kitha-kitha ing karaton Yahuda, malah angêpang ing kitha Yêrusalèm. Sang prabu Khiskia tampi panantangipun kanthi ambaèkakên asmaning Pangéran Allahipun Israil. Ing ngriku sang prabu lajêng anyuwèk-nyuwèk pangagêmanipun, saking sangêting prihatin, sarta andêdonga maring Pangéran. Tumuntên malaékating Allah tumurun anggitik pabarisanipun tiyang Asur, têmahan tiyang sakêthi wolung lêksa gangsal èwu sami pêjah sarêng sadalu. Sarêng énjing jisimipun kados bêbadan pacing. Sang raja Sankhérib lajêng bidhal kondur dhatêng nagarinipun piyambak.

Ing nalika dhatêngipun mêngsah wau, sang prabu Khiskia pinuju gêrah sangêt. Ing ngriku wontên satunggaling nabi anama Yésaya sowan dhatêng sang prabu, angêmban dhawuh timbalaning Pangéran. Sang prabu kinèn sadhiya anggènipun badhé kapundhut déning Allah. Sang[209] prabu tumuntên muwun sarwi nyênyuwun maring Allah, ingkang mugi yuswanipun dipunpanjangna. Mila nabi Yésaya sawêdalipun saking kadhaton lajêng kadhawuhan pangandikaning Allah, kinèn wangsul andhawuhana dhatêng sang prabu bilih panyuwunipun sampun katarimah. Yuswanipun kaindhakan gangsal wêlas taun êngkas. Sêsampuning kalampahan tigang dintên, sang prabu lajêng sênggang. Tumuntên lumêbêt ing Bétal Mukadas, nyaosi sukur maring Allah awit saking anggènipun kasarasakên.

Sasédanipun prabu Khiskia, ingkang anggêntosi jumênêng ratu putranipun anama Mênasé, laminipun ngantos sèkêt gangsal taun. Punika anilar kalakuanipun ingkang rama, anasarakên Banisrail dhatêng brahala malih. Mila sarêng sampun sêpuh kaulungakên déning Pangéran dhatêng tanganing mêngsah, têmahan kaboyong dhatêng Babil. Wontên ing ngriku lajêng analôngsa maring Pangéran, katarimah lajêng kawangsulakên dhatêng karatonipun malih. Tumuntên anyirnakakên sakathahing brahala saking Yêrusalèm.

Sarêng sang prabu Mênasé sampun séda lajêng kagêntosa-[210]n déning putranipun anama Amon, punika inggih anglangkungi piawonipun, nanging botên purun tobat kados ingkang rama. Anggènipun jumênêng ratu namung kalih taun, lajêng dipunsédani kawulanipun piyambak.

Tumuntên gêntosan ingkang putra, nama prabu Yosia. Lah punika ratu salèh, angantêpi pangabêktinipun maring Allah. Sawêg yuswa kalih dasa taun anyirnakakên sakathahing brahala saking kitha Yêrusalèm lan satalatahipun sadaya, saha andandosi Bétal Mukadas. Sarêng angrêsiki, lah pangulu imam anama Hilkia amanggih kitab torèt ingkang ical kala jamanipun Mênasé, lajêng dipunungêlakên wontên ngarsaning sang prabu. Saksana sang prabu kagèt lan kagawokan awit saking pangancam-ancamipun kitab punika, ngantos anyuwèk-nyuwèk pangagêmanipun. Nanging sang prabu Yosia dipunpangandikani déning Allah lantaran saking nabi èstri anama Kulda: "Sarèhning atinira luluh gonira angrungokaké surasaning kitab iku, mulané sira bakal mati kalawan slamêt, ora mênangi bilahi kang bakal Suntêkaka-[211]ké marang nagara iki." Sang prabu Yosia tabêri anggènipun angéwahi pranataning Banisrail miturut anggêr-anggêripun nabi Musa. Tumuntên kawulanipun sami kinalêmpakakên sarta dipunwaosakên kitab punika. Sang prabu adamêl prajanjéan lan sakathahing kawulanipun wontên ngarsaning Allah, yèn wiwit nalika punika ing salajêngipun badhé sami angèstokakên paréntahing Allah kalayan trusing manah. Sang prabu Yosia anggènipun ambibrahi brahala ngantos dhatêng ing patilasanipun karaton Israil, kados ta: ing nagari Bèt El panggènaning pêdhèt êmas yasanipun sang prabu Yarobam ingkang sampun kasêbut ing ngajêng. Panggènan punika dipunrisak sarta bêbalungipun para imaming brahala ingkang kapêndhêm ing ngriku sami kapêndhêtan lajêng dipunbêsmi. Ingkang makatên wau dhasar sampun kawêca déning satunggalipun utusaning Allah ing nguni.

Sasédaning sang prabu Yosia, putranipun têtiga lan wayahipun satunggal gantos-gumantos jumênêng ing karaton Yahuda, nanging sakawan pisan sami linungsur. Kathah sasmitanipun yèn karato-[212]n punika badhé énggal sirna.

49. Wêkasaning Karaton Yahuda

Wondéné ingkang suka pitêdah tuwin anarbuka mênggahing sasmita wau inggih punika para nabi, pangandikanipun kathah ingkang kasêbut wontên kitab suci. Mênggah padamêlanipun para nabi punika anggugah manahing Banisrail supados samia pitados dhatêng Allah ingkang sajati. Sampun ngantos manggih karisakan ingkang asring tuwuh saking awoning kalakuanipun tiyang kathah, punapa malih para ratu utawi para imam. Allah amatah para nabi wontên ing karaton Yahuda tuwin karaton Israil. Wontên ingkang medal saking tiyang agêng utawi saking tiyang alit. Kados ta: Yésaya tuwin Sifan YaZefanya # punika trahing ratu, YirmayaYeremia # lan YêkhiskièlYeheskiel # punika trahing imam, Élia, Élisa, Yunus, lan Mikha punika wijiling tiyang alit, déné Amos punika pa-[213]ngèn miskin.

Nabi Yirmaya amêmêca mênggah badhé risakipun nagari Yêrusalèm minôngka siksaning Allah. Éwa samantên saking pamêcanipun, siksa wau taksih kénging dipuntulak kalayan patobat. Sarêng sampun antawis tiga likur taun anggènipun mêmulang makatên wau, môngka tanpa dipun-gêga, lajêng kawangsit déning Pangéran, yèn siksa wau sampun mêsthi kalêksananipun. Malah amasthèkakên yèn tiyang ing karaton Yahuda badhé kaboyong dhatêng ing Babil laminipun ngantos pitung dasa taun. Para nabi anggènipun mêmêca asring mawi pralambang, kados ta ing satunggal dintên nabi Yirmaya tumbas guci dhatêng kundhi, lajêng dipunbanting wontên ngajênganing para imam tuwin para pinisêpuh, guci lajêng pêcah dados wingka. Nabi Yirmaya lajêng ngandika: "Dhawuhing Allah kaya rêmuking wadhah gêgawéaning kundhi, ora kêna kapulihaké manèh. Mêngkono uga ingsun angrêmuk Banisrail iku sanagarané, omah-omah lan kadhaton ing Yêrusalèm bakal binubrah, sabab Banisrail wus padha angutugi[214] brahala."

Botên antawis lami têtiyang ing karaton Yahuda sami sumêrêp kanyataanipun pamêcaning para nabi wau. Prabu NêbukhadnésarNebukadnezar # ratu ing nagari Babil anêlukakên karaton Yahuda. Ing ngriku prabu Yoyakhin lan prajuritipun salêksa, punapadéné para pangagêng, para pandhé utawi para undhagi sadaya sami kaboyong dhatêng ing Babil. Prabu Nêbukhadnésar tumuntên angadêgakên ratu sanèsipun anama raja SidkiaZedhekia #. Botên antawis lami sang raja Sidkiya aminta bantu tiyang ing Mêsir, kaajak anglawan dhatêng sang prabu Nêbukhadnésar. Tumuntên bala Kasdim angêrobi karaton Yahuda, angêpang nagari Yêrusalèm, dipunkêkahi déning tiyang Yahudi laminipun ngantos kalih taun. Saking sangêtipun awis têdha ngantos kalampahan tiyang èstri sami nêdha anakipun piyambak. Wêkasan nagari Yêrusalèm bêdhah, sang raja Sidkia lolos. Ananging kacandhak déning mêngsah, lajêng cinuplak mripatipun sarta kaboyong dhatêng nagari Babil. Sadèrèngipun kacuplak wau raja Sidkia mirsa yèn putranipun kakung sami kinisas. Lah ing[215] ngriku kalampahan pamêcanipun nabi Yêkhiskièl, yèn sang prabu badhé dumugi ing Babil sarta séda wontên ing ngriku, ananging tingalipun badhé botên mirsa ing tanah ngriku.

Nagari Yêrusalèm dalah Bétal Mukadas sami jinarah, sadaya binéngkas lan kabêsmi. Déné bêkakasipun masjitmasjid* ingkang pèni-pèni sami kacacahakên lan kabêkta dhatêng pamujan ing nagari Babil. Ananging mênggah pêthining prajanjéan botên wontên ingkang uninga kadadosanipun.

Wondéné tiyangipun ing karaton Yahuda sami kaboyong dhatêng ing Babil sadaya, panggènanipun kaprênca kados mrambut kabur ing angin. Anêtêpi pamêcanipun para nabi ing nguni, wontên ugi ingkang kakantunakên, inggih punika tiyang agêng sawatawis ingkang pancèn pinitados dhatêng sang prabu Nêbukhadnésar, punapa malih tiyang ingkang sami miskin.

Wontên panunggilanipun tiyang agêng wau ingkang nama Gêdalya, punika pinitados déning sang prabu angêrèh tanah Yahuda, nanging lajêng pinêjahan déning tiyang Yahudi. Wondéné nabi Yirmaya inggih kalilan déning sang prabu kantun wontên ing nagarinipun. Sabêdhahing Yê-[216]rusalèm, nabi Yirmaya lajêng anganggit sêrat pangadhuhipun.

50. Nabi DanièlDhaniel #

Tiyang Yahudi anggènipun wontên ing boyongan, sarèhning sampun têbih nagari tuwin masjidipun, sampun tamtu kémawon kathah kasusahanipun. Éwa samantên botên siniya-siya utawi kasami kaliyan tiyang têtumbasan. Malah wontên jêjaka Yahudi sawatawis saking karsaning sang prabu Nêbukhadnésar sami winulang kasagêdanipun tiyang Kasdim, kados ta: Danièl, SadrahSadrakh #, Mésah lan Abèdnégo, sapanunggilanipun. Jêjaka sakawan wau katêmahanipun ginanjar pangkat inggil. Ing ngriku lajêng sami sagêd damêl kasaénan dhatêng bangsanipun piyambak saha mradinakên agami dhumatêng tiyang kapir.

Wondéné jêjaka sakawan wau sami botên purun nêdha tuwin ngombé pêparingipun sang prabu, sabab ajrih durakanipun tiyang nêdha kharam. Panyuwunipun dhumatêng lêlurah mugi kaparingana toya tuwin rêjêki ingkang medal saking tanêm tuwuh kémawon. Sarèhning Allah a-[217]ngidini pikajênganipun ingkang samantên wau, amila bagas kasarasan tuwin kakuwatanipun angungkuli kônca-kancanipun sadaya. Sarêng sami kasowanakên dhatêng ngarsaning sang prabu, katitik bilih kasagêdanipun saèstu tanpa sasami, mila lajêng sami kaabdèkakên déning sang prabu.

Kocapa sang prabu Nêbukhadnésar anglêmpakakên êmas jêjarahan, kadamêl brahala, inggilipun ngantos sawidak asta. Sarêng sampun dados, lajêng animbali sawarnining para pangagêng saha anuding gandhèk, kinèn andhawuhakên undhang-undhang. Sawarnining tiyang ing samôngsa mirêng têngara lajêng samia sumungkêm sarta sujuda dhatêng brahala mas ingkang sampun kaadêgakên déning sang prabu punika. Sintên ingkang botên ngèstokakên dhawuh wau, amêsthi kacêmplungakên ing latu murub. Sarêng têngara sampun mungêl, para tiyang lajêng sami nêmbah brahala wau. Déné ingkang kacariyos botên tumut sujud namung tiyang têtiga, inggih punika Sadrah, Mésah lan Abèdnégo. Sarêng katur dhatêng sang prabu, tiyang têtiga wau lajêng sami tinimbalan. Pangandikanipun sang prabu: "Sabab apa sira ora gêlêm nêmbah sêsêmbahan êmas iku? Lah ing ngêndi ana[218] Allah kang bisa ngluwari sira saka ing astaningsun?" Aturipun tiyang têtiga wau: "Allah sêsêmbahan kawula sagêd angluwari kawula saking latu murub, utawi saking panguwasa dalêm, sanadyan botêna karsa ngluwari, kawula inggih botên purun nêmbah brahala kancana yasan dalêm punika." Sang prabu Nêbukhadnésar sakalangkung bramatyanipunbramantyanipun*, lajêng dhawuh andadosna latu agêngipun tikêl pitu kaliyan ingkang wau-wau. Sadrah, Mésah lan Abèdnégo lajêng sami ginodhi, tumuntên sami kacêmplungakên ing latu agêng wau. Saking déné agênging latu, têtiyang ingkang nyêmplungakên sami pêjah kasaladan. Sarêng tiyang têtiga wau sampun sami kacêmplungakên ing latu, sang prabu sakalangkung gumun. Déné amirsani Sadrah, Mésah lan Abèdnégo sami lumampah wontên salêbêting latu unjaran kémawon, malah wontên kancanipun malih satunggal. Paningalipun sang prabu kados putraning déwa. Saksana sang prabu Nêbukhadnésar lajêng marêpêki dhatêng panggènaning latu sarwi animbali: "Héh Sadrah, Mésah lan Abèdnégo, kawulaning Allah Kang Maha Luhur, sira padha mêtua!" Tiyang têtiga wau lajêng sami mêntas saking latu, pinanggih sandhangani-[219]pun botên wontên ingkang rêmpit, badanipun botên malonyoh, dalah rigmanipunrikmanipun* botên gêsêng. Sang prabu lajêng angandika: "Allahé wong têtêlu iku kaluhurna, déné wus angutus malaékaté anulungi kawulané kang padha kumandêl ing kuwasané." Sang prabu tumuntên angundhangakên dhumatêng wawêngkonipunwêwêngkonipun* sadaya, makatên: "Wong kang angala-ala Allahé Sadrah, Mésah lan Abèdnégo amêsthi dikisas." Déné tiyang têtiga punika lajêng sami kaparingan panguwasa agêng wontên ing karatonipun sang prabu.

Makatên ugi nabi Danièl sampun kaparingan pangkat inggil déning sang prabu Nêbukhadnésar, punapa malih putranipun sang prabu ingkang gumantos ing kaprabonipun anama sang rabu BèlsasarBelsyazar #, punika inggih sakalangkung ngurmati dhatêng nabi Danièl. Langkung malih sang prabu DariusDharius # ratu ing Médi. Nabi Danièl ngantos dipunpitadosi angrèh sapratiganing karatonipun, malah sêdyanipun sang prabu Darius, nabi Danièl badhé pinitados angrèh karatonipun sadaya. Mila para pangagêng sanèsipun sami mèri dhatêng kabêgjan ingkang samantên wau. Tê-[220]mah tansah sami ngupados kalêpatanipun nabi Danièl, ananging botên pinanggih. Têmahan para pangagêng wau sami saékapraya darbé atur dhatêng sang prabu supados angundhangna paréntah ing salêbêtipun kawandasa dintên botên kénging tiyang darbé panyuwun dhatêng satunggaling Allah utawi manungsa, ngamungna dhatêng sang prabu piyambak. Sintên-sintêna ingkang nêrak wêwalêr punika amêsthi kacêmplungakên luwênging singa. Sang prabu inggih anêmbadani panyuwuning para pangagêng ingkang makatên wau. Sanadyan sampun wontên undhang-undhang punika. Éwadéné nabi Danièl botên kêndhat anggènipun andêdonga maring Allah, kados ngadat ingkang sampun kalampahan, sadintên rambah kaping tiga wontên ing lotèng, jandhélanipun mênga kémawon. Wondéné para pangagêng wau botên sarônta, énggal angaturi uninga dhatêng sang prabu, wondéné sang prabu sangêt pangungunipun, kaduwung anggènipun andhawuhakên undhang-undhang wau. Karsanipun sang prabu badhé angalingi nabi Danièl, ananging pakèwêd anggènipun badhé ambibrah undhang-undhang wau. Wusana ngandika dhumatêng nabi Danièl: "Allah kang sira kawulani tan pêgat, muga amitu-[221]lungana ing sira." Nabi Danièl tumuntên kacêmplungakên ing luwênging singa. Wondéné sang prabu botên dhahar botên saré sadalu muput. Ing wanci bangun énjing énggal tindak dhatêng panggènaning luwêng, tumuntên animbali: "Héh Danièl, kawulaning Allah kang gêsang, Allah kang sira bêktèni apa nyata anulungi ing sira?" Aturipun nabi Danièl: "Inggih yêktos, Allah kawula sampun ngutus malaékatipun ambungkêm cangkêming singa, mila botên sagêd misakit dhatêng kawula." Sang prabu sakalangkung suka ing galih, lajêng dhawah angêntas nabi Danièl saking luwêng. Wondéné têtiyang agêng ingkang sami andakwa nabi Danièl wau lajêng sami kacêmplungakên ing luwêng, dèrèng ngantos dumugi ing ngandhap sampun sinandêr ing singa lajêng minôngsa. Sang prabu Darius tumuntên angundhangakên paréntah, kawulaningsun kabèh padha wêdia maring Allahé Danièl, sabab sagêd angluwari sarta amitulungi, miwah damêl têtêngêran ana ing langit utawa ing bumi.[222]

51. Nagari Yêrusalèm Binangun

Sarêng tiyang Yahudi anggènipun wontên ing boyongan sampun antawis pitung dasa taun. Nagari ingkang sami dipunênggèni kados ta ing Asur, ing Médi, lan ing Babil punika sami kabawah paréntahipun sang prabu Khorês ratu ing Pèrsi. Kocapa sang prabu anggènipun jumênêng dèrèng angsal sataun, lajêng angundhangakên dhawuh dhatêng sakathahing tiyang Yahudi ingkang sami manggèn wontên talatahipun. Dhawuhipun makatên: "Pangéran Allah ing Swarga wus andhawuhi ingsun, kinon ambangun padalêmané ing Yêrusalèm! Mulané sapanunggalmu kang kalêbu umaté iku padha muliha, sarta ambanguna Bétal Mukadas! Iya muga kajangkunga ing Allahé." Wondéné bêkakas êmas, bêkakas praboting masjid, ingkang sampun kajarah dhatêng ing Babil, punika kaparingakên wangsul dhatêng tiyang Yahudi, kathahipun gangsal èwu kawan atus.

Têtiyang ingkang taksih sami kèngêtan dhatêng Yêrusalèm inggih lajêng samêkta badhé mantuk, ananging sarèhning tiyang Yahudi kathah ingkang sampun sami kraos, punapa malih ingkang sampun sugih. Mi-[223]la ingkang sami mantuk namung wontên tiyang baku griya kawan lêksa kalih èwu. Tiyang samantên wau ingkang kathah têdhak Yahuda tuwin Lèwi, wondéné ingkang dados pangiridipun, pangulu imam anama Yusak, tuwin sêru Babil, têdhakipun Dawud. Sarêng sampun sami dumugi ing Yêrusalèm, ingkang dipun-garap rumiyin pakurbananing Pangéran, tuwin talêsing masjid dipunadhêpi para imam, sarwi amêmuji mawi angungêlakên salomprèt. Ananging para tiyang sêpuh ingkang sampun naté sumêrêp Bétal Mukadas yasanipun sang prabu Suléman, sadaya sami nangis, awit katawis bilih masjid ingkang sawêg ginarap punika badhé botên paja-paja angèmpêri masjid ingkang lami, mila sambating tiyang sêpuh awor lan bingah ing tiyang anèm.

Kacariyos tiyang Samaria lajêng sami makèwêdi dhatêng para tiyang ingkang sami nyambut damêl, tuwin mêmêngsahan, têmahan tiyang nambut karya sami kêndho manahipun. Ing ngriku wontên nabi kêkalih anama Khagai lan Sakarya, kautus déning Pangéran kinèn anglêlipur tuwin anggugah manahing tiyang Yahudi, têmah lajêng sami sêngkut malih anggènipun tumandang ing damêl, ngantos dumugi rampung-[224]ipun.

Botên antawis lami, wontên satunggaling ngulama bôngsa Yahudi ingkang sampun kawêntar mênggah kawicaksanan tuwin salèhipun, anama ÉsraEzra #. Punika angsal idinipun sang prabu ing Pèrsi, klilan ambiyantu murih rêjanipun nagari Yêrusalèm. Nuntên bidhal saking Pèrsi, kadhèrèkakên déning para pêpilihaning bangsanipun, saha kabêktanan déning sang prabu ing Pèrsi, awarni bêkakasing Bétal Mukadas ingkang taksih kantun wontên ing Babil. Sadhatêngipun Ésra ing Yêrusalèm, lajêng amranata bab agami lan padamêlaning para imam miturut pranatanipun nabi Musa. Éwa samantên tiyang Yahudi taksih kathah kasusahanipun, punapadéné nagari Yêrusalèm dèrèng katingal rêja. Mila makatên, awit tiyang Yahudi anggènipun ambangun baluwartining nagari tansah dipunrêsahi dhatêng bôngsa Samaria. Kacariyos wontên satunggaling bôngsa Yahudi dados juru larihipun sang prabu ing Pèrsi, anama NêkhamyaNehemya #. Punika klilan mantuk dhatêng Yêrusalèm, sarta kinèn ambangun baluwartinipun. Malah kinula wisudha dados adipati, pinasrahan angrèh tanah Yahudi sadaya.[225]

Dhasar para ratu ing tanah Pèrsi kathah kasaénanipun dhatêng bôngsa Yahudi. Kacariyos wontên satunggaling ratu anama Akhaswérus, punika akrama angsal prawan Yahudi anama Èster, anjalari kathahing pitulunganipun sang prabu dhumatêng bôngsa Yahudi, nalikanipun manggih pakèwêd agêng. Wondéné sang pramèswari Èster wau kagungan nak sadhèrèk, anama Mardêkhai. Punika sampun naté amêdhar wadosipun para tiyang ingkang sami saékapraya ngangkah sédanipun sang prabu, kaaturakên dhatêng sang pramèswari. Ing wingking Mardêkhai kinula wisudha dados patihipun sang prabu.

Mangsuli cariyosipun adipati Nêkhamya, lêstantun padamêlanipun ambangun kitha, sarta angêncêngakên sawarnining pranata. adipati Nêkhamya tuhu saé budinipun, salaminipun jumênêng adipati botên angsal pamêdal, malah sabên dintên anyugata tiyang satus sèkêt, tuwin nyambutakên lan amitulungi mawi artanipun piyambak, déné têtiyang ingkang sami nyambut wau botên tinagih. Sang adipati anyarirani garap baluwarti wau, para abdinipun inggih sami ngréncangi. Lah ingkang makatên wau saèstu dados têtuladanipun para sugih, lajêng sami anglilakakê-[226]n potangipun dhatêng têtiyang mlarat, sarta amangsulakên gantosan tanpa panêbus.

Iba sapintên kémawon kautamènipun ingkang sami ambangun wau, ananging sajatinipun ingkang ambangun punika dèrèng rawuh. Sawêg kapangandikakakên déning Pangéran, lantaran saking nabi Mal Akhi: "Lah Ingsun utusan malaékating-Sun bakal angrata dalan ana ing arsaning-Sun, môngka Gusti kang padha sira upaya rikat tumêka marang masjidé, apadéné malaékating prajanjéan kang padha sira arêp-arêp, iya têka." Lah mêngkono pangandikaning Pangéraning langit lan bumi.

52. Nabi Ayub

Ing tanah Us, wontên satunggaling nabi anama Ayub. Kagungan putra sadasa, ingkang jalêr pêpitu, ingkang èstri têtiga, sarta asugih raja kaya ingkang warni ménda pitung èwu, unta tigang èwu, lêmbu sèwu, kuldi gangsal atus, tuwin sugih réncang, mila kamulyanipun ngantos angungkuli tiyang bang wétan sadaya.[227] Para putranipun ingkang jalêr kêrêp adamêl bujana, gêntos-gêntos kémawon, sami ngajak sadhèrèkipun èstri. Para putra wau anggènipun damêl bujana sabên gangsal saubêngan, nabi Ayub lajêng kurban maring Pangéran, sacacahing putranipun, minôngka pangruwating dosanipun, kang awit nabi Ayub sumêlang bok manawi salêbêtipun bujana wau putranipun kénging dosa maring Allah.

Kacariyos ing satunggal dintên, para putra sawêg sami bujana sarwi kasukan, dumadakan wontên satunggal abdi sowan dhatêng nabi Ayub, aturipun: "Kagungan sampéyan lêmbu tuwin kuldi sami kabradhat déning tiyang Baduwi, malah ingkang angèn sami dipunpêjahi. Namung kula piyambak ingkang mrucut, lajêng angaturi uninga dhumatêng sampéyan punika." Dèrèng têlas aturipun abdi wau, lajêng katungka dhatêngipun abdi malih, aturipun: "Kagungan sampéyan ménda kasambêr ing gêlap latu, têlas kabêsmi dalah para pangènipun. Namung kula piyambak ingkang wilujêng, mila énggal lajêng ngaturi uninga punika." Abdi wau dèrèng dumugi anggènipun matur, kasaru dhatêngipun abdi malih, aturipun: "Kagungan sampéyan unta sami kaplajêngakên dhatêng[228] tiyang Kasdim. Ingkang angèn sami dipunpêjahi, namung kula piyambak ingkang mrucut, mila lajêng ngaturi uninga ing sampéyan." Dèrèng rampung aturipun abdi wau, lajêng wontên malih abdi dhatêng, aturipun: "Para putra sampéyan jalêr èstri sawêg sami bujana, dumadakan wontên angin agêng, anêmpuh griya ngantos angrêbahi para putra sampéyan wau, têmahan pêjah sadaya." Saksana nabi Ayub lajêng ngadêg, anyuwèk-nyuwèk sandhanganipun, lajêng sumungkêm ing siti sujud maring Pangéran. Wicantênipun: "Pangéran kang maringi, Pangéran kang mundhut, Pangéran kaluhurna." Sawêg samantên nabi Ayub botên manggih kalêpatan, tuwin botên maibên dhatêng Pangéran.

Kacariyos sangsaya kathah cobining Pangéran ingkang tumanduk dhumatêng nabi Ayub. Botên antawis lami nabi Ayub kacandhak sakit bibrah, badanipun sakojur kêbak mêmala, sakalangkung nisthanipun. Asring-asring lênggah wontên ing pawuhan, sarwi ngêrok malanipun, kalayan wingka. Garwanipun lajêng matur: "Sampéyan punapa taksih ngantêpi sêtya tuhu sampéyan maring Allah? Yèn sêmbada bok inggih sampéyan andum wilujêng atilar do-[229]nya kémawon." Nabi Ayub sakalangkung botên kadugi dhatêng rêmbagipun ingkang garwa wau, wangsulanipun: "Sarèhning aku wus nampani pira-pira kabêcikaning Allah, ing samêngko aku pinaringan kang ala, kapriyé gonku ora narima?" Dumugi samantên nabi Ayub botên kawêdal pangrêsulanipun.

Kocapa wontên mitraning nabi Ayub têtiga, sarêng mirêng mênggah sangsaranipun nabi Ayub, lajêng amrêlokakên tuwi, sêdyanipun badhé anglêlipur. Sarêng ningali nabi Ayub saking katêbihan, sami pandung, tumuntên sami anjêrit sarwi karuna, anênggani wontên sandhingipun ngantos pitung dintên pitung dalu, tanpa mawi imbal wicantên sakêcap-kêcapa, awit sami sumêrêp bilih sakitipun nabi Ayub anglangkungi rêkaosipun. Ing ngriku nabi Ayub lajêng kawêdal wicantênipun ingkang botên prayogi, angipat-ipati sariranipun piyambak, pangandikanipun: "Yèn kaya mêngkéné iki, luwih bêcik aku aja tumitah baé." Déné mitranipun têtiga wau sêmunipun sami maibên dhatêng kasalèhaning nabi Ayub, nanging botên kawêdal pasajanipun. Ingkang makatên wau nabi Ayub sangsaya botên sakéca manahipun, andadosakên ka-[230]thah wêdaling pangundhamananipun maring Allah.

Sarêng nabi Ayub angsal pangandikaning Allah piyambak, lajêng angakêni balilunipun, sarta lajêng analôngsa. Wusana nabi Ayub lajêng kabrêkahan déning Allah, anglangkungi ingkang sampun. Sêsakitipun têmah mulya, salajêngipun nabi Ayub apêputra jalêr pêpitu lan èstri têtiga, punapadéné rajakayanipun kaparingakên wangsul kalayan tikêl. Yuswanipun kasambêtan satus kawan dasa taun, ngantos mêningi canggahipun.