Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kitab Suci, Anonim, #1962 (Bagian 1)

Katalog:Kitab Suci, Anonim, #1962
Sambung:
1.Kitab Suci, Anonim, #1962 (Bagian 1). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1548.
2.Kitab Suci, Anonim, #1962 (Bagian 2) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1547.
3.Kitab Suci, Anonim, #1962 (Bagian 3) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1546.
4.Kitab Suci, Anonim, #1962 (Bagian 4) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1545.

Kitab Suci

[ii]

Pêpêthikan Saking Kitab Suci

Kathahipun Satus Sakawan Cariyos

[1]

1. Tumitahing Alam DonyaTidak ada nomor cerita

Kala purwanipun Allah anitahakên langit lan bumi. Môngka bumi punika wor suh lan suwêng, katingal sagantên katutupan ing têdhuh, môngka rohing Allah angrêm sanginggiling toya. Allah lajêng ngandika: "Padhanga!" Sanalika lajêng padhang. Allah tumuntên misahakên padhang saking pêpêtêng. Déné kang padhang wau kanamakakên rahina, ingkang pêtêng kanamakakên dalu. Ing ngriku lajêng wontên sontên kaliyan énjing, inggih punika dintên ingkang sapisan.

Sarêng dintên ingkang kaping kalih Allah anitahakên awang-awang kêkêmuling bumi, kanamakakên langit, kadamêl misahakên toya kang wontên ing nginggil kaliyan kang wontên ing ngandhap.

Ing dintên kaping tiga Allah amisahakên sagantên kaliyan dha-[2]ratan sarta anuwuhakên rumput, jêjanganan, lan kêkajêngan.

Dintên kang kaping sakawan Allah anitahakên surya, rêmbulan lan lintang-lintang.

Sarêng dintên ingkang kaping gangsal Allah anitahakên sawarnining sato ing toya, tuwin sato ibêran. Tumuntên sami dipunbêrkahi déning Allah, pangandikanipun: "Padha bêbranahana lan wuwuh-wuwuha!"

Ing dintên kang kaping nêm Allah anitahakên sato dharatan awarni-warni, kawêdalakên saking bumi. Allah tumuntêngntumuntên* ngandika: "Ingsun daknitahaké manungsa amirib lan Ingsun, anguwasanana sato-sato ing sagara, miwah sato ibêran lan sato dharatan, apadéné saisiné bumi kabèh." Ing ngriku Allah anitahakên manusa manungsa* sairib lan sariranipun, katitahakên mèmpêr lan Allah, inggih punika tiyang jalêr satunggal, kanamakakên Adam. Saha kaparingan tiyang èstri satunggal. Tumuntên sami ka-[3]bêrkahan, pangandikanipun: "Padha bêbranahana lan wuwuh-wuwuha, ngêbêkana salumahing bumi lan padha nguwasanana saisiné kabèh!" Allah aningali samukawis titahipun saèstu langkung déning prayogi.

Déné ing dintên kang kaping pitu Allah kèndêl anggènipun nitah-nitahakên wau, mila dintên kang kaping pitu punika kabêrkahan lan kasucèkakên déning Allah.

2. Wiwitipun Wontên Dosa

Allah ayasa patamanan anglangkungi saé wontên ing tanah Édèn, inggih punika ingkang kanamakakên Pirdus. Manungsa wau sami kaprênahakên wontên ing ngriku, kakarsakakên mulasara ing patamanan wau. Salêbêting Pirdus punika kathah[4] kêkajênganipun awarni-warni, éndah tiningalan, wohipun éca dhinahar. Satêngahing patamanan wontên uwit kêkalih, satunggal nama witing gêsang, satunggalipun nama witing pangawruh saé lan awon. Allah amacuhi dhumatêng manungsa, botên parêng yèn nêdha wohing wit pangawruh saé lan awon wau, pangandikanipun: "Sira mangana wohing wit-witan kang ana ing patamanan iku kabèh, mung wohing wit pangawruh bêcik lan ala iku baé aja sira pangan, samôngsa sira mangan wohing wit iku amêsthi sira bakal mati."

Ing satunggal dintên tiyang èstri wau mlampah-mlampah wontên sacêlaking wit pangawruh saé lan awon, lah ing ngriku wontên sawêr langkung déning julig awicantên dhatêng tiyang èstri wau: "Allah punapa botên ngandika dhumatêng sampéyan: 'Sira aja mangan sarupaning wowohan ing patamanan iku!'" Wangsulanipun tiyang èstri: "Aku klilan baé mangan wohing wit -witan ing patama-[5]nan, mung wohing wit kang ana ing têngah iki Allah wus angandika, 'Poma sira aja mangan wohing wit iku, anggêpok baé aja, supaya sira aja kongsi mati.'" Sawêr lajêng wicantên malih: "Botên-botênipun sampéyan pêjah, nanging Allah sampun mirsa, samôngsa sampéyan dhahar woh punika amêsthi mripat sampéyan kabuka, têmahan sampéyan sami lan Allah, sumêrêp ingkang saé tuwin ingkang awon." Saksana paningalipun tiyang èstri wau woh punika dhasar prayogi katêdha, saèstu aménginakên, langkung malih badhé anyagêdakên. Wasana amêthik wohipun, lajêng katêdha, punapadéné ingkang jalêr inggih dipunsukani, ugi lajêng katêdha. Sanalika tiyang sakaliyan wau mripatipun kabuka, sami rumaos yèn wuda, lajêng sami anyawung roning arah kadamêl awêr-awêr.

Sarêng wanci sontên pinuju wêdaling angin sumaribit,[6] sami mirêng suwaraning Allah apêpara wontên ing patamanan. Adam sasémahipun sami umpêtan, ampingan kajêng. Allah tumuntên animbali Adam, pangandikanipun: "Sira ana ing ngêndi?" Atur wangsulanipun Adam: "Kawula umpêtan wontên ing ngriki, ajrih mirêng suwara Tuwan wontên ing patamanan, amargi kawula wuda." Allah tumuntên ngandika malih: "Sapa kang nyumurupaké gonira wuda? Bok manawa sira wus mangan wohing wit kêkêraning-Sun." Aturipun Adam: "Pêparing Tuwan tiyang èstri punika ingkang nyukani dhatêng kawula, lajêng kawula têdha." Allah lajêng ngandika dhatêng tiyang èstri wau: "Ya géné sira nêrak wêwalêring-Sun?" Aturipun tiyang èstri wau: "Sawêr punika ingkang ngapusi dhatêng kawula, têmahan kawula têdha." Allah tumuntên ngandika dhatêng sawêr: "Sarèhné sira anglakoni mêngkono, kênaa ing ipat-ipat, angluwihi sato[7] kabèh. Sajêgira lakunira adalosor sarta panganira lêbu. Sira saturun-turunira Sunpasthi sêsatron lan wong wadon iki saturun-turuné. Turuné wong wadon iki bakal anggêcêg êndhasira, déné sira bakal anyakot tungkaké." Allah lajêng ngandika dhatêng tiyang èstri wau: "Sira bakal manak kalawan lara lan bakal dikuwasani ing lakinira." Allah tumuntên ngandika dhumatêng Adam: "Sarèhné sira miturut ujaring bojonira kongsi mangan wohing wit kêkêraning-Sun, mulané bumi kênaa ing ipat-ipat marga saka sira. Ênggonira mangan wulu wêtuné bakal kanthi kasusahan ing sajêgira. Apadéné bumi iku bakal thukul êri lan kêcubung, pamanganira rêjêki kalawan kringêtên kongsi tumêka ulihira marang lêmah kadadéanira. Sira iku kadadéan lêbu, iya bakal bali dadi lêbu." Adam lajêng namakakên sémahipun KhawaKawa #, têgêsipun baboning agêsang. Sakaliyanipun lajêng kadamêlakên sandhangan wacuca-[8]l déning Allah, tumuntên sami katundhung saking Pirdus. Déné margi ingkang dumugi witing gêsang punika, saking karsa Allah kajagi déning malaékat, asikêp pêdhang ligan murub.

3. Kain lan AbilAbel #

Putraning nabi Adam ingkang pambajêng anama Kain, panênggakipun anama Abil. Kain padamêlanipun angolah siti, déné Abil padamêlanipun angèn ménda. Kacariyos ing satunggal dintên sadhèrèk kêkalih wau sami nyaosakên kurban maring Pangéran. Kurbanipun Kain awarni pamêdaling siti, déné kurbanipun Abil awarni pambajênging méndanipun. Ing ngriku kurbanipun Abil katarimah déning Pangéran, kurbanipun Kain botên, amargi Abil punika sa-[9]lèh, Kain botên. Kain tumuntên muring-muring sangêt, ulatipun amarêngut, Pangéran lajêng angandika dhumatêng Kain: "Ya géné sira mêngkono? Kawruhanira yèn dhasar sira bêcik, amêsthi Ingsun tarima, déné yèn sira ora bêcik, dosa iku tansah angarah ing sira, nanging sira aja têluk, malah têlukna." Ing ngriku Kain aruh-aruhan malih kaliyan Abil ingkang rayi. Sarêng sami wontên ing sabin, Kain anandukakên panganiaya. Abil lajêng dipunpêjahi.

Pangéran tumuntên angandika dhumatêng Kain: "Adhinira si Abil ana ing êndi?" Aturipun Kain: "Kawula botên sumêrêp, punapa kawula êmbanipun adhi kawula?" Pangéran amangsuli pangandika: "Sira anglakoni apa? Déné gêtihé adhinira têka sê-[10]sambat marang Ingsun. Saiki sira kênaa ing ipat-ipat ana ing bumi, awit bumi iku nêsêp gêtihé adhinira. Gonira angolah bumi ing têmbé bakal ora mêtu wohé lan sira bakal ngulandara." Kain tumuntên matur ing Pangéran: "Dosa kawula sakalangkung agêngipun ngantos botên kénging dipunapuntên. Sintên-sintêna ingkang kapanggih kaliyan kawula tamtu badhé mêjahi." Pangéran tumuntên damêl têtêngêran dumunung wontên ing badanipun Kain supados sampun ngantos dipunpêjahi. Sêsampuning makatên, Kain lajêng késah saking ngarsaning Pangéran, manggèn wontên ing tanah Nod, sawétaning tanah Èdèn. Mênggah anak putunipun sami ambêk sumangkéyan, anuruni bapakipun, saha sami botên éring dhatêng Pangéran.[11]

Kacariyos wontên turunipun Kain têtiga, ingkang satunggal wasta Yabal, punika ingkang amurwani padamêlan angumbara angèn raja kaya, satunggalipun anama Yubal, punika ingkang amurwani pirantosing lêlagon. Satunggalipun malih anama Tubal Kain, punika ingkang amurwani padamêlan pandhé tuwin sayang.

Sapêjahipun Abil, Khawa lajêng ambabar putra kakung malih, kaparingan nama SisSet #, têgêsipun: lêlintuning kaicalan. Punika anurunakên satunggaling tiyang ingkang sakalangkung salèh anama ÊnohEnos # (Idris) botên pêgat anggènipun madhêp maring Allah, têmahan kainggahakên dhatêng ing Swarga tanpa nglampahi pêjah. Wondéné Énoh wau gadhah putra satunggal, anama MatusalahMetusalakh #. Sami-sami manungsa Matusalah wau umuripun panjang piyambak ngantos sangangatus sawidak sanga taun.[12]

4. Bumi Kinêlêm

Manungsa sangsaya mindhak kathahipun, sangsaya mindhak piawonipun. Allah tumuntên angandika: "Manungsa iku badan wadhag, mulané ora gêlêm kaparéntah déning rohing-Sun, bakal Sunsabari satus rong puluh taun êngkas." Sarêng Pangéran aningali manungsa botên purun tobat, malah sangsaya andadra piawonipun, Pangéran tumuntên angandika: "Ingsun bakal nyirnakaké manungsa titahing-Sun." Môngka ing ngriku wontên tiyang salèh satunggal anama ÊnuhNuh #, punika ingkang manggih sih piwêlasing Allah, mila kadhawuhan pangandikaning Allah makatên: "Sira agawéa prau apétak-pétakan, nganggoa lawang lan jandhéla, dawané têlungatus asta, ambané sèkêt asta, dhuwuré têlung puluh asta, sabab Ingsun bakal angêlêm bumi. Déné sira saanak bojonira[13] lan mantunira padha lumêbua ing prau mau sarta anggawaa sakutu-kutu walang ataga nyajodho, supaya dadia bibit ana ing bumi, lan asangua sarupaning pangan." Nabi Ênuh tumuntên anglampahi samukawis dhawuhing Allah wau. Déné tiyang kathah sami botên manah mênggah dhawuhing Allah wau, sami andalurung pamurangsarakipun. Nabi Ênuh lajêng lumêbêt ing baita sarayatipun saha bêbêktinipun. Kala samantên yuswanipun nabi Ênuh nêmatus taun, Allah tumuntên nginêbi kontêning baita, lah ing ngriku dhasaring sagantên sami bêngkah, kontêning langit sami mênga, dhawahing jawah kados dipunsokakên. Ingkang makatên wau laminipun ngantos kawandasa dintên kawandasa dalu. Ing sabên dintên toya sangsaya mindhak agêng, angumbulakên baita têmah kumambang. Saking agênging toya ngantos anyilêpakên pucaking rêdi ingkang inggil-inggil, déné kasilêping pucak wau ngantos gangsal wêlas asta. Sarêng sampun antawis gangsal wulan, punika katoging toya,[14] ing ngriku sakathahing tiyang tuwin sawarnining sato dharatan sami pêjah sadaya, namung nabi Ênuh sakancanipun tuwin sato kéwan ingkang sami kabêkta wontên ing baita punika ingkang wilujêng. Sarêng sampun kalangkung gangsal wulan, Allah andhatêngakên angin, têmahan toya wiwit surud, baitanipun nabi Ênuh wau lajêng kandhas wontên ing rêdi Ararat. Sarêng sampun angancik sadasa wulan, pucaking rêdi-rêdi sami katingal malih. Sarêng sampun antawis kawandasa dintên êngkas, nabi Ênuh angêngakakên jandhéla, tumuntên anguculakên gagak. Gagak wau anggènipun mabur awongsal-wangsul, nanging botên malêbêt ing sêngkêran malih. Nabi Ênuh tumuntên nguculakên dara, punika lajêng wangsul lumêbêt ing kurunganipun malih. Antawis pitung dintên êngkas, dara wau kauculakên malih. Sêsampuning mabur lajêng wangsul sarwi anggondhol pupusing kurma. Antawis pitung dintên malih nabi Ênuh nguculakên dara malih, lah punika pun dara lajêng mabur bablas botên wangsul-wangsul. Na-[15]bi Ênuh tumuntên bikak tutuping baita, ningali toya sampun asat, sarêng sampun antawis kalih wulan, siti sampun gasik. Nabi Ênuh sakancanipun nuntên sami mêdal saking baita. Sawêdalipun wau nabi Ênuh lajêng nyaosakên kurban, minôngka tôndha panuwun maring Pangéran. Ing wêkdal punika Pangéran angandika: "Ing têmbé Ingsun ora angipat-ipati bumi manèh kang marga saka dosaning manungsa, sabab pikiré ala cilik mula ing têmbé bumi iku tulus sajêgé, tansah kasêbaran wiji lan kaundhuh, ora pêgat adhêm panas, môngsa katiga lan rêndhêng, rahina lan wêngi." Ing ngriku Allah ambêrkahi dhumatêng nabi Ênuh sarta adamêl prajanjéan, kados ingkang kasêbut ing nginggil wau, déné ingkang kadamêl têtêngêran punika kluwung, pangandikaning Allah: "Iku têngêring prajanjéaning-Sun, lan sarupaning kang urip ana ing bumi."

Wondéné putraning nabi Ênuh ingkang sami tumut wontên ing baita wau têtiga, inggih punika: Sèm,[16] KhamKam #, lan Yafèt, punika ingkang sami nurunakên sakathahing manungsa sêsampuning bumi kinêlêm.

5. Panggung ing Babil

Kala sédanipun nabi Ênuh yuswa sangangatus sèkêt taun, dados sêsampuning bumi kinêlêm taksih sugêng tigangatus sèkêt taun. Sêsampuning nabi Ênuh botên wontên tiyang ingkang nyandhak samantên umuripun. Déné umuripun Sèm andungkap nêmatus taun. Wiwit nalika punika karosaning tiyang sangsaya suda, katôndha saking umur-umuranipun botên antawis lami sêpuh-sêpuhipun tiyang namung umur kawanatus taun, botên antawis lami malih malah namung kalihatus taun.

Ing jaman punika wiwit wontên tiyang ambawahakên saha masésa sêsamining tiyang, inggih punika NamrudNimrod #, wayahipun Kham. Ingkang wau padamêlanipun ambêbêdhag, sakalangkung kuncaranipun lajêng amurwani yasa kara-[17]ton ing nagari Babil.

Kala samantên sakathahing tiyang basanipun sami kémawon. Kocapa têtiyang kang sami manggèn ing tanah SingarSinear # sapinggir bênawi Frat, punika sabiyantu badhé yasa nagari, mawi panggung inggil, wagêda sundhul ing langit. Ingkang makatên wau pikajêngipun supados misuwura namanipun, ngiras kadamêl têtêngêran, murih tiyang-tiyang wau sampun ngantos pating salêbar ing salumahing bumi. Nanging prakawis punika Pangéran botên amarêngi, mila lajêng tumêdhak, angisruhakên têtêmbunganipun tiyang wau, dados sami botên mangrêtos wicantêning kancanipun. Wusana anggènipun yasa nagari wau wandé, kala samantên têtiyang lajêng sami buyar, déné salajêngipun sami pating salêbar, ngênggèni salumahing bumi sadaya.[18]

6. Nabi Ibrahim Tinimbalan, Pêpisahan lan Kapénakanipun Nama Lut

Kocapa ing nagari Urkasdim, wontên turunipun Sèm satunggal, anama Térah, putranipun têtiga, inggih punika: Abram, Nahor, lan AranHaran #. Sarêng Aran sampun pêjah, Térah sarayatipun lajêng sami ngalih dhatêng nagari Aran, tanah ing Mésopotami.

Kala samantên manungsa sampun dados pérangan bôngsa kathah, kêdhik ingkang nêmbah maring Allah sajati. Ing ngriku Pangéran ngandika dhumatêng Abram: "Sira ninggala tanah kalairanira, mênyanga ing tanah kang bakal Suntuduhaké marang sira! Ing kono sira Sunpêncaraké dadi bôngsa gêdhé, lan sira Sunbêrkahi, sarta jênêngira Sun-gawé mulya, sira kang minôngka bêrkah, sing sapa ngasihi sira iya Sunsihi, mêngkono uga sing sapa ngipat-ipati sira iya Sunipat-ipati, para jinis kabèh bakal o-[19]lèh sih jalaran saka sira."

Nabi Abram satampining dhawuh tumuntên bidhal, ingkang kabêkta garwanipun anama SarahSarai # kaliyan kapénakanipun anama Lut. Kala samantên yuswanipun nabi Abram sawêg pitungdasa gangsal taun. Sarêng lampahipun dumugi ing tanah KênanganKanaan #, nabi Abram dipunkatingali ing Pangéran, saha kadhawuhan ing pangandika makatên: "Mungguh tanah iki bakal Sunparingaké ing turunira" Nabi Abram tumuntên yasa pakurbanan wontên ing ngriku, sarta amêmuji dhatêng asmaning Pangéran.

Kacariyos nabi Abram lan Lut wau sami gadhah rajakaya anglangkungi kathah, ngantos siti ing ngriku botên anyêkapi kadamêl angèn rajakaya wau, têmahan pangènipun nabi Abram sami rêbatan pangènan kaliyan pangènipun Lut. Nabi Abram tumuntên pirêmbag dhatêng Lut: "Sarèhné aku lan kowé padha sanak, kang môngka tanah iki jêmbar, amurih aja ana padu, aku lan kowé, utawa pangonku lan pangonmu, bêcik padha//[20] pêpisahan baé, yèn kowé mangiwa lah aku kang manêngên, apadéné yèn kowé manêngên, lah aku kang mangiwa." Lut tumuntên amilih siti sacêlaking bênawi Yardén, kalêbêt laladaning SadumSodom # lan NgamorahGomora #. Siti punika sakalangkung déning loh jinawi, sampun kados taman ing Pirdus, Lut tumuntên manggèn ing ngriku, déné nabi Abram tumuntên pindhah dhatêng wana MamrèhMamre # sacêlaking nagari KhébronHebron #.

Botên antawis lami sang prabu ing nagari Élam, anama KédarlangomêrKedorlaomer #, punika anglurugi pêrang dhatêng raja Sadum lan Ngamorah, têmah sami kèngsêr sabalanipun. Griya-griya ing ngriku sami dipunrayahi, punapadéné tiyang ingkang kacêpêng sami kaboyong, Lut ugi tumut kaboyong. Ing ngriku wontên satunggaling tiyang ing nagari Sadum, lumajêng ngaturi uninga dhatêng Abram, mênggah kadadosaning pêrang wau. Nabi Abram tumuntên ngalêmpakakên abdinipun, cacah tiyang tigang-[21]atus wolulas, sami mirantos ing dêdamêl, lajêng sami nututi raja Kédarlangomêr wau, katukup wontên ing pasipêngan, têmah kaplajêng. Lut saanak bojonipun punapadéné bala ing Sadum sadaya dalasan barang jarahan, sami kénging karêbat. Sakonduripun, nabi Abram kapêthuk déning MalkisèdèkMelkisedhek #, ratu ing nagari Salèm, ngiras imaming Allah Kang Maha Luhur, punika anandukakên roti kaliyan anggur dhatêng nabi Abram, sarwi pêpujinipun makatên: "Abram mugi kabêrkahan déning Allah Kang Maha Luhur, ingkang kagungan Swarga lan bumi, Allah inggih kaluhurna, déné sampun angulungakên mêngsah dhatêng asta sampéyan."

Kacariyos, raja ing Sadum amanggihi dhatêng nabi Abram, anêdha tiyang bêboyongan kawulanipun piyambak. Déné barang jarahan lêstantuna dados kagunganipun nabi Abram. Ananging wangsulanipun nabi A-[22]bram: "Dêmi Allah Ingkang Maha Luhur, kula botên purun mêndhêt kagunganipun sampéyan saêlêr utawi sajangêting tarumpah kémawon, supados ing wingking sampéyan sampun ngantos anêmbungakên: 'Aku kang nyugihaké Abram.'"

7. Kumandêlipun Nabi IbrahimAbraham #

Botên antawis lami nabi Abram dipunkatingali ing Allah sarta kadhawuhan: "Hé Abram, sira aja wêdi! Ingsun iki tamèngira lan ganjaranira kang luwih gêdhé." Kacariyos ing satunggal dintên nabi Abram angraosakên prihatin margi anggènipun botên kagungan putra. Pangèran tumuntên angandika dhumatêng Abram: "Sira tumêngaa marang langit, amilanga sakèhing lintang. Sira apa bisa wruhanira ing têmbé turunira kaya lintang iku akèhé?"[23] Nabi Abram inggih kumandêl maring Pangéran, môngka kumandêlipun wau kaanggêp déning Pangéran dados kautamènipun.

Wondéné nabi Abram kala yuswa sangangdasa taun kadhawuhan pangandikaning Pangéran malih: "Ingsun iki Allah Kang Maha Kuwasa, sira madhêpa marang Ingsun kalawan têmên-têmên. Ingsun arêp gawé prajanjéan lawan sira lan turunira Sunakèhaké kang luwih bangêt. Mulané jênêngira Abram Sunpundhut, samêngko sira Sunparingi jênêng Ibrahim. Sabab sira Sundadèkaké lêluhuring bôngsa akèh." Allah tumuntên andhawuhakên pranatpranatan* ingkang winastan têtak, minôngka têtêngêraning prajanjéan wau.

Pangéran lajêng angatingali malih dhumatêng nabi Ibrahim wontên ing wana Mamrèh. Kala samantên nabi Ibrahim anglêrêsi lênggah wontên ing tarubipun sangajênging kontên, anuju wanci têngangé. Sarêng nabi Ibrahim tumênga, aningali wontên tiyang têtiga.[24] Nabi Ibrahim gupuh amêthukakên sarwi umatur kalayan sumungkêm: "Tuwan, mênawi wontên sih piwêlas Tuwan dhumatêng kawula, Tuwan kawula aturi pinarak, badhé kula pêndhêtakên toya wijik suku. Sumôngga Tuwan pinaraka sangandhaping uwit punika, kawula saosi roti pisan." Nabi Ibrahim tumuntên sigra-sigra lumêbêt ing tarub, angandika dhumatêng Sarah ingkang garwa: "Dèn énggal ngratêngana apêm!" Nabi Ibrahim lajêng mragat pêdhèt lêma. Sêsampuning kaolah lajêng kaladosakên, tumuntên sami dhahar.

Sêsampuning dhahar Pangéran angandika makatên: "Bésuk sataun êngkas Ingsun bali mréné lan wruhanira Sarah iku bakal duwé anak lanang." Kala samantên Sarah pinuju lênggah sawingkinging kontên tarub. Sarêng mirêng pangandikaning Pangéran ingkang makatên wau lajêng gumujêng. Ing ngriku Pangéran andangu sabab apa Sarah gumuyu, yèn mungguhing Pangéran a-[25]pa ana prakara kamokalan.

8. Pandonganipun Nabi Ibrahim

Tamu têtiga wau lajêng sami mangkat anglajêngakên tindakipun dhatêng nagari ing Sadum, nabi Ibrahim andhèrèkakên. Wontên ing margi Pangéran angandika: "Ibrahim môngsa ora Sunbêlakanan prakara kang bakal Sunlakoni iki. Awit para jinis kabèh bakal olèh sih marga saka dhèwèké. Lan manèh wus Sunpiji amaréntahana anak putuné, padha ngambaha dêdalaning Pangéran kalawan anglakoni kang bênêr bêcik." Saksana Pangéran aparing priksa dhumatêng nabi Ibrahim, mênggah anggènipun badhé ngrisak ing nagari Sadum lan Ngamorah satiyangipun sadaya, margi saking kathahing durakanipun. Nabi Ibrahim lajêng marêk wontên ngarsaning Pangéran sarwi umatur: "Punapa Tuwan badhé numpês tiyang saé[26] katut ing tiyang kang awon? Manawi salêbêting nagari wontên tiyangipun saé sèkêt, punapa Tuwan botên ngapuntên ingkang kathah-kathah margi tiyang saé wau?" Pangéran lajêng mangsuli pangandika: "Yèn ing Sadum ana wongé bêcik sèkêt, kang akèh-akèh iya Sunapura, awit saka wong sèkêt mau." Nabi Ibrahim tumuntên matur malih: "Sanadyan kawula punika lêbu tuwin awu, éwadéné kawula kamipurun darbé atur ing Tuwan: Manawi tiyang saé sèkêt wau wontên kirangipun gangsal kémawon, punapa nagari punika tamtu Tuwan tumpês?" Wangsulaning Pangéran: "Amêsthi ora Suntumpês nagara iku yèn ana wongé bêcik patang puluh lima baé." Nabi Ibrahim tansah umatur ngawis: "Ing nagari punika manawi wontên tiyangipun saé kawandasa, utawi tigangdasa, utawi kalihdasa, bok manawi ingkang saé namung tiyang sadasa Pangéran inggih nyagahi?" Pangandikanipun: "Sok dhasar ana wongé kang[27] bêcik sapuluh baé, nagara iku iya ora Suntumpês." Saksana Pangéran linggar, punapadéné nabi Ibrahim inggih kondur.

9. Risaking Nagari Sadum kaliyan Ngamorah

Sarêng ing wanci sontên, malaékat kêkalih ingkang andhèrèkakên Pangéran wau sami rawuh wontên ing nagari Sadum. Ing ngriku Lut kaparêng lênggah wontên sakèthènging nagari. Sarêng ningali rawuhipun malaékat kêkalih wau, kinintên bilih punika tiyang lêlampah. Saksana lajêng amêthukakên tuwin angacarani, kaaturan nyaré wontên ing griyanipun, sangêt- sangêt ing pangudinipun. Malaékat kêkalih wau inggih anglêgani. Sêsampuning sami lênggah lajêng kaaturan dhahar. Sarêng ing wanci dalu têtiyang ing Sadum sêpuh anèm sami dhatêng ing griyanipun Lut, sumêdya nandukakên piawon dhatêng tamu kêka-[28]lih wau. Tumuntên sami dipunpanggihi déning Lut saha sami dipunpênging, ananing botên kénging. Malaékat kêkalih tumuntên sami mêdal anggèndèng Lut dhatêng salêbêting griya. Kontên lajêng dipunkancing. Déné têtiyang kang wontên ing jawi sami kwalat dhatêng malaékat wau. Mripatipun sami wuta têmah bingung sami mèk-mèkan ngupadosi kontêning griyanipun Lut botên pinanggih. Malaékat wau lajêng ngandika dhumatêng Lut: "Ing kéné yèn kowé isih duwé kulôwangsa padha jakên mêtu mênyang sajabaning kutha! Marga têkaku iki ingutus déning Allah angrusak nagara iki." Lut tumuntên anyariyosi dhumatêng badhé mantunipun, ananging calon mantu wau sami maibên, dipunwastani sêmbranan kémawon.

Sarêng ing wanci bang-bang wétan, malaékat angatag Lut kapurih gêgancangan mêdal saking nagari. Ananging Lut tansah andêdangu ngantos malaékat wau anganthi astanipun Lut saanak rabinipun, sa-[29]mi kairitkairid* mêdal saking nagari ing Sadum. Sarêng dumugi sajawining nagari, malaékat angandika: "Kowé padha angrêbuta uripmu, aja nolah-nolih lan aja mandhêg ana sawawêngkonésawêwêngkoné* kéné, supaya aja kongsi katut katumpês." Sawêdalipun surya tindakipun Lut sampun dumugi ing nagari SoarZoar #. Saksana Allah anjawahakên walirang tuwin latu saking langit dhatêng nagari ing Sadum miwah ing Ngamorah wau, sarta anumpês nagari punika sawêwêngkonipun sadaya. Kacariyos sémahipun Lut kala wontên ing margi anolih. Ing sanalika punika lajêng malih dados tugu sarêm.

Wondéné nabi Ibrahim ing wanci énjing punika ugi dhatêng ing panggènan anggènipun ngadhêp wontên ngarsaning Pangéran wau. Anyawang nagari Sadum lan Ngamorah katingal wontên kukus kumêlun saking bumi kados kukusing kundhi.[30]

10. Lairipun Nabi IskhakIskak #, IsmangilIsmael # Katundhung

Sarêng nabi Ibrahim yuswa satus taun, Allah anuhoni prasêtyanipun. Sarah ambabar putra kakung kanamakakên Iskhak. Ananging kala samantên nabi Ibrahim sampun kagungan putra kakung patutan saking AgarHagar # sêliripun, anama Ismangil. Kala panyapihipun Iskhak, nabi Ibrahim damêl bujana agêng, ing ngriku Ismangil karêm sêsêmbranan. Sarêng Sarah sumêrêp lajêng matur dhatêng nabi Ibrahim: "Pawongan punika saanakipun mugi katundhunga kémawon!" Aturipun Sarah makatên wau sangêt andadosakên rênguning nabi Ibrahim. Pangéran lajêng ngandika dhumatêng nabi Ibrahim: "Sira aja rêngu! Apa kang dadi aturé Sarah sira turutana baé, sabab turunira kang ngêmban prajanjéaning-Sun iku bakal mêtu saka pancêring Iskhak. Éwadéné anakira kang patutan saka pawonganira iku iya[31] Sundadèkaké bôngsa gêdhé." Énjingipun nabi Ibrahim anundhung Agar saputranipun sarta sinangonan roti lan toya.

Agar tumuntên mangkat, lampahipun kasasar wontên ngara-ara ing BèrsébaBersyeba #. Dumugi ing ngriku sangunipun toya têlas, môngka botên wontên sêndhang. Sarèhning anakipun kasatan sangêt, tumuntên kasèlèhakên wontên sangandhaping kêkajêngan. Agar lajêng lênguk-lênguk sarwi ngadhêp anakipun saking katêbihan amargi botên wêntala ningali, awit sampun katamtokakên pêjah. Botên antawis dangu Allah miyarsakakên sêsambating Ismangil. Saksana malaékating Allah anguwuh-uwuh dhatêng Agar, pangandikanipun: "Hé Agar, ya géné ta kowé? Kowé aja sumêlang!" Saking pitêdahing Allah, Agar dumadakan aningali wontên sêndhang. Anakipun lajêng dipunombèni.

Môngka Allah anjangkung dhatêng Ismangil. Sarêng sa-[32]mpun diwasa manggèn wontên ing ara-ara paran, dados pambêdhag kang wasis. Ismangil punika anurunakên ratu kalih wêlas sarta dados lêluhuripun bôngsa Ismangil, inggih punika bôngsa Ngarab.

11. Nabi Iskhak Badhé Kadamêl Kurban

Sarêng antawis lami, Allah karsa anyobi dhumatêng nabi Ibrahim, pangandikanipun: "Anakira ontang-anting si Iskhak, kang sira trisnani iku gawanên marang gunung kang bakal Suntuduhaké ing tanah Moria. Ana ing kono gawénên kurban obaran!"

Kawuwusa énjingipun nabi Ibrahim andadosi kuldi lajêng bidhal. Kadhèrèkakên Iskhak tuwin réncang kêkalih, kabêktanan kajêng sigaran.

Sarêng angsal lampahan tigang dintên, nabi Ibrahim tu-[33]mênga aningali panggènanipun saking katêbihan. Tumuntên andhawuhi réncangipun kêkalih wau: "Kowé padha tunggua kuldi iki ana ing kéné baé! Iskhak arêp takgawa banjur mrono. Déné mêngko sawusing sêmbahyang aku iya padha bali mréné." Saksana nabi Ibrahim anglajêngakên tindakipun sarwi nyangking latu tuwin lading, kadhèrèkakên Iskhak, sarwi anggéndhong kajêng. Sarêng wontên ing margi, Iskhak matur dhatêng ingkang rama: "Dhuh rama, anggèn sampéyan badhé saos kurban punika, mênggah latu tuwin kajêngipun sampun wontên, wangsul cêmpénipun punika wontên ing pundi?" Wangsulanipun nabi Ibrahim: "Ênggèr, Allah piyambak kang bakal angrupakaké cêmpé kang ginawé kurban obaran." Tumuntên sami nglêstantunakên tindakipun.

Sarêng dumugi ing panggènan, nabi Ibrahim ayasa pakurbanan lan anata kajêng wontên sanginggili-[34]pun. Sêsampuning rampung, nabi Ibrahim lajêng anangsuli putranipun, nuntên katumpangakên ing kajêng wau. Nabi Ibrahim lajêng angasta lading. Sarêng astanipun tumêlung badhé amragat ingkang putra, lah ing ngriku malaékating Pangéran anguwuh-uwuh saking Swarga: "Héh Ibrahim, Ibrahim, pangandikaning Allah marang sira, bocah iku aja sira kapak-kapakaké! Samêngko Ingsun wêruh yèn sira dhasar wêdi maring Allah, kongsi ora ngéman anakira kêkasih kang Sunpundhut." Nabi Ibrahim lajêng anolih, lah ing ngriku wontên ménda jalêr, singatipun kacangkol ing garumbul, punika lajêng kadamêl kurban, minangka lêlintuning putranipun.

Malaékat wau lajêng anguwuh-uwuh malih saking Swarga: "Héh Ibrahim, dhawuhing Allah marang sira mangkéné: 'Dêmi Ingsun pribadi, sarèhning sira wus anglakoni kang dadi paréntahing-Sun,[35] kongsi ora angéman anakira. Mulané turunira bakal Sunbêrkahi, Sunkèhaké kaya lintang ing langit. Mêngkono uga para jinis kabèh bakal padha olèh sih marga saka ing sira.'"

Sêsampuning makatên nabi Ibrahim wangsul dhatêng panggènaning réncangipun malih, Iskhak ugi andhèrèkakên, lajêng sami kondur dhatêng ing Bèrséba.

12. Kramanipun Iskhak

Nalika Sarah sampun yuswa satus pitulikur taun lajêng séda wontên ing nagari Khébron. Dipuntangisi déning nabi Ibrahim, lajêng kasarèkakên wontên ing gua Makpélah Makhpela #. Inggih punika anggènipun tumbas gadhahanipun tiyang ngriku badhé kadamêl pasaréan ing salami-[36]nipun.

Nalika samantên nabi Ibrahim inggih sampun sêpuh, kang môngka Iskhak putranipun dèrèng kakramakakên. Ing ngriku nabi Ibrahim lajêng animbali satunggal abdinipun ingkang pinitados anguwasani samukawis kagunganipun. Saksana abdi wau sowan wontên ngarsanipun nabi Ibrahim, lajêng kadhawuhan makatên: "Kowé angupayakna jodho anakku Iskhak, kang kalêbu kulawangsaku ing bumi wutah gêtihku. Poma aja kopèkaké jodho ing tanah Kênangan kéné, marga iku ênggoné wong padha nêmbah brahala!" Pun abdi wau matur sandika, nuntên kasumpah. Saksana lajêng bidhal ambêkta unta sadasa, kamomotan barang pèni-pèni kagunganing bêndaranipun minôngka sêdhiyaning pamêthuk. Lampahipun lêstantun saéngga dumugi sacêlakipun na- [37]gari ing Aram, inggih punika panggènanipun Nakhor, sadhèrèkipun nabi Ibrahim. Ing ngriku lajêng anjêrumakên untanipun wontên sapinggiring sêndhang. Pun abdi wau lajêng nyênyuwun maring Allah: "Dhuh Pangéran Allahing Ibrahim bêndara kawula, mugi rumêntah asih Tuwan dhatêng Iskhak. Ing dintên punika anggèn kawula kêkésahan mugi angsala damêl." Lah punika laré-laré èstri sami mêdal badhé ngangsu mriki. Ing mangké kula badhé damêl panitikan. Kawula badhé wicantên dhatêng salah satunggaling laré punika: 'Aku wènèhana ngombé saking êjunmu!' Dhuh Gusti, laré-laré wau pundi ingkang Tuwan karsakakên dados jodhonipun Iskhak, kawula suwun mugi mangsulana dhatêng kawula makatên: 'Sumôngga sampéyan ngunjuk, punapadéné unta sampéyan inggih badhé kula ombèni pisan.'"[38]

Sêsampuning makatên, lah ing ngriku wontên satunggaling laré èstri dhatêng sarwi angindhit êjun. Pun abdi wau kagawokan aningali éndahing warninipun kang sarta taksih kênya. Laré èstri wau sêsampuning angisèni êjunipun, abdi wau lajêng amêthukakên sarwi wicantên: "Aku wènèhana ngombé sathithik saking êjunmu!" Wangsulanipun: "Sumôngga sampéyan ngunjuk, punapadéné unta sampéyan inggih badhé kula ombèni pisan." Sêsampuning abdi wau ngunjuk, kênya wau lajêng angangsokakên untanipun sadasa. Ing ngriku pun abdi anjêtung, lajêng amêndhêt supé jêné kaliyan sangsangan jêné sarakit. Sami kaanggèkakên laré èstri wau, tumuntên apitakèn: "Ênggèr, kowé iku anaké sapa?" Wangsulanipun: "Nama kula pun Ribkah anakipun Bêtuèl." Déné Bêtuèl punika putranipun NakhorNahor # lan MilkahMilka #. Pun abdi lajêng sujud sumungkêm dha-[39]têng Pangéran, anyaosi panuhun: "Pangéran kaluhurna, déné tansah agêng sih lan kasêtyanipun dhumatêng bêndara kawula, saha angirid lampah kawula dumugi griyaning sadhèrèkipun bêndara kawula."

Ribkah lajêng mantuk, awêwartos dhatêng kang ibu tuwin Laban sadhèrèkipun. Laban tumuntên amêthukakên pun abdi wau saha lajêng kaaturan nyipêng ing griyanipun. Sêsampuning atata lênggah, lajêng dipunsunggata. Ananging abdi wau botên purun nêdha, kêdah amratélakakên ingkang dados parlunipun rumiyin. Wusana lajêng angaturakên dhatêng Laban punapa ingkang dados pitungkasipun nabi Ibrahim, saha lêlampahipun wiwitan dumugi ing wêkasan. Ing ngriku Laban lan Bêtuèl lajêng nêksèni bilih prakawis punika pancèn trang saking karsaning Pangéran. Sarêng sampun sami anjurungi ingkang dados pirêmbagipun, abdi wau lajêng amêdalakên barang panganggé jêné tuwin sa-[40]laka lan wastra kasukakakên dhatêng Ribkah.

Énjingipun, pun abdi pamit badhé lajêng mantuk. Ananging Bêtuèl sangêt anggènipun anggondhèli. Kapurih kèndêla wontên ing ngriku ing sawatawis dintên. Wangsulanipun abdi wau: "Sampéyan sampun anggondhèli kula." Wusana Bêtuèl tuwin Laban lajêng sami nantun dhatêng Ribkah: "Kowé apa gêlêm mèlu mangkat saiki?" Wangsulanipun Ribkah: "Inggih purun." Tumuntên sami anglilani dhumatêng Ribkah mawi kadhèrèkakên abdi pawonganipun.

Kawuwusa sarêng sampun cêlak kaliyan panggènaning nabi Ibrahim, ing ngriku Iskhak anglêrêsi mêdal badhé sêmbahyang wontên ing têgil, wanci ngajêngakên sêraping surya. Sarêng tumênga aningali wontên unta dhatêng, punapadéné Ribkah sarêng angungak, ugi aningali Iskhak. Nuntên apitakèn dhatêng pun abdi wau: "Tiyang ingkang lumampah mêthuk mariki punika sintên?" Wangsulanipun abdi: "Inggih pu-[41]nika bêndara kula." Ribkah lajêng mandhap, lumampah dharat sarwi kudhung. Sarêng sampun pêpanggihan, pun abdi wau tumuntên cariyos dhatêng Iskhak punapa salampahipun wiwitan dumugi ing wêkasan. Iskhak lajêng angirid Ribkah, kabêkta dhatêng tarubing ibunipun. Ing ngriku Ribkah dados jatu kramanipun Iskhak. Lêstantun sami sih-sinihan, têmah dados panglipuring Iskhak anggènipun kécalan ibu.

Sarêng nabi Ibrahim sampun yuswa satus pitungdasa gangsal taun, lajêng séda, kasarékakên déning Iskhak lan Ismangil wontên pakuburanipun piyambak.

13. Nabi Yakub lan ÉsafEsap #

Kramanipun nabi Iskhak lan Ribkah punika kala yuswa kawandasa taun. Sarêng yuswa sawidak taun, apêputra mêdal kêmbar kakung. Ingkang pambajêng kanamakakên Ésaf, ingkang nèm kanamakakên Yakub. Nanging putra kalih[42] wau botên mèmpêr ing warni tuwin solahipun. Ingkang pambajêng warni sarta solahipun kahu, déné ingkang ênèm alus. Laré kalih wau kala taksih wontên ing guwa garba, Allah sampun ngandika dhumatêng Ribkah, yèn ingkang sêpuh pinasthi ngawula dhatêng ingkang nèm. Sarêng diwasanipun, Ésaf punika dados pambêdhag, wondéné Yakub sarêng diwasa anglêluri padamêlaning lêluhuripun, angèn khéwan, lan manggèn wontên ing tarub. Ésaf dipuntrisnani déning kang rama margi saking padamêlanipun wau, déné Yakub dipuntrisnani déning kang ibu margi saking jatmikanipun.

Kacariyos ing satunggal dintên, Yakub anggodhog kacang. Sarêng Ésaf mantuk saking ambêbêdhag, sariranipun karaos sayah. Tumuntên anêmbung dhatêng Yakub: "Aku jaluk godhogamu godhoganmu* kacang iku marga aku sayah." Yakub lajêng amangsuli prajanji: "Saiki ênggonmu dadi pambarêp êdolên marang aku! Awit pambarêb iku mungguhing aku ana paédahé[43] kang gêdhé." Wicantênipun Ésaf: "Lah aku môngsa wurunga mati, pambarêp iku dadi ora ana gunané." Ésaf tumuntên wadé pambajêngipun dhatêng Yakub kalayan sumpah. Saksana Ésaf anêdha kacangipun, lajêng késah, botên manah icaling pambajêngipun.

Sarêng nabi Iskhak sampun sêpuh, paningalipun sampun suda. Ing satunggaling dintên animbali Ésaf, pangandikanipun: "Aku iki wus tuwa, ora wêruh ing dina ênggonku mati. Kowé ambêdhaga khéwan kang takdoyani, tumuli cawisna! Supaya kowé dakparingi pangèstu, mupung aku isih urip."

Ésaf sêsampunipun mangkat, Ribkah lajêng anyawisakên cêmpé. Yakub kinèn angladosna, supados angsala pangèstunipun kang rama. Wangsulanipun Yakub: "Punika kados pundi, déné kakang kula dhiwut-dhiwut, môngka kulit kula alus kémawon. Dados kula ajrih bok manawi mangké bapak angyêtosianyêktosi*, têmahan kula botên angsal pangèstu, malah ang-[44]sal wilalat." Wusana kang rékanipun Ribkah lajêng mêndhêt wacucaling ménda, kaanggèkakên dhatêng Yakub, punapadéné sandhanganipun Ésaf ugi kaanggèkakên. Yakub lajêng malêbêt angladosakên dhahar sarwi umatur: "Dhuh rama." Wangsulanipun nabi Iskhak: "Héh anakku, kowé iku sapa?" Yakub lajêng matur: "Kula punika Ésaf putra sampéyan pambajêng. Kula sampun anglampahi punapa ingkang dados dhawuh sampéyan wau. Lah sumôngga sampéyan pinarak, dhahara lêladosan kula bêbujangan, supados sampéyan amaringana pangèstu dhumatêng kula." Nabi Iskhak tumuntên anggrayangi dhumatêng Yakub. Pangandikanipun: "Mungguhing swara, swarané Yakub, nanging mungguhing tangan, tangané Ésaf." Wangsulanipun Yakub: "Inggih." Nabi Iskhak lajêng dhahar. Sêsampunipun lajêng ngandika dhatêng Yakub: "Héh anakku, majua mréné ngujungana a-[45]ku!" Sarêng Yakub sampun ujung, lajêng kaparingan pangèstu, pangandikanipun: "Allah amaringana gandum lan anggur kang akèh marang kowé, jinis akèh padha ngawulaa marang kowé sarta kadang-kadangmu padha sumungkêma ana ngarêpmu, wong kang ngipat-ipati kowé kênaa ing ipat-ipat. Apadéné wong kang asih ing kowé iya olèh asih."

Saunduripun Yakub saking ngarsanipun ingkang rama, Ésaf tumuntên dhatêng saking ambêbêdhag, lajêng angladosakên dhahar sarwi umatur: "Dhuh rama, sampéyan wungu, dhahara lêladosan bêbujanganipun putra sampéyan." Nabi Iskhak lajêng anjêlih: "Kapriyé? Lah sapa kang ngladèkaké dhahar kang dakpangan mau? Malah wis dakparingi pangèstu, ika mau amêsthi tulus kabêrkahané." Ésaf lajêng anjêrit sarwi umatur: "Dhuh rama, kula ugi sampéyan paringi pangèstu!" Nabi Iskhak angandika malih: "Adhimu culika, mau mréné angalap pangèstu kang pancèn ma-[46]rang kowé." Ésaf tumuntên anangis sangêt. Nabi Iskhak lajêng ngandika: "Lah bumi kang êloh panggonamupanggonanmu*, déné pêdhangmu panguripanamu panguripanmu*, nanging adhimu iku bêndaramu."

Déné Ésaf lajêng gêthing dhatêng Yakub margi saking culika ngrêbat pangèstu, saha sangêt anggènipun anguman-uman dhatêng Yakub. Pangunadikanipun: "Bapakku mêsthi énggal nandhang prihatin, kang awit adhiku arêp dakpatèni." Môngka kang ibu sarêng mirêng pangincim-incim ingkang makatên wau, lajêng angrêmbagi dhatêng Yakub: "Ênggèr, kakangmu Ésaf angarah patimu, bêcik kowé ngungsia mênyang uwakmu Laban ing KharanHaran #! Samôngsa wus lilih nêpsuné kakangmu, kowé nuli dakkongkoni."[47]

14. Tindakipun Nabi Yakub

Sêsampuning Ribkah apirêmbagan kaliyan ingkang rama, Yakub tumuntên dipuntimbali. Sarêng sampun sowan saha pamit, ingkang rama amêmêling: "Poma kowé aja ngalab ngalap* bojo bocah wadon anaké wong Kênangan, balik lungaa mênyang Padhan Aram. Angalapa bojo anaking uwakmu Laban!" Nabi Iskhak lajêng paring pangèstu dhumatêng Yakub, pangandikanipun: "Allah Kang Maha Kuwasa muga ambêrkahana marang kowé. Kowé muga ginawéa bêbranahan, malah dadia bôngsa kang gêgolongan, lan kowé saturun-turunmu muga kaêdumana bêrkahé Ibrahim." Sêsampuning makatên, Yakub lajêng mangkat. Sarêng wontên ing margi, ing satunggaling dalu Yakub saré abantal séla. Ing ngriku Yakub supêna, katingal wontên ôndha ngadêg ing bumi, pucakipun sundhul ing langit. Punapadéné malaékating Allah aminggah tumêdhak ing ôndha punika. Wondéné[48] Pangèran jumênêng wontên sanginggiling ôndha wau, pangandikanipun: "Ingsun iki Allahé Ibrahim lan Iskhak. Para jinis ing bumi kabèh bakal olèh sih marga saka ing sira, sarta ngulihaké sira mênyang tanah iki." Yakub sarêng wungu saking saré lajêng angunadika: "Iba-iba wingité panggonan iki, amêsthi ing kéné iki padalêmaning Allah, iya lawangé Swarga." Yakub lajêng angadêgakên séla ingkang kaagêm karang ulu wau, kadamêl têtêngêran kawastanan Bètèl, têgêsipun: padalêmaning Allah. Ing ngriku Nabi Yakub lajêng apunagi makatên: "Yèn dhasar Allah anjangkung marang aku ing saparanku iki, tuwin amaringi sandhang pangan, utawa kaslamêtan nganti ing saulihku, amêsthi Allah iku dakanggêp Pangèranku." Nabi Yakub sarêng sampun antawis lami anggènipun alêlampah, lajêng dumugi ing dalêmipun ingkang uwauwak* Laban ing nagari Kharan.

Kacariyos, Laban punika gadhah anak èstri[49] kêkalih. Ingkang sêpuh awasta Léa, déné ingkang ênèm awasta RakhèlRahel #. Ing ngriku nabi Yakub rêmên dhatêng Rakhèl ngantos kalampahan dipunngèngèri pitung taun. Wusana nabi Yakub dipunapusi déning Laban, ingkang dipunulungakên Léa. Sarêng nabi Yakub botên trimah lajêng dipunsukani Rakhèl pisan, ananging mawi prajanji nabi Yakub kapurih ngèngèr pitung taun êngkas. Nabi Yakub ugi sagah. Antawis pitung dintên nabi Yakub kadhaupakên kaliyan Rakhèl. Garwa kêkalih wau sami gadhah pawongan nyatunggal. Pawonganipun Léa anama SilpaZilpa #, déné pawonganipun Rakhèl nama Bilha. Sarêng sampun antawis lami pawongan kalih wau sami kapundhut sêlir pisan dhatêng Nabi Yakub. Léa apatutan jalêr nênêm, inggih punika: RubinRuben #, SémangunSimeon # , Lèwi, YahudaYehuda #, IsakarIsakhar # lan SêbulonZebulon #, ingkang èstri satunggal nama Dinah Dina #. Déné RakèlRakhèl* apatutan jalêr kêkalih, inggih punika: Yusuf lan Bun YaminBenyamin #. Silpa ugi patutan jalêr kêkalih, ing-[50]gih punika: Gad, kaliyan AsêrAsyer #. Punapadéné Bilha ugi patutan jalêr kêkalih, inggih punika: Dhan, tuwin Naftali. Gunggung putranipun Nabi Yakub ingkang sami jalêr: sadaya kalihwêlas, inggih punika ingkang sami dados pancêring Banisrail.

Pangèngèripun Nabi Yakub sêsampuning angsal kawanwêlas taun, ugi taksih nunggil kaliyan marasêpuhipun laminipun nêm taun. Nabi Yakub angsal sihing Allah kasugihan awarni abdi jalêr lan èstri, punapadéné unta lan kuldi, miwah lêmbu lan ménda.

Kacariyos, Laban anjaili kasugihaning nabi Yakub anak mantunipun. Nabi Yakub lajêng tampi dhawuhing Pangèran, kakarsakakên mantuk dhatêng nagarinipun piyambak. Tumuntên animbali garwanipun kêkalih dhatêng patêgilan. Ing ngriku Nabi Yakub lajêng mangkat késah saking Kharan sagarwanipun tanpa pamit dhatêng Laban, sarta ambêkta khéwan lan sabarang darbékipun. Ing tigang dintênipun, Laban kaaturan uni-[51]nga mênggah lolosipun nabi Yakub wau. Saksana lajêng anututi, kontapanipun lampahana pitung dintên. Kocapa Allah anêdhaki Laban salêbêting pasupênan, pangandikanipun: "Sira dingati-ati, lungané Yakub iku aja pisan sira cêgah!" Laban tumuntên aprajanjéan kaliyan nabi Yakub wontên ing rêdi Gilhad Gilead #. Sêsampuning makatên, lajêng sami ungkur-ungkuran kang sarta andum wilujêng.

Nabi Yakub tumuntên ngrumiyinakên utusan dhatêng Ésaf, angaturi uninga anggènipun badhé dhatêng. Déné Ésaf ugi lajêng mêthukakên, kadhèrèkakên ing tiyang kawanatus. Nabi Yakub sangêt ajrihipun, mila lajêng amôntha tiyang utawi rajakayanipun, kadamêl kalih pôntha. Pangunadikanipun: "Bokmanawi Ésaf dhatêng anggitik ingkang sapalih, sapalihipun sagêd angoncoti." Nabi Yakub lajêng anyênyuwun maring Allah: "Dhuh Allahing lêluhur kawula, iba-iba gêngipun sih piwêlas Tuwan ingkang rumêntah[52] dhumatêng kawula, ngantos kawula botên pantês anampèni. Déné nalika kawula nyabrang Yardèn rumiyin namung ambêkta têkên punika. Samangké gadhahan kawula tiyang tuwin rajakaya ngantos kalih pôntha punika. Kawula mugi Tuwan luwarna saking tanganipun Ésaf sadhèrèk kawula. Déné Tuwan sampun angandika: 'Ingsun karsa ambêciki sira.'"

Nabi Yakub tumuntên amilihi rajakaya ingkang saé-saé, kadamêl pisungsung dhatêng Ésaf sadhèrèkipun. Wondéné abdi ingkang kautus nyaosakên dipunwêling supados matura makatên: "Punika angsal-angsalipun abdi sampéyan Yakub, katura dhatêng Ésaf bêndaranipun." Tiyang tuwin rajakaya wau tumuntên sami kasabrangakên ing lèpèn Yabok. Ing ngriku nabi Yakub kantun piyambak.

Tumuntên wontên tiyang angayoni dhatêng nabi Yakub ngantos dumugi ing wanci bang-bang wétan, angongsulakên cêthikipun. Sarêng byar rahina, tiyang wau[53] ngandika: "Ingsun uculna, marga wus byar!" Déné aturipun nabi Yakub: "Tuwan botên kawula uculakên, yèn kawula botên Tuwan bêrkahi rumiyin." Tiyang wau tumuntên ngandika: "Sira maria jênêng Yakub, samêngko sira jênênga Israil (têgêsipun: tiyang mênang lan Allah). Sabab sira wis anglawan Allah utawa wong, môngka sira mênang." Tiyang wau lajêng ambêrkahi dhatêng nabi Yakub. Môngka nabi Yakub amastani panggènan punika Pnièl, têgêsipun: pasuryaning Allah. Wicantênipun nabi Yakub: "Aku wis wêruh dhéwé marang Gusti Allah suprandéné ora mati."

Nabi Yakub inggih Israil tumuntên ningali sadhèrèkipun dhatêng. Nabi Israil tumuntên sumungkêm ing siti rambah kaping pitu. Môngka Ésaf gupuh mêthukakên, ingkang rayi dipunrangkul sarwi amuwun. Wondéné para garwanipun nabi Yakub, punapadéné para putranipun, ugi lajêng sami sumungkêm wontên ngarsaning Ésaf. Wondéné angsal-angsal wau sanali-[54] ka punika Ésaf botên karsa nampèni. Éwadéné sarèhning nabi Yakub adrêng sangêt, mila lajêng dipuntampèni ugi. Ésaf tumuntên mundur, punapadéné nabi Yakub lajêng rawuh ing tanah Kênangan, kapanggih ingkang rama wontên ing wana Mamrèh.

15. Nabi Yusuf Kasadé

Kacariyos, Yusuf putranipun nabi Yakub patutan saking Rakhèl, nalika yuswa pitulas taun angréncangi para kadangipun sami angèn rajakayanipun ingkang rama. Môngka Yusuf asring madulakên dhatêng ingkang rama mênggah pocapaning akathah bab piawoning para kadangipun. Déné nabi Yakub pilih asih, ingkang dipuntrisnani namung Yusuf. Kacariyos, Yusuf kadamêlakên rasukan jubah déning kang rama anglangkungi saénipun. Ingkang makatên wau sadaya andadosakên sêngiting para kadang dhatêng Yusuf, ngantos sami dipunkèndêla-[55]kên. Kocapa Yusuf supêna anggèdhèngi gandum wontên ing sabin kaliyan para kadangipun. Wondéné gèdhènganing para kadang wau sami sujud dhatêng gèdhènganing Yusuf. Nalika supênan punika dipuncariyosakên, para kadang wau sangsaya wêwah sêngitipun. Sarêng antawis dintên Yusuf supêna malih. Lajêng kacariyosakên dhatêng para kadangipun, wicantênipun: "Kula supêna, katingal surya lan rêmbulan, punapadéné lintang sawêlas sami asujud dhatêng kula." Awit saking punika Yusuf kadukan ingkang rama, pangandikanipun: "Apa aku lan ibumu sarta sadulurmu kabèh bakal padha sujud marang kowé?" Éwadéné kang rama lajêng anyathêt prakawis punika wau sadaya.

Sarêng antawis dintên, para kadangipun Yusuf panuju sami angèn cêlak ing nagari Sikhèm, ingkang kapara têbih saking griyanipun. Ing ngriku Yusuf kautus déning kang rama anuwèni para kadang tuwin rajakayanipun. Yusuf lajêng mangkat. Sarêng para kadang wau sami ningali dhatêngipun Yusuf saking[56] katêbihan, lajêng sami rêraosan: "Lah kaé tukang ngimpi têka, ayo padha dipatèni, lan padha diyêktèkaké kadadéaning impèné!" Wondéné Rubin sadhèrèkipun pambajêng sarêng mirêng rêmbag ingkang makatên wau, lajêng wicantên: "Aja mutahaké gêtih, bêcik dicêmplungaké ing sumur baé!" Déné panyiptaning Rubin wau sumêdya angêntasakên Yusuf saking sumur punika kalayan dhêdhêmitan.

Yusuf sêsampuning dipundhèdhèli sandhanganipun, lajêng kacêmplungakên ing sumur. Lah ing ngriku para kadang lajêng sami ningali têtiyang dagang bôngsa Ismangil, sami untan- untan ambêgtaambêkta* barang wangi, sami lumampah adêduluran, sumêdya dhatêng nagari ing Mêsir. Yahuda tumuntên wicantên dhatêng para sadhèrèkipun: "Lah Yusuf iku padha êdolên baé!" Yusuf lajêng kaêntasakên saking sumur saha lajêng dipunsadé. Katumbas déning tiyang Ismangil wau, pajêng kalihdasa uwang salaka. Nalika samantên Rubin botên wontên. Sarêng[57] Rubin wangsul dhatêng sumur sumêdya angêntasakên ingkang rayi, ing ngriku pinanggih Yusuf sampun botên wontên. Saking sangêting sêdhihipun, Rubin lajêng anyuwèk-nyuwèk sandhangan, saha lajêng wangsul kapanggih para kadangipun, wicantênipun: "Yusuf wis ora ana, lah mênyang ngêndi ta paranku iki?"

Para kadang wau lajêng amragat ménda jalêr. Rasukaning Yusuf lajêng kacêlub ing rah ménda wau, tumuntên kakintunakên dhatêng kang rama. Déné tiyang ingkang dipunkèngkèn wau kawêling supados matura dhatêng ingkang rama makatên: "Kula manggih rasukan, punapa punika gadhahanipun putra sampéyan?" Sarêng nabi Yakub aningali rasukanipun ingkang putra kuthah êrah, tumuntên anjêrit, pangandikanipun: "Iya iku kulambiné anakku, amêsthi wus dimôngsa ing sato galak." Sêsampuning makatên, para putra tumuntên sami dhatêng sumêdya anglêlipur ingkang rama, nanging kang rama botên kénging dipunlipur, pangandikanipun: "Kasusahanakukasusahanku* iki môngsa ilang-ilanga, luput-luput aku énggal nyu-[58]sul mati."

16. Nabi Yusuf Wontên ing Mêsir

Yusuf tumuntên kabêkta dhatêng Mêsir. Wontên ing ngriku lajêng kasadé déning tiyang Ismangil wau, katumbas ing lurah kaparakipun sang prabu, anama Potifar. Déné lurah kaparak wau sarêng sumêrêp kasagêdaning Yusuf tuwin kasaénanipun, sarta sumêrêp yèn Allah anglêstantunakên padamêlanipun sadaya, Yusuf tumuntên pinitados anguwasani sabarang darbékipun. Allah ambêrkahi dhumatêng Potifar margi saking Yusuf, katôndha saking tulusipun ingkang sarwa tinanêm tuwin sarwa ginarap. Kocapa sémahipun Potifar punika baléré, asring anggonjak Yusuf kaajak pulang rêsmi. Nanging wangsulanipun Yusuf: "Kados pundi anggèn kula nglampahi prakawis punika, sarèhning kalêbêt dosa agêng maring Allah?" Éwa samantên taksih tansah dipunarih-arih ké-[59]mawon, ananging Yusuf maksa kêncêng botên purun angladosi, ngantos kalampahan badhé dipunwasésa sarana dipuncêpêngi rasukanipun. Yusuf lajêng anilar rasukanipun sarta lumajêng. Sakonduripun Potifar lajêng dipunwaduli ingkang garwa, aturipun: "Abdi sampéyan têtumbasan tiyang Ngibrani sampun purun-purun nyêmbranani dhatêng kula. Déné sarêng kula ajêlih-jêlih sarta nimbali tiyang, rasukanipun lajêng katilar wontên sandhing kula, nuntên lumajêng dhatêng jawi." Potifar lajêng duka sangêt, saha dhawuh anglêbêtakên Yusuf ing pakunjaran. Môngka Allah angosikakên manahipun juru kunjara, têmah angandêl dhatêng Yusuf, sarta pinitados amariksani pasakitan sadaya.

Ing wêkdal punika priyantun abdinipun sang prabu kêkalih sami kinunjara. Kang satunggal kalênggahanipun lurah madharan lan satunggalipun priyantun minuman. Ing satunggal dintên priyantun kêkalih wau sami sangêt prihatinipun, sami cariyos dhatêng Yusuf, bilih ing dalu[60] sami supêna anèh, môngka botên wontên ingkang sagêd anarbukani supênanipun. Wangsulanipun Yusuf: "Namung Allah ingkang sagêd narbuka. Éwa samantên kula kapéngin badhé sumêrêp supênan sampéyan ingkang anèh wau, sumôngga sampéyan cariyosakên!" Saksana priyantun minuman lajêng cariyos: "Olèhku ngimpi mêngkéné, katoné ana wit anggur êpangé têlu. Pandêlêngku wit anggur mau sêmi agodhong mêtu kêmbangé, wohé banjur matêng, déné tanganku nyêkêl cangkiré sang prabu pringon. Aku tumuli mêthik wohé, banjur takpêrês ana ing cangkir, tumuli taksaosaké marang Sang Prabu." Wangsulanipun Yusuf: "Mênggah êpang têtiga punika anyasmitani tigang dintên. Kirang tigang dintên êngkas sampéyan badhé kawêdalakên saking kunjara, sarta kawangsulakên dhatêng kalênggahan sampéyan malih, saha sampéyan badhé angladosakên pangunjukan dhatêng astanipun sang prabu, kados kala rumiyin nalika sa-[61]mpéyan dados abdi dalêm minuman. Nanging bênjing yèn sampéyan sampun sakéca, sampéyan mugi èngêta dhatêng kula. Sang prabu mugi sampéyan èngêtakên, supados kula kawêdalna saking pakunjaran margi anggèn kula kinunjara punika tanpa dosa."

Wondéné lurah madharan wau sarêng mirêng yèn pambatanging supênanipun priyantun minuman punika saé, lajêng abingah sarta wicantên dhatêng Yusuf: "Aku iya ngimpi mangkéné, katoné aku nyunggi kranjang tundha têlu. Déné kranjang kang ana dhuwur dhéwé kêbak dhaharané sang prabu awarna-warna, banjur ana manuk têka anucuki dhaharan mau." Wangsulanipun Yusuf: "Kranjang têtiga punika anyasmitani tigang dintên, kirang tigang dintên êngkas sampéyan badhé kaukum gantung lan badhé wontên pêksi dhatêng anucuki kunarpa sampéyan."

Sêsampuning kalampahan tigang dintên anglêrêsi tingalan wiyosanipun pringon, ing ngriku pringon kèngêtan pasakitan kêkalih wau, saksana lajêng sami kawê-[62]dalakên saking pakunjaran. Lurah madharan lajêng kaukum gantung, wondéné priyantun minuman lajêng kawangsulakên ing kalênggahanipun malih, anocogi kados pambatangipun nabi Yusuf wau. Ananging priyantun minuman wau kasupèn wêwêlingipun nabi Yusuf kala wontên ing pakunjaran.

Sêsampuning kalampahan kalih taun pringon asupêna, kang môngka botên wontên ingkang sagêtsagêd* narbuka ing supênanipun. Ing ngriku priyantun minuman wau lajêng kèngêtan kasagahanipun dhatêng nabi Yusuf, tumutên matur dhatêng sang prabu, yèn ing pakunjaran wontên satunggaling tiyang nènèman bôngsa Ibrani, sampun naté anarbuka supênanipun, miwah supênanipun lurah madharan ingkang sampun kagantung, môngka panarbukanipun wau kayêktosan patitis. Saksana Yusuf gupuh tinimbalan. Sêsampuning kawêdalakên saking pakunjaran, lajêng kasowanakên dhatêng ngarsanipun sang prabu. Pangandikanipun sang prabu: "Aku ngimpi, môngka ora ana kang bisa narbukani impènku, wasana aku ngrungu yèn kowé bisa anarbuka impèn."[63] Atur wangsulanipun nabi Yusuf: "Ingkang makatên wau botên saking kuwasa kawula, Allah ingkang badhé nyumêrêpakên wahananing supênan wau dhatêng panjênêngan dalêm." Sang prabu lajêng anyariyosakên, pangandikanipun: "Impènku mêngkéné, katoné aku ngadêg ana sapinggiring bêngawan Nil. Ing kono aku andêlêng sapi pêpitu kang padha bêcik-bêcik lan lêmu-lêmu, padha mêntas saka ing banyu banjur asaba ana ing glagahan. Sawusé mêngkono nuli ana sapi pêpitu manèh nanging rupané angluwihi ala lan kuru-kuru, uga padha mêntas saka ing bêngawan. Wusana sapi pêpitu kang padha kuru iku padha môngsa sapi pêpitu kang lêmu-lêmu mau, môngka isih padha kuru baé kaya kang mau-mau. Tumuli aku nglilir. Tan antara aku turu, nuli ngimpi manèh, katoné ana wulèn pêpitu aos-aos tur bêcik-bêcik padha thukul saka dami siji. Sawusé iku iya banjur thukul wulèn pêpitu manèh agabug lan ladhoh. Wusana wulèn pêpitu kang gabug-gabug iku[64] anguntal wulèn pêpitu kang aos-aos mau."

Atur wangsulanipun nabi Yusuf dhatêng sang prabu: "Supênan dalêm kêkalih punika sami kémawon. Allah amratélakakên dhatêng sang prabu punapa ingkang badhé kalampahan. Mênggah lêmbu pêpitu kang lêma-lêma saha wulèn pêpitu kang aos-aos punika sasmitanipun, pitung taun mirah têdha, déné lêmbu pêpitu kang kêra-kêra saha wulèn pêpitu kang gabug-gabug punika sasmitanipun: pitung taun awis têdha. Têrangipun: taun pêpitu ing ngajêng punika ing tanah Mêsir anglangkungi mirah têdha, sêsampuning punika nuntên pitung taun awis têdha. Mênggah wontênipun supênan dalêm ngantos rambah kaping kalih punika anyasmitani saèstu Allah badhé anglêksanani prakawis punika wau kalayan tumuntên." Nabi Yusuf lajêng umatur: "Mênggah prayoginipun, sang prabu mugi angupadosa tiyang satunggal ingkang wagêtwagêd* sarta wicaksana, lajêng kaangkata angrèh ing Mêsir. Salêbêtipun pitung taun ingkang mirah têdha, tiyang wau ambawonana saking tiyang Mêsir[65] sadaya sapara gangsalan sarta dipuntandhoa ing gêdhong-gêdhong, supados ing tanah Mêsir sampun ngantos karisakan ing môngsa awis têdha."

Ing ngriku pringon kakênan ing galih, sênêng ing pamêca tuwin atur pirêmbagipun nabi Yusuf wau. Pangandikanipun: "Lah ing ngêndi ana wong kadunungan rohing Allah kaya kowé?" Pringon tumuntên masrahakên tanahipun sadaya dhatêng nabi Yusuf, pangandikanipun: "Mungguh panguwasamu wis takgawé padha lan aku, mung bab dhamparing kaprabon aku angungkuli kowé." Sang prabu lajêng angunus supènipun, kaanggèkakên ing darijinipun nabi Yusuf lan dipunbusanani sutra pêthak sarta dipunkalungi ranté mas. Tumuntên katumpakakên ing karétanipun sang prabu, lajêng dipunarak. Ingkang anjajari wontên ingkang nguwuh-uwuh, padha andhodhoka.

Makatên Allah anuntun lan anyêngkakakên nabi Yusuf saking dalêmipun ingkang rama dumugi ing sumur. Saking sumur dumugi anggènipun dados têtumbasan lan kalêbêta-[66]kên ing pakunjaran. Punapadéné saking pakunjaran dumugi ing kadhatoning sang prabu.

Wondéné nabi Yusuf nalika jumênêng adipati ing Mêsir yuswanipun sawêg tigang dasa taun.

17. Para Kadangipun Nabi Yusuf Dhatêng ing Mêsir

Samukawis ingkang sampun kawêca déning nabi Yusuf lajêng kayêktosan sadaya. Salêbêting pitung taun anglangkungi mirahipun têdha. Ing ngriku nabi Yusuf anandho gandum sapara gangsalaning wêdalipun ing Mêsir sadaya, saking kathahipun ngantos botên kénging kawical. Déné sêsampuning pitung taun wau lajêng awis têdha, sawêg sataun kémawon tiyang sakiwa têngêning Mêsir sampun sangêt kakirangan têdha, lajêng sami kumrubut dhatêng ing Mêsir anêmpur dhatêng sang adipati Yusuf.

Kocapa ing tanah Kênangan ugi awis têdha. Nabi Yakub inggih Israil lajêng angandika dhumatêng para[67] putranipun: "Ya géné kowé padha sawang-sinawang baé? Lah aku wus ngrungu warta yèn ing tanah Mêsir ana têmpuran. Kowé padha nêmpura mrana, supaya aku lan kowé aja kongsi padha mati kalirên!" Putranipun nabi Yakub ingkang sadasa lajêng sami mangkat dhatêng tanah Mêsir. Déné nabi Yakub botên marêngi yèn Bun Yamin tumuta, amargi kuwatos bok manawi amanggih tiwas.

Sadhatêngipun ing Mêsir lajêng sami sowan wontên ngarsaning sang adipati Yusuf, sarwi sumungkêm kados adatipun tiyang sowan wontên ngarsaning priyantun agêng ing Mêsir, amargi para putra Yakub wau sami pandung dhatêng nabi Yusuf. Ananging sang adipati botên pisan pandung dhatêng para kadangipun. Lajêng kèngêtan ing supênanipun. Éwadéné ing wêkdal punika sang adipati Yusuf botên pasaja, malah sami dipunpangandikani kalayan sugal, kang sarta mawi juru basa, dhawuhipun: "Kowé wong ngêndi?" Atur wangsulanipun para putra Yakub: "Kula tiyang tanah Kênangan, sowan kula mriki sumêdya anêmpur." Pangandikani-[68]pun sang adipati: "Kowé iku têlik sandi, patut kongkonané mungsuh." Wangsulanipun putra Yakub: "O, botên gusti, kula dédé tiyang nêlik, kula tiyang têmên-têmên, panunggilan kula sadhèrèk tiyang kalih wêlas sami atunggil bapa. Ingkang wuragil kantun wontên panggèning pun bapa, déné ingkang satunggal sampun botên wontên." Pangandikanipun sang adipati Yusuf: "Yèn mêngkono calathumu iku arêp taknyatakaké apa têmên, lah kowé padha kongkonana salah sawijining kadangmu amarani adhimu kang wuragil iku. Déné liya-liyané padha karia ana ing kéné!" Para putra Yakub wau tumuntên sami kalêbêtakên ing pakunjaran ngantos tigang dintên. Ing dintên kaping tiganipun sami kasowanakên dhatêng sang adipati Yusuf malih, lajêng dipunpangandikani: "Aku wêdi maring Allah. Aku ora gêlêm agawé kaluputan marang wong. Lah uwis kang siji baé karia ing pakunjaran, déné liya-liyané padha muliha[69] lan gandummu padha gawanên! Déné yèn kowé bali mréné manèh môngka ora anggawa adhimu kang wuragil iku, amêsthi kowé mati." Para putra Yakub lajêng rêraosan cara Ngibrani: "Lah iki tinêmuné kaluputanakukaluputanku* marang Yusuf biyèn, aku wus andêlêng prihatiné goné mêmêlas marang aku, môngka ora dakrèwès." Rubin tumuntên wicantên dhatêng para sadhèrèkipun: "Aku biyèn rak uwis pitutur mênyang kowé, aja padha agawé dosa marang bocah iku, nanging kowé padha ora anggugu. Ing samêngko aku padha katêmpuh ing gêtihé." Para putra Yakub botên sumêrêp yèn sang adipati mangrêtos ing wicantênipun. Sang adipati Yusuf sarêng mirêng rêraosaning para kadangipun, lajêng angiwa sarwi muwun. Déné Sêmangun tumuntên kabônda wontên sangajênging para kadangipun, lajêng kawangsulakên dhatêng pakunjaran. Wondéné para putra Yakub sanès-sanèsipun lajêng sami mantuk. Sarêng dumugi ing griya karungipun kasuntak. Ing ngriku arta-[70]nipun panêmpur ingkang sampun kabayarakên kala wontên ing Mêsir, pinanggih awor lan gandum. Mênggah ingkang makatên wau dhasar saking dhawuhing sang adipati Yusuf, arta kakarsakakên mangsulakên. Para putra Yakub wau lajêng sami matur dhatêng ingkang rama ing samukawis lêlampahanipun wiwitan dumugi ing wêkasan.

Sarêng nabi Yakub sumêrêp yèn Bun Yamin badhé kabêkta, lajêng sangêt prihatinipun. Pangandikanipun: "Kowé padha angilangaké anakku. Yusuf wus ora ana. Sêmangun iya wus ora ana. Dadi ing mêngko susahku tumpa-tumpa, môngka saiki kowé arêp anggawa Bun Yamin, kang iku aku mêsthi ora awèh."

18. Lampahing Para Kadangipun Nabi Yusuf ingkang Kaping Kalih

Sarêng gandum anggènipun nêmpur wau sampun têlas, para putra Yakub lajêng sami kakarsakakên déning kang[71] rama anêmpura malih dhatêng Mêsir. Ananging para putra wau sami botên purun yèn botên ambêkta Bun Yamin, amargi ajrih pangancam-ancamipun sang adipati ing Mêsir. Mênggah karsanipun nabi Yakub botên parêng yèn Bun Yamin wau tumuta. Éwa samantên sarèhning ingkang sapisan kapêksa ing kabêtahan, kaping kalih Yahuda purun tumanggêl ing kawilujênganipun Bun Yamin ngantos dumugi ing griya malih. Mila nabi Yakub lajêng amarêngi saha ambêktani atur-atur awarni blêndok wangi, mabên, anggi-anggi lan mênyan, sapanunggilanipun. Punapa malih arta ingkang kapanggih wontên ing karungipun rumiyin kinèn nyaosakên wangsul. Pangandikanipun nabi Yakub: "Allah Kang Maha Kuwasa muga amikolèhna marang kowé sihé sang adipati ing Mêsir, anglilani mulih kowé lan Sêmangun utawa Bun Yamin. Déné puput-puputé aku kudu kélangan anak iya uwis." Para putra Yakub lajêng sami mangkat, lampahipun lêstantun dumugi ing Mêsir, lajêng katur ing sang adipati.[72]

Wondéné sang adipati Yusuf sarêng kaaturan uninga dhatênging para kadangipun, lajêng sami kadhawuhan sowan wontên ing arsanipun. Punapadéné Sêmangun inggih lajêng kinèn amêdalakên saking pakunjaran, sarta sami dipunpangandikani kalayan têmbung manis: "Bapakmu apa isih sugêng?" Wangsulanipun para kadang: "Pangèstu dalêm inggih wilujêng." Sang adipati sarêng uninga dhatêng Bun Yamin lajêng andangu malih: "Apa iku adhimu kang wuragil, kang kotuturaké marang aku biyèn?" Para kadang sami matur: "Inggih punika." Sang adipati Yusuf lajêng angandika dhumatêng Bun Yamin: "Ênggèr, Allah muga ambêrkahana marang kowé." Nabi Yusuf mèh botên sagêd anglajêngakên samudananipun, awit déning rêntah wêlasipun dhumatêng ingkang rayi, lajêng lumêbêt ing gêdhong amuwun. Sêsampuning angusapi waspa, sang adipati lajêng mêdal malih sarwi anakat-nakatakên sariranipun, tumuntên dhawah anata dhahar. Sang adipati lajêng amêrnahakên lêng-[73]gahipun para kadang ing satunggal-tunggal. Para kadang sami kahébatan ing manah, margi anggènipun katata lênggahipun têka ing sauruting umuripun. Ing ngriku sami kaparingan lorodan saking arsaning sang adipati, Bun Yamin malah kapanduman tikêl gangsal.

Sabibaring dhahar sang adipati lajêng dhawuh karungipun para putra Yakub kinèn sami angisèni gandum, punapa malih artanipun kinèn angatutakên wontên salêbêting karungipun piyambak-piyambak. Kajawi saking punika cangkir salaka pangunjukanipun sang adipati kinèn anglêbêtna wontên ing karungipun Bun Yamin. Sarêng sampun rampung, para kadang lajêng sami kalilan bidhal lan mantuk. Dèrèng antawis dangu anggènipun bidhal, sang adipati tumuntên anjujuli paladènipun. Sarêng sampun kacandhak, lajêng sami dipunwicantêni: "Kapriyé déné kowé padha malês ala marang kabêcikan?" Ing ngriku para putra Yakub lajêng sami kodhêng, botên sumêrêp nalar-nalaripun. Wicantêning pala-[74]dèn: "Amêsthi kowé padha sumurup kang dadi sêdyaku, sapa kang nyolong cangkir pangunjukané bêndaraku?" Wangsulanipun para putra Yakub: "Kados pundi déné sampéyan têka ngandika makatên? Môngka kula punika sami tiyang têmên, lah sintên ingkang kanggènan cangkir wau dipunpêjahana saha kula sadaya dadosa abdinipun sang adipati." Karung-karung tumuntên sami dipundhudhah lan dipunpariksani. Ing ngriku cangkir pangunjukan kapanggih wontên ing karungipun Bun Yamin. Para putra Yakub sakalangkung kagètipun ngantos anyuwèk-nyuwèk sandhanganipun, lajêng sami wangsul. Sadhatêngipun wontên ngarsaning sang adipati, lajêng dipunpangandikani sugal: "Kapriyé déné kowé wani anglakoni pratingkah mêngkono?" Yahuda tumuntên adarbé atur: "Kula sagêd matur punapa dhatêng panjênêngan dalêm, kados pundi anggèn kula sagêd angrêsikakên badan kula. Allah sampun manggihakên dosa kula, lah kula punika sadaya saha laré ingkang kanggèna-[75]n cangkir pangunjukan, sami dadosa abdi dalêm." Wangsulanipun sang adipati: "Aja mêngkono, mung kang kanggènan cangkir baé iku kang dadi abdiku, déné kowé kabèh padha muliha marang ngomahmu kalawan slamêt." Yahuda tansah adrêng ing panyuwunipun, supados sampun ngantos kalampahan kados karsanipun sang adipati wau. Aturipun: "Manawi kula mantuk kamôngka adhi kula botên tumut, botên wandé abdi dalêm bapa kula pêjah ngênês. Kula sampun ananggêl laré punika dhatêng bapakipun. Atur kula dhatêng pun bapa makatên: 'Manawi kula botên ngantukakên laré punika, kula kénginga ing kalêpatan salami kula gêsang.' Mila luhung kula kémawon dadosa abdi dalêm minôngka lêlintuning laré punika. Déné laré punika mugi kalilana tumut mantuk kadangipun. Kados pundi anggèn kula mantuk yèn botêna bêkta adhi kula? Kula botên sagêd ningali kaprihatinanipun abdi dalêm bapa kula."[76]

Kala samantên sang adipati Yusuf sampun botên sagêd angampêt pamuwunipun. Tumuntên dhawuh tiyang Mêsir sadaya sami kinèn mêdal, sampun ngantos wontên tiyang satunggal kajawi para putra Yakub. Saksana sang adipati anggènipun badhé pasaja dhatêng para kadang, pamuwunipun dipunturuti. Pangandikanipun sarwi karuna: "Aku iki Yusuf, bapak apa isih sugêng?" Para kadang sami anjêngêr botên sagêd amangsuli, sami sumlêngêrên wontên ngarsanipun nabi Yusuf. Sang adipati tumuntên ngandika malih: "Padha majua maréné!" Para kadang lajêng sami majêng, nanging botên sagêd wicantên. Nabi Yusuf tumuntên ngandika malih: "Aku iki Yusuf sadulurmu, kang koêdol biyèn. Ing mêngko kowé aja padha kaduwung lan aja ngandhut watir gonmu padha ngêdol aku biyèn. Dhasar Allah kang angutus aku mréné, andhisiki kowé supaya dadia panguripanmu. Kowé padha muliha lan matura marang bapak mungguh sakèhing kamuktènku ana ing Mêsir. Lan apa kang wus kodêlêng kabèh, lan dirikat kowé balia maré-[77]né, amondhongana bapak!"

Kocapa sang prabu pringon sarêng mirsa yèn sang adipati Yusuf kadhatêngan para sadhèrèkipun, andadosakên suka pirênanipun saha mrayogèkakên karsanipun sang adipati badhé amboyongi akrabipun dhatêng Mêsir, malah karsa paring pêthukan titihan supados kaagêma nabi Yakub wontên ing margi.

Nabi Yusuf tumuntên angrangkul Bun Yamin ingkang rayi. Kalih-kalihipun sami amuwun, punapadéné lajêng angaras para kadangipun sadaya. Ing ngriku para kadang sawêg sagêd wicantênan kaliyan sang adipati Yusuf.

Nabi Yusuf angintuni karéta dhatêng ingkang rama minôngka titihan wontên ing margi, punapadéné pisungsung sanèsipun, raja pèni ing Mêsir.

Para kadang tumuntên pamitan, sang adipati inggih lajêng anglilani. Wêlingipun: "Kowé ana ing dalan aja padha tutuh-tinutuh!" Para kadang lajêng sami bidhal mantuk dhatêng Kênangan kalayan suka ing manah.[78]

19. Nabi Yakub Dipunpondhongi dhatêng Mêsirtidak ada nomor cerita

Para putra Yakub sawêlas sarêng dhatêng ing dalêmipun ingkang rama, lajêng sami anguwuh-uwuh: "Dhuh rama, Yusuf taksih gêsang, inggih punika sang adipati ing Mêsir." Ing ngriku Israil maibên dhatêng aturing para putra wau. Éwadéné sarêng dipunaturi uninga mênggah pangandikanipun nabi Yusuf sadaya, saha sarêng ningali karéta kêkintunaning nabi Yusuf, galihipun nabi Israil lajêng asrêp. Pangandikanipun: "Sokur anakku Yusuf saiki dadi gêdhé, salaginé isih urip baé wus bangêt bungahku. Ing mêngko aku arêp lunga katêmu, mupung aku isih urip." Nabi Israil saputrawayahipun gunggung tiyang sawidak nêm, tumuntên sami bidhal dhatêng Mêsir sarwi ambêkta samukawis darbèkipun sadaya, punapadéné abdi jalêr lan èstri kathah. Sarêng nabi Israil sampun dumugi ing tanah GosènGosyen #, lajêng utusan Yahuda amaringi pirsa dhumatêng nabi Yusuf mênggah rawuhipun.

Déné sang adipati Yusuf sarêng kaaturan uninga[79] lajêng anitih karéta mêthuk ingkang rama. Sarêng sampun cundhuk lajêng sami rêrangkulan sarwi muwun ngantos dangu. Pangandikanipun nabi Yakub dhatêng nabi Yusuf: "Dadia aku pinundhut déning Allah saiki iya wis rila marga wus andêlêng kowé isih urip." Sang adipati Yusuf tumuntên anyowanakên ingkang rama dhatêng ngarsanipun sang prabu pringon. Sêsampuning atata lênggah sang prabu nuntên andangu dhatêng nabi Israil: "Yuswa sampéyan pintên?" Aturipun nabi Yakub: "Umur kula sampun satus tigang dasa taun, ananging tansah ngumbara tuwin sangsara kémawon, dèrèng nyamèni umuripun lêluhur kula." Nabi Yakub sêsampunipun mujèkakên kasugênganipun sang prabu pringon, lajêng mundur saking arsanipun.

Kacariyos, nabi Yakub sarêng sampun ngajêngakên dumugi ing janji nuntên animbali nabi Yusuf ingkang putra. Pangandikanipun: "Lamun kowé dhasar trêsna marang aku, kowé supataa, aku aja nganti kopêndhêm ana ing tanah Mêsir kéné, balik aku tunggalna karo lêluhurku[80] kapêndhêm ing astanané!" Wangsulanipun nabi Yusuf: "Sandika, lajêng sumpah."

Botên antawis lami nabi Yusuf kawartosan yèn kang rama gêrah sangêt, tumuntên tindak ambêkta putranipun kakung sakaliyan, Éfraim sarta MênaséManasye #. Nabi Yakub tumuntên paring pangèstu dhumatêng putraning nabi Yusuf kêkalih wau, kasami kaliyan putranipun piyambak. Déné pangandikanipun dhatêng nabi Yusuf: "Lah saiki aku arêp tinggal donya, déné Allah bakal ana ing kowé lan kowé bakal padha diulihaké déning Allah mênyang tanahé lêluhurmu." Nabi Yakub tumuntên anglêmpakakên para putranipun sadaya dhatêng pasaréanipun, sarta sami kaparingan pangèstu piyambak-piyambak. Déné pangandikanipun ingkang dhumatêng Yahuda makatên: "Yahuda iku kaya gogoring singa barong, jungkating kaprabon bakal ora gumingsir saka Yahuda, utawa jungkating panguwasa saka sêlaning sikilé, saéngga[81] rawuhé Sang Pamarta kang bakal dadi panutaning para jinis." Sêsampuning rampung anggènipun paring pangèstu, tumuntên anggêblag wontên pasaréanipun lajêng séda. Nabi Yusuf tumuntên anyungkêmi pasuryanipun ingkang rama sarwi muwun lan ngarasi. Kacariyos, nabi Yakub anggènipun manggèn wontên ing tanah Mêsir, laminipun pitulas taun, déné yuswanipun satus kawandasa pitu taun.

Sasédaning nabi Yakub, nabi Yusuf lan para kadangipun sami angêtêrakên layonipun ingkang rama dhatêng tanah Kênangan. Kadhèrèkakên ing para priyantun agêng-agêng ing Mêsir kathah sami anumpak karéta tuwin kêkapalan kathah. Nabi Yakub sinarékakên wontên astananipun ingkang éyang nabi Ibrahim ing guwa Makpélah.

Kocapa sakonduripun nabi Yusuf ing Mêsir, para kadangipun sami kuwatos ing manah. Sasédanipun ingkang rama bokmanawi nabi Yusuf malês piawonipun ingkang sampun kalampahan. Sarêng sang adipa-[82]ti Yusuf uninga ingkang makatên wau, lajêng angandika dhatêng para kadangipun: "Kowé aja padha ngandhut kuwatir, sanadyan ing ngarêp sêdyamu angalani aku, éwadéné pialamu mau wus dinadèkaké marganing bêcik déning Allah. Iya iku ênggoné anguripi marang bôngsa kang gêdhé, kaya kang wus kanyataan ing mêngko iki, kang iku ing sabanjuré aku iya nglêstarèkaké agawé bêcik marang kowé lan marang anak putumu."

Nabi Yusuf sarêng sampun andungkap séda, lajêng ngandika dhatêng para kadangipun: "Allah mêsthi ambalèkaké kowé marang tanah kang wus kajanjèkaké marang éyang Ibrahim, lan Iskak, lan rama Yakub. Mulané bésuk yèn kowé bali marang tanah Kênangan, aja tan ora balungku mêsthi gawanên." Wondéné nabi Yusuf nalikanipun séda yuswa satus sadasa taun.[83]

20. Timuripun Nabi Musa

Sarêng nabi Yusuf tuwin para kadangipun sampun sami dumugi ing janji, Banisrail lajêng angombra-ombra wontên ing tanah Mêsir lami-lami anglangkungi kathahipun ngantos andadosakên sumêlangipun para ratu ing Mêsir. Môngka ing Mêsir sampun kajumênêngan ratu kang sanès darahipun ratu ingkang rumiyin, botên sumêrêp mênggah lêlabêtanipun nabi Yusuf. Mila Banisrail sami siniya-siya kapatrapan padamêlan ingkang awrat, kinèn andamêl banon kang badhé kanggé yêyasaning nagari. Éwadéné Banisrail punika sangsaya siniya-siya. Malah sangsaya mindhak kathahipun. Wusana wontên ratu satunggal, adhawuh dhatêng para dhukunipun tiyang Israil, kinarsakakên amêjahi sawarnining bêbayinipun tiyang Ibrani kang mêdal jalêr, déné kang èstri kinèn gêsangi. Ananging para dhukun wau sami ajrih maring Allah, têmah sami anggêsangi sakathahing bêbayi. Sang prabu tumuntên dhawuh dhumatêng tiyang Mêsir[84] sadaya, andikakakên anglurungi sawarnining bêbayi jalêr anakipun tiyang Ngibrani wau.

Kacariyos, kala samantên wontên tiyang sasémah ingkang jalêr nama Amram, ingkang èstri nama Yokèbèt, sami têdhaking Lèwi, punika sampun apatutan kêkalih, ingkang sêpuh jalêr ArunHarun #, déné ingkang nèm èstri nama Miryam. Wondéné nalika dhumawuhing préntahipun sang prabu ing Mêsir wau, Yokèbèt ambabar malih putra jalêr warninipun langkung déné pêkik. Saking kuwatosipun, bayi wau kaumpêtakên laminipun ngantos tigang wulan. Sêsampuning makatên botên kénging kaumpêtakên malih, ingkang ibu lajêng mêndhêt kandhaga panjatos, dinalit lan kinruwing, kadamêl wadhahing bayi wau, lajêng kaprênahakên ing glagahan sapinggiring bênawi Nil. Déné Miryam kautus ingkang ibu angulatna punapa kadadosaning bayi wau saking katêbihan kémawon. Botên antawis dangu putranipun putri[85] prabu pringon miyos badhé siram ing bênawi wau. Sarêng mirsa yèn ing glagahan wontên kandhaga, tumuntên andhawuhi pawonganipun kinèn amêndhêt kandhaga wau. Sarêng sampun kapêndhêt lajêng kabikak tutupipun, lah ing ngriku isi bayi jalêr pêkik ing warni anangis. Sang putri rêntah wêlasipun dhatêng bayi wau, pangandikanipun: "Iku anaké wong Ngibrani." Wondéné Miryam sarêng sumêrêp lajêng umarêk ing arsanipun sang putri sarwi umatur: "Kawula punapa klilan animbali tiyang èstri Ngibrani supados anêsêpana laré punika." Wangsulanipun sang putri: "Iya bêcik ngundanga!" Miryam lajêng ngundang ibunipun piyambak. Salajêngipun kang ibu wau kadadosakên abdi dalêm inya, sarta bayi wau klilan kabêkta mantuk dhatêng griyanipun. Sêsampuning sinapih bayi wau lajêng kapundhut dhatêng kadhaton malih déning sang putri, kaakên putranipun piyambak lan kanamakakên Musa, têgêsipun: ingkang kaêntas saking toya. Salajêngipun, Musa[86] wontên ing kadhaton kawulang punapa kasagêdanipun bôngsa Mêsir.

Sarêng Musa sampun diwasa asring nuwèni dhatêng bangsanipun Israil, lajêng sumêrêp ing kasusahanipun. Kacariyos ing satunggal dintên, Musa sumêrêp wontên tiyang Mêsir anggêbagi tiyang Israil. Musa lajêng atêtulung dhumatêng ingkang pinisakit wau. Tiyang Mêsir kagêbag ngantos pêjah, jisimipun lajêng kapêndhêm wontên wêdhèn. Panyananipun Musa, tiyang Israil mêsthi sumêrêp yèn badhé angsal pitulunging Allah jalaran saking piyambakipun, nanging sami botên sumêrêp.

Énjingipun Musa amrangguli tiyang Israil kêkalih sami kêkêrêngan, tumuntên sami dipunpurih arukuna. Pangandikanipun Musa dhumatêng tiyang ingkang lêpat: "Ya géné kowé siya-siya marang sadulurmu dhéwé?" Wangsulanipun tiyang punika: "Sapa kang ngadêgaké kowé dadi lurah utawa jêksaku? Apa kowé arê-[87]p matèni aku kaya déné olèhmu matèni wong Mêsir wingi ika?" Musa lajêng ajrih, osiking galih: "Yèn mêngkono prakara iku wus kawêruhan ing wong."

Wondéné sang prabu inggih sampun kaaturan pirsa bab prakawis punika, nuntên andhawuhakên timbalan dikakakên nyêpêng Musa, badhé dipunpêjahi. Musa lajêng késah anglès. Sarêng sampun antawis dangu, Musa dumugi tanah MêdayinMidian. Darahipun nabi Ibrahim kathah kang sami manggèn ing ngriku wontên sapinggiring sagantên Suf. Musa kèndêl wontên sacêlaking sumur. Kocapa ingkang jumênêng imam ing tanah ngriku anama Yitro, punika kagungan putra èstri pêpitu, kala samantên anglêrêsi badhé ngangsu, tuwin angombéni kéwanipun dhatêng sumur ngriku, ananging dipunpakèwêdi déning laré jalêr, Musa lajêng atêtulung dhatêng laré èstri pêpitu wau, sarta angombékakên kéwanipun pisan. Prakawis punika sarêng kapirêng bapakipun laré èstri wau, Musa lajêng[88] dipunkèn nimbali. Ing salajêngipun andhèrèk dhatêng Yitro saha kapundhut mantu, kaangsalakên putranipun kang nama SiporahZipora #.

Lah makatên putranipun angkat sang putri ing Mêsir anglampahi dados pangèn anglêluri lêluhuripun, botên pisan kèngêtan kamuktènipun kala wontên kadhaton Mêsir.

21. Nabi Musa Wontên Ngarsaning Pringon

Musa nalika lolos saking Mêsir yuswanipun kawandasa taun, déné anggènipun dhèrèkakên Yitro wontên ing Mêdayin laminipun inggih kawandasa taun. Sapêngkêripun Musa, Banisrail tansah kinaniaya kémawon.

Kacariyos ing satunggil dintên, Musa angèn ménda wontên ngara-ara ing Mêdayin, sacêlaking rêdi KorêbHoreb #. Ing ngriku Musa ningali êron murub nanging botên kabêsmi.[89] Musa lajêng marêpêki, saksana wontên suwara anguwuh-uwuh saking ngêrèn wau: "Musa, Musa." Aturipun: "Kula." Pangandikaning suwara: "Sira aja nyêdhak maréné! Tarumpahira copotên! Sabab panggonan kang sira ambah iku lêmah suci, déné Ingsun iki Allahé lêluhurira, Allahé Ibrahim, Allahé Iskhak, sarta Allahé Yakub." Musa tumuntên anutupi wadananipun, margi ajrih ningali Allah. Pangéran angandika malih: "Ingsun wus anguningani sangsaraning umating-Sun ana ing Mêsir lan Ingsun wus miyarsa ing sêsambaté. Ing mêngko Ingsun karsa angluwari saka tangané wong Mêsir sarta padha Suntuntun mênyang tanah kang panjang apunjung, pasir awukir, loh jinawi. Mulané sira Sunutus mênyanga kadhatoné pringon supaya sira mêtokna umating-Sun Banisrail saka ing Mêsir!" Aturipun Musa: "Kawula punika sintên? Yèn sowana dhatêng raja pringon saha mêdalna Banisrail saking Mêsir." Pangandikaning Allah: "Aja kuwatir! Ingsun kang anjangkung ing sira." Aturipun Musa: "Ka-[90]dos pundi bokmanawi Banisrail sami maibên dhatêng kawula?" Pangandikaning Pangéran: "Kang ana ing tanganira iku apa?" Aturipun Musa: "Punika têkên." Pangéran tumuntên angandika: "Lah iku buwangên!" Têkên wau sarêng kabucal déning Musa, sanalika dados sawêr. Musa saking gilanipun lumajêng. Pangéran tumuntên angandika: "Pêthité ula iku sira cêkêla!" Sarêng kacêpêng déning Musa, sawêr wau lajêng dados têkên malih. Môngka Allah angandika malih: "Kêmpitên èpèk-èpèkira!" Sêsampunipun kakêmpit, èpèk-èpèkipun Musa lajêng budhugên, ing sanalika. Tumuntên dipunkêmpit malih, saksana kulitipun lajêng saras kados ingkang wau-wau. Pangandikaning Allah: "Déné yèn ora ngandêl pratôndha loro iku, sira apèka banyu saka ing bêngawan banjur êsokna ing dharatan! Banyu iku amêsthi banjur dadi gêtih." Déné aturipun Musa maring Pangéran: "Dhuh Gusti, kawula punika dédé tiyang luwês amicara." Pangandikaning Pangéran: "Sapa kang anitaha-[91]ké cangkêming uwong, utawa kang gawé bisu lan budhêg, anggawé mêlèk lan picak? Apa dudu Ingsun pribadi? Mulané sira mangkata! Sira Sunwulang samubarang kang pêrlu sira ucapaké." Aturipun Musa: "Kawula nuwun Gusti, Tuwan mugi angutusa sanèsipun kawula, sintên-sintêna ingkang Tuwan karsakakên." Pangéran tumuntên ambêndoni dhumatêng Musa sarwi angandika: "Kakangira Arun apa ora ana? Ingsun wêruh yèn iku kang wasis micara. Arun iku iya bakal mapak marang sira. Sawusé katêmu lan sira, sira wuruka apa kang bakal dadi aturira marang Pringon supaya Arun mau angaturna sabarang paturanira marang Pringon."

Nabi Musa lajêng pamit dhatêng marasêpuhipun, wangsul dhatêng tanah Mêsir. Kocapa Arun kadhawuhan pangandikaning Allah amapag nabi Musa wontên ing margi. Sarêng sampun kapanggih, nabi Musa anyariyosakên samukawis pangandikaning Allah ingkang sampun kadhawuhakên wontên ing rêdi Korêb wau. Nabi Musa lan Arun la-[92]jêng sami anglêmpakakên para pinisêpuhing Banisrail, sami kasêrêpakên punapa dhawuhing Allah wau. Banisrail sarêng mirêng yèn Pangéran badhé karsa angluwari piyambakipun, lajêng kumandêl saha sujud.

Saksana nabi Musa lan Arun lajêng sami sowan dhatêng ngarsaning sang prabu pringon sarta umatur: "Dhuh sang prabu, pangandikaning Pangéran Allahipun tiyang Israil makatên: 'Sira anglilanana lunga umating-Sun asidhêkahana ing ngara-ara!'" Wangsulanipun sang prabu: "Pangéran iku sapa? Déné ingsun kinon angèstokaké, ingsun ora sumurup Pangéran iku lan ingsun ora anglilani lungané Banisrail." Pringon lajêng dhawuh wiwit ing dintên punika sêsanggèning Banisrail kaindhakakên. Pangandikanipun: "Wong Ngibrani iku kènthèngên goné nyithak bata aja diwènèhi mêrang manèh, padha golèka dhéwé baé, nanging cacahing bata aja nganti kurang!" Lah ing ngriku nabi Musa lajêng adamêl mukjizat, têkênipun dados sawêr. Nanging tiyang su-[93]lapan ing Mêsir sami niru, dumados mukjijatipun nabi Musa wau botên ginalih. Sarèhning pringon botên amraduli, Allah lajêng andhatêngakên wêwêlak gantos- gumantos saha anggêgirisi dhatêng tiyang Mêsir sadaya lantaran saking nabi Musa lan Arun.

Pratélanipun makatên, nabi Musa angacungakên têkênipun dhatêng bênawi Nil. Sanalika toyaning bênawi lajêng malih dados êrah ngantos pitung dintên laminipun, botên kénging kaombé ing tiyang sarta ulamipun sami pêjah, inggih punika bancana ingkang sapisan.

Arun tumuntên anudingi dhatêng toya-toya ing Mêsir. Sanalika lajêng wontên kodhok anasabi salumahing tanah Mêsir sarta sami lumêbêt ing griya-griya, tuwin ing sênthong patilêman, ing kasur, ing pawon, lan ing cithakan. Pringon lajêng asêsambat dhatêng nabi Musa lan Arun: "Sira andongakna maring Pangéran, kodhok iku dènsirnakna, déné ingsun iya anglilani Banisrail padha lunga." Nabi Musa lajêng andê-[94]donga dhatêng Pangéran. Ing ngriku sakathahing kodhok lajêng sami pêjah. Sarêng sadintên sami kinalêmpakakên mawi sapu, dumados ing tanah Mêsir bacin. Ananging Pringon puguh, botên anglilani késahipun Banisrail.

Arun tumuntên ngacungakên têkênipun, sanalika lêbuning tanah Mêsir sadaya lajêng dados lêmut, sami anyokoti manungsa lan kéwan. Ucaping tiyang sulapan: "Iku dhasar kuwasaning Allah, suprandéné pringon taksih puguh kémawon."

Sêsampuning lêmut, tumuntên coro andhatêngi ing tanah Mêsir. Punapadéné saicaling coro lajêng wontên pagêring unta, lêmbu, ménda, kuldi, lan kapal kathah ingkang sami pêjah, suprandéné pringon taksih puguh kémawon.

Nabi Musa tumuntên angukub awu kasawurakên manginggil wontên ngarsaning pringon. Sanalika manungsa lan kéwan lajêng sami wudunên. Ing sabên-sabên, nabi Musa amasthèkakên ing wanci wiwitan lan wêkasa-[95]ning bancana, suprandéné pringon ing sabên-sabên inggih mêksa puguh kémawon.

Nabi Musa tumuntên anggayuhakên têkênipun manginggil, sanalika lajêng wontên gêlap thathit lan jawah woh. Salaminipun ing tanah Mêsir kaênggènan ing tiyang, dèrèng naté kambah bancana ingkang makatên, kêkajêngan sami êsol, punapadéné manungsa lan kéwan ingkang sami wontên ing sabin sami ambruk margi saking jawah woh wau. Saksana pringon gupuh animbali nabi Musa lan Arun, pangandikanipun: "Ing sapisan iki ingsun wus rumôngsa luput. Sira andongakna maring Pangéran, gêlap lan udan woh sirêpa!" Nabi Musa tumuntên mêdal saking sakèthènging nagari lajêng angêgarakên astanipun manginggil, sanalika jawah woh lan gêlap lajêng sirêp. Nanging pringon ugi taksih puguh kados ing wau kémawon.

Tumuntên wontên angin saking wétan ambêkta walang, anasabi ing tanah Mêsir, angrisak sasisaning kang rinisak déning jawah woh wau. Saksana pringon amêminta dhatêng na-[96]bi Musa lan Arun, pangandikanipun: "Sira ngapuraa dosaningsun sapisan êngkas!" Ing ngriku Pangéran lajêng dhatêngakên angin saking kilèn, ambuncang sakathahing walang sami kacêmplungakên ing sagantên Suf. Ananging Pringon ugi taksih puguh kémawon.

Nabi Musa tumuntên anggayuhakên astanipun manginggil, sanalika nagari Mêsir lajêng pêtêng dhêdhêt laminipun tigang dintên, botên wontên tiyang sagêd ningali kancanipun sarta sami ajrih mênyat saking panggènan. Éwa samantên ing tanah Gosèn panggènaning tiyang Israil padhang kémawon. Wondéné Pringon lêstantun puguh botên karsa miturut dhatêng nabi Musa lan Arun, pangandikanipun: "Héh Musa, sira lungaa lan aja manèh-manèh sira séba marang ingsun, samôngsa nganti sira pindho amêsthi sira nêmu pati!"

22. Wêdalipun Banisrail saking Mêsir

Sarêng piangkuhipun sang raja pringon sangsaya andadra, Pangéran lajêng ngandika dhumatêng nabi Musa: "Ingsun bakal nêkaka-[97]ké bancana siji manèh. Ing kono pringon banjur anglilani gonira padha lunga, malah bakal anundhung sira. Sabab Ingsun bakal tumêdhak ing wayah wêngi, amêmatèni sakèhé pambarêpé wong lan khéwankéwan* ing Mêsir."

Tiyang Banisrail lajêng kadhawuhan sadhiya anggènipun badhé késah. Sabên griya satunggal ing wanci sontên sami kinèn amragat cêmpé kang tanpa cacatcacad*. Déné rahing cêmpé wau kinèn anglèlètakên pipining kontênipun piyambak-piyambak, kiwa lan têngên, punapadéné ing têbêngipun. Déné ulamipun kinèn anêdha kaliyan roti ingkang tanpa ragi sarta mawia lawuh jangan pait. Ingkang makatên wau sadaya kalampahan sarêng sadalu punika. Dhawuhing Allah: "Gonira mangan, lambungira sabukan, sikilira nganggoa tarumpah, lan tanganira anyangkinga têkên, gonira padha mangan dirikat! Déné gêtihing cêmpé kang wus sira lèlètaké ing pipining lawang mau, iku minôngka têtêngêran supaya sira aja katut katêmpuh ing bancana." Ingkang makatên wau kasêbut paskhahing Pa-[98]ngéran.

Sarêng dumugi ing dintên ingkang sampun katamtokakên, tiyang Banisrail sami samêkta badhé bidhalan. Déné ing wanci têngah dalu malaékat ingkang amêmêjahi dhatêng, lajêng anggêbag pambajênging tiyang Mêsir sadaya. Pambajênging sang prabu sapangandhap dumugi pambajênging tiyang èstri ingkang miskin piyambak, dalasan pambajênging kéwan sadaya. Ing ngriku tiyang Mêsir sadaya sami sêsambat lan nangis, punapadéné sang raja pringon sarta para tiyang salêbêting kadhaton sadaya sami miris. Saksana ing dalu punika ugi, raja pringon andhawuhi nabi Musa lan Arun: "Dirikat padha mangkata, sira saanakira lan kéwanira, ngabêktia maring Pangéran, kaya kang wus dadi panjalukira, lan ingsun dongakna slamêt!" Makatên ugi para tiyang ing Mêsir sami anundhung Banisrail: "Ayo padha mangkata, yèn kasuwèn wong Mêsir iki mêngko êntèk kabèh!"

Makatên Banisrail anggènipun nilar tanah pangawulanipun sami ambêkta raja brana lan raja pèni kathah, pawèwèh-[99]ipun tiyang Mêsir badhé kadamêl sidhêkah. Cithakanipun ingkang isi jêladrènan tanpa ragi inggih kabêkta, margi botên kantos angratêngi. Déné bêbalungipun nabi Yusuf ugi kabêkta. Pangéran piyambak ingkang anêdahakên margi dhatêng bôngsa Israil, yèn siyang sarana tugu méga, déné yèn dalu sarana tugu latu.

Kocapa sang raja pringon sêsampuning kaaturan priksa yèn tiyang Ibrani sami bidhalan, malah sampun dumugi ing ara-ara lampahan tigang dintên. Lajêng kaduwung anggènipun anglilani késah wau, tumuntên gupuh amêpakakên balanipun. Lajêng anututi, kacandhak wontên sêlaning rêdi sacêlaking sagantên Suf. Sarêng tiyang Israil aningali bala ing Mêsir sami anututi, lajêng sami andharodhog. Nanging nabi Musa angayêm-ayêmi, pangandikanipun: "Kowé aja padha wêdi, Pangéran bakal anyarirani pêrang, kowé padha mênênga baé!" Môngka tiyang Israil sami kabêntêl, awit ing ngajêngipun wontên sagantên, punapadéné sakiwa têngênipun wontên rêdi sungil, môngka kabujêng déning[100] bala Mêsir saking wingking.

Pangéran lajêng angandika dhumatêng nabi Musa: "Ya géné sira nangis? Lah Banisrail sira dhawuhana, konên padha lumaku!" Aturipun nabi Musa: "Dhatêng pundi? Punapa mêdal ing sagantên?" Pangandikaning Pangéran: "Iya mêtua ing sagara, sira anjunjunga têkênira sarta tanganira acungna marang ing sagara, banyuné amêsthi piyak. Banisrail bakal padha lumêbu marang satêngahing sagara lumaku ing asatan. Ing kono wong Mêsir mêsthi padha sumurup yèn Ingsun iki Pangéran!" Sarêng nabi Musa angacungakên astanipun dhatêng sagantên, Pangéran lajêng aniyupakên angin sadalu muput, toyaning sagantên kapiyak, dhasaring sagantên ngantos gasik. Tugu méga ingkang wontên ing ngajênganing Banisrail nuntên mumbul ngalih dhatêng wingkingipun, saantawisipun Banisrail lan bala Mêsir, têmah Banisrail kapadhangan lan bala Mêsir kapêtêngan. Ing sadalu punika Banisrail sami lumêbêt ing sagantên, toyanipun kados pagêr banon ing kiwa têngênipun. Wondéné sang raja pringon inggih anututi. Sarêng wanci[101] bangun énjing, bala ing Mêsir sawêg sami dumugi satêngahing sagantên, déné Banisrail sampun nyabrang dumugi ing dharatan. Pangéran tumuntên anggêgêtêri bala Mêsir sarana gara-gara, têmah kandhêg lampahipun. Bala Mêsir sami gumêtêr sarwi anjêrit: "Ayo padha lumayu! Pangéran piyambak anyarirani pêrang anglawan aku." Allah tumuntên ngandika dhumatêng nabi Musa: "Tanganira acungna marang sagara!" Sarêng nabi Musa ngacungakên astanipun, bala Mêsir lajêng katangkêban aluning sagantên. Anggènipun lumajêng sami anumbuk toya, tumuntên sami kasasaban ombak, tumpês tapis botên wontên ingkang gêsang satunggal-tunggala. Sarêng Banisrail sumêrêp mênggah agêngipun kuwasaning Pangéran, têmah sami ajrih sarta kumandêl maring Pangéran tuwin dhatêng nabi Musa abdinipun, lajêng sami angrêrêpi panggunggung maring Pangéran.

23. Lampahipun Banisrail Dumugi ing Rêdi SinaSinai #

Margi ingkang saking Mêsir dhatêng tanah Kênangan punika mêdal ing[102] ara-ara kang wiyar lan sungil, botên wontên sabin lan lèpèn. Lêlampahan pintên-pintên dintên wêdhèn kémawon, botên wontên sêndhang lan awis-awis wontên rumput. Botên wontên radinan lan botên wontên griyaning tiyang. Antawis lampahan tigang dintên saking sagantên Suf sami amanggih sêndhang, nanging toyanipun lêtih botên kénging kaombé. Banisrail tumuntên anggarundêli nabi Musa. Wondéné nabi Musa lajêng asêsambat dhatêng Pangéran. Allah tumuntên anêdahakên kajêng, kinèn anyêmplungna ing toya. Sarêng sampun, sanalika toyanipun dados tawi. Pangandikaning Allah dhatêng Banisrail: "Ingsun iki Pangéran dhukunira." Banisrail tumuntên anggarundêli dhatêng nabi Musa malih margi saking botên wontên roti tuwin ulam. Lah ing ngriku Allah andhatêngakên pêksi puyuh kumêbul, punapadéné énjingipun ing siti wontên maujud ingkang bundêr alit-alit kados êbun. Banisrail sarèhning dèrèng naté sumêrêp maujud ingkang makatên wau, mila sami kèwêdan anggènipun badhé mastani. Wusana dipunnamakakên: manManna #.[103] Nabi Musa lajêng angandika: "Iku roti pêparinging Allah marang kowé saka ing Swarga." Déné raosipun man punika lêgi kados apêm madu.

Nabi Musa amalêri sakathahing tiyang sami botên kénging angèngèhakên man dumugi énjingipun. Môngka wontên tiyang ingkang kirang mituhu angèngèhakên. Sarêng dumugi énjing man wau singgatên sarta bacin. Éwa samantên bilih ing dintên Jumuwah, Allah anurunakên man kathahipun tikêl. Têtiyang kénging ugi angèngèhakên, margi ing dintên sabat botên wontên man. Ingkang makatên punika laminipun ngantos kawandasa taun, éngga dumuginipun Banisrail ing tanah Kênangan.

Mangsuli cariyos ing ngajêng, kala wontên ing ara-ara RapidinRafidim #, Banisrail sami kakirangan toya malih, lajêng anggarundêli dhatêng nabi Musa malih. Déné nabi Musa lajêng asêsambat dhatêng Pangéran, pangandikaning Allah: "Anjupuka têkênira, banjur jojohna ing parang iku!" Nabi Musa tumuntên anjojoh parang wau, sanalika lajêng mêdal to-[104]yanipun.

Kocapa lajêng wontên tiyang bôngsa Amalèk ambégal dhatêng tiyang Israil. Ing ngriku nabi Musa andhawuhi dhumatêng satunggaling kanthinipun anama Yusak kinèn amapagna yudanipun. Déné nabi Musa lajêng minggah dhatêng pucaking pêpunthuk sarwi angêgarakên astanipun maring Allah. Sadanguning astanipun nabi Musa kaulukakên, Banisrail sami unggul ing yuda. Déné yèn astanipun sumèlèh, tiyang Amalèk ingkang unggul. Mila Arun lan KhurHur # sami anyanggi astanipun nabi Musa, wusana Banisrail angawonakên tiyang Amalèk.

24. Dhumawuhing Anggêr-Anggêr

Sarêng Banisrail anggènipun lumampah sampun angsal kalih wulan langkung, lajêng dumugi ing ara-ara rêdi Sina. Wontên ing ngriku sami lêrêplêrêb* sataun. Déné para pancêr lan kulawôngsa sami katata, Banisrail sami kacacahakên, kapanggih[105] gunggungipun tiyang jalêr kémawon nêm kêthi, déné cacahing tiyang sadaya tigang yuta. Ing ngriku sami kaparingan anggêr-anggêr pranataning kalakuanipun, lah punika Banisrail anggènipun kadadosakên umating Allah. Sarêng sampun sami tata panggènanipun, nabi Musa lajêng minggah ing rêdi Sina. Pangéran tumuntên ngandika dhatêng nabi Musa: "Sira anataa Banisrail, sabab ing dina katêluné Ingsun bakal tumêdhak marang gunung Sina. Gunung iku sira sêngkêra ing saubêngé, sing sapa angambah gunung iku amêsthi mati."

Sarêng dumugi ing tigang dintênipun, ing rêdi wontên méga kandêl sarta wontên gêlap lan thathit, punapadéné suwaraning salomprèt ingkang bantêr. Rêdi Sina kakêmul kukus, déné suwaraning salomprèt wau sangsaya bantêr. Nabi Musa wontên ing rêdi ngadêg wontên ngarsaning Allah. Wondéné Banisrail sadaya sami ngadêg wontên ing ngandhap, sami anganggé sandhangan rêsik. Saking jrihipun ngantos gumêtêr.

Allah tumuntên dhawuhakên pangandika kados ing ngandhap punika.[106]

Ingsun iki Allah Pangéranira kang amêtokaké sira saka ngomahing pangawulan ing tanah Mêsir.

Sira aja anganggêp Allah liyané Ingsun.

Sira aja nêmbah ing ukir-ukiran utawa gambaring samubarang. Sabab Ingsun iki Pangéran Allahira kang aniksa marang wong duraka nganti turun kaping têlu utawa kaping pat, lan ambêciki wong kang trêsna marang Ingsun nganti turun kaping sèwu.

Sira aja ambaèkaké Asmaning Pangéran Allahira.

Sira amulyakna ing dina sabat. Sajroning nêm dina sira anggarapa panggawéanira, déné dina kang kaping pitu iku kagunganing Pangéran Allahira, aja sira anggarap gawé apa- apa.

Sira angajènana bapa biyungira.

Sira aja matèni uwong.

Sira aja abandrèk.

Sira aja nyênyolong.

Sira aja dadi saksi goroh.

Sira aja mélik sabarang darbèké kancanira.

Sadangunipun Pangéran andhawuhakên paréntah punika wa-[107]u, Banisrail sangsaya sangêt ajrihipun aningali gêlap lan thathit aliwêran, nuntên sami lumajêng umatur dhatêng nabi Musa: "Sampéyan kémawon andhawuhana dhatêng kula, sampun ngantos Allah piyambak. Kula ajrih bokmanawi pêjah. Punapa dhawuhing Allah dhumatêng sampéyan badhé kula èstokakên." Sêsampuning prajanji ingkang makatên, nabi Musa lajêng damêl kurban. Déné rahipun kasirat-siratakên dhatêng tiyang kathah. Pangandikanipun: "Lah iku gêtih prajanjéaning Pangéran lan kowé."

Nabi Musa sêsampuning minggah ing rêdi lajêng manjing salêbêting mêga. Wontên ing ngriku laminipun kawandasa dintên lan kawandasa dalu. Sadanguning makatên, nabi Musa anampèni dhawuhing Allah awarni-warni ingkang badhé kadhawuhakên dhatêng Banisrail. Sarêng pangandikaning Pangéran dhumatêng nabi Musa sampun têlas, nabi Musa lajêng kaparingan papan anggêr-anggêr kêkalih, kadamêl saking séla saha kasêrat tapak astaning Allah.

Wondéné Banisrail sarêng sumêrêp yèn nabi Musa nga-[108]ntos lami botên tumêdhak saking rêdi, tumuntên sami matur dhatêng Arun: "Sumôngga kula sampéyan damêlakên déwa kang minôngka pangirid kula, awitdéné Musa punika, kula botên sumêrêp kadadosanipun." Pangandikaning Arun: "Yèn mêngkono kang dadi karêpmu, lah anting-antingé êmas anak bojomu padha takpundhut kabèh, bakal takgawé déwamu." Banisrail tumuntên sami nyaosakên anting-anting êmas dhatêng Arun. Sêsampuning katampèn déning Arun lajêng kacithak, kadamêl pêdhèt êmas. Banisrail tumuntên wicantênan sami kancanipun: "Héh kônca, iku déwamu kang dadi pangiridmu saka ing tanah Mêsir." Enjingipun, Banisrail lajêng sami nyaosakên kurban dhatêng pêdhèt êmas wau sarwi asuka-suka.

Pangéran tumuntên angandika dhumatêng nabi Musa: "Sira mudhuna saka ing gunung! Marga Banisrail padha rusuh lakuné, gêlis padha nyêbal saka dêdalan kang wus Sundhawuhaké." Nabi Musa tumuntên tumêdhak saking rêdi sarwi anyangking papan anggêr-anggêr wau. Sarêng dumugi sacêlaking pabarisan, nabi Musa[109] ningali wontên pêdhèt êmas sarta Banisrail sami ajêjogèdan ing saubêngipun, sami anganggé gôngsa lan sêsindhèn. Ing ngriku nabi Musa sangêt ing dukanipun. Papan ingkang cinangking wau lajêng binanting wontên sangandhaping rêdi ngantos rêmuk. Saksana lajêng anyandhak pêdhèt êmas wau, nuntên kabêsmi ing latu sarta kaêjur-êjur kados balêdug, lajêng sinawurakên dhatêng toya. Tumuntên Banisrail sami kinèn angombé toya wau.

Énjingipun nabi Musa angandika dhumatêng Banisrail: "Kowé wus padha agawé dosa gêdhé. Déné ing mêngko aku arêp matur ing Pangéran, bok manawa aku bisa ngolèhaké pangapura ing kowé." Nabi Musa tumuntên wangsul umarêk maring Pangéran sarwi umatur: "Dhuh Gusti, Banisrail punika sampun sami anandhang dosa agêng margi anggènipun damêl déwa kancana. Ing samangké mugi Tuwan angapuntêna dhatêng dosanipun wau. Manawi botên kaparingan pangapuntên,[110] kawula mugi kalêbura saking sêratan Tuwan." Wondéné dhawuhing Pangéran: "Wong kang wus agawé dosa marang Ingsun, iku mêsthi linêbur saka têtulisaning-Sun. Déné saiki sira ngirida Banisrail marang panggonan kang wus Sunpangandikakaké marang sira! Déné malaékating-Sun bakal lumaku ana ing ngarêpanira, Ingsun iya bakal aniksa dosané wong iku bésuk yèn wus têkan ing mangsané. Héh Musa, sira anataha papan wau loro padha alan kang dhisik! Bakal Suntulis pangandikaning-Sun kaya papan kang dhisik, lan ing sésuk-ésuk sira saosna marang Ingsun ana ing gunung!" Lah makatên nabi Musa anggènipun wontên ngarsaning Allah kawandasa dintên lan kawandasa dalu malih, tanpa dhahar lan ngunjuk. Déné papan kêkalih wau kasêrat pêpakèn sadasa déning Allah.[111]

25. Pasucianing Allah, Para Imam, lan Dintên Agêng

Sêsampuning Pangéran andhawuhakên anggêr-anggêr ingkang kasêbut ing ngajêng wau, lajêng andhawuhi dhumatêng nabi Musa, andikakakên yasa pasucian minôngka padalêmaning Allah. Sêsampuning makatên, Banisrail lajêng nyaosakên raja brana tuwin sêsotya lan kajêng ingkang saé-saé sapanunggilanipun, ingkang badhé kanggé ing yêyasan punika. Punapa malih wontên sarjana kêkalih ingkang amandhégani ing samukawis padamêlan wau, manut tuladha ingkang sampun kaparingakên déning Allah dhumatêng nabi Musa wontên ing rêdi Sina. Wondéné pasucian punika wau panjangipun tigangdasa asta, wiyaripun sadasa asta, lan inggilipun ugi sadasa asta. Ingkang kadamêl gêdhègipun blabag linapis ing êmas, payonipun wacucal. Salêbêting pasucian wau mawi kasinggêt ing gubah dados kalih panggènan. Ingkang ngajêng winastan: sasana suci,[112] déné ingkang wingking winastan: sucining asuci, punapadéné pasucian punika mawi palataran mubêng kasukanan gêbêr.

Salêbêtipun sucining asuci wontên pêthi êmas isi papan séla kêkalih ingkang kasêrat anggêr-anggêr. Sanginggiling tutup mawi kasukanan pratima kancana rinéka malaékat kêrub kêkalih ajêng-ajêngan sarwi ambabar suwiwinipun. Déné salêbêting sasana suci wontên madbah êmas kanggé ambêsmi dupa, punapadéné méja êmas wadhah roti sajèn. Lan malih wontên ajug -ajug êmas êpang pêpitu mawi clupak êmas nyatunggal. Punapa malih ing palataran ngajêng wontên madbah pangobaran kadamêl saking têmbagi, tuwin padasan têmbagi kanggé pawijikaning para imam. Sarêng panggaraping pasucian wau sampun arampung ramping, Allah angatingalakên kamulyanipun wontên salêbêting pasucian wau warni mega.

Wondéné ingkang kapatah ambakoni padamêla-[113]n wontên salêbêting pasucian wau, sakathahing turunipun Lèwi. Arun saturun-turunipun sami dados imam. Malah Arun piyambak dados pangulu imam. Sintên ingkang dados pangulu imam kénging malêbêt dhatêng sucining asuci sataun sapisan, inggih punika yèn panuju dintên agêng panglêburing dosa. Wondéné padamêlanipun para imam angladosi para tiyang ingkang gadhah kajat dhatêng pasucian wau, kados ta: saos kurban, sapanunggilanipun. Déné tiyang Lèwi sanès-sanèsipun sami angladosi para imam. Wondéné para imam ing sabên anggènipun ambibarakên tiyang ingkang malêbêt ing pasucian kalayan dipunbêrkahi makatên: "Pangéran ambêrkahana marang sira sarta angrêksaa marang sira. Pangéran amadhangana wadanané marang sira sarta amuraha marang sira. Pangéran amanisa wadanané sira sarta amaringana slamêt marang sira."

Wontênipun dintên agêng ingkang kamulyakakên dé-[114]ning Banisrail sarta sakathahing tiyang jalêr sami kawajibakên malêbêt ing pasucian. Punika ing dalêm sataunipun rambah kaping tiga amitung dintên. Ananging mênggah anggènipun sami kèndêl nyambut damêl namung ing dintên wiwitan lan wêkasanipun. Ingkang sapisan dintên agêng paskhah minôngka pangèngêt-èngêt kala wêdalipun saking tanah Mêsir. Ing ngriku tanêman juwawut ingkang sêpuh rumiyin kasaosakên dhatêng pasucian. Sêsampuning paskhah wau ing tanah Kênangan wiwit panèn juwawut. Kaping kalihipun dintên agêng pêntékosta minôngka kabingahan ing atasipun angundhuh-undhuh, ngiras kadamêl pangèngêt-èngêt kala dhumawuhing anggêr-anggêr wontên ing rêdi Sina. Ing ngriku têtiyang sami bingah-bingah margi sami panèn gandum. Kaping tiganipun dintên agêng tancêbing tarub minôngka pangèngêt-èngêt kala késahipun dhatêng Kênangan, mondhok wontên ing ara-ara. Ing dintên punika ngiras nyaosi panuwun maring Allah margi saking lêbaring wowohan. Samôngsa angajêngakên dintên agêng tancêbing tarub kirang gangsal dintên punika winastan dintên agêng panglêburing dosa. Ing[115] ngriku Banisrail sami analôngsa maring Allah sarta amawi siyam. Pangulu imam anyaosakên kurban minôngka pangruwatipun dosanipun piyambak saha dosaning Banisrail sadaya.

26. Pakuburanipun Tiyang Luamah

Banisrail anggènipun sami wontên sangandhaping rêdi Sina laminipun mèh sataun. Kacariyos ing satunggal dintên tugu mega muluk saking dalêm pasucian. Banisrail lajêng samêkta badhé bidhalan sarta sami abingah-bingah. Panyananipun énggal badhé dumugi ing tanah ingkang sinêdya ing lampah, ananging kathah pangkalanipun. Sawêg angsal lampahan tigang dintên kémawon sami kalêson, wondéné tiyang rucah sami kapéngin ulam, sami nangis lan sambat-sambat: "Sapa kang takjaluki iwak iki, luhung dhèk ana ing Mêsir aku mangan iwak, timun, sêmôngka, kucai, brambang, bawang lan sapanunggalané tanpa tuku. Ing saiki ora ana manèh kang takpangan kaja-[116]ba man iku."

Pangéran tumuntên angandika dhumatêng nabi Musa: "Sira dhawuha marang Banisrail: bésuk-ésuk sira bakal mangan iwak tur ora mung sadina rong dina baé, malah sêsasi muput, kongsi amlukèk-mlukèk. Sabab sira nyênyampahi marang Pangéran kang ana ing têngahira nganti kaduwung gonmu padha mêtu saka ing Mêsir." Déné aturipun nabi Musa: "Kados pundi déné Tuwan dhawuh badhé maringi ulam dhumatêng Banisrail ngantos sawulan muput? Môngka tiyangipun jalêr kémawon nêm kêthi." Pangandikaning Pangéran: "Mungguh kuwasaning Pangéran apa kuciwa?" Nabi Musa tumuntên anglêmpakakên para pinisêpuhing Banisrail. Lah ing ngriku lajêng wontên angin ambêkta pêksi puyuh saking sagantên kasêbarakên ing pabarisan tuwin saubêngipun, atumpang tindhih, inggilipun kalih asta. Saksana Banisrail lajêng sami andêkêpi pêksi puyuh wau, laminipun kalih dintên. Dèrèng ngantos têlas anggènipun nêdha ulamipun, Banisrail kadhatêngan bêbênduning Pangéran. Kathah ingkang lajêng pêjah sar-[117]ta tiyang kang luamah sami kinubur wontên ing ngriku, amila panggènan punika winastan pakuburanipun tiyang luamah.