Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

[Jus kaping nêm likur]

Surat Ahkaph (araning jurang).

Tinurunake ana nagara Mêkah, têlung puluh lima ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha- asih.

1. Kha lan Mim iku padha araning aksara Ngarab. Allah ênggone ngandika mangkono mau, mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan karêpe. Tumuruning Kuran iki têrang saka Allah kang Mahamulya tur Wicaksana.

2. Enggon Ingsun gawe bumi lan langit,

--- 3 : 1240 ---

apadene barang kang ana antaraning bumi lan langit, iku mêsthi kalawan nyata, lan adêging bumi lan langit mau ana wêwangêne kang tinamtokake, iya iku têkan dina kiyamat. Dene sarupaning wong kaphir iku padha diwêdèni surasaning Kuran, nanging padha ora ngandêl.

3. (He Mukhammad) sira dhawuha: Kapriye panêmumu mungguh barang liyaning Allah kang padha kosêmbah, iya iku brahala. Kôndhaa, barang isèn-isèning bumi iki êndi kang gêgaweaning brahala, lan apa brahala mau milu gawe langit, ngrewangi Allah. Manawa panêmumu iku bênêr, mara nêkakna kitab sadurunge Kuran iki, utawa kawruh liya-liyane kang cocog lan panêmumu iku.

4. Ora ana wong kang luwih kêsasar tinimbang lan wong kang nyêmbah liyaning Allah, iya iku brahala, kang salawase ora tau bisa nuruti panjaluke kang nyêmbah, têkan dina kiyamat pisan, iya ora bisa, brahala mau ora ngêrti yèn disêmbah dening wong

--- 3 : 1241 ---

kaphir.

5. Ing besuk dina kiyamat, nalikane manungsa padha dikalumpukake ana pangayunaning Pangeran, sakèhing brahala padha dadi satrune wong kang nyêmbah brahala, sarta padha nutuh marang kang padha nyêmbah.

6. Wong ing Mêkah nalikane diwacakake Kuran, ayat Ingsun, kalawan cêtha, wong Mêkah kang kaphir, maido ing Kuran, padha ngucap: Kuran iki têtela si kaphir.

7. Apa wong Mêkah padha ngucap: Kuran iku gawe-gawene Nabi Mukhammad dhewe. (He Mukhammad) sira dhawuha: Manawa Kuran iki ênggonku gawe-gawe, Allah mêsthi niksa marang aku saiki, lan kowe ora bisa nulak siksaning Allah marang aku sathithik-thithika. Allah iku nguningani ênggonmu padha maido Kuran. Enggonku pasulayan lan kowe iki, cukup disêksèni dening Allah bae, Allah iku ngapura wong kang tobat, tur Maha-asih.

--- 3 : 1242 ---

8. (He Mukhammad) sira dhawuha: Aku iki dudu rasul kang kawitan, lan aku ora wêruh apa kang bakal tinandukake marang aku utawa marang kowe. Aku mung manut surasaning Kuran kang didhawuhake marang aku, wajibku mung mêmêdèni lan pitutur.

9. Lan sira dhawuha: Kapriye panêmumu, upama Kuran iki têmên dhawuhing Allah, kang môngka kowe padha maido Kuran, lan ana uga sêksine wong Bani Srail, nêrangake yèn Kuran iku têmên dhawuhing Allah, padha lan Kitab Torèt. Wong Bani Srail kang nêksèni mau banjur pracaya, kowe padha gumêdhe suthik pracaya, iku kowe apa ora luput. Satêmêne Allah iku ora karsa nuduhake dalan bênêr marang wong kang padha kaphir.

10. Wong kaphir padha calathu marang para wong mukmin: Mênawa pracaya marang Kuran iku bêcik têmênan, aku môngsa ngantia kêdhisikan wong mukmin iku ênggonku pracaya. Wong kaphir padha ora bisa olèh pituduh bênêr saka ing Kuran, mêngko bakal padha ngucap: Kuran iku

--- 3 : 1243 ---

biyèn mula goroh.

11. Sadurunge Kuran iku wis ana kitab, iya iku kitabe Nabi Musa kang aran Torèt, dadi pangarêp lan dadi rahmat, tumrap wong kang padha pracaya marang Kitab Torèt. Dene Kuran iki kitab kang nêrangake yèn kitab kang kuna-kuna iku bênêr kabèh, têmbunge têmbung Arab, kanggo mêmêdèni marang wong kaphir ing Mêkah, lan kanggo ambêbungah wong kang padha bêcik lan pracaya ing Kuran.

12. Sarupaning wong kang padha ngucap: Pangeranku Allah, banjur padha sêtya tuhu ênggone ngèstokake dhawuhing Allah, iku besuk ana ing akhirat, ora bakal wêdi apa-apa, lan ora kasusahan.

13. Wong mangkono mau bakal padha munggah ing suwarga, ana ing suwarga padha langgêng, minôngka ganjaraning kabêcikan kang wis padha dilakoni.

14. Dhawuh Ingsun marang manungsa, padha trêsnaa lan gawea bêcik marang wong tuwane loro, awit manungsa mau dikandhut ana wêtênganing biyunge lan dilairake kalawan rêkasa, awit ênggone [ênggo...]

--- 3 : 1244 ---

[...ne] diwêtêngake nganti têkan anyapihe, lawase têlung puluh sasi. Barêng bayi mau wis tuwa lan wis têkan ngumur patang puluh taun, munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi paringa pitêdah, angebahna manah kawula, ingkang ngantos kawula sukur dhatêng paring Tuwan kabingahan, ingkang Tuwan paringakên dhumatêng kawula, saha dhumatêng tiyang sêpuh kawula kêkalih, punapadene supados kawula anglampahi pandamêl sae, ingkang dados kaparêngipun karsa Tuwan. Para turun kawula mugi Tuwan dadosakên sae. Kawula tobat ing Tuwan, kawula punika tiyang Islam.

15. Iya iku wong kang padha Ingsun tarima ênggone padha nglakoni panggawe bêcik, lan padha Ingsun puwung ênggone nglakoni panggawe ala, padha lan wong ing suwarga. Iya iku prasêtyaning Allah, têmên mêsthi kalakon, kang diprasêtyakake marang para wong mukmin.

16. Dene wong kang wani-wani nyalathoni marang wong tuwane loro: Hus, yagene kowe têka padha namtokake marang aku

--- 3 : 1245 ---

ing têmbe aku bakal diwêtokake saka ing kubur kalawan urip, kang môngka para wong kuna sadurunge aku biyèn, kang mati wis pirang-pirang atus taun, ora ana siji-sijia kang urip manèh. Wong tuwane loro banjur padha sêsambat ing Allah, lan mangsuli marang anake, cilaka têmên kowe, kowe pracayaa ing Allah lan bakal uriping wong kang wis padha mati. Prasêtyaning Allah bakal kalakon têmênan. Anake banjur mangsuli: Mangkono iku gawe-gawene para wong kuna.

17. Wong mangkono mau, wis ditamtokake dening pêpasthèn pangandikaning Allah bakal dipatrapi siksa, kalêbu gêgolonganing para umat kuna biyèn, rupa jin lan manungsa, iku têmên wong kapitunan.

18. Siji-sijine wong mukmin lan wong kaphir mau lakune undha-usuk. Allah mêsthi nêtêpake ganjaran utawa patrapaning lakune ing samurwate, lan ora ana wong kêna panganiaya.

19. Ing dina nalikane para wong kaphir padha diwêruhake [diwêruh...]

--- 3 : 1246 ---

[...ake] ing naraka, ing kono padha didhawuhi: Saiki kabungahanira ana ing dunya wis gêmêt sira êntèkake, kanggo bungah-bungah ana ing dunya. Ing dina iki sira padha dipatrapi siksa kang ngrèmèhake, marga ênggonira padha gumêdhe ana ing bumi, kalawan ora bênêr, lan marga ênggonira padha duraka.

20. (He Mukhammad) sira nyaritakna Nabi Hud, sadulure wong Ngad, nalika mêmulang lan mêmêdèni para umate, padha diwêdèni jurang Ahkaph, kang ana antaraning desa Ngaman lan desa Mahrah, têmbunge: Kowe aja padha nyêmbah apa-apa, mung nêmbaha ing Allah bae. Aku kuwatir yèn ing têmbe kowe dipatrapi siksa gêdhe. Ing dina iku rasul kang dhisik wis ora ana, rasul kang bakal têka uga durung ana.

21. Wong Ngad padha mangsuli: Punapa sampeyan punika murih dhatêng kula, supados kula ngoncati anggèn kula nyêmbah Pangeran kula. Manawi pitutur sampeyan punika têmên lêrês, sumôngga sampeyan dhatêngakên siksa ingkang sampeyan ancamakên punika.

22. Nabi Hud mangsuli: Mung Allah piyambak kang nguningani [nguninga...]

--- 3 : 1247 ---

[...ni] dina têkaning siksa, dene wajibku, mung andhawuhake parentahing Allah kang tak êmban, marang kowe. Barêng kowe padha anggege siksa, panêmuku, kowe iku padha wong bodho.

23. Barêng wong Ngad padha andêlêng siksa, iya iku mêndhung malang ngarêpake jurang, dikira mêndhung bakal nganakake udan, wong Ngad padha bungah, pangucape: Iki mêndhung bakal nganakake udan, kabênêran, ing kene wis lawas ora udan. Pangandikaning Allah: Iku siksa kang padha sira gege. Iku angin siksa kang nglarani, dudu mêndhung.

24. Angin mau numpês awake wong Ngad kabèh, ngèstokake dhawuhing Pangerane, nêmpuh ngurugi wêdhi marang wong Ngad, nganti pitung dina ênggone kurugan wêdhi. Bangkene wong Ngad banjur padha dibuncang marang sagara, wong Ngad dalah omahe sirna kabèh, mung kari katon patilasane bae. Iya iku ênggon Ingsun nandukake wêwalês marang para wong kaphir.

25. (He wong Mêkah) wong Ngad mau padha Ingsun bisakake [bi...]

--- 3 : 1248 ---

[...sakake] barang kang kowe ora bisa, kaya ta bangêt rosane, dawa ngumure lan akèh bandhane, lan padha Ingsun paringi pangrungu, pandêlêng lan pikir, ewadene barêng tinêmpuh ing siksa, pangrungu pandêlêng lan pikire, ora kêna diênggo ngoncati siksa, marga wong Ngad mau padha madoni ayating Allah, wong Ngad padha tinêmpuh ing siksa kang padha digêguyu.

26. (He wong Mêkah) Ingsun wis numpês wong padesan sakiwa têngênira, apadene Ingsun ambolan-balèni anggêlarake tôndha yêkti ayat Ingsun, supaya wong Mêkah padha marèni ênggone nasar.

27. Yagene wong kang padha mangeran liyane Allah, utawi nyêdhak ing Allah lantaran brahala têka padha ora bisa nulungi marang wong kang padha Ingsun tumpês mau, malah sabisa-bisa padha mêlayu, nyingkiri wong kang padha Ingsun tumpês. Dadi ênggone padha mangeran brahala mau têtela padha luput, lan kacihna gorohe.

--- 3 : 1249 ---

28. (He Mukhammad) sira nyaritakna nalikane Ingsun nyebakake jin sawatara kèhe marang sira, ngrungokake ênggonira maca Kuran, barêng jin mau wis seba ing sira, padha calathu, he para kancaku, padha ngrungokna unining Kuran iki. Barêng wis rampung pamacaning Kuran, jin mau padha bali marang panggonane dhewe-dhewe. Sarta banjur mêmulang Kuran marang para kancane.

29. Para jin mau padha calathu: He para kancaku jin kabèh, saiki aku krungu kitab kang diturunake dening Allah sapungkure Nabi Musa, aran Kitab Kuran, iku nêrangake yèn sarupaning kitab kang kuna-kuna iku kabèh bênêr. Surasaning Kuran mau, awèh pituduh marang agama bênêr. Iya iku agama Islam, lan marang dalan bênêr.

30. He para kancaku jin kabèh, kowe padha ngèstokna dhawuhing Allah kang diêmban dening Nabi Mukhammad, sarta padha pracayaa ing Allah, Allah bakal ngapura kaluputanmu, [kaluputa...]

--- 3 : 1250 ---

[...nmu,] lan bakal paring salamêt marang kowe, ora kêna ing siksa naraka kang nglarani.

31. Sing sapa ora ngèstokake dhawuhing Allah, iku ora bisa ngoncati siksaning Allah ana ing bumi, lan ora duwe andêl-andêl liyaning Allah. Wong mangkono iku têtela kêsasar.

32. Wong ing Mêkah apa ora padha andêlêng yèn Allah iku gawe bumi lan langit. Sarèhning Allah iku kuwasa gawe barang kang samono gêdhene, apa ora sangsaya kuwasa nguripake wong kang wis padha mati (iya sangsaya kuwasa). Allah iku kuwasa samubarang.

33. Ing besuk dina kiyamat, nalikane para wong kaphir padha dituduhake ing naraka, ing kono ana dhawuhing Allah: He wong kaphir kabèh, apa ora wis bênêre sira Ingsun cêmplungake ing naraka iki. Unjuke para wong kaphir: Dêmi Pangeran kawula, inggih sampun lêrêsipun. Allah ngandika: Hèh saiki sira padha ngrasakna siksa naraka, marga

--- 3 : 1251 ---

ênggonira padha kaphir.

34. (He Mukhammad) mulane sira disabar, aja ngrasakake pialane wong kaphir, dikaya sabare para rasul ing jaman kuna kang padha duwe ati têtêp. Aja anggege têkaning siksa marang para wong kaphir. Wong kaphir iku besuk yèn wis andêlêng naraka kang diancamake.

35. Pangrasane ênggone ana ing dunya iki mung saêjam ing wayah awan. Kuran iki dhawuhing Allah marang sira, besuk yèn wis andêlêng siksa, sapa ta kang sangsara kajaba para wong kaphir.

Surat Mukhammad (asmane Kangjêng Rasul)

Tinurunake ana nagara Madinah, patang puluh ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Sarupaning wong kaphir ing Mêkah kang padha

--- 3 : 1252 ---

mênging pracaya ing Allah, iku nyirnakake ganjarane, ênggone nglakoni kabêcikan.

2. Dene sarupaning wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, sarta padha ngèstokake dhawuhing Kuran, kang tinurunake marang Nabi Mukhammad, iya iku agama kang bênêr, têmên têrang dhawuhing Allah Pangerane, Allah ngapura dosane wong mukmin mau, lan ambêcikake lêlakone.

3. Mulane mangkono, amarga para wong kaphir mau, padha manut panggodhaning setan, dene para wong mukmin padha manut dhawuhing Kuran, têrang saka Pangerane. Mangkono iku Allah ênggone nêrang-nêrangake lêlakone wong mung'mung' tidak perlu dibaca. mukmin lan wong kaphir.

4. Mulane mênawa sira kêtêmu lan mungsuh wong kaphir, banjur padha sira kêthoka gulune, dene yèn wis akèh kang mati, sira bandanana bae.

5. Sawise padha sira bônda, kêna uga banjur [ba...]

--- 3 : 1253 ---

[...njur] sira apura sarta sira uculake, lan kêna uga sira pundhuti têbusan. Mangkono iku sira tindakna nganti têkan bubaring pêrang, para prajurit padha nyèlèhake gêgamane. Upama ana kaparênge karsaning Allah, wong kaphir iku padha ditumpês kalawan siksa bae, tanpa dilawan ing prang, mêsthi kalakon, nanging karsaning Allah ora mangkono, ênggone dhawuh pêrang iku kanggo andadar marang sira para wong mukmin, sapa kang sêtya tuhu. Dene wong mukmin kang padha mati pêrang Sabilullah, Allah ora bakal anjugarake ênggone padha nglakoni panggawe bêcik.

6. Allah mêsthi paring pituduh bênêr sarta ambêcikake lêlakone wong mukmin mau.

7. Apadene ngunggahake ing suwarga, lan mrênahake panggonane wong mukmin mau ana ing suwarga.

8. He para wong mukmin, mênawa sira biyantu utusaning Allah ênggone anggêlarake agama Islam, Allah mêsthi paring pitulung marang sira, lan nêtêpake dalamakanira ana ing pêpêrangan.

9. Dene sarupaning wong kaphir iku padha kapitunan, [kapitu...]

--- 3 : 1254 ---

[...nan,] Allah bakal anglarutake ganjarane ênggone nglakoni panggawe bêcik.

10. Enggone mangkono iku, marga wong kaphir mau padha sêngit marang Kuran kang didhawuhake dening Allah, mulane Allah nyirnakake ganjarane para wong kaphir.

11. Yagene wong kaphir mau ora padha anjajah ing bumi, andêlêng patilasane para umat kuna, sadurunge wong kaphir mau, kang padha Ingsun tumpês marga ênggone kaphir. Kapriye ta kadadiane. Dene wong kaphir turun Kurès, iya ora beda, bakal kaya mangkono uga.

12. Mulane mangkono, amarga Allah iku andêl-andêle para wong mukmin, kakang. paring pitulung, dene wong kaphir ora duwe andêl-andêl.

13. Allah iku angganjar para wong mukmin, kang padha nglakoni panggawe bêcik, padha dilêbokake ing suwarga, kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon. Dene para wong kaphir, iku padha bungah-bungah ana ing dunya,

--- 3 : 1255 ---

lan padha mêmangan kaya ênggone mêmangan kêbo lan sapi, ing besuk ana ing akhirat, panggonane ana ing naraka.

14. Pira bae kèhe wong padesan kang gagah prakosane ngungkuli sira wong Mêkah, utawa nundhung sira saka ing Mêkah, iku padha Ingsun tumpês, têka ora ana kang bisa nulungi.

15. Wong kang nyungkêmi tôndha yêkti saka ing Pangerane, iya iku Kuran, apa padha bae lan wong kang dhêmên anglakoni panggawe ala, pangrasane bêcik, lan nuruti sakarêp-karêpe, nyêmbah brahala (mêsthi beda bangêt).

16. Salokaning suwarga kang diprasêtyakake dening Allah bakal diganjarake marang para wong wêdi ing Allah, iku ana bêngawane kang mili banyu kang ora owah jalaran apa-apa, lan ana bêngawane kang mili puwan kang rasane ora bisa owah, apadene ana bêngawane mili sajêng, kang luwih dening enak tumrap wong kang padha ngombe.

17. Lan ana bêngawane mili madu kang bêning

--- 3 : 1256 ---

wong mukmin ana ing suwarga padha duwe wowohan akèh tur warna-warna, lan olèh pangapura saka Pangerane. Iku têtimbangane wong kaphir ênggone langgêng ana ing naraka, lan dicangar ing wedang kang luwih dening panas, mulane jêroane padha ajur.

18. Sawênèhing wong kaphir ana kang padha ngrungokake ênggonira maca khutbah Jumungah, barêng wis mundur saka ngarêpira, banjur padha anggêguyu, calathune marang wong kang padha kadunungan kawruh, iya iku para sakabat: Kang digêlarake Nabi Mukhammad mau apa, aku môngsa anggugua. Wong mangkono mau atine wis dicap dening Allah, ditamtokake kaphir, banjur nglakoni sakarêp-karêpe dhewe.

19. Dene wong kang padha olèh pituduh bênêr, iya iku para wong mukmin, iku padha diparingi wuwuh pituduh manèh, sarta diparingi ati wêdi ing Allah.

20. Wong kaphir ing Mêkah iku ngêntèni apa ta, ora liya mung ngêntèni dina kiyamat,

--- 3 : 1257 ---

kang têkane ngagètake, kang môngka saiki sasmitaning dina kiyamat mau wis ana sawatara kang kêlakon. Yèn dina kiyamat wis tumapak, kapriye ênggone arêp eling, tobat ing Allah.

21. Sira wêruha, satêmêne ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr mung Allah piyambak, iku lêstarèkna salawas-lawase ing tekadira, lan nyuwuna pangapuraning dosanira, lan nyênyuwuna pangapura dosaning para wong mukmin, lanang lan wadon. Allah iku nguningani molah-malihira lan panggonanira.

22. Wong mukmin padha ngajap pêrang calathune: Yagene têka ora ana dhawuhing Allah pêrang, barêng ana dhawuhing Allah kêncêng wong mukmin padha dikarsakake pêrang, sira andêlêng wong kang atine padha ana lêlarane lamis, iku padha andêlêng marang sira, matane kêthip-kêthip, rupa wong wêdi mati. Wajibing wong mukmin mung sandika nglakoni parentah, sarta mangsuli kalawan paturan kang bêcik.

--- 3 : 1258 ---

23. Barêng têkaning gawe pêrang, wong lamis padha nyidrani kasaguhane pêrang. Upama wong lamis mau padha ngandêl prasêtyaning Allah, malah luwih bêcik tumrap ing awake.

24. Wong lamis padha sira wêlèhna, bokmênawa kowe wêgah ngèstokake Kuran, banjur arêp bali gawe rusak ana ing bumi, lan padha mêdhot sih.

25. Wong mangkono iku padha dibêndoni dening Allah, mulane Allah banjur ambudhêgake lan micakake pandêlênging wong mau (dadi padha ora krungu pitutur bêcik lan ora wêruh dalan kang bênêr).

26. Yagene wong lamis mau têka ora padha anggagas surasaning Kuran, atine malah padha dikunci.

27. Sarupaning wong kang wis têrang sêsurupane marang pituduh bênêr, nanging banjur ambalik ambalèni ênggone kaphir lan lamis, iku banjur bae setan anggodha marang wong mau lan andawakake ngumure.

--- 3 : 1259 ---

28. Têtelaning panggodha, wong lamis mau padha bêbisik marang wong kang padha sêngit marang Kuran, iya iku wong kaphir: Aku bakal biyantu sawatara marang kowe, iya iku bab nyatru Nabi Mukhammad. Allah nguningani wadine wong lamis mau.

29. Lah kapriye polahe wong lamis mau besuk yèn wis dipatèni dening malaikat. Para malaikat mêsthi padha anggêbugi wong lamis mau saka ing ngarêp lan saka ing buri.

30. Mangkono mau para wong lamis padha nglakoni barang kang andadèkake dukaning Allah, lan padha sêngit barang kang dadi kaparênge karsaning Allah, mulane Allah nyirnakake lakune bêcik wong lamis mau.

31. Wong kang atine ana lêlarane lamis, apa padha ngira yèn Allah ora bakal ambukak wadine ênggone nyatru marang para wong mukmin.

32. Mênawa ana parênge karsaningsun, kêna uga sira Ingsun wêruhake kaananing wong lamis, sira bakal wêruh têngêre ênggone lamis,

--- 3 : 1260 ---

lan sira bakal wêruh calathune miring, ora pasaja. Allah nguningani lakuning para kawulane kabèh, ala lan bêcik.

33. (He para wong mukmin) Ingsun nyoba marang sira, sira Ingsun parentahi mangsah pêrang, supaya Ingsun wuninga kalawan gumêlar, sapa panunggalanira kang sêtya tuhu, lan sapa kang têtêg atine, apadene Ingsun ambukak wadinira, sapa kang sêtya tuhu lan sapa kang lamis, ing kono têtela.

34. Sarupaning wong kaphir lan wong kang makewuhi sumêbare agamaning Allah, apadene padha nyulayani rasul, tur wis padha têrang wruhe marang pituduh bênêr, iya iku agama Islam, iku ora pisan malarati apa-apa marang Allah, nanging malarati marang awake dhewe. Ing têmbe Allah anjugarake ganjaraning kabêcikan marang wong mangkono mau.

35. (He para wong mukmin kabèh) sira padha manut mituruta parentahing Allah lan parentahing rasul, aja padha anjugarake ganjaraning kabêcikan [kabê...]

--- 3 : 1261 ---

[...cikan] kang wis padha sira lakoni.

36. Sarupaning wong kaphir lan wong kang makewuhi sumêbare agamaning Allah, môngka banjur mati isih kaphir, iku Allah ora bakal ngapura dosaning wong mau.

37. (He para sakabat) sira aja padha ngilani marang wong kaphir, lan aja ngajak rukun. Sira iku luhur ngungkuli wong kaphir kancanira iku kabèh, Allah ora bakal nyuda ganjaranira, ênggonira padha nglakoni panggawe bêcik.

38. Kabungahan ing dunya iku dolanan kang ora lawas nuli rusak, nanging yèn sira pracaya sarta wêdi ing Allah, Allah bakal paring ganjaran marang sira, lan ora bakal andangu bandhanira.

39. Upama Allah andangu jakate bandhanira kalawan dhawuh kêncêng, sira dikarsakake ngêntèkangêntèkake.

bandhanira, kanggo jakat utawa waragading pêrang, sira mêsthi owêl, abot mêtokake bandhanira, lan Allah banjur mêlèhake ênggonira sêngit agama Islam.

--- 3 : 1262 ---

40. (He para kawulaningsun) sira padha diparentahi mêtokake bôndha sumurup jakat, utawa kanggo waragading pêrang Sabilullah, nanging sira ana kang owêl, lan ana uga kang dhangan, dene sing sapa kumêd, kumêde mau tumrap marang awake dhewe. Allah ora butuh marang bandhanira, nanging sira butuh bangêt marang ganjaraning Allah (he wong Mêkah) mênawa sira suthik ngèstokake dhawuhing Allah, ganjaraning Allah bakal diparingake wong liyane sira, kang ngèstokake parentahe, ora kaya sira mangkono.

Surat Phatah (bêdhahing nagara).

Tinurunake ana nagara Madinah, sanga likur ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. (He Mukhammad) Ingsun namtokake bêdhahe nagara Mêkah dening pêrangira, kalawan bêdhah kang nyata.

--- 3 : 1263 ---

2. Mulane Allah andhawuhake pêrang, supaya bênêr gumêlare, Allah ênggone karsa ngapura dosanira, kang wis kêlakon lan kang durung kêlakon, lan supaya sampurna pêparinge kabungahan marang sira, marga saka mênang pêrang, apadene Allah karsa paring pituduh dalan bênêr marang sira.

3. Lan manèh Allah karsa paring pitulung marang sira, kalawan pitulung kang mulya.

4. Allah iku kang paring têntrêm ana ing atining para wong mukmin, supaya wuwuha kapracayane, numpangi kapracayane kang dhisik. Allah iku kagungan wadyabala isining bumi lan langit. Allah iku nguningani para wadyabalane kabèh, tur wicaksana.

5. Lan manèh Allah ênggone dhawuh pêrang mau, Allah karsa arêp angganjar para wong mukmin lanang lan wadon kalawan suwarga kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, wong mukmin ênggone ana ing suwarga langgêng, lan Allah karsa ngapura kaluputaning para wong mukmin mau. Kang mangkono iku aran kabêgjan gêdhe ana ngarsaning

--- 3 : 1264 ---

Allah.

6. Lan manèh karsaning Allah bakal niksa para wong lamis, lanang lan wadon, apadene para wong maro tingal, lanang lan wadon, kang padha nyana ala marang Allah, dinyana ora bakal mitulungi Nabi Mukhammad, wong lamis lan wong maro tingal mau dikêpung ing barang ala, iya iku bakal rusak. Allah ambêndoni lan andukani marang wong lamis lan wong maro tingal mau. Kabèh padha diancam siksa Naraka Jahanam, lan ala kadadiane.

7. Isining bumi lan langit iku kabèh wadyabalaning Allah. Allah iku Mahamulya tur Wicaksana.

8. (He Mukhammad) Ingsun ngutus sira, pêrlu nêksèni ala bêcike para umatira, lan ambêbungah para wong ngabêkti bakal padha olèh ganjaran suwarga, apadene mêmêdèni para wong duraka bakal padha nandhang siksa naraka.

9. Dhawuh Ingsun mau supaya sira lan para umatira padha pracaya ing Allah, lan marang utusaning Allah, [A...]

--- 3 : 1265 ---

[...llah,] apadene supaya padha biyantu lan ngajèni marang rasul, lan supaya padha nêbut Mahasuci ing Allah, wayah esuk lan sore.

10. Sarupaning wong kang mêdharake prasêtyane marang sira, ora pisan bakal malayu saka ing papêrangan, iku sajatine iya prasêtya ing Allah, astaning Allah ana sadhuwuring tangane wong kang padha prasêtya mau. Mulane sing sapa ngudhari prasêtyane, cidra saka kasaguhane, iku iya cidra marang awake dhewe, dene sing sapa tuhu, nêtêpi prasêtyane ing Allah, iku ing têmbe diparingi ganjaran gêdhe, iya iku suwarga.

11. Wong padesan sakiwa têngêning Madinah, kang ora milu sira nglurug pêrang marang Mêkah, bakal padha matur ing sira mangkene: Kula punika mila botên andhèrèk, jalaran kapambêng rumêksa bôndha saha anak bojo kula, mila mugi sampeyan suwunakên pangapuraning Allah. Enggone matur mangkono mau, mung ana ing lambe bae, ora têrus ing atine, (he Mukhammad) sira dhawuha: Sanadyan [Sanadya...]

--- 3 : 1266 ---

[...n] kowe ana ing omah bae, mênawa Allah paring pakewuh marang kowe, sapa kang kaconggah nulak, utawa mênawa Allah paring salamêt lan kabêgjan marang kang padha nglurug pêrang, sapa kang bisa murungake. Allah iku waspada marang samubarang kang padha kolakoni.

12. Malah kowe padha nyana yèn rasul dalah para wong mukmin, salawase ora bakal padha bisa bali katêmu lan para batihe, sira padha kêna ing godha, dhêmên panêmu kang mangkono iku, panyanamu padha ala, kowe iku wong bakal karusakan.

13. Sing sapa ora pracaya ing Allah lan marang utusaning Allah, iku wong kaphir. Ingsun ngancam siksa Naraka Sangir marang para wong kaphir.

14. Karaton bumi lan langit iku kagunganing Allah, Allah ngapura wong kang dadi kaparênging karsane, lan uga niksa wong kang dadi parênging karsane, Allah iku kaparêng ngapura dosa tur Maha-asih.

15. Wong kang padha kari mau bakal padha ngucap mangkene: Manawa kowe lunga arêp anjupuki

--- 3 : 1267 ---

jarahan ing pêrang Khaibar, aku aja padha kopênging milu anjupuki jarahan mau, ênggone calathu mangkono mau, karêpe kudu ngowahi pangandikaning Allah ênggone namtokake jarahan mau, mung diparingake wong kang padha milu pêrang Khudaibiyah bae, (he Mukhammad) sira dhawuha: Kowe padha ora kêna milu aku, wis têrang pangandikaning Allah sadurunge kêlakon pêrang. Wong kang padha kari mau bakal mangsuli mangkene: Enggonmu ora awèh iku dudu khukuming Allah, nanging kowe padha drêngki marang aku, ora awèh milu anjupuki jarahan. Wong mau kang wêruh bênêring agama mung sathithik.

16. (He Mukhammad) sira dhawuha marang wong padesan kang padha kari mau: Ing buri kowe bakal padha didhawuhi mapagake pêrange mungsuh kang gagah prakosa tur padha miranti gêgamane, kowe padha didhawuhi nyirnakake mungsuh mau, utawa nêlukake dadi wong Islam. Mênawa kowe miturut mangsah pêrang, Allah bakal maringi ganjaran bêcik, iya iku suwarga, dene yèn kowe [ko...]

--- 3 : 1268 ---

[...we] mopo manèh kaya kang dhisik, Allah bakal matrapi siksa kang nglarani marang kowe.

17. Wong picak lan wong pincang apadene wong lara, iku ora dadi apa ênggone kari, ora milu pêrang, dene sing sapa ngèstokake, dhawuhing Allah, lan dhawuhing Rasulullah, iku bakal diganjar suwarga kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, dene sing sapa mopo dhawuhing Allah, lan Rasulullah, iku bakal dipatrapi siksa kang nglarani.

18. Allah wis marêngake ênggone para sakhabat padha prasêtya marang sira ana sangisoring kêkayon, sanggêm ora bakal malayu saka ing pêpêrangan, lan ora wêdi mati. Allah nguningani lugune atine para sakabat mau, dhasar padha sêtya tuhu, mulane Allah banjur maringi têntrêm atine, lan uga diparingi enggal bisa ambêdhah ing Khaibar.

19. Lan manèh Allah maringi jarahan pirang-pirang, kang padha dijupuki saka ing Khaibar, Allah iku Mahamulya tur Wicaksana.

--- 3 : 1269 ---

20. Allah wis andhawuhake marang sira, bakal olèh jarahan akèh, sira jupuki saka ing Khaibar, nuli anggêlisake kalakone saiki, sarta Allah nyêgah tangane manungsa ênggone padha arêp ngrusuhi sira. Mangkono iku supaya dadia tôndha yêkti kawasaning Allah tumrap para wong mukmin, lan nuduhake dalan bênêr marang sira kabèh.

21. Lan sira diparingi jarahan liya-liyane, kang saiki durung sira kuwasani (iya iku kutha Paris lan Rum) Allah wis namtokake ing têmbe bakal bêdhah dening sira. Allah iku nguwasani samubarang.

22. Upama wong kaphir ing Mêkah padha mapagake pêrangira ana ing Khudaibiyah, mêsthi padha kêplayu mênyang ing buri, sawise mlayu, ora ana kang bisa nulungi, lan ora duwe andêl-andêl, kang ngukuhi awake.

23. Allah nindakake mangkono mau, ora beda lan kang wis ditindakake tumrap ing para umat kuna sadurunge wong Mêkah iku, samubarang kang wis ditindakake ing Allah, ora ana kang bisa

--- 3 : 1270 ---

ngowahi.

24. Allah iku kang nyêgah tangane wong kaphir ing Mêkah, ênggone arêp anglarani sira, lan uga nyêgah tanganira ênggone arêp anglarani marang wong kaphir ing Mêkah, ana ing Khudaibiyah, sajrone nagara Mêkah, sawise sira Ingsun gawe mênang, ngalahake wong Mêkah, Allah iku mirsani samubarang kang padha sira lakoni.

25. Wong Mêkah mau wong kaphir kang padha makewuhi ênggonira malêbu ing Masjidil Kharam, lan makewuhi pisungsung kurban, ora awèh dibêlèh ana ing panggonan kang tinamtokake kaya kang wis kalakon. Upama ing Mêkah ora ana wong mukmin lanang lan wadon, awor lan wong kaphir, masthi sira ora wêruh wong Mêkah sapa kang mukmin. Dadi upama sira diparêngake ambêdhah nagara Mêkah, bakal kasamaran matèni wong Islam awor lan wong kaphir, dadi sira bakal nandhang dosa kang ora wêruh uruse, mulane ing dina iku sira durung diparêngake ambêdhah [ambê...]

--- 3 : 1271 ---

[...dhah] nagara Mêkah, karsaning Allah arêp anglêbokake para wong mukmin kang dadi parênging karsane, dilêbokake ana ing rahmating Allah. Upama wong Islam wis pilah lan wong kaphir, mêsthi sira Ingsun parêngake ambêdhah nagara Mêkah, sarta wonge kaphir banjur Ingsun siksa kang nglarani.

26. Amarga wong kaphir mau atine padha gumêdhe, gumêdhene wong kaphir bodho, mulane Allah banjur nurunake katêntrêman marang utusane lan marang para wong mukmin. Kabèh padha dikarsakake mantêp ênggone nyungkêmi kalimah sahadat, Allah iku nguningani samubarang.

27. Allah wis nganani kanyataan yèn impène Nabi MukhamadMukhammad. Rasulullah iku têmên nyata sawantahe. Nabi Mukhammad mêdharake impène lan wêwarah marang para sakabate: Insa Allah kowe bakal padha malêbu ing Masjidil Kharam kalawan salamêt lan têntrêm, sarta padha cukur êndhas utawa papal, tanpa kuwatir salawase, dadi telatêtela. Allah iku nguningani kang kowe padha ora wêruh, iya iku bêdhahe nagara Mêkah diundurake [di...]

--- 3 : 1272 ---

[...undurake] ing taun buri, dene ing taun iku dikarsakake ambêdhah ing Khaibar dhisik.

28. Allah iku kang ngutus rasule, dikarsakake anggêlar pituduh agama bênêr, supaya gumêlaring agama kang nyata bênêr mau nyirnakake agama liya-liyane, kang mangkono iku, cukup disaksèni dening Allah piyambak.

29. Nabi Mukhammad iku utusaning Allah, dene sarupane wong mukmin sakhabate Nabi Mukhammad, iku padha gagah prakosa tur kêndêl, ngalahake para wong khaphir, apadene padha sih-sinihan lan karo kancane padha sakhabat, kaya kang sira dêlêng padha rukuk lan sujud, mangkono manèh padha ngarêp-arêp sih kanugrahan lan parênge karsaning Allah. Dene labêt ênggone padha sujud mau, bakal katon têngêre besuk ing dina kiyamat, raine mancorong, sanepane kasêbut ana ing Kitab Torèt lan Kitab Injil, para sakhabat mau kaya tanduran gandum kang mêtu anake, anak mau banjur gêdhe madhani uwit kang dhisik, andadèkake gumune wong kang papadhapadha. [pa...]

--- 3 : 1273 ---

[...padha] nandur. Awit saka iki Allah andukani sarupane wong kaphir. Allah prasêtya bakal maringi ganjaran gêdhe marang wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, iya iku para sakhabate Nabi Mukhammad.

Surat Khujurat (pagêr).

Tinurunake ana nagara Madinah, wolulas ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. He para wong mukmin, sira aja padha lancang pangucap utawa panggawe, tanpa olèh idining Allah lan utusaning Allah, sira padha wêdia ing Allah, satêmêne Allah iku miyarsa tur nguningani samubarang.

2. He para wong mukmin, sira aja padha nyêrokake suwaranira ngungkuli suwarane Nabi Mukhammad, lan mênawa matur ing Nabi Mukhammad, aja sêru-sêru, nganti kaya sêrune ênggonira cêcaturan lan kancanira, mangkono iku nguwatiri bokmênawa sira dadi kaphir, sirna lakunira [lakuni...]

--- 3 : 1274 ---

[...ra] kang bêcik, tur sira ora krasa.

3. Sarupane wong kang nglirihake suwarane ana ngarsaning Rasulullah, iku wong atine dicoba dening Allah, supaya katona wêdine. Wong mangkono iku olèh pangapura dosane, lan bakal tômpa ganjaran gêdhe.

4. (He Mukhammad) wong kang wani-wani ngundang marang sira saka ing jaban pagêr, iku kang akèh wong ora ganêp ngakale.

5. Upama wong mau sarèh, ngêntèni ênggonira mêtu nêmoni wong mau, iku luwih bêcik, ewadene Allah iku karsa ngapura tur Maha-asih.

6. He para wong mukmin, mênawa sira katêkan wong phasèk (wong ala) nyaritakake apa-apa, iku sira titi pariksaa kang têrang, têmên lan gorohe, marga iku nguwatiri, bokmênawa sira kêbanjur matrapi wong kang satêmêne ora luput, tibaning patrapan mung awur-awuran, anggugu kandhane wong goroh. Barêng wis têtela ora luput, sira banjur kaduwung ênggonira nibakake patrapan.

--- 3 : 1275 ---

7. Sira padha wêruha, ing kene ana utusaning Allah, manawa sira manut miturut marang rasul ing prakara akèh, mêsthi sira ora duraka, nanging Allah rêmên yèn sira pracaya ing Allah, Allah ambêcikake kapracayan mau ana ing atinira, lan ora rêmên yèn sira kaphir, phasèk, utawa duraka. Wong kang manut miturut marang Rasulullah mau aran wong pintêr lan bêgja.

8. Iya iku sih kanugrahaning Allah lan pêparinge kabungahan. Allah iku nguningani samubarang tur wicaksana.

9. Mênawa ana wong mukmin rong pôntha padha pêpêrangan, iku sira rukuna, dene mênawa kang siji suthik manut pirukun, kudu ambanjurake pêrang, iku sira ayonana pêrang, nganti manut ing pirukun, ngèstokake parentahing Allah, manawa wis manut, banjur sira rukuna kalawan ngadil. Satêmêne Allah iku rêmên wong kang padha ngadil.

10. Para wong mukmin iku padha sadulur tunggal agama, mulane sira padha ngrukuna sadulurira loro kang padha pasulayan, lan wêdia ing Allah, supaya [supa...]

--- 3 : 1276 ---

[...ya] sira olèh sihing Allah.

11. He para wong mukmin, sira kabèh aja ana wong lanang padha anggêguyu padha wong lanang, awit kêna uga kang digêguyu iku luwih bêcik tinimbang kang anggêguyu, wong wadon uga aja padha anggêguyu marang wong wadon, awit kang digêguyu kêna uga luwih bêcik tinimbang kang gêguyu, lan aja padha nacad marang wong liya, awit wong kang sira cacad iku banjur malês nacad marang sira, lan aja padha anjêjuluki ala marang wong, wong iku sawise pracaya ing Allah, cacad bangêt yèn ngantia dirangkêpi jênêng ala, sing sapa ora gêlêm tobat ênggone nêrak laranganing Allah, iku têtêp wong nganiaya awake dhewe.

12. He para wong mukmin, sira padha nyingkira panyana akèh marang wong, awit sawênèhing panyana iku ana kang dadi dosa, lan aja sok amêdharake wadining wong, lan aja ngrasani ala marang padha kancanira. Apa iya sira iku kang dhêmên mangan daginging sadulure kang wis mati, barêng kêlakon, sira ora doyan. Lan sira [si...]

--- 3 : 1277 ---

[...ra] padha wêdia ing Allah, satêmêne Allah iku narima tobating manungsa tur Maha-asih.

13. He manungsa, Ingsun wis gawe sira, wijine saka wong lanang lan wong wadon, sira Ingsun dadèkake pancêr pirang-pirang, lan turun kang bêbranahan, supaya wong padha wêruha prênahing siji lan sijine, dene mungguhing Allah sira iku kang aji dhewe, ngêndi kang bangêt dhewe wêdine ing Allah. Satêmêne Allah iku nguningani samubarang tur waspada.

14. Wong padesan padha ngucap: Aku iki wong mukmin, pracaya ing Allah, (he Mukhammad) sira dhawuha: Kowe ora pracaya ing Allah, mulane aja ngaku wong mukmin, nanging ngucapa: Aku iki wong Islam. Iman ora malêbu ing atimu. Dene yèn kowe manut miturut ing Allah lan marang Rasulullah lair batin, iku ora bakal suda sathithik-thithika ganjarane lakumu kang bêcik. Satêmêne Allah iku kaparêng ngapura dosa tur Maha- asih.

15. Kang têmên aran wong mukmin iku sarupaning wong kang pracaya ing Allah lan marang Rasulullah, atine [a...]

--- 3 : 1278 ---

[...tine] ora pisan mamang, lan katara ênggone mangsah pêrang, ngêtohake nyawane lan bandhane, kanggo wragad pêrang Sabilullah, iya iku wong kang têmên imane.

16. (He Mukhammad) sira dhawuha: Apa kowe ngaturake agamamu kang kosungkêmi iku ing Allah, Allah iku nguningani samubarang isining bumi lan langit. Allah iku nguningani samubarang.

17. Wong padesan mau padha ngaturake ênggone Islam marang sira (he Mukhammad) sira dhawuha: Kowe aja padha ngaturake ênggonmu Islam marang aku, yèn dhasar têmên ênggonmu padha ngaku pracaya ing Allah iku, Allah paring pitulung marang kowe, kowe padha diparingi pituduh kapracayan (iman).

18. Satêmêne Allah iku nguningani kang samar- samar, ana ing bumi lan langit. Allah iku mirsani samubarang kang padha kolakoni.

Surat Khaph (araning aksara Ngarab).

Tinurunake ana nagara Mêkah, patang puluh lima ayat.

--- 3 : 1279 ---

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Kaph iku araning aksara Ngarab. Allah ênggone ngandika mangkono iku, mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan karêpe. Dêmi Kuran kang mulya, wong kaphir ing Mêkah iku ora pracaya ing Nabi Mukhammad.

2. Malah padha gumun lan ngungun dene padha katêkan utusaning Allah. Pêthilan saka kancane dhewe, mêmêdèni bakal ana siksa naraka. Wong kaphir padha ngucap: Iki prakara kang ngeram- eramake.

3. Besuk yèn aku wis mati lan wis dadi lêmah, jare bakal diuripake manèh, iku rak adoh bangêt.

4. Ingsun nguningani bumi ênggone ngêlongi cacahe wong kaphir mau, sarta Ingsun kagungan Lohmahphul.

5. Wong kaphir mau barêng katêkan Kuran, malah padha maido Kuran.

6. Wong kaphir mau padha lali, dadi ora andêlêng

--- 3 : 1280 ---

langit kang ana ing dhuwure, ênggone Ingsun adêgake tanpa cagak, sarta Ingsun rêngga kalawan lintang warna-warna, apadene tanpa bolongan.

7. Lan ora andêlêng bumi ênggone Ingsun gêlar, Ingsun dokoki gunung gêdhe pirang-pirang, apadene Ingsun dokoki thêthukulan warna-warna kang ambungahake.

8. Minôngka tuladha lan pêpeling tumrap ing kawula kang manut miturut.

9. Lan manèh Ingsun nurunake banyu udan kang mawa barkah saka ing langit, iku banjur Ingsun ênggo nukulake thêthukulan ing palêmahan lan wit-witan kang kêna diundhuh wohe.

10. Lan nukulake wit kurma kang glugune dhuwur-dhuwur, lan dangune sungsun akèh.

11. Minôngka pangane para kawula, lan manèh banyu udan mau Ingsun ênggo nguripake palêmahan kang bêra, dene ing besuk mêtune wong kang wis padha mati saka ing kubure, iya kaya mangkono.

12. Biyèn, para umate Nabi Nuh lan wong Askhaburras, [Askha...]

--- 3 : 1281 ---

[...burras,] apadene wong Samud, sadurunge ana wong Mêkah iku, padha maido bakal uripe wong kang wis padha mati.

13. Lan manèh wong Ngad, Raja Phirngon, para santanane Nabi Lut, wong Askabul Aikah lan para umate Nabi Tubbak, kabèh mau padha maido para rasul, mulane wis bênêre padha kêna pangancam Ingsun siksa.

14. Apa Ingsun ora bisa nguripake wong mati kaya ênggon Ingsun nguripake mani dadi manungsa, kang wis kêlakon (mêsthi bisa) nanging wong kaphir padha mamang marang kang bakal Ingsun tindakake anyar, iya iku nguripake wong kang wis padha mati.

15. Ingsun wis gawe manungsa, lan nguningani sakarêntêging atine, dene Ingsun iki cêdhak bangêt marang manungsa, ngungkuli otote gulu iring.

16. (He Mukhammad) sira nyaritakna nalikane malaikat loro kang rumêksa manungsa padha sapatêmon, linggih ana ing kiwa lan têngêning manungsa.

17. Sabên manungsa ngucapake apa-apa, mêsthi disêksèni lan ditulisi dening malaikat loro [lo...]

--- 3 : 1282 ---

[...ro] kang padha ana kiwa têngêning manungsa mau.

18. Sawise têkan ing wêwangên, sêkarating pati têka, pati mau kang tansah sira singkiri.

19. Ing têmbe sêmprong Malaikat Israphil didamu, sarupaning nyawa banjur padha mêtu, manjing ing wadhage dhewe-dhewe, sarupane wong mati banjur padha urip manèh, iya iku besuk dina kiyamat, dina kalakone pangancam siksa marang para wong kaphir.

20. Sarupaning wong padha têka, ngalumpuk mênyang Mahsar, padha dituntun ing malaikat, kanthi saksi kang nêrangake ala lan bêcike, iya iku peranganing awake dhewe.

21. Nalika ana ing dunya sira lali, ora mikir prakara iki, saiki lalinira Ingsun bukak, dadi pandêlêngira banjur padhang, wêruh samubarang kang padha sira paido biyèn.

22. Malaikat kang nyathêti calathu: Kang kasêbut ing buku iki lugune cathêtan kang ana ing aku.

23. Nuli ana dhawuhing Allah marang Malaikat Malik, kang rumêksa naraka, sarupane wong kaphir kang nyulayani ing Allah, iku padha sira cêmplungna [cêmplung...]

--- 3 : 1283 ---

[...na] ing Naraka Jahanam.

24. Iya iku wong kang padha mênging nglakoni panggawe bêcik, padha nganiaya lan mamang marang agamaning Allah.

25. Kang mangeran marang liyaning Allah, iku sira cêmplungna ana ing siksa kang abot.

26. Setan kancane wong kaphir mau munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan botên pisan nasarakên tiyang kaphir punika, nanging pun kaphir piyambak ingkang nasar sangêt.

27. Allah ngandika: Sira aja padha garêjêgan ana ngarsaningsun, wong kaphir sadurunge Ingsun patrapi siksa, biyèn Ingsun wis ngundhangake pangancam siksa marang sira.

28. Undhang-undhange Kuran iku têrang saka Ingsun, ora kêna diowahi. Ingsun ora pisan nganiaya marang kawulaningsun.

29. Nalikane Ingsun dhawuh marang Naraka Jahanam, apa saiki sira wis kêbak wong duraka, Naraka Jahanam banjur munjuk: Dèrèng. Punapa taksih badhe kawêwahan tiyang duraka malih, ing ngriki taksih jêmbar sangêt.

--- 3 : 1284 ---

30. Para wong kang wêdi ing Allah sadurunge malêbu ing suwarga, suwarga wis dicêdhakake, ora adoh.

31. Suwarga iki ganjaran kang Ingsun prasêtyakake biyèn, marang sarupaning wong kang manut miturut marang Ingsun, nyingkiri larangan Ingsun nalika ana ing dunya.

32. Iya iku wong kang wêdi ing Allah kang Mahamurah, tur ora andêlêng sariraning Allah kalawan ati madhêp ing Allah.

33. (He para kawulaningsun kang bêcik) sira padha malêbua ing suwarga, kalawan slamêt lan têntrêm, ing suwarga iku dina langgêng, ora ana pati.

34. Ana ing suwarga, wong mukmin padha katêkan samubarang kang dikarêpake, lan ana manèh wuwuhing kabungahan, ana ing ngarsaningsun, iya iku andêlêng sariraningsun.

35. Sadurunge wong kaphir turun Kurès iku, biyèn ana wong kaphir pirang-pirang, padha Ingsun tumpês, tur gagah prakosane ngungkuli wong kaphir turun Kurès iku, wong kaphir mau padha mlayu ana sajroning nagara, karêpe ngungsi. Apa iya olèh pangungsèn (ora).

--- 3 : 1285 ---

36. Kang wis kasêbut mau mêsthi dadi wêwulang tumrap wong kang ana pikire, utawa ngrungokake wêwulang tur atine ngrasakake.

37. Ingsun wis gawe bumi lan langit, apadene barang kang ana antarane bumi lan langit, lawase mung nêm dina rampung, lan Ingsun tanpa sayah.

38. (He Mukhammad) mulane sira sabara, aja ngrasakake pangucape wong Yahudi lan liyane, mung nêbuta Mahasuci lan mêmuji ing Pangeranira, lan sêmbayanga sadurunge malêthèk srêngenge, iya iku salat Subuh, lan sadurunge surup, iya iku salat Luhur lan Ngasar.

39. Lan sêmbayanga ing wayah wêngi, iya iku salat Mahrib lan Ngisa, lan sêmbayanga sunat sawise sêmbayang pêrlu.

40. He isining bumi, sira padha ngrungokna nalikane Malaikat Ngisraphil nguwuh-uwuh saka panggonan ing bumi kang cêdhak dhewe lan langit. Têmbunge: He sarupaning bêbalung kang wis padha rusak, lan sarupane ros-rosan kang wis padha

--- 3 : 1286 ---

ajur dadi lêmah, lan sarupane wulu kang wis bodhol, dhawuhing Allah marang sira, padha ngalumpuka dadi badan manèh, bakal padha tômpa karampungane prakaranira.

41. Dene nalikane para mahluk padha krungu pêtake Malaikat Israphil kang kapindho, iku dina kiyamat, nalika tangine wong kang wis padha mati saka ing kubure.

42. Ingsun iki kang gawe pati lan urip, samubarang iku wêkasane padha bali marang Ingsun.

43. Dina kiyamat mau nalikane bumi padha bêngkah, wong kang wis mati padha mêtu saka kono, ngalumpuk marang Mahsar rêrikatan. Kalakone mangkono mau, tumrap ing Ingsun, rèmèh bae, ora angèl.

44. Ingsun nguningani pangucape para wong kaphir turun Kurès, sira ora bisa mêksa wong kaphir mau marang iman (kapracayan).

45. Mulane sing sapa wêdi pangancam Ingsun siksa, manut mituruta wêwulanging Kuran.

--- 3 : 1287 ---

Surat Dzariyat (angin).

Tinurunake ana nagara Mêkah sawidak ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Dêmi angin kang ambuncang balêdug, kang banjur mabul-mabul.

2. Dêmi mega kang anggawa banyu abot.

3. Dêmi prau kang lumaku ana ing banyu kalawan gampang.

4. Dêmi malaikat kang andum rijêki lan udan.

5. Enggonira padha diprasêtyani lan diancam dening Allah, iku mêsthi bakal kalakon têmênan.

6. Pituwase laku ala lan bêcik, iku mêsthi kalakon.

7. Dêmi langit kang ana dalane kanggo lumaku lintang-lintang.

8. Enggonira padha ngarani Kuran lan Nabi Mukhammad iku beda-beda.

9. Wong kang kêna digorohi, iya sida didohake saka ing Kuran lan [la...]

--- 3 : 1288 ---

[...n] saka Nabi Mukhammad.

10. Wong kang padha goroh mau didohake saka rahmating Allah.

11. Wong kang padha kêsilêp ing bodho iku padha lali, ora praduli prakara akhirat.

12. Padha anggêguyu, takon ing Nabi Mukhammad: Benjing punapa kalampahanipun dintên kiyamat.

13. Dhawuh wangsulane Nabi Mukhammad: Iya iku dina nalikane wong kaphir padha disiksa ana ing naraka.

14. Lan padha didhawuhi: Iki siksa kang padha sira gege biyèn. Mara padha rasakna.

15. Sarupane wong kang wêdi ing Allah, iku ana ing suwarga kang ana bêngawane mili.

16. Padha nampani ganjaran pêparinging Pangerane. Wong mukmin mau sadurunge malêbu ing suwarga, nalika ana ing dunya, padha nglakoni panggawe bêcik.

17. Wong mukmin mau yèn bêngi ênggone turu mung sathithik.

--- 3 : 1289 ---

18. Lan yèn wayah saur (sapratêloning wêngi kang wêkasan) padha nyuwun pangapuraning Allah.

19. Bandhane disadhiyakake dadi duwèke wong papriman lan wong mlarat kang suthik anjêjaluk.

20. Bumi iku panggonan gumêlaring tôndha yêkti, tumrap wong kang têrang sêsurupane, kang mratandhani kawasaning Allah.

21. Apa sira ora tau andêlêng kang ana awakira.

22. Rijêkinira lan pituwasing laku kang disadhiyakake marang sira, iku padha ana ing langit.

23. Dêmi Pangeraning bumi lan langit, sabarang kang diprasêtyakake marang sira, iku mêsthi kêlakon nyata, kaya ênggonira bisa calathu, iki sira wis tanpa mamang.

24. (He Mukhammad) apa sira wis wêruh carita dhayohe Nabi Ibrahim, iya iku malaikat rolas, kang padha mulya, panggêdhene Malaikat Jabarail.

--- 3 : 1290 ---

25. Nalika padha malêbu ing omahe Nabi Ibrahim, padha uluk salam, Nabi Ibrahim uga mangsuli salam sarta takon: Sampeyan sintên, kula dèrèng sumêrêp.

26. Nabi Ibrahim nuli nolih marang rabine, rabine nuli ngladèkake pêdhèt lêmu kang wis diolah matêng.

27. Nabi Ibrahim nuli ngajokake suguhe, dhayohe diacarani dhahar, nanging ora arêp. Nabi Ibrahim takon: Kenging punapa sampeyan sami botên karsa dhahar.

28. Nabi Ibrahim banjur wêdi marang dhayohe mau, dhayoh banjur calathu: Sampeyan sampun ajrih, kula punika utusanipun Pangeran sampeyan. Dhayoh banjur ambêbungah marang Nabi Ibrahim, diwarah bakal duwe anak lanang akèh kawruhe.

29. Rabine Nabi Ibrahim aran Sarah kagèt nuli maju, sarta anjêlih dening gumun, lan mêtêk raine, pangucape: Kula punika sampun pikun, umur sangang dasa taun, laki kula

--- 3 : 1291 ---

ugi sampun gabug, umur satus kalih dasa taun. Punapa yêktos kula sagêd manak.

30. Para dhayohe padha mangsuli: Sampun makatên pangandikanipun Pangeran sampeyan, sampun mêsthi kalampahan. Allah punika Wicaksana tur nguningani samukawis.