Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

Kuran Jawi

--- 1 : 0 ---

Kuran kajawèkakên dening Bagus Ngarpah abdi dalêm ngulama nagari wontên pakêmpalan Waradarma

Ingkang ngrampingakên têmbungipun Jawi Ngabèi Wirapustaka, abdi dalêm mantri Radyapustaka ing Surakarta Nalika taun 1835-1905

Sêratanipun Ki Ranasubaya abdi dalêm jajar nirbaya kaparak têngên, ingkang kapêthil wontên kantor Radyapustaka.

--- 1 : 1 ---

Kuran

Surat Phatikhah

tinurunake ana nagara Mêkah, pitung ayat

Awit ingkang asma Allah, kang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Sakèhing pêpuji iku konjuk ing Allah kang Mangerani ngalam kabèh.

2. Kang Mahamurah tur kang Maha-asih.

3. Kang ngratoni ing dina agama. (Dina agama, têgêse dina wêwalês, iya iku dina kiyamat, awit ing dina iku Allah nindakake wêwalês, angganjar wong mukmin sarta niksa wong kaphir. Jamal.).

4. Kawula nêmbah ing Tuwan, saha kawula nyuwun pitulung ing Tuwan.

5. Tuwan mugi nêdahna wot lêrês (Uwot lêrês, têgêse dalan kang bênêr, iya iku saraking agama Islam. Jamal.) dhumatêng kawula.

6. Uwotipun para tiyang ingkang sami Tuwan paringi nikmat. (Nikmat, têgêse sadhengah kang makolèhi marang manungsa, nanging tumrape ana ing akherat, kang makolèhi mau mung iman, iya iku pangandêl marang Allah. Jamal.).

7. Dene tiyang ingkang sami kenging bêbêndu, lan dede tiyang ingkang sami kêsasar.

--- 1 : 2 ---

Jus (Jus, têgêse perangan, Kuran iku kaperang dadi têlung puluh jus. Itkan.) kang sapisan.

Surat Bakarah

(Surat, têgêse: watês, Bakarah têgêse: sapi, surat iku nyaritakake sapi kang dibêlèh kanggo sarana nguripake wong mati. Jamal.) tinurunake ana ing nagara Madinah, rong atus wolung puluh nêm: ayat.

Awit ingkang asma Allah kang Mahamurah tur Maha-asih.

1. Alip, lam, mim. (Alip, lam, mim, iku kabèh araning aksara Ngarab, kang wêruh têgêse mung Allah piyambak. Jalalèn.).

Kitab Kuran iki wong ora sumêlang têrang saka Allah, dadi pituduh marang wong kang padha wêdi ing Allah.

2. Kang padha ngandêl marang barang kang gaib, (Gaib, têgêse barang kang samar, kaya ta: bakal tangining wong kang wis mati, suwarga, naraka sapanunggalane. Jalalèn.) lan padha nglakoni sêmbayang, sarta padha mèwèhake barang pêparing Ingsun marang wong mau tumônja pangabêkti marang Ingsun.

3. Lan kang padha ngandêl marang samubarang kang wus didhawuhake marang sira Mukhamad, lan samubarang kang wus didhawuhake marang para nabi sadurungira, sarta padha wêruh ing akirat kalawan nyata.

4. Wong kang mangkono mau kabèh padha olèh pituduh saka Pangerane, lan wong kang mangkono mau kabèh padha bêgja.

5. Dene wong kang padha kaphir iku sanadyan sira wêwêdèni utawa [u...]

--- 1 : 3 ---

[...tawa] ora sira wêwêdèni padha bae, kabèh padha ora ngandêl.

6. Allah wus ngêcap atine si kaphir kabèh lan pangrungune si kaphir kabèh. Dene ing pandêlênge si kaphir kabèh ana tutupe. Kabèh padha kapatrapan siksa kang gêdhe.

7. Sawênèhing manungsa ana kang ngucap mangkene: Kula sami ngandêl ing Allah, lan ngandêl badhe wontênipun dintên kiyamat, nanging satêmêne wong mau kabèh padha ora ngandêl.

8. Padha nglamisi ing Allah lan anglamisi wong mukmin kabèh, ora liwat lêlamisane mau mêsthi ambalik marang awake dhewe, nanging padha ora krasa.

9. Ing atine si munaphèk (Wong munaphèk iku wong kang laire Islam, nanging batine kaphir.) kabèh ana lêlarane sêmang, Allah nuli mêwahi marang si munaphèk kabèh lêlara maido Kuran, wong munaphèk kabèh bakal padha kapatrapan siksa kang nglarani marga ênggone padha anggorohake nabi.

10. Nalika wong munapèkmunaphèk (dan di tempat lain). padha didhawuhi mangkene: Kowe aja padha gawe rusak ana ing bumi marga lumuh ngandêl, ature mangkene: Sayêktosipun kula punika malah damêl sae.

11. Satêmêne wong munaphèk iku padha gawe rusak, ewadene padha ora rumasa.

12. Nalikane para munaphèk padha dipituturi mangkene: [m...]

--- 1 : 4 ---

[...angkene:] Kowe padha ngandêla kaya pangandêle para sakabate Kangjêng Nabi. Wong munaphèk padha mangsuli mangkene: Yagene aku padha ngandêl kaya pangandêle wong bodho. Satêmêne malah wong munaphèk kang padha bodho, nanging padha ora wêruh ing bodhone.

13. Nalikane wong munaphèk padha katêmu karo wong mukmin, padha ngucap mangkene: Kula punika sami ngandêl kados pangandêl sampeyan, barêng wis pisah karo para mukmin, katêmu karo para setane (Para setane, têgêse para panggêdhene, awit kabèh padha kaya setan. Jalalèn.) nuli padha matur mangkene: Kula punika sami kônca Sampeyan tunggil agami, wicantên kula dhatêng tiyang mukmin punika sayêktosipun anggêgujêng.

14. Allah malês marang si munaphèk kabèh ênggone padha anggêguyu, lan nyarantèkake si munaphèk kabèh ênggone padha andadra kalawan padha mandhêg tumolih.

15. Wong munaphèk iku wong kang padha kulak sasar dituku kalawan pituduh (Kulak sasar dituku kalawan pituduh, têgêse: nampik pituduh. Jalalèn.) dadi dagangane si munaphèk kabèh ora bisa bathi, (Bathi, karêpe bêgja. Jamal.) wong munaphèk kabèh padha ora olèh pituduh.

16. Sanepane wong munaphèk iku kabèh kaya upamane wong kang ngurubake gêni ana ing pêpêtêng,

--- 1 : 5 ---

barêng urubing gêni mau wis madhangi ing kiwa têngêne, Allah nuli matèni gêni mau, pêpadhang banjur sirna, Allah ninggal si munaphèk kabèh ana ing pêpêtêng kang andhêdhêt, ora bisa andêlêng apa-apa.

17. Wong munaphèk iku budhêg, (Budhêg, karêpe ora bisa klêbon pitutur bênêr.) tur bisu (Bisu, karêpe ora tau ngucap kang bêcik.) sarta picak, (Picak, karêpe ora wêruh dêdalan pituduh.) dadi wong munaphèk mau padha ora gêlêm ambalik saka panasaran.

18. Utawa sanepane manèh kaya upamane wong kodanan, sajrone udan mau ana pêpêtêng lan balêdhèg tuwin kilat, wong munaphèk mau padha nyumpêlake darijine ana ing kupinge, supaya aja nganti krungu jumêblosing balêdhèg, kuwatir bok manawa mati. Ewadene kuwasaning Allah anglimputi wong kaphir kabèh. (Ayat iki pasêmon yèn wong munaphèk iku bangêt ênggone ora gêlêm nganggêp surasane Kuran, ngrungokake bae mêksa ora gêlêm, prasasat yèn krungu unining Kuran kupinge disumpêli. Jamal.).

19. Mèh bae kilat mau ngirup pandêlênge si munaphèk kabèh, sabên kilat mau cumlèrèt madhangi marang si munaphèk, si munaphèk banjur padha lumaku ana ing pêpadhang, dene yèn pinuju pêtêng, si munaphèk banjur padha ngadêg anjêjêr,

--- 1 : 6 ---

saupama Allah karsa nyirnakake pangrungu lan pandêlênge si munaphèk kabèh mêsthi kalêksanan, satêmêne Allah iku kuwasa marang samubarang.

He wong Mêkah kabèh, sira padha nyêmbaha marang ing Pangeranira kang wis nitahake ing sira kabèh, lan nitahake wong sadurungira kabèh, mêsthi sira padha kalis saka ing siksa marga wêdi ing Allah.

20. Kang wis nitahake bumi dadi papan makolèhi ing sira, lan nitahake langit dadi payon, sarta nurunake banyu udan saka ing langit, dianggo lantaran mêtokake wowohan warna-warna minôngka rêjêkinira kabèh, mulane aja padha ngadêgake têtimbangan kang sira anggo ngêmbari Allah, sira kabèh iya wis padha wêruh.

21. Manawa sira padha sumêlang, durung ngandêl yèn Kuran kang wis Ingsun dhawuhake marang kawulaningsun Mukhamad iki têrang saka Ingsun, lah mara padha gawea sasurat (Surat iku têtugêlaning Kuran, sathithik-thithike têlung ayat. Jalalèn.) bae kang mapaki Kuran iki, lan nyambata Pangeranira kang dudu Allah, yèn sira padha têmên, lah mara gawea.

22. Manawa sira padha ora bisa gawe, sarta salawase iya ora bisa gawe, bêcik banjur padha ngandêla bae, padha wêdia gêni naraka kang urub-urube manungsa lan watu,

--- 1 : 7 ---

iku diancamake marang wong kapirkaphir (dan di tempat lain). kabèh.

23. He Mukhammad, sira ambêbungaha wong kang padha ngandêl ing Ingsun, tur padha nglakoni kalakuan bêcik, satêmêne besuk padha duwe suwarga kang sangisoring kêkayone suwarga mau ana bêngawane mili. Wong kang ana ing suwarga mau sabên diladèni pêpanganan wowohaning suwarga padha ngucap mangkene: Iki panganananpanganan. panunggalane kang diladèkake mau kae, awit padha diladèni panganan kang rupane padha nanging rasane beda-beda. Wong kang ana ing suwarga mau padha duwe bojo widadari akèh kang padha suci (Suci karêpe ora tau anggarapsari utawa sadhengaha kang anggigokake. Jalalèn.) pamanggone wong mau ana ing suwarga padha langgêng.

24. Satêmêne Allah ora lingsêm agawe sadhengah sanepa, sanadyan asor, kaya ta lêmut utawa kang luwih gêdhe manèh, dene wong kang padha ngandêl ing Allah mêsthi padha wêruh yèn sanepa mau tètès lan yêktine, sarta têrang saka Pangerane, nanging wong kapir padha ngucap: Apa iya Allah karsa gawe sanepa kang mangkene iki. Dhawuhing Allah, sanepa iki kanggo nasarake wong akèh, lan kanggo nuduhake wong akèh. Sanepa mau ora kanggo nasarake sapa-sapa kajaba wong phasèk, (Wong pasèkphasèk. iku wong duraka. Jalalèn.).

--- 1 : 8 ---

25. Kang padha ambubrah dhawuh jangjining Allah sawise dikukuhake (Dikukuhake kalawan dianani tôndha yêkti mukjijate Kangjêng Rasul, lan wis dipacak ana ing Kuran. Jamal.) lan padha nugêl barang kang wis diparentahake dening Allah supaya digathukake, (Kaya ta: Allah wis marentahake sih-sinisihan, iku supaya wong padha gathuka karo sapadha-padhane, kang môngka wong kang diparentahi mau banjur sêsatron, iku aran wong nugêl barang kang wis diparentahake dening Allah supaya digathukna, lan ora ngandêl ing nabi, mangkono sapêpadhane. Jamal.) lan padha gawe rusak ana ing bumi (Gawe rusak ana ing bumi iku sarana nglakoni duraka, lan mopo ngandêl ing Allah. Jalalèn.) wong kang mangkono mau kabèh padha kapitunan.

26. He wong Mêkah, kapriye ta pancène sira iku bênêre padha ora bisa maido ing Allah, awit sira iku maune padha mati (Karêpe nalika wong iki isih rupa mani iku padha karo wong mati. Jalalèn.) Allah nuli nguripake (Nguripake, karêpe nitahake sira dadi manungsa kang urip. Jalalèn.) ing sira, sawise urip, Allah banjur matèni ing sira, sawise mati, Allah banjur nguripake (Allah ênggone nguripake manungsa kang kapindho iku besuk dina kiyamat. Jalalèn.) ing sira, sawise urip manèh, sira banjur padha digiring marang pangayunaning [panga...]

--- 1 : 9 ---

[...yunaning] Allah.

27. Allah iku kang wis nitahake samubarang isèn-isèning bumi kabèh makolèhi ing sira. Sawise nitahake bumi nuli karsa nitahake langit, Allah andadèkake langit iku dadi pitung langit, Allah iku nguningani samubarang kabèh.

28. He Mukhammad, sira nyaritakna nalikane Pangeranira ngandika marang para malaikat: Ingsun anitahake sêsulih ana ing bumi. Para malaikat mau nuli padha munjuk: Kadospundi dene Tuwan têka nitahakên tiyang ingkang badhe damêl risak wontên ing bumi saha badhe mutahakên êrah, môngka kawula punika sami nyêbut mênggah ingkang Mahasuci Tuwan, sarta ngalêmbana ing Tuwan, punapadene nganggêp Mahasuci Tuwan ing batin, (Unjuke para malaikat mau karêpe mratelakake yèn awake luwih prayoga dadi sêsulihing Allah ana ing bumi. Jalalèn.) Allah nuli ngandika: Ingsun nguningani barang kang sira padha ora wêruh.

29. Allah mêruhake Nabi Adam marang sawarnaning aran kabèh, nuli andangokake araning barang-barang marang para malaikat, Allah ngandika: Yèn nyata unjukira iku padha têmên, mara Ingsun tuduhana araning barang-barang iki.

30. Para malaikat padha munjuk: Tuwan punika Mahasuci, kawula sami botên gadhah kawruh punapa-punapa kajawi [kaja...]

--- 1 : 10 ---

[...wi] barang ingkang sampun Tuwan sêrêpakên dhumatêng kawula. Saèstonipun Tuwan punika nguningani saha wicaksana.

31. Allah ngandika: He Adam, para malaikat iku padha sira kandhanana araning barang-barang iku. Barêng Nabi Adam wis ngandhakake araning barang-barang mau marang para malaikat, Allah ngandika: Ingsun apa ora wis ngandika marang sira kabèh, yèn Ingsun nguningani gaibing langit lan bumi, lan nguningani samubarang kang padha sira lairake, lan samubarang kang padha sira singidake.

32. He Mukhammad, sira nyaritakna nalikane Ingsun ngandika marang para malaikat: Sira padha sujuda marang Adam, para malaikat mau nuli padha sujud, kajaba mung iblis iku mopo sarta gumêdhe. Iblis banjur dadi ewoning wong kaphir.

33. Ingsun ngandika: He Adam, sira lan rabinira padha manggona ing suwarga, lan mangana isining suwarga, umbaran sakarêp-karêpira, lan poma aja padha cêdhak-cêdhak wit (Aja padha cêdhak-cêdhak, karêpe aja wani-wani mangan wohe. Jalalèn.) siji iki, sira mundhak dadi ewoning wong nganiaya, (Wong nganiaya, karêpe wong duraka. Jalalèn).

34. Setan nuli mlèsèdake Nabi Adam sagarwane, (Sarana dibujuk nêrak laranganing Allah, supaya padha ditundhung saka suwarga. Jalalèn.) saka ing suwarga, wusana setan mau mêtokake Nabi Adam sagarwane saka suwarga kang diênggoni. Ingsun nuli ngandika: He Adam, sira

--- 1 : 11 ---

padha mudhuna, (Mudhuna saka suwarga marang bumi. Jalalèn.) sawênèhing turunira bakal asêsatron lan sawênèhing turune setan, dene sira ana ing bumi duwe panggonan têtêp, lan olèh kabungahan, nganti têkan mangsaning pati.

35. Nabi Adam nuli nêmu têtêmbungan saka wisiking Pangerane, (Têtêmbungan iku nuli dianggo mêmuji nyuwun pangapuraning Allah. Jalalèn.) Allah nuli nampèni tobate Nabi Adam, satêmêne Allah iku nampèni tobat lan Maha-asih.

36. Ingsun ngandika: He Adam, sira kabèh padha mudhuna saka ing suwarga, ing têmbe yèn sira katêkan pituduh saka Ingsun, sing sapa manut pituduh Ingsun mau mêsthi padha ora kuwatir apa-apa lan padha ora kasusahan.

37. Dene wong kang padha kaphir lan padha anggorohake ayat Ingsun, iku kabèh padha duwe bubuhan naraka, wong iku mau ênggone ana ing naraka padha langgêng.

38. He para turuning Israil, sira padha elinga pêparingingsun nikmat marang sira kabèh, lan padha nuhonana janji parentah Ingsun, Ingsun uga nuhoni janji kasaguhan Ingsun marang sira kabèh, lan padha wêdia nyidraningnyidrani. Ingsun.

Lan sira padha ngandêla Kuran kang wus Ingsun dhawuhake, dumunung ngèstokake kitab cêcêkêlanira lawas, lan sira aja padha dadi kawitane wong kaphir ing Kuran, lan sira

--- 1 : 12 ---

aja padha tuku (Tuku, karêpe nglironi. Jalalèn.) barang kang sathithik rêgane (Barang kang sathithik rêgane iku karêpe barang kabungahan ing dunya. Jalalèn.) sira bayar kalawan ayat Ingsun, lan sira padha wêdia marang Ingsun.

39. Lan sira aja padha nyarub barang kang bênêr (Iya iku Kuran, Jalalèn.) sira carub karo barang kang ora bênêr, (Iya iku salinane wong Yahudi ênggone ngowahi kitab Torèt. Jamal.) lan aja padha ngumpêtake barang kang nyata bênêr, (Iku kaanane Kangjêng Nabi Mukhammad. Jalalèn.) sira kabèh iya wis padha wêruh.

40. Lan sira padha nglakonana sêmbayang, lan padha bayara jakat, lan padha rukuka (Rukuka, karêpe sêmbayanga, awit sêmbayang iku nganggo rukuk. Jalalèn.) karo wong kang padha rukuk-rukuk kae.

41. Yagene sira padha akon marang manungsa supaya nglakonana kabêcikan, awakira dhewe padha sira uja bae, kang môngka sira padha maca kitabira, (Iya iku kitab Torèt, ing kono ana pangancam-ancam marang wong kang pangucape ngosokbalèni lakune. Jalalèn.) apa sira padha ora mikir kang mangkono mau, iku ora bêcik.

42. Lan padha nganggoa lantaran kalawan sabar lan anglakoni sêmbayang. Dene nglakoni sêmbayang iku dhasar abot, [abo...]

--- 1 : 13 ---

[...t,] kajaba tumrap wong kang padha konjêm ing Allah.

43. Iya iku wong kang padha nyipta kalawan têrang, têmên bakal padha disowanake ing Pangerane sarta têmên bakal padha bali marang pangayunaning Pangerane.

44. He para turuning Israil, sira padha elinga nikmat Ingsun kang wis Ingsun paringake marang sira kabèh, lan elinga yèn Ingsun wis angluwihake marang sira ngungkuli wong sajagad. (Wong sajagad, kang dudu turun Israil dhèk samana. Jalalèn.).

45. Lan sira padha wêdia dina kiyamat, ing kono ora ana sawijining awak bisa nyukup utawa têtulung sathithik-thithika ing awak liyane, lan ora ana awak duwe saphangat (Saphangat, têgêse atur utawa sadhengah sarana kang bakal makolèhake ing liyan. Jamal.) kang sinêmbadan, lan ora ana awak kang ditampani têbusane, para awak mau ora ana kang padha tinulungan. (Ora ana kang padha tinulungan, karêpe, ora ana kang bisa nulak siksaning Allah. Jalalèn.).

46. Lan padha elinga nalikane Ingsun nyalamêtake ing sira kabèh saka siya-siyane balane Raja Pirngon, ênggone padha nandukake sêksi kang ngêrês-êrêsi marang sira, padha nyambêlèhi anak-anakira kang mêtu lanang, lan nguripi kang mêtu wadon, kang mangkono iku coba gêdhe saka Pangeranira.

--- 1 : 14 ---

47. Lan padha elinga nalikane sira padha Ingsun piyakake sagara, Ingsun nuli nyalamêtake sira, sarta ngêlêm para balane Raja Pirngon, sira kabèh iya padha andêlêng.

48. Lan padha elinga nalikane Ingsun namtokake sebane Musa patangpuluh bêngi lawase, sawise mangkat, sira nuli ngadêgake Pangeran sapi (Sapi mas. Jalalèn.) sira padha têtêp wong nganiaya. (Nganiaya, têgêse dosa).

49. Sawise mangkono Ingsun nuli ngapura dosanira kabèh, supaya sira padha ngaturi panuwun.

50. Lan padha elinga nalikane Ingsun maringi kitab Torèt marang Musa, têgêse kang ambedakake ala lan bêcik, supaya sira padha olèha pituduh.

51. Lan padha elinga nalikane Musa parentah marang para santanane: He para santanaku, satêmêne kowe iku padha niaya marang awakmu dhewe, amarga ênggonmu padha ngadêgake Pangeran sapi, mulane padha tobata marang kang nitahake awakmu, banjur padha nyumanggakna awakmu dipatèni. Kaparêng Pangeran kang nitahake awakmu kang mangkono iku luwih bêcik tumraping awakmu. Pangeran bakal nampèni tobatira, satêmêne Pangeran iku gêdhe pangapurane, tur Maha-asih.

52. Lan sira padha elinga nalikane sira padha matur: Dhuh Nabi Musa, kula sami botên ngandêl ing sampeyan, [sampe...]

--- 1 : 15 ---

[...yan,]

kajawi manawi kula sami ningali sariraning Allah kalayan satmata.kasat mata. Nuli ana balêdhèg nyambêr matèni sira. Sira iya padha andêlêng.

53. Sawise sira padha mati nuli padha Ingsun uripake manèh, supaya sira padha ngaturi panuwun.

54. Lan manèh Ingsun mayungi marang sira kalawan mega, apadene Ingsun nurunake man, (Man iku êbun: rasane lêgi. Jamal.) lan manuk gêmak, dhawuh Ingsun: Mara padha mangana pêparing Ingsun rêjêki kang enak, (Iya iku man lan manuk gêmak, nanging padha dipacuhi ora kêna nandho man. Jalalèn.) para turuning Israil ênggone padha duraka ora nganiaya marang Ingsun, malah padha nganiaya awake dhewe.

55. Lan padha elinga nalikane Ingsun ngandika: He para turuning Israil, sira padha malêbua ing desa iki, (Iya iku desa Arikha. Jalalèn.) banjur padha mangana isine ing kono sakarêp-karêpira kalawan umbaran, lan padha malêbua lawanging desa mau sarta sujud, lan padha ngucap mangkene: Khittah, (Khittah iku têmbungan kang didhawuhake dening Allah, para turuning Israil padha ingandikakake ngunèkake nalikane malêbu lawanging desa Arikha, nanging têmbung khittah mau ora ana wong sumurup têgêse ewadene ana sawênèhing pujôngga

--- 1 : 16 ---

bisa anggagas, khittah iku têgêse: tobat. Jamal.) Ingsun mêsthi ngapura marang sira kabèh sakèhing kaluputanira. Dene wong kang padha bêcik pangabêktine bakal Ingsun wuwuhi manèh.

56. Dene wong kang padha nganiaya (Nganiaya: têgêse duraka. Jalalèn.) padha nyalini têmbung khittah kalawan pangucap kang ora didhawuhake dening Allah marang para turuning Israil mau, (Pangucape para wong duraka mangkene: Khabbah phisangirah, têgêse: wiji siji ana sajroning juwawut, ênggone ngucap mangkono mau ewa sarta ngrèmèhake dhawuhing Allah. Jalalèn.) mulane Ingsun banjur nurunake siksa saka ing langit, marang wong kang padha nganiaya mau, marga ênggone padha phasèk. (Phasèk, têgêse: duraka. Jalalèn.).

57. Lan padha elinga nalikane Musa nyuwunake ngumbe para santanane, Ingsun banjur dhawuh: He Musa, têkênira sira jojohna ing watu, watu sawise dijojoh, sanalika banjur angudalake banyu dadi sumbêran rolas, sawiji-wijine wong pancêr Israil banjur padha wêruh pangombène dhewe-dhewe. Pangandikaningsun: Sira padha mangana lan ngombea rêjêki pêparinging Allah, lan aja padha gawe rusak [ru...]

--- 1 : 17 ---

[...sak] ana ing bumi.

58. Lan padha elinga nalikane sira padha matur: Dhuh Nabi Musa, kula sami botên narimah nêdha têtêdhan namung warni satunggal kemawon, mila kula sami sampeyan suwunakên dhatêng Pangeran sampeyan, supados Pangeran mêdalna têtuwuhan ing bumi ingkang mikantuki dhatêng kula sadaya, kados ta: jêjangananing bumi lan timuning bumi lan bawanging bumi lan kadhêlening bumi lan brambanging bumi. Musa nuli mangsuli: Apa patut kowe padha nyuwun salin barang kang luwih dening rèmèh, dianggo nyalini barang kang luwih bêcik. Allah nuli ngandika: He para turuning Israil, sira padha balia mênyang nagara Mêsir bae, sira mêsthi olèh samubarang kang padha sira suwun iku.

Para turuning Israil bakal padha didadèkake asor lan sangsara, lan padha têtêp olèh bêbênduning Allah, kang mangkono mau amarga saka ênggone padha maido ayating Allah lan padha matèni para nabi kalawan ora bênêr, kang mangkono iku awit saka ênggone duraka lan andadra.

59. Dene wong kang padha ngandêl ing para nabi lan para wong Yahudi lan wong Nasara, lan wong Sabiin, (Wong Yahudi iku wong turun Yahuda, agamane manut Kangjêng Nabi Musa, nanging sadhengah wong kang manut Kangjêng Nabi Musa, banjur olèh [o...]

--- 1 : 18 ---

[...lèh] jênêng Yahudi, dene wong Nasara, iku sarupane wong kang manut Kangjêng Nabi Ngisa nalika timure ana kutha Nasarèt, dene wong Sabiin iku wong kaphir kang padha nyêmbah lintang, sêdyane manut agamane Kyai Sabik, putrane Kangjêng Nabi Sis, nanging laire manut agama Nasara.) kabèh bae sing sapa saiki ngandêl ing Allah lan ngandêl anane dina kiyamat, sarta nglakoni kalakuan bêcik, mêsthi padha tômpa ganjarane dhewe-dhewe ana ngarsaning Pangerane, sarta padha ora kuwatir apa-apa, lan padha ora kasusahan.

60. Lan padha elinga nalikane Ingsun mundhut sêsanggêmanira, lan Ingsun nganggo ambêdhol gunung, Ingsun ungkulake ana ing dhuwurira, pangandikaningsun: Samubarang kang wis Ingsun dhawuhake marang sira kabèh padha sandikanana, lakonana kalawan têmên-têmên, lan padha elinga samubarang kang kamot ing dhawuh mau, supaya sira padha wêdia.

61. Sawise sira padha sanggêm, sira nuli padha ambalik, saupama oraa ana sih nugrahaning Allah kang rumêntah marang sira kabèh mêsthi sira padha kalêbu ewoning wong kang padha kapitunan.

Satêmêne sira iya wis padha wêruh kancanira kang padha andaluya ana ing dina Sêtu, padha Ingsun pangandikani: Sira padha dadia kêthèk kang ngêdoh.

--- 1 : 19 ---

62. Ingsun andadèkake siksa kang wis kasêbut mau Ingsun ênggo ngelikake wong dhèk samana, lan wong sapungkure jaman samana, lan dadia wêwulang marang wong kang padha wêdi ing Allah.

63. Lan padha elinga nalikane Musa parentah marang para santanane: Satêmêne Allah dhawuh marang sira kabèh kowe padha ambêlèha sapi (Mulabukane ana dhawuh mangkono mau, awit ing kono ana rajapati ora karuwan kang matèni, para turun Israil banjur padha matur marang Kangjêng Nabi Musa, diaturi nêgês ing Allah, supaya Allah paringa katêrangan sapa kang matèni. Sawise Kangjêng Nabi Musa nêgês, Allah banjur dhawuh ambêlèh sapi. Nanging para turun Israil padha ora ngêrti yèn panyambêlèh sapi iku bakal dadi sarana nguripake wong mati mau sabanjure ngandhakake sapa kang matèni, mulane para turun Israil padha rumasa dianggo gêguyon. Jamal.) para santana mau banjur padha matur: Punapaa sampeyan têka damêl gêgujêngan dhatêng kula. Wangsulane Musa: Aku muga didohna dening Allah, aja nganti kalêbu ewoning wong kang padha bodho.

Para turuning Israil nuli padha matur: Dhuh Nabi Musa, sampeyan mugi matura dhatêng Pangeran sampeyan, supados paringa katêrangan dhumatêng kula, lêmbu wau ingkang sampun [sa...]

--- 1 : 20 ---

[...mpun] wanci punapa. Musa nuli mangsuli: Dhawuhing Pangeran, sapi mau dudu sapi kang wis pikun, lan dudu sapi kang isih pêdhèt, golèka sapi kang sêdhêngan.

Têngah-têngah antaraning pikun lan pêdhèt, lah banjur lakonana ênggonmu padha diparentahi mau.

Para turuning Israil nuli padha matur manèh: Dhuh Nabi Musa, sampeyan mugi matura malih dhatêng Pangeran sampeyan, supados paringa katêrangan dhumatêng kula, lêmbu wau ingkang ulês punapa. Musa nuli mangsuli: Dhawuhing Pangeran, sapi mau kang ulês warnane kuning tuwa, tur kang ambungahake wong kang padha andêlêng.

65. Para turuning IlIsrail. nuli padha matur manèh: Dhuh Nabi Musa, sampeyan mugi matura malih dhatêng Pangeran sampeyan, supados paringa katêrangan malih dhumatêng kula, lêmbu wau punapa ingkang dèrèng dipun madamêlakên, punapa ingkang sampun dipun madamêlakên, awit lêmbu wau tumrapipun ing kula taksih pêtêng, manawi kaparêng kalihan karsaning Allah, kula tamtu sami angsal pitêdah.

66. Musa nuli mangsuli: Dhawuhing Pangeran, sapi mau kang durung tau kangelan, diênggo maluku bumi, lan kang durung tau diênggo ngebor nyirami têtanduran, tur kang lawung (Sapi lawung iku sapi kang tanpa cacad, tur ora ana tilase kang mratandhani yèn wis tau dipèk gawene.

--- 1 : 21 ---

Jamal.) mulus, ora ana balêntong-balêntonge, para turun Israil nuli padha matur: Sapunika sampeyan karsa mratelakakên kalayan têrang. Nuli padha ambêlèh sapi kang kacêtha mau, tur maune mèh padha ora bisa nglakoni.

67. Lan padha elinga nalikane sira padha matèni awak, (Matèni awak, têgêse: matèni uwong. Awit dhèk samana ana rajapati ora karuwan kang matèni. Jamal.) sira nuli padha selak-sinelakan prakara rajapati mau, ewadene Allah mêlèhake marang sira mungguhing barang kang padha sira kikibi.

68. Ingsun nuli ngandika: He para turuning Israil, sira anggitikna peranganing sapi iku marang wong kang mati. (Kalakone kang digitikake iku buntute, wong kang mati barêng digitik nganggo buntut sapi bisa urip, sabanjure mratelakake wong kang matèni. Jalalèn.) Ing besuk Allah ênggone nguripake wong kang wis padha mati, iya kaya mangkene iki. (Têgêse besuk dina kiyamat, Allah ênggone nguripake wong kang wis padha mati iya kaya mangkono iku ênggone ora mokal. Jamal). Saiki Allah mêruhake ayate marang sira kabèh. Supaya sira iku padha mikira.

69. Sawise kalakon mangkono atinira nuli [nu...]

--- 1 : 22 ---

[...li] padha atos, nganti kaya watu utawa luwih atos manèh, saatos-atosane watu isih ana kang mênga mêtokake kali, lan ana kang pêcah ngudalake banyu, lan ana manèh watu kang mlorod saka konjême marang Allah, Allah ora pisan kasupèn samubarang kang padha sira lakoni.

70. He Mukhammad, apa iya sira kudu ngudi supaya wong Yahudi padha ngandêl marang sira, kang môngka wis ana wong Yahudi sagolongan kang padha krungu pangandikaning Allah, sawise padha mikir-mikir banjur padha ngowahi pangandikaning Allah mau, tur wong Yahudi mau wis padha wêruh.

71. Wong Yahudi kang padha munaphèk nalikane padha patêmon lan para wong mukmin, pangucape: Kula punika sami ngandêl ing Kangjêng Nabi Mukhammad, dene yèn pinuju kêkumpulan, para panggêdhening wong Yahudi ngucap mangkene: Sabab dening apa kowe têka padha ambalakakake marang para wong mukmin bab dhawuhing Allah marang kowe ana ngarsaning Pangeranmu, apa kowe padha ora duwe akal.

72. Wong Yahudi apa padha ora wêruh yèn Allah iku ngudanèni samubarang kang padha dibatin dening Si Yahudi lan samubarang kang padha dilairake.

73. Sawênèhing wong Yahudi ana kang bodho, ora wêruh kitab Torèt, wêruhe mung carita goroh, [go...]

--- 1 : 23 ---

[...roh,] dadi kawruhe Si Yahudi mau ora ana manèh kajaba mung kira-kira bae.

Siksa kang bangêt iku bubuhane wong kang padha nulis kitab nganggo tangane dhewe, (Têgêse kalawan sakarêp-karêpe dhewe, ora têrang saka pangandikaning Allah. Jalalèn.) banjur ngucap: iki kitab têrang saka ngarsaning Allah, karêpe supaya payua diênggo nuku barang kang sathithik rêgane, (Iya iku donya: Jalalèn.) mulane siksa kang bangêt iku dadi bubuhane wong kang mangkono mau, minôngka patrapane ênggone tangane padha nulis, lan siksa mau dadi bubuhane minôngka patrapan ênggone nglakoni mamrih.pamrih.

74. Wong Yahudi kang padha munapèk padha ngucap: Aku môngsa kacêmplunga ing naraka, kajaba mung sawatara dina bae, kang karuwan cacahe. He Mukhammad, sira dhawuha: pangucapmu iku kowe apa olèh janji ana ngarsaning Allah, apa jaragan ngucapake barang kang ora kowêruhi, koawadake saka Allah.

75. O, iya kacêmplung lan iya langgêng. Sing sapa nglakoni ala, sarta pialane mau nglimputi awake, (Têgêse wis ora duwe bêcik sathithik-thithika, iya iku mati kaphir. Jalalèn.) wong kang mangkono iku mêsthi manggon ing naraka, ênggone ana ing kono padha langgêng.

--- 1 : 24 ---

76. Dene wong kang padha ngandêl ing Allah sarta padha nglakoni kabêcikan, wong kang mangkono mau padha dibubuhi suwarga, ênggone ana ing suwarga: langgêng.

77. Lan padha elinga nalikane Ingsun mundhut sêsanggêmane para turuning Israil. Pangandikaningsun: Sira aja padha nêmbah liyane Allah, lan padha ambêcikana wong tuwanira loro lan para sanakira, lan para bocah yatim, (Bocah yatim iku bocah durung balèg tininggal mati bapakne. Jamal.) lan para wong malarat, lan dibêcik pangucapira marang sapêpadhanira, lan padha nglakonana sêmbayang, lan padha bayara jakat. Sawise sira padha sanggêm, sira banjur padha ambalik, kajaba mung kancanira sawatara, sira padha malengos.

78. Lan padha elinga nalikane Ingsun mundhut sêsanggêmanira. Pangandikaningsun: Sira aja padha mutahake gêtihe para kancanira saka ing omahira. Sira banjur padha sanggêm, lan sira padha nêksèni awakira dhewe.

79. He turun Israil iku kabèh, sira banjur padha matèni para kancanira, lan nundhung kancanira sagolongan saka ing omahe, sira padha mêmarahi kalawan dosa lan anjarag nganiaya. Dene manawa ana wong boyongan padha têka ing sira, banjur padha sira têbusi, kang môngka sira padha dilarangi nundhung wong mau, yèn mangkono [mangko...]

--- 1 : 25 ---

[...no] apa sira iku ngandêl lan angèstokake kitab sathithik, sarta maido lan mopo dhawuhing kitab sathithik. Para kancanira kang padha nglakoni iku wêwalêse ora ana manèh kajaba padha digawe asor ana jaman urip ing donya, dene besuk dina kiyamat, padha digiring marang siksa kang abot. Allah ora pisan kasupèn samubarang kang padha dilakoni.

80. Wong kang padha mangkono iku kang nuku kabungahan ing donya, dituku kalawan kabungahan akhirat, mulane bakal padha ora diènthèngake siksane, lan padha ora ditulungi.

81. Ingsun têmên wis maringi kitab Torèt marang Musa, sarta sapungkure Musa Ingsun tungka para utusaningsun, lan Ingsun wis maringi tôndha yêkti kasêktèn marang MusaNgisa. anake Maryam, sarta Ingsun wis nyantosakake Ngisa kalawan roh suci, (Roh suci iku Malaikat Jabarail. Jalalèn.) yagene sabên sira padha katêkan utusaningsun andhawuhake barang kang ora condhong lan karêpira, sira banjur padha gumêdhe mathènthèng, mulane utusan mau kang sagolongan padha sira paido, lan kang sagolongan padha sira patèni.

82. Para wong Yahudi kang munaphèk padha matur: Manah kula punika katutupan. Allah ambêndoni wong munaphèk mau marga ênggone padha kaphir, dadi si munaphèk mau padha sathithik pangandêle. [pa...]

--- 1 : 26 ---

[...ngandêle.]

83. Barêng wong Yahudi padha katêkan kitab Kuran saka ngarsaning Allah, kang tètès karo wêcane kitab Torèt, cêcêkêlane wong Yahudi, tur sadurunge katêkan Kuran, wong Yahudi mau padha ngajap, olèha pitulung (Pitulung kang diajap dening wong Yahudi iku pitulunging Allah lantaran saka nabi kang bakal jumênêng, kang wis kasêbut ana ing pamêcaning kitab Torèt. Jalalèn.) ngalahake para wong kaphir, barêng nabi kang wis diwêruhi kalawan wêca mau jumênêng, Si Yahudi padha kaphir maido ing nabi mau. Bêbênduning Allah têtêp marang sakèhing wong kaphir.

84. Ala têmên wong Yahudi ênggone padha ngêdol awake, (Ngêdol awake, têgêse nglirokake gêgantungane ganjaran ana ing akhirat. Jalalèn.) dilirokake kaphir, maido Kuran, kang wis didhawuhake dening Allah, ênggone mangkono mau mung kapanasan dene Allah têka matêdhakake kanugrahane marang sawênèhing para kawulane, kang dadi kaparênging karsane. Mulane Si Yahudi mau padha têtêp kêna ing bêbêndu kang tinungka ing bêbêndu manèh. Sarupane wong kaphir mêsthi olèh siksa kang ngasorake awake.

86. Nalikane wong Yahudi padha didhawuhi: Sira padha ngandêla ngèstokna Kuran kang wis didhawuhake dening Allah, wangsulane: Kula sami ngandêl, ngèstokakên kitab Torèt ingkang sampun dipun dhawuhakên dhumatêng kula. Wong Yahudi mau [ma...]

--- 1 : 27 ---

[...u] padha maido kitab kang didhawuhake sawise Torèt, kang môngka kitab kang didhawuhake sawise Torèt iku kang bênêr, tètès karo wêcane Torèt cêcêkêlane Si Yahudi. He Mukhammad, sira dhawuha: Yèn têmên kowe padha ngandêl, ngèstokake Torèt, sabab apa dhèk biyèn kowe padha nyedani para nabining Allah.

86. Satêmêne Nabi Musa wis ngrawuhi kowe kanthi tôndha yêkti kasêktèn pirang-pirang, sapungkure Nabi Musa sowan ngarsaning Pangeran, kowe banjur ngadêgake Pangeran sapi. Kowe padha nganiaya awakmu dhewe.

87. He wong Yahudi, sira padha elinga nalikane Ingsun mundhut sêsanggêmanira, Ingsun nganggo ambêdhol gunung, Ingsun ungkulake ana ing dhuwurira, pangandikaningsun: Samubarang kang wis Ingsun dhawuhake marang sira padha sanggêmana kalawan têmên-têmên, lan padha sandikaa. Sira banjur padha matur: Kawula sampun sami mirêng, nanging kawula sami mopo. Wong Yahudi ênggone padha kasêngsêm nyêmbah sapi wis manjing ana ing ati, marga satêmêne padha kaphir. He Mukammad,Mukhammad. sira dhawuha: Yèn nyata kowe padha ngandêl ing Torèt, ala têmên pangandêlmu têka akon nyêmbah sapi marang kowe.

88. He Mukhammad, sira dhawuha: He wong Yahudi, yèn dhasar nyata têrang mungguhing Allah yèn kabungahan ing jaman akhirat iku mung kowe dhewe kang duwe. Dudu

--- 1 : 28 ---

sok wonga, yèn kowe padha têmên, mara padha ngarêp-arêpa pati.

89. Para wong Yahudi salawase mêsthi ora ngarêp-arêp pati, awit kèlingan panggawening tangane kang uwis-uwis. Allah iku ngudanèni wong kang padha nganiaya awake dhewe.

90. Sira mêsthi wêruh yèn wong Yahudi iku dhêmêne marang urip ngungkuli manungsa kabèh, lan ngungkuli wong kang padha musrik, (Wong musrik iku wong kang nyêmbah liyane Allah. Misbah.) sawênèhe wong Yahudi ana kang kapengin urip nganti umur sèwu taun, sanadyan umura sèwu taun pisan, wong mau iya ora bisa nyingkiri siksane. Allah iku ningali samubarang kang padha dilakoni Si Yahudi.

91. Sing sapa nyatru Malaikat Jabarail, (Kudu disambungi mangkene: mêsthi patine kêna ing bêbêndu.) satêmêne Malaikat Jabarail iku kang andhawuhake Kuran marang atinira Mukhammad, kalawan idining Allah, tètès lan surasaning kitab kang ana ing tangane wong kang nyatru mau, lan dadi pituduh tur ambêbungah marang para wong mukmin.

92. Sing sapa nyatru Allah lan nyatru para malaikating Allah lan para utusaning Allah, apadene nyatru Malaikat Jabarail, Malaikat Mikail, satêmêne Allah iku nyatru para wong kaphir.

--- 1 : 29 ---

93. He Mukhammad, Ingsun wis andhawuhake ayat tôndha yêkti marang sira, ora ana kang maido ayat mau kajaba wong kang padha phasèk.

94. Apa iya wong iku padha maido: ayat. Wong mau sabên-sabên padha sanggêm ngèstokake prajanjianing Pangeran, kang sagolongan banjur ngudhari sêsanggêman mau, dadi wong mau kang akèh padha ora ngandêl.

95. Nalikane ana utusan saka ngarsaning Allah nêkani para wong Yahudi, dhawuhe tètès kaya unine kitab Torèt cêcêkêlane wong Yahudi mau, ing kono banjur ana wong sagolongan, ewone wong kang padha nyêkêl kitab Torèt, padha ambubrah kitabing Allah (Torèt) disingkur ana ing burining gêgêre. Wong iku rupane kaya padha ora wêruh.

96. Wong Yahudi padha manut kitab sikhir, (Sikhir iku kawruh marang donga utawa pratingkah kang bisa nganakake kaelokan kang ngeram-eramake. Jamal.) kang diawadake dening para setan, yèn iku sarana tumrap adêging karatone Nabi Suleman, Nabi Suleman ora kaphir, padha mulangake sikhir mau marang manungsa, lan mulangake sikhir kang diparingake marang malaikat loro kang padha jumênêng ratu ana ing nagara Babil, iya iku Prabu Haruta lan Prabu Maruta. Malaikat loro mau [ma...]

--- 1 : 30 ---

[...u] ora karsa mulang sikhir marang sawijining wong kajaba yèn wis apêpeling, dhawuhe: Satêmêne aku iki cobaning Pangeran, mulane kang prayoga, kowe aja kaphir, para wong ing Babil adrêng padha anggêguru sikhir kang bisa mêgatake wong ênggone bêbojoan, marang malaikat loro mau. Dene wong kang wis padha bisa sikhir iya ora bisa gawe sangsara apa-apa marang sawijing wong sarana sikhire, kajaba kalawan idining Allah, para wong ing Babil padha anggêguru sikhir kang bakal amlarati ing awake ora makolèhake ing awake, satêmêne wong Yahudi wis padha wêruh sing sapa tuku utawa milih kaphir, ing besuk ana ing akhirat ora duwe panduman suwarga, mulane ala têmên ênggone padha tuku sikhir dibayar awake, iku yèn wong mau padha wêruh.

97. Saupama wong Yahudi iku padha ngandêla Kuran, lan padha wêdia ing Allah, mêsthi sumurup yèn ganjaran saka ngarsaning Allah iku luwih bêcik, tinimbang karo kawruhe sikhir, iku yèn wong Yahudi mau padha wêruha.

98. He wong kang padha ngandêl ing Kuran, sira aja sok matur ing Nabi Mukhammad: Rangina (Rangina iku yèn têmbung Ngarab têgêse: kula mugi sampeyan jangkung, sampeyan sarantosakên. Yèn têmbung Ngibrani têgêse: gêndhêng. Ing ngarêp para sakhabat kêrêp matur marang Kangjêng Rasul: Rangina, têgêse: kula

--- 1 : 31 ---

mugi sampeyan jangkung saha sampeyan sarantosakên, wong Yahudi barêng wêruh para sakhabat ênggone padha matur: Rangina, marang Kangjêng Rasul, banjur padha tiru-tiru matur marang Kangjêng Rasul: Rangina, nanging karêpe ngunèkake gêndhêng, nêtêpi têmbunge Ngibrani, mulane banjur ana dhawuh, para sakhabat padha dilarangi matur marang Kangjêng Rasul: Rangina. Jamal.) bêcik matura: undzurna, (Undzurna, iku têmbung Ngarab, têgêse: kula mugi sampeyan sarantosakên. Jamal.) lan sira padha ngrungokna, dene wong kaphir iku padha dibubuhi siksa kang nglarani.

99. Wong kaphir kang padha duwe cêcêkêlan kitab sarta wong musrik (Wong musrik iku wong kang nganggêp Pangeran liyane Allah. Misbah.) kabèh padha ora kaduga yèn wahyu bêcik saka Pangeranira iku diparingake marang sira Mukhammad. Allah namtokake sihe marang wong kang dadi kaparênging karsane, Allah iku kagungan kanugrahan tur kang agung.

100. Manawa Ingsun nyuwak utawa ngêndhakake ayat, mêsthi Ingsun andhawuhake kang luwih bêcik utawa kang madhani ayat kang sinuwak utawa diêndhakake mau, apa sira ora wêruh yèn Allah iku nguwasani samubarang.

101. He Mukhammad, lan para umat kabèh, apa sira ora sumurup yèn Allah iku kagungan karatoning langit lan bumi, sira ora duwe kawal kang rumêksa utawa andêl-andêl kang bakal têtulung: liyane Allah.

--- 1 : 32 ---

102. Apa sira kudu nyênyuwun marang Rasulira, kaya dhèk biyèn nalikane MusiMusa. dijaluki, (Dhèk jumênênge Kangjêng Nabi Musa, para santanane padha nyuwun andêlêng sariraning Allah kalawan kasat mata, yèn ora mêngkono padha ora gêlêm ngandêl. Jamal.) sing sapa nyalini pangandêle NgisaMusa. nyalini kalawan kaphir, wong iku yêkti kêsasar saka têngahing dêdalan.

103. Kèh-kèhe wong kaphir kang padha duwe cêcêkêlan kitab padha ngarêp supaya kowe padha ambalika dadi kaphir sawise iman, karana kapanasan kang thukul saka dhêdhasaring atine sawise padha têrang gamblang yèn Mukhammad iku bênêr. He Mukhammad, saiki sira mung ngapuraa lan muwunga bae, ngêntènana yèn Allah wis andhawuhake parentahe, satêmêne Allah iku nguwasani samubarang.

104. Sira padha nglakonana sêmbayang, lan padha bayara zakat, dene sadhengah kabêcikan cêcèlènganira kang wis sira lakoni dhisik, iku sira bakal nêmu ganjarane ana pangayunaning Allah, satêmêne Allah iku mirsani samubarang kang padha sira lakoni.

105. Para wong kaphir kang padha duwe cêcêkêlan kitab padha ngucap: Ora ana wong bisa malêbu ing suwarga kajaba wong Yahudi utawa wong Nasara, (Karêpe: wong Yahudi calathu: ora ana wong bisa munggah suwarga kajaba wong Yahudi. Wong Nasara uga calathu: Ora ana wong bisa munggah suwarga

--- 1 : 33 ---

kajaba wong Nasara. Jalalèn.) lah mangkono gagasane si kaphir mau. He Mukhammad, sira dhawuha: Yèn pangucapira bênêr, mara anggêlarna tôndha yêktimu.

106. O, liyane wong Yahudi lan Nasara iya malêbu ing suwarga, sing sapa nyumanggakake awake marang Allah, kang môngka wong iku lakune bêcik, mêsthi tômpa ganjarane ana pangayunaning Pangerane, sarta ora padha kuwatir apa-apa, lan padha ora kasusahan.

107. Wong Yahudi padha ngucap: Wong Nasara iku dudu barang-barang, (Têgêse: dudu barang kang winilang bêcik. Jalalèn.) wong Nasara uga padha ngucap: wong Yahudi iku dudu barang-barang, kang môngka kabèh mau padha maca kitabe dhewe-dhewe. Kaya mangkono uga wong kang padha ora wêruh ing kitab, iya padha ngucap bêcike dhewe, kaya pangucape wong Yahudi lan wong Nasara mau, ing besuk dina kiyamat Allah bakal ambênêri wong mau kabèh ênggone padha pasulayan.

108. Ora ana wong kang luwih nganiaya tinimbang lan wong kang nglarangi masjiding Allah, ora awèh diênggo nyêbut asmaning Allah ana ing kono, lan banjur tumandang ngrusak masjid mau. Dene wong kang padha nglarangi masjid mau iya padha ora bisa malêbu ing masjid, nanging padha ngandhut wêdi.

Wong kang padha nglarangi masjid mau ana ing dunya digawe asor, dene besuk ana ing akhirat padha dipatrapi siksa kang

--- 1 : 34 ---

gêdhe.

109. Masrik lan Mahrib iku (Masrik iku jagad wetan nganti têkan panggonan palêthèking srêngenge. DenèhDene. Mahrib iku jagad kulon nganti têkan panggonan suruping srêngenge. Jamal.) kagunganing Allah, mulane ing ngêndi bae adhêpira, sariraning Allah ana ing kana, satêmêne Allah iku jêmbar tur ngudanèni.

110. Wong Yahudi lan wong Nasara padha ngucap: Allah iku apêputra. Pangandikaning Allah: Allah iku Mahasuci, samubarang isining langit lan bumi iku kagunganing Allah, kabèh iku padha ngèstokake ing Allah.

111. Allah iku kang nitahake langit lan bumi, nalikane Allah karsa nitahake sawijining prakara, mêsthi Allah ngandika: Sira anaa. Barang kang tinitahake mau nuli ana padha sanalika.

112. Wong kaphir ing Mêkah kang padha ora wêruh ing kitab padha matur: Manawi Allah botên ngandika piyambak dhatêng kula, utawi botên wontên ayat tôndha yêkti ingkang dhatêng kula, mêsthi manahipun para tiyang punika taksih sami kodhêng. Mangkono uga para wong kaphir dhèk jaman kuna iya padha matur kaya paturane wong kaphir ing Mêkah mau. Satêmêne Ingsun wis anggêlarake ayat tôndha yêkti pirang-pirang marang wong kang padha nyatakake.

113. Ingsun wis ngutus ing sira Mukhammad, andhawuhake pituduh kang nyata, ambêbungah lan mêdèni, apadene

--- 1 : 35 ---

sira ora kêna ditutuh ditakoni sabab apa wong kang padha kêcêmplung ing naraka iku dhèk biyèn ora ngandêl.

114. Wong Yahudi lan wong Nasara padha ora lêga atine marang sira Mukhammad, kajaba yèn sira manut marang agamane Si Yahudi lan Si Nasara mau. He Mukhammad, sira padha wruha: pituduhing Allah iku pituduh kang yêkti. Sawise sira pinaringan wahyu kawruh, manawa sira nurut karêpe Si Yahudi lan Si Nasara, mêsthi sira ora duwe kawal utawa andêl-andêl Allah.

115. Sarupaning wong kang wis padha Ingsun paringi kitab, banjur padha maca kitab mau, pamacane kalawan sabênêre, wong kang mangkono iku têtêp padha ngandêl ing kitab mau. Dene sing sapa kaphir maido ing kitab mau, iku kabèh padha kêtunan.

116. He para turuning Israil, sira padha elinga nikmat kang wis Ingsun paringake marang sira, sarta ênggon Ingsun wis munjulake ing sira, ngungkuli wong sajagad.

118.117. Lan padha wêdia dina kiyamat, ing kono ora ana awak bisa têtulung sathithik-thithika marang awak liyane, lan ora ana têtêbusaning awak ditampani, lan ora ana saphangat, (Saphangat iku mitulungi atur utawa liyane, kang makolèhake ing liyan. Jamal.) bisa makolèhake ing awak, kabèh bae ora ana kang tinulungan.

--- 1 : 36 ---

118. He Mukhammad, sira nyaritakna, nalikane Pangerane Ibrahim nyoba marang Ibrahim kalawan dhawuh pirang-pirang warna, Ibrahim nuli ngèstokake sakèhing dhawuh mau kalawan sampurna. Allah ngandika: Ibrahim, sira Ingsun dadèkake panutaning manungsa. Ibrahim banjur munjuk: Dalah para turun kawula makatêna ugi, Allah ngandika: Janjiningsun ora tumrap marang wong kang padha nganiaya.

119. Lan sira nyaritakna nalikane Kakbah Baitullah Ingsun dadèkake paimpunaning katêntrêman, apadene makam Ibrahim, (Makam Ibrahim iku watu wangun kubuk, ômba dawa lan dêdêge nyaasta, sandhing lan Kakbah, watu iku pinangkane saka suwarga. Diturunake marang ing dunya. Nalikane Kangjêng Nabi Ibrahim murwani adêging Kakbah watu mau dadi ancik-ancike Kangjêng Nabi Ibrahim ênggone masang bata, sawise ditumpangi bata lan labur sapirantining tukang batu, watu banjur munggah dhewe têkan panggonan kang arêp dipasangi bata, yèn batane wis kapasang kabèh, watu banjur mudhun, mangkono sabanjure, nganti têkan sarampunging adêge Kakbah. Jamal.) iku padha sira ênggoa pasalatan, lan Ingsun parentah marang Ibrahim lan Ismangil, supaya padha nucèkna padalêmaningsun Kakbah kanggo wong kang padha tawaph, (Tawaph iku lumaku ngubêngi Kakbah. Misbah.) lan wong

--- 1 : 37 ---

kang padha iktikhaph, (Iktikhaph iku mênêng ana sajroning masjid kanthi niyat. Jamal.) lan wong kang padha rukuk lan sujud.

120. Lan sira nyaritakna nalikane Ibrahim munjuk: Dhuh Pangeran kawula, panggenan punika mugi Tuwan dadosna nagari ingkang tata têntrêm, punapadene para tiyang ing nagari wau sintên ingkang ngandêl ing Allah saha ngandêl wontênipun dintên kiyamat, mugi sami Tuwan paringi têdha wowohan. Allah nuli dhawuh: Lan wong kaphir uga Ingsun paringi kabungahan sathithik, banjur Ingsun paksa marang siksa naraka, ala têmên kawusanan kang mangkono iku.

121. Lan sira nyaritakna nalikane Ibrahim lan Ismangil padha ngadêgake temboking Kakbah Baitullah padha munjuk: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi nampènana dhumatêng kawula, saèstu Tuwan punika dat ingkang miyarsa tur ngudanèni.

122. Dhuh Pangeran kawula, kawula tiyang kalih mugi Tuwan dadosakên tiyang ingkang manut ing Tuwan, punapadene para turun kawula sawatawis, mugi sami Tuwan dadosakên têtiyang ingkang manut ing Tuwan, sarta kawula mugi Tuwan sêrêpakên lampah-lampahipun pangabêkti kawula, saha Tuwan mugi ngapuraa kalêpatan kawula, sayêktosipun Tuwan punika Maha Ngapura tur Maha-asih.

123. Dhuh Pangeran kawula, tuwinTuwan.

mugi mêthila turun kawula dados utusan ingkang andhawuhakên ayat Tuwan, saha

--- 1 : 38 ---

nyêrêp-nyêrêpakên suraosipun Kitab Kuran, dalah khukum-khukum dhumatêng para turun kawula, punapadene ngrêsikakên manahipun, saèstu Tuwan punika Mahamulya tur wicaksana.

***

124. Ora ana wong ora dhêmên marang agamane Ibrahim kajaba wong kang ora wêruh marang awake dhewe, Ingsun têmên wis milih Ibrahim mau ana ing dunya, lan satêmêne Ibrahim iku ana ing akhirat kalêbu ewone wong bêcik.

125. Nalikane Pangerane Ibrahim dhawuh marang Ibrahim, sira manuta, Ibrahim nuli munjuk, kawula manut dhatêng Pangeraning jagad sadaya.

126. Ibrahim lan Yakub padha mêmulang agama marang anak putune, he anak putuku kabèh, Allah wis milih marang sira kabèh dikarsakake padha nglakoni agama, mulane ing besuk patinira aja nganti ora Islam.

127. He wong Yahudi, nalika patine Yakub sira padha ora nêksèni, dhèk samana Yakub takon kaantêpaning anak putune: Besuk sapungkurku kowe padha nyêmbah sapa. Anak putune mau padha mangsuli: Kula nyêmbah Pangeran kang Esa, Pangeran sampeyan, ugi Pangeranipun para lêluhur sampeyan, Nabi Ibrahim, Nabi Ismangil saha Nabi Iskak, kula sami badhe manut [ma...]

--- 1 : 39 ---

[...nut] dhatêng Pangeran wau.

128. Ibrahim lan anak putune mau umat kang wis kuna, padha tômpa ganjaran samurwate barang kang wis padha dilakoni. Dene sira wong Yahudi kabèh iya padha duwe gantungan samurwate barang kang wis padha sira lakoni. Sira ora bakal padha didangu prakara lakune wong kuna-kuna mau.

129. Wong Yahudi lan wong Nasara padha ngucap marang wong mukmin: Kowe padha manjinga agama Yahudi utawa agama Nasara, (Têgêse wong Yahudi akon manjing agama Yahudi. Wong Nasara iya akon manjing agama Nasara.) mêsthi kowe padha olèh pituduh: He wong mukmin, sira mangsulana: aku malah padha manut agamane Nabi Ibrahim kang akèh lèrège bênêr, Nabi Ibrahim dudu ewoning wong musrik (Wong musrik iku wong kang mangeran liyane Allah. Misbah.).

130. Sira padha ngucapa: Aku padha ngandêl ing Allah lan ngèstokake samubarang kang wis didhawuhake marang aku, lan samubarang kang wis didhawuhake marang Nabi Ibrahim, lan Nabi Ismangil, lan Nabi Iskak, lan Nabi Yakub, lan para pancêring Israil, lan samubarang kang wis didhawuhake marang Nabi Musa lan Nabi Ngisa, utawa samubarang kang wis didhawuhake marang para nabi saka ing Pangerane, aku

--- 1 : 40 ---

ora ambedakake siji-sijining para nabi mau, lan aku padha Islam manut ing Allah.

131. Manawa wong Yahudi lan wong Nasara mau padha ngandêl kaya pangandêlira, iku mêsthi padha olèh pituduh, nanging yèn padha malengos mêsthi padha tumiba ing kacilakan. He Mukhamad, Allah bakal nyukup ngêdohake sira saka cilakane Si Yahudi lan Si Nasara mau, Allah iku miyarsa lan ngudanèni.

132. Wong mukmin padha ngucapa: Aku wis padha dibabar kalawan babaraning Allah. Ora ana babaran kang luwih bêcik tinimbang lan babaraning Allah, aku padha nyêmbah ing Allah.

133. He Mukhammad, sira dhawuha: He wong Yahudi lan Nasara, yagene kowe padha madoni marang aku prakara Allah, (Têrange mangkene: wong Yahudi lan Nasara iku padha kapanasan, ora trima dene Allah têka milih Kangjêng Nabi Mukhammad, dikarsakake dadi Rasul, ora karsa milih Si Yahudi lan Si Nasara. Wong Yahudi lan Nasara banjur padha madoni prakara pamilihing Allah mangkono mau. Jamal.) kang môngka Allah iku Pangeranku lan Pangeranmu, aku bakal tômpa ganjaraning lakuku, lan kowe uga padha digantungi samurwating lakumu, nanging aku ngrêsikake lakuku maring Allah.

134. Yagene wong Yahudi lan Nasara padha ngucap,

--- 1 : 41 ---

ngarani Nabi Ibrahim lan Nabi Ismangil lan Nabi Iskak lan Nabi Yakub lan para pancêring Israil iku kabèh padha agama Yahudi utawa Nasara: He Mukhamad, sira dhawuha: Wêruh êndi kowe karo Allah. Ora ana wong luwih nganiaya tinimbang wong kang ngumpêt dhawuhing Allah ênggone nêksèni, kasêbut ing kitab kang ana tangane wong mau. (Wong Yahudi padha nyêkêl Kitab Torèt, wong Nasara padha nyêkêl Kitab Injil, kabèh padha mratelakake yèn jumênênge Nabi Ibrahim, Ismangil, Iskak lan Nabi Yakub sarta para pancêring Israil, iku sadurunge Kangjêng Nabi Musa lan Nabi Ngisa lêt atusan taun, ewadene kang mangkono mau padha dikikibi, pangucape wong Yahudi: Nabi Ibrahim sapanunggalane mau padha anamaagama. Yahudi, dene pangucape wong Nasara: Nabi Ibrahim sapanunggalane mau padha agama Nasara. Jamal.) Allah mêsthi ora kasupèn samubarang kang padha sira lakoni.

135. Ibrahim lan anak putune iku padha umat kang kuna, padha tômpa ganjaran samurwate barang kang wis padha dilakoni: Dene sira wong Yahudi lan Nasara iya padha duwe gantungan samurwate barang kang wis padha sira lakoni, sira ora bakal padha didangu prakara lakune wong kuna-kuna.