Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

--- 1 : 42 ---

Jus kapindho

136. Sawênèhing wong Yahudi kang padha bodho bakal ngucap: Apa sababe Nabi Mukhamad sasakhabate padha ngalih saka keblat kang wis padha diadhêpake salawas-lawase. (Iya iku Baitul Mukaddas (Masjid ing nagara Yêrusalèm) têtelane mangkene: nalikane Kangjêng Rasul isih ana ing Mêkah ênggone sêmbayang diparentahi madhêp ing Kakbah, barêng wis jêngkar saka Mêkah marang Madinah diparentahi madhêp marang Baitul Mukaddas, ngumpuli wong Yahudi, barêng wis pitulas sasi lawase banjur diparentahi bali madhêp ing Kakbah manèh. Jalalèn.). He Mukhammad, sira dhawuha: Masrik lan Mahrib iku kagunganing Allah, Allah nuduhake wong kang dadi kaparênging karsane, dituduhake marang wot (Wot têgêse dalan. Jalalèn.) kang bênêr.

137. Mangkono uga sira para umat Mukhamad, padha Ingsun dadèkake umat pilihan, supaya ing besuk sira padha nêksènana marang para manungsa. Dene Rasul Nabi Mukhamad bakal nêksèni marang sira.

138. Dene ênggon Ingsun ambalèkake keblatira lawas biyèn, iku mung supaya Ingsun wêruha, wong kang padha kêjungkêl marang tungkake, (Kêjungkêl marang tungkake, têgêse: ambalik dadi kaphir. Jalalèn.) iku sapa kang

--- 1 : 43 ---

banjur manut ing Rasul. Lan manèh ngolah-ngalih ing keblat iku pancèn rêkasa tumrap wiyahing manungsa, kajaba wong kang padha olèh pituduhing Allah. Allah ora bakal nguwukake pangandêl utawa sêmbayangira kabèh. Satêmêne Allah iku wêlas asih marang manungsa.

139. Ingsun têmên wis nguningani tumênganing rainira Mukhamad marang ing langit, mulane sira Ingsun êlih madhêp ing keblat Kakbah kang sira dhêmêni. Saiki ênggonira sêmbayang rainira adhêpna ing prênahing Kakbah Masjidil Karam.Kharam (dan di tempat lain). Ing ngêndi ênggonira sêmbayang padha ngadhêpna rainira marang prênahing Kakbah mau. Dene sarupaning wong kang padha nyêkêl kitabêsthikitab mêsthi. padha wêruh yèn madhêp ing Kakbah iku kang nyata trang saka ing Pangerane, Allah ora pisan kasupèn samubarang kang padha sira lakoni.

140. Saupama wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab iku sira wèhi sarupaning tôndha yêkti, mêsthi padha ora gêlêm manut keblatira. Sira uga ora gêlêm manut keblate wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab mau. Lan sawênèhing wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab mau iya ora gêlêm manut keblating salah sawijine. Ing sawise sira katêkan wahyu kawruh, saupama sira manut karêpe wong mau, ing kono sira mêsthi kalêbu ewoning wong kang padha nganiaya.

--- 1 : 44 ---

141. Sarupane wong kang wis padha Ingsun paringi cêcêkêlan kitab mêsthi padha wêruh marang Mukhamad, kaya wêruhe marang anak-anake, ewadene wong mau ana sapôntha kang padha nyingidake barang kang nyata bênêr, tur iya wadhapadha. wêruh lupute.

142. Barang kang nyata bênêr iku saka ing Pangeranira Mukhamad, mulane aja padha sumêlang.

143. Sawiji-wijining umat padha duwe adhêp keblat dhewe-dhewe, kang padha diadhêpake nalikane sêmbayang, mulane padha rêbut dhucunga marang kabêcikan, ana ing ngêndi bae panggonanira mêsthi sira padha diimpun dening Allah, Allah iku têmên nguwasani samubarang.

144. Manawa sira mêtu lêlungan marang ngêndi bae, ana ing kono sira ngadhêpna rainira marang prênahing Kakbah Masjidil Karam, iya iku kang mêsthi nyata trang saka Pangeranira. Allah ora kasupèn samubarang kang padha sira lakoni.

145. Manawa sira mêtu lêlungan marang ngêndi bae, ana ing kono sira ngadhêpna rainira marang prênahing Kakbah Masjidil Kharam, lan ana ing ngêndi bae panggonanira, sira padha ngadhêpna rainira marang prênahing Kakbah, supaya para manungsa aja nganti bisa madoni marang sira kabèh, kajaba wong Yahudi utawa wong musrik kang padha nganiaya. [ngani...]

--- 1 : 45 ---

[...aya.] Sira aja padha wêdi marang wong mau kabèh, balik padha wêdia marang Ingsun. Lan supaya Ingsun nyampurnakake pêparing Ingsun nikmat marang sira kabèh, sira kabèh muga padha olèha pituduh.

146. Padha karo ênggon Ingsun ngutus Rasul pêthilan saka kancanira, Ingsun utus andhawuhake ayat Ingsun marang sira, lan ngrêsikake atinira, lan mulang Kitab Kuran, apadene khukum marang sira, lan mulang marang sira kabèh samubarang kang durung padha sira wêruhi.

147. Sira padha nyêbut asmaningsun, Ingsun bakal angganjar ing sira kabèh, lan sira padha sukura (Matura sangêt panuwun kula. Jamal.) marang Ingsun lan aja padha kaphir.

***

148. He wong mukmin kabèh (Wong kang ngandêl ing Allah. Jamal.) sira padha nganggoa lantaran sabar lan anglakoni sêmbayang, Allah iku anjangkung wong kang padha sabar.

149. Lan sira aja padha ngarani wong kang kasambut ing pêrang Sabilullah (Sabilullah, têgêse: dalaning Allah, iya iku pêrang mungsuh wong kaphir. Jamal.) iku padha mati, nanging padha urip, ewadene sira ora padha wêruh.

150. Ingsun mêsthi nyoba ing sira kabèh kalawan karibêdan sawatara, kuwatir, lan kaluwèn, lan kêkurangan bôndha, lan kelangan nyawa, lan amaning wowohan,

--- 1 : 46 ---

sira ambêbungaha wong kang padha kêlar sabar.

151. Ing nalikane kambah ing karibêdan padha ngucap: Aku iki kabèh padha kagunganing Allah, lan ing têmbe aku bakal padha bali maring Allah.

152. Wong kang mangkono iku kabèh padha pinaringan pangapura lan sih saka ing Pangerane, lan wong kang mangkono mau kabèh padha olèh pituduh.

153. Gunung Sapha lan gunung Marwah iku kalêbu têngaraning Allah, sing sapa nglakoni khaji ing Baitullah utawa nglakoni ngumrah, ora ana pakewuhe midêr-midêr ana antaraning gunung loro mau. Dene sing sapa nglakoni kabêcikan saka karêpe dhewe, mêsthi Allah paring sukur, (Sukur pêparinging Allah iku tarimakasih. Muhtar.) tur ngudanèni.

154. Dene sarupaning wong kang padha ngumpêtake tôndha yêkti lan pituduh kang wis Ingsun dhawuhake, sawise Ingsun jalèntrèhake marang manungsa, kasêbut ing Kitab Kuran, wong kang mangkono iku padha kêna bêbênduning Allah, lan disuwunake bêbêndu dening wong akèh. (Kang padha nyuwunake bêbêndu iku para malaikat lan para wong mukmin, lan samubarang kang kumêlip. Jalalèn.)

155. Kajaba wong kang banjur padha tobat, lan banjur ambêcikake kalakuane lan banjur mratelakake

--- 1 : 47 ---

barang kang diumpêtake mau, wong kang mangkono iku mêsthi padha Ingsun tampani tobate, Ingsun iki Maha Ngapura tur Maha-asih.

156. Dene wong kang padha kaphir kang môngka wong mau padha mati patine kaphir, wong kang mangkono mau padha kêna bêbênduning Allah lan disuwunake bêbêndu dening para malaikat lan para manungsa kabèh.

157. Enggone ana sajroning bêbêndu mau padha langgêng, ora pisan diparingi kamayaran siksane, sarta ora padha disarantèkake.

158. Allah Pangeranira iku Pangeran kang Esa, ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah kang Mahamurah tur Maha-asih.

159. Dene tumitahing langit lan bumi, lan beda-bedaning rina lan wêngi apadene kaananing prau kang lumaku ana ing sagara amigunani marang manungsa. Lan Allah ênggone nurunake banyu udan saka ing langit, banjur diênggo nguripake palêmahan kang maune mati, lan ênggone mratakemratakake. udan mau marang sarupane kang gumrêmêt, lan ênggone ngididake angin lan mega kang manut sakarsaning Allah ana antarane langit lan bumi, iku kabèh mêsthi dadi tôndha yêkti tumrap wong kang padha ana akale.

160. Sawênèh manungsa ana wong kang ngadêgake brahala, dudu [du...]

--- 1 : 48 ---

[...du] Allah, diênggo nimbangi Allah, wong mau padha dhêmên sarta ngluhurake brahala padha karo dhêmêne lan ênggone ngluhurake Allah. Dene para wong mukmin, dhêmêne lan ênggone ngluhurake marang Allah ngungkuli samono. He Mukhamad, manawa sira andêlêng kang padha nganiaya nalikane andêlêng siksa, (Kudu disambungi mangkene: mêsthi sira ngarani yèn iku prakara gêdhe kang anggêgirisi. Jalalèn.) amarga kamênangan iku kagungane Allah kabèh, lan satêmêne Allah iku siksane luwih dening abot.

161. Para panggêdhening panasaran dalah kang padha manut, nalikane padha andêlêng siksa, têtalining guyube pêdhot, kang dinut banjur nyelaki marang kang manut.

162. Ature kang padha manut: Saupami kula punika sami kenginga wangsul dhatêng donya, mêsthi kula nyelaki pangagênging panasaran punika kados anggènipun nyelaki dhatêng kula ing sapunika: Mangkono uga Allah nuduhake marang wong mau samubarang kang wis padha dilakoni, wong mau padha gêtun, lan padha ora bisa mêtu saka ing naraka.

***

163. He para manungsa, sira padha mangana barang isèn-isèning bumi kang kalal, (Khalal iku dudu larangan. Jamal.) tur enak, lan aja padha manut panggodhaning [pang...]

--- 1 : 49 ---

[...godhaning] setan, setan iku têtela satrunira.

164. Kang mêsthi setan iku ngojok-ojoki ing sira nglakoni dosa lan panggawe ala, lan supaya sira padha ngucapna barang kang ora sira wêruhi awad-awatawat-awat. têrang saka Allah.

165. Nalikane wong kaphir padha didhawuhi: Sira padha manuta samubarang kang wis didhawuhake dening Allah, wong kaphir banjur padha mangsuli: Kula sami manut samukawis ingkang sampun kula sêrêpi dipun lampahi dening para lêluhur kula, pangandikaning Allah: Apa sanadyan lêluhure padha ora duwe akal sathithik-thithika lan tanpa pituduh iya mêksa dinut.

166. Sanepane wong kang padha kaphir, (Kudu diwuwuhi mangkene: Lan kang ngajak anglakoni pituduh. Jamal.) iku kaya upamane pangon kang nyuwara, ngucapake unèn-unèn kang ora dingêrtèni dening kang diêngon, pangêrtine mung panguwuh lan pangundange bae, padhane budhêg, bisu, picak sarta padha ora duwe akal.

167. He para wong mukmin, sira padha mangana rêjêki kang wis Ingsun paringake marang sira êndi kang khalal, manawa sira iku têmên padha nêmbah ing Allah, sira padha sukura ing Allah.

168. Allah mêsthi nglarangi marang sira kabèh ora kêna

--- 1 : 50 ---

mangan bathang lan gêtih lan daginging cèlèng, lan sadhengah kewan kang pambêlèhe nganggo nyêbut liyaning Allah. Dene sing sapa kêpêksa kudu mangan barang-barang mau, pamangane ora kalawan balela, lan ora kalawan pandadra, mêsthi wong iku ora katêtêpan dosa, Allah iku Maha Ngapura lan Maha-asih.

169. Dene wong kang padha ngumpêtake unining kitab kang wis didhawuhake dening Allah, banjur padha diênggo tuku rêrêgan sathithik, wong kang mangkono iku ora mangan barang-barang, yêktine dumunung mangan naraka diênggo marêgi wêtênge, lan besuk dina kiyamat, Allah ora karsa ngandika marang wong mau lan ora karsa ngrêsikake saka ing dosane, lan bakal dipatrapi siksa kang nglarani.

170. Wong kang mangkono iku wong kang padha tuku panasaran, kalawan pituduh, lan tuku siksa kalawan pangapura, mulane iba sabare wong iku ênggone ambêtahake panasing gêni naraka.

171. Enggone mangkono mau awit Allah wis andhawuhake kitab kalawan nyata, dene wong kang padha nyulayani kitab, iku têtêp ênggone nyulayani mau tangèh bênêre.

172. Kabêcikan iku ora mung ênggonira sêmbayang [sê...]

--- 1 : 51 ---

[...mbayang] ngadhêpake rainira mangetan utawa mangulon bae, satêmêne kang aran bêcik iku wong kang ngandêl maring Allah lan ngandêl anane dina kiyamat, lan ngandêl marang para malaikat, lan ngandêl kitabing Allah, lan ngandêl marang para nabi, lan mèwèhake bandhane marang sanak sadulure tur satêmêne dhêmên marang bandhane mau, lan marang para bocah yatim, lan marang wong miskin, lan marang anaking dêdalan, (Anaking dêdalan, têgêse wong kang pinuju lêlungan. Jalalèn.) lan marang wong kang padha anjêjaluk, lan diênggo nêbusi wong kang ana ing boyongan, utawa ing pangawulan, lan anglakoni sêmbayang, lan bayar jakat, lan wong kang padha prajanjian nuhoni janjine, lan wong kang padha sabar sajroning kêkurangan lan kasangsaran, lan têtêg nalikane prang rukêt, wong kang mangkono iku têtêp padha tumêmên pracayane, lan wong kang mangkono iku têtêp padha wêdi maring Allah.

173. He wong mukmin kabèh, sira padha diwajibake ngèstokake pranatan wêwalês, tumrap ing rajapati, wong mardika dipatèni sabab matèni padha wong mardika, kawula iya dipatèni sabab matèni padha kawula, lan wong wadon dipatèni sabab matèni padha wong wadon, dene sing sapa diapura sathithik [sathithi...]

--- 1 : 52 ---

[...k] dening sadulure kang dipatèni, iku wajibe, kang ngapura kudu anjaluk diyat, (Diyat: têgêse têtêmpuh. Kamus.) marang kang matèni kalawan aris, lan kang matèni kudu bayar diyat marang kang ngapura kalawan bêcik.

174. Pranatan kang mangkono iku ngènthèngake lan dumunung sih saka Pangeranira. Dene kang ngapura sawise ngapura kang môngka banjur nandukake wêwalês, iku bakal kapatrapan siksa kang nglarani.

175. He wong kang padha ana akale, tumindake pranatan wêwalês, tumrap ing sira kabèh iku rumêksa ing kauripan, bokmanawa sira kabèh banjur padha wêdi.

176. Sira padha dipranata, samôngsa salah sawijinira arêp mati, manawa duwe tinggalan bôndha kudu wasiyat. (Wasiyat: têgêse mêmêkas. Kamus.) Mungguh tumanjane bôndha mau marang wong tuwane loro lan marang sanak sadulure kalawan ngadil, pranatan iki bênêr tumrap wong kang padha wêdi ing Allah. (Pranatan wasiyat wis disuwak, disalini pranatan pangêduming waris. Jalalèn.).

177. Dene sing sapa sawise krungu wasiyat mau banjur nglirwakake wasiyat, mêsthi dosane tumrap marang kang padha nglirwakake wasiyat, satêmêne Allah iku miyarsa tur ngudanèni.

--- 1 : 53 ---

178. Sing sapa nguwatirake bokmanawa wong kang mêmêkas mau luput ênggone mêmêkas utawa jaragan dosa, wong mau banjur ambêcikake wêwêkase murih bêciking sakabèhe, wong iku iya ora dosa. Satêmêne Allah iku Maha Ngapura tur Maha-asih.

179. He wong kang padha mukmin, sira kabèh padha diwajibake puwasa. Kaya para umat sadurungira, iya padha diwajibake puwasa, sira muga padha wêdia ing Allah.

170.180. Kudu puwasa sawatara dina kang karuwan cacahe, dene sira kabèh sing sapa lagi nandhang lara utawa pinuju lêlungan, puwasaa ing liya dina bae sacacahe kang lowong, dene wong kang padha ora kêlar puwasa, bayara phidyah (Phidyah têgêse: panêbus, dene phidyahing puwasa kudu sidêkah rêjêki kang kalaku dadi panganing wong kono. Ing dalêm puwasa dina phidyahe samud (saraup). Jamal.) bae, iya iku awèh pangan marang wong miskin, dene sing sapa muwuhi pangabêkti gawe kabêcikan, iya olèh bêcik, nanging yèn sira milaur puwasa bae iku luwih bêcik tumrap ing sira. Yèn sira wis padha wêruh padha lakonana.

181. Sasi Ramlan iku sasi ênggone Kuran tinurunake, dadi pituduh marang manungsa lan dadi tôndha yêkti [yê...]

--- 1 : 54 ---

[...kti] kang cêtha ewone pituduhing Allah, sarta ambedakake bênêr karo luput. Dene sira kabèh sing sapa mênangi sasi Ramlan, apuwasaa, lan sing sapa lagi nandhang lara utawa pinuju lêlungan, apuwasaa ing seje dina bae sapira ênggone anglowongake, kaparênging Allah supaya gampanga ênggonira padha nglakoni, lan kaparênging Allah ora ngêngèl-êngèl ênggonira padha nglakoni. Lan sira kabèh padha anggênêpana puwasa sacacahe, (Sacacahing dina sasi Ramlan. Jalalèn.) lan sira padha takbira (Têgêse nyêbuta: Allahu Akbar, têgêse Allah iku luwih dening gêdhe. Jamal.) ing Allah, sumurup ngaturi panuwun ênggone Allah nuduhake marang sira, lan sira kabèh muga padha sukura (Têgêse munjuka ing Allah: sakalangkung ing panuwun pamundhi kawula. Jamal.) ing Allah.

182. Nalikane para kawulaningsun padha takon marang sira Mukhammad, nakokake sariraningsun, satêmêne Ingsun iki cêdhak, nalikane kawulaningsun nyênyuwun marang Ingsun, Ingsun maringi panyuwune wong kang nyênyuwun mau, mulane padha nyuwuna kasêmbadaning panyuwune marang Ingsun, lan padha ngandêla marang Ingsun. Kabèh bae muga padha olèha pituduh. [pi...]

--- 1 : 55 ---

[...tuduh.]

183. Sajrone sasi Pasa yèn wayah bêngi sira padha dililani cumbana karo wong wadonira, wong wadonira iku minôngka sandhanganira, lan sira iku minôngka sandhangane wong wadonira, Allah wis ngudanèni yèn sira iku padha cidra marang awakira dhewe, Allah wis ngapura marang sira kabèh, lan wis muwung marang sira kabèh, mulane saiki padha cumbanaa karo wong wadonira, Allah ênggone wis mranata marang sira prakara cumbana padha sira èstokna. Sira padha mangana lan ngombea, nganti sira waspada tumrontonging ular-ular putih, iya iku wayah bangun, saka ing ular-ular irêng, (Ular-ular irêng iku karêpe wayah bêngi. Jamal.) ing kono sira nuli nyampurnakna puwasa nganti têkan ing wêngi. Yèn sira pinuju iktikhap, (Iktikaph, iki têgêse lèrèn ana sajroning masjid, nganggo niyat ngabêkti ing Allah. Jamal.) ana ing masjid aja cumbana lan wong wadonira, kang mangkonemangkono. iku laranganing Allah, sira aja wani-wani cêdhak, mangkono uga Allah nêrangake ayate marang para manungsa, supaya padha wêdia ing Allah.

184. Lan sira aja padha mangan bandhane kancanira kalawan batal, (Batal, têgêse ora bênêr. Jalalèn.) lan aja age-age anggugat bôndha mau marang [ma...]

--- 1 : 56 ---

[...rang] pangadilan, kang pamrihira supaya bisa mangan bandhaning manungsa sawatara kalawan nandhang dosa, kang môngka sira padha wêruh luputira.

***

185. He Mukhammad, para umatira padha takon ing sira prakara ananing tanggal, iku sira wangsulana: Owah gingsiring tanggal iku panêngêran môngsa tumrap kêkarêpaning manungsa lan tumrap mangsaning khaji. Lan manèh kang aran bêcik iku dudu ênggonmu padha malêbu ing omah sarana ambobol saka gêgêring omah, nanging kang aran bêcik iku wong kang wêdi ing Allah, mulane padha malêbua ing omah mêtu ing lawange bae. Lan padha wêdia ing Allah, supaya sira iku kabèh padha bêgja.

186. Lan padha mangsaha pêrang sabilullah, (Sabilullah têgêse dêdalaning Allah, iya iku pêrang lan satru kaphir. Jamal.) mapagna wong kaphir kang padha mêrangi ing sira, lan sira aja ngawiti pêrang, satêmêne Allah iku ora rêmên wong kang padha ngawiti pêrang.

187. Lan sira padha mêrangana wong kaphir kabèh, ing ngêndi ênggone katêmu, yèn wong kaphir mau padha ngungsir sira saka ing Mêkah, iya padha sira ungsira saka ing Mêkah. Dene paekan iku luwih bangêt, ngungkuli pêrang,

--- 1 : 57 ---

lan sira aja padha mêrangi wong kaphir ana ing Masjidil Karam, kajaba yèn si kaphir mau mêrangi sira ana ing Masjidil Karam. Dene yèn si kaphir padha mêrangi sira, iya papagna pêrange. Kang mangkono mau dumunung wêwalês marang wong kang padha kaphir.

188. Dene manawa wong kaphir mau wis padha mêdhot ênggone kaphir, satêmêne Allah iku Maha Ngapura tur Maha-asih.

189. Lan sira padha mêrangana wong kaphir kabèh, nganti têntrêm ora ana paekan apa-apa, sarta agama iku wis sayuk, sarupaning wong padha nêmbah ing Allah. Dene yèn wong kaphir wis padha mêdhot ênggone kaphir, ing kono ora ana satru manèh kajaba wong kang isih padha nganiaya.

190. Sasi Karam iku (Iya iku sasi Dulkangidah, wong Islam padha dilarangi pêrang ana ing sasi mau, nanging sarèhne wong kaphir padha mêrangi wong Islam ana ing sasi Dulkangidah kang wis kapungkur, sanadyan saiki sasi Dulkangidah nanging wong Islam iya kêna mêrangi wong kaphir, iku kang diarani têtimbangan. Jamal.) ditimbangi kalawan sasi Kharam uga, dene barang kang bênêre kudu diajèni iku ana pranataning wêwalês, mulane sing sapa nandukake piala marang sira,

--- 1 : 58 ---

sira iya malêsa nindakake piala marang wong mau sapadhane ênggone ngalani marang sira, lan sira padha wêdia ing Allah, lan padha wêruha yèn Allah iku anjangkung wong kang padha wêdi ing Allah.

191. Lan sira padha manjurunga bôndha kanggo sabilullah (Sabilullah têgêse: dêdalaning Allah, wong manjurung bôndha marang sabilullah iku kaya ta: manjurung bôndha kanggo wragading pêrang mungsuh wong kaphir sapêpadhane bab adêging agama Islam.) lan aja padha nibakake awakira marang karusakan, lan padha gawea kabêcikan, satêmêne Allah iku rêmên marang wong kang padha gawe kabêcikan.

192. Sira padha nyampurnakna khaji lan ngumrah (Khaji iku ewone rukuning Islam, ngumrah iku kalêbu ing khaji, laku-lakune dijalèntrèhake ana ing kitab ngilmu phakih. Jamal.) konjuk ing Allah, dene yèn ana alanganing satru, wajibe sira kudu bayar dhêndhan, (Dhêndhane kudu ambêlèh wêdhus siji. Jalalèn.) lan aja padha nyukur sirahira (Sirah K.N. = sirahing kali enz. Waradarma.) nganti têkan ênggonira bayar dhêndhan ana ing panggonaning alangan mau. Dene sira kabèh sing sapa nandhang lara utawa katêkan rêribêd ana ing sirahe: banjur cukur, iku kêna ing panêbus anglakoni [a...]

--- 1 : 59 ---

[...nglakoni] puwasa, utawa sidêkah, utawa ambêlèh wêdhus salah sijine, ing nalika sira têntrêm, sing sapa nêrak larangan, sabab wis rampung ngumrahe, nganti têkan ênggone nglakoni khaji, iku wajibe kudu bayar dhêndhan, yèn bisa kudu ambêlèh wêdhus, sing sapa ora bisa ambêlèh wêdhus, wajibe kudu puwasa têlung dina sajrone nglakoni kaji, lan yèn wis mulih têkan ing omahe kudu puwasa manèh pitung dina, iya iku dumunung puwasa sapuluh dina kang sampurna, wajibing dhêndhan kang mangnomangkono. mau tumrap wong kang anak bojone ora cêdhak Masjidil Kharam, lan sira padha wêdia ing Allah, lan padha wêruha yèn Allah iku siksane abot.

193. Mangsane nglakoni khaji iku sasi kang kinawruhan. (Iya iku sasi Sawal, lan sasi Dulkangidah, lan sasi Dzulkijah têkan tanggal ping sapuluh. Jamal.) Sing sapa nglakoni rukuning khaji ana ing sasi mau, ora kêna cumbana lan ora kêna duraka, lan ora kêna padu sajrone nglakoni khaji. Dene kabêcikan kang padha sira lakoni iku Allah ngudanèni, lan sira padha sêsangua, dene sangu kang prayoga dhewe iku sangu wêdi ing Allah. He wong kang padha ana akale, sira padha wêdia marang Ingsun.

194. Sira kabèh ora ana pakewuhe nyambut gawe [ga...]

--- 1 : 60 ---

[...we] marsudi pêparinge Pangeranira, dene yèn sira wis padha mundur saka ing ara-ara Ngarpah, padha nyêbuta asmaning Allah ana ing Masngarul Kharam. (Masngarul Kharam iku gunung ana pinggiring ara-ara Musdaliphah, uga aran gunung Kuzah. Jalalèn.) Lan padha nyêbuta asmaning Allah marga Allah wis nuduhake ing sira kabèh. Sanadyan sadurunge iku sira padha kalêbu ewoning wong kêsasar.

195. He turuning Kurès, sira banjur padha mundura barêng karo undure wong akèh, lan padha nyuwuna pangapura ing Allah, satêmêne Allah iku Maha Ngapura lan Maha-asih.

196. Nalikane wis rampung ênggonira padha nglakoni ngibadah khaji, sira banjur padha nyêbuta asmaning Allah kaya panyêbutira jênênging para lêluhurira, utawa luwih akèh manèh panyêbutira. Sawênèhing manungsa ana kang matur: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi paringa bêbahan kawula wontên ing dunya. Dene besuk ana ing akhirat, wong mau ora olèh panduman kabêgjan.

197. Lan sawênèhing manungsa manèh ana kang matur mangkene: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi paringa ingkang sae dhumatêng kawula wontên ing dunya, makatên ugi benjing wontên ing akhirat inggih

--- 1 : 61 ---

paringa ingkang sae, saha kawula mugi Tuwan lêpatna saking siksa naraka.

198. Wong kang mangkono mau padha duwe panduman kabêgjan, awit ênggone padha nglakoni khaji. Dene Allah iku ênggone nimbang ala lan bêcik: rikat bangêt.

199. Lan sira padha nyêbuta asmaning Allah pirang-pirang dina kang gênah wilangane. Dene sing sapa age-age mundur saka ing ara-ara Mina (Mina iku uga diarani: Masngarul Kharam, iya iku ara-ara ana ing pagunungan cilik kang diarani gunung Kuzah dumunung ana sapinggiring ara-ara Musdaliphah kaprênah salor wetaning kutha nagara Mêkah, dohe watara têlung pal. Wong kang nglakoni khaji ana ing kono padha nginêp, lawase têlung bêngi, lan ana kang ambêlèh wêdhus, utawa sabên dina padha ambalang jumrah, têgêse tugu têtêlu kang jèjèr sawatara dohe, iya iku patilasan ênggone Nabi Ismangil ambalang setan kang anggodha sarirane, supaya bôngga ênggone arêp dibêlèh ingkang rama, nanging Nabi Ismangil ora manut panggodhaning setan, malah ambalangi marang setan mau, iya iku kang dilêluri wong khaji ênggone ambalang jumrah. Inna ngatut talibin, kasasul ambiya.) ana ing dina Tasrèk kang (Dina Tasrèk iku tanggal [tang...]

--- 1 : 62 ---

[...gal] kaping sawêlas, kaping rolas, lan kaping têlulas padha sasi Dulkhijah ing sabên taun. Muhtar.) kapindho, iku ora dosa, lan sing sapa ngèrèni iya ora duraka. Mangkono iku tumrap wong kang padha wêdi ing Allah, lan sira padha wêdia ing Allah, lan padha wêruha yèn sira iku kabèh ing têmbe bakal padha tinangèkake saka ing pati, diimpun marang ngarsaning Allah.

200. Lan sawênèhing manungsa ana kang pangucape lamis andadèkake gumunira tumrap kauripan ing dunya, lan wani nêksèkake ing Allah mungguh kang ana sajroning atine, nanging satêmêne wong iku bangêt ênggone madoni ing sira.

201. Barêng wis lunga saka ngarêpira banjur padha tumandang gawe rusak ana ing bumi, angrusaka tanduran lan anaking khewan, Allah iku ora rêmên marang wong kang padha gawe rusak.

202. Nalikane wong mau didhawuhi: Sira wêdia ing Allah, dosane wong iku sanalika nukulake gumêdhene, mulane wong mau cukup dicêmplungake ing naraka jahanam (Jahanam iku araning naraka. Jamal.) naraka jahanam iku ala-alaning lèmèk.

--- 1 : 63 ---

203. Sawênèhing manungsa ana kang adol awake murih kaparênging Allah, dene Allah iku wêlas ing para kawula.

204. He wong mukmin, sira padha mlêbua agama Islam, ngèstokna sabarang pranatane kabèh, lan aja padha manut dêdalaning setan, awit setan iku têtela satrunira.

205. Sawise sira katêkan tôndha yêkti pirang-pirang, manawa sira padha mlengos, sira padha wêruha yèn Allah iku Mahamulya, santosa tur wicaksana.

206. Malêbune Islam mau apa nganggo disarantèkake: ora, mung Allah lan para malaikat bakal nêkakake siksa ana eyubing mêndhung, ing kono prakara wis dirampungi, samubarang prakara iku konjuk ing Allah.

***

207. He Mukhammad, sira andangua para turuning Israil, wis pira kèhing ayat tôndha yêkti kang wis Ingsun têkakake marang wong mau. Sawise katêkan ayat tôndha yêkti, sing sapa nyalini nikmating Allah, (Têgêse milih kaphir. Jalalèn.) iku wêruha yèn Allah iku siksane abot.

208. Wong kaphir padha diiming-imingi kabungahan dunya,

--- 1 : 64 ---

lan banjur padha anggêguyu marang wong kang padha mukmin, dene wong kang padha wêdi ing Allah besuk dina kiyamat padha ana-ana ing dhuwure wong kaphir mau, Allah iku paring rêjêki tanpa takêran marang wong kang dadi parênging karsane.

209. Manungsa iku umat siji, (Têgêse sakawite manungsa iku golong dadi siji, padha ngandêl ing Allah, nanging lawas-lawas banjur ana kang kaphir. Jalalèn.) Allah ngutus para nabi kang padha ambêbungah lan mêmêdèni, lan Allah nurunake kitab diampil ing para nabi mau kalawan nyata, kanggo ambêbênêri para manungsa mau ênggone padha pasulayan ing bab agama, nanging manungsa mau sawise padha digêlari tôndha yêkti pirang-pirang, ora ana kang pasulayan ala-ingalanan, kajaba mung wong kang wis padha katêkan kitab, ing kono Allah nuduhake wong kang padha mukmin kalawan idining Allah, wêruh kapriye bênêre ênggone padha pasulayan mau, Allah iku nuduhake wot kang bênêr marang kang dadi parênging karsane.

210. Yagene sira padha rumasa bakal malêbu suwarga, kang môngka sira padha ora nandhang cobaning Allah kang ngèmpêri coba kang disandhang ing para wong mukmin sadurungira, ana kang nandhang miskin, lan ana kang nandhang lara, banjur padha ngêrsula. Rasul sakancane

--- 1 : 65 ---

para mukmin nganti kawêtu pangucape: Besuk apa têkane pitulunging Allah. Nuli dhinawuhan: Satêmêne pitulunging Allah wis cêdhak.

211. He Mukhammad, para umatira padha takon ing sira, kadospundi lampah-lampahipun tiyang wèwèh, iku sira dhawuha, sadhengaha kang bêcik kang sira wèhake iku kêna. Dene kang prayoga diwèwèhi, iku wong tuwane loro lan sanak sadulure, lan para bocah yatim, lan para wong miskin, lan anaking dêdalan. (Anaking dêdalan iku wong pinuju lêlungan. Jalalèn.) Dene sadhengah kabêcikan kang sira lakoni, Allah ngudanèni marang kabêcikan mau.

212. Sira kabèh padha dipranata wajib mangsah pêrang, kang môngka pêrang iku tumrap ing sira anggêthingake.

113.213. Nanging bokmanawa barang kang sira gêthingi iku malah bêcik tumrape ing sira. Lan bokmanawa barang kang sira dhêmêni iku malah ala tumrape ing sira, lan bokmanawa barang kang sira dhêmêni iku malah ala tumrape ing sira,'lan bokmanawa ... sira' sebaiknya dihilangkan karena dua kali. Allah iku kang mêsthi ngudanèni, dene sira padha ora wêruh.

***

214. He Mukhammad, wong Islam padha takon ing sira prakara pêrang ana ing sasi Kharam, iku sira dhawuha,

--- 1 : 66 ---

pêrang ana ing sasi Karam iku dosa gêdhe, dene makewuhi marang wong nglakoni dêdalaning Allah lan maido ing Allah lan makewuhi wong malêbu ing Masjidil Kharam, lan ngungsir wong Masjidil Kharam saka ing kono, iku mungguhing Allah luwih gêdhe manèh dosane. Dene paekan utawa musrik, (Musrik iku têgêse wong kakang. nyêmbah liyaning Allah. Jamal.) iku dosane luwih gêdhe manèh tinimbang pêrang. Wong kaphir padha tansah mêrangi sira, pamrihe manawa bisa supaya sira padha ambalika saka agamanira Islam. Dene sira kabèh sing sapa ambalik saka agamane Islam, nuli mati kaphir, wong kang mangkono iku, kalakuane kang bêcik larut kabèh ana ing dunya lan akhirat, dene wong kang mangkono mau padha kacêmplung ing naraka, sarta ênggone ana ing naraka padha langgêng.

215. Dene wong mukmin lan wong kang milaur ninggal omahe lan padha mangsah pêrang sabilullah, wong kang mangkono mau padha nyênyadhang sihing Allah, dene Allah iku Maha Ngapura tur Maha-asih.

216. He Mukhammad, para sakabatira padha takon ing sira prakara sajêng lan botohan. Sira wangsulana: Sajroning sajêng lan botohan iku ana dosa gêdhe lan ana paedah pirang-pirang marang manungsa, [ma...]

--- 1 : 67 ---

[...nungsa,] dene dosane iku luwih gêdhe ngungkuli paedahe. Lan ana uga kang padha takon ing sira bab kèh sathithiking pawèwèh.

217. Sira wangsulana: Pawèwèh iku saturahing kabutuhanira, mangkono uga Allah nêrangake tôndha yêkti pirang-pirang marang sira kabèh, supaya sira padha mikira.

218. Ing prakara dunya lan akhirat, lan manèh umatira padha takon ing sira prakara bocah yatim. Sira wangsulana: Ngopèni amrih bêcike bocah yatim iku bêcik bangêt.

219. Dene yèn sira ngêpèk batih bocah yatim iku dhasar sadulurira, Allah iku ngudanèni wong kang amrih rusake bocah yatim lan wong kang amrih bêcike bocah yatim. Yèn Allah karsa gawe angèl, mêsthi nglarangi marang sira ora kêna ngêpèk batih. Satêmêne Allah iku Mahamulya tur wicaksana.

220. He wong Islam, sira aja padha ngrabèni wong wadon kaphir kajaba yèn banjur mukmin, kawula wadon kang mukmin iku luwih bêcik tinimbang wong wadon mardika kang kaphir, sanadyan nêngsêmake ing sira saking dening ayune. Lan aja padha laki wong lanang kaphir kajaba yèn banjur mukmin, kawula lanang kang mukmin iku luwih bêcik tinimbang wong lanang mardika kang kaphir, sanadyan nêngsêmake ing sira saking dening baguse.

--- 1 : 68 ---

221. Wong kaphir iku padha ngajak nyêmplung ing naraka, dene Allah iku nimbali malêbu ing sawarga lan paring pangapura, têrang idin karsaning Allah, sarta nêrangake tôndha yêktine marang manungsa supaya padha elinga.

***

222. He Mukhammad, para sakabatira padha takon ing sira prakara khèl, (Khèl, têgêse: sukêr. Muhtar.) sira dhawuha: Khèl iku rêgêd, mulane padha nyingkirana aja cumbana karo wong wadon kang pinuju khèl, lan aja padha nyêdhaki wong wadon mau nganti têkan rêsike. Dene yèn wong wadon mau wis rêsik, sira cumbanaa, ngèstokna dhawuh parentahing Allah. Satêmêne Allah iku rêmên wong kang tansah padha tobat lan dhêmên wong kang padha rêsikan.

223. Wong wadonira iku tumrape ing sira upamane sawah, mulane sira padha nênandura sakarêpira ana ing sawahira, lan padha andhisikna kabêcikan, (Andhisikake kabêcikan, têgêse sadurunge cumbana nyêbuta asmaning Allah. Jamal.) tumrap awakira dhewe, lan padha wêdia ing Allah, lan sira padha wêruha yèn sira iku ing têmbe padha disowanake ing ngarsaning Allah, lan sira ambêbungaha marang para wong mukmin.

--- 1 : 69 ---

224. Allah aja sira ênggo ngalang-alangi ênggonira arêp gawe kabêcikan, lan wêdi ing Allah lan ngrukunake manungsa, amarga sira anggo supata, (Supata kang ngalang-alangi gawe kabêcikan iku upamane mangkene: dêmi Allah aku salawas-lawase bakal ora têtulung karibêdane Si Suta. Samôngsa Si Suta karibêdan, wong kang supata mau mêsthi ora gêlêm têtulung, wêdi nrajang supatane kang nganggo nyêbut asmaning Allah. Wong kang supata mangkono mau sunat anrajang supatane, sarta bayar dhêndhane wong nrajang supata. Ayat iki ana têgêse manèh mangkene: Sira aja akèh-akèh supata, sanajan sira têmên rêsik bêcik tur wêdi ing Allah, awit wong akèh ênggone supata iku ewoning wong nracak marang Allah. Jamal.)

(Iman Saphingi ngandika mangkene: Sajêge aku ora pisan gêlêm supata nganggo asmaning Allah, sanadyan têmên utawa goroh. Mizan Sakrani.) Allah iku miyarsa tur ngudanèni.

225. Allah ora nganggêp supatanira kang kêtlanjur tanpa sêdya, nanging kang dianggêp dening Allah iku kang têrus sêdyaning atinira. Allah iku Maha Ngapura tur muwung.

26. Wong wadon padha wajib nyarantèkake lakine kang ila, (Ila têgêse supata ora cumbana [cu...]

--- 1 : 70 ---

[...mbana] karo rabine, lawase luwih saka patang sasi, utawa tanpa wangên. Phatkhul Karit.) marang rabine mau, lawase patang sasi, ing kono yèn banjur nuhoni cumbana iya uwis, (Têgêse wis ora ana prakarane apa-apa, nanging lakine mau sarèhning wis narajang supata, kudu bayar dhêndhaning supata kang diarani, kipharat, iya iku kêna milih salah sijining têlung prakara, 1. mradikakake kawula kang mukmin tur tanpa cacad, 2. sidêkah rêjêki marang wong miskin sapuluh, nyaêmud, nyaraup, 3. nyandhangi wong miskin sapuluh: niji, dene yèn ora bisa salah sijining têlung prakara mau, kudu puwasa têlung dina. Takrib.) satêmêne Allah iku Maha Ngapura tur Maha-asih.

227. Dene yèn wong lanang ila mau pilih mêgat bae, iya banjur ngruntuhna talake. Satêmêne Allah iku miyarsa tur ngudanèni.

228. Wong wadon kang dipêgat, wajib nyarantèkake awake, ora kêna laki nganti têlung kuruk, (Kuruk, têgêse: rêsik antaraning gêtih loro. Mulane manawa wong wadon kang durung tau khèl dipêgat ing lakine, iku awite ngetung kuruk, ngêntèni yèn wis khèl, nanging yèn dipêgat sawise tau khèl, iku sadurunge khèl manèh wis dietung kuruk [ku...]

--- 1 : 71 ---

[...ruk] siji. Ingana Tuttalibin.) wong wadon yèn têmên ngandêl ing Allah lan ngandêl bakal anane dina kiyamat, ora kêna ngikibi anak kang dititahake dening Allah ana sajroning wêtênge. Dene sajrone disarantèkake mau yèn lakine sumêdya bêcik manèh karo rabine, iku wênang ngrujuk, (ambalèni). Lan wong wadon iku uga duwe wajib digawe bêcik ing lakine, padha karo ênggone wajib gawe bêcik marang lakine. Nanging wong lanang duwe pangkat kamênangan marang rabine. Dene Allah iku Mahamulya tur wicaksana.

229. Talak iku yèn lagi loro bae, isih kêna ngrujuk, mêngku kalawan bêcik, utawa nguculake babar pisan uga kalawan bêcik, lan sira ora kêna nampani baline sadhengaha kang wis sira wèhake marang rabinira sanadyan mung sathithik, kajaba yèn wong sakaloron iku kuwatir bokmanawa ora bisa nêtêpi anggêr-anggêring Allah, samêngko kang wadon ênggone bayar pamancal ora ana pakewuhe tumrap wong sakaloron. Kang mangkono iku anggêr-anggêring Allah, sira aja padha nêrak, dene sing sapa wani nêrak, wong iku têtêp nganiaya.

230. Dene manawa kang lanang mau banjur nalak manèh marang rabine, dadi wis runtuh talake têlu,

--- 1 : 72 ---

ing kono wong wadon mau ora kêna dirabèni manèh, kajaba yèn wis laki bojo liyane. Dene yèn wis dipêgat ing bojo kang kapindho ora ana pakewuhe balèn karo lakine lawas, samono iku yèn sakarone padha nyipta bakal padha bisa nêtêpi anggêr-anggêring Allah, kang mangkene iki iya anggêr-anggêring Allah, Allah anggêlarake anggêr-anggêre marang wong kang padha mikir kalawan sampurna.

231. Nalikane sira padha mêgat wong wadon, kang môngka wis cêdhak wêwangêne, iku sira wêngkua manèh kalawan bêcik utawa sira uculna kalawan bêcik, lan pamêngkunira marang wong wadon mau aja kalawan maeka, nandukake piala, dene sing sapa nglakoni panggawe mangkono mau mêsthi nganiaya marang awake dhewe, lan sira aja padha nganggo gêguyon ayating Allah, lan padha elinga nikmating Allah kang wis diparingake marang sira, lan padha elinga Kitab Kuran sarta khukum kang wis didhawuhake dening Allah marang sira, minôngka piwulang marang sira. Lan sira padha wêdia ing Allah, lan padha wêruha yèn Allah iku ngudanèni samubarang kabèh.

***

232. Manawa wong lanang mêgat kang wadon, kang môngka

--- 1 : 73 ---

wis têkan ing wangêne, iku manawa sakarone wis padha trimane sanggêm kumpul bêcik manèh, waline ora kêna mingkuh kudu kêpêksa ningkahake si wadon mau marang tilas lakine, kang mangkene iki diênggo mituturi marang kônca-kancanira kang padha ngandêl ing Allah sarta ngandêl bakal anane dina kiyamat, dene gêlêm iku tumrap ing sira luwih bêcik lan luwih rêsik, Allah iku ngudanèni nanging sira ora padha wêruh.

233. Biyung padha nusonana anake lawase gênêp rong taun, tumrap wong kang arêp nyampurnakake ênggone nusoni, dene wajibing bapa kudu ngingoni lan nyandhangi sakuwasane marang biyung kang nusoni mau, ewadene ora ana awak dipêksa kajaba mung sakêlare. Biyung ora kêna dipêksa nusoni anake, lan bapa iya ora kêna dipêksa ngrupakake kang ora sakêlare, dupèh bocah iku anake. Dene wajibing waris kang nguwasani bocah mau padha karo wajibing bapa. Dene yèn bapa lan biyung sakarone wis golong rêmbuge arêp nyapih bocah mau, iya ora ana pakewuhe, dene yèn sira arêp nginyakake anakira, manawa sira bayar wragad kang sira saguhake kalawan bêcik, iya ora ana pakewuhe. Sira padha wêdia ing Allah, lan padha wêruha yèn Allah iku mirsani

--- 1 : 74 ---

samubarang kang padha sira lakoni.

234. Sira kabèh sapa kang mati tinggal rabi, rabine mau nyarantèkna awake, ora kêna laki nganti patang sasi punjul sapuluh dina lawase, dene sawise têkan wêwangêne, tumrap ing para waline ora ana pakewuhe ngumbar barang lakune si wadon kang bêcik ênggone birai maèsi awake. Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni.

235. Ora ana pakewuhe ênggonira padha nakokake wong wadon kang (Wong wadon kang ana sajroning wêwangên patang sasi punjul sapuluh dina. Jamal.) lawan adu sêmu bae, utawa ênggonira mung ambatin ana sajroning atinira bae, Allah wis nguningani yèn sira bakal anglairake sakarêntêging atinira marang wong wadon mau, nanging sira aja masajakake dhisik ênggonira duwe karêp ngrabèni wong wadon mau, kajaba yèn sira mung nglairake têmbung adu sêmu kang bêcik, iku kêna.

236. Sira aja padha kasusu nêningkahan, ngêntènana têkaning wêwangên pranatan, lan sira padha wêruha yèn Allah iku ngudanèni samubarang kang ana sajroning atinira, mulane sira padha ngati-atia, lan padha wêruha yèn Allah iku Maha Ngapura tur wêlas.

237. Ora ana pakewuhe sira mêgat wong wadon sadurunge sira cumbana utawa sadurunge sira tamtokake [tamto...]

--- 1 : 75 ---

[...kake] maskawine, lan sira awèha matak, têgêse bêbungah marang wong wadon mau kalawan bêcik, tumrap wong lanang kang miskin utawa sugih apa samurwate, iku têmên wajibe wong kang padha bêcik.

238. Dene yèn sira mêgat wong wadon sadurunge sira cumbana, kang môngka wis sira tamtokake maskawine wong wadon mau, iku kang wajib dadi darbèke si wadon mung saparoning maskawin kang sira tamtokake mau, kajaba yèn wong wadon mau wis narima, utawa wong lanang kang nguwasani bêbundhêlaning ningkah wis narima. Dene panarima iku akèh lèrège marang wêdi ing Allah utawa rukun. Dene corok-cinorokira aja sira nêngake bae tanpa tônja. Allah iku mirsani samubarang kang padha sira lakoni.

239. Sira padha ajêga nglakoni sêmbayang lan sêmbayang ing têngah, (Sêmbayang ing têngah iku akèh kaole, ana pujôngga kang ngarani iku sêmbayang Ngasar, utawa sêmbayang Subuh, utawa sêmbayang Luhur, utawa liya-liyane. Jalalèn.) lan padha ngadêga nyênyuwun maring Allah.

240. Dene yèn sira pinuju padha nandhang kuwatir, kêna uga sêmbayang karo mlaku dharat utawa nênunggang. Dene yèn sira wis têntrêm, padha sêmbayanga nyêbut asmaning Allah, kaya ênggone mulang ing sira nalika sira

--- 1 : 76 ---

durung wêruh laku-lakuning sêmbayang.

241. Sira kabèh sing sapa ngarêpake mati lan bakal tinggal rabi, mêmêkasa prakara kabutuhaning rabine, minôngka bêbungah nganti têkan sataun, ora kêna ditundhung, dene manawa wong wadon mau lunga saka karêpe dhewe, ing kono para waline (Têgêse: wali, kang nguwasani. Misbah.) wong kang mati ora ana pakewuhe ngumbar lakune si wadon ênggone birai mêmaèsi awake sarta disuwak ingone. Allah iku Mahamulya tur wicaksana.

242. Wong wadon kang padha dipêgat iku padha olèh matak, têgêse bêbungah sakuwasane kang lanang, wajib tumrap para wong kang wêdi ing Allah.

243. Kaya mangkono uga Allah anggêlarake ayate marang sira kabèh, supaya sira padha mikira.

244. Sira mêsthi wis wêruh caritane wong Bani Srail pirang-pirang èwu kang padha ngili tinggal nagarane kuwatir mati dening pagêblug, ana ing dalan Allah ngandika marang wong mau: He sira padha matia kabèh, sawise mati kabèh, Allah banjur nguripake marang wong mau. SatêmênèhSatêmêne. AlahAllah. iku kagungan kanugrahan marang manungsa, ananging manungsa iku kang akèh padha ora sukur.

--- 1 : 77 ---

245. Sira padha mangsaha pêrang sabilullah, lan padha wêruha yèn Allah iku miyarsa tur nguningani.

246. Sapa kang potang maring Allah kalawan potang bêcik, (Potang maring Allah kang bêcik iku nanjakake bandhane marang sabilullah kalawan sucining ati. Jalalèn.) Allah mêsthi nikêli marang wong mau tikêl pirang-pirang. Dene Allah iku wênang mêpêt pêparinge lan wênang anggêlar pêparinge. Sira kabèh mêsthi padha dibalèkake marang pangayunaning Allah.

247. Sira mêsthi wis wêruh carita lêlakone wong Bani Israil sapungkure Musa, nalikane padha matur marang nabine: (Iya iku Nabi Samuwèl. Jalalèn.) Sampeyan mugi anjumênêngna ratu ingkang angrèh kula, supados ngangsahakên anggèn kula badhe pêrang sabilullah. Nabine banjur mangsuli: Manawa kowe padha didhawuhi pêrang, layak padha mingkuh mangsah ing pêrang. Wong Bani Israil padha matur mane:mangkene. Kula punika sampun sami kaplajêng saking nagari kula, têbih kalihan anak-anak kula, kenging punapa kula sami botên purun mangsah pêrang. Barêng wong Bani Israil mau kalêksanan padha didhawuhi pêrang, nyata padha mopo, kajaba mung sathithik kang padha wani. Dene Allah iku ngudanèni wong kang padha [pa...]

--- 1 : 78 ---

[...dha] nganiaya.

248. Nabine wong Bani Israil mau dhawuh mangkene: Allah maringake Si Talut, (Talut, ing têmbung Ngarab têgêse dêdêg dhuwur, mulane dijêjuluki mangkene, awit dêdêge Raja Talut dhuwur bangêt, dene jênênge ing têmbung Ngibrani: saul. Jamal.) marang kowe kabèh, dikarsakake dadi ratumu. Wong Bani Srail banjur padha matur: Kadospundi dene pun Talut têka dados ratu marentah dhumatêng kula, kang môngka lêrêsipun kula punika langkung prayogi dados ratu tinimbang pun Talut, pun Talut botên dipun paringi sugih arta, nabi mau banjur mangsuli: Allah milih Si Talut ngratoni lan marentah ing kowe kabèh, lan Allah muwuhi jêmbaring kawruhe Si Talut marang ngèlmuning karaton sarta sêmbadaning awake. Allah iku maringake pulunging karatone marang wong kang dadi parênging karsane, Allah iku jêmbar tur ngudanèni.

249. Nabine wong Bani Srail mau dhawuh manèh: Dene tôndha yêktine yèn Si Talut iku dikarsakake dadi ratu, iku bakal ana pêthi têka marene: isi sakinah (Sakinah ing têmbung Ngarab têgêse: têntrêm, katêrangane pêthi mau duwe daya nêtêgake lan ngêndêlake atining wadyabala, pêthi mau kang dianggo [di...]

--- 1 : 79 ---

[...anggo] kayu samsad, tinurunake saka ing suwarga, diparingake marang Kangjêng Nabi Adam, isi rêca-rêca pêthaning para nabi, wiwit Nabi Adam tumêka Nabi Mukhammad, kang digawe rêca-rêca mau jumêrut, mirah lan intên, lan ana uga rêca jumêrut pêthaning kucing mawa suwiwi, pêthi mau banjur turun-tumurun, barêng têkan Kangjêng Nabi Musa isine diwuwuhi man, lan pêcahaning sabak kang tinulis kitab sapuluh dening Allah piyambak. Sapungkure Kangjêng Nabi Musa isine diwuwuhi têkên têtilarane Nabi Musa, pêthi banjur kêna dirêbut ing mungsuh wong bôngsa Ngamalikah, nanging barêng jumênênge Raja Talut diparingake bali marang wong Bani Srail, sarana dipikul ing para malaikat. Jamal.) saka Pangeranmu, lan isi pusaka têtinggalane Nabi Musa lan Nabi Harun, têkaning pêthi mau dipikul ing para malaikat, manawa kowe padha mukmin, kang mangkono mau mêsthi dadi tôndha yêkti marang kowe kabèh.

250. Barêng Raja Talut miyos ngangsahake wadyabalane, ngandika mangkene: Allah karsa nyoba marang kowe kabèh sarana bangawan, sing sapa ngombe banyu bangawan mau pinêsthi dudu kancaku, dene sing sapa ora ngombe banyu bangawan mau iya iku kancaku, kajaba wong kang mung nyawuk nganggo tangane, ngombe mung sacêgukan bae. Para wadyabala mau banjur [ba...]

--- 1 : 80 ---

[...njur] padha ngombe banyu bangawan, kajaba mung sathithik kang ora ngombe. Barêng Raja Talut sabalane para wong mukmin wis nyabrang ing bangawan, wong kang padha ngombe ngokop ing bangawan padha matur: Ing dintên punika kula botên kuwawi mapagakên pêrangipun Raja Jalut sabalanipun, dene wong kang padha pracaya yèn ing têmbe bakal padha seba ana pangayunaning Allah padha ngucap mangkene: Akèh bae golongan sathithik ngalahake golongan akèh kalawan idining Allah, dene Allah iku anjangkung wong kang padha sabar.

251. Barêng Raja Talut sabalane wis arêp-arêpan lan Raja Jalut sabalane, Raja Talut sabalane padha nyênyuwun: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi angêsokna kasabaran ing manah kawula, sarta mugi ngêkahna dalamakan kawula, lan mugi nulungana dhumatêng kawula, ngawonakên pêrangipun tiyang ingkang sami kaphir.

252. Awit saka idining Allah, Raja Talut sabalane mênang, ngungsir balane Raja Jalut, senapati Nabi-NabiNabi. Dawut matèni Raja Jalut, ing wusana Allah maringi karaton sarta kawicaksanan, apadene mulang kagunan akèh saka parênging Allah marang Nabi Dawud, upama Allah ora kudu nulak pialane [pi...]

--- 1 : 81 ---

[...alane] sawênèhing manungsa sarana manungsa liyane, mêsthi bumi iki rusak, nanging Allah iku kagungan kanugrahan marang ing jagad kabèh.

253. Kang mangkono iku ayating Allah, Ingsun dhawuhake kalawan têmên marang sira Mukhammad, dene sira iku ewoning para utusaningsun.