Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

Jus kaping têlu

254. Para Rasul mau ana sawatara kang Ingsun paringi kaluwihan ngungkuli Rasul liyane. Lire ana sawênèhing Rasul kang Ingsun lilani imbal wacana, lan ana sawênèhe manèh kang Ingsun junjung pangkate. Lan Ingsun paring tôndha yêkti pirang-pirang marang Ngisa anake Maryam, sarta Ingsun santosakake kalawan roh suci, (Roh suci iku Malaikat Jabarail. Jalalèn.) saupama Allah ngarsakake manungsa iki olèh pituduh kabèh, mêsthi kalakon sapungkure para Rasul sarta sawise wong padha katêkan tôndha yêkti pirang-pirang: Ora ana wong pêpêrangan, dene karsaning Allah wong mau padha sulaya panêmune. Sawênèhing wong ana kang têguh pangandêle, lan ana kang banjur kaphir. Saupama Allah ngarsakake wong mau ora padha pêpêrangan, mêsthi kêlakon, nanging Allah nindakake sakarsa-karsane piyambak.

--- 1 : 82 ---

255. He wong mukmin kabèh, sira padha mènèhna jakate barang kang wis Ingsun paringake marang sira kabèh, mumpung durung têkan ing dina kang ing kono ora ana carane dol tinuku lan ora ana mêmitran, apadene ora ana saphangat. (Saphangat iku têtulung kalawan atur utawa liyane, murih pakolèhing liyane. Jamal.) Dene para wong kaphir iku têtêp padha nganiaya.

256. Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah kang gêsang tur kang jumênêng angrèh ulahing para titah, Allah ora nate ngantuk lan ora nate sare, Allah kagungan samubarang isining langit lan isining bumi kabèh, ora ana wong bisa awèh saphangat ana ngarsaning Allah kajaba pancèn olèh idining Allah, Allah ngudanèni sabarang kang ana ngarêping para titahe lan sabarang kang ana ing burining para titahe. Para titah mau ora ana kang bisa sumurup kawruhing Allah sathithik-thithika, kajaba yèn dikaparêngake kalawan karsaning Allah. Jêmbare kursining Allah amot langit pitu lan bumi pitu. Pangrêksane Allah marang langit pitu lan bumi pitu mau tanpa kangelan. Allah iku luhur tur agung.

257. Nglakoni agama Islam iku bênêre ora susah [su...]

--- 1 : 83 ---

[...sah] dipêksa, awit pituduh lan sasar iku wis gênah bedane. Dene sing sapa maido ing setan sarta ngandêl ing Allah, iku wis gondhelan tali kang santosa ora bisa pêdhot, dene Allah iku miyarsa tur ngudanèni.

258. Allah iku nulungi wong kang padha mukmin, mêtokake para wong mukmin mau saka ing pêpêtêng marang ing pêpadhang.

259. Dene wong kang padha kaphir iku asih marang setan kang padha mêtokake marang si kaphir mau saka ing pêpadhang marang ing pêpêtêng. Dene wong kaphir iku kabèh padha wong ing naraka. Enggone ana ing kono padha langgêng.

***

260. He Mukhammad, sira apa ora wêruh caritane Numrud, dupèh diparingi karaton dening Allah banjur madoni marang Ibrahim bab Pangerane. Dhèk samana Ibrahim matur: Pangeran kula punika ingkang anggêsangi sarta mêjahi. Numrud mangsuli: Kang nguripi lan matèni iku panjênêngaku. Ibrahim matur manèh: Sayêktosipun Allah punika mêdalakên srêngenge saking wetan, sumôngga sapunika srêngenge wau sampeyan wêdalakên saking kilèn. Wong kaphir banjur judhêg, dene Allah iku ora nuduhake [nuduha...]

--- 1 : 84 ---

[...ke] marang wong kang padha nganiaya.

261. Utawa carita lêlakone Ngujèr, kang liwat ana ing nagara kang gêdhong-gêdhonge wis padha ambruk, Ngujèr mau calathu: Kêpriye Allah ênggone bakal nguripake manèh barang kang wis mati mangkene iki. Sanalika Allah banjur matèni Ngujèr lan dikèndêlake bae nganti satus taun lawase. Sawise satus taun, Allah nguripake Ngujèr, Allah banjur ngandika marang Ngujèr: Wis pira suwene ênggonira lèrèn ana ing kene. Ngujèr munjuk. Anggèn kawula kèndêl wontên ing ngriki sawêg sadintên utawi kirang. Allah ngandika: Enggonira lèrèn ana ing kene wis satus taun lawase. Mara sira dêlênga sangunira pêpanganan lan ombèn-ombèn, kabèh durung padha owah. Lan sira andêlênga khimarira, (Khimar iku araning khewan sikil papat, ing tanah Ngarab, lumrahe ginawe tunggangan. Khayatul khewan.) apadene sira andêlênga ênggon Ingsun nguripake balunging khimar mau Ingsun dokoki daging. Lan sira dhewe uga Ingsun ênggo tôndha yêkti marang manungsa, barêng mangkono mau wis kanyataan kasat mata ing Ngujèr, Ngujèr banjur munjuk: Sapunika kawula sumêrêp têrang, saèstu Allah punika nguwasani samukawis.

262. He Mukhammad, sira nyaritakna nalikane Ibrahim [I...]

--- 1 : 85 ---

[...brahim] munjuk mangkene: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi nyumêrêpna dhumatêng kawula kalayan kasat mata anggèn Tuwan anggêsangakên para tiyang pêjah. Allah ngandika: Apa sira ora ngandêl, Ibrahim munjuk: Inggih ngandêl, nanging panyuwun kawula wau namung supados manah kawula punika antênga. Allah banjur ngandika: Sira anjupuka manuk papat, iku padha cêdhakana lan satitèkna. Manuk mau banjur sira kêthok-kêthoka lan sira prênca-prêncaa marang sakèhing gunung, siji-sijining gunung dokokana satugêl. Sawise mangkono manuk mau banjur sira undanga, mêsthi banjur padha lumayu mara marang ngarêpira. Sira wêruha yèn Allah iku mulya tur wicaksana.

263. Sanepane wong kang padha mèwèhake bandhane tumônja marang sabillullah, (Sabillullah, karêpe samubarang panggawe bêcik utawa pangabêkti maring Allah, dadi ora ngamungake pêrang mungsuh wong kaphir bae. Jamal.) iku kaya upamane wowong. nandur wiji saêlas, thukul mêtu gandum pitung wuli, ing dalêm sawuline isi bêras gandum satus êlas, Allah iku maringi tikêl marang wong kang dadi kaparênging karsane. Dene Allah iku jêmbar tur ngudanèni.

264. Dene wong kang padha mèwèhake bandhane tumônja marang sabilullah, kang môngka ênggone mèwèhake [mèwèha...]

--- 1 : 86 -- -

[...ke] mau ora banjur ditututi umbag utawa panguman-uman, wong mau bakal tômpa ganjarane ana ngarsaning Pangerane. Lan bakal ora kuwatir apa-apa, sarta padha ora kasusahan.

265. Nulak wong anjêjaluk kalawan têmbung aris, lan ngapura, iku luwih bêcik tinimbang lan wèwèh kang banjur ditututi barang kang nglarakake ati, dene Allah iku sugih tur wêlas. 266. He para wong mukmin, sira padha anjugarake ganjaraning pawèwèhira sarana umbag lan anglarakake ati, iku kaya wong kang mèwèhke bandhane murih dialêm ing manungsa, lan ora ngandêl ing Allah lan bakal anane dina kiyamat, sanepane wong mangkono mau kaya upamane watu kang alus ana blêduge, banjur kodanan dêrês, kang mêsthi banjur rêsik, kari watune alus. Wong mau ora bisa nguwasani sathithik-thithika marang kabêcikane kang wis padha dilakoni. Dene Allah iku ora karsa nuduhake wong kang padha kaphir.

267. Dene sanepane wong kang padha mèwèhake bandhane murih kaparênging Allah lan atine ngandêl bakal tômpa ganjaran, iku kaya upamane pakêbonan kang palêmahane gênêng kodanan dêrês, [dê...]

--- 1 : 87 ---

[...rês,] yèn ora kodanan dêrês iya mung riwis-riwis bae, ing kono banjur mêtu wowohane tikêl loro tinimbang pakêbonan liyane. Dene Allah iku mirsani samubarang kang padha sira lakoni.

268. He wong kang padha riya (Riya iku têgêse nglakoni kabêcikan murih dialêm ing wong. Jamal.) sira apa ana kang kapengin duwe pakêbonan isi uwit kurma lan anggur kang ing ngisore ana kaline mili, sarta anduwèni sarupaning pakêbonan mau, kang duwe pakêbonan mau tumêka pikun, iya duwe anak nanging padha apês ora bisa ngopèni pakêbonane. Pakêbonan mau banjur katrajang ing prahara kang mawa gêni, wusana banjur kobong. Mangkono uga Allah nêrangake ayate marang sira kabèh, supaya sira padha mikira.

***

269. He para wong mukmin, sira padha bayara jakating bôndha kang bêcik ênggonira padha nyambut gawe, lan wulu pamêtuning bumi kang wis Ingsun paringaparingake. marang sira. Bôndha mau aja sira pilih kang ala tampikan sira ênggo bayar jakat.

270. Kang môngka sira ora gêlêm ngêbèki kang ala mau, kajaba yèn panjupukira kalawan mêrêm, lan sira padha wêruha yèn Allah iku sugih

--- 1 : 88 ---

tur ingalêmbana.

271. Setan iku mêmêdèni ing sira bakal padha anggombal jalaran bayar jakat, sarta ngojok-ojoki nglakoni ala marang sira. Dene Allah iku nyaguh nyaguhi. pangapura lan kaluwihan marang sira marga bayar jakat, Allah iku jêmbar tur ngudanèni.

272. Allah paring kawicaksanan marang wong kang dadi parênging karsane, dene sing sapa diparingi kawicaksanan, iku têmên diparingdiparingi. kabêcikan kang akèh, ewadene ora ana kang ngelingi mangkono mau kajaba wong kang padha ganêp akale.

273. Dene ênggonira padha bayar jakat utawa ênggonira padha nadar banjur nuhoni kanadaran, iku Allah nguningani. Dene wong kang padha nganiaya iku bakal padha ora olèh pitulung. Manawa sira padha ngêdhèng ênggonira wèwèh, iku iya wis bêcik, dene yèn ênggonira wèwèh sira samarake tur sira wèhake marang para pêkir, (Pêkir, têgêse: wong malarat. Misbah.) iku tumrap ing sira luwih bêcik manèh, sarta Allah nutupi pialanira. Dene Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni.

274. Mungguh kalakone para wong kaphir padha olèh pituduh iku ora dijibahake marang sira Mukhammad,

--- 1 : 89 ---

satêmêne Allah kang nuduhake marang wong kang dadi parênging karsane. Dene ênggonira mèwèhake sadhengah kang bêcik, iku ganjarane makolèhi marang awakira dhewe. Dene ênggonira padha wèwèh aja mawa pamrih kajaba ngarêp-arêp ganjaraning Allah. Dene ênggonira mèwèhake sadhengah kang bêcik, iku ganjarane bakal diparingake marang sira, lan sira ora bakal dicidrani.

Pawèwèh utawa kajat mau diparingake marang wong kang gawene pêrang sabilullah, padha ora bisa lumaku ngupajiwa ana ing bumi, wong kang padha ora wêruh padha ngira yèn wong iku padha sugih, marga kêtara ênggone padha ora gêlêm anjêjaluk. Sira wêruh têngêre yèn wong mau têmên padha miskin, padha ora gêlêm andrêmis anjêjaluk marang manungsa. Dene ênggonira padha mèwèhake barang kang bêcik iku Allah ngudanèni.

***

275. Dene wong kang padha mèwèhake bandhane ing wayah bêngi utawa awan, kalawan dhêlikan utawa ngèdhèng, wong mau bakal padha tômpa ganjarane ana ngarsaning Pangerane lan padha ora kuwatir apa-apa, sarta padha ora kasusahan.

276. Sarupaning wong kang padha mangan riba, (Riba, têgêse kêladuk. Jalalèn.) iku besuk tangine saka ing

--- 1 : 90 ---

kubur ênggone ngadêg ora ganggas, galoyoran kaya adêge wong setanên, kang mangkono iku ora jalaran rusak akale, amarga wong mau padha ngucap: Dol tinuku iku padha bae karo riba. Allah ngandika: Allah nglilani marang wong dol tinuku sarta nglarangi nampani riba. Dene sing sapa olèh piwulang saka Pangerane nuli ngèstokake, iku riba kang wis kêbanjur tamtu dingapura, mungguh bab pangapurane iku konjuk ing Allah, nanging sing sapa banjur bali mangan riba manèh iku têtêp dadi wong ing naraka, ênggone ana ing kono padha langgêng.

277. Allah nyirnakake brêkating riba (Brêkat, têgêse: awèt, sarèhning riba disirnakake brêkate, kang mêsthi banjur tuwuh borose. Jamal.) lan nyuwuhakenuwuhake. brêkating pawèwèh, Allah iku ora rêmên sakèhe wong kaphir tur dosa. Dene wong kang padha mukmin lan padha nglakoni panggawe bêcik, apadene padha nglakoni sêmbayang lan padha bayar jakat, iku bakal padha tômpa ganjarane ana ngarsaning Pangerane lan ora kuwatir apa-apa, sarta padha ora kasusahan.

278. He wong kang padha mukmin, sira padha wêdia ing Allah, yèn têmên sira padha mukmin, sira padha nyingkirana riba kang durung kêlakon.

279. Dene yèn sira padha ora ngèstokake

--- 1 : 91 ---

sira padha wêruha yèn bakal dipêrangi dening Allah lan utusaning Allah, ananging yèn sira padha tobat, sira padha lêstari anduwèni uwiting bandhanira, dadi sira padha ora nganiaya, kosokbaline: padha ora dikaniaya.

280. Dene manawa ana wong malarat nandhang utang, iku sira wajib kudu nyarantèkake nganti têkan bisane nyaur, ewadene yèn potangira mau banjur sira wèhake bae, iku tumrap ing sira luwih bêcik, yèn sira wêruh iku bêcik lakonana.

281. Lan sira padha wêdia ing dina kiyamat, ing kono sira padha diimpun marang pangayunaning Allah, sakèhing awak banjur padha ditindakake wêwalêse, miturut barang kang wis padha dilakoni dhewe-dhewe, panindake ora ana wong kang dikaniaya.

***

282. He wong kang padha mukmin, manawa sira padha nyambut gawe nganggo potang sarta sêmayane tinamtokake, iku padha sira tulisana, dene juru tulis nulisana prajanjianira kalawan sabênêre, lan manèh juru tulis aja sudhing nulisi miturut dhawuhing Allah kang tumrap marang juru tulis mau, mulane iya nulisana sapêrlune. Dene wong kang nandhang utang ngrungokna unining têtulisane, lan wêdia ing Allah yèn ngantia nyelaki, lan aja wani-wani ngurangi [ngu...]

--- 1 : 92 ---

[...rangi] utange sanadyan mung sathithik, dene manawa kang nandhang utang mau wong ngêbrèh utawa wong apês, (Wong apês, karêpe wong ora winênangake ngrungokake tulisan sapêrlune, marga saka isih bocah durung wayah, utawa wis pikun. Jamal.) utawa ora bisa ngrungokake, iku waline (Waline, têgêse: wong kang nguwasani. Jamal.) bae ngrungokna kalawan sabênêre, lan padha nêksèkna ênggonira potang mau nganggo sêksi loro kang padha wong ngira lanang, dene yèn saksi mau ora wong lanang loro, kêna nganggo wong lanang siji sarta wong wadon loro kang padha kêna dadi sêksi, (Wong kang kêna dadi sêksi, iku wong kang bêcik. Jalalèn.) supaya yèn sêksi kang siji lali, sêksi sijine banjur ngelingna marang sêksi liyane. Para sêksi manawa padha diundang aja sudhing nêksèni, lan aja padha bosên nulisi barang kang padha sira sêksèni. Utang mau gêdhea cilika ditulisana wêwangêning sêmayane. Mungguhing Allah utang nganggo ditulisi iku luwih dening bênêr, lan tulung bangêt marang jêjêging sêksi, apadene cêdhak bangêt marang ilanging sumêlangira. Kajaba yèn dagangan kang diadhêp, sarta ênggonira tampan-tinampan [tampan-tinampa...]

--- 1 : 93 ---

[...n] kalawan kêncèng, iku ora ana pakewuhe tanpa sira tulisi. Dadi juru tulis lan sêksi padha ora magêpokan prakara iku. Ewadene manawa sira padha dol tinuku prayogane padha nêksèkna. Manawa sira padha nêrak larangan mau sira padha dadi wong phasèk. (Wong pasèk iku wong duraka. Jamal.) Lan sira padha wêdia ing Allah. Allah mulang ing sira kabèh, dene Allah iku ngudanèni samubarang.

283. Manawa sira ana sajroning lêlungan, kang mokamôngka. sira ora olèh juru tulis, iku nganggoa gadhèn kang tinampanan, dene manawa ana sawênèhing kancanira kang pracaya marang liyane, wong kang pinracaya mau nuhonana ambalèkake barang kang pinracayakake, lan wêdia ing Allah Pangerane, apadene ênggonira padha anjalèntrèhake dadi sêksi aja nganggo ngumpêtake. Awit wong kang ngumpêtake ênggone nêksèni iku atine dosa. Dene Allah iku ngudanèni samubarang kang padha sira lakoni.

284. Samubarang isining langit pitu lan isining bumi pitu iku kagunganing Allah. Dene samubarang kang kumrêntêg ana ing atinira iku sanadyan sira wêdharake utawa sira samarake, kabèh diudanèni dening Allah, mulane Allah iku ngapura marang wong kang dadi parênging karsane, lan uga niksa marang wong kang dadi parênging karsane. Dene Allah [A...]

--- 1 : 94 ---

[...llah] iku nguwasani samubarang.

285. Kangjêng Rasul apracaya marang samubarang kang wis didhawuhake dening Pangerane marang sarirane, lan para wong mukmin uga padha pracaya, kabèh mau padha ngandêl ing Allah lan ngandêl ing para malaikating Allah lan ngandêl ing kitabikitabing. Allah, lan ngandêl para utusaning Allah. Pangucape: Pracayaku marang sawiji-wjining para rasul ora tak bedakake. Lan uga padha munjuk: Dhuh Pangeran kawula, kawula sampun sami mirêng dhawuh Tuwan, saha sami sandika ngèstokakên, dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi paringa pangapura, kawula punika badhe wangsul dhatêng Tuwan.

286. Allah ora karsa mêksa apa-apa marang awak, kajaba marêngake mung sabisane bae, awak mau bakal tômpa ganjaraning kabêcikan kang wis dilakoni, lan uga bakal nyôngga patrapaning kaluputan kang wis dilakoni. (He para kawulaningsun, sira papadha. munjuka.): Dhuh Pangeran kawula, manawi kawula kêsupèn utawi botên anjarag, Tuwan mugi sampun mugi 'sampun mugi' dihilangkan.

sampun matrapi dhumatêng kawula. Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi sampun ngawratakên rêrêmbatan kawula kados anggèn Tuwan ngrêmbati dhumatêng para umat sadèrèngipun kawula wontên. Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi sampun ngrêmbati dhumatêng kawula barang ingkang kawula botên kuwawi ngrêmbat. Tuwan mugi nyirnakna kalêpatan kawula, [kawu...]

--- 1 : 95 ---

[...la,] saha mugi ngapuraa dhumatêng kawula. Punapadene asiha dhumatêng kawula. Tuwan punika bandara kawula, mila Tuwan mugi nulungana kawula ngawonakên tiyang kaphir sadaya.

Surat Ali Ngimran

(Ali Ngimran, têgêse: darahe Ngimran, surat iki nyaritakake darahe Ngimran. Jamal.) Tinurunake ana nagara Madinah rong atus ayat.

Awit ingkang asma Allah, kang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Aliph, lam, mim. (Alip, lam, mim, iku araning aksara Ngarab. Kang mirsa karêpe mung Allah piyambak. Jalalèn.) Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah, kang gêsang tur kang jumênêng angrèh ulahing para titahe.

2. Kang wis andhawuhake kitab Kuran marang sira Mukhamad, kalawan nyata, tètès lan surasaning kitab kuna-kuna. Ing sadurunge andhawuhake Kitab Kuran, Allah andhawuhake Kitab Torèt lan Kitab Injil minôngka pituduh marang manungsa, lan uga andhawuhake sarupaning kitab kang ambedakake bênêr lan luput.

3. Sarupane wong kang padha maido ayating Allah, iku bakal dipatrapi siksa kang abot. Dene Allah iku mulya tur kagungan siksa kang abot.

--- 1 : 96 ---

4. Allah iku ora kasamaran ênggone nguningani samubarang kang ana ing bumi lan kang ana ing langit. Allah iku kang namtokake rupanira ana ing pranakaning biyung miturut sakarsane. Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah kang mulya tur kang wicaksana.

5. Iya iku kang andhawuhake kitab marang sira, ing kono ana ayat kang cêtha pirang-pirang. Kabèh iku dadi baboning kitab, lan uga akèh ayat kang surasane samar. Dene wong kang atine ambêlasar banjur padha milih ayat kang surasane samar mau, pamrihe diênggo maeka nasarake wong, lan disurasa sakarêpe dhewe, kang môngka ora ana kang sumurup surasane ayat kang samar mau kajaba mung Allah. Dene wong kang wis padha kukuh kawruhe padha ngucap: Aku mung ngandêl yèn ayat kang surasane samar iku têrang saka ngarsaning Pangeranku. Kang mangkono iku ora ana kang ngelingi kajaba wong kang padha ganêp akale.

6. Dhuh Pangeran kawula, sasampunipun Tuwan nêdahakên dhumatêng kawula, mugi sampun lajêng ambêlasarakên manah kawula, punapadene Tuwan mugi paringa sih saking ngarsa Tuwan dhumatêng kawula, Tuwan punika dat. (Dat iku têgêse: awak. Takriphat.) Ingkang karêngkaparêng. sangêt pêparing.

7. Dhuh Pangeran kawula, Tuwan punika ingkang ngimpun sakathahing manungsa benjing dintên kiyamat, ingkang sampun botên sumêsumêrêp.

--- 1 : 97 ---

badhe kêlampahanipun, Allah punika mêsthi botên nyidrani.

8. Sarupane wong kang padha kaphir iku bandhane lan anak putune ora ana bisa nulak siksaning Allah saka ing awake sathithik-thithika, dene wong kaphir iku kabèh dadi urub-urubing naraka.

9. Kaya kalakuaning wadyabalane Raja Pirngon lan para umat sadurunge Raja Pirngon: ana, iku padha maido ayating Allah, Allah nuli ngrusak wong mau kabèh marga saka dosane. Dene Allah iku siksane abot.

10. (He Mukhamad): Sira dhawuha marang sarupane wong kang padha kaphir yèn bakal padha dikalahake lan padha digiring marang naraka jahanam, iya iku ala-alane lèmèk.

11. Satêmêne sira wis padha duwe lupiya, iya iku wong rong golongan kang padha arêp-arêpan pêrang, (nalika pêrang ing Badar) kang sagolongan mangsah sabilullah, dene kang sagolongan liyane iku wong kaphir. Golonganing wong Islam andêlêng golonganing wong kaphir kalawan pandêlêng mata udakara kèhe tikêl loro, ewadene Allah nyantosakake wong kang dadi kaparênging karsane sarana pitulunge. Kang mangkono iku mêsthi dadi lupiya tumrap marang wong kang padha duwe pikir.

12. Manungsa iku diiming-imingi dhêmên sarupaning pêpenginan, [pê...]

--- 1 : 98 ---

[...penginan,] iya iku wong wadon ayu, lan anak akèh lan sugih bôndha kang nglumpuk, sugih êmas lan salaka, lan sugih jaran kang bêcik, lan sugih rajakaya, lan sugih têtanduran, kang mangkono mau kabèh padha kabungahaning kauripan ing dunya. Dene Allah iku kagungan bêcik ing wêkasan.

13. (He Mukhammad) sira dhawuha: Kowe padha tak kandhani barang kang luwih ngungkuli kabèh mau. Sarupane wong kang padha wêdi ing Allah iku besuk ana pangayunaning Pangerane, duwe suwarga kang sangisoring kêkayone ana bêngawane mili, ênggone manggon ing suwarga padha langgêng, lan padha duwe bojo widadari pirang-pirang kang padha suci, lan padha olèh karilaning Allah. Dene Allah iku mirsani para kawulane.

14. Iya iku wong kang padha munjuk: Dhuh Pangeran kawula, kawula punika ngandêl ing Tuwan, mila Tuwan mugi ngapuraa dosa kawula, sarta Tuwan anglêpatna siksa naraka dhumatêng kawula.

15. Tur kang padha sabar lan padha têmên pangandêle ing Allah lan padha ngabêkti ing Allah lan padha wèwèh, lan padha nyuwun pangapuraning Allah ing wayah lingsir wêngi.

16. Allah nêksèni yèn satêmêne ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah, apadene [apade...]

--- 1 : 99 ---

[...ne] para malaikat lan para wong kang duwe kawruh uga padha nêksèni mangkono. Allah jumênêng kalawan ngadil. Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah kang mulya tur kang wicaksana.

17. Mungguhing Allah kang dianggêp agama iku mung agama Islam. Dene pasulayaning wong akèh kang wis padha diparingi cêcêkêlan kitab kuna, iku kêlakone mung sawise padha kalêbon kawruh, pamrihe mung padha têtukaran, dene sing sapa maido ayating Allah iku wêruha yèn Allah iku panimbange rikat bangêt.

18. (He Mukhamad) manawa wong kaphir mau padha madoni ing sira, sira banjur mangsulana, aku ngênutake raiku ing Allah, wong kang padha manut ing aku iya mangkono uga.

19. Lan manèh sira dhawuha marang wong kaphir kang padha duwe cêcêkêlan kitab lan kang ora duwe cêcêkêlan kitab. Sira padha Islama. Dene yèn wong kaphir mau banjur padha Islam, mêsthi padha olèh pituduh, nanging yèn padha mlengos, iku kang mêsthi kuwajibanira mung andhawuhake. Dene Allah iku mirsani para kawula kabèh.

***

20. Dene wong kang padha maido ayating Allah lan padha matèni para nabi kalawan ora bênêr, lan padha matèni wong kang padha akon ngadil, iku padha surupna yèn bakal padha dipatrapi siksa kang nglarani.

21. Wong kang padha mangkono iku sakèhing kabêcikane [kabêci...]

--- 1 : 100 ---

[...kane] larut kabèh ana ing dunya lan ana ing akhirat, lan ora ana kang bakal nulungi ing wong mau.

22. Sira apa ora wêruh wong kang padha diparingi panduman Kitab Torèt, supaya khukum pranataning Torèt mau tumindaka marang wong mau. Ing kono banjur ana wong sagolongan amlengos, lan padha mopo.

23. Enggone mangkono iku amarga wong mau padha ngucap: Aku bakal ora kacêmplung naraka langgêng, satêmêne mung sawatara dina bae, kang karuwan cacahe, dene ênggone padha ngamandaka mangkono mau nasarake marang awake bab agamane.

24. Lah kapriye kadadiane wong iku, ing besuk nalikane padha Ingsun impun ana ing dina kiyamat kang wis ora sumêlang bakal kêlakone, sarta sakèhing awak padha ditindakake wêwalêse barang kang wis padha dilakoni dhewe-dhewe, tur ora padha dikaniaya.

25. (He Mukhamad) sira munjuka: Dhuh Allah, dhuh kang ngratoni para ratu, Tuwan punika ingkang maringi karaton dhumatêng tiyang ingkang dados kaparêngipun karsa Tuwan, saha ingkang mundhut karatonipun tiyang ingkang Tuwan karsakakên, punapadene Tuwan punika paring kamulyan dhumatêng tiyang ingkang dados kaparêngipun karsa Tuwan, saha nitahakên asor dhumatêng tiyang ingkang Tuwan karsakakên. Awon kalihan sae [sa...]

--- 1 : 101 ---

[...e] punika wontên ngasta Tuwan, sayêktosipun Tuwan punika nguwasani samukawis.

26. Tuwan punika ingkang nglêbêtikên nglêbêtakên. dalu wontên iing. siyang saha nglêbêtakên siyang wontên ing dalu, (Têtelane mangkene: manawa srêngenge pinuju ana ing lor, iku sarupaning panggonan kang ana saloring garis têngah bênêring jagad, awane dawa, wêngine cêndhak, iya iku Allah ênggone nglêbokake wêngi ana ing awan, nanging sarupaning panggonan kang ana sakiduling garis têngah bênêring jagad kosokbali, awane cêndhak, bêngine dawa, iya iku Allah ênggone nglêbokake awan ana ing wêngi. Dene yèn srêngenge pinuju ana kidul, kosokbali karo kang wis kasêbut mau. Jalalèn, wasilatuttullab.) punapadene Tuwan punika ingkang ngwêdalanngwêdalakên. barang gêsang saking barang pêjah saha ngwêdalakên barang pêjah saking barang gêsang, (Mêtokake barang kang urip saka barang kang mati iku kaya ta nitahake manungsa kadadian saka kama, utawa manuk saka ing êndhog sapêpadhane, dene mêtokake barang kang mati saka barang kang urip iku kaya ta: andadèkake êndhog mêtu saka ing khewan, lan sapêpadhane. Jamal.) makatên ugi Tuwan punika paring rêjêki tanpa takêr dhumatêng tiyang ingkang dados kaparêngipun karsa Tuwan.

27. Para wong mukmin aja padha asih utawa pitaya marang

--- 1 : 102 ---

wong kaphir, sanajan uga pitaya marang wong mukmin, iya ora kêna, sing sapa nglakoni mangkono mêsthi ora kawilang barang-barang, (warga) tumrap agamaning Allah, kajaba yèn sira mawa kuwatir, wêdi marang si kaphir mau. Allah mêdèkake sira kabèh, diwêdèkake marang sarirane. Sira kabèh bakal padha diimpun bali marang pangayunaning Allah, (He Mukhammad) sira dhawuha, Allah iku nguningani sakrêntêging atinira kabèh, sanadyan sira êndhêm bae utawa sira wêdharake ora beda, lan uga nguningani samubarang isining langit lan isining bumi kabèh, Allah iku nguwasani samubarang.

28. (He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, ing kono sarupaning awak padha nêmu kabêcikan kang wis padha dilakoni, cumawis ana ing ngarêpe, dene piala kang wis padha dilakoni, iku karêpe kang duwe piala, adoha kang nganti katon nyamut-nyamut. Allah mêdèkake sira kabèh marang sarirane, dene Allah iku wêlas marang para kawula.

29. (He Mukhammad) sira dhawuha: Manawa kowe padha dhêmên ing Allah, iya padha manuta marang Aku, Allah mêsthi asih marang kowe, lan uga ngapura sakèhing dosamu. Dene Allah iku Maha Ngapura tur Maha-asih. Lan manèh dhawuha: Kowe padha manuta ing Allah lan Rasul, dene manawa kowe padha mlengos, kowe padha wêruha,

--- 1 : 103 ---

yèn Allah iku ora rêmên wong kang padha kaphir.

30. Satêmêne Allah milih Nabi Adam lan Nabi Nuh lan sarirane Nabi Ibrahim lan sarirane Kyai Ngimran, ngungkuli wong sajagad, turune sawênèhing nabi samono mau dipilih ngungkuli turuning liyan, Allah iku miyarsa tur nguningani.

31. (He Mukhammad) sira nyaritakna wong wadon bojone Ngimran, nalikane munjuk ing Allah, dhuh Pangeran kawula, kawula aprasêtya ing Tuwan, bayi ingkang kawula kandhut punika kawula saosakên mardika ngladosi ing Tuwan, mila Tuwan mugi nêmbadanana sacipta kawula, saèstu Tuwan punika miyarsa tur nguningani.

Bojone Ngimran mau barêng manak mêtu wadon, Allah wis nguningani lairing bayi wau,mau. bojone Ngimran banjur munjuk ing Allah, dhuh Pangeran kawula, anggèn kawula manak têka mêdal èstri, kang môngka tiyang jalêr punika kêkiyatanipun botên namung kados tiyang èstri kemawon, dene anak kawula èstri punika kawula namakakên pun Maryam, pun Maryam wau dalah saturun-turunipun kawula ungsèkakên ing Tuwan, sampun ngantos kenging panggodhanipun setan ingkang tinulak saking ngarsaning Pangeran.

32. Pangeran nuli nampèni Maryam sarta diprênahake lêlakon kang utama, apadene diwêlagangake awake lan kautamane. Maryam banjur diopèni dening Nabi Zakhariya,

--- 1 : 104 ---

dene Nabi Zakariya mau sabên malêbu ing pangimaman, wêruh ing sandhinge Maryam ana pêpanganan, banjur takon: He Maryam, pêpanganan iki saka ngêndi. Maryam mangsuli: Têtêdhan punika pêparingipun Allah. Satêmêne Allah iku maringi rêjêki tanpa takêr marang wong kang dadi kaparênging karsane.

33. Nabi Zakariya barêng wêruh kang mangkono mau banjur nyênyuwun ing Pangerane, unjuke: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi paringa anak ingkang sae dhumatêng kawula saking ngarsa Tuwan, sayêktosipun Tuwan punika miyarsa tur nêmbadani panyuwun. Malaikat Jabarail banjur nguwuh marang Nabi Zakariya kang lagi sêmbayang ana ing pangimaman.

34. Panguwuhe mangkene: Dhawuhing Allah saèstu ambêbingah dhatêng ing sampeyan, sampeyan dipun paringi putra jalêr nama Yahya, wadat saha dados panutaning tiyang, dhasar nalurinipun tiyang ingkang sami sae, punika ingkang nêksèni jumênêngipun kalimah (Kalimah saking Allah têgêse: pangandikaning Allah, dene kang diarani pangandikaning Allah iku Kangjêng Nabi Ngisa, awit sarirane Kangjêng Nabi Ngisa iku pangawak pangandikaning Allah. Jamal.) saking Allah.

35. Nabi Zakariya munjuk: Dhuh Pangeran kawula, kadospundi anggèn kawula sagêd nuwuhakên anak, awit kawula sampun pikun sayêktos, sarta tiyang èstri kawula pancèn gabug. Allah ngandika: Mêsthi kalêksanan [kalêksa...]

--- 1 : 105 ---

[...nan] kaya dhawuh Ingsun, Allah kuwasa nindakake sakarsane.

36. Nabi Zakariya munjuk manèh: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi maringana tôndha yêkti dhumatêng kawula. Allah ngandika: Tôndha yêktinira yèn bakal duwe anak, sira ora bisa cêcaturan karo manungsa lawase nganti têlung dina, kajaba mung bisa tudang-tuding bae. He Zakariya, diakèh ênggonira nyêbut asmaning Pangeranira lan macaa tasbèh (Maca tasbèh iku têgêse: nyêbut Mahasuci marang Allah. Kamus.) utawa sêmbayang ing wayah sore lan esuk.

37. (He Mukhammad) sira nyaritakna nalikane Malaikat Jabarail dhawuh marang Maryam: Dèwi Maryam, Allah milih dhatêng sampeyan. Sarta nucèkakên dhatêng sampeyan. Sampeyan dipun pilih dening Allah ngungkuli tiyang èstri sajagad.

38. Dèwi Maryam, sampeyan ngabêkti dhatêng Pangeran sampeyan, lan sujuda lan rukuka sêsarêngan kalihan tiyang ingkang sami rukuk.

39. Caritane Zakariya lan Maryam mau kalêbu pamêdharing gaib kang Ingsun wahyakake marang sira Mukhammad, awit sira durung tumitah nalika para Bani Srail padha nyêmplungake kalame ana ing banyu, (Têtelane mangkene: nalikane Dèwi Maryam dipasrahake dening biyunge marang Baitul Mukaddas, disaosake ngladèni ana ing ngarsaning Allah, ing kono pangrèhing Baitul Mukaddas cacah wong sanga likur padha rêbutan [rêbuta...]

--- 1 : 106 - --

[...n] ngopèni Dèwi Maryam, mungguh pancasaning pasulayan mau disumanggakake ing Allah. Wong samono mau padha golong gawe tôndha yêkti, sarana padha nyêmplungake kalame têmbaga dhewe-dhewe, ana ing bangawan Ardan. Sing sapa kalame kumambang sarta ora bisa kèli, iya iku kang diparêngake dening Allah ngopèni Dèwi Maryam. Wusana barêng wong sanga likur mau bêbarêngan nyêmplungake kalame, kang kumambang sarta ora kèli mung kalame Nabi Zakariya, kabèh padha silêm. Jamal.) diênggo tôndha yêkti sapa kang diparêngake dening Allah ngopèni Si Maryam. Nalika wong Bani Srail padha rêrêbutan ngopèni Si Maryam mau, sira iya durung tumitah.

40. (He Mukhammad) sira nyaritakna nalikane Jabarail dhawuh marang Maryam: Dèwi Maryam, Allah ambêbingah dhatêng sampeyan, sampeyan badhe kagungan putra kakung kadadosan saking pangandikaning Allah, nama: masih Ngisa, putranipun Dèwi Maryam. Ngisa wau darbe kamulyan wontên ing dunya lan wontên ing akhirat, lan kalêbêt ewonipun tiyang ingkang sami kacêlak ing Allah.

41. Sarta taksih timur (bayi) kemawon sampun sagêd ngandikan kalihan manungsa, sarêng sampun wanci mêmpêng, pangandikanipun sapangandikaning para nabi, punapadene kalêbêt ewonipun tiyang sae.

42. Dèwi Marya Maryam. munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, [kawu...]

--- 1 : 107 ---

[...la,] kadospundi sagêdipun kêlampahan kawula manak, dening kawula botên pisan-pisan dipun wori ing tiyang jalêr. Dhawuhing Allah: Mêsthi kalêksanan kaya dhawuh Ingsun mau. Allah kuwasa nitahake sakarsane, manawa Allah namtokake sawijining prakara, mêsthi banjur ngandika, sira anaa. Ing kono barang kang dikarsakake banjur ana padha sanalika.

43. Lan manèh Ingsun mintêrake têtulisan marang Ngisa, lan mêruhake kawicaksanan, apadene Kitab Torèt lan Kitab Injil, mangkono manèh Ngisa Ingsun piji dadi utusan tumrap marang para Bani Srail.

(Barêng Nabi Ngisa wis têtêp dadi Rasul, banjur dhawuh: He wong Bani Srail kabèh) satêmêne têkaku iki anggawa tôndha yêkti saka Pangeranira, kaya ta: Aku ngêndhèg-êndhèg lêmpung tak gawe rêrupan manuk, nuli tak damoni, ing kono banjur dadi manuk têmênan, kalawan idining Allah, lan manèh aku bisa marasake wong kang picak lair mula, lan bisa marasake wong bêlang, apadene aku bisa nguripake wong kang wis padha mati, kalawan idining Allah, lan aku bisa nêrangake samubarang kang padha kopangan utawa kang padha kosimpên ana sajroning omahmu, yèn kowe pinasthi dhasar duwe iman, kang mangkono iku mêsthi dadi tôndha yêkti tumrap marang kowe kabèh.

44. Lan manèh têkaku iki nêmênake samubarang kang kasêbut [kasê...]

--- 1 : 108 ---

[...but] ing Kitab Torèt kang wis tumindak saprene, lan ana uga barang sawatara kang biyèn dilarangi saiki tak kênakake. Lan manèh têkaku iki mawa tôndha yêkti saka Pangeranmu, mulane padha wêdia ing Allah lan padha manuta marang aku. Satêmêne Allah iku Pangeranku lan uga Pangeranmu, mulane padha nêmbaha ing Allah, iki dêdalan kang bênêr.

45. Barêng Nabi Ngisa mirsa yèn wong Bani Srail padha kaphir lan maido, banjur ngandika: Lah sapa kancaku seba ing Allah. Para khawari (Para khawari, têgêse: para sakabate Kangjêng Nabi Ngisa kang pêpilihan, cacah wong rolas. Jamal.) banjur padha matur: Kula ingkang sami biyantu dhatêng agamaning Allah, kula sami ngandêl ing Allah, sampeyan mugi nêksènana yèn kula punika sami Islam.

46. Dhuh Pangeran kawula, kawula sami ngandêl Kitab Injil ingkang sampun Tuwan dhawuhakên, saha kawula sami manut ing Rasul Kangjêng Nabi Ngisa, mila kawula mugi Tuwan sêrati golonganipun tiyang ingkang sami nêksèni têmênipun para Rasul.

47. Wong Bani Srail kang kaphir padha gawe paekan, nanging Allah iya nyidrani marang wong mau. Allah iku baud bangêt mumpuni kridhaning paekan.

48. (He Mukhammad) sira nyaritakna nalikane Allah dhawuh marang Nabi Ngisa: He Ngisa, Ingsun iki [i...]

--- 1 : 109 ---

[...ki] ing têmbe bakal matèni sira, lan uga kang anjunjung ing sisira. marang ngarsaningsun, lan kang ngêdohake ing sira saka wong kang padha kaphir, lan sarupane wong kang padha manut ing sira Ingsun karsakake ngungkuli wong kang padha kaphir, nganti têkan besuk dina kiyamat. Sawise mangkono sira nuli padha diimpun bali marang ngarsaningsun, ing kono Ingsun ngadili marang sira kabèh prakara ênggonira padha pasulayan.

49. Dene wong kang padha kaphir iku mêsthi Ingsun siksa kalawan siksa kang abot, ana ing dunya lan ana ing akhirat, lan ora ana kang bisa nulungi marang wong kaphir mau.

50. Dene wong kang padha mukmin, sarta padha nglakoni kabêcikan, Allah mêsthi nglêksanani paring ganjarane wong mau, dene Allah iku ora rêmên wong kang padha nganiaya.

51. Lêlakone Ngisa kang Ingsun caritakake marang sira iku ewone tôndha yêkti lan pitutur kang patitis.

52. Mungguhing Allah Nabi Ngisa iku anèhe kaya upamane Nabi Adam, Allah nitahake Nabi Adam bakale lêmpung, Allah banjur ngandika marang lêmpung, sira dadia manungsa, sanalika lêmpung mau dadi manungsa.

53. Kaanane Nabi Ngisa iku têmên saka Pangeranira, mulane sira aja nganti kalêbu ewoning wong kang padha mamang.

54. Sawise sira kadunungan kawruh iki, yèn ana wong madoni ing sira prakara anane Nabi Ngisa, sira banjur dhawuha: He kowe padha mrenea. Ayo padha kalumpukan, para anakku lan anakmu,

--- 1 : 110 ---

bojoku lan bojomu, apadene aku dhewe lan kowe, ing kono banjur tak suwunake ngadil, sing sapa goroh muga dipatrapana bêbênduning Allah.

55. Carita kang wis kasêbut mau mêsthi nyata, ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah, dene Allah iku têmên mulya tur wicaksana.

56. Dene yèn sira padha mlengos, sira wêruha yèn Allah iku nguningani wong kang padha gawe rusak.

57. (He Mukhammad) sira dhawuha, he wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab, kowe padha marenea, sumungkêma marang pranatan, iya iku aku lan kowe padha ora nyêmbah sapa -sapa kajaba mung nyêmbah ing Allah lan ora kêna ngrangkêp nyêmbah liyane, aku lan kowe padha bae, sawijining wong ora mangeran marang wong liyane, ora mangeran marang liyaning Allah. Dene manawa wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab mau padha mlengos, sira sakancanira wong Islam padha ngucapa, kowe padha nêksènana yèn aku iki padha Islam.

58. He wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab, yagene sira padha madoni prakara naNabi. Ibrahim, sira arani nganggo agamanira, (Yahudi utawa Nasarani) kang môngka tibaning Kitab Torèt lan Injil iku sapungkure Nabi Ibrahim, sira iku apa tanpa pikir.

--- 1 : 111 ---

59. He sarupane wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab, sira wis madoni ing bab kang wis sira wêruhi têrang, yagene saiki sira wani ing bab kang sira ora wêruh, Allah iku nguningani, nanging sira padha ora wêruh.

60. Nabi Ibrahim iku ora agama Yahudi lan ora agama Nasarani, agamane Nabi Ibrahim iku mènglèng marang agama kang bênêr, nganggêp yèn Allah iku mung siji, Nabi Brahim dudu ewone wong musrik, (Wong musrik, têgêse wong kang ngrangkêp mangeran marang liyaning Allah. Jalalèn.).

61. Manungsa kang cêdhak dhewe lan Nabi Ibrahim iku mêsthi wong kang dhèk samana manut marang Nabi Ibrahim, apadene Nabi Mukhammad iki lan para umate kang padha mukmin, (Mulane Nabi Mukhammad lan para umate kang padha mukmin diewokake cêdhak lan Nabi Ibrahim, awit agamane akèh kang condhong lan agamane Nabi Ibrahim. Jamal.) dene Allah iku nulungi wong kang padha mukmin.

62. Ana wong kaphir sagolongan, ewone kang padha duwe cêcêkêlan kitab, kapengin bisa nasarake marang sira Mukhammad lan sakancanira, nanging ênggone kudu nasarake mau katêmahane nasarake marang awake dhewe, ewadene padha ora kêrasa.

63. He wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab, yagene sira padha maido ayating Allah, kang môngka sira wêruh yèn iku [i...]

--- 1 : 112 ---

[...ku] bênêr.

64. He wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab, yagene sira padha nyarub barang kang têmên, (kitab Torèt utawa Injil kang tulèn) karo barang kang goroh (kitab kang wis diowahi), sarta sira padha nyilêp barang kang têmên, (Pamêcaning Kitab Torèt Injil bakal jumênênge Nabi Mukhammad), kang môngka sira padha wêruh yèn iku bênêr.

65. Lan ana wong kaphir sagolongan kang padha duwe cêcêkêlan kitab, calathu marang kancane: Kowe padha lamisa, ing wayah esuk kowe padha anggêlara pangandêl ing Kitab Kuran kang wis didhawuhake marang para wong mukmin, nanging yèn wayah sore kowe padha maidoa, bokmanawa para wong mukmin banjur padha ambalik saka agamane Islam.

66. Lan kowe aja ngandêl marang sapa-sapa, kajaba marang wong kang manut ing agamanira Yahudi. Aja ngandêl yèn ana sawijining wong diparingi pituduh dening Allah kang madhani pêparinge marang kowe kabèh, utawa ana wong bisa padu ngalahake marang kowe ana ngarsaning Pangeranmu. (Pangandikaning Allah: He Mukhammad) sira dhawuha: Satêmêne pituduh kang bênêr iku mung pituduhing Allah. Lan sira dhawuha: Kaluwihan iku ana ngastaning Allah, diparingake marang wong kang dadi parênging karsane, Allah iku jêmbar (Têgêse: akèh pêparinge kanugrahan.) tur nguningani sapa kang pantês diparingi kanugrahan.

--- 1 : 113 ---

67. Allah namtokake sihe marang wong kang dadi parênging karsane. Allah iku kagungan kanugrahan, tur kang agung.

68. Gêgolongane wong kaphir kang duwe cêcêkêlan kitab, ana sawênèhing wong kang manawa sira pracaya prakara bôndha akèh ora cidra, ambalèkake bôndha mau marang sira. Lan ana uga wong kang manawa sira pracaya dinar siji bae cidra, ora ambalèkake dinar mau marang sira. Enggone têmên mung sasuwene sira tunggoni bae.

69. Dene ênggone ora gêlêm ambalèkake dinar siji mau, amarga duwe pangucap mangkene: Aku mêsthi ora katêtêpan dosa marga anggêgampang bandhane wong bodho kang ora tunggal agama lan aku. Wong kaphir mau padha awad-awad yèn pangucape kang mangkono mau têrang saka dhawuhing Allah, kang môngka iya wis padha wêruh yèn pangucape mau jaragan goroh.

70. O, iya kêna ing dosa ênggone anggêgampang bandhaning wong kang ora tunggal agama. Dene sing sapa nuhoni janjine sarta wêdi ing Allah, iku padha wêruha yèn Allah iku rêmên marang wong kang padha wêdi ing Allah.

71. Dene wong kang padha wani ngowahi prajanjianing Allah utawa nêrak supatane dhewe, melik marang dunya kang sathithik ajine, wong kang mangkono iku besuk ana ing akhirat bakal ora kêduman kabêgjan, lan besuk dina kiyamat Allah [A...]

--- 1 : 114 ---

[...llah] ora karsa ngandika marang wong mau, mirsani bae ora, luwih manèh ngrêsikake dosane iku ora pisan-pisan karsa, wong mau bakal kapatrapan siksa kang nglarani.

72. Sawênèhing wong kaphir kang padha duwe cêcêkêlan kitab mau mêsthi ana sagolongan kang nylèwèngake cangkême ênggone maca kitab. Karêpe supaya sira ngaranana yèn ora nylèwèng, kang môngka iku dudu unining kitab satêmêne, apadene padha awad-awad yèn kang diwaca nylèwèng mau têrang saka dhawuhing Allah, kang môngka satêmêne iku dudu kang têrang saka dhawuhing Allah, dadi wong mau padha calathu goroh diawadake pangandikaning Allah, tur wong mau padha wêruh yèn calathune iku satêmêne goroh.

73. Manungsa kang wis diparingi kitab dening Allah lan diparingdiparingi. kawicaksanan, apadene diparingi pangkat kanabean, mêsthi ora bisa kalakon ngucap marang manungsa liyane: Sira padha nyêmbaha marang aku, ora susah nyêmbah marang Allah. Dene kang mêsthi pangucape mangkene, sira padha dadia wong pintêr tur nglakoni kawruhmu, marga sira wis padha wêruh surasaning kitab, lan wis padha maca kitab.

74. Lan manèh wong kang wis diparingi kitab lan kawicaksanan utawa pangkat kanabean mau mêsthi oraora murih.

marang sira kabèh, supaya sira mangerana marang para malaikat lan para nabi, sawise sira padha Islam, apa banjur diparentahi

--- 1 : 115 ---

ambalik kaphir, iku ora.

75. (He Mukhammad) sira nyaritakna nalikane Allah mundhut sêsanggêmaning para nabi, (pangandikaning Allah): Samubarang kang wis Ingsun dhawuhake marang sira ana ing kitab, utawa kawicaksanan kang Ingsun paringake marang sira kabèh, iku kudu sira èstokake. Dene ing têmbe banjur ana rasul nêkani ing sira kabèh, nètèsi kaya kang kasêbut ing kitab cêcêkêlanira, iku sira kudu padha ngandêl sarta biyantu marang rasul mau. Allah ngandika manèh: Lah kapriye apa sira padha sandika sarta sanggêm ngèstokake dhawuh Ingsun mau. Para nabi padha munjuk: Kawula sami sandika. Allah ngandika manèh: Yèn mangkono sira padha nêksèkna prasêtyanira lan papara. umatira, dene Ingsun iya uga dadi kancanira nêksèni.

76. Sawise kalêksanan prasêtya iki, sing sapa banjur malengos, iku têtêp padha pasèk, (duruka).duraka.

77. Wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab apa padha dhêmên agama liyane agamaning Allah. Saisining langit kabèh lan isining bumi sawatara padha manut ing Allah kalawan karêpe dhewe utawa kalawan dipêksa. Kabèh mau bakal padha diimpun bali marang ngarsaning Allah.

78. (He Mukhammad) sira dhawuha: Aku sakancaku wong Islam kabèh padha ngandêl ing Allah, lan ngèstokake samubarang kang wis didhawuhake marang aku, lan samubarang kang wis didhawuhake

--- 1 : 116 ---

Nabi Ibrahim, lan Nabi Ismangil, lan Nabi Iskhak, lan Nabi Yakub, apadene marang para pancêring Israil, lan samubarang kang wis didhawuhake marang Nabi Musa lan Nabi Ngisa, apadene kang wis didhawuhake marang para nabi liya- liyane saka ing Pangerane, kabèh mau ora ana kang tak beda lan liyane, mangkono uga aku kabèh padha sumungkêm ngabêkti ing Allah.

79. Dene sing sapa dhêmên agama liyane agama Islam, mêsthi bakal ora tinarima dening Allah. Ing besuk ana ing akhirat wong mau dadi ewoning wong kang padha kapitunan.

80. Kapriye Allah ênggone karsa nuduhake marang wong kang padha ambalik kaphir sawise pracaya, kang môngka wong mau wis padha nêksèni yèn rasul iku bênêr, uga wis padha digêlari tôndha yêkti pirang-pirang, Alah Allah (dan di tempat lain). iku ora karsa nuduhake wong kang padha nganiaya.

81. Dene wêwalês kang tumrap marang wong mangkono mau iku mêsthi padha kêna ing bêbênduning Allah lan disuwunake bêbêndu dening para malaikat lan para manungsa kabèh.

82. Enggone ana sajroning bêbêndu mau padha langgêng, ora pisan diparingi kamayaran siksane, lan uga ora disarantèkake paniksane.

83. Kajaba wong kang sawise ambalik kaphir mau banjur padha tobat sarta ambêcikake kalakuane iku padha [pa...]

--- 1 : 117 ---

[...dha] diapura, awit Allah iku ngapura dosa tur Maha-asih.

84. Dene wong kang padha ambalik kaphir sawise pracaya, sarta banjur andadra wuwuh-wuwuh kaphire, iku bakal ora padha ditarima tobate, wong kang mêngkono mau têtêp padha kasasar.

85. Dene wong kang padha kaphir sarta banjur padha mati kaphir, iku sanadyan sawiji-wijining wong mau nêbusi awake kalawan êmas kang ngêbaki lumahing bumi, iya mêksa ora kêtampan, wong kang mangkono mau bakal dipatrapi siksa kang nglarani, sarta ora ana wong kang bisa nulungi marang wong mau.