Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

Jus kaping pat

86. Sira padha ora bisa nampani ganjaraning kabêcikan, kajaba yèn sira lêgawa mèwèhake barang kang sira dhêmêni, dene ênggonira mèwèhake sadhengah barang, iku Allah mêsthi nguningani.

87. Sarupaning pêpanganan iku tumrap para turuning Israil khabèh,kabèh. (ora ana larangane), kajaba pêpanganan sawatara kang disirik dening Israil dhewe nalika durung dhumawuh ing Kitab Torèt. He Mukhammad, sira dhawuha: Manawa kowe padha têmên, lah mara anjupuka Kitab Torèt, nuli wacanên dhewe.

88. Sawise ditêrangake yèn larangan bab pêpanganan iku uwite saka sirikane Nabi Yakub dhewe,

--- 1 : 118 ---

sing sapa wani-wani calathu goroh awad-awad têrang saka ing Allah, wong mangkono mau têtêp wong nganiaya.

89. He Mukhammad, sira dhawuha: Pangandikaning Allah iku têmên, mulane kowe padha manuta agamane Nabi Ibrahim, (kang uga tak tindakake iki) akèh condhonge lan agama Islam, Nabi Ibrahim iku dudu golongane wong musrik. (Wong kang musrik iku wong kang ngrangkêp mangeran marang liyaning Allah. Jalalèn.).

90. Satêmêne padalêman kang disadhiyakake dadi keblate wong sêmbayang kang dhisik dhewe, iku Kakbah kang ana ing nagara Mêkah, iya iku keblat kang ambrêkahi lan minôngka pituduh marang wong sajagad.

91. Ing Kakbah kono ana tôndha yêkti pirang-pirang kang cêtha, kaya ta: sacêdhaking Kakbah ana makam Ibrahim. (Makam Ibrahim, têgêse: ênggon pangadêge Nabi Ibrahim, iya iku watu gilang dumunung sacêdhaking Kakbah, kacarita nalika Nabi Ibrahim angyasani Kakbah, watu iku didokoki wêdhi lan gamping lan bata lan sabarang pirantining tukang batu, sarta Nabi Ibrahim ngadêg ana ing kono, watu banjur mumbul têkan ênggone kang arêp dipasangi bata, yèn wêdhi gamping lan bata mau wis kapasang, watu mudhun manèh, mangkono sabanjure, nganti têkan sarampunge adêging Kakbah. Jamal.) lan sing sapa malêbu ing Kakbah mêsthi têntrêm atine. Allah majibake

--- 1 : 119 ---

marang manungsa, sapa kang sêmbada wragad lan awake kudu padha munggah kaji marang padalêman Kakbah.

92. Dene sing sapa maido, iku wêruha yèn Allah iku ora butuh marang isining jagad kabèh.

93. He Mukhammad, sira dhawuha: He wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab, yagene kowe padha maido ayating Allah, kang môngka Allah iku mirsani samubarang kang padha sira lakoni.

94. He Mukammad,Mukhammad. sira dhawuha: He wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab, yagene kowe padha kudu ngenggokake wong kang wis iman saka dêdalan agamaning Allah, duwe pamurih supaya nyimpanga saka ing bênêr, kang môngka kowe padha wêruh yèn agamaning Allah iku bênêr, Allah ora pisan kasupèn samubarang kang padha kolakoni.

95. He wong kang padha mukmin, manawa sira padha anggugu wong sagolongan kang padha duwe cêcêkêlan kitab, mêsthi wong sagolongan mau padha ambalikake marang sira dadi kaphir sawise sira padha iman.

96. Anggumunake yèn sira padha kaphir, awit sira wis padha diwacakake ayating Allah, sarta ditunggoni utusaning Allah. Dene sing sapa gondhelan ing Allah, mêsthi dituduhake dalan kang bênêr.

***

--- 1 : 120 ---

97. He wong kang padha mukmin, sira padha wêdia ing Allah kalawan sajatining wêdi, lan aja padha mati kajaba mati Islam.

98. Lan padha gondhèlana talining Allah, sarta aja padha pisah pasulayan, apadene padha elinga nikmat pêparinging Allah marang sira kabèh, nalikane sira durung Islam padha sêsatron, Allah nuli anggolongake atinira kabèh, wusana saiki sira padha dadi sadulur marga saka nikmat pêparinging Allah (iya iku agama Islam).

99. Biyèn sira padha mèngkrèng-mèngkrèng ana pinggiring jurang naraka, Allah nuli nylamêtake sira saka ing naraka. Mangkono iku Allah ênggone nêrangake ayate marang sira kabèh, supaya sira padha olèha pituduh.

100. Prayogane anaa wong sagolongan saka sira kabèh, kang padha nênuntun marang kabêcikan (Islam), lan padha akon anglakoni panggawe bêcik, apadene padha nyêgah panggawe ala, wong kang mangkono iku têtêp padha bêgja.

101. Lan aja padha kaya wong kang agamane pradondi, (wong Yahudi lan wong Nasarani) sawise padha digêlari tôndha pirang-pirang banjur padha sulaya, wong kang mangkono iku bakal padha dipatrapi siksa kang gêdhe.

102. He Mukhammad, sira nyaritakna dina kiyamat, kang ing kono raining manungsa ana kang putih lan ana kang irêng, dene wong kang raine irêng, (iku padha diwêlèhake): [diwêlèha...]

--- 1 : 121 ---

[...ke):] Yagene sira padha ambalik kaphir sawise iman. Lah saiki sira padha ngicipana siksa, minôngka wêwalêse ênggonira padha maido.

103. Dene wong kang padha putih raine iku padha ana sawarganing Allah, ana ing kono padha langgêng.

104. Kang wis kasêbut mau ayating Allah kang nyata, Ingsun dhawuhake marang sira Mukhammad, karsaning Allah ora kudu nganiaya marang isining jagad kabèh.

105. Samubarang isining langit lan samubarang isining bumi iku kabèh kagunganing Allah, dene samubarang prakara iku bakal diimpun bali marang Allah.

***

106. He para umat Mukhammad, sira iku bêcik-bêciking umat kang tinitahake, makolèhi marang para manungsa, sira padha akon anglakoni panggawe bêcik, lan padha nyêgah panggawe ala. Lan padha pracaya ing Allah, manawa wong padha duwe cêcêkêlan kitab iku padha ngandêl sarta manut, mêsthi luwih bêcik tumrap ing awake, ewadene wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab mau ana uga kang padha ngandêl sarta manut, nanging kang akèh padha phasèk (kaphir utawa duraka).

107. Para wong Yahudi iku padha ora bisa ambêbayani ing sira umat Mukhammad kabèh, bisane mung nglarakake

--- 1 : 122 ---

ati, dene yèn padha mêrangi marang sira, mêsthi padha kêplayu kêbalik marang buri, banjur ora olèh pitulungan saka sapa-sapa.

108. Ana ing ngêndi bae wong Yahudi mau padha digawe asor, (dipatèni utawa diboyong lan dijarah bandhane) kajaba yèn banjur gondhelan talining Allah (manjing Islam) utawi gondhelan talining manungsa kang Islam (sarana prajanjean), wêkasan wong Yahudi mau padha kêna bêbênduning Allah, lan padha digawe asor. Kang mangkono mau amarga wong Yahudi padha maido ayating Allah sarta nyedani para nabi kalawan ora bênêr. Enggone mangkono mau tuwuh saka ênggone padha duraka lan padha anjarag.

109. Wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab iku ora kabèh padha bae, sawênèhe wong kang duwe cêcêkêlan kitab ana uga kang ngadêg nganciki bênêr, yèn wayah bêngi padha maca ayating Allah sarta padha sujud.

110. Padha ngandêl ing Allah lan ngandêl ananing dina kiyamat, lan padha akon anglakoni panggawe bêcik, lan padha nyêgah panggawe ala, lan padha gêgancangan anglakoni sakèhing kabêcikan, wong Yahudi kang mangkono iku kalêbu ewone wong kang padha bêcik.

111. Dene samubarang kabêcikan kang padha sira lakoni [la...]

--- 1 : 123 ---

[...koni] iku sira ora bakal padha dicidrani ganjarane, dene Allah iku nguningani wong kang padha wêdi ing Allah.

112. Dene wong kang padha kaphir iku bandhane lan para anake ora ana bisa ngluputake saka siksane Allah sathithik-thithika, para wong kaphir mau bakal padha kacêmplung ing naraka, ana ing kono padha langgêng.

113. Para wong kaphir ênggone padha mêtokake bandhane ana ing kauripan dunya iki, sanepane kaya upamane angin kang mawa panas bantêr utawa adhêm bangêt, nêmpuh têtandurane wong kang padha nganiaya awake dhewe, kang mêsthi banjur ngrusakake têtanduran mau. Allah ora pisan nganiaya marang wong kaphir mau. Nanging si kaphir kang nganiaya marang awake dhewe.

114. He wong kang padha mukmin, sira aja padha apèk mitra sinarawèdi wong kang dudu kancanira Islam, awit wong mau ora kandhêg samono bae ênggone nêdya gawe rusakira, tansah padha marsudi kamlaratanira kang bangêt, lan wis têtela kawêtu saka cangkême ênggone gêthing marang sira, malah kang diêndhêm ana sajroning atine iku luwih gêdhe manèh. Manawa sira padha duwe akal, mêsthi ngrasakake ênggon Ingsun wis mratelakake marang sira kabèh, mungguh tôndha yêktining panyatrune.

115. He wong kang padha mukmin kabèh, sira padha dhêmên marang [ma...]

--- 1 : 124 ---

[...rang] wong kang dudu kancanira Islam, kang môngka kabèh iku padha ora dhêmên marang sira, sira padha ngandêl sakèhing kitab, (kang môngka kabèh iku ora ngandêl marang kitabira Kuran) wong kang ora Islam mau manawa katêmu lan sira pangucape: Aku ngandêl marang Kitab Kuran. Nanging barêng wis dhewekan lan kancane, saking bangêting nêpsune marang sira, prasasat padha kêrot, kaya nyakot-nyakota darijine. He Mukhammad, sira dhawuha: Sira padha tulusa nêpsu nganti têkan ing patinira. Allah iku nguningani sakarêntêging ati.

116. Manawa sira padha nêmu bêcik, iku andadèkake susahe wong kaphir mau, yèn sira pinuju kasandhung rêribêd, wong kaphir mau padha bungah, dene yèn sira padha sabar saka pialane si kaphir mau sarta padha wêdi ing Allah, iku samubarang pialane wong kaphir mau ora bakal ambêbayani marang sira sathithik-thithika, Alah iku nguningani samubarang kang padha dilakoni si kaphir kabèh.

***

117. He Mukhammad, sira elinga nalikane sira mêtu saka nagaranira Madinah ing wayah esuk, nata barise para wong mukmin, bakal mangsah pêrang, Allah iku miyarsa tur nguningani.

--- 1 : 125 ---

118. Nalika samana ana kancanira rong golongan padha sumêja ngucira, nanging Allah nulungi marang wong rong golongan mau, mulane para wong mukmin padha pasraha ing Allah.

119. Allah têmên wis nulungi ing sira kabèh wong Islam, nalikane pêrang ana ing Badar, (iya iku panggonan antarane nagara Mêkah lan Madinah), kang môngka sira sarwa kalah santosa, mulane sira padha wêdia ing Allah supaya sira padha ngaturna panuwun.

120. He Mukhammad, dhèk samana sira dhawuh marang para wong mukmin: Allah Pangeranmu nulungi ing kowe kabèh sarana malaikat têlung èwu kang padha diturunake, apa ora wis cukup.

121. O, iya wis cukup, malah manawa sira padha têtêg sarta padha wêdi ing Allah, kang môngka mungsuh kaphir padha nêmpuh ing sira sanalika iki, Allah mêsthi nulungi ing sira kabèh sarana malaikat limang èwu kang padha mawa têtêngêr.

122. Allah ênggone nulungi mau karsane ora ana manèh kajaba mung ambêbungah marang sira kabèh, lan supaya atinira padha têntrêm, marga dening pitulung mau. Pitulung iku ora ana manèh kajaba mung saka ngarsaning Allah kang mulya tur wicaksana. Pitulung mau pêrlune ngrusak wong kaphir sawatara kèhe utawa ngasorake wong kaphir sawatara, wusana padha kapitunan.

--- 1 : 126 ---

123. Prakara ambêciki utawa niksa wong kaphir apadene nganggêp tobate, iku sira Mukhammad ora kuwasa apa-apa. Satêmêne wong kaphir iku padha nganiaya.

124. Samubarang isining langit lan samubarang isining bumi iku kagunganing Allah, Allah ngapura wong kang dadi parênging karsane, Allah iku ngapura tur Maha-asih.

***

125. He wong kang padha mukmin, sira aja padha mangan riba, (barang kêlajuk saka wong liya) tikêl- matikêl, (anakan dianakake). Lan sira padha wêdia ing Allah supaya sira padha bêgja.

126. Lan padha wêdia naraka kang diancamake marang para wong kaphir. Lan padha manut mituruta ing Allah lan marang utusaning Allah, supaya sira padha disihi dening Allah.

127. Lan padha gêgancangana marsudi pangapura saka Pangeranira, lan marsudi ganjaran suwarga kang jêmbare sajêmbaring langit lan bumi, kang disadhiyakake dadi ganjarane wong kang padha wêdi ing Allah.

128. Kang padha wèwèh sajrone kacukupan lan sajrone nandhang kamlaratan, lan kang padha ngampêt napsune lan kang padha ngapura kaluputane sapadha-padhaning manungsa. Allah iku rêmên wong kang padha gawe kabêcikan.

129. Lan para wong kang nalikane nglakoni ala utawa [uta...]

--- 1 : 127 ---

[...wa] nganiaya awake dhewe banjur padha eling ing Allah, nuli padha nyuwun pangapuraning dosane. Ora ana kang bisa ngapura dosa kajaba mung Allah, sarta wong mau ora kêbanjur-banjur ênggone nglakoni ala, tur wêruh yèn kang dilakoni iku duraka.

130. Ganjarane wong kang mangkono mau, diparingi pangapura saka Pangerane, lan suwarga kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayone, wong mau ana ing suwarga padha langgêng, iba prayoga lan endahe ganjarane wong kang padha nglakoni parentahing Allah.

131. Wis kalêksanan ping pirang-pirang lêlakone para wong kaphir dhèk jaman sadurungira, (Maune disarantèkake, barêng wis tita banjur dipatrapi) mulane padha anjajaha ana ing bumi, andêlênga sarupane patilasan, kapriye wêkasane wong kang padha maido ing para rasul.

132. Kang wis kasêbut iki dadi katêrangan marang manungsa lan dadi pituduh apadene dadi piwulang marang wong kang padha wêdi ing Allah.

133. Manawa sira padha ngandêl ing Allah, aja padha wêgah mangsah pêrang, lan aja padha miris, awit sira iku padha unggul ing pêrang.

134. Manawa sira padha kêtaton, (Nalika pêrang ana ing gunung Ukhud) wong kaphir iya mangkono uga padha [pa...]

--- 1 : 128 ---

[...dha] kêtaton, cakraning dina Ingsun ênggo nindakake gilir, gumantine bêgja cilakaning manungsa. Lan manèh kang mangkono mau supaya Allah nguningani kalawan gumêlar marang wong kang padha sêtya tuhu pangandêle, lan supaya patitis ênggone nêtêpake sira mati said sabillullah, (yèn mati pêrang) dene Allah iku ora rêmên wong kang padha nganiaya.

135. Lan manèh supaya Allah ngrêsikake wong kang padha mukmin saka ing dosane, sarta ngrusak wong kang padha kaphir.

136. Yagene sira padha rumasa bakal malêbu ing suwarga, kang môngka Allah ora nguningani gumêlare wong kang padha têmên-têmên ênggone mangsah pêrang, lan ora nguningani wong kang têtêg atine.

137. Têmên ing sadurunge tumibaning pati sira padha ngajap pati saka pêrang sabilullah, saiki sira padha andêlêng jalaraning pati (iya iku pêrang) kang môngka pandêlêngira padha kanthi pamikir.

138. Nabi Mukhammad iku dudu sapa-sapa, satêmêne utusaning Allah, saupama Nabi Mukhammad iku mati, utawa kasambut ing payudan, apa sira banjur padha ambalik marang tungkakira (ambalik dadi kaphir). Dene sing sapa ambalik marang tungkake loro, iku ora ambêbayani apa-apa marang Allah. Ing besuk Allah bakal angganjar marang wong kang padha ngaturake [nga...]

--- 1 : 129 ---

[...turake] gêdhening panuwune.

139. Sawijining awak ora bisa mati kajaba kalawan parênge karsaning Allah kang wis digantungi kalawan pêpêsthèn kang ditamtokake mangsane. Dene sing sapa murih ganjaran ana ing dunya iya Ingsun paringi ganjaran ana ing dunya, apadene sing sapa nyuwun ganjaran ana ing akhirat iya Ingsun paringaparingi. ganjaran ana ing akhirat. Ing besuk Ingsun bakal angganjar wong kang padha ngaturake gêdhene panuwune.

140. Pira bae kèhing para nabi kang padha mangun pêrang, kang amilu luwih dening akèh, kabèh ora ana kang jirih utawa ngêdhap atine, kang marga dening padha kawruhan ana ing pêpêrangan sabilullah, lan uga ora ana kang banjur wêgah, lan ora ana kang banjur nungkul marang mungsuh. Allah iku rêmên wong kang padha têtêg atine.

141. Wong mau padha ora duwe pangucap apa-apa, kajaba padha ngucap: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi ngapuraa dosa kawula sadaya, utawi anggèn kawula sami kasangêtên pandadra kawula, saha Tuwan mugi ngêkahana tumapaking dêlamakan kawula wontên ing payudan, punapadene Tuwan mugi nulungana kawula ngawonakên tiyang kaphir sadaya. Allah nuli matêdhani marang wong kang mangkono mau, diparingi ganjaran ana ing dunya, (mênang

--- 1 : 130 ---

pêrang lan anjêjarah ambêboyong) sarta ganjaran ing akhirat kang luwih bêcik. Allah iku rêmên marang wong kang padha nglakoni kabêcikan.

***

142. He wong mukmin kabèh, manawa sira padha manut mirut marang wong kang padha kaphir, mêsthi wong kaphir mau ambalikake ing sira marang tungkakira, (dadi kaphir) yèn kêlakon mangkono, mêsthi sira padha kêbalik dadi kapitunan.

143. Nanging Allah iku bandaranira kang nulungi sira, Allah iku bêcik-bêcike kang têtulung.

144. Ingsun bakal anggirisake atine wong kang padha kaphir mau, amarga ênggone padha mangeran liyane Allah, mangeran marang barang kang ora didhawuhake dening Allah, tôndha yêktine yèn iku Pangeran, dene panggonane wong kang mangkono iku ana ing naraka, iba alane panggonane wong kang padha nganiaya awake dhewe.

145. Allah têmên wis anuhoni janjine nulungi marang sira kabèh nalikane sira padha mangsah mêrangi wong kaphir kalawan kaparênging karsane Allah, nganti sira padha ngêdhap atinira, banjur padha irèn anglakoni pangrèhe Nabi Mukhammad, lan sira padha duraka, tur Ingsun wis anggêlari pitulung marang sira kang padha sira arêp-arêp.

146. Sawênèhe ana kang amburu dunya, (ninggal pabarisan [paba...]

--- 1 : 131 ---

[...risan] banjur anjêjarah) lan ana kang amburu ganjaran ing akhirat, (têtêg atine nutugake pêrang nganti mati ing payudan) Allah banjur ngalahake pêrangira kêplayu saka tandange wong kaphir, iku supaya dadi coba marang sira kabèh, Allah iku kagungan kanugrahan, diparingake marang para wong mukmin.

147. Sira padha elinga nalika sira padha kêplayu, ing kono ora ana sawijining wong kang nolih utawa ngadêg ngêntèni marang kancane, dene Rasullullah ana ing burinira nimbali akon mandhêg marang sira kabèh. Allah banjur malês marang sira kabèh, padha diparingi kasusahan kêplayu, marga ênggonira padha nglirwakake parentahing rasul. Mangkono iku supaya sira padha gêtuna ênggonira ora sida olèh jarahan, lan ênggonira padha kêcurnan, Allah iku waspada bangêt marang samubarang kang padha sira lakoni.

148. Sawise sira padha nandhang susah, Allah banjur maringi têntrêm marang sira kabèh, nganti kancanira wong sagolongan kang padha mukmin padha ngantuk, ewadene ana wong sagolongan kang munaphèk, (lamis) iku isih padha ngandhut susah, padha ngira marang Allah yèn ora bakal nyata ênggone saguh têtulung marang Rasullullah, kaya panyanane wong kaphir kang bodho, pangucape: Aku môngsa padha ditulungana ing Allah sathithik-thithika. He Mukhammad, sira dhawuha: Samubarang prakara iku kagunganing Allah kabèh. Wong munaphèk mau padha ambatin ana [a...]

--- 1 : 132 ---

[...na] sajroning atine, ora kêwêtu marang sira Mukhammad, pangunandikane: Saupama aku iki padha duwea panduman pitulunging Allah sathithik bae, mêsthi môngsa kêlakona aku diangsahake pêrang kang wêkasane mati, kaya kang kêlakon iki. He Mukhammad, sira dhawuha, sanadyan sira padha ngundhêr ana ing omahira bae, ewadene wong kang wis tinakdir mati, iku mêsthi kalakon mêtu marang panggonan kang wis ditamtokake wong mau bakal mati ana ing kono. Karsaning Allah dhawuh pêrang mau diênggo nyoba têmên lan lamise atinira, lan beda-bedane atinira kalawan gumêlar. Allah iku nguningani sakarêntêging ati.

149. Dene para kancanira kang padha mlayu ngucira, nalika têmpuke ing golongan loro, (bala Islam lan bala kaphir) iku mêsthi saka panggodhaning setan marang wong mau, tuwuh saka dosa sawatara kang wis padha dilakoni. Satêmêne Allah wis ngapura marang wong mau. Dene Allah iku ngapura tur wêlas.

***

150. He wong kang padha mukmin, sira aja padha kaya wong kang padha kaphir, padha ngrasani marang para sadulure kang padha lêlungan ana ing bumi (banjur mati ana ing paran) utawa kang padha mangsah pêrang (banjur kasambut ing payudan) pangucape: Saupama sadulurku mau ana ing kene bae, mêsthi ora mati lan ora kasambut ing payudan. Wusana karsaning Allah, pangucap kang mangkono mau diênggo anjalari kaduwunging atine si

--- 1 : 133 ---

kaphir kabèh, dene Allah iku kang nguripi lan matèni, Allah iku mirsani samubarang kang padha sira lakoni.

151. Manawi sira padha kêsambut ing pêrang sabilullah, utawa mati ana ing paran, mêsthi pangapura sarta sihing Allah iku luwih bêcik tumrape ing sira, ngungkuli bôndha dunya kang padha sira kalumpukake.

152. Lan manawa sira mati utawa dipatèni, mêsthi ing têmbe ditangèkake, padha diimpun marang ngarsaning Allah.

153. He Mukhammad, amarga saka rahmat sihing Allah mulane sira banjur lêmbah manah marang para kancanira kang padha kurang sêtya tuhu. Saupama sira iku si kontur bêngis ing ati, mêsthi para kancanira kang padha kurang sêtya mau padha bubar saka kiwa têngênira, mulane para kancanira kang mangkono mau, padha sira puwunga, lan sira suwuna pangapuraning dosane, lan padha sira ajaka rêrêmbugan prakara laku-lakuning pêrang. Dene yèn sira wis nêja nindakake kênthêling rêmbug, sira pasraha marang Allah, Allah iku rêmên wong kang padha pasrah marang sarirane.

154. Manawa Allah nulungi ing sira kabèh, mêsthi ora ana kang bisa ngalahake marang sira, dene yèn Allah ngulungake ing sira, lah sapa kang kuwagang nulungi ing sira. Para wong mukmin padha ngandêla ing Allah bae.

155. Ingatase nabi andupara bangêt yèn gêlêma cidra Seharusnya halaman 134 dan seterusnya.

--- 1 : 135 ---

pangêduming jarahan, awit sing sapa cidra prakara jarahan, ing besuk dina kiyamat barang kang dicidrakake mau diwujudake, (nuli disunggèkake marang wong kang cidra) sabanjure sarupaning awak padha ditêtêpake apa bênêre, miturut apa kang wis padha dilakoni, tur kabèh iku ora ana kang dikaniaya.

156. Apa iya wong kang manut kaparênging Allah (ora cidra) iku padha bae lan wong kang narajang dêdukaning Allah (cidra) môngsa padhaa. Panggonane wong kang cidra iku ana ing naraka Jahanam. Iba alane kawusanan kang mangkono iku.

157. Wong kang padha manut kaparênging Allah mau, ana ngarsaning Allah padha duwe darajat, (pangkat) Allah iku mirsani samubarang kang padha dilakoni.

158. Allah têtela wis paring kanugrahan marang para wong mukmin, awit Allah wis mêthil kancane wong mukmin mau, ditêtêpake dadi rasul, dikarsakake mêmulang marang wong mukmin mau, maca lan andhawuhake Kuran ayating Allah marang para wong mukmin, sarta ngrêsikake wong mukmin kabèh saka ing dosane, mangkono uga mulang Kitab Kuran lan kawicaksanan. Sanadyan sadurunge têtêping rasul, wong mukmin mau isih padha ana sajroning panasaran kang têtela.

--- 1 : 136 ---

159. Dhèk pêrang ing Ukhud ana kancanira sawatara kang padha kêcurnan, barêng pêrang ing Badar kang kêcurnan kèhe tikêl, yagene sira padha kêwêtu matur: Sabab dening punapa têka makatên punika. He Mukhammad, sira dhawuha: Kang mangkono iku marga saka ing kowe dhewe, (awit kowe padha kurang sêtya, ninggal pabarisan) Allah iku nguwasani samubarang.

160. Dene ênggonira padha kêcurnan nalika têmpuking golongan loro, (bala Islam lan bala kaphir) ana ing gunung Ukhud, iku dhasar wis dadi kaparênge karsaning Allah, supaya Allah anguningani para wong mukmin kang sêtya tuhu kalawan gumêlar. Lan supaya Allah nguningani gumêlare wong kang padha munaphèk, (lamis) lan wong kang wis padha didhawuhi: Kowe kabèh padha mrenea, padha mangsaha pêrang sabilullah, manawa padha ora gêlêm pêrang, iya mung padha dadia wêwêdèn bae murih ngundurake mungsuh, (sabubaring pêrang) ature wong munaphèk: Saupami ing wau kula sumêrêpa yèn wontên pêrang, mêsthi kula sami andhèrèk pêrang ing sampeyan. Pangandikaning Allah: Ing dina iki têtela wong munaphèk iku luwih cêdhak marang kaphir katimbang marang iman.

161. Wong munaphèk padha matur lamis kalawan cangkême, ngaturake barang kang dudu luguning atine, Allah iku nguningani barang kang diênggo wadi marang si munaphèk kabèh.

--- 1 : 137 ---

162. Wong munaphèk iku kang padha linggih bae, ora milu pêrang, sarta calathu marang para kancane kang tunggal agama: Saupama kang padha mati pêrang ana ing Ukhud iku biyèn manuta marang aku bae mêsthi padha ora mati kêsambut ing pêrang. He Mukhammad, sira dhawuha marang para wong munaphèk mau: Yèn dhasar têmên pangucapmu iku, lah mara tulakên pati saka ing awakira, (Kacarita padha sanalika iku wong munaphèk padha mati tanpa pêrang, cacah wong pitung puluh. Jamal.).

163. Sira aja ngira yèn wong kang padha kêsambut ing pêrang sabilullah iku padha mati, nanging kabèh mau padha urip, ana pangayunaning Pangerane padha diparingi rijêki.

164. Tur padha bungah-bungah marga saka olèh kanugrahaning Allah, kang diparingake dening Allah marang wong kang kêsambut ing pêrang sabilullah mau, lan padha girang-girang marga ngrasakake kônca-kancane kang sapungkure padha durung kêsambut ing pêrang sabilullah, kabèh mau mêsthi padha tanpa kuwatir lan padha ora kasusahan.

165. Padha bungah-bungah marga padha tômpa ganjaran saka ing Allah lan padha olèh kanugrahan, satêmêne Allah iku ora ngilangake ganjarane wong kang padha mukmin.

166. Kang sawise padha kêtaton, malah banjur padha ngèstokake dhawuhing Allah lan dhawuhing Rasulullah, [Ra...]

--- 1 : 138 ---

[...sulullah,] mangsah pêrang manèh. Para wong kang padha nglakoni kabêcikan manut ing Allah lan wêdi anglirwakake parentahing Allah, iku padha olèh ganjaran gêdhe.

167. Iya iku para wong mukmin kang padha diwarah ing manungsa mangkene: Iki ana manungsa padha golong pikir mapagake kowe, bêcike kowe padha wêdia. Pangucape manungsa mangkono mau malah muwuhi pracayaning para wong mukmin mau marang Allah, banjur padha ngucap mangkene: Pangrêksaning Allah marang aku wis cukup, kang prayoga dhewe pinasrahan iku Allah.

168. Baline para wong mukmin mau mawa olèh nikmat lan kanugrahan saka ing Allah (slamêt sarta bathi) kang ora kaworan ala, (tanpa pêrang lan ora kêtaton) tur iku dumunung wis manut kaparênging Allah, Allah iku kagungan kanugrahan gêdhe.

169. Manungsa kang mêmarah mau wis mêsthi setan, mêmêdèni ing sira kabèh, padha diwêdèkake marang kalulute kang padha kaphir, sira aja padha wêdi marang wong kaphir kabèh yèn sira têmên padha mukmin, sira padha wêdia marang Ingsun.

170. Para wong kang padha age-age dadi kaphir iku aja andadèkake susahira Mukhammad, satêmêne kabèh mau ora ambêbayani apa-apa marang Allah, Allah ênggone nitahake mangkono iku, karsane ora bakal [baka...]

--- 1 : 139 ---

[...l] maringi panduman kabêgjan marang wong mau ana ing akhirat, malah bubuhane wong mau kabèh siksa kang gêdhe.

171. Dene wong kang padha milih kaphir nampik iman, iku padha ora ambêbayani apa-apa marang Allah, lan padha dipatrapi siksa kang nglarani.

172. Wong kang padha kaphir aja padha ngira yèn ênggon Ingsun nyarantèkake marang awake iku bêcik tumrap ing awake, nanging ênggon Ingsun nyarantèkake marang awake iku supaya si kaphir mau wuwuh- wuwuha dosane, lan padha dipatrapi siksa kang ngasorake.

173. Allah ora bakal ngèndêlake bae marang sira para wong mukmin, mungguh ênggonira dhawuh karo wong munaphèk pisah saka wong bêcik mukmin.

174. Dene kêlakone pisah mau ora sarana Allah mêruhake prakara kang gaib marang sira, Allah miji sawênèhing utusane kang dadi parênging karsane (Para rasul utusaning Allah padha diwêruhake prakara kang gaib, banjur padha wêruh sapa kang mukmin sêtya tuhu, lan sapa kang munaphèk, mung lamis bae. Jalalèn.) mulane sira padha pracayaa marang Allah lan marang para utusaning Allah, dene yèn sira padha pracaya lan padha wêdi nglakoni munaphèk, mêsthi sira padha diparingi ganjaran gêdhe.

175. Para wong kang padha kumêd, ora gêlêm bayar jakate [ja...]

--- 1 : 140 ---

[...kate] barang kang wis diparingake dening Allah saking sih nugrahane, iku aja padha ngira yèn ênggone padha kumêd mau bêcik tumrap ing awake, satêmêne malah ala tumrap ing awake.

176. Ing besuk dina kiyamat, barang mau bakal dikalungake marang si kumêd, (Barang mau diwujudake rupa ula, banjur dikalungake, anggubêd gulune wong kang kumêd sarta nyakot. Jalalèn.) Allah iku kagungan warisan saisining langit lan bumi, (Sawise manungsa padha sirna kabèh, barang isining bumi lan langit dadi warisan, dikukup ing Allah. Jamal. Jalalèn.) dene Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni.

***

177. Allah têmên wis mirêng pangucape wong kang padha ngucap, Allah iku anggombal, aku sakancaku wong Yahudi padha sugih. Pangucape wong Yahudi mangkono mau Ingsun tulisi, sarta ênggone padha matèni para nabi kalawan ora bênêr iya Ingsun tulisi uga. Ing besuk ana ing akhirat, wong mangkono mau bakal padha Ingsun dhawuhi: Sira padha ngicipana siksa naraka kang anggosongake.

178. Kang mangkono iku marga saka panggawening tanganira kang wis kêlakon biyèn, dene Allah iku dudu kang nganiaya ing para kawula.

--- 1 : 141 ---

179. Iya iku wong Yahudi kang padha duwe atur: Allah sampun dhawuh prajanji dhumatêng kula, kula botên parêng pitados dhumatêng sadhengaha rasul, kajawi manawi rasul wau sagêd andhatêngakên kurban, (Kurban iku pisungsung konjuk ing Allah, dadi sarana murih kacêdhak ing Allah. Kamus.) ingkang dipun môngsa ing latu (saking langit).

180. He Mukhammad, sira dhawuha: Dhèk biyèn sadurungku, kowe wis padha katêkan para rasul, kang padha mawa tôndha yêkti kaelokan, lan nêkakake kurban dimôngsa ing gêni, kaya pêpanggilmu mau. Yèn calathumu mau têmên, lah yagene kowe padha nyedani para rasul mau.

181. Manawa wong Yahudi mau mêksa padha maido ing sira, Mukhammad, aja ngêrsula, para rasul sadurungira kang padha mamaca. tôndha yêkti lan kitab pirang-pirang, apadene kitab kang madhangake ati, iya padha dipaido uga.

182. Sakèhing awak iku mêsthi padha ngicipi pati, ing besuk dina kiyamat, sira kabèh mêsthi padha ditêtêpake wêwalêsing lakunira, dene sing sapa disalamêtake saka naraka sarta dilêbokake ing suwarga, iku têtêp wong bêgja, kauripan ing dunya iku dudu barang-barang, yêktine kabungahan kang ngapusi.

183. Sira kabèh mêsthi padha dicoba dening Allah sarana bandhanira lan sarana awakira, sarta sira mêsthi padha

--- 1 : 142 ---

krungu pangucape wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab sadurungira, apadene pangucape wong kang padha musrik akèh-akèh, kang padha nglarakake ati, kang iku manawa sira lêmbah manah sarta padha wêdi ing Allah, sira wêruha yèn mangkono iku ewoning prakara kang luwih dening pêrlu.

184. He Mukhammad, sira nyaritakna nalikane Allah nampani sêsanggêmane para wong kang padha diparingi Kitab Torèt, dhawuhing Allah: Sira mêsthi padha anggêlarna Torèt marang manungsa, aja pisan ngumpêtake Torèt. Wong Yahudi sawise padha sanggêm, banjur padha nyingkur sêsanggêmane ana ing burining gêgêre, lan padha milih dunya kang sathithik ajine. Iba alane ênggone padha milih mangkono mau.

185. Sira aja ngira marang wong kang padha girang-girang ênggone bisa nasarake manungsa, sarta padha dhêmên dialêm kabêcikan kang ora dilakoni, kabèh mau aja sira kira yèn slamêt saka ing siksa, kang nyata malah padha dipatrapi siksa kang nglarani.

186. Karaton bumi lan langit iku kagunganing Allah, Allah iku nguwasani samubarang.

***

187. Satêmêne tumitahing bumi lan langit,

--- 1 : 143 ---

apadene bedane rina lan wêngi, iku tumrape wong kang padha ana akale mêsthi dadi tôndha yêkti kabèh.

188. Iya iku wong kang padha eling, nêbut asmaning Allah karo ngadêg lan karo linggih, apadene karo têturon miring, sarta padha mikir mungguh tumitahing bumi lan langit. Unjuke: Dhuh Pangeran kawula, anggèn Tuwan nitahakên makatên punika mêsthi botên tanpa damêl, Tuwan punika Mahasuci, kawula mugi Tuwan lêpatakên saking siksa naraka.

189. Dhuh Pangeran kawula, saèstunipun karsa Tuwan, sintên ingkang Tuwan cêmplungakên naraka, mêsthi inggih Tuwan asorakên, dene tiyang ingkang sami kaphir nganiaya punika mêsthi botên wontên ingkang sagêd nulungi.

190. Dhuh Pangeran kawula, kawula sampun sami mirêng tiyang nguwuh-uwuh (Kang nguwuh-uwuh iku Kangjêng Nabi Mukhammad, utawa Kitab Kuran. Jalalèn.) ngajak pitados, têmbungipun: Sira padha pracayaa ing Pangeranira. Kawula inggih lajêng pitados.

191. Dhuh Pangeran kawula, mila Tuwan mugi ngapuraa sakathahipun dosa kawula, saha mugi nyirnakna sakathahipun piawon kawula, punapadene mugi mundhuta nyawa kula, kagolongna para tiyang ingkang sami sae.

192. Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi paringa dhumatêng

--- 1 : 144 ---

kawula samukawis ingkang sampun Tuwan sagahakên dhumatêng kawula, lumantar saking utusan Tuwan, punapadene ing benjing dintên kiyamat Tuwan mugi sampun mêlèh-mêlèhakên dhumatêng kawula. Sayêktosipun Tuwan punika botên pisan cidra ing janji.

193. Pangerane wong kang mangkono mau nuli marêngake panyuwune mau, dhawuhe: Ingsun ora bakal ngilangake kangelane para kancanira lanang utawa wadon, ênggone padha nglakoni parentah Ingsun. Sawiji-wijining kancanira lan liyane Ingsun padha bae.

194. Têtelane: Sarupane wong kang padha kêplayu saka ing Mêkah marang Madinah, lan padha kêplayu saka ngomahe, lan padha sangsara ênggone ngambah dêdalan Ingsun, lan padha mangsah pêrang, lan padha kêsambut ana ing paprangan, kabèh mau mêsthi padha Ingsun sirnakake pialane, lan mêsthi padha Ingsun lêbokake ing suwarga kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon.

195. Iku sumurup ganjaran saka ngarsaning Allah, dene ing ngarsaning Allah iku ana sadhiyan ganjaran kang luwih dening bêcik.

196. Mungguh kamajuane wong kang padha kaphir ana ing bumi, iku aja pisan andadèkake kêloropira. Iku mung kabungahan sapele, kang môngka

--- 1 : 145 ---

wong kaphir mau bakal padha manggon ana ing naraka Jahanam. Iba alane lèmèk naraka iku.

197. Ananging wong kang padha wêdi ing Pangerane, iku bakal padha duwe panggonan suwarga, kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon. Ana ing kono padha langgêng. Suwarga mau cêcawisan saka ngarsaning Allah, dene ganjaran kang dicawisake dening Allah, iku tumrape wong kang padha bêcik, luwih prayoga (ngungkuli kabungahan ing dunya).

198. Sawênèhing wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab kina, ana kang pracaya marang Allah, lan pracaya marang Kuran kang wis didhawuhake marang sira kabèh, lan pracaya marang cêcêkêlane kitab kang wis didhawuhake marang wong mau. Sarta padha sumungkêm ing Allah, ora milih dunya kang sathithik ajine nampik ayating Allah.

199. Wong kang mangkono mau mêsthi tômpa ganjarane ana ing ngarsaning Pangerane, satêmêne Allah iku panimbange rikat bangêt.

200. He wong kang padha mukmin, sira padha sabara ing sangsara, lan padha nyabarana wangkoting wong kaphir, lan padha sêdhiyaa pêrang, lan padha wêdia ing Allah supaya sira kabèh padha bêgja.

--- 1 : 146 ---

Surat Nisa (para wong wadon)

tinurunake ana nagara Madinah, cacah satus pitung puluhsatus pitung puluh ênêm. ayat.

(Kang diarani ayat iku pangandikaning Allah saprakara, utawa kaelokan minôngka tôndha yêkti têmêne para nabi yèn têrang saka Allah, kang aran mukjijazat. Jamal.)

Awit ingkang asma Allah, kang Mahamurah tur Maha-asih.

1. He manungsa ing Mêkah kabèh, sira padha wêdia ing Pangeranira, kang wis nitahake sira, uwite saka awak siji bae (Iya iku Nabi Adam. Jalalèn.) lan banjur nitahake bojone, (Iya iku Siti Khawa. Jalalèn.) dititahake saka cêcuwilaning awak siji mau, (Iya iku igane wêkas Nabi Adam kang kiwa, dititahake dadi Siti Khawa. Jalalèn.) Allah ngarsakake wong sakaloron mau banjur babranahan dadi wong lanang pirang-pirang lan wong wadon pirang-pirang, lan sira padha wêdia ing Allah kang sira anggo gêgaraning anjêjaluk, (Adate wong ing Mêkah yèn anjêjaluk, nganggo nyêbut asmaning Allah, kaya ta: alantaran Allah, aku anjaluk dhuwit limang sèn bae, lan manèh wong Mêkah yèn papriman tanpa nêmbung apa-apa, mung ngucap (ya Allahu ya karimu), têgêse: dhuh Allah, dhuh dzat ingkang mulya tur loma. Sarèhning wis dadi ngadat, wong kang diprimani iya ngêrti, banjur mènèhi. Jalalèn. Rabingul Abrar.)

--- 1 : 147 ---

lan aja padha mêdhot sih, satêmêne Allah iku nyathêti samubarang lakunira kabèh.

2. Lan sira padha mènèhna bandhane bocah yatim, (Bocah yatim iku bocah kang durung balèg tininggal mati ing bapakne. Jalalèn.) marang bocah yatim kang anduwèni bôndha mau, lan aja nglironi bandhane kang bêcik, sira lironi barang kang ala, lan aja mangan bandhane bocah yatim mau sira wor lan bandhanira, satêmêne kang mangkono iku dosa gêdhe.

3. Dene yèn sira padha kuwatir bokmanawa ora bisa adil tumrap bandhaning bocah yatim, (lan kuwatir bokmênawa ora bisa adil tumrap pandumira marang bojo) sira padha nikaha wong wadon kang dadi condhonging atinira, kèhe ngloro lan nêlu utawa mapat bae, dene yèn sira mêksa isih kuwatir bokmanawa ora bisa adil, iya nikaha wong wadon mung siji bae, utawa narimaa mung wong wadon tukon darbèking tanganira bae. Kabèh iku mau akèh lèrège marang kalisira saka ing panganiaya (adil). Lan sira padha ambayara maskawining wong wadon, minôngka pawèwèh. Dene mênawa wong wadon mau wis rila maskawine marang sira, maskawin mau sira pangana kalawan anak.

--- 1 : 148 ---

4. He wong kang padha nguwasani bandhaning bocah sapêpadhane, bocah kang padha ngêbrèh bandhane, aja sira wènèhake, karsaning Allah bôndha mau dicêkêlake ing sira, kanggo ngopèni bocah mau, sira padha ngingonana lan nyandhangana bocah mau kalawan bandhane. Lan sira padha nandukna têmbung manis tur kapenak marang bocah mau.

5. Lan sira padha nitipriksaa kaananing bocah yatim, nganti têkan balèg, kêna nikahan dhewe, ing kono yèn panimbangira yèn bocah yatim mau wis pintêr, bandhane nuli sira wènèhna marang bocah mau, sira aja wani-wani mangan bandhane bocah yatim kalawan ora bênêr, lan aja anggege êntèking bôndha mau.

6. Kuwatir yèn bocah mau sêlak gêdhe. Dene wong kang nguwasani mau yèn wong cukup, aja mangan babar pisan marang bandhaning bocah yatim, nanging yèn wong kêkurangan, iya mangana bandhaning bocah yatim mau kalawan bênêr.

7. Dene yèn sira padha masrahake bandhane bocah yatim kang anduwèni bôndha mau, iku sira padha nêksèkna têmêne bocah yatim mau wis tômpa bandhane, Allah ênggone nyathêti laku-lakuning kawulane wis cukup.

8. Para wong lanang padha duwe panduman barang têtinggalane bapa biyunge utawa sanak sadulure kang wis padha

--- 1 : 149 ---

mati. Apadene para wong wadon iya padha duwe panduman barang têtinggalane bapa biyunge lan sanak sadulure kang wis padha mati, ana kang akèh lan ana kang sathithik, mangkono iku panduman kang wis tinamtokake.

9. He wong kang padha tômpa panduman waris, manawa ana sanak sadulur kang bênêre ora olèh panduman, lan bocah yatim, apadene para wong miskin, padha amêruhi pangêduming barang tinggalan, iku padha sira ujurana, (sadurunge barang mau diêdum) lan padha sira tandukana têmbung kang manis.

10. Lan sira nguwatirna wong kang padha lara bangêt, kang mênawa mati sarta ing sapungkure tinggal anak cilik, anak cilik mau nguwatirake bokmênawa bakal ora kopèn, mulane sira padha wêdia ing Allah, lan mituturana marang wong kang lara mau kalawan pitutur kang bênêr bêcik. (Karêpe: mituturana marang wong kang lara mau, yèn kudu gawe kabêcikan, wèwèh marang sapa-sapa, aja nganti luwih saka pratêloning bandhane, dene rong pratêlon kang isih, iku bakal dadi tinggalan, didumake marang para ahli warise. Jamal.)

11. Sarupaning wong kang padha mangan bandhaning bocah yatim, kalawan panganiaya, iku mêsthi dumunung marêgi [ma...]

--- 1 : 150 ---

[...rêgi] wêtênge kalawan gêni naraka, lire: ing besuk bakal kêcêmplung ing naraka kang aran naraka Sangir.

***

12. Dhawuhing Allah marang sira kabèh tumrap anak têtinggalanira, iku pandumaning anak lanang siji padha lan pandumaning anak wadon loro. Dene yèn anak mau wadon kabèh, kèhe loro sapandhuwur, iku pandumane rong pratêloning barang têtinggalan. Dene yèn anak wadon mau mung siji, iku pandumane olèh saparoning barang têtinggalan. Dene bapa biyunge wong kang mati, siji-sijine olèh panduman sapranême barang têtinggalan, samono iku manawa kang mati mau tinggal anak, dene yèn ora tinggal anak, mung tinggal bapa lan biyung bae (utawa nganggo tinggal bojo), iku pandumaning biyung olèh sapratêloning barang tinggalan. Dene mênawa kang mati mau tinggal sadulur (lanang lan wadon, loro sapandhuwur) iku pandumaning biyung olèh sapranêman, samono iku saturahe diênggo nglêstarèkake wêwêkas kang diwêkasake wong kang mati utawa diênggo mundhati utange wong mati mau. Bapakira sapandhuwur lan para anakira ora ana kang wêruh mungguh bapa lan anak mau êndi kang akèh lèrège [lè...]

--- 1 : 151 ---

[...rège] makolèhi marang sira, pangêdum kang mangkono mau ditamtokake dening Allah, satêmêne Allah iku nguningani tur wicaksana.

13. Sira padha duwe panduman saparoning barang têtinggalane rabinira kang mati, iku mênawa rabinira mau ora tinggal anak, dene yèn tinggal anak, sira mung olèh panduman saprapating barang têtinggalane rabinira. Iku saturahe diênggo nglêstarèkake wêwêkas kang diwêkasake dening rabinira, sarta diênggo mundhati utange.

14. Para rabinira duwe panduman saprapating barang têtinggalanira yèn sira mati, iku mênawa sira ora tinggal anak, dene yèn sira tinggal anak, rabinira mung olèh panduman sapara woluning barang têtinggalanira, iku saturahe diênggo nglêstarèkake wêwêkas kang sira wêkasake, sarta diênggo mundhati utangira.

15. Dene mênawa ana wong lanang utawa wong wadon mati ora tinggal bapa utawa kaki utawa anak, kang môngka tinggal sadulur kang mung tunggal biyung bae lanang utawa wadon, iku yèn sadulur tunggal biyung mau mung siji, pandumane sapranêming barang têtinggalan, nanging yèn sadulur tunggal biyung mau luwih saka siji, pandumane [pandu...]

--- 1 : 152 ---

[...mane] sapratêloning barang têtinggalan, diêdum rampak sakancane padha sadulur tunggal biyung, (lanang wadon padha bae), mangkono iku saturahe diênggo nglêstarèkake wêwêkas kang diwêkasake dening kang mati mau, apadene diênggo mundhati utange.

16. Tur wêwêkas mau ora andadèkake pitunaning ahli waris, (Wêwêkas kang andadèkake kapitunaning ahli waris iku kaya ta: yèn mêkas mèwèhake bandhane nganti luwih saka sapratêlon. Jalalèn.) kang wis kasêbut mau dhawuh panduming Allah, dene Allah iku nguningani tur wêlasan.

17. Kabèh kang wis kasêbut mau anggêr-anggêring Allah, dene sing sapa manut miturut ing Allah lan marang utusaning Allah, Allah angganjar marang wong mau, dilêbokake ing suwarga kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, ana ing kono padha langgêng, iya iku kabêgjan gêdhe.

18. Dene sing sapa duraka ing Allah lan marang utusaning Allah, apadene nêrak anggêr-anggêring Allah, Allah bakal niksa marang wong mau, dicêmplungake ing naraka, ênggone ana ing kono langgêng, sarta dipatrapi siksa kang nyamahake.

***

--- 1 : 153 ---

19. He wong kang padha nyêkêl bêbênêran, mungguh para kancanira wong wadon kang padha nglakoni ala (jina) iku padha sira golèkna saksi kancanira wong Islam lanang papat, yèn wong papat mau wis padha nêksèni ênggone jina, wong wadon mau banjur sira kunjaraa ana sajroning omah. Nganti dipulung dening malaikat pati, utawa nganti ana dhawuhing Allah paring dêdalan mêtune saka ing kunjara. (Dhawuhing ayat iki nalika adêging agama Islam anyar-anyaran, durung ana pranataning agama bab patrapane wong jina, ing buri bakal ana pranatan panepatrapane. wong jina. Iya iku Allah ênggone paring dalan mêtune wong wadon mau saka ing kunjaran. Jalalèn. Jamal. Khazin.)

20. Dene yèn ana kancanira wong lanang loro kang padha nglakoni ala (jina) iku padha sira laranana, (Enggone nglarani mau sarana disrêngêni kang bangêt, diwirangake, lan dikêpruki kalawan gamparan. Patrapan iku tumindake nalika adêge agama Islam kang kawitan, ing buri bakal disalini pranatan anyar. Jalalèn. Jamal. Khazin.) dene yèn wong loro mau banjur padha tobat, lan padha ambêcikake kalakuane, iya wis nêngna bae. Satêmêne Allah iku marêngake tobating kawula tur Maha-asih.

--- 1 : 154 ---

21. Tobat iku cêpak diparêngake dening Allah tumrap wong kang padha kêlimput atine, nglakoni piala, kang ora antara suwe (Ora antara suwe, têgêse durung têkan sakarat pati. Jalalèn.) banjur tobat, wong kang mangkono iku mêsthi diparêngake tobate dening Allah. Allah iku nguningani tur wicaksana.

22. Tobat iku ora tumrap wong kang nglakoni piala pirang-pirang, kang nganti têkan sakarat pati lagi matur: Ing sapunika kawula tobat, lan ora tumrap wong kang padha mati kaphir. Wong kang mangkono mau padha Ingsun ancam kalawan siksa kang nglarani.

23. He para wong mukmin, sira padha ora kêna ngukup warisan wong wadon (bojo) kalawan paksan, lan sira aja padha ngèngèr wong wadon (bojo) pamurihira supaya sira bisa ngilangake maskawin sawatara kang sira wèhake marang wong wadon mau. Kajaba mênawa wong wadon mau nglakoni panggawe ala, kang ana tôndha yêktine. Lan sira padha woworana karo wong wadon mau kalawan bêcik. Dene mênawa sira ora dhêmên marang wong wadon mau (sira antèkna dhisik) bokmênawa sira gêthing marang sawijining barang nanging Allah nitahake kabêcikan pirang-pirang ana

--- 1 : 155 ---

ing barang kang sira gêthingi mau.

24. Mênawa sira arêp salin bojo, kang môngka sira wis ambayar utawa nyanggêmi maskawin bôndha akèh marang bojo kang ora sira dhêmêni, iku sira aja pisan ngêlongi maskawin mau sathithik-thithika (yèn sira nganti ngêlongi) apa sira ngêpèk maskawin mau kalawan panganiaya lan dosa kang wis têtela.

25. Kapriye yèn sira nganti padha ngêlongi maskawine, kang môngka sira iku wis kêlakon sarêsmi lan bojonira, apadene wong wadon mau wis nyêkêl sêsanggêmanira kang abot.

***

26. Lan manèh sira aja padha ningkah wong wadon kang wis tau diningkah ing bapa utawa kakèkira, kajaba kang wis kêbanjur biyèn, awit kang mangkono iku ala lan dosa, lan ala-alaning dêdalan.

27. Sira kabèh padha dilarangi ngrabèni biyungira, lan anakira wadon, lan sadulure wadon bapakira, lan sadulure wadon biyungira, lan anake wadon sadulur lanang, lan anake wadon sadulur wadon, lan biyungira inya kang wis nusoni ing sira, lan sadulurira [sa...]

--- 1 : 156 ---

[...dulurira] wadon saka pasuson, lan biyunge rabinira, lan anakira kuwalon kang kalumrahane ana ing pangkonira, mêtu saka rabinira kang wis sira cumbana, dene yèn sira durung cumbana lan rabinira, ora ana pakewuhe sira angrabèni anakira kuwalon, lan dilarangi manèh ngrabèni tilas rabine anakira lanang kang patutan saka sira dhewe, lan manèh sira padha dilarangi wayuh wong wadon loro kang padha sadulur, mangkono mau kajaba kang wis kêbanjur biyèn, satêmêne Allah iku ngapura tur Maha-asih.

***