Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

Jus kaping lima

28. Lan manèh sira padha dilarangi ngrabèni wong wadon kang somahan, kajaba wong wadon kawula kang kadarbe ing sira. Allah namtokake kang mangkono mau marang sira kabèh, lan sira padha dililani ngupaya bojo wong wadon liyane kang kalêbu ing larangan mau, sarana maskawin bandhanira, dadi sira padha ora aran jina, aran: sêsomahan. Endi wong wadon kang sira ênggo kabungahan karabi, iku sira bayara maskawine kang kasêbut ing nikah. Sawise maskawin mau ditamtokake kèh sathithike, mênawa sira sarta wong wadon mau padha narima mundhaking maskawin [maska...]

--- 1 : 157 ---

[...win] utawa sudane, iya ora ana pakewuhe. Satêmêne Allah iku nguningani tur wicaksana.

29. Sira kabèh sing sapa ora kêlar ambayar maskawin kanggo nikah wong wadon mardika kang mukmin, iya nikaha wong wadon kawula kang mukmin, kang kadarbe ing liyan, Allah iku nguningani sêtya lan orane ênggonira mukmin, yèn laire sira lan wong wadon kawula mau padha bae, mulane iya banjur nikaha wong wadon kawula kang rêsik, ora gêlêm jina, ngèdhèng utawa dhêlikan. Sira nikaha kalawan rilaning bêndarane, lan sira ambayara maskawine kalawan ganêp.

30. Mênawa wong wadon kawula mau wis kêlakon laki, kang môngka banjur nglakoni jina, iku patrapane saparoning patrapane wong wadon mardika. Dene kênane ngrabèni wong wadon kawula kang jalaran ora kêlar ambayar maskawine wong wadon mardika, iku tumrap wong kang kuwatir bokmênawa nglakoni jina, ewadene yèn sira kêlar sabar ora ngrabèni wong wadon kawula lan uga ora jina, iku tumrap ing sira luwih dening bêcik. Allah iku ngapura tur Maha-asih.

31. Allah karsa nêrangake laku-lakuning agama marang sira kabèh, lan paring tuduh laku-lakuning para nabi [na...]

--- 1 : 158 ---

[...bi] sadurungira, lan ngapokake marang sira, Allah iku nguningani tur wicaksana.

32. Karsaning Allah kudu ngapokake marang sira kabèh. Dene karêpe wong Yahudi lan wong Nasara kang padha nguja pêpenginane, sira iku padha nyalèwènga kang bangêt saka ing bênêr. Allah karsa mayarake agamanira, awit manungsa iku tinitahake apês.

33. He wong kang padha mukmin, sira aja padha tômpa utawa nampakake bôndha kalawan ora bênêr, kajaba yèn bôndha mau dagangan kang wis têrang krana lila. Lan sira aja padha matèni awakira dhewe. Satêmêne Allah iku asih marang sira kabèh.

34. Sing sapa nglakoni mangkono mau kalawan jaragan kasêngitan panganiaya, ing besuk bakal Ingsun cêmplungake ing naraka, dene nyêmplungake ing naraka ingatase Allah gampang bae.

35. Mênawa sira padha nyingkiri larangan gêdhe kang tumrap marang sira kabèh, mêsthi pialanira pirang-pirang padha Ingsun tutupi. Lan sira bakal padha Ingsun lêbokake ing suwarga kang mulya.

36. Lan sira aja padha kêmèrèn, ngarêp-arêp kabêgjan kang wis diparingake dening Allah marang sawijining kancanira ngungkuli ing liyane. Para wong lanang padha duwe [du...]

--- 1 : 159 ---

[...we] panduman pituwase barang kang wis padha dilakoni. Para wong wadon uga padha duwe panduman pituwase barang kang wis padha dilakoni. Sira padha nyuwuna sih kanugrahaning Allah. Satêmêne Allah iku nguningani samubarang.

37. Sabên wong mati mêsthi Ingsun dokoki ahli waris kang ngêdum barang têtinggalane, iya iku bapa biyunge lan anak sadulure. Dene wong liya kang wis padha prajanjian lan sira sarana tali supata, bakal olèh panduman, iku ing saiki iya padha wèhana pandumane. Satêmêne Allah iku mirsani samubarang.

***

38. Para wong lanang iku padha nguwasani marang para wong wadon, amarga Allah wis angluwihake wong lanang ngungkuli wong wadon, lan manèh wong lanang iku ngingoni wong wadon kalawan bandhane, mulane wong wadon kang bêcik iku mêsthi manut miturut marang lakine, tur rumêksa ing wêwadine (ora sèdhèng) kalawan pangrêksaning Allah kang wis didhawuhake. Dene wong wadon kang sira kira wangkal, iku sira pituturana kang bêcik, yèn mêksa wangkal, singkirana ing paturon, yèn mêksa isih wangkal, sira gitika, dene yèn banjur manut miturut marang sira, aja sira golèk-golèkake prakara,

--- 1 : 160 ---

satêmêne Allah iku luhur tur agêng.

39. (He wong kang padha nyêkêl bêbênêran) manawa sira padha wêruh pasulayaning wong bêbojoan, nuli nuduha pitaya wong loro, (Wong kang nyêkêl bêbênêran ênggone nuduh pitaya wong loro iku wajib. Jamal.) kang siji miliha sanake kang lanang, sijine miliha sanake kang wadon (Ananing pitaya loro kudu milih sanake lanang sarta sanake kang wadon, iku mung sunat bae. Kêna uga milih sadhengah wong kang dipikir prayoga. Karêpe kaol kang sapisan, pitaya loro mau manjing dadi wakile wong sakaloron kang padha pasulayan, dadi kang nyêkêl bêbênêran ênggone nuduh pitaya loro mau kudu sarêmbug lan kang pasulayan sakaloron, kang lanang pasraha marang sanake kang dadi pitaya nibakake talak sarta nampani pamancal utawa tanpa pamancal. Dene kang wadon iya pasraha marang sanake kang dadi pitaya, nampani talak sarta bayar pamancal. Jalalèn.

Karêpe kaol kang kapindho, pitaya wong loro mau minôngka awake kang nyêkêl bêbênêran, wênang nguwasani, dadi kang nyêkêl bêbênêran ênggone nuduh pitaya wong loro mau ora susah nganggo palilahe wong sakaloron kang pasulayan, sarta pitaya pambombonge kang lanang manawa panêmuneHalaman 161 dan seterusnya. [pa...]

--- 1 : 162 ---

[...nêmune] kêncêng kudu nibakake talak, kêna banjur nibakake talak saka wawênange dhewe, nanging ora kêna luwih saka talak siji. Mangkono uga manawa panêmune kêncêng kudu nindakake khuluk, (jugaring nikah sarana pamancal, tanpa nyudakake talak) kang môngka wis dicondhongi marang pitaya pambombonge kang wadon, iku iya kêna banjur nindakake khuluk kalawênkalawan. wêwênange dhewe. Makhalli.) manawa kênthêling rêmbuge pitaya loro mau kudu mancas prakara, Allah anggolongake marang wong loro mau, satêmêne Allah iku nguningani tur wicaksana.

40. Lan sira padha nyêmbaha ing Allah, aja nyêmbah liyane Allah. Lan padha ngajènana wong tuwanira loro, lan sanak sadulurira, lan para bocah yatim, lan para wong miskin, lan tôngga cêdhak utawa isih sanak, lan tôngga kang adoh, lan kônca ana ing paran, utawa tunggal pagawean, lan anak ing dêdalan, (Anak ing dêdalan iku wong kang pinuju ana ing paran. Jalalèn.) apadene kawula kang kadarbe ing sira. Satêmêne Allah iku ora rêmên wong kang gumêdhe ngunggul-unggulake kaluwihane.

41. Iya iku wong kang padha kumêt lan ngajak-ajak kumêt marang manungsa, lan padha nyingidake pêparinging Allah kang wis diparingake [di...]

--- 1 : 163 ---

[...paringake] marang wong mau. Ingsun ngancam marang sarupaning wong kaphir kalawan siksa kang ngasorake.

42. (Kajaba wong kaphir) Ingsun uga ngancam wong kang padha mèwèhake bandhane nganggo diwêruh-wêruhake ing wong (murih dialêm) lan ora pracaya ing Allah, apadene ora ngandêl bakal anane dina kiyamat. Dene sing sapa duwe kônca setan, iku wêruha yèn setan iku kônca kang ala dhewe.

43. Manawa wong mau padha pracaya ing Allah, lan ngandêl anane dina kiyamat, sarta padha mèwèhake bôndha kang wis diparingake dening Allah marang wong mau murih kaparênging Allah, (iku bêcik), apa ta pakewuhe upama nglakoni mangkono, Allah iku nguningani marang wong mau kabèh.

44. Satêmêne Allah ora nindakake panganiaya pisan -pisan, sanadyan mung sabobote sêmut kang cilik dhewe iya ora. Dene yèn barang kang bobot samono mau rupa kabêcikan, Allah paring ganjaran tikêl-matikêl, sarta maringi ganjaran gêdhe saka ngarsaning Allah.

45. Wong kaphir iku besuk kapriye bakal kadadiane

--- 1 : 164 ---

yèn Ingsun urugi para nabi dalah umate. Sarta sira Mukhammad uga Ingsun têkakake supaya nêksèni. Ing dina iku sarupaning wong kaphir lan wong kang padha duraka ing Rasul, luwih bungah awake sirnaa dadi lêmah, lan padha ora bisa duwe paturan marang Allah nyelaki pialane.

***

46. He wong kang padha mukmin, sira aja padha sêmbayang karo mêndêm, kajaba yèn sira wis waras, wêruh barang kang sira ucapake, iku lagi kêna sêmbayang. Lan wong junub (mêntas cumbana utawa mêtu kamane durung adus) iya aja padha sêmbayang, kajaba wong kang pinuju lêlungan, lumaku ana ing dêdalan, nganti sira wis padha adus, iku lagi kêna sêmbayang. Dene yèn sira pinuju lara utawa ana sajroning lêlungan, kang môngka salah sawijining kancanira têka saka ing jumblêng, utawa sira senggolan karo wong wadon, iku yèn sira padha ora olèh banyu, banjur tayammumma (Tayammum iku ngusap rai lan tangan loro nganggo lêbu, kanthi niyat, minôngka liruning wulu utawa adus, nalikane ora ana

--- 1 : 165 ---

banyu utawa ana alangane ora bisa nganggo banyu. Ing kono banjur kêna sêmbayang utawa anggêpok Kuran, lan sapanunggalane. Takrib.) nganggo lêbu kang rêsik. Ing kono sira ngusapa rainira lan tanganira loro. Satêmêne Allah iku karsa muwung lan ngapura.

47. Apa sira ora andêlêng wong kang padha diparingi panduman kitab (wong Yahudi) malah padha milih panasaran. Lan padha marsudi supaya bisa anasarake marang sira saka dêdalan kang bênêr. Allah iku nguningani marang para satrunira, ewadene pangrêksaning Allah marang sira wis cukup, apadene pitulunging Allah marang sira uga wis cukup.

48. Sawênèhing wong kang padha agama Yahudi ana sagolongan kang padha ngowahi têtêmbunganing Kitab Torèt, ana têtêmbungan kang dibuwang saka panggonane, (banjur disalini têtêmbungan liyane) lan padha matur marang Kangjêng Rasul: Pangandika sampeyan sampun kula mirêngakên, nanging kula sami mopo, sampeyan mugi mirênga sae kula, sampun ngantos mirêng awon kula, sampeyan punika gêndhêng. Pangucape mangkono mau disalèwèngake kalawan cangkême, [cangkê...]

--- 1 : 166 ---

[...me,] lan nacad agama Islam.

49. Saupama wong Yahudi mau padha matura mangkene bae: Kula sampun mirêng pangandika sampeyan, saha kula sami manut miturut ing sampeyan, sampeyan mugi mirênga saha mugi nyarantosna dhumatêng kula. Upama padha matura mangkono bae mêsthi bêcik tumrap wong Yahudi mau, sarta iya wis nêtêpi sabênêre. Nanging sarèhning Allah ambêndoni para wong Yahudi mau marga ênggone padha kaphir, mulane wong Yahudi iku kang kêlakon dadi mukmin mung sathithik.

50. He wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab, sira padha ngandêla Kuran kang wis Ingsun dhawuhake, cocog lan kitab cêcêkêlanira, mupung Ingsun durung ngrusak rai pirang-pirang, kang sabanjure padha Ingsun ingêr marêp marang ing buri, utawa mupung Ingsun durung ambêndoni marang para wong mau kaya ênggon Ingsun ambêndoni para turuning Israil kang padha kaluputan nyambut gawe ana ing dina Sêtu, (Ingsun salini rupa kêthèk) dene parentahing Allah iku mêsthi kalêksanan.

51. Satêmêne Allah iku ora ngapura dosane wong musrik (kaphir), nanging ngapura dosa liya-liyane marang wong kang dadi parênging karsane. Dene sing sapa

--- 1 : 167 ---

ngrangkêp nyêmbah liyaning Allah, wong iku têtêp anglakoni dosa gêdhe.

52. (He Mukhammad): Apa sira ora andêlêng wong Yahudi lan wong Nasara, kang padha sumuci-suci nucèkake awake dhewe, (iku ora bênêr, dene kang bênêr) Allah iku nucèkake wong kang dadi parênging karsane, (wong Yahudi lan wong Nasara kaya mangkono mau mêsthi padha disiksa), ewadene padha ora dikaniaya sathithik-thithika.

53. Lah mara sira dêlênga ênggone padha calathu goroh diawadake têrang saka ing Allah, dene ênggone gawe-gawe mau wis cukup diênggo nêtêpake dosane kang wis têtela.

54. Sira apa ora andêlêng wong kang padha diparingi panduman kitab, ewadene padha ngandêl lan sumungkêm marang brahala kang aran jibit lan taghut. Pangucape marang wong kang padha kaphir mangkene: Sira kabèh luwih dening olèh pituduh marang dêdalan kang bênêr, ngungkuli wong kang padha mukmin iku kabèh.

55. Wong kang mangkono iku têtêp padha dibêndoni dening Allah, dene sing sapa dibêndoni dening Allah, mêsthi ora ana kang bisa nulungi.

55. Apa wong mangkono mau padha duwe panduman karatoning [kara...]

--- 1 : 168 ---

[...toning] Allah (ora) wong mangkono mau ora pisan gêlêm wèwèh sathithik-thithika marang manungsa.

57. Apa malah padha drêngki marang manungsa, mèri ênggone padha diparingi kanugrahaning Allah, (o, iku ala bangêt) Ingsun têmên wis maringi kitab lan kawicaksanan, apadene karaton gêdhe marang para turune Ibrahim.

58. Sawênèhing wong Yahudi ana uga kang banjur pracaya marang Nabi Mukhammad, lan sawênèhe manèh ana kang mung malengos marang Nabi Mukhammad. Wong kang malengos mau bakal mingalami. siksa kalawan naraka Jahanam.

59. Dene sarupane wong kang padha maido ing ayat Ingsun, iku ing besuk bakal padha Ingsun cêmplungake ing naraka. Kulite wong mau sabên wis kobong (dadi awu) nuli Ingsun salini kulit anyar liyane, supaya bisa angrasakake laraning siksa naraka. Satêmêne Allah iku mulya tur wicaksana.

60. Dene sarupane wong kang padha mukmin sarta padha nglakoni kalakuan bêcik, iku ing besuk padha Ingsun lêbokake ing suwarga kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayone, ana ing kono padha langgêng salawase, sarta padha mêngku bojo widadari pirang-pirang kang padha suci (ora sukêr) sarta

--- 1 : 169 ---

padha Ingsun lêbokake ing suwarga kang eyub salawase.

61. Satêmêne Allah dhawuh, sira kabèh padha ingandikakake ngulihake titipan marang wong kang duwe barang titipan mau. Lan manèh yèn sira mancas prakaraning manungsa, ingandikakake mancas kalawan ngadil, (bênêr), satêmêne bêcik-bêciking barang iku mung kang diwulangake dening Allah, (iya iku ngulihake titipan lan mancas prakara kalawan ngadil) satêmêne Allah iku miyarsa tur mirsani.

62. He para wong mukmin kabèh, manawa sira padha têmên pracaya ing Allah, sarta ngandêl bakal anane dina kiyamat, sira padha manut mituruta ing Allah, lan manut mituruta marang utusaning Allah, apadene marang para kancanira kang padha nyêkêl paprentahan, dene yèn sira padha pasulayan sadhengah prakarane, iku sira padha nyuwuna pancasan bêbênêrane Allah sarta utusaning Allah. Iku luwih dening prayoga, sarta bêcik kadadiane.

63. (He Mukhammad), sira apa ora andêlêng wong kang padha rumasa pracaya marang Kuran kang wis didhawuhake marang sira, lan pracaya marang kitab kang wis didhawuhake marang nabi sadurungira, anggumunake dene

--- 1 : 170 ---

wong mau têka padha duwe karêp anjaluk bêbênêran marang panggêdhening panasaran, kang môngka wong mau wis padha diparentahi, ingandikakake maido marang panasaran. Karêping setan, marsudi supaya bisa anasarake marang wong mau kang nganti adoh, bangêt saka ing bênêr.

64. Nalikane wong mau padha didhawuhi: He sira kabèh padha marenea, padha nyuwuna bêbênêran, awêwaton Kuran kang wis didhawuhake dening Allah, lan nyuwuna bêbênêran marang utusaning Allah. Ing kono sira andêlêng wong kang padha munapèk, (lamis) padha malengos marang sira.

65. Lah bakal kapriye polahe wong kang mangkono iku ing besuk dina kiyamat, nalikane padha katêmpuh ing pakewuh siksa, dumunung wêwalêsing kaluputane kang wis padha dilakoni kalawan tangane. Wong munaphèk mau sawise malengos, nuli padha seba ing sira Mukhammad, matur lamis nganggo dibandhani supata, nyêbut asmaning Allah, ature: Dêmi Allah, anggèn kula nyuwun lêlêrêsan dhatêng sanèsipun sampeyan punika botên saking punapa, pamrih kula [ku...]

--- 1 : 171 ---

[...la] namung supados sae sarta rukun.

66. Wong kang mangkono iku lamise kang ana sajroning atine wis padha diuningani dening Allah, mulane panyalondhohe mau sira tulaka bae, ewadene padha sira tuturana lan sira surup-surupna apa kang bakal tumrap ing awake kalawan têtêmbungan kang nuju prana.

67. Enggon Ingsun ngutus Rasul iku karsaningsun, ora liwat mung supaya dièstokna. Dene wong mau manawa padha seba ing sira Mukhammad jalaran wis rumasa nganiaya awake dhewe, (marga ênggone anjaluk bêbênêran marang panasaran) nuli padha nyuwun pangapuraning Allah, kang sarta utusaning Allah, iya nyuwunake pangapura kaluputane wong mau. Iku mêsthi padha wêruh nyatane yèn Allah iku kaparêng bangêt ngapura dosa tur Maha-asih.

68. Dêmi Pangeranira, wong kang padha rumasa pracaya marang Kuran mau durung têtêp mukmine, kajaba yèn banjur nyuwun bêbênêran marang sira Mukhammad, tumrap prakara kang dadi pasulayan antarane wong mau, (sawise sira bênêri) atine ora pisan sêsak marang [ma...]

--- 1 : 172 ---

[...rang] bêbênêranira, anane mung manut narima marang bêbênêranira, pamanute trus ing ati.

69. Saupama wong mau padha Ingsun dhawuhi mangkene: Sira padha matènana awakira, utawa sira padha minggata saka ing nagaranira, amêsthi padha ora gêlêm anglakoni, kajaba mung wong sathithik kang gêlêm, tur manawa padha gêlêma nglakoni barang kang Ingsun dhawuhake mau, mêsthi bêcik tumrap ing awake, sarta luwih bangêt nêtêpake pracayane.

70. Ing kono mêsthi padha Ingsun paringi ganjaran kang gêdhe saka ngarsaningsun, apadene padha Ingsun tuduhake dêdalan kang bênêr.

71. Dene wong kang padha manut miturut ing Allah lan marang utusaning Allah, wong kang mangkono iku padha dadi panunggalane wong kang padha diparingi kabungahan dening Allah, kaya ta: para nabi lan para sidik, lan para said, (Para sidik iku para sakabate Kangjêng Rasul kang padha pinunjul sêtya tuhune, dene para said iku sarupaning wong kang kasambut ing pêrang sabilullah. Jalalèn.) lan para salèh (Para salèh iku sarupaning wong kang nêtêpi wajibe tumrap ing Allah lan tumrap sapadha-padhaning kawula. Jamal.) iba bêcike ênggone padha kêkancan wong mau ana ing suwarga.

--- 1 : 173 ---

72. Kang mangkono iku kanugrahan saka pêparinging Allah, cukup Allah piyambak kang nguningani, (sira mung pracayaa bae).

73. He wong kang padha mukmin, sira padha masanga kaprayitnanira marang satrunira, mulane padha mangsaha pêrang sagolong-golongan, utawa mangsaha kabèh barêng bae.

74. Satêmêne sawênèhing kancanira ana uga wong kang ênggone mangsah pêrang kari. Dene manawa sira kêcurnan ana ing paprangan, wong mau banjur ngucap: Allah wis ngrêksa marang awakku, awit aku ora milu mangsah pêrang.

75. Dene manawa sira padha olèh kanugrahaning Allah (mênang pêrang lan anjêjarah) wong kang kari pêrang mau padha ngucap: Ah, bok aku biyèn milu pêrang wong mukmin iku, dadi aku olèh kabêgjan gêdhe. Pangucape mau kaya pangucape wong kang ora pisan sih-sisihansih-sinisihan. lan sira kabèh.

76. Mulane wong kang padha milih kabungahan ing dunya nampik kabungahan ing akhirat mau (padha maria) banjur padha mangsaha pêrang sabilullah. Dene sing sapa mangsah pêrang sabilullah, kang môngka banjur kasambut ing prang utawa mênang, ing besuk wong mau Ingsun paringi ganjaran gêdhe.

77. Yagene sira padha ora gêlêm mangsah pêrang sabilullah. [sabi...]

--- 1 : 174 ---

[...lullah.] Lan ora gêlêm angluwari wong lanang lan wong wadon, lan bocah-bocah kang padha apês, kang padha munjuk ing Allah mangkene: Dhuh Pangeran kawula, kawula mugi Tuwan wêdalakên saking dhukuh Mêkah punika, ingkang isi tiyang sami nganiaya. Punapadene Tuwan mugi mijia tiyang mukmin ingkang nguwasani saha nulungi ing kawula.

78. Sarupane wong mukmin mêsthi padha mangsah pêrang sabilullah, (lumaku ana dêdalaning Allah) nanging para wong kaphir padha mangsah pêrang lumaku ana dêdalaning setan. Sira padha mêrangana para panulunging setan. Wruhanira kajuliganing setan iku ora sapira.

79. He Mukhammad, sira apa ora andêlêng wong kang padha didhawuhi mangkene: Saiki sira padha nganggurna tanganira, (aja mangsah pêrang) mung padha nglakonana sêmbayang lan bayar jakat bae, (wong mau banjur padha ngajap prang sabilullah) barêng padha ditamtokake wajib mangsah pêrang, ing kono banjur ana wong sagolongan kang miris, wêdi mapagake mungsuh manungsa kaphir, padha karo wêdine marang Allah, kapara malah ngungkuli wêdine marang Allah. Lan padha munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, margi saking punapa Tuwan têka namtokakên dhumatêng kawula wajibHalaman 175 dan seterusnya. [wa...]

--- 1 : 176 ---

[...jib] mangsah pêrang, bok inggih Tuwan nyarantosakên malih dhumatêng kawula sawatawis môngsa êngkas. He Mukhammad, sira dhawuha: Kabungahan ing dunya iku sapele bangêt, dene kabungahan ing akhirat iku tumrape wong kang wêdi ing Allah luwih dening bêcik. Sira kabèh ora padha dikaniaya sathithik-thithika.

80. Sira kabèh anaa ing ngêndi bae amêsthi kêcandhak ing pati, sanadyan andhêlik ana ing gêdhong dhuwur kang apagêr tembok, iya mêksa kêcandhak ing pati. Wong Yahudi mau manawa nêmu bêcik, pangucape: Iki atas saka karsaning Allah. Dene yèn nêmu ala, pangucape: Punika saking piawon sampeyan Nabi Mukhammad, sira dhawuha: (Pangucapmu iku luput, bênêre) kabèh bae (alaa bêcika) sajatine saka karsaning Allah. Apa sababe wong Yahudi iku mèh padha ora ngêrti dhawuh.

81. (He para manungsa): samubarang kang bêcik kang tumanduk ing sira, iku sajatine saka karsaning Allah, dene samubarang kang ala kang nêmpuh ing sira, iku laire marga saka awakira dhewe. (He Mukhammad) Ingsun wis ngutus sira, mratakake dhawuh marang manungsa. Dene têtêpira dadi utusan, iku cukup disêksèni ing Allah piyambak, (dikanthèni mukjijat [mukji...]

--- 1 : 177 ---

[...jat] kaelokan).

82. Sing sapa manut miturut marang utusaning Allah, iku têmên wis manut miturut ing Allah, dene sing sapa suthik manut miturut marang utusaning Allah, iku aja andadèkake susahira Mukhammad, awit ênggon Ingsun ngutus ing sira, ora anjibahake rumêksa lakuning para manungsa.

82. Wong munaphèk (lamis) padha matura marang sira Mukhammad: Kula punika sami manut miturut ing sampeyan, nanging barêng wis mundur saka ngarêpira, para panggêdhene wong mau sagolongan banjur padha ambatin kosokbaline kang diaturake ana ngarêpira. Allah nulisi barang kang padha dibatin mau. Sira nampika lêlamise mau, lan pasraha maring Allah, prakara iku cukup pasrah maring Allah.

84. Wong munaphèk (lamis) mau apa ora padha nitipariksa surasaning Kuran, saupama Kuran iku pangamandakaning wong, dudu gawean saka karsaning Allah, amêsthi wong munaphèk mau padha mrangguli prakara kang kosokbali pirang-pirang ana sajroning Kuran.

85. Nalikane para munaphèk mau padha olèh pawarta kaananing pêpêrangan, wong Islam mênang utawa [uta...]

--- 1 : 178 ---

[...wa] kalah, banjur padha mratak-mratakake pawarta mau. (Murih girise wong mukmin kang krungu pawarta kalahe wong Islam, kang mangkono iku luput, awit iku prakara wadi, saupama wong munaphèk mau mênêng bae ora mratak-mratakake warta) mung nyumanggakake marang Rasulullah lan marang para parentah Islam (apa pawarta mau prayoga diwratak-wratakake apa ora) wong munaphèk kang padha ngingsêp-ingsêp pawarta saka Rasulullah lan saka para parentah Islam mau mêsthi banjur padha wêruh yèn pawarta mau prayoga diwratak-wratakake utawa ora. Saupama ora ana sih kanugrahaning Allah marang sira kabèh, amêsthi sira padha manut ing setan, kajaba mung sathithik kang ora.

86. He Mukhammad, yèn mangkono sira ngawakana dhewe pêrang sabilullah, kang kêjibah pêrang dudu sapa-sapa, bênêre awakira dhewe, lan uga anggêgabaha para wong mukmin, Allah muga-muga ngapêsna pêrange wong kaphir. Dene Allah iku luwih dening santosa, lan siksane uga luwih dening santosa.

87. Sing sapa atêtulung kalawan pitulungan kang

--- 1 : 179 ---

amrih bêcik, iku duwe panduman ganjaran saka ênggone têtulung mau. Dene sing sapa têtulung kalawan pitulungan kang amrih ala, iku duwe panduman kaluputan saka ênggone têtulung mau. Allah iku nguwasani samubarang.

88. Manawa sira padha diuluki salam, (dibagèkake) ing wong, iku sira mangsulana kang luwih bêcik, ngungkuli ênggone uluk salam marang sira, utawa mangsulana mung sapadhane ênggone uluk salam bae. Satêmêne Allah iku ngetang samubarang.

89. Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah, ing besuk dina kiyamat, Allah mêsthi nglêmpakake sira kabèh, kang mangkono iku ora kêna sêmang-sêmang, awit ora ana wong kang pangucape luwih têmên ngungkuli Allah.

***

90. Yagene sira para wong Islam, padha gèsèh panêmunira mungguh kang bakal sira trapake marang para wong munaphèk, sira dadi golongan loro, (kang sagolongan kudu matèni para munaphèk, lan kang sagolongan manèh kudu nyarantèkake) Allah wis nampik marang panggawene wong munaphèk kabèh,

--- 1 : 180 ---

apa sira kudu nuduhake dêdalan marang wong kang wis disasarake dening Allah. Dene sing sapa disasarake dening Allah, mêsthi ora bisa olèh dalan kang bênêr.

91. Pangarêp-arêpe para munaphèk, sira iku padha kaphira kaya wong munaphèk mau, dadi sira banjur padha karo wong munaphèk. Mulane sira aja pisan-pisan padha nganggêp mitra wong munaphèk mau, kajaba yèn si munaphèk mau banjur gêlêm mangsah pêrang sabilullah kalawan sêtya tuhu. Dene yèn si munaphèk mau puguh ênggone malengos, banjur padha sira tawana, ing ngêndi ênggone katêmu banjur sira patènana, lan aja sira anggêp mitra utawa panulung.

92. Kajaba wong kang banjur padha ngungsi marang wong kaphir kang wis prajanjian lan sira, utawa banjur padha seba ing sira, matur yèn atine sêsak, rumasa ora kaconggah nglawan pêrang marang sira, utawa banjur ngumpul ing sira mêrangi kancane munaphèk, (iku aja sira patèni lan aja sira tawan) saupama ana kaparênging Allah, kêna uga Allah ngarsakake wong kang mangkono mau banjur wani manèh marang sira, nuli padha nglawan pêrang manèh marang sira, (ewadene Allah ora ngarsakake kang mangkono mau) dene manawa wong munaphèk mau wis padhaHalaman 181 dan seterusnya. [pa...]

--- 1 : 180 ---

[...dha] ngucira, dadi ora nglawan pêrang marang sira, malah padha ngajak rukun marang sira, ing kono Allah ora maringi dalan marang sira ênggonira arêp matèni utawa nawan.

93. (He para wong Islam): Sira uga padha mrangguli wong munaphèk, liyane kang wis kasêbut mau, ênggone padha ulas-ulas Islam, karêpe supaya padha slamêta saka wasesanira, dene ênggone padha kaphir, karêpe supaya slamêta saka panyiya-nyiyaning para kancane, wong munaphèk kang mangkono iku sabên bali marang kaphir saya mundhak bangêt kaphire. Kang iku manawa si munaphèk mau ora banjur nungkul marang sira, lan ora banjur ngajak rukun, apadene ora padha nyêgah tangane ênggone nglawan pêrang ing sira, iku banjur sira tawana, ing ngêndi ênggone katêmu padha sira patènana. Wong munaphèk kang mangkono iku mêsthi Ingsun ênggo tôndha yêkti marang sira (ênggone mati pêrang utawa dadi tawanan).

94. Wong mukinmukmin. ora kêna matèni kancane padha mukmin, kajaba yèn ênggone matèni ora dijarag, ewadene sing sapa matèni kancane padha mukmin, ora kalawan dijarag, iku kêna patrapan rong warna, kang siji kudu mardikakake kawula kang mukmin, sijine

--- 1 : 181 ---

kudu bayar têtêmpuh (Dhawuhing Rasulullah, têtêmpuh mau kèhe unta satus iji. Jalalèn.) marang aliahli. warise wong kang dipatèni mau, kajaba yèn ali waris mau nglilakake. Dene yèn kang dipatèni iku wong mukmin, nanging nunggal lan sanak sadulure kang padha kaphir, tur kaphir mungsuh, iku kang matèni ora anjarag mau mung kapatrapan mardikakake kawula kang mukmin bae, dene yèn kang dipatèni ora dijarag mau ewone wong kaphir kang wis padha prajanjian lan sira, iku patrapane kêna ing têtêmpuh marang ali warise wong kang dipatèni, sarta mardikakake kawula kang mukmin. Dene sing sapa ora bisa olèh kawula kang mukin,mukmin. iku lirune kudu puwasa rong sasi kang tumaruntun tanpa pêdhot, minôngka pangruwating dosa saka Allah. Dene Allah iku nguningani tur wicaksana.

95. Dene sing sapa matèni wong mukmin kalawan jaragan, iku wêwalêse disiksa ana naraka Jahanam, ana ing kono langgêng, (Enggone langgêng ana ing naraka mau, manawa ênggone matèni rumasa ora duraka, dene yèn wis andhadha yèn duraka, iya ora langgêng, awit isih têtêp Islame, sanadyan lawas bangêt ana ing naraka, samôngsa wis pundhat wêwangêning siksa iya diêntasake [di...]

--- 1 : 182 ---

[...êntasake] saka ing naraka, awit wong langgêng ana ing naraka iku mung wong kaphir, amarga ênggone maido kharame matèni wong Islam kalawan dijarag. Jamal.) sarta Allah ambêndoni marang mau. Apadene ngancam kalawan siksa kang gêdhe.

96. He wong kang padha mukmin, nalikane sira padha mangkat anglurug pêrang sabilullah, diawas nêrang-nêrangake (aja kliru matèni wong Islam) manawa ana wong nungkul marang sira saguh Islam, aja banjur sira calathoni, kowe iku dudu wong mukmin (lan banjur sira patèni) pamrahirapamrihira. mung supaya olèha kabungahan ing dunya (anjarah raja darbèke) sira wêruha, ing ngarsaning Allah jarahan akèha pirang-pirang. Dhèk biyèn sira uga wis kêlakon ditampani panungkulira, Allah banjur nulungi marang sira, mulane sira padha disatiti nêrang-nêrangake: Satêmêne Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni.

97. Para wong mukmin kang ora nandhang lêlara, nanging linggih ana ing omah bae, (ora milu pêrang) tinimbang wong mukmin kang mangsah pêrang sabilullah, mawa sangu bôndha lan toh nyawa, iku ora padha bae pangkate, (akèh kacèke) Allah gawe unggul pangkate,

--- 1 : 183 ---

wong mukmin kang mangsah pêrang sabilullah mawa sangu bôndha lan toh nyawa, ngungkuli pangkate wong mukmin kang mung linggih ana ing omah bae amarga nandhang lêlara. Sanadyan mangkono, kabèh mau padha diêbang ganjaran suwarga. Sarta Allah gawe unggul pangkate wong mukmin kang mangsah pêrang kalawan diparingi ganjaran kang gêdhe, ngungkuli wong mukmin kang mung linggih ana ing omah bae.

98. Iya iku pangkat pêparinging Allah, lan uga diparingi pangapura lan sih. Dene Allah iku sipat ngapura tur Maha-asih.

***

99. Sarupane wong Islam kang padha dipatèni dening malaikat nalika pêrang ing Badar, iku têtêp wong nganiaya marang awake dhewe, (marga ênggone padha ora gêlêm andhèrèk Kangjêng Rasul ngalih marang Madinah, ing kono banjur padha awor lan para wong kaphir ing Mêkah) malaikat pati ngandika marang wong mau: Kowe iku apa wong kaphir apa sakabate Kangjêng Rasul, wong Islam mau banjur padha matur: Kula punika wontên ing bumi Mêkah sami dados tiyang apês, (botên kuwawi ngadêgakên agami Islam) malaikat pati ngandika manèh, bumining Allah apa ora jêmbar, kowe mêsthi padha bisa ngalih ngungsi marang nagara liyane, (kaya

--- 1 : 184 ---

kônca-kancanira kae) wong kang mêngkono mau mêsthi manggon ana ing naraka. Iba alane kawusanan kang mangkono iku.

100. Kajaba wong kang têmên apês, wong lanang lan wong wadon, lan para bocah, kang padha ora bisa ngalih, lan ora duwe waragad, utawa ora wêruh dalane marang pangungsèn. Wong mangkono mau cêpak diwuwung dening Allah, Allah iku sipat ngapura lan karsa muwung.

101. Dene sing sapa ngalih nyungkêmi dêdalaning agamane Allah, amêsthi olèh panggonan pirang-pirang ana ing bumi lan gampang lakuning pangupajiwa, apadene sing sapa mêtu ninggal bale omahe, ngalih ngèstokake parentahing Allah lan parentahe utusaning Allah, kang môngka banjur mati ana ing dalan, iku Allah majibake marang sarirane piyambak, mêsthi angganjar marang wong mau, dene Allah iku sipat ngapura tur Maha-asih.

***

102. Nalikane sira padha lêlungan ana ing bumi, ora ana pakewuhe sira padha nyêndhakake sêmbayang (Patrape nyêndhakke sêmbayang mangkene: kang pancèn patang rêkangat mung digawe rong rêkangat bae. Jalalèn.) iku yèn sira padha ngandhut kuwatir (Sanadyan tanpa ngandhut [ngandhu...]

--- 1 : 185 ---

[...t] kuwatir iya kêna nyêndhakake sêmbayang. Miturut kang wis dilakoni ing Kangjêng Rasul dhewe. Jamal.) bokmanawa ana paekane para wong kaphir, satêmêne wong kaphir iku têtela padha dadi satrunira.

103. (He Mukhammad): Nalikane sira awor lan para sakabatira kang padha milu ngalih, (ana ing dalan kuwatir bokmanawa tinêmpuh ing satru) kang môngka sira arêp sêmbayang, iku kancanira kang sagolongan ngadêga sêmbayang barêng lan sira, sarta padha nyêkêla gêgamane dhewe-dhewe. Dene kang sagolongan ngèrènana, rumêksaa kancane sagolongan kang lagi sêmbayang mau saka ing burinira. (Wong sagolongan kang sêmbayang dhisik banjur nutugna sêmbayange dhewe, sawise rampung nuli gênti rumêksaa) dene wong sagolongan kang ngèrèni mau durung milu sêmbayang banjur majua sêmbayang lan sira, sarta padha prayitnaa, nyêkêla gêgamane. Pangarêp-arêpe para satru kaphir sajrone sira sêmbayang, kêlalèna gêgaman lan bandhanira, ing kono wong kaphir banjur nukup ing sira sapisan bae rampung. Dene yèn pinuju ana langanalangan.

udan utawa pinuju lara, iya ora ana pakewuhe sira nyèlèhake gêgamanira, nanging sira iya diprayitna. Satêmêne Allah ngancam siksa

--- 1 : 186 ---

kang ngrèmèhake marang sarupane wong kaphir.

104. Sawise rampung ênggonira padha sêmbayang, banjur padha nyêbuta asmaning Allah karo ngadêg, lan karo linggih. Lan karo têturon miring, dene yèn sira wis padha têntrêm, banjur nglakonana sêmbayang (kaya sabêne). Satêmêne sêmbayang iku diwajibake tumrap para wong mukmin, tur tinamtokake wayahe.

105. Lan manèh sira aja kêndho ênggonira marsudi kêkêndêlaning kancanira, manawa sira padha kêlaran, sira wêruha, sanadyan mungsuhira wong kaphir iya uga padha kêlaran, padha bae lan ênggonira kêlaran, aluwung sira padha duwe pangarêp-arêp ganjaran pêparinging Allah kang ora kêna diarêp-arêp dening wong kaphir. Allah iku nguningani tur wicaksana.

***

106. Ingsun wis andhawuhake Kitab Kuran kalawan nyata marang sira Mukhammad, supaya sira ambêbênêrana pasulayaning manungsa, wêwaton barang kang wis diparingake sumurup dening Allah marang sira, lan sira aja madènimadoni. wong kang satêmêne rêsik, mung marga nganggêp pangamandakane wong kang satêmêne cidra. Lan sira nyuwuna pangapuraning Allah. Satêmêne Allah iku sipat ngapura tur Maha-asih.

--- 1 : 187 ---

107. Lan sira aja padu ambombong prakarane wong kang nyidrani marang awake dhewe. Satêmêne Allah iku ora rêmên wong kang gawene cidra tur duraka.

108. Wong kang nyidrani marang awake dhewe mau padha salinthutan anglimpe marang manungsa, ora nglimpe marang Allah, nalikane padha ngrêrantam arêp ngucap kang ora diparêngake dening Allah, Allah anjênêngi, dene Allah iku waspada marang samubarang kang padha dilakoni dening wong mau.

109. He wong kang padha ngrojongi wong cidra, sira kabèh dipadha eling, sira ana ing kauripan dunya padha padu ngrewangi wong cidra, ing besuk dina kiyamat, sapa kang kaconggah madoni marang Allah ngrewangi si cidra, utawa sapa kang gêlêm ngukuhi si cidra nulak siksaning Allah.

110. Sing sapa nglakoni panggawe ala utawa nganiaya marang awake dhewe, banjur nyuwun pangapura ing Allah, amêsthi nêmu kanyataane yèn Allah iku sipat ngapura tur Maha-asih.

111. Sing sapa nglakoni dosa mau tumrap marang awake dhewe, (ora nglèpèti ing liyane). Dene Allah iku nguningani tur wicaksana.

112. Sing sapa nglakoni sawijining kaluputan, dosa gêdhe utawa dosa cilik, banjur ngipatake kaluputane, [kalupu...]

--- 1 : 188 ---

[...tane,] dilèlètake marang wong kang satêmêne rêsik, ora magêpokan kaluputan mau, wong mangkono iku têtela anggendhong kaluputan loro, ngamandaka lan dosa kang dilakoni dhewe.

113. Saupama ora ana sih kanugrahaning Allah ngrêksa marang sira Mukhammad, (mêsthi rasira. kajalomprong) awit wong sagolongan kang padha nganiaya awake dhewe, iku sumêdya anjalomprongake sira, ewadene ora ambêbayani apa-apa marang sira, lan ora bisa anjalomprongake sapa-sapa, malah awake dhewe kajalomprong. Lan manèh AllahllahAllah. wis andhawuhake Kitab Kuran, kawicaksanan marang sira, sarta mulang marang sira ing samubarang kang sira durung wêruh. Dene sih kanugrahaning Allah marang sira iku dhasar gêdhe.

114. Manungsa kang padha kakehan calathu iku ora bêcik, kajaba calathune wong kang akon sidêkah utawa akon anglakoni panggawe bêcik, apadene ngrukunake manungsa. Sing sapa nglakoni salah sawijine têlung prakara mau murih kaparênging Allah, ing besuk mêsthi Ingsun paringi ganjaran gêdhe.

115. Sing sapa sawise têrang sumurupe marang pituduh

--- 1 : 189 ---

banjur nyulayani ing Rasul, lan ngambah dalan kang dudu dalane wong mukmin, iku Ingsun karsakake nguwasani barang kang dipilih mau, nanging bakal Ingsun cêmplungake ing naraka Jahanam, iba alane kawusanan kang mêngkono iku.

***

116. Satêmêne Allah iku ora karsa ngapura dosa musrik, (ngrangkêp mangeran liyane Allah) nanging ngapura dosa liyane musrik, marang wong kang dadi parênging karsane. Dene sing sapa ngrangkêp mangeran liyane Allah, iku têtêp wong kêsasar, nganti adoh kêsasare.

117. Barang liyane Allah kang disêmbah dening wong musrik iku dudu sapa-sapa, iya iku brahala, dene dununging panyêmbahe wong musrik mau, ora marang sapa-sapa, satêmêne nyêmbah marang setan kang katog alane.

118. Allah ambêndoni marang setan, setan munjuk ing Allah: Para kawula Tuwan tamtu kathah ingkang kawula pêndhêt dados panduman kawula (sami ngabêkti dhatêng kawula). Punapadene kawula mêsthi anjalomprongakên para kawula Tuwan, saha manahipun sami kawula isèni gagasan badhe panjang umuripun, botên badhe dipun tangèkakên [tangèka...]

--- 1 : 190 ---

[...kên] saking pêjah, lan botên badhe dipun timbang awon saening kalakuanipun, punapadene sami kawula parentahi sami nyigar kupinging rajakayanipun, (minôngka têngêr sumungkêmipun dhatêng kawula) saha sami ngewahi agamining Allah. (Dhawuhing Allah): Sing sapa ngadêgake setan dadi panutane, iku mêsthi kapitunan, têtela bangêt kapitunane.

119. Setan nyaguhi marang para wong musrik bakal dawa umure, lan ngisèni gagasan bakal olèh samubarang kang sinêdya. Dene kasaguhaning setan marang para wong musrik iku dudu barang-barang, mung ngapusi bae.

120. Wong kang padha manut ing setan iku bakal panggonane ana ing naraka Jahanam, lan padha ora olèh pangungsèn.

121. Dene wong kang padha mukmin sarta padha nglakoni kalakuan bêcik, iku bakal padha Ingsun lêbokake ing suwarga kang ana bangawane mili ana sangisoring kêkayone, ana ing kono padha langgêng salawase, Allah wis anjanji kang mangkono mau kalawan têmên. Ora ana wong kang têmên pangucape ngungkuli Allah.

122. Prakara tumibane ganjaran iku ora

--- 1 : 191 ---

miturut pangarêp-arêpira, lan ora miturut pangarêp-arêpe wong kaphir kang padha duwe cêcêkêlan kitab. Sing sapa nglakoni panggawe ala mêsthi diwalês marga ênggone nglakoni panggawe ala mau. Lan ora bisa olèh andêl-andêl liyane Allah kang ngrêksa awake lan ora ana kang bisa nulungi nulak wêwalês mau.

123. Sing sapa nglakoni panggawe bêcik, lananga wadona anggêr mukmin bae, wong iku mêsthi padha munggah ing suwarga, sarta ganjarane wong mau ganêp, ora pisan diunthêt, sanadyan mung sasêntiling wiji bae iya ora.

124. Ora ana wong luwih bêcik agamane nganti ngungkuli wong kang nyumanggakake raine marang Allah, kang sarta ngandêl yèn Allah iku mung siji, apadene manut agamane Nabi Ibrahim, kang condhong marang bênêr. Dene Allah iku miji Nabi Ibrahim dikarsakake dadi mitraning Allah.

125. Samubarang isining bumi lan samubarang isining langit, iku kabèh kagunganing Allah, kawasa lan kawruhing Allah iku nglimputi samubarang.

***

126. He Mukhammad, para sakabatira padha nêrang marang sira [si...]

--- 1 : 192 ---

[...ra] ing bab pranatan kang tumrap marang para wong wadon, iku sira dhawuha: Allah wis paring katêrangan marang sira kabèh prakara wong wadon, apadene kang wus didhawuhake marang sira kabèh kasêbut ing Kitab Kuran prakara bocah yatim wadon kang padha ora sira dumi pandumane waris kang tinamtokake (Dhèk samana wis tumindak, mupakate wong akèh, sarupane wong wadon lan para bocah iku padha ora diolèhake panduman waris. Jamal.) lan ênggonira suthik ngrabèni bocah yatim wadon, sarta suthik anglakèkake, mangkono uga para bocah cilik, (padha ora sira wèhi rajadarbèke, kang mangkono mau kabèh ora parêng, dhawuhing Allah) sira padha ingandikakake nindakake ngadil tumrap marang para bocah yatim. Dene samubarang kabêcikan kang padha sira lakoni, iku Allah nguningani.

127. Manawa ana wong wadon kêlakon dikêbonake utawa dicuwani dening lakine, iku ora ana pakewuhe yèn wong sakaloron mau banjur padha rukun, (utawa pêgatan kalawan bêcik) dene kang luwih bêcik iku rukun. Nanging budining manungsa iku mêsthi kêjegan kumêd, (Kumêde wong wadon, abot bangêt ênggone arêp anglilahake [angli...]

--- 1 : 193 ---

[...lahake] barang darbèke kang wis disanggêmi ing lakine. Dene kumêde wong lanang samôngsa dhêmên marang wong wadon liya, banjur abot bangêt ênggone arêp andhanganake cumbana lan rabine kang wis dicuwani. Jalalèn.) dene yèn sira bêbrayan kalawan becik, lan nyingkiri panganiaya (iku luwih dening bêcik) sira wêruha yèn Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni.

128. Sira wis mêsthi ora bisa madha katrêsnanira marang para rabinira, sanadyan sira parsudia kalawan bangêt iya mêksa ora bisa, mulane wajibira mung aja mènglèng babar pisan (marang wong wadon kang sira dhêmêni) supaya wong wadon kang ora pati sira dhêmêni aja nganti kêplanggrang (ora rôndha lan ora somahan) manawa sira mêngku kalawan adil sarta nyingkiri panganiaya (iku luwih dening bêcik) sira wêruha yèn Allah iku sipat ngapura tur Maha-asih.

129. Dene yèn wong sakaloron mau pêgatan, Allah mêsthi ngilangake kabutuhaning wong bêbojoan saka wong loro mau, (Kang lanang olèh rabi liya, kang wadon uga olèh laki liya. Jalalèn.) awit saka kanugrahaning Allah. Dene Allah iku kanugrahane jêmbar sumarambah, tur wicaksana. [wi...]

--- 1 : 194 ---

[...caksana.]

130. Samubarang isining bumi lan samubarang isining langit iku kabèh kagunganing Allah. Ingsun têmên wis dhawuh marang sarupaning wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab sadurungira, lan uwis dhawuh marang sira kabèh. Sira padha wêdia ing Allah. Dene yèn sira padha kaphir, sira wêruha yèn samubarang isining bumi lan samubarang isining langit, iku kabèh kagunganing Allah, dene Allah iku ora butuh marang para kawulane tur pantês ingalêmbana.

131. Samubarang isining bumi lan samubarang isining langit iku kabèh kagunganing Allah, kang mangkono iku cukup disêksèni dening Allah piyambak.

132. He para manungsa, manawa Allah karsa nyirnakake sira kabèh sarta banjur anitahake kawula liyane, Allah mêsthi kuwasa nindakake kang mangkono mau.

133. Sing sapa marsudi ganjaran ana ing dunya, iku wêruha yèn Allah iku kagungan ganjaran ana ing dunya lan ana ing akhirat, dene Allah iku miyarsa tur mirsani samubarang.

***

--- 1 : 195 ---

134. He para wong mukmin kabèh, sira padha dijêjêg tumindak kalawan ngadil, ênggonira dadi sêksi, (ngucap kalawan têmên) ngèstokake dhawuhing Allah, sanadyan ênggonira nêksèni mau bakal ngalahake marang awake dhewe, utawa ngalahake para sanak sadulurira, utawa kang bakal kalah mau wong sugih utawa wong miskin (ora pêrlu sira têtulung) awit kang bênêre têtulung marang si sugih lan si miskin mau Allah, mulane sira aja kudu nuruti karêpira dhewe, supaya sira aja nganti nyimpang saka ngadil. Dene yèn ênggonira nêksèni ora têmên, utawa sira suthik nêksèni, sira bakal disiksa dening Allah, awit Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni.

135. He para wong mukmin kabèh, ditulus ênggonira padha ngandêl ing Allah, lan ngandêl utusaning Allah, lan ngandêl Kitab Kuran kang wis didhawuhake dening Allah marang utusane, lan ngandêl kitab kuna kang wis didhawuhake dening Allah dhèk biyèn, dene sing sapa maido ing Allah lan maido para malaikate Allah, lan maido kitabe Allah, lan maido para utusaning Allah, lan maido bakal anane dina kiyamat, wong iku kêsasar [kêsa...]

--- 1 : 196 ---

[...sar] têmênan nganti adoh.

136. Sarupane wong mukmin kang banjur ambalik dadi kaphir, sawise kaphir banjur balik mukmin manèh, sawuse mukmin manèh banjur ambalik dadi kaphir manèh, iku Allah ora bakal ngapura marang wong mau, lan ora bakal nuduhake dalan kang bênêr.

137. (He Mukhammad): Sira andhawuhna sarupane wong munaphèk, (lamis) iku ing besuk bakal padha tômpa siksa kang nglarani.

138. Wong munaphèk mau padha mêmitran lan wong kaphir, ora mêmitran lan wong mukmin, apa pamrihe supaya olèha kamulyan saka wong kaphir, (luput pangarêp-arêpe) awit kamulyan iku kabèh kagunganing Allah.

139. (He para wong Islam) Allah têmên wis andhawuhake marang sira kabèh kasêbut ana ing Kitab Kuran, dhawuhe: Manawa sira padha krungu ayating Allah dipaido utawa digêguyu, iku sira aja lêlinggihan lan wong kang padha maido, utawa anggêguyu mau, nganti padha salin anggunêm liyane. Manawa sira gêlêm lêlinggihan, sira mêsthi padha lan wong kang maido utawa anggêguyu mau. Satêmêne besuk dina kiyamat, Allah bakal anggandhèng [angga...]

--- 1 : 197 ---

[...ndhèng] wong maido lan wong anggêguyu mau ana ing naraka Jahanam.

140. Wong munaphèk mau padha nitèni marang sira wong Islam kabèh, manawa sira diparingi kabêgjan dening Allah, wong munaphèk mau banjur padha calathu, kula punika sami kônca sampeyan (mugi sampeyan dumi kabêgjan sampeyan) dene yèn kang olèh kabêgjan iku wong kaphir, wong munaphèk banjur calathu, kula punika sami sabiyantu dhatêng sampeyan, sarta anjagi dhatêng sampeyan, sampun ngantos kawon kalihan tiyang mukmin. Kang mangkono mau besuk dina kiyamat, Allah bakal ngadili marang sira lan wong munaphèk mau. Allah ora maringi dalan supaya wong kaphir padune mênang lan wong mukmin.

141. Satêmêne wong munaphèk iku padha ngapusi utusaning Allah, dene Allah bakal matrapi marang wong munaphèk mau, dene yèn padha nglakoni sêmbayang tandange aras-arasên, ênggone sêmbayang diwêruh-wêruhake ing wong, lan padha ora gêlêm sêmbayang nyêmbah ing Allah kajaba mung sathithik, tur pamrihe supaya dialêma ing wong.Seharusnya halaman 198 dan seterusnya.

--- 1 : 178 ---

142. Wong munaphèk mau padha gajêg-gajêg antarane kaphir lan Islam, ora mêsthi mèlu wong kaphir lan ora mêsthi mèlu wong Islam, dene sing sapa disasarake dening Allah, amêsthi ora olèh dalan kang bênêr.

143. He para wong mukmin kabèh, sira aja padha apèk mitra wong kaphir, ora apèk mitra wong mukmin, (yèn sira nglakoni mangkono) apa sira nêdya gawe tondha yêkti kawuningan ing Allah, kang mratandhani yèn sira iku munaphèk.

144. Satêmêne wong munaphèk iku panggonane ana ing naraka padha ana ing pangkat kang ngisor dhewe, sarta ora ana kang bisa nulungi marang awake dhewe.

145. Kajaba kang banjur padha tobat ênggone munaphèk, lan banjur padha ambêcikake kalakuane, lan banjur padha gendholan ing Allah, lan banjur padha ngrêsikake agamane, maligi nglakoni parentahing Allah (ora murih pangalêming wong) wong kang mangkono mau padha kagolong wong mukmin, ing besuk Allah maringi ganjaran gêdhe marang wong mukmin kabèh.

146. Apa pêrlune Allah niksa ing sira kabèh

--- 1 : 179 ---

yèn sira dhasar sukur (Sukuring kawula iku nindakake sadhengah pêparinging Allah kabungahan, ditindakake kaya kaparênging Allah, kaya ta diparingi kabungahan sugih bôndha banjur diênggo sidêkah sapêpadhane kang aran kabêcikan kang tumindake sarana bôndha, ora diênggo botohan sapêpadhane kang aran duraka. Dene sukuring Allah iku kaparêng nganggêp kabêcinkabêcikan. mung sathithik. Jamal.) lan pracaya ing Alla,Allah. dene Allah iku sukur tur nguningani.