Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

Jus kaping nêm

147. Allah iku ora rêmên pangucap ala kang sêru, kajaba sêsambate wong kang dikaniaya, Allah iku miyarsa tur nguningani.

148. Manawa sira nglakoni kabêcikan kalawan ngêdhèng utawa dhêlikan, utawa sira ngapura pialaning wong, (tur sira bisa nandukake piwalês, iku sira luwih utama ngapura tinimbang nandukake piwalês, awit) satêmêne Allah iku karsa ngapura tur kuwasa niksa.

149. Sarupane wong kang padha maido ing Allah [A...]

--- 1 : 180 ---

[...llah] lan maido para utusaning Allah sarta karêpe kudu nèjèkake kapracayan marang Allah lan marang utusaning Allah, (kaya ta: kêna pracaya marang Allah tanpa pracaya marang utusaning Allah) pangucape: Aku pracaya marang sawijining Rasul, nanging maido marang Rasul liyane. Karêpe kudu padha gawe dalan agama dhewe, antarane kaphir lan mukmin.

150. Wong kang padha mangkono iku wong kaphir lugu, Ingsun ngancam siksa kang ngrèmèhake marang sarupaning wong kaphir.

151. Dene wong kang padha pracaya ing Allah lan pracaya marang para utusaning Allah kabèh, sarta ora ambedakake salah sawijining para Rasul, wong kang mangkono mau besuk padha Ingsun paringi ganjaran. Dene Allah iku sipat ngapura tur Maha-asih.

***

152. (He Mukhammad:) Wong kaphir kang padha duwe cêcêkêlan kitab, padha apêpanggil marang sira, supaya sira ngudhunana kitab tumurun saka ing langit marang wong mau. Sira wêruha wong

--- 1 : 181 ---

kang mangkono mau dhèk biyèn wis tau pêpanggil marang Nabi Musa kang luwih gêdhe ngungkuli pêpanggile marang sira, ature: Kula mugi sami sampeyan sumêrêpakên sariraning Allah kalayan sat mata. Wong mau padha sanalika dipatrapi pati, marga ênggone padha nganiaya marang awake dhewe, (sawise diuripake manèh sarta) sawise digêlari mukjijat tôndha yêkti, wong mau banjur padha ngadêgake pangeran sapi, Ingsun iya nuli ngapura kaluputane kang mangkono mau, lan Ingsun maringi panguwasa utawa wasesa marang Nabi Musa.

153. Lan Ingsun ambêdhol gunung, Ingsun ungkulake ana ing dhuwure wong mau, minôngka têtaline ênggone padha sanggêm ngèstokake parentah Ingsun. Lan Ingsun dhawuh marang wong mau: Sira padha malêbua lawanging nagara Arikha kalawan sujud. Lan Ingsun adhawuh marang wong mau: Sira aja padha anjarag mèmèt ana ing dina Sêtu. Ingsun wis angasta sêsanggêmane wong mau kang luwih dening abot.

154. Wong kaphir kang padha duwe cêcêkêlin cêcêkêlan.

kitab

--- 1 : 182 ---

mau padha Ingsun bêndoni, marga ênggone padha nyidrani sêsanggêmane, lan marga ênggone padha maido ayating Allah, lan ênggone padha matèni para nabi kalawan ora bênêr, lan marga ênggone padha matur: Manah kula punika kodhêng. Allah malah wis angêcap atine wong mau, pinasthi akèh kang dadi kaphir, mulane padha ora gêlêm mukmin, kajaba mung sathithik.

155. Lan padha Ingsun bêndoni marga ênggone padha maido marang Nabi Ngisa, lan marga ênggone padha nyatur Dèwi Maryam, ditêrka nglakoni panggawe ala.

156. Lan marga ênggone padha ngucap: Aku wis matèni utusaning Allah Nabi Ngisa putrane Dèwi Maryam, tur satêmêne ora matèni Nabi Ngisa lan ora mênthang Nabi Ngisa, satêmêne wong mau padha dibawurake pandêlênge. Dene wong kang padha sulaya panêmune prakara Nabi Ngisa, iku kabèh isih padha sêmang-sêmang panêmune (Sawênèhing wong nalikane andêlêng bangke, pangucape: Yèn rai: raine Nabi Ngisa. Nanging awake, dudu awake Nabi Ngisa. Dadi bangke iku dudu bangkene Nabi Ngisa. Sawênèhing [Sa...]

--- 1 : 183 ---

[...wênèhing] wong manèh ngucap: Ah iya bangkene Nabi Ngisa têmênan. Jalalèn.) ora ana kang wêruh patine Nabi Ngisa kalawan nyata, kajaba mung wêwaton kira-kira bae. Dadi satêmêne wong mau ora matèni Nabi Ngisa, malah Nabi Ngisa mau dijunjung dening Allah marang ngarsane. Dene Allah iku mulya tur wicaksana.

157. Sarupane wong kaphir kang padha duwe cêcêkêlan kitab, sadurunge mati mêsthi padha kêlakon pracaya marang Nabi Ngisa, dene besuk dina kiyamat, Nabi Ngisa bakal dadi saksi anjalèntrèhake samubarang kang wis padha dilakoni dening wong mau.

158. Awit dene para wong Yahudi iku padha nganiaya awake dhewe, lan padha nyêgah para manungsa supaya aja padha ngambah dêdalaning Allah, mulane banjur padha Ingsun larangi mangan panganan kang ngrêsêpake kang maune ora Ingsun larangi.

159. Lan manèh mulane padha Ingsun larangi mangan pêpanganan kang maune ora Ingsun larangi, iku awit wong Yahudi padha nampani riba (barang kêladuk) kang môngka wong Yahudi wis padha Ingsun larangi nampani riba. Lan manèh marga wong Yahudi padha mangan bandhaning manungsa kalawan [kalawa...]

--- 1 : 184 ---

[...n] dalan kang ora bênêr. Wong Yahudi kang padha kaphir mau padha Ingsun ancam siksa kang nglarani.

160. Ananging wong Yahudi kang padha têguh ênggone nyungkêmi kawruhe, sarta wong kang padha mukmin, iku padha ngandêl kitab kang wis didhawuhake marang sira Mukhammad, lan ngandêl kitab kang wis didhawuhake sadurungira, mangkono uga wong kang padha nglakoni sêmbayang lan padha bayar jakat, lan wong kang padha pracaya marang Allah, lan pracaya bakal anane dina kiyamat, wong kang mangkono mau kabèh ing besuk bakal padha Ingsun paringi ganjaran gêdhe.

***

161. Ingsun wis paring wahyu (dhawuh) marang sira Mukhammad, kaya ênggoningsun paring wahyu marang Nabi Nuh lan marang para nabi liya-liyane sapungkure Nabi Nuh. Lan Ingsun uga wis paring wahyu marang Nabi Ibrahim lan marang Nabi Ismangil, lan marang Nabi Iskak, lan marang Nabi Yakub, lan marang para pancêring turun Israil, lan marang Nabi Ngisa, lan marang Nabi Ayub, lan marang Nabi Yunus, lan marang Nabi Harun, lan marang Nabi Suleman. Dene Nabi Dawud iku Ingsun paringi Kitab Jabur.

--- 1 : 185 ---

162. Lan Ingsun wis ngutus para Rasul, kang jênênge utawa lêlakone padha Ingsun caritakake marang sira, lan ana uga para Rasul kang jênênge utawa lêlakone ora Ingsun caritakake marang sira. Lan manèh Ingsun wis ngandika marang Nabi Musa kang tanpa lantaran.

163. Para Rasul mau kabèh padha ambêbungah lan mêmêdèni para umate, supaya ing têmbe rèhning Allah wis ngutus para Rasul, para manungsa aja ana kang bisa madoni marang Allah (Saupama Allah ora ngutus para Rasul, mêsthi para manungsa kang arêp disiksa jalaran saka kaluputane padha madoni mangkene: Dhuh Allah, awit saking punapa Tuwan botên nuduh utusan nyêrêp-nyêrêpakên dhumatêng kawula, dados kawula lajêng botên sumêrêp awon kalihan sae. Jamal.) dene Allah iku mulya tur wicaksana.

164. Nanging Allah nêksèni ênggonira dadi nabi wêwaton Kuran kang wis didhawuhake marang sira, Allah andhawuhake Kuran kang isi kawruhing Allah, dene para malaikat kabèh uga padha nêksèni ênggonira dadi nabi, ewadene kang mangkono mau cukup saksi Allah bae.

165. Dene wong kang padha kaphir, sarta padha murih supaya [su...]

--- 1 : 186 ---

[...paya] para manungsa iku aja padha ngambah dêdalaning Allah, iku mêsthi padha kêsasar, kêsasare nganti adoh bangêt saka dalan kang bênêr.

166. Dene wong kang padha kaphir lan padha nganiaya awake dhewe, iku Allah ora pisan bakal ngapura marang wong mau, lan uga ora bakal nuduhake dalan marang wong mau.

167. Kajaba dalan kang anjog marang naraka Jahanam, wong kaphir mau ana ing naraka kono padha langgêng salawase, Allah ênggone niksa wong mau ènthèng bae tanpa kogêl.

168. He para manungsa, sira kabèh wis padha karawuhan Rasul, utusan kang nyata saka Pangeranira, mulane sira padha pracayaa marang Rasul mau, iku bêcik bangêt tumrap ing sira. Dene yèn sira padha maido marang Rasul mau, sira wêruha yèn bumi lan langit saisine kabèh iku kagunganing Allah. Dene Allah iku nguningani samubarang sarta wicaksana.

169. He wong kang padha nyêkêl Kitab Injil, sira aja padha langkah saka agamanira. Lan aja padha ngrasani Allah kang ora nyata. Satêmêne [Satêmê...]

--- 1 : 187 ---

[...ne] Nabi Ngisa anake Maryam iku (dudu putraning Allah, têmêne) utusaning Allah, kadadian saka pangandikaning Allah, sarana didamokake dening Malaikat Jabarail marang Dèwi Maryam, lan manèh Nabi Ngisa iku mawa roh (nyawa) saka ngarsaning Allah, mulane sira padha pracayaa marang Allah lan marang para utusaning Allah, aja sok padha ngucap: Pangeran iku têlu. Iku padha sira marènana. Dadi bêcik bangêt tumrap ing sira, satêmêne Pangeran iku mung siji Allah. Allah iku Mahasuci, ora pisan pêputra. Samubarang isining bumi lan langit iku kabèh kagunganing Allah. Kang mangkono iku cukup disêksèni dening Allah piyambak.

170. Nabi Ngisa ora gumêdhe lan ora suthik diarani kawulaning Allah, mangkono uga para malaikat kang kêcêdhak ing Allah. Iya padha ora suthik disêbut kawulaning Allah.

171. Dene sing sapa suthik diarani kawulaning Allah sarta gumêdhe, iku wêruha yèn ing besuk padha disebakake kabèh ana pangayunaning Allah.

--- 1 : 188 ---

172. Dene wong kang padha pracaya ing Allah, sarta padha nglakoni kalakuan bêcik, iku Allah mêsthi nglaksanani maringi ganjarane wong mau, sarta bakal muwuhi ganjaran, luwih saka murwate kabêcikane wong mau, saka sih kanugrahaning Allah piyambak. Dene sing sapa gumêdhe suthik diarani kawulaning Allah, iku ing besuk Allah bakal niksa wong mau kalawan siksa kang nglarani.

173. Lan padha ora olèh andêl-andêl sapa-sapa, sarta ora ana kang bisa nulungi marang wong mau, kajaba mung Allah kang sagêd nulungi.

174. He para manungsa, sirahsira. kabèh wis padha digêlari tôndha yêkti saka Pangeranira, lan Ingsun wis andhawuhake pêpadhang kang nyata (iya iku Kuran) marang sira kabèh. Dene sing sapa pracaya ing Allah, sarta gêgendholan ing Allah, ing besuk Allah bakal anglêbokake wong mau marang suwarga, dumunung sih kanugrahan saka ing Allah piyambak, lan manèh Allah bakal nuduhake dalan kang bênêr marang wong mau.

175. (He Mukhammad) para umatira padha nêrang ing sira, iku sira dhawuha: Dhawuhing Allah prakara [praka...]

--- 1 : 189 ---

[...ra] wong mati kang ora tinggal bapa utawa biyung sapandhuwur sarta ora tinggal anak sapangisor mangkene: Manawa ana wong mati ora tinggal anak, (sapangisor utawa bapa biyung sapandhuwur) mung tinggal sadulur wadon siji, (tunggal bapa biyung utawa tunggal bapa seje biyung) iku sadulur wadon olèh panduman saparoning têtinggalane kang mati mau. Dene yèn sadulur wadon mau kang mati sarta ora tinggal anak, iku sadulure lanang ngukup têtinggalane kang mati mau kabèh. Dene yèn sadulur wadon mau ana loro sapandhuwur, ingkuiku. pandumane rong pratêloning barang têtinggalane kang mati. Dene yèn sadulur mau ana kang lanang lan ana kang wadon, iku pandumane sadulur lanang siji, padha lan pandumane sadulur wadon loro. Allah nêrangake pranatan mau supaya sira aja nganti kêsasar, dene Allah iku nguningani samubarang.

***

Surat Maidah (rampadan)

(Mulane surat iki diarani: Surat Rampadan, awit nyaritakake mukjijate Kangjêng Nabi Ngisa, ngudhunake rampadan saka [sa...]

--- 1 : 190 ---

[...ka] ing langit. Phahrurraji) dhinawuhake ana nagara Madinah, iya iku satus rongpuluh ayat.

Awit ingkang asma Allah, kang Mahamurah tur Maha-asih.

1. He wong kang padha mukmin kabèh, sira padha nuhonana janji. Sira kabèh padha disarah, kêna mangan iwaking rajakaya, kajaba kang wis didhawuhake larangan marang sira kabèh, lan kajaba ambêburu (ambêbêdhag) kewan alasan, kang môngka sira pinuju ihram, (Ihram iku têgêse nglarangi, iya iku kalêbu ugêre wong nglakoni khaji, kawitan têkaning wêkasan akèh larangane, cacah sapuluh prakara kalêbu ambêbêdhag, kaya kang kasêbut ing kitap kawruh Phakih. Takrib.) iku sira padha dilarangi ambêbêdhag, satêmêne Allah iku wênang andhawuhake kukum larangan utawa panyarah sakarsa-karsane piyambak.

2. He wong kang padha mukmin kabèh, sira aja padha anggêgampang nêrak larangan agamaning Allah ambêbêdhag [ambê...]

--- 1 : 191 ---

[...bêdhag] pinuju ihram, lan aja nêrak larangan mangsah pêrang ana ing sasi Kharam (Sasi Kharam iku têgêse sasi larangan, ora kêna mangsah pêrang, iya iku sasi papat: Sura, Rêjêb, Dulkangidah lan Bêsar. Muhtar.) lan aja ngarubiru rajakaya kang dipisungsungake marang tanah Karam, (Mêkah), lan aja ngarubiru kalung (Wong Arab ing jaman kuna, manawa arêp lêlungan mêtu saka nagara Mêkah padha apèk kayu thêthukulan ing nagara Mêkah dianggo kalung, murih slamêt ana ing paran, iya kêlakon slamêt têmênan, iku wong Islam padha dilarangi ngarubiru kalung mau murih aja nganti slamêt. Sawi.) lan aja mêrangi wong kang padha arêp seba marang Baitul Karam (Kakbah) ngupajiwa ngarêp-arêp kanugrahane Pangerane lan kaparênging Allah.

3. Dene yèn sira wis takhallul, (rampung ênggonira padha nglakoni khaji) sira kabèh padha kêna ambêbêdhag, lan aja andadèkake pamuring-muringira marga dening wong kaphir padha ngalang-alangi ênggonira arêp seba ing Maszidil Kharam, iku aja sira lawan ing pêrang. Lan sira padha [pa...]

--- 1 : 192 ---

[...dha] biyantua marang panggawe bêcik utawa wêdi ing Allah, lan aja padha biyantu marang duraka ing Allah utawa anjarag nêrak laranganing Allah. Lan sira padha wêdia ing Allah, awit Allah iku siksane abot.

4. Sira kabèh padha dilarangi mangan bathang, lan gêtih lan daginging cèlèng, lan samubarang khewan kang pambêlèhe kalawan nyêbut jênênge liyane Allah, lan khewan kang mati jalaran disingsêti gulune, lan kewan kang mati jalaran dipênthung, lan khewan kang mati jalaran tiba saka ing dhuwur, lan khewan kang mati jalaran dipatèni khewan liyane, lan kewan kang dipangan sato galak, kajaba kang banjur kêtututan dibêlèh iku kêna dipangan. Lan dilarangi mangan iwake khewan kang dibêlèh kalawan nyêbut jênênging brahala. Lan sira padha dilarangi nôndha barang-barang kalawan ajêlam, (Ajêlam iku têmbung Arab, têgêse wadhah, nanging wujude cangkir pitu kang dadi cêcêkêlane wong kang rumêksa Kakbah ing jaman kuna, cangkir pitu mau ana tulisane dhewe-dhewe, cangkir ôngka: 1. tulisane muni: amarani rabi, têgêseSeharusnya halaman 193 dan seterusnya.

--- 1 : 194 ---

Pangeranku parentah marang aku. Cangkir ôngka 2: tulisane muni: nahani rabi, têgêse Pangeranku nglarangi marang aku. Cangkir ôngka 3: ana tulisane: mingkup, têgêse: saka ing sira. Cangkir ôngka 4 tulisane muni: min ghairikum, têgêse: saka ing liyanira. Cangkir ôngka 5 tulisane muni: mum sagya, têgêse [...]Teks tidak jelas. Cangkir ôngka 6 tulisane muni ngakal, têgêse budi. Cangkir ôngka 7: tulisane muni: ghaphal, têgêse ora[...]Teks tidak jelas. iku banjur seba marang brahala kang aran Abal, ana ing Kakbah, lan banjur ambayar dhuwit satus dirham marang juru rumêksaning Kakbah, lurung iku banjur ngundhèni. Manawa karêpe arêp anglakoni panggawean, môngka undhine tiba ing cangkir ôngka 1. Panggawean kang arêp dilakoni iku kêna banjur dilakoni, yèn tiba cangkir ôngka 2, panggawean iku ora kêna dilakoni, mangkono sabanjure, siji- sijine cangkir duwe sasmita dhewe. Sawuse dhawuh ayat iki sarupane [sarupa...]

--- 1 : 195 ---

[...ne] wong Islam dilarangi nôndha barang-barang sarana azêlam. Sawi. Jamal.)

Sanajan liyane ajêlam, samubarang pêthèk kang mêdharake barang kang durung kêlakon, uga dilarangi, awit kalêbu nglancangi karsaning Allah. Dairabi.).

5. Ing dina iki Ingsun wis nganggêp rampung ênggonira anggêlarake agamanira Islam, lan wis sampurna, lan Ingsun uga wis nyampurnakake pêparing Ingsun nikmat marang sira, mangkono manèh Ingsun wis milih agama Islam iku agama kang prayoga dhewe dadi agamanira, dene sing sapa kêluwèn, kêpêksa kudu mangan barang kang dilarangi, nanging pamangane ora jaragan anglakoni dosa, iku ora dadi apa. Awit Allah iku ngapura tur Maha-asih.

6. (He Mukammad),Mukhammad. para umatira padha nêrang marang sira prakara pêpanganan kang kêna dipangan ing para umatira kabèh, iku sira dhawuha: Sira padha diwênangake mangan sarupaning pêpanganan kang ngrêsêpake, lan manèh padha diwênangake ambêbêdhag sarana khewan pamburu, kang wis padha sira wulang patraping pamburu, tur wis pintêr, banjur sira abani

--- 1 : 196 ---

supaya mikuta khewan kang sira buru. Ing kono sira kêna mangan iwake khewan kang wis kêcandhak dening khewan pamburu mau. Lan manèh ing nalika sira nguculake khewan pamburu mau nyêbuta asmaning Allah. Lan wêdia ing Allah. Dene Allah iku panimbange marang ala bêciking kawula rikat bangêt.

Wiwit ing dina iki sarupane pêpanganan kang ngrêsêpake kêna padha sira pangan, dene panganane wong kaphir kang padha duwe cêcêkêlan kitab, iya uga kêna padha sira pangan. Pangananira uga kêna dipangan ing wong kaphir mau. Mangkono uga wong wadon mukmin kang mardika utawa wong wadon kaphir kang mardika kang duwe cêcêkêlan kitab kuna sadurungira, iya kêna padha sira rabèni, sok uga sira bayar maskawine. Sira padha sêsomahana, aja padha laku bandrèk, lan aja padha ngingu bedhang dhêlikan, dene sing sapa ambalik dadi kaphir selak marang iman, iku samubarang kabêcikane kang wis dilakoni, mêsthi sirna larut kabèh, wong mau besuk ana ing akhirat kalêbu

--- 1 : 197 ---

ewone wong cilaka.

***

8. He para wong mukmin kabèh, manawa sira arêp anglakoni sêmbayang, sira padha ngumbaha rainira sarta tanganira watês ing sikut, lan ngusapa sirahira, apadene ngumbaha sikilira watês ing polok.

9. Dene yèn sira pinuju junub, (Junub iku mêntas cumbana utawa mêtu kamane sadurunge adus. Takrib.) utawa pinuju lara, utawa pinuju ana ing paran, utawa mêntas têka saka ing jublêng, utawa wis anggêpok wong wadon, kang môngka sira ora olèh banyu, iku sira padha tayamuma kalawan lêmah kang suci, patrape tayamum mau mangkene: sira ngusapa rainira, kalawan tanganira, nganggo lêmah kang suci mau. Mungguh karsaning Allah kang mangkono iku ora ngêngèl-êngèl marang sira, karsane supaya sira padha sucia, lan supaya pêparinging Allah nikmat marang sira bisaa sampurna, bokmanawa sira banjur padha sukur ing Allah.

--- 1 : 198 ---

10. Lan sira padha elinga pêparinging Allah nikmat marang sira, dene sira padha dikarsakake dadi Islam, lan padha elinga prajanjianing Allah ênggone ngugêri ing sira kabèh, nalikane sira padha matur: Kula sampun sami mirêngakên dhawuhing Allah saha sami sanggêm ngèstokakên. Lan sira padha wêdia ing Allah, awit Allah iku nguningani sakarêntêging atinira.

11. He para wong mukmin kabèh, sira padha nêtêpana samubarang wajibira marang Allah, yèn sira dadi saksi padha calathua kalawan têmên. Dene prakara gêthinge para wong kaphir marang sira, iku aja andadèkake owahe pikirira kang nganti sira tinggal adil, sanadyan tumrap ing satru utawa ing mitra sira nindakna ngadil, awit ngadil iku dadi tôndha kang cêdhak dhewe marang wêdi ing Allah, lan sira padha wêdia ing Allah, awit Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni.

12. Allah wis nyagahi marang wong mukmin kalankalawan. [ka...]

--- 1 : 199 ---

[...lan] wong kang padha nglakoni kalakuan bêcik, kabèh bakal padha diparingi pangapura kaluputane, lan bakal diparingi ganjaran gêdhe.

13. Dene wong kang padha kaphir lan kang padha maido ing ayat Ingsun, iku kabèh bakal padha manggon ana ing naraka Jakhim.

14. He wong mukmin kabèh, sira padha elinga pêparing Allah nikmat marang sira kabèh, ing nalikane gêgolongane wong turun Kurès padha kumlawe tangane nêja matèni sira, ing kono Allah banjur ngêndhakake tangane wong Kurès kabèh, dadi ora kêlakon anglawan ing sira, sira padha wêdia ing Allah, para wong mukmin padha pasraha ing Allah.

***

15. Allah têmên wis mundhut sêsanggêmane para turun Israil, lan Ingsun wis ngêdêgake wong rolas saka siji-sijining pancêr Israil, Ingsun adêgake dadi pamomonge para turun Israil. Allah ngandika mangkene: He turuning Israil kabèh, Ingsun anjangkung ing sira kabèh, janji sira padha nglakoni sêmbayang, sarta padha bayar jakat,

--- 1 : 200 ---

lan padha ngèstokake sarta biyantu ing para utusaningsun, apadene sira padha potang ing Allah kalawan gawe kabêcikan, yèn sira padha nêtêpi mangkono, mêsthi sakèhe pialanira bakal Ingsun apura, lan Ingsun bakal anglêbokake sira marang suwarga kang ana bangawane mili ana sangisoring kêkayon. Sawise sêsanggêmanira Ingsun tampani, sira kabèh sing sapa banjur kaphir, iku têtêp wong kêsasar saka ing dalan kang bênêr.

16. Sarèhning para turun Israil banjur padha ngudhari sêsanggêmane, mulane padha Ingsun bêndoni, lan atine Ingsun dadèkake wangkot, ing kono banjur padha ngowahi têtêmbunganing Kitab Torèt, kang nyêbutake wêca bakal rawuhe Nabi Mukhammad, dibuwang saka panggonane, lan padha ninggal bêbungahane ênggone padha dielingake supaya angèstokake Nabi Mukhammad, apadene padha tansah ngêdhèng ênggone padha cidra ngudhari sêsanggêmane, kajaba mung wong sathithik kang Islam. Wong kang mangkono iku padha sira puwunga lan sira apuraa, awit Allah iku

--- 1 : 201 ---

rêmên wong kang padha gawe bêcik.

17. Mangkono manèh Ingsun wis mundhut sêsanggêmane wong kang padha ngucap mangkene: Aku iki wong agama Nasara. Wong mau iya banjur padha ninggal bêbungahane ênggone padha didhawuhi ngèstokake parentahe Nabi Mukhammad. Wong kang mangkono mau Ingsun pêsthi padha sêsatron, lan gêthing-ginêthingan, sawijining wong banjur gêthing marang liyane, nganti têkan ing dina kiyamat, ing besuk Ingsun bakal mêlèhake marang wong mau ing samubarang kang wis padha dilakoni.

18. He wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab, sira wis padha katêkan utusaningsun, kang anjèrèng unining Kitab Torèt, lan Kitab Injil pirang-pirang prakara kang padha sira umpêtake, ditêrangake marang sira kabèh, sarta muwung kaluputanira akèh-akèh. Satêmêne sira wis padha têkan pêpadhang saka ing Allah, iya iku Nabi Mukhammad, lan uga wis padha katêkan Kitab Kuran kang têrang. Allah paring pituduh marang wong kang padha manut kaparênge karsane Allah sarana Kuran mau, padha dituduhake marganing salamêt, lan padha diwêtokake [di...]

--- 1 : 202 ---

[...wêtokake] saka ing pêpêtêng marang ing pêpêtêng marang ing pêpadhang, atas saka karsaning Allah, lan wong mau padha dituduhake ing dalan kang bênêr.

19. Wong kang padha ngucap: Allah iku iya Nabi Ngisa putrane Maryam, iku padha têtêp wong kaphir. He Mukhammad, sira dhawuha: Saupama Allah karsa ngrusak Nabi Ngisa dalah ibune sarta wong saisining bumi iki kabèh, lah sapa kang bisa nulak siksaning Allah sathithik bae.

20. Karaton bumi lan langit, lan samubarang kang ana antaraning bumi lan langit, iku kabèh kagunganing Allah. Allah kuwasa nitahake samubarang kang dadi karsane. Dene Allah iku nguwasani samubarang.

21. Wong Yahudi lan wong Nasara padha calathu: Aku iki kabèh padha putraning Allah sarta kêkasihing Allah. He Mukhammad, sira dhawuha: Yèn pangucapmu iku têmên, yagene Allah têka niksa kowe marga saka dosamu. Kang têmên kowe iku kabèh padha manungsa, ewone titahing Allah. Allah ngapura wong kang dadi parênging karsane, lan uga niksa wong kang dadi

--- 1 : 203 ---

parênging karsane, karaton bumi lan langit, lan samubarang kang ana antarane bumi lan langit, iku kabèh kagunganing Allah. Kabèh iku bakal padha bali marang pangayunaning Allah.

22. He wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab, sira wis padha katêkan utusaningsun, Nabi Mukhammad, kang nêrang-nêrangake marang sira ing bab agama, saiki Rasul pinuju lowong. Mulane nêrang-nêrangake, supaya ing têmbe sira aja nganti bisa madoni: Kula punika botên karawuhan Rasul ingkang ambêbingah utawi ngajrih-ajrihi dhumatêng kula, awit satêmêne sira wis padha katêkan utusaning Allah, kang ambêbungah lan mêdèni marang sira. Dene Allah iku nguwasani samubarang.

***

23. He Mukhammad, sira nyaritakna lêlakone Nabi Musa, nalikane dhawuh marang para santana: He para santanaku kabèh, sira padha elinga pêparinging Allah nikmat marang sira, iya iku Allah ênggone ngêdêgake nabi wong panunggalanira, lan andadèkake sira prasasat ratu, mêngku batih lan batur, lan Allah maringi marang sira barang kang wong

--- 1 : 204 ---

sajagad ora ana kang diparingi.

24. He para santanaku kabèh, kowe paha malêbua ing bumi kang suci, (tanah Sam) kang wis didhawuhake dening Allah, kowe padha ingandikakake malêbu ing kono, lan aja padha ngucira lumayu bali, supaya kowe aja padha nandhang kapitunan.

25. Para santana mau, iya wong Bani Srail, banjur padha matur: Dhuh Nabi Musa, siti suci punika isi tiyang ingkang sami agêng inggil, tur gagah prakosa, kula sami botên kadugi malêbêt ing siti suci punika, kajawi manawi tiyangipun ing ngriku sampun sami kesah, punika kula sami purun malêbêt ing siti suci wau.

26. Ing kono ana wong lanang loro, (Nabi Yusak lan Kalib) iku kalêbu ewone wong kang wêdi nglirwakake parentahing Allah, Allah muga paringa nikmat marang wong loro mau. Wong lanang loro mau padha calathu mangkene: He para kônca kabèh, kowe padha malêbu lawanging nagara, manawa kowe wis padha malêbu ing nagara, mêsthi kowe padha mênang. Yèn kowe

--- 1 : 205 ---

têmên pracaya ing Allah, padha pasraha marang Allah bae.

27. Para Bani Srail banjur padha matur, dhuh Nabi Musa, manawi tiyangipun ing nagari punika taksih wontên ing ngriku, ing salaminipun, kula sami mopo malêbêt ing nagari punika. Mila ing samangke sampeyan tindak piyambak kalihan Pangeran sampeyan malêbêt ing nagari punika, salajêngipun sampeyan pêrang kanthi Pangeran sampeyan, ngayoni tiyang ingkang sami gagah prakosa punika. Wondene kula sakônca sadaya sami narimah linggih wontên ing ngriki kemawon.

28. Nabi Musa nuli munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, kawula punika rumaos botên gadhah punapa-punapa, kajawi namung sagêd angrèh badan kawula piyambak saha badanipun sadhèrèk kawula, mila samangke kawula mugi Tuwan pisahakên kalihan tiyang ingkang sami phasèk punika.

29. Allah nuli ngandika: Yèn mangkono bumi kang suci iku ing mêngko Ingsun lèrènake Ingsun cêlêd ora Ingsun paringake marang Bani [Ba...]

--- 1 : 206 ---

[...ni] Srail. Sajrone patang puluh taun wong Bani Srail ingkang Ingsun karsakake bingung ana ing bumi, ora bisa malêbu ing bumi suci, sira aja susah utawa anggêtuni wong kang padha phasèk.

30. (He Mukhammad) sira anggêlarna marang para umatira mungguh caritane wong loro padha anake lanang Nabi Adam, (Anak lanang loro mau kang siji aran Habil. Sijine aran Kabil. Jamal.) sira caritakna kalawan satêmêne. Iya iku nalikane wong loro mau padha saos kurban, (Kurban iku pisungsung konjuk ing Allah murih kacêdhak ing Allah, kurbane Habil arupa wêdhus, dene kurbane Kabil arupa tanduran. Sawi.) konjuk ing Allah, (Mulabukane wong loro mau padha saos kurban, mangkene: putrane Nabi Adam iku kabèh padha miyos dhampit, kêmbarane Habil iku ala rupane, nanging kêmbarane Kabil rupane ayu. Dene sarengat prakarane Nabi Adam dhèk samana, kêna ngrabèni sadulur, mung ora kêna ngrabèni kêmbarane dhewe, Allah dhawuh marang Nabi Adam, ingandikakake andhaupake Habil, olèh kêmbarane Kabil [Ka...]

--- 1 : 207 ---

[...bil] kang endah warnane, sarta andhaupake Kabil, olèh kêmbarane Habil kang ala rupane, karêpe Kabil kudu dirabèni dhewe, popo didhaupake olèh kêmbarane Habil kang ala rupane. Habil ora narima. Dêgrêging pasulayan wong loro mau banjur padha ngacas karsaning Allah, sarana padha gagawe. tôndha saos kurban.

Kurbane ditampani dening Allah sarana dimôngsa ing gêni saka ing langit, iku wênang, olèh bojo kêmbarane Kabil kang endah warnane. Sabi.) dhèk samana kurbane anak kang siji (Iya iku kurbane Habil, dimôngsa ing gêni saka ing langit padha sanalika. Sabi.) ditampani dening Allah, nanging kurbane anak sijine (Iya iku Kabil, Sabi.) ora ditampani dening Allah. Ing kono anak kang kurbane ora kêtampan banjur calathu marang sadulure kang kurbane kêtampan: Kowe saiki arêp tak patèni, kang arêp dipatèni mangsuli: Kowe aja kliru surup, kurban kang ditampani dening Allah iku mêsthi kurbane wong kang wêdi ing Allah.

--- 1 : 208 ---

31. Manawa tanganmu kumlawe arêp matèni aku, aku ora pisan kumlawe tanganku loro arêp matèni kowe, awit aku wêdi ing Allah Pangeraning alam kabèh.

32. Kapriye apa aku bungah yèn kowe anggendhong dosa ênggonmu matèni aku lan dosamu kang wis kêlakon, kang sabanjure kowe dadi wong naraka, iku ora. Naraka iku dadi wêwalês, patrapane wong kang nganiaya awake dhewe.

33. Ing kono anake Nabi Adam kang kurbane ora kêtampan mau panêmuning atine dhangan bangêt matèni sadulure, sarta banjur kalêksanan matèni têmênan, mulane dadi ewone wong kapitunan.

34. AllaAllah. banjur ngutus manuk gagak, dhukir-dhukir ana ing lêmah mêndhêm kancane kang mati, minôngka piwulang marang putrane Nabi Adam pratikêle nutupi bangkening sadulure kang dipatèni. Putrane Nabi Adam mau banjur calathu, adhuh têka bodho têmên aku iki, yagene aku têka apês, ora duwe panêmu kang kaya manuk gagak iki, [i...]

--- 1 : 209 ---

[...ki,] dadi aku bisa nutupi bangkening sadulurku. Putrane Nabi Adam mau banjur gêtun ênggone kêsuwèn ora mêndhêm sadulure, mung tansah digendhong bae.

35. Awit saka panggawene anake Nabi Adam ênggone matèni sadulure mau, mulane Ingsun namtokake marang wong Bani Srail padha Ingsun pranata, sing sapa matèni wong kang tanpa dosa matèni wong, utawa gawe rusak ana ing bumi, iku dosane prasasat matèni wong sajagad kabèh. Dene sing sapa nguripi wong (nyêgah wong kang arêp matèni wong tanpa dosa) iku kautamane prasasat nguripi wong sajagad kabèh.

36. Wong Bani Srail kabèh wis padha katêkan para utusaningsun, kanthi tôndha yêkti pirang-pirang. Sawise katêkan tôndha yêkti wong Bani Srail mau kang akèh banjur padha andaluya, gawe piala ana ing bumi.

37. Kang mêsthi patrapane wong kang padha ngayoni ing Allah lan utusaning Allah, lan padha nindakake gawe rusak ana ing bumi, iku kudu padha dipatèni utawa padha

--- 1 : 210 ---

dipênthang, utawa dikêthok tangane lan sikile, disêlang-sêling, (Patrape nyêlang-nyêling mangkene: yèn lagi kaluputan sapisan, dikêthok tangane têngên, yèn isih nglakoni kaluputan manèh dikêthok sikile kiwa, nuli tangane kiwa, nuli sikile têngên. Sabi.) utawa padha disingkirake saka ing bumi kang diênggoni. Patrapan kang mangkono iku diênggo ngasorake wong mau ana ing dunya, dene besuk ana ing akhirat: bakal padha nandhang siksa gêdhe.

38. Kajaba wong kang sadurunge kêcêkêl utawa dikuwasani banjur padha tobat saka karêpe dhewe lan nungkul, iku diapura, sira padha wêruha yèn Allah iku ngapura dosa tur Maha-asih.

39. He para wong mukmin kabèh, sira padha wêdia ing Allah, lan padha nyuwuna lantaran kang nyêdhakake ing Allah, lan padha mangsaha pêrang sabilullah, bokmanawa sira padha dadi wong bêgja.

40. Saupama para wong kaphir iku padha anduwèni samubarang isining bumi kabèh, sarta duwe samono êngkas, banjur diênggo nêbusi awake, [awa...]

--- 1 : 211 ---

[...ke,] supaya aja nganti disiksa ing dina kiyamat, mêsthi ora ditampani dening Allah, awit para wong kaphir iku wis ditamtokake bakal padha disiksa ana ing naraka kang nglarani.

41. Pangarêp-arêpe wong kaphir muga padha bisaa mêtu saka ing naraka, ewadene ora pisan-pisan padha bisa mêtu saka ing naraka, wong kaphir mau padha disiksa kang tanpa lèrèn.

42. Wong lanang kang nyolong utawa wong wadon kang nyolong, iku padha sira kêthoka tangane, minôngka patrapan ênggone padha nglakoni nyolong, dumunung siksaning Allah marang wong nyolong mau. Dene Allah iku mulya tur wicaksana.

43. Dene sing sapa sawise nganiaya awake sarana nyolong, banjur tobat, lan banjur ambêcikake kalakuane, Allah iya ngapura marang wong mau, satêmêne Allah iku ngapura dosa tur Maha-asih.

44. Môngsa sira ora wêruha yèn Allah iku kagungan karaton bumi lan langit, wênang niksa wong kang dadi parênging karsane, lan wênang ngapura wong

--- 1 : 212 ---

kang dadi parênging karsane, dene Allah iku nguwasani samubarang.

45. He utusaningsun Mukhammad, sarupane wong kang age-age dadi kaphir, iku wong kang cangkême muni, kula punika mukmin, apadene wong Yahudi kang padha anggugu pandhitane kang nêmaha goroh, lan padha anggugu marang wong Yahudi liya-liyane, iku kabèh aja andadèkake sêdhihira, wong Yahudi mau padha ora gêlêm seba ing sira, malah padha ngowahi unine Kitab Torèt pirang-pirang padha dibuwang saka ing panggonane. Wong Yahudi mau padha calathu marang kancane: Manawa Nabi Mukhammad pitutur marang kowe kaya tuturku iya gugunên, nanging yèn pitutur ora kaya tutur iki, kowe dingati-ati, (aja anggugu pangandikaning Allah) sing sapa dikarsakake dening Allah sasar, mêsthi ora duwe apa-apa saka pêparinging Allah kang kêna dianggo nulak. Dene wong kaphir kang mangkono mau têtela ora dikarsakake suci atine dening Allah, wong kang mangkono mau ana ing dunya dikarsakake [dikarsa...]

--- 1 : 213 ---

[...kake] asor, dene besuk ana ing akhirat, padha dipatrapi siksa gêdhe.

46. Wong kang mangkono mau padha anggugu pandhitane kang goroh. Sarta padha mangan barang larangan, manawa wong mangkono mau padha seba ing sira Mukhammad, anjaluk bêbênêran, iku sira pancasana prakarane, utawa sira tulaka bae, dene manawa wong mau sira tulak, iku bakal ora ambêbayani apa-apa marang sira, nanging yèn sira pancasi prakarane, pancasana kalawan ngadil, awit Allah iku rêmên wong kang padha nindakake ngadil.

47. Apa gawene wong Yahudi mau padha anjaluk bêbênêran marang sira, awit wong Yahudi mau wis padha nyêkêl Kitab Torèt, kang ngêmot anggêr-anggêr kukuming Allah, sawise anjaluk bêbênêran banjur padha malengos marang bêbênêranira (kang wis kêplok lan unining Kitab Torèt cêcêkêlane Si Yahudi) dadi wong Yahudi mau ora angèstokake Kitab Torèt cêcêkêlane dhewe.

48. Ingsun wis andhawuhake Kitab Torèt, [To...]

--- 1 : 214 ---

[...rèt,] ngêmot pituduh lan pêpadhang, dipundhi dening para nabi kang kuna-kuna kang padha ngèstokake parentahing Allah, diênggo mancasi prakarane wong Yahudi, mangkono uga para pandhitane wong Yahudi lan para gurune wong Yahudi iya padha mancasi prakara wêwaton kitabing Allah Torèt kang wis didhawuhake supaya para pandhita lan para guru mau padha ngapalna. Dene para pandhita lan para guru mau padha dadi saksi yèn Torèt kang tulèn iku têmên dhawuhing Allah (He para wong Yahudi), mulane sira aja padha wêdi manungsa, padha wêdia marang Ingsun, (aja wani-wani ngumpêtake unining Torèt) ayat Ingsun aja adha sira lirokake dunya, iku sathithik ajine. Dene sing sapa wani-wani mancas prakara tanpa wêwaton kitab kang wis didhawuhake dening Allah, iku têtêp dadi wong kaphir.

49. Kasêbut sajroning Kitab Torèt, Ingsun wis namtokake marang wong Bani Srail kabèh, yèn wong dosa matèni wong, patrapane iya kudu dipatèni. Wong dosa nyuplêg mata, patrapane kudu dicuplêg matane. Wong dosa

--- 1 : 215 ---

nimpal irung, patrapane iya kudu ditimpal irunge. Wong dosa mêrung kuping, patrapane iya kudu dipêrung kupinge, wong dosa motholake untu, patrapane iya kudu dipothol untune. Dene wong dosa natoni, patrapane iya kudu diwalês. Dene sing sapa nandhang dosa kaya kang kasêbut mau, môngka banjur nyumanggakake awake supaya dipatrapi, (utawa diapura dening aliahli. warise kang ditatoni utawa kang dipatèni) iku dadi pangruwating dosane ana ing akhirat, dene sing sapa wani-wani mancas prakara ora wêwaton kitab kang wis didhawuhake dening Allah, iku têtêp wong nganiaya awake dhewe.

50. Sapungkure para nabi mau banjur Ingsun tungka utusan Nabi Ngisa anake Maryam, nètèsi unine Kitab Torèt, cêcêkêlane wong Bani Srail, lan Ingsun maringi Kitab Injil marang Nabi Ngisa mau, kang ngêmot pituduh lan pêpadhang, sarta nêksèni yèn Kitab Torèt cêcêkêlane wong Bani Srail iku têmên [tê...]

--- 1 : 216 ---

[...mên] têrang saka ing Allah, apadene Kitab Injil iku minôngka pituduh lan wêwulang tumrap wong kang padha wêdi ing Allah.

51. Sarupane wong kang nyêkêl Kitab Injil, padha ngukumana lan ngèstokna samubarang kang wis didhawuhake dening Allah kasêbut ing Kitab Injil mau, dene sing sapa ora ngèstokake barang kang wis didhawuhake dening Allah, iku têtêp wong phasèk (duraka).

52. (He Mukhammad) Ingsun wis andhawuhake Kitab Kuran kalawan nyata marang sira, cundhuk karo surasane kitab kang kuna-kuna, cêcêkêlane wong Bani Srail, sarta nêksèni yèn kitab kuna-kuna mau bênêr, mulane wong kang duwe cêcêkêlan kitab mau padha sira bênêrana wêwaton barang kang wis didhawuhake dening Allah, lan aja nuruti sakarêp-karêpe wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab, nganti tinggal bênêr kang wis didhawuhake marang sira, siji-sijining nabi mêsthi padha mêngku sarengat utawa dalan dhewe-dhewe.

53. Saupama kaparêng karsaning Allah, kêna uga Allah nitahake sira iku didadèkake [didadèka...]

--- 1 : 217 ---

[...ke] umat mung sagolongan bae kang tunggal sarengate (pranatane) ewadene ora, mungguh ênggonira dibeda-beda mungguhing sarengat, iku karsaning Allah nyoba sêtya tuhunira kabèh, mulane sira padha rêbut dhucunga nglakoni kabêcikan. Sira iku kabèh ing têmbe bakal padha bali marang ngarsaning Allah. Ing kono Allah bakal anjalèntrèhake marang sira kabèh bab beda-bedaning sarengat kang padha sira lakoni. (Apadene undha-usuking ganjaran utawa siksa, katimbang lan undha-usuking sêtya tuhu lan kaluputan).

54. Lan sira ambênêrana pasulayane wong Yahudi (prakara raja-raja) wêwaton barang kang wis didhawuhake dening Allah, sira aja mung nuruti apa ature wong Yahudi bae, sira diprayitna aja nganti kêna paekane wong Yahudi kang sumêja ngenggokake bêbênêranira sawatara saka barang kang wis didhawuhake dening Allah marang sira. Dene yèn wong Yahudi mau malengos marang bêbênêranira, iku sira wêruha, satêmêne Allah karsa bakal matrapi wong Yahudi [Ya...]

--- 1 : 218 ---

[...hudi] mau marga dosane sawatara, dene manungsa iku kang akèh padha phasèk.

55. Apa wong Yahudi mau arêp marang khukume wong Buda. Yèn panêmune wong kang têrang sumurupe marang Allah, ora ana wong siji-sijia kang khukume luwih bêcik, ngungkuli khukuming Allah.

***

55. He wong kang padha mukmin kabèh, sira aja padha apèk mitra wong Yahudi lan wong Nasara, wong Yahudi lan wong Nasara mau siji -sijining wong mêmitran lan padha kancane kang tunggal agama, dene sira kabèh sing sapa mêmitran lan wong Yahudi utawa wong Nasara, iya dadi ewoning wong Yahudi lan wong Nasara. Satêmêne Allah iku ora karsa nuduhake wong kang padha nganiaya awake dhewe.

57. Mulane sira andêlêng wong kang atine padha mawa lêlara iku padha kêsusu apèk mitra wong Yahudi lan wong Nasara, ulas-ulas pangucape: Anggèn kula sami mêmitran kalihan tiyang Yahudi utawi tiyang Nasara punika, amarga kula sami kuwatos, bokmênawi kula kataman piawonipun tiyang

--- 1 : 219 ---

wau. (Allah ngandika): cêkake Allah bakal paring pitulung marang nabine, utawa nitahake sawijining prakara, atas saka ing Allah. Ing kono wong Yahudi banjur padha gêtun ênggone nutupi barang kang ora bêcik, ana sajroning atine.

58. Para wong mukmin padha rêrasan lan para kancane: Adhuh, apa iku wong munapèk, kang padha supata abot nganggo nyêbut asmaning Allah, sanggêm biyantu marang kowe. (Pangandikaning Allah): Wong munaphèk iku kabêcikane wis larut sirna kabèh, sabanjure dadi kapitunan.

59. He wong kang padha mukmin, manawa ana kancanira kang ambalik saka agamane Islam, iku ing têmbe Allah bakal maringi liru wong akèh kang padha disihi dening Allah, wong mau uga padha asih ing Allah. Apa iya wong mukmin iku padha asor, lan apa iya wong kaphir iku padha mulya, (iku ora) para wong mukmin padha mangsah pêrang sabilullah, padha ora wêdi pialane wong kang nandukake piala. Kang mangkono iku nugraha pêparinging Allah

--- 1 : 220 ---

diparingake marang wong kang dadi parênging karsane, dene Allah iku jêmbar, (akèh kanugrahane) tur nguningani.

60. Satêmêne mitranira iku Allah lan utusaning Allah, lan padha wong mukmin kang padha nglakoni sêmbayang, lan padha bayar jakat, tur wong iku padha rukuk.

61. Sing sapa mêmitran lan Allah, apadene utusaning Allah lan para wong mukmin, (iku têtêp dadi wadyabalaning Allah) dene wadyabalaning Allah iku kabèh padha mênang.

***

62. He wong kang padha mukmin, sira aja padha apèk mitra wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab kuna sadurungira, kang padha anggêguyu utawa nganggo dolanan agamanira Islam, apadene para wong kaphir, mangkono uga yèn sira padha têmên pracaya ing Allah, sira padha wêdia ing Allah.

62. Mangkono manèh sarupaning wong yèn sira undang sira ajak sêmbayang banjur anggêguyu lan anganggo dolanan marang sêmbayang, (iku aja sira pèk mitra) ênggone padha anggêguyu mau amarga [a...]

--- 1 : 221 ---

[...marga] wong iku padha ora ana akale.

64. (He Mukhammad) sira dhawuha: He wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab, kang padha koselaki iku dudu apa-apa, nanging kang koselaki iku ênggonku pracaya marang Allah, lan samubarang kang wis didhawuhake dening Allah marang aku, lan samubarang kang wis didhawuhake dening Allah dhèk biyèn sadurungku, apadene ênggonku ngarani yèn kowe iku kang akèh padha phasèk.

65. (He Mukhammad) sira dhawuha: Apa kowe anjaluk tak kandhani wong kang dipatrapi dening Allah, patrapane luwih abot, tinimbang lan wong kang nyelaki mau, iya iku wong kang padha dibêndoni lan didukani dening Allah, malah ana kang rupane disalini rupa kêthèk utawa rupa cèlèng, lan manèh wong kang ngabêkti utawa nyêmbah marang setan. Wong kang mangkono mau kabèh panggonane ana ing naraka ala bangêt, apadene kêbangêtên ênggone kêsasar saka ing dalan kang bênêr.

66. Nalikane para wong Yahudi kang phasèk padha seba ing sira Mukhammad, padha matur: Kula punika [pu...]

--- 1 : 222 ---

[...nika] sami mukmin, nanging satêmêne ênggone padha malêbu marang ngarêpira kalawan ambatin kaphir, sarta mêtune saka ngarêpira kalawan ambtin kaphir. Dene Allah iku nguningani lamise wong munaphèk kang diumpêtake ana sajroning atine.

67. Sira andêlêng wong Yahudi mau pirang-pirang kang padha tanpa taha ênggone padha ngucap goroh, lan siya-siya nganiaya, lan mangan barang larangan. Kang padha dilakoni mangkono mau mêsthi ala bangêt.

68. Para pandhita lan para gurune wong Yahudi layak ora nyêgah marang Si Yahudi ênggone padha calathu goroh lan ênggone padha mangan barang larangan, ala têmên tindake para pandhita lan para guru mau.

69. Wong Yahudi padha ngucap: Astaning Allah iku anggêgêm bae, (kumêd) AlahAllah (dan di tempat lain). ngandika: Kang tangane anggêgêm iku wong Yahudi. Wong Yahudi padha dibêndoni dening Allah marga saka ênggone padha ngucap kang mangkono mau, satêmêne astaning Allah loro pisan padha mêgar, (bangêt lomane) pêparing sakarsa-karsane, [sakarsa-karsa...]

--- 1 : 223 ---

[...ne,] para panggêdhene lan gurune wong Yahudi mau ing têmbe bakal sangsaya wuwuh sasare lan pamaidone marang Kuran kang wis didhawuhake dening Pangeranira Mukhammad, lan Ingsun bakal nitahake sêsatron lan gêthing-ginêthingan antarane wong Yahudi mau, nganti têkan ing dina kiyamat. Wong Yahudi mau sabên ngurubake gêni, (Ngurubake gêni, karêpe: sabên ngumpulake kônca diajak ngayoni pêrang marang Kangjêng Nabi Mukhammad, iku diwurungake dening Allah, marga ênggone pasulayan kancane dhewe. Jamal.) kanggo pêrang nglawan Nabi Mukhammad, gêni mau dipatèni dening Allah. Wong Yahudi mau padha tumindak gawe rusak ana ing bumi. Dene Allah iku ora rêmên wong kang padha gawe rusak.

70. Saupama wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab iku padha pracaya ing Nabi Mukhammad, sarta padha wêdi ing Allah mêsthi padha Ingsun ruwat sakèhing pialane, lan mêsthi padha Ingsun lêbokake ing suwarga Nangim, lan manèh saupama wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab iku padha ngèstokake dhawuhing Kitab Torèt lan Kitab Injil, [Inji...]

--- 1 : 224 ---

[...l,] lan samubarang kang wis didhawuhake marang wong mau saka ing Pangerane, mêsthi wong mau padha mangan rijêki pêparinging Allah saka ing dhuwur lan saka ngisoring sikile. Sawênèhe wong mau ana kang sêdhêngan, nanging kang akèh padha nglakoni ala.

***

71. He utusaningsun Mukhammad, sira ngundhangna samubarang kang wis didhawuhake dening Pangeranira marang sira. Yèn sira ora ngèstokake, (ana kang sira unthêt) sira iya jênêng ora ngundhangake dhawuhing Allah, dene Allah iku ngrêksa ing sira kalisa saka pialaning manungsa. Satêmêne Allah iku ora karsa paring pituduh marang wong kang padha kaphir.

72. (He Mukhammad) sira dhawuha: He wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab, sira iku ora kêcacah apa-apa ing bab agama, kajaba yèn sira padha ngèstokake Kitab Torèt lan Kitab Injil, lan samubarang kang wis didhawuhake dening Pangeranira marang sira kabèh. (He Mukhammad): [M...]

--- 1 : 225 ---

[...ukhammad):] Ing têmbe Ingsun bakal muwuhi sasar lan pamaidone wong Yahudi pirang-pirang, maido marang samubarang kang wis didhawuhake dening Pangeranira marang sira. Mulane sira aja anggêtuni marang wong kang padha kaphir.

73. Dene sarupane wong mukmin, apadene para wong Yahudi lan para wong Sabiin, lan para wong Nasara, kang padha pracaya ing Allah lan pracaya bakal anane dina kiyamat, apadene padha nglakoni kalakuan bêcik, iku besuk ana ing akhirat bakal ora kuwatir apa-apa, lan ora bakal nandhang susah.

74. Ingsun têmên wis ngasta sêsanggêmane wong Bani Srail, lan Ingsun uga wis anglakokake utusan dhêdhawuh marang wong Bani Srail mau. Dene wong Bani Srail sabên katêkan utusaningsun, andhawuhake karsaningsun kang ora condhong lan karêpe, ing kono wong Bani Srail banjur padha maido marang utusaningsun sawatara, lan matèni utusaningsun sawatara.

--- 1 : 226 ---

75. Para wong Yahudi mau padha ngira yèn ênggone padha maido utawa matèni para utusaning Allah mau ora ana pakewuhe apa- apa, dadi wong Yahudi mau padha picak lan bisu atine, ewadene barêng padha tobat, Allah banjur ngapura marang wong Yahudi mau, sawise diapura, wong Yahudi mau kang akèh banjur padha picak lan bisu atine manèh. Dene Allah iku mirsani samubarang kang padha dilakoni dening wong Yahudi kabèh.

76. Sarupane wong Nasara kang padha ngucap: Satêmêne Allah iku iya Nabi Ngisa putrane Maryam, wong mangkono mau têtêp dadi kaphir. Nabi Ngisa wis dhawuh: He para turuning Israil, kowe padha nyêmbaha ing Allah Pangeranku lan Pangeranmu. Sing sapa wayuh nyêmbah liyane Allah, mêsthi dilarangi ora kêna malêbu ing suwarga, panggonane ana ing naraka. Dene wong kang padha nganiaya awake dhewe iku, mêsthi ora ana kang bisa nulungi nulak siksaning Allah.

77. Wong Nasara kang padha ngucap: Allah iku Pangeran kang kaping têlu saka Pangeran têlu, (Kapracayane [(Kapraca...]

--- 1 : 227 ---

[...yane] agama Nasara ênggone ngarani Pangeran têlu, iku dadi patang golongan:

1. Ngarani sariraning Allah lan sarirane Nabi Ngisa lan sarirane Dèwi Maryam, iku siji-sijine padha aran Pangeran;

2. Ngarani: Pangeran iku kumpule dadi sipat têlu: 1. wujud, têgêse: ana, 2. ngilmu, têgêse: kawruh, 3. khayat, têgêse: urip. Dene Nabi Ngisa iku putraning Pangeran;

3. Ngarani: Pangeran iku kumpule awak siji lan sipat loro, iya iku: 1. sariraning Allah kang ditêmbungake: rama, 2. sipat kalam, têgêse pangandikaning Allah, kang ditêmbungake: putra, 3. sipat khayat, têgêse: urip, kang ditêmbungake: roh suci. Dene kumpule têlung prakara iku Pangeran siji.

4. Ngarani: Pangeran iku kumpule awak loro lan sipat siji, iya iku sariraning Allah, 2. sarirane Nabi Ngisa, 3. sipat khayat, têgêse: urip kang dumunung ana sarirane Nabi Ngisa. Sawi.). iku têtêp dadi kaphir, awit ora ana Pangeran kajaba mung Pangeran siji Allah. Dene wong Nasara [Nasa...]

--- 1 : 228 ---

[...ra] mau manawa ora marèni ênggone ngucap mangkono mau, ing besuk wong kang padha kaphir mau mêsthi padha kambah ing siksa kang nglarani.

78. Yagene para wong Nasara padha ora gêlêm tobat ing Allah lan ora padha nyuwun pangapuraning Allah. Dene Allah iku ngapura dosa tur Maha-asih.

79. Nabi Ngisa putrane Maryam iku dudu sapa-sapa, satêmêne utusaning Allah, dene para utusan kang kuna-kuna wis padha ora ana. Dene ibune Nabi Ngisa iku sawijine wong wadon kang pangucape têmên, Nabi Ngisa lan Maryam mau sakarone padha mangan pêpanganan, (kaya lumrahing manungsa) mara rasakna ênggon Ingsun nêrang-nêrangake tôndha pirang-pirang marang para wong Nasara mau, nuli andêlênga marang para wong Nasara mau ênggone padha nampik bênêr.

80. (He Mukhammad) sira dhawuha: Yagene sira padha nyêmbah liyane Allah, kang ora kuwasa gawe kamlaratanira, lan ora kuwasa gawe pakolèhira. Dene Allah iku miyarsa tur ngudanèni.

--- 1 : 229 ---

81. (He Mukhammad) sira dhawuha: He wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab, ênggonira padha nglakoni agama aja kêbangêtên, nganti dadi ora bênêr, lan aja padha manut ardane wong kuna kang wis têtela padha kêsasar, lan padha nasarake wong akèh, apadene awake dhewe padha kêsasar saka dalan kang bênêr.

***

82. Wong Bani Srail kang padha kaphir padha dibêndoni dening Allah marga saka ipat-ipat kang kawêtu saka tutuke Nabi Dawud lan tutuke Nabi Ngisa putrane Maryam. Mangkono mau wêwinih saka ênggone padha duraka tur wong mau padha anjarag. Tur wong mau padha ora cêgah-cinêgah nglakoni panggawe ala. Kang padha dilakoni wong Bani Srail mau ala bangêt.

83. (He Mukhammad) sira andêlêng wong Yahudi lan wong Nasara iku akèh kang padha mêmitran lan wong kaphir ing Mêkah. Iba alane ênggone padha nyadhiyakake awake marang dêdukaning Allah, wong mangkono iku besuk padha langgêng ana ing siksa naraka.

--- 1 : 230 ---

84. Saupama wong Yahudi lan wong Nasara mau padha pracaya ing Allah lan marang Nabi Mukhammad, lan ngèstokake Kuran kang wis didhawuhake marang Nabi Mukhammad, mêsthi padha ora gêlêm apèk mitra wong kaphir. Satêmêne wong Yahudi lan wong Nasara mau akèh kang padha phasèk (duraka).

85. Sira mêsthi wêruh yèn wong kang bangêt dhewe ênggone sêsatron lan para wong mukmin, iku para wong Yahudi lan wong kang padha musrik, lan sira iya wis wêruh yèn wong kang cêpak dhewe sihe marang para wong mukmin, iku wong kang padha ngucap: Kula punika sami tiyang Nasara. Enggone cêpak sihe mau marga wong Nasara iku ana gurune lan ana pandhitane, lan manèh wong iku padha ora gumêdhe.