Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

Jus kaping pitu

86. Wong Nasara kang mangkone mau nalikane padha krungu unining Kuran kang didhawuhake marang Rasul Nabi Mukhammad, sira andêlêng matane madha nrocos mêtu luhe, marga ênggone padha wêruh bênêr kang

--- 1 : 230 ---

nyata. Wong mau banjur padha munjuk: Dhuh Pangeran kawula, kawula punika sami pitados (dhatêng nabi tuwan sarta dhatêng Kuran kitab Tuwan) mila Tuwan mugi kaparênga nyêrati kawula punika katunggilakên kalihan tiyang ingkang sami nêksèni yèn nabi Tuwan saha kitab Tuwan punika têmên.

87. Yagene aku padha ora pracaya marang Allah, lan marang barang-barang kang nyata kang wis didhawuhake marang aku. Aku mêsthi padha kapengin dilêbokake suwarga dening Pangeranku, tunggal karo wong kang padha bêcik kalakuane.

88. Awit saka pangucape wong Nasara kang mangkono mau, mulane Allah angganjar marang wong mau, padha diparingi suwarga kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, wong mau ana ing kono padha langgêng. Kang mangkono mau sumurup ganjaran marang wong kang padha gawe bêcik. Dene wong kang padha kaphir lan padha maido ing ayat Ingsun, iku padha manggon ana ing naraka Jakhim.

***

89. He para wong mukmin kabèh, sira aja padha

--- 1 : 231 ---

ngaramake (ngarani larangan) sadhengah barang kang ngrêsêpake dikhalalake (ora dilarangi) dening Allah tumrap ing sira kabèh, lan aja padha nglirwakake parentahing Allah. Satêmêne Allah iku ora rêmên wong kang padha nglirwakake parentahe.

90. Lan sira padha mangana samubarang kang wis diparingake dening Allah dadi panganira kalawan khalal lan rêsêp, lan sira padha wêdia ing Allah kang padha sira pracaya.

91. Allah ora karsa nêtêpake supatanira kang mung kêbanjur tanpa sêdya, nanging Allah nêtêpake ênggonira padha supata kang kanthi sêdya. Dene (yèn sira narajang supata) pangruwating supata mau kudu awèh pangan wong miskin sapuluh, pangan kang têngahan, (ora kudu kang unggul, lan ora kêna kang asor bangêt) panunggalane pangan kang sira ênggo ngingoni para batihira, siji-sijining wong miskin samud, têgêse saraub) utawa awèh sandhang wong miskin sapuluh, utawa mardikakake kawula kang mukmin. Dene sing sapa

--- 1 : 232 ---

ora bisa nglakoni salah sijining têlung prakara mau, pranguwating supatane kudu puwasa têlung dina. Kang kasêbut mau dadi pangruwating supatanira manawa sira narajang supata. Lan sira padha ngati-atia aja nganti narajang supata, kaya mangkono iku Allah ênggone nêrang-nêrangake ayate marang sira, supaya sira padha sukura ing Allah.

92. He wong kang padha mukmin, mungguh sajêng lan ngabotohan, lan brahala lan ajêlam, (Ajêlam iku cangkir pitu, cêcêkêlane wong kang rumêksa Kakbah ing jaman kuna, kanggo nôndha barang kang arêp disumurupi pêthèke. Sawi.) iku kabèh barang ala saka panggawene setan, kabèh iku padha singkirana, supaya sira padha dadi wong bêkja.

39. Kang mêsthi cêpak, setan iku ênggone nandukake paeka supaya sira iku padha sêsatron utawa gêthing-ginêthingan, apadene ênggone marsudi supaya sira padha lalia marang Allah lan lali nglakoni sêmbayang, kabèh mau nganggo sarana sajêng lan [la...]

--- 1 : 233 ---

[...n] botohan, adhuh, apa iya sira banjur padha lali marang Allah lan banjur mari nglakoni sêmbayang. Sira padha ngabêktia ing Allah lan manut mituruta marang Rasul Nabi Mukhammad, lan padha wêdia nglakoni duraka. Dene yèn sira suthik ngabêkti ing Allah lan manut marang Nabi Mukhammad, iku sira padha wêruha yèn wajibing Rasul utusaningsun iku mung mratakake dhawuh Ingsun.

94. Para wong mukmin kang padha bêcik kalakuane ora ana pakewuhe ênggone biyèn padha ngombe sajêng lan ngabotohan, anggêre padha ngati-ati, ora mangan barang kang larangan, sarta padha têtêp pracayane marang Allah lan lastari kalakuane bêcik, apadene padha nyirik barang kang ing têmbe dilarangi, lan padha ngandêl yèn iku larangan. Banjur padha ngati-ati ora nganiaya wong, lan padha gawe kabêcikan. Allah iku rêmên wong kang padha gawe kabêcikan.

***

95. He para wong mukmin kabèh, Allah bakal nyoba ing sira sarana bêburon [bêburo...]

--- 1 : 234 ---

[...n] khewan dharatan, kang cilik kêna sira cêkêl kalawan tangan, kang gêdhe kêna sira pikut kalawan gêgamanira (iku sira padha dilarangi ambêbêdhag khewan mau) mulane sira padha dicoba mangkono. Supaya Allah nguningani kalawan gumêlaring akèh sapa kang têmên wêdi ing Allah sanadyan Allah iku ora kasat mata. Dene sing sapa sawise dipacaki iki mêksa nêrak larangan, wong iku bakal disiksa kang nglarani.

96. He para wong mukmin, sajrone sira isih padha nglakoni ihram, aja padha matèni khewan bêburon, dene sira kabèh sing sapa pinuju ihram, môngka anjarag matèni khewan bêburon, iku dipatrapi kaya patrapane yèn matèni khewan ingon (nyabêlèh khewan banjur nyidêkahake daginge marang wong miskin) apa murwate gêdhe ciliking khewan kang dipatèni. Dene kang nêtêpake pamurwate mau kudu kancanira wong lanang loro kang padha ngadil, patrapan dhêndhan iku minôngka pisungsung katur marang Kakbah (tanah Kharam) utawa pangruwating kaluputan [kalupu...]

--- 1 : 235 ---

[...tan] mangkono mau, awèh pangan para wong miskin, sarêgane kewan kang dimurwat mau. (Sabên samud diwèhake wong miskin siji, utawa padhane pangruwat mau kudu nglakoni puwasa, lirune pangan samud, puwasa sadina) mulane dipatrapi mangkono, supaya wong kang kaluputan mau ngrasakake aboting kaluputan kang wis dilakoni, Allah ngapura prakara larangan iki kang wis kabanjur (sadurunge ana dhawuh iki) dene sing sapa babalibali. nglakoni kaluputan manèh, iku Allah matrapi marang wong mau. Dene Allah iku mulya tur wicaksana.

97. Sira kabèh padha diparêngake mangan bêburon khewaning sagara, (kewan sagara kang mati tanpa dibêlèh) minôngka bêbungah marang sira kabèh lan marang wong kang ana ing paran. Lan manèh sajrone sira padha nglakoni ihram, padha dilarangi mangan bêburon khewan dharatan. Lan sira padha wêdia ing Allah kang ing têmbe sira padha diimpun marang ngarsane.

98. Kaparênging Allah, Kakbah kang uga aran Baitul Kharam, iku diênggo panggonaning manungsa [manung...]

--- 1 : 236 ---

[...sa] nglakoni agama, apadene sasi Kharam, (Dulkangidah, Bêsar, Sura lan Rêjêb, iku kabèh diênggo môngsa têntrêm, ora ana pêrang) mangkono uga pisungsung lan kalung kayu ing tanah Kharam, iku diênggo nylamêtake saka pangarubiru. Karsaning Allah kang mangkono mau supaya sira padha sumurupa yèn Allah iku nguningani samubarang luwih manèh isining bumi lan langit. Sira padha sumurupa yèn Allah iku siksane abot, lan satêmêne Allah iku ngapura dosa tur Maha-asih.

99. Kuwajibaning Rasul iku mung mratakake dhawuh, dene Allah iku nguningani samubarang kang sira êdhèng, lan barang kang padha sira tutupi.

100. (He Mukhammad) sira dhawuha: Barang kang ala (kharam) iku ora padha lan barang kang bêcik (khalal) sanadyan barang kang kharam iku akèh bangêt, nganti andadèkake gumunira. He wong kang padha ana ngakale, sira padha wêdia ing Allah, (aja mangan kang kharam, supaya sira padha

--- 1 : 237 ---

bêgja.

***

101. He wong kang padha mukmin, sira aja padha nyuwun wêruh apa-apa (marang Kangjêng Rasul) kang sakirane manawa didhawuhake marang sira bakal andadèkake rêkasanira. Dene yèn sira nyuwun wêruh barang-barang nalikane dhumawuhing Kuran (Kangjêng Rasul isih sugêng) mêsthi banjur didhawuhi, (wêkasan dadi rêkasanira) Allah wis ngapura ênggonira padha nêrang nyuwun wêruh. Dene Allah iku ngapura dosa tur ora age-age matrapi. Para wong kuna sadurungira uga padha nêrang barang-barang (marang nabine) wêkasan padha ambalik dadi kaphir, jalaran didhawuhi kang rêkasa.

102. Allah ora andhawuhake pisungsung bakirah (Bakirah iku unta wadon kang disêngkêr, ora kêna diwêtokake powane) utawa saibah (Saibah iku unta kang diênggo ngluwari nadar. Samôngsa nadar wis kalêksanan kaya karêpe kang duwe nadar, unta banjur disaosake marang brahala

--- 1 : 238 ---

ing kono banjur ora kêna ditunggangi utawa dimomoti sapêpadhane, mung dingon bae) utawa wasilah (Wasilah iku unta wadon loro padha sadulur pambarêp sarta adhine gumuli. Padha disaosake marang brahala.) apadene kham (Kham, iku unta wadon kang wis manak ping sapuluh, iku banjur dimardikakake, ora kêna dipèk gawene, disaosake marang brahala. Jalalèn.) (têgêse Allah ora mundhut pisungsung patang prakara mau kaya kang wis ditindakake dening wong kuna) nanging pangarêpe wong kaphir padha goroh, awad-awad yèn pisungsung patang prakara mau têrang saka dhawuhing Allah. Dene wong kaphir mau kang akèh padha tanpa ngakal.

103. Para wong kaphir mau nalikane padha didhawuhi: He padha marenea, padha ngèstokna samubarang kang wis didhawuhake dening Allah, lan padha ngèstokna dhawuhing Rasulullah, wong kaphir mau banjur padha mangsuli: Kula sampun cêkap anglampahi samukawis lêlampahanipun para

--- 1 : 239 ---

lêluhur kula ingkang sampun kula sumêrêpi kemawon. (Allah ngandika:) Apa sanadyan lêluhure si kaphir iku padha ora wêruh barang-barang lan ora olèh pituduh iya mêksa dinut.

104. He wong kang padha mukmin, sira padha kajibah marsudi bêcike awakira dhewe, manawa sira dhewe wis nêtêpi pituduh bênêr, sasare wong kang kêsasar iku ora makewuhi apa-apa marang sira. Sira iku kabèh bakal padha bali marang pangayunaning Allah, ing kono Allah bakal anjalètrèhake marang sira kabèh samubarang kang wis padha sira lakoni.

105. He wong kang padha mukmin, manawa sira ngarêpake mati, yèk arêp mêmêkas apa-apa prayoga nganggoa saksi kancanira tunggal agama Islam wong loro kang padha ngadil. Dene yèn sira pinuju lêlungan ana ing bumi, ana ing paran sira ngarêpake tumêka ing pati, (kang môngka sira ora olèh saksi wong Islam, iku kêna uga sira nganggo [ngang...]

--- 1 : 240 ---

[...go] saksi utawa mêmêkas marang wong loro kang seje agama. (Dene sira wong kang mariksa kaanane) mênawa sira sumêlang (bokmênawa ature saksi kang seje agama mau goroh) iku sira andhêga, banjur sira supatanana, sanadyan wong kang ngudi barang kang diwêkasake iku kalêbu sanak, saksi mau iya supatanana, dene wayahe supata ana sawise sêmbayang Ngasar, supata mau nganggo nyêbuta asmaning Allah, lan ngucapa: Têmên kula botên nyade utawi nglintokakên barang ingkang dipun wêlingakên dening tiyang ingkang pêjah punika. Sarta kula botên ngumpêt punapa-punapa, namung nêksèni kados dhawuhing Allah. Kula kalêbêt tiyang duraka.

106. (Sawise kalêksanan supata) mênawa sêksi loro mau banjur konangan ênggone padha katêtêpan dosa marga ênggone padha goroh ature, ing kono banjur anjupuka sêksi loro manèh, kang padha kalêbu sanake wong kang mati minôngka numpangi sêksi loro kang dhisik mau, wong

--- 1 : 241 ---

loro mau banjur padha disupatanana nganggo nyêbut asmaning Allah, sawise rampung ature, nganggoa ditutupi mangkene: Anggèn kula sami nêksèni punika langkung têmên sarta patitis, tinimbang aturipun saksi kalih ingkang rumiyin punika, sarta kula botên mêwahi saking nyatanipun, yèn atur kula punika dora, kula kalêbêt tiyang niaya.

107. Panindaking prakara kang mangkono mau cêdhak bangêt lan bênêr, tinimbang yèn saksi loro kang dhisik mau banjur dianggêp bae, ature ênggone nêksèni, utawa tinimbang yèn saksi loro kang kari mau kuwatir, bokmênawa sawise awake disupatani, saksi loro kang dhisik banjur gênti disupatani manèh. Sira padha wêdia ing Allah, sarta padha ngèstokna parentahe, Allah iku ora karsa nuduhake wong kang padha phasèk.

108. (He Mukhammad): Sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane Allah ngumpulake para Rasul, ing kono Allah andangu: [a...]

--- 1 : 242 ---

[...ndangu:] (minôngka mêlèhake para manungsa) êndi kanyataane ênggonira padha dièstokake dhawuhira. Para Rasul banjur padha munjuk: (Dhuh Gusti) sêsêrêpan kawula sapintên, Tuwan ingkang saèstu nguningani samukawis ingkang samar.

109. Lan nyaritakna nalikane Allah ngandika: He Ngisa anake Maryam, sira elinga ênggon Ingsun paring nikmat marang sira lan marang biyungira, awit Ingsun nyantosakake sira kalawan roh suci, ing kono sira isih bayi wis bisa calathu marang manungsa, luwih manèh barêng wis diwasa.

110. Lan sira elinga nalikane Ingsun mêruhake ing sira, Ingsun wêruhake têtulisan, lan kawicaksanan, lan Kitab Torèt, lan Kitab Injil, lan nalikane sira ngêndhèg-êndhèg lêmpung sira gawe rêtupan manuk kalawan kaparêng Ingsun, nuli sira damoni banjur dadi manuk têmênan, kalawan kaparêng Ingsun, lan nalikane sira mêlèkake wong kang cilik mula tanpa mata, lan marasake [ma...]

--- 1 : 243 ---

[...rasake] wong bêlang kalawan kaparêng Ingsun. Lan nalikane sira nguripake wong sawatara kang wis mati kalawan kaparêng Ingsun, lan nalikane Ingsun ngalang-alangi para turuning Israil ênggone padha arêp matèni sira, marga sira nêkani wong Bani Srail mau kalawan mukjijat kaelokan kang minôngka tondha yêkti. Ing kono wong Bani Srail kang padha kaphir padha ngucap: Kaelokan kang mangkene iki têtela yèn sikhir.

111. Lan sira nyaritakna nalikane Ingsun dhawuh marang para Khawari. Sira padha pracayaa marang Ingsun, lan marang utusan Ingsun Nabi Ngisa, para Khawari mau banjur padha munjuk: Kawula sami pitados, Tuwan mugi nêksènana bilih kawula punika sami Islam.

112. Lan sira nyaritakna likanenalikane.

para Khawari padha matur: Dhuh Nabi Ngisa putraning Maryam, Pangeran sampeyan punapa sagêd maringi rampadan saking langit dhumatêng kula. Nabi Ngisa mangsuli: Yèn sira têmên padha pracaya ing Allah, sira padha wêdia ing Allah.

--- 1 : 244 ---

113. Para Khawari banjur padha matur manèh: Kula punika sami kapengin badhe nêdha rampadan saking langit wau, supados manah kula têtêp ing pitados, lan supados kula sami sumêrêp bilih sampeyan punika sampun nganggêp têmên dhatêng pidatos kula, lan supados kula punika sami dados saksi tumurunipun rampadan saking langit wau.

114. Nabi Ngisa putrane Maryam banjur munjuk ing Allah: Dhuh Allah dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi paringa rampadan dhumatêng kawula saking ing langit, supados dintên tumurunipun rampadan wau dados dintên agêng ingkang sami kawula mulyakakên, utawi dipun mulyakakên dening para tiyang sapêngkêr kawula, lan supados dadosa tôndha yêkti saking Tuwan, punapadene Tuwan mugi paringa rijêki rampadan saking langit wau dhumatêng kawula, awit sami-sami ingkang paring rijêki Tuwan pun'pun' tidak perlu dibaca. punika sae piyambak.

115. Allah banjur ngandika: Ingsun maringi rampadan tumurun saking ing langit marang sira

--- 1 : 245 ---

kabèh. Sawise Ingsun paring rampadan iki, para kancanira sing sapa banjur ambalik dadi kaphir, iku bakal Ingsun siksa kalawan siksa kang wong sajagad ora ana Ingsun siksa kalawan siksa mau.

***

116. Lan manèh sira nyaritakna nalikane Allah andangu: He Ngisa anake Maryam, apa nyata sira dhawuh marang para manungsa. Kowe padha mangerana marang aku lan marang ibuku, pangeran iku mung loro iki, dudu Allah. Nabi Ngisa banjur munjuk: (Dhuh Allah) Tuwan punika Mahasuci, kawula botên pisan dhawuh dhatêng tiyang ingkang botên salêrêsipun, manawi kawula têmên dhawuh kados ingkang Tuwan pangandikakakên wau, ingkang tamtu Tuwan sampun uninga, awit Tuwan punika nguningani samukawis ingkang kawula singidakên wontên ing manah kawula, nanging kawula botên sumêrêp ingkang wontên ing sarira Tuwan, Tuwan punika nguningani barang [ba...]

- -- 1 : 246 ---

[...rang] ingkang samar-samar.

117. Kawula botên pisan andhawuhakên dhumatêng para manungsa kajawi namung samukawis ingkang sampun Tuwan dhawuhakên dhumatêng kawula, inggih punika: Sira padha nyêmbaha ing Allah, Pangeranku lan Pangeranmu. Salêbêtipun kawula taksih woworan kalihan para manungsa wau, kawula inggih nyumêrêpi punapa kawontênanipun, (sarta inggih kawula cêgah anggènipun sami wicantên ingkang botên lêrês) wondene ing benjing manawi kawula sampun Tuwan pundhut, Tuwan ingkang ngulat- ulatakên samukawis ingkang dipun lampahi para manungsa wau. Tuwan punika nguningani samukawis.

118. Manawi Tuwan kaparêng niksa para manungsa wau (sampun botên nama nganiaya, awit) sadaya punika sami kawula Tuwan. Wondene manawi Tuwan kaparêng ngapura (inggih pantês, awit) Tuwan punika Mahamulya tur Wicaksana.

119. Allah ngandika: Iki dina kiyamat, ing kono sarupane wong kang padha

--- 1 : 247 ---

têmên, katêmênane makolèhi marang awake, kabèh padha duwe suwarga kang ana bangawane mili ana sangisoring kêkayon, ana ing kono padha langgêng salawase. Allah wis kaparêng nganggêp pangabêktine wong mau, dene wong mau iya wis suka narima tômpa ganjaraning Allah, kang mangkono iku aran kabêgjan kang gêdhe.

120. Karaton bumi lan langit lan saisine kabèh, iku kagunganing Allah. Dene Allah iku nguwasani samubarang.

***

Surat An Ngam (rajakaya)

Tinurunake ana nagara Mêkah, satus sawidak lima ayat

Awit ingkang asma Allah, kang Mahamurah tur Maha-asih.

1. Sakèhing pangalêmbana iku konjuk ing Allah, kang wis nitahake bumi lan langit, apadene nganakake pêpadhang lan pêpêtêng, ewadene para wong kaphir pangabêktine marang Allah Pangerane lan marang liyane dipadha bae. [ba...]

--- 1 : 248 ---

[...e.]

2. Allah iku kang nitahake sira kabèh para manungsa, dititah saka ing êndhut, nuli namtokake mangsane patinira. Dene katamtuaning môngsa ênggonira bakal padha ditangèkake saka ing pati, iku ana ing astaning Allah piyambak, ewadene sira wong kaphir kabèh padha mamang.

3. Iya iku Allah kang bênêre kudu disêmbah ana ing bumi lan ana ing langit, nguningani lairira lan batinira, lan nguningani samubarang kang padha sira lakoni.

4. Para wong kaphir mau manawa katêkan tôndha yêkti saka ing Pangerane, mêsthi padha malengos.

5. Para wong kaphir mau nalikane katêkan Kuran, padha maido Kuran kang nyata têmên, mulane ing besuk mêsthi padha katêkan siksa kang anggêgirisi, siksane ênggone padha anggêguyu Kuran.

6. Wong kaphir mau apa padha ora andêlêng para wong kuna sadurunge si kaphir mau kang ing

--- 1 : 249 ---

biyèn wis padha Ingsun paringi panggonan ana ing bumi kang ora Ingsun paringake marang sira, sarta padha Ingsun paringi udan dêrês saka ing langit, lan Ingsun ngilèkake bangawan ana sangisoring omahe. Wusana wong mau kabèh padha Ingsun sirnakake marga saka dosane. (Enggone maido para nabi) sawise Ingsun sirnakake, panggonan mau banjur Ingsun dokoki wong seje.

7. Saupama Ingsun nurunake kitab marang sira Mukhammad, rupa têtulisan ana ing krêtas, wong kaphir banjur padha anggêpok têtulisan mau kalawan tangane, mêsthi banjur padha ngucap mangkene: Iki dudu barang-barang, satêmêne têtela yèn sikhir.

8. Wong kaphir padha ngucap: Yagene ora ana malaikat kang diutus marene, nêksèni yèn Nabi Mukhammad iku têmên, (pangandikaning Allah) upama Ingsun ngutus malaikat, (kaya karêpe si kaphir mau) mêsthi sarupaning prakara banjur dirampungi padha sanalika, wêsakan para wong kaphir mau tanpa disarantèkake

--- 1 : 250 ---

tobate.

9. Lan manèh upama Ingsun miji utusan malaikat, mêsthi malaikat kang Ingsun piji dadi utusan mau Ingsun salini rupa wong lanang, (supaya manungsa bisa wêruh rupane) yèn mangkono. Manungsa ênggone padha kasamaran marang utusaningsun mau, uga Ingsun gawe kasamaran.

10. (He Mukhammad): satêmêne para Rasul sadurungira uga padha digêguyu dening para umate (kaya sira mangkono) dene wong kang padha anggêguyu mau, padha dituruni siksa, minôngka patrapane ênggoning padha anggêguyu.

11. He Mukhammad, sira dhawuha: Kowe padha anjajaha ana ing bumi, lan padha andêlênga sarupaning patilasane wong kuna, kowe bakal têrang kadadiane wong kang padha maido para Rasul.

12. (He Mukhammad) sira andangua: Isining bumi lan langit iki duwèke sapa. (Manawi wong kaphir ora bisa mangsuli kang bênêr), sira dhawuha: Kabèh iki kagunganing Allah. Allah namtokake marang sarirane piyambak, mêsthi

--- 1 : 251 ---

paring sih kamurahan marang kawulane, ewadene besuk dina kiyamat, Allah bakal ngimpun sira kabèh, ora sumêlang bakal kêlakone. Dene wong kang wis pinêsthi awake cilaka, mêsthi padha ora pracaya ing Allah.

13. Samubarang kang maujud tinêmu ing rina lan wêngi, iku kabèh kagunganing Allah. Allah iku miyarsa tur nguningani.

14. (He Mukhammad) sira dhawuha: Apa aku ngadêgake Pangeran liyane Allah, (iku luput) Allah iku nitahake bumi lan langit, paring pangan lan ora dicaosi dhahar. Sira dhawuha manèh: Aku iki tômpa dhawuhing Allah, ingandikakake dadi kawitane wong Islam, lan uga didhawuhi: Sira aja dadi ewone wong kang padha maro tingal.

15. (He Mukhammad) sira dhawuha: Manawa aku nglakoni duraka marang Pangeranku, aku wêdi siksane ing dina kiyamat.

16. Ing dina iku sing sapa diluputake saka ing siksa, iku têtela wong disihi dening Allah, kang mangkono iku aran kabêgjan kang nyata.

--- 1 : 252 ---

17. Manawa Allah nyandhangi pakewuh marang sira, ora ana kang bisa ambengkas pakewuh mau kajaba Allah piyambak, dene yèn Allah kaparêng ngarsakake bêcik marang sira (ora ana kang bisa murungake kalêksananing bêcik mau), Allah iku nguwasani samubarang.

18. Allah iku kang kuwasa piyambak, misesa ana sadhuwuring kawulane. Allah iku kang wicaksana, ngadil tur waspada.

19. (He Mukhammad) sira andangua: Sapa kang ênggone nêksèni kuwat dhewe. (Manawa wong kaphir padha ora bisa mangsuli patitis) sira banjur dhawuha: Wruhanamu, kang kuwat dhewe ênggone nêksèni iku Allah. Mungguh pasulayanku lan kowe kabèh, Allah nêksèni têmêne ênggonku dadi utusaning Allah, aku diparingi wahyu Kuran, supaya tak ênggoa mêmêdèni marang kowe kabèh, lan marang sadhengaha kang katêkan Kuran iki. Kowe apa padha nêksèni yèn ana Pangeran manèh liyane Allah. Lan sira dhawuha manèh: Yèn aku

--- 1 : 253 ---

ora nêksèni mangkono. Pangeran iku mêsthi mung siji Allah, satêmêne aku ora magêpokan ênggonmu padha maro tingal.

20. Sarupaning wong kang padha Ingsun waratani kitab Torèt utawa Injil, mêsthi padha wêruh têrang marang Nabi Mukhammad, kaya wêruhe marang anak-anake, nanging kang wis pinêsthi awake dadi wong cilaka, iya padha ora ngandêl marang Nabi Mukhammad.

21. Ora ana wong kang luwih dening nganiaya marang awake dhewe kajaba wong kang gawe-gawe, calathu goroh diawadake têrang saka Allah, utawa maido marang ayating Allah. Satêmêne wong kang padha nganiaya marang awake dhewe iku mêsthi padha ora bisa olèh kabêgjan.

22. Lan manèh sira nyaritakna dina kiyamat, ing kono para titah padha Ingsun tangèkake saka ing pati, Ingsun banjur ngandika marang wong kang padha maro tingal: Endi Pangeranira kang padha sira anggêp dadi têtimbangan Ingsun.

23. Sawise mangkono, wong mau ora bisa munjuk apa-apa, kajaba mung: Dêmi Allah

--- 1 : 254 ---

Pangeran kawula, kawula punika botên sami malih tingal.

24. (He Mukhammad): mara sira dêlênga wong kang padha maro tingal iku ênggone padha goroh ngrêsikake awake dhewe. Dene ênggone dhèk biyèn padha gawe-gawe, diawadake têrang saka dhawuh Ingsun, saiki padha digawe ilang bae.

25. Sawênèhing wong kaphir ana uga kang ngrungokake pamacanira Kuran, nanging atine padha Ingsun tutupi, dadi padha ora mangêrti surasaning Kuran, lan kupinge padha Ingsun budhêgake, dene yèn andêlêng siji-sijining tôndha yêkti padha ora ngandêl, malah manawa seba ing sira wong kaphir mau padha ngucap mangoni,maoni. caritane para wong kuna kang mangkene iki kabèh goroh.

26. Wong kaphir mau padha mênging manut marang Nabi Mukhammad lan mênging ngèstokake Kuran. Kang mangkono mau ora nyilakani sapa-sapa, malah nyilakani marang awake dhewe, ewadene padha ora rumasa.

--- 1 : 255 ---

27. (He Mukhammad) ing besuk sira andêlêng para wong kaphir nalikane padha digiring marang naraka, ing kono si kaphir padha munjuk: Adhuh, bok inggih kawula punika sami dipun wangsulakên dhatêng ing dunya malih, kawula sami sanggêm botên maibên ayating Pangeran kawula, utawi kawula badhe sami dados tiyang mukmin.

28. Saiki wong kaphir padha kanyataan gumêlar ênggone biyèn padha ambatin kaphir. Saupama si kaphir mau padha diparêngake bali marang ing dunya manèh, mêsthi iya padha bali nêrak laranganing Pangeran manèh, dadi ênggone padha sanggêm akèh-akèh mau ora wurung bakal goroh.

29. Lan manèh wong kaphir mau manawa dibalèkake marang ing dunya manèh, mêsthi padha ngucap: Kauripan iku iya mung urip ana ing dunya nyikiiki. bae. Ing besuk aku ora bakal diuripake saka ing pati.

30. (He Mukhammad) ing besuk sira andêlênga para wong kaphir nalikane padha disebakake ana ngarsaning Pangerane, ing kono ana dhawuhing Allah: Lah iki apa ora nyata ananing kiyamat. Wong kaphir banjur padha munjuk: Dêmi Allah [A...]

--- 1 : 256 ---

[...llah] Pangeran kawula, inggih sayêktos sapunika dintên kiyamat kanyataan. Allah dhawuh manèh: Saiki sira padha ngrasakna siksa, patrapane ênggonira biyèn padha maido.

31. Sarupaning wong kang padha maido yèn ing têmbe bakal padha disebakake marang ngarsaning Allah, iku têtêp wong kapitunan. Wong mangkono mau ing besuk têkaning dina kiyamat kang satuhu ngagètake, mêsthi banjur nutuh awake, pangucape: Adhuh gêtun têmên aku ana ing dunya biyèn padha kainan. Wong mau padha anggendhong dosane ana ing gêgêre. Iba alane ênggone padha nandhang dosa mau.

32. Kabungahaning urip ana ing dunya iku dudu barang-barang, satêmêne iku dolanan kang nglalèkake barang kang maidahi lan marakake andaleya, dene kabungahan ing jaman akhirat iku tumrap wong kang padha wêdi ing Allah luwih dening bêcik, sira apa ora padha duwe pikir kang mangkono mau.

33. Ingsun wis nguningani yèn wong kaphir ênggone [êng...]

--- 1 : 257 ---

[...gone] padha calathu maido iku andadèkake sêdhihira. (Sira aja sêdhih, awit) si kaphir mau satêmêne ora maido ing sira, ewadene wong kang padha nganiaya awake dhewe, iku padha gawe gêlar maido ayating Allah.

34. Para rasul sadurungira biyèn uga padha dipaido nanging padha sabar ênggone padha dipaido lan dilarakake atine, wusana padha Ingsun tulungi. Wruhanira ora ana kang bisa ngowahi dhawuh pangandikaning Allah. Sira têmên wis diparingi wêruh caritane para rasul.

35. Dene yèn bangêt sêdhihira marga dipadoni dening wong kaphir, iku manawa sira bisa, mara gawea luwangan kang nganti ambutulake bumi utawa gawea ôndha kang têkan ing langit, ing kono sira banjur nêkakna ayat saka sajroning bumi utawa saka dhuwuring langit, (nanging mêsthi ora bisa), upama kaparênga karsaning Allah, Allah mêsthi kuwasa angguyubake manungsa iki kabèh sayuk padha nêtêpi pituduhing Allah. Kang iku sira aja dadi wong bodho

--- 1 : 258 ---

ora mangêrti.

36. Kang mêsthi gêlêm sira ajak pracaya iku sarupane wong kang ngrungokake sarta ngrasakake Kuran. Dene wong kang padha mati kaphir, iku ing têmbe padha ditangèkake dening Allah saka ing pati, banjur padha diimpun marang pangayunaning Allah.

37. Wong kaphir ing Mêkah padha calathu: Yagene Nabi Mukhammad ora diparingi tôndha yêkti kaelokan saka Pangerane. (He Mukhammad) sira dhawuha: Satêmêne Allah kuwasa maringi tôndha yêkti, (kaya pêpanggile si kaphir) nanging si kaphir mau kang akèh padha ora wêruh (yèn têkaning yêkti iku cêpak bakal ambilaèni marang awake).

38. Samubarang kang gumrêmêt ana ing bumi utawa manuk kang mabur sarana suwiwine loro, iku dudu barang-barang, satêmêne iku kabèh padha umating Allah kaya sira, samubarang kaanane padha katulis ana ing kitabing Allah (kang aran): Loh Mahphul (Loh têgêse papan, Mahphul, têgêse rinêksa,

--- 1 : 259 ---

dicathêti. Dene kang diarani Loh Mahphul iku bukuning Allah, isi pêpêsthène sarupaning titah. Takriphat.) ora ana kang kêliwatan siji-sijia, ing têmbe bakal padha dikalumpukake marang pasamuwan pangadilaning Pangerane.

39. Dene wong kang padha maido ayat Ingsun Kuran, iku sanepane wong budhêg bisu manggon ana ing pêpêtêng. Sing sapa dikarsakake dening Allah dadi cilaka, banjur disasarake, dene kang diparêngake dadi bêgja, banjur dikarsakake ngambah dalan kang bênêr (Islam).

40. (He Mukhammad) sira dhawuha: Kapriye panêmumu ênggonmu padha nyêmbah liyane Allah, manawa kowe katêkan siksaning Allah ana ing dunya, utawa katêkan dina kiyamat, ing kono kowe apa padha sêsambat marang liyane Allah, (mêsthi ora) yèn panêmumu têmên bênêr, sêsambata marang liyane Allah.

41. Nanging kanyataane kowe padha sêsambat ing Allah, ing kono manawa kaparêng karsaning Allah, Allah banjur ambirat pakewuh kang padha kosuwun marang Allah birate,

--- 1 : 260 ---

kowe banjur padha kêlalèn, ambanjurake ênggonmu padha maro tingal.

42. (He Mukhammad) Ingsun wis ngutus Rasul marang para umat kuna sadurungira, (sarèhning para umat mau padha maido) Ingsun banjur ngudanake kamlaratan lan lêlara, supaya para umat mau banjur padha sumungkêm.

43. Yagene para umat mau nalikane padha katêkan siksaningsun, ora banjur padha sumungkêm, malah padha wangkot atine. Dene setan iku ambudi supaya para umat mau padha kêsêngsêma marang duraka kang sabêne wis padha dilakoni.

44. Barêng para umat mau uwit padha lali, nglirwakake pitutur bêcik kang wis diwulanga dening Rasul, Ingsun banjur nglulu sarana Ingsun wêngani lawanging samubarang (bisa kalêksanan sadhengah kang dikarêpake) barêng wis padha bungah ênggone katêkan samubarang kang sinêdya, banjur Ingsun turuni siksa kang ngagètake, ing kono wong mau padha kaduwung kang ora kêna dibalèni.

45. Wusana sarupane wong kang padha nganiaya awake [a...]

--- 1 : 261 ---

[...wake] dhewe mau padha disirnakake kabèh, sakèhing pangalêmbana iku konjuk ing Allah Pangeraning alam kabèh.

45.46. (He Mukhammad) sira dhawuha: Kapriye panêmumu, saupama Allah mundhut pangrungumu lan pandêlêngmu, lan nutupi atimu, ing kono, liyane Allah, sapa kang koanggêp Pangeran bisa ambalèkake pangrungu pandêlêng lan pikirmu kang wis dipundhut dening Allah mau. (He Mukhammad) sira rasakna ênggon Ingsun anggênah-gênahake tôndha yêkti pirang-pirang, nanging wong kaphir padha nampik.

47. (He Mukhammad) sira dhawuha: Kapriye pamikirmu marang awakmu, mênawa kowe padha katêkan siksaning Allah kang ngagètake utawa mawa cêcala, ing kono sapa kang bakal dirusak, ora liya mung wong kang padha nganiaya awake dhewe.

48. Enggon Ingsun ngutus para Rasul iku ora liya para Rasul mau mung padha ngêbang-êbang lan mêmêdèni. Dene sing sapa pracaya marang Allah sarta ambêcikake kalakuane, iku

--- 1 : 262 ---

ing besuk ana ing akhirat bakal ora kuwatir apa-apa, lan padha ora kasusahan.

49. Dene wong kang padha maido ayat Ingsun, iku ing besuk bakal padha kêna siksa marga ênggone padha duraka.

50. (He Mukhammad) sira dhawuha: Aku ora mratelakake marang kowe kabèh yèn aku nyêkêl gêdhong pasimpênan, kagunganing Allah lan aku ora ngaku wêruh barang kang samar-samar, apadene aku ora mratelakake marang kowe kabèh yèn aku iki sawijining malaikat, dene kang tak lakoni ora liya mung ngèstokake barang kang wis didhawuhake dening Allah marang aku. (He Mukhammad) sira dhawuha: Apa wong picak lan wong andêlêng iku padha bae, (mêsthi beda) yagene kowe ora padha mikir kang têmênan.

51. Kuran iku sira anggoa mêmêdèni marang wong kang padha kuwatir yèn ing têmbe padha digiring marang ngarsaning Allah Pangerane, rumôngsa bakal ora ana kang bisa nulungi awake [awa...]

--- 1 : 263 ---

[...ke] utawa anggênêpi kêkurangane, kajaba mung Pangerane kang bisa, supaya wong mau padha wêdia ing Allah.

52. Lan sira aja nyingkang-nyingkang wong miskin kang padha nyuwun marang Pangerane ing wayah esuk lan sore, ciptane suci mung murih kacêdhaka ing sariraning Pangeran, awit manawa si miskin mau ambatin kang ora bênêr, sira ora bakal kalepetan apa-apa, mangkono uga wong mau iya ora milu apa-apa kang kèlu saka lakunira.

53. Mangkono uga Ingsun nyoba sawênèhing umatira kang sugih, kapriye panganggêpe marang kang miskin. Kang sugih apa padha ngucap: Kancaku kang ditulungi dening Allah olèh pituduh bênêr, apa wong miskin iku, (pangandikaning Allah): Allah apa ora nguningani luwih dening têrang marang wong kang padha sukur ing Allah.

54. Wong kang padha pracaya marang ayat Ingsun manawa seba marang sira, iku sira bagèkna mangkene: Kowe padha slamêta, Pangeranmu namtokake marang sarirane piyambak, mêsthi paring sih

--- 1 : 264 ---

kowe kabèh sing sapa nglakoni ala nanging ora wêruh yèn iku bakal ana patrapane, sawise nglakoni sarta wêruh yèn ana patrapane, banjur tobat sarta ambêcikake kalakuane, (iku mêsthi olèh pangapura, awit) Allah iku ngapura dosa tur Maha-asih.

55. Mangkono uga Ingsun nêrang-nêrangake ayating Kuran (supaya barang kang nyata bênêr iku gumêlar) lan supaya dalane wong kang padha dosa iku cêtha wela-wela.

56. (He Mukhammad) sira dhawuha: Aku iki dilarangi, ora kêna nyêmbah brahala kang padha kosêmbah, dudu Allah, apadene sira dhawuha manèh: Aku ora manut ing sakarêp-karêpmu, manawa aku manut, bakal kêsasar, lan aku ora olèh pituduh bênêr.

57. (He Mukhammad) sira dhawuha: Aku iki nêtêpi parentahe Pangeranku, kang wis dikukuhake kalawan tôndha yêkti, kowe padha maido marang Pangeranku, emane aku ora nyêkêl siksa kang padha sira gege,

--- 1 : 265 ---

wruhanamu, kang ngasta kungkum iku ora ana manèh kajaba mung Allah piyambak, iku kang mancasi prakara- kara.

58. (He Mukhammad) sira dhawuha manèh: Upama aku nyêkêla siksa kang pada kogege iku, mêsthi prakaraku lan kowe iki rampung padha sanalika iki, (nanging karampungan iku ana ngastaning Allah) Allah iku nguningani wong kang padha nganiaya awake dhewe.

59. Allah iku kagungan gêdhong pasimpênaning kawruh gaib, gêdhong mau ora ana kang wêruh kajaba mung Allah piyambak, lan manèh Allah iku nguningani samubarang isining dharatan lan isining sagara, sanadyan godhong salêmbar kang runtuh saka ing gantilane, utawa wiji saêlas kang kêpêndhêm ing bumi, wiji têlês utawa garing, kabèh mau mêsthi diuningani dening Allah, lan uga kêtulis ana kitabing Allah kang têrang, (Loh Mahphul).

60. Allah iku kang mundhut nyawanira nalikane sira turu ing wayah wêngi, barêng wis awan, Allah ambalèkake nyawa mau marang awakira [a...]

--- 1 : 266 ---

[...wakira] wadhag, lan nguningani samubarang kang padha sira lakoni ing wayah awan, kang mangkono mau supaya gênêp pêpêsthèning umur kang wis tinamtokake, sira banjur padha bali marang pangayunaning Allah, ing kono Allah banjur anjalèntrèhake samubarang kang wis padha sira lakoni ana ing dunya.

61. Allah iku kang masesa ana sadhuwuring kawulane, lan kang matah malaikat rumêksa ing awakira, nyathêti laku-lakunira, nganti tumêka ing patinira, ing kono utusaningsun malaikat pati banjur ambêthot nyawaning wong mau. Para malaikat utusan mau ora ana kang kèthèr ênggone nglakoni kuwajibane.

62. Sawise mangkono para titah banjur padha digiring marang pangayunaning Allah, iya iku Pangerane kang nyata. Khukum iku kagunganing Allah piyambak, Allah iku panimbange rikat bangêt, ngungkuli wong kang padha nimbang prakara.

63. (He Mukhammad) sira dhawuha: Sapa kang nyalamêtake sira saka pakewuhing dharatan [dhara...]

--- 1 : 267 ---

[...tan] lan pakewuhing sagara, kang sira suwun-suwuni lair trusing batin. Lan nyuwunira: Mênawi Tuwan paring wilujêng dhumatêng kawula saking pakèwêd punika, mêsthi kawula pitados saha sukur ing Tuwan.

64. Sira dhawuha: Allah kang mêsthi nyalamêtake kowe saka pakewu hing dharatan lan pakewuh ing sagara, lan saka sarupaning kasusahan, sawise disalamêtake kowe banjur padha maro tingal.

65. (He Mukhammad) sira dhawuha: Allah iku kuwasa nungkêbi siksa marang sira saka ing dhuwurira utawa saka ngisoring sikilira, lan kuwasa ambubarake paguyubanira, lan kuwasa ambubarake paguyubanira, apadene siji-sijining wong padha diwêruhake rasaning piala saka kancane. Sira andêlênga ênggon Ingsun nêrang-nêrangake tôndha yêkti, supaya manungsa padha ngêrtia.

66. Para umatira banjur padha maido Kuran, tur Kuran iku bênêr, têntêmên.

saka ing Allah. (He Mukhammad) sira dhawuha: Aku ora kuwajiban mêksa ing kowe. Sarupaning dhawuh, [dha...]

--- 1 : 268 ---

[...wuh,] (kaya ta dhawuh bakal niksa marang kowe kabèh) iku ana mangsane kang tinamtokake, ing besuk kowe bakal padha wêruh nyatane.

67. Mênawa sira andêlêng wong kang padha nyulayani anggêguyu ayat Ingsun, iku padha singkirana, kajaba yèn banjur ambalik, nyulayani sarupaning carita liyane Kuran. Dene yèn sira dilalèkake dening setan (lêlinggihan lan wong mau) iku mênawa sira wis kelingan, (banjur nglunganana) aja lêlinggihan lan wong kang padha nganiaya awake dhewe.

68. Wong kang padha wêdi ing Allah ora bakal kalepetan apa-apa saka kaluputane wong kang padha nyulayani ayating Allah mau, nanging iya wajib ngelingake marang wong mau, supaya padha milu wêdi ing Allah.

69. Sarupane wong kang nganggo dêdolanan utawa gêguyon marang agama kang diwajibake marang awake, (iya iku agama Islam) sarta kêblingêr milih kabungahan ing dunya, iku sira togna bae, (aja sira lawan [la...]

--- 1 : 269 ---

[...wan] ing pêrang). Sira mituturana lan nyurup- nyurupna marang manungsa, apa sasurasaning Kuran, supaya aja ana awak kang nekad marang karusakan kalawan kaluputan kang wis dilakoni. Awak mau ora duwe andêl-andêl liyane Allah, lan ora ana kang bisa angganêpi kêkurangane kajaba Allah. Awak mau upama bisa ngaturake têbusan sarana apa bae, mêsthi ora ditampani. Sarupane wong kang nganggo dêdolanan utawa gêguyon marang agama Islam mau têtêp wong nekad marang karusakan sarana kaluputan kang wis padha dilakoni, iku ing besuk bakal padha diombèni wedang kang katog panase, lan bakal disiksa kang nglarani, minôngka patrapane ênggone padha kaphir.

70. (He Mukhammad) sira dhawuha: Aku ora pisan nyêmbah liyaning Allah, awit iku barang ora bisa makolèhake marang aku lan ora bisa gawe kamlaratan marang aku, upama aku nglakoni mangkono, dadi sawise aku dituduhake dening Allah marang agama Islam, aku nêmaha anjungkêl marang tungkakku, [tung...]

--- 1 : 270 ---

[...kakku,] padha bae lan wong kang disasarake dening setan, ana ing bumi banjur bingung, iya duwe kônca kang ajak-ajak marang pituduh bênêr, pangundange: Kowe marenea. (Nanging kang diundang ora maèlu, he Mukhammad) sira dhawuha: Satêmêne pituduhing Allah agama Islam iku pituduh kang bênêr. Aku sakancaku wong Islam kabèh padha didhawuhi ngèstokake parentahing Allah Pangerane ngalam kabèh.

71. Lan uga padha didhawuhi nglakoni sêmbayang, apadene wêdi ing Allah. Kowe iku kabèh ing têmbe bakal padha ditangèkake saka ing pati sarta diimpun marang pangayunaning Allah.

72. Allah iku kang nitahake bumi lan langit, mawa piguna. Mangkono uga sira nyaritakna dina kiyamat, ing kono Allah ngandika: Anaa. Padha sanalika banjur ana kaya sakarsaning Allah.

73. Pangandikaning Allah iku têmên mêsthi kalêksanan, Allah iku kagungan karaton, ngratoni dina kiyamat, nalikane malai- [malai...]

--- 1 : 271 ---

[...-] kat Israphil andamu sêmpronge kang isi nyawane para titah kabèh, Allah iku nguningani samubarang kang gaib lan kang kasat mata, Allah iku wicaksana tur waspada.

74. (He Mukhammad): sira nyaritakna nalikane Nabi Ibrahim matur marang bapakne aran: Azar: awit saking punapa sampeyan têka mangeran dhatêng brahala. Pamanggih kula, sampeyan punika dalah para santana sampeyan, têtela sami kêsasar.

75. Mangkono uga Ingsun nontonake Nabi Ibrahim, Ingsun tontonake karaton bumi lan langit, supaya dadia wong kang têrang sêsurupane.

76. Nalikane ing wayah bêngi kang pêtêng Nabi Ibrahim mau andêlêng lintang Sukra, banjur calathu marang para sanake, layak lintang sukra iki kang padha koarani pangeranku. Barêng lintang sukra mau wus ilang (surup) Nabi Ibrahim mêdharake panêmune: Aku ora dhêmên mangeran barang kang bisa ilang.

77. Barêng Nabi Ibrahim mau andêlêng rêmbulan [rêmbula...]

--- 1 : 272 ---

[...n] andhadhari banjur calathu marang para sanake: Bokmanawa rêmbulan iki kang padha koarani pangeranku. Barêng rêmbulan mau wis surup, Nabi Ibrahim mêdharake pangunandikane: Mênawa Pangeranku ora paring pituduh bênêr marang aku, mêsthi aku iki bakal dadi wong kêsasar.

78. Barêng Nabi Ibrahim mau andêlêng srêngenge mêtu saka wetan, banjur calathu: Kang mêsthi srêngenge iki kang padha koarani Pangeranku, awit padha-padha lintang, srêngenge iku gêdhe dhewe. Barêng srêngenge mau wis surup, Nabi Ibrahim mêdharake kêkêncênganing panêmune, he para sanakku kabèh, mungguh ênggonmu padha maro tingal iku aku wisuh ora milu-milu.

79. Satêmêne aku ngadhêpake raiku, nyêmbah ing Pangeran kang nitahake bumi lan langit, mènglèng utawa manut marang agama kang bênêr. Aku iki dudu ewone wong kang padha maro tingal.

80. Ing kono para sanake Nabi Ibrahim padha madoni. Wangsulane Nabi Ibrahim: [I...]

--- 1 : 273 ---

[...brahim:] Yagene kowe padha madoni marang aku bab kapracayan marang Allah, Allah wis paring pituduh marang aku, mulane aku ora pisan wêdi marang brahala kang padha kosêmbah iku, kajaba yèn Pangeranku ngarsakake paring rêribêd marang aku, iku aku wêdi, Pangeranku ênggone nguningani samubarang, têbane jêmbar bangêt, tanpa wêkasan. Yagene kowe padha mikir kang mangkono mau.

81. Kapriye yèn aku wêdia marang brahala kang padha kosêmbah iku, lan sabab apa kowe padha ora wêdi utawa tanpa kuwatir ênggonmu padha maro tingal, nyêmbah liyaning Allah, iya iku brahala kang ora bisa gawe tôndha yêkti marang kowe. Yèn kowe dhasar wêruh: mara têrangna, mungguh wong rong golongan, wong mukmin lan wong maro tingal, iku êndi kang bênêre olèh kaslamêtan.

82. Sarupane wong mukmin kang pracayane ora kaworan panganiaya maro tingal, iku kabèh padha olèh kaslamêtan, kalis saka ing siksa, sarta kabèh padha olèh pituduh [pi...]

--- 1 : 274 - --

[...tuduh] dalan kang bênêr.

83. Dene padune Nabi Ibrahim tumrap marang para sanake mau, iya iku wêwaton Ingsun kang wis Ingsun wisikake marang Nabi Ibrahim, kanggo mancahi marang para sanake. Ingsun anjunjung dajarating wong kang dadi parênging karsaningsun, satêmêne Pangeranira iku wicaksana tur nguningani samubarang.

84. Lan Ingsun paring anak marang Nabi Ibrahim, aran Nabi Iskak, lan putu aran Nabi Yakub, nabi loro mau padha Ingsun paringi pituduh bênêr. Sadurunge iku Nabi Nuh iya Ingsun paringi pituduh. Lan turune Nabi Nuh sawatara iya Ingsun paringi pituduh bênêr. Kaya ta: Nabi Dawud lan Nabi Suleman, Nabi Ayub lan Nabi Yusuph, Nabi Musa lan Nabi Harun, mangkono uga Ingsun angganjar wong kang padha gawe kabêcikan.

85. Lan kaya ta: Nabi Zakariya lan Nabi Yahya lan Nabi Ngisa lan Nabi Ilyas. Kabèh iku kalêbu ewone wong bêcik.

86. Lan kaya ta: Nabi Ismangil lan Nabi Ilyasak, [Ilya...]

--- 1 : 275 ---

[...sak,]

lan Nabi Yunus lan Nabi Lut. Kabèh iku padha Ingsun dadèkake wong linuwih, ngungkuli wong sajagad kabèh.

87. Lêluhure lan turune lan sadulure para nabi mau, ana sawatara kang Ingsun paringi pituduh bênêr. Para nabi mau padha Ingsun pilih lan Ingsun tuduhake dalan kang bênêr.

88. Mungguh pranataning agama kang diampil dening para nabi mau, iku pituduhing Allah. Para kawulaning Allah kang dadi parênging karsane padha dituduhake marang agama mau. Saupama para nabi iku padha maro tingal, mêsthi kabêcikane kang wis padha dilakoni larut kabèh.

89. Para nabi mau padha Ingsun paringi ampilan kitab dhewe-dhewe, lan Ingsun paringi kawicaksanan, apadene pangkat kanabean. Mênawa wong kaphir ing Mêkah padha maido pêparing Ingsun têlung prakara mau (sira aja kuwatir) mêsthi sira Ingsun tulungi sarana gêgolonganing wong kang ora pisan maido pêparing Ingsun têlung prakara mau.

90. Para nabi mau padha diparingi pituduh bênêr [bê...]

--- 1 : 276 ---

[...nêr] dening Allah, mulane sira Mukhammad iya nglêluria dalane (kapracayane lan kasabarane) para nabi mau. Sira dhawuha: Enggonku anggêlarake Kuran iki, aku ora anjaluk pituwas apa-apa marang kowe, awit Kuran iki dudu barang-barang, satêmêne pitutur bêcik tumrap marang isining jagad kabèh, (jin lan manungsa).

91. Wong Yahudi ênggone padha ngaji-aji ing Allah durung satakêre ajining Allah, awit wong Yahudi mau padha ngucap mangkene: Allah ora dhawuh apa-apa marang manungsa. (He Mukhammad) sira dhawuha: Sapa kang andhawuhake kitab Torèt ampilane Nabi Musa biyèn, minôngka pêpadhang lan pituduh dalan bênêr marang manungsa. Panganggêpe wong Yahudi, Kitab Torèt iku mung dianggêp daluwang bae. Dene surasane, êndi kang condhong lan karêpe Si Yahudi, banjur digêlarake marang wong akèh, nanging iya akèh kang diumpêtake, marga ora condhong lan karêpe, ewadene Nabi Mukhammad wis anjalèntrèhake surasaning Kuran [Kura...]

--- 1 : 277 ---

[...n] marang sira wong Yahudi, nêrangake surasaning Torèt kang maune sira lan para lêluhurira wong Yahudi padha durung wêruh. (He Mukhammad) sira dhawuha: Wruhanira kang andhawuhake Kitab Torèt iku Allah. Wong Yahudi mau sawise sira dhawuhi mangkono, ênggone padha nunjang-nunjang utawa anggêguyu Kuran, padha togna bae.

92. Kuran iki kitab kang Ingsun dhawuhake mawa barkah, nêksèni têmêne sarupaning kitab cêcêkêlane wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab. Mulane Ingsun dhawuhake, supaya sira ênggoa mêmêdèni marang wong isining nagara lan sakiwa têngêne, sarupaning wong kang padha ngandêl bakal ananing akhirat, mêsthi padha pracaya marang Kuran mau, sarta banjur padha nêtêpi sêmbayang.

93. Ora ana wong kang luwih dening nganiaya marang awake dhewe, kajaba wong kang gawe-gawe, calathu goroh diawadake têrang saka dhawuhing Allah, utawa ngucap: Aku tômpa dhawuhing Pangeran, nanging satêmêne

--- 1 : 278 ---

ora tômpa dhawuh apa-apa. Lan manèh wong kang ngucap: Sadhela êngkas aku bakal andhawuhake têtimbanganing Kuran kang wis didhawuhake dening Allah. (He Mukhammad) enggal awas, sira bakal andêlêng wong kang padha nganiaya awake mau nalikane sakarat pati, (ing kono sira andêlêng barang kang anggêgirisi, iya iku) para malaikat padha tumandang tangane niksa marang wong mau, pangucape: Dirikat wêtokna nyawamu, ing dina iki kowe padha dipatrapi siksa kang ngasorake, marga ênggonmu padha calathu ora têmên, koawadake têrang saka dhawuhing Allah, lan sira padha gumêdhe, lumuh manut ayating Allah.

94. Satêmêne besuk ana ing akhirat, sira padha seba ana ing pangayunaningsun, ijèn, tur tanpa sandhangan, kaya nalikane sira Ingsun titahake sakawit, (mêtu saka ing guwa garbaning biyung) samubarang pêparing Ingsun marang sira nalika ana ing dunya padha kari ana ing burinira. Lan Ingsun ora mirsani sira dikinthil ing brahala andêl-andêlira [andêl-andê...]

--- 1 : 279 ---

[...lira] kang sira kira bakal anjangkung ing sira dadi têtimbanganing Allah, ing dina iku paguyubanira wus buyar. Samubarang kang sira èsthi nalika ana ing dunya, kabèh padha nyidrani.

95. Satêmêne Allah iku kang mlêthèkake wiji lan isining wowohan, thukul dadi wit-witan, lan mêtokake barang kang mati saka barang kang urip, (kaya ta: mani diwêtokake saka manungsa, lan êndhog saka ing manuk) kang kuwasa mangkono mau iku kang asma Allah, saiki kapriye ênggonira padha suthik pracaya.

96. Allah iku kang nyilakake pêpêtêng nalika tumrontong ing wayah bangun, lan andadèkake wêngi kanggo môngsa palerenan, lan nitahake srêngenge lan rêmbulan kanggo ukuraning wayah utawa môngsa. Kang mangkono iku kuwasaning Pangeran Kang Mulya tur nguningani.

97. Allah iku kang nitahake sakèhe lintang migunani marang sira kabèh, (kanggo panêngêran) supaya sira padha wêruha

--- 1 : 280 ---

dalan ana pêpêtênging sagara. Ingsun wis mijangake tôndha yêktining kuwasaningsun, marang wong kang padha wêruh.

98. Allah iku kang nitahake sira kabèh, uwite saka awak siji bae, (iya iku Nabi Adam) dene mani caloning manungsa iku ing ngarêp tinêtêpake ana iga wêkasing bapa, nuli lumèrèg marang pranakaning biyung. Ingsun wis mijang-mijangake tôndha yêkti kuwasaningsun, marang wong kang padha ngêrti.

99. Allah iku kang nurunake banyu udan saka ing langit, banyu udan mau banjur Ingsun ênggo mêtokake sarupaning thêthukulan, nuli Ingsun ênggo mêtokake barang ijo saka ing thêthukulan mau, Ingsun banjur mêtokake woh kang tumpa-tumpa saka barang kang ijo mau. Nganti mancung walaning kurma narêcêl. Lan manèh banyu udan mau Ingsun ênggo nguripake palêmahan kang isi wit anggur, lan Ingsun ênggo mêtokake woh jaitun lan woh dalima, kang godhonge padha, nanging

--- 1 : 281 ---

wohe ora padha. Nalikane jaitun lan dalima mau padha awoh, sira padha andêlênga wohe lan andêlênga nalika wis tuwa utawa matêng. Kang wis kasêbut mau kabèh tumrape para wong mukmin, mêsthi dadi tôndha yêkti kuwasaning Allah.

100. Wong Arab kang padha nyêmbah brahala padha mangeran jin, diênggo nimbangi Allah, tur wis padha wêruh yèn jin iku titahing Allah, wong Yahudi lan Nasara lan wong Arab kang maro tingal padha gawe-gawe, ngarani yèn Allah iku kagungan putra kakung lan putri, ênggone padha ngarani mangkono mau awur-awuran bae, satêmêne Allah iku Mahasuci lan Mahaluhur, ora pisan kaya pangucape wong Yahudi sapanunggalane mau.

101. Allah iku kang murwani nitahake bumi lan langit, sarèhning Allah iku ora kagungan garwa, lan nitahake samubarang, kapriyokapriye. bisane kêlakon kagungan putra. Allah iku nguningani samubarang.

102. Kang mangkono iku Allah Pangengeranira, [Pange...]

--- 1 : 282 ---

[...ngeranira,] ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah, kang nitahake samubarang, mulane sira padha nyêmbaha ing Allah, dene Allah iku nguwasani samubarang kang dititahake.

103. Sarupaning pandêlêng ora ana bisa wêruh ing Allah, naning Allah pirsa marang sarupaning pandêlêng. Allah iku wêlasan tur waspada.

104. Sira kabèh padha digêlari tôndha yêkti saka Pangeranira. Dene sing sapa olèh pituduh bênêr saka ênggone andêlêng tôndha yêkti mau, iku bakal olèh kabêgjan, nanging sing sapa picak atine, kêsasar marga ênggone andêlêng tôndha yêkti mau, iku bakal nêmu pakewuh. Ingsun iki mung andhawuhake, ora pêrlu anjaga laku-lakunira.

105. Mêngkono uga Ingsun nêrang- nêrangake ayat Ingsun, supaya (manungsa padha ngrasakna, nanging wusanane) wong kaphir padha matur: Pantês kemawon sampeyan sagêd cariyos ingkang makatên, awit sampeyan [sampe...]

--- 1 : 283 ---

[...yan] sampun maos kitabipun para nabi ing jaman kina. Lan manèh Ingsun kudu nêrang-nêrangake Kuran marang wong kang padha bisa wêruh.

106. (He Mukhammad): ditulus ênggonira ngèstokake dhawuhing Pangeranira marang sira. Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba Allah Pangeranira, lan sira malengosa marang wong kang padha maro tingal.

107. Upama ana kaparênge karsaning Allah wong kang padha maro tingal iku dikarsakake ora maro tingal, mêsthi kêlakon mangkono. Sira Mukhammad ora Ingsun jibahake anjaga wong mau, awit sira dudu pamomonge wong mau.

108. (He wong mukmin kabèh), sira aja padha misuhi brahala kang dipundhi dening wong kaphir, iya iku sêsêmbahan liyane Allah, si kaphir mau mundhak banjur mêmisuh ing Allah, panyatrune marang Allah ngawur bae. Mangkono uga Ingsun andhêmênake marang barang kang dilakoni. Sawise mangkono, ing besuk ana [a...]

--- 1 : 284 ---

[...na] ing akhirat, kabèh mau padha bali marang pangayunaning Allah, ing kono Allah anjalèntrèhake marang wong mau samubarang kang wis padha dilakoni.

109. Wong kaphir ing Mêkah padha supata kalawan supata kang pêng-pêngan, nganggo nyêbut asmaning Allah, supatane, mênawa wong mau digêlari tôndha yêkti, kaya sapanjaluke, sanggêm bakal padha pracaya marang tôndha yêkti mau. (He Mukhammad) sira dhawuha: Tôndha yêkti iku ana ngastaning Allah. Balik sira wong mukmin kabèh padha Ingsun takoni, sapa kang wêwarah marang sira yèn si kaphir iku têmên kasaguhane pracaya. Wruhanira, tôndha yêkti iku sanadyan kêlakon digêlarake, wong kaphir mau isih puguh padha ora gêlêm pracaya.

110. Ingsun ngengokake atine lan pandêlênge si kaphir kabèh (dadi ora wêruh ing bênêr), kaya ênggone padha kêsasar iku Ingsun togake bae.

***