Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

--- 1 : 285 ---

Jus kaping wolu

111. Saupama Ingsun nurunake utusan malaikat marang wong kaphir mau, sarta nguripake wong kang wis padha mati, kang banjur padha mituturi marang wong kaphir mau, apadene mênawa Ingsun anglumpukake samubarang isining jagad kang panthan-panthan, (kang banjur padha nêksèni yèn sira iku têmên dadi utusaningsun) wong kaphir mau iya mêksa padha ora gêlêm pracaya. Kajaba yèn pancèn dikarsakake pracaya dening Allah, ewadene wong kaphir mau kang akèh padha bodho.

112. Mangkono uga siji-sijining nabi iku padha Ingsun cawisi satru setan manungsa lan setan jin. Siji-sijining setan mau sabiyantu lan liyane, nandukake manising pangucap, pamrihe nasarake, upama Pangeranira ngarsakake setan mau ora sabiyantu anggêgodha. Mulane wong kaphir mau ênggone padha gawe-gawe, togna bae.

113. Lan manèh pamrihe supaya wong kang padha ora pracaya marang akhirat, atine padha kasêngsêma [ka...]

--- 1 : 286 ---

[...sêngsêma] lan kèlua marang manising pangucap mau, lan supaya tulusa ênggone padha nglakoni dosa kang wis padha dilakoni salawas-lawase.

114. (Lan sira dhawuha:) Kapriye panêmumu, apa aku anjaluk bêbênêran marang liyane Allah, Allah iku andhawuhake kitab Kuran marang kowe kabèh, luwih dening cêtha. (Dhawuhing Alla:)Allah. sarupane wong kang wis Ingsun paringi cêcêkêlan kitab, iku kabèh mêsthi padha wêruh yèn Kuran iku têmên dhawuh saka Pangeranira. Sira aja nganggo mamang.

115. Pangandikaning Pangeranira iku ing bab carita sampurna têmêne, ing bab khukum sampurna ngadile, ora ana kang bisa ngowahi pangandikaning Allah. Dene Allah iku miyarsa tur nguningani.

116. Sanadyan sira anggugu gêgolongane wong ing bumi kang akèh dhewe. Amêsthi wong mau padha nasarake sira saka dalaning Allah, awit wong akèh mau ora manut barang-barang, nanging manut panyana utawa panêmune dhewe-dhewe, lan manèh wong akèh [a...]

--- 1 : 287 ---

[...kèh] mau mêsthi padha goroh.

117. Satêmêne Pangeranira iku nguningani wong kang nasar utawa nyimpang saka dalaning Allah, lan uga nguningani wong kang padha nêtêpi pituduh bênêr.

118. Mênawa sira têmên padha pracaya marang ayating Allah, sira padha mangana khewan kang pambêlèhe nganggo nyêbut asmaning Allah, (aja mangan khewan kang pambêlèhe nganggo nyêbut liyane Allah).

119. Marga dening apa sira padha ora gêlêm mangan khewan kang pambêlèhe nganggo nyêbut asmaning Allah, Allah wis amijangake samubarang laranganing Allah marang sira kabèh, kajaba yèn sira kêpêksa kudu mangan barang larangan mau, (iku dadi kêna). Satêmêne akèh wong kêsasar marga nuruti karêpe dhewe, gondhèlane mung ngawur tanpa kawruh. Satêmêne Pangeranira iku nguningani wong kang padha anjarag mangan kharam.

120. Wong kang anglakoni dosa ngêdhèng utawa salinthutan, iku padha togna bae. [ba...]

--- 1 : 288 ---

[...e.] Satêmêne wong kang padha nglakoni dosa iku besuk ana ing akhirat, bakal padha dipatrapi marga ênggone padha anglakoni dosa.

121. Lan sira aja padha mangan bêbêlehan kang pambêlèhe tanpa nyêbut asmaning Allah, (nanging nyêbut liyane Allah) dene mangan bêbêlehan kang mangkono iku mêsthi duraka. Satêmêne para setan iku padha anggodha marang kalulute (iya iku para wong kaphir) supaya si kaphir mau padha madoni marang sira. Mênawa sira banjur padha manut marang padune wong kaphir, amêsthi sira banjur padha dadi wong maro tingal.

122. Sanepane wong mukmin iku kaya upamane wong kang maune mati banjur Ingsun uripake, sarta Ingsun paringi pêpadhang kanggo amadhangi ênggone wira-wiri ana sandhinging manungsa akèh. Dene sanepane wong kaphir iku kaya upamane wong kang ana sajroning pêpêtêng, ora bisa mêtu saka ing pêpêtêng mau. Wong rong prakara mau apa padha bae, [ba...]

--- 1 : 289 ---

[...e,] ora. (Wong mukmin padha didhêmênake marang kapracayan) mangkono uga para wong kaphir padha didhêmênake marang kang wis padha dilakoni (kaphir lan duraka).

123. Mangkono uga Ingsun nitahake siji-sijining desa ing Mêkah panggêdhene ing kono padha wong duraka, dadi banjur padha ambêbujuk marang wong akèh (padha diajak maido marang Nabi Mukhammad) wusana kang kêna ing bujuk mau dudu sapa-sapa, malah awake kang ambujuk, ewadene padha ora rumasa.

124. Wong kaphir ing Mêkah mau nalikane padha digêlari tôndha yêktine yèn Kangjêng Rasul iku têmên, kabèh padha ngucap mangkene: Aku padha suthik pracaya marang Nabi Mukhammad, kajaba yèn aku padha diparingi wahyu dhewe-dhewe dening Allah, kaya kang diparingake marang para utusaning Allah, (pangandikaning Allah) Allah iku nguningani luwih dening têrang, sapa kang pantês dipiji dadi utusan. Ing besuk ana ing akhirat, wong kang padha dosa maido mau, bakal padha tinêmpuh ing siksa kang abot, [a...]

--- 1 : 290 ---

[...bot,] lan ana ngarsaning Allah padha dadi wong asor marga ênggone padha ambêbujuk.

125. Dadi sing sapa dikarsakake dening Allah diparingi pituduh bênêr, iku mêsthi dipadhangake atine, dhangan bangêt anglakoni agama Islam, nanging sing sapa dikarsakake kêsasar dening Allah, amêsthi atine banjur rupak lan cêkak, wêgah bangêt anglakoni agama Islam, ênggone ora kaconggah kaya dikon mumbul marang ing langit. Mangkono uga Ingsun nyawisi siksa marang wong kang padha ora pracaya.

126. (He Mukhammad) agama Islam kang sira gêlarake iki dalan bênêr, dalaning Pangeranira. Ingsun wis anjalèntrèhake ayat pirang-pirang marang wong kang padha doyan pitutur bêcik.

127. Wong mangkono mau ing besuk padha diparingi suwarga kang aran: Darussalam, ana ngarsaning Pangerane padha nglakoni agama Islam.

128. (He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane Ingsun anglumpukake [anglumpuka...]

--- 1 : 291 ---

[...ke] para titah Ingsun kabèh, (banjur padha Ingsun dangu) he jin setan kabèh, wis akèh têmên ênggonira padha anjalomprongake manungsa. Ing kono para manungsa kang dadi kaluluting setan banjur padha munjuk: Dhuh Pangeran kawula, setan punika sampun tampi pituwas pamanut saking kawula, kawula ugi sampun tampi pituwas saking setan, kadumugèn pêpenginan kawula. Ing samangke sampun dumugi ing wêwangên anggèn tuwan mangêni dhumatêng kawula, (inggih punika dintên kiyamat), dhawuhing Allah: Panggonanira ana ing naraka, ana ing kono sira padha langgêng, kajaba yèn ana parênge karsaning Allah. Satêmêne Pangeranira iku wicaksana tur nguningani.

129. Mangkono uga wong kang padha duraka nganiaya awake dhewe mau ana kang Ingsun titah mênang, ngalahake kônca-kancane padha wong duraka, sarana ênggone nandukake panganiayane.

130. He jin lan manungsa kabèh, sira apa ora katêkan para utusaningsun, pêthilan saka [sa...]

--- 1 : 292 ---

[...ka] kancanira, kang padha nyaritakake ayat Ingsun pirang-pirang marang sira, lan mêmêdèni marang sira, diwêdèkake kêlakone dina kiyamat iki, jin lan manungsa kang kaphir banjur padha munjuk. Kawula sampun sami ngakêni kalêpatanipun badan kawula. (Allah angandika): Kabungahaning urip ana ing dunya wis anjalomprongake marang si kaphir kabèh, saiki si kaphir wis padha ngaku yèn awake iku kaphir.

131. Allah ênggone ngutus para rasul mau pêrlu bangêt, awit Pangeranira ora karsa ngrusak padesan marga saka durakane wong ing kono, kang ênggone padha duraka mau kalawan lali (durung ana pêpacuhing rasul).

132. Siji-sijining wong padha olèh pituwas dhewe-dhewe, wêwalêse barang kang wis padha dilakoni, ala utawa bêcik, Pangeranira mêsthi ora kasupèn samubarang kang wis padha dilakoni ing manungsa.

133. Pangeranira iku ora butuh apa-apa, tur wêlasan lan asih, saupama [sau...]

--- 1 : 293 ---

[...pama] ana parênge karsaning Allah, sira (wong Mêkah) iku disirnakake kabèh, sawise sirna banjur disalini titah apa sakarsaning Allah kaya ênggone nitahake sira saka turune wong seje (mêsthi kêlakon mêngkono, nanging iku dudu karsaning Allah).

134. Samubarang kang diancamake dening Allah marang sira iku mêsthi kalêksanan, sira ora bakal bisa oncat nyingkiri siksaning Allah.

135. (He Mukhammad) sira dhawuha mangkene: He para wong Arab, lah mara jajalên, padha nglêstarèkna nglakoni kaya adatmu kang wis kêlakon, ing têmbe kowe bakal padha wêruh katêmahane.

136. Sapa kang wêkasane olèh kabêgjan ana ing akhirat, satêmêne wong kaphir iku ora ana kang bisa olèh kabêgjan.

137. Para wong kaphir ing Mêkah padha ngêdumi marang Allah, didumi barang rupa têtanduran lan rajakaya. Pangucape kang thukul saka ing gagasan, mangkene: Iki kagunganing Allah,

--- 1 : 294 ---

iki duwèke para kancaku. Dene kang dadi pandumane para kancane, ora bakal konjuk ing Allah (ora ditindakake kaya kaparênging Allah), nanging kang dadi kagunganing Allah iku warata marang para kancane si kaphir. Dene khukum utawa golonge para wong kaphir ing Mêkah kang mangkono mau: ala bangêt.

138. Mangkono manèh wong kang padha maro tingal, iku kang akèh padha dititah dhêmên matèni anake dhewe, (iya iku anake kang wadon padha dipêndhêm urip-uripan, kang lanang padha dibêlèh) kang mangkono iku saka pangojoke jin lan setan, utawa wong kang rumêksa Kakbah, kang padha dianggêp kônca, ênggone ngojok-ojoki mau, pamrihe supaya wong kang maro tingal mau padha rusak, lan supaya agamane padha kisruh. Saupama Allah ngarsakake jin lan setan mau ora ngojok-ojoki, mêsthi iya kêlakon ora ngojok- ojoki, mulane wong mau ênggone gawe-gawe padha togna bae.

--- 1 : 295 ---

139. Pangucape wong kaphir ing Mêkah kang thukul saka panêmu utawa gagasan, mangkene: Iki rajakaya lan têtanduran kang disêngkêr, ora ana kang wênang mangan, kajaba wong kang padha rumêksa brahala kang tak karêpake. Lan manèh iki rajakaya kang disêngkêr ora kêna ditunggangi utawa dimomoti gêgêre, lan manèh iki rajakaya kang pambêlèhe ora kêna nganggo nyêbut asmaning Allah, kudu nyêbut brahala. Pangucape wong kaphir mangkono mau, diawadake dhawuhing Allah, dadi têtêp wong gawe-gawe. Ing têmbe Allah bakal matrapi si kaphir mau marga ênggone padha gawe-gawe.

140. Lan manèh wong kaphir mau padha ngucap: Wêtêngane rajakaya iki yèn mêtu urip, kêna dipangan ing para kancaku kang padha lanang, ora kêna dipangan ing para kancaku kang padha wadon. Dene yèn mêtu wis mati, iku para kancaku lananga wadona kabèh padha kêna mangan. Ing têmbe Allah bakal matrapi marang si kaphir kabèh marga ênggone padha ngaran-arani: Iki larangan lan iiki.

--- 1 : 296 ---

kêna. Satêmêne Allah iku wicaksana tur nguningani.

141. Wong kaphir kang padha matèni anake tanpa wêwaton kawruh, mung awur-awuran bae, lan padha nglarangi mangan rijêki kang wis diparingake lan diwênangake mangan dening Allah, ênggone nglarangi mau gawe-gawe, diawadake têrang dhawuhing Allah. Wong mangkono mau têtêp wong kapitunan sarta padha kêsasar, iku dudu wong olèh pituduh bênêr.

142. Allah iku kang anitahake palêmahan, thukul pala gumantung lan pala kasimpar, apadene kurma lan gandum, pari sapêpadhane, wohe beda-beda rasane. Mangkono uga wit jaitun lan wit dalima, godhonge prasasat padha bae, nanging rasaning wohe beda-beda. Samôngsa wit-witan mau wis padha awoh, sira padha mangana wohe, lan ing dina pamêthiking wohe sira padha bayara jakat apa bênêre, ênggonira bayar jakat aja kêladuk, awit Allah iku ora rêmên [rêmê...]

--- 1 : 297 ---

[...n] wong kang padha bayar jakat luwih saka bênêre.

143. Lan manèh Allah wis nitahake rajakaya kang santosa, kêlar dipèk gawene, lan ana kang ora santosa. Sira padha mangana samubarang kang wis diparingake dening Allah dadi panganira, lan sira aja padha manut dalaning setan, awit setan iku têtela satrunira.

144. (Lan sira dhawuha), upama rajakaya mau wolung warna, wêdhus kibas sajodho lan wêdhus kacangan sajodho, iku kang dadi laranganing Allah ora kêna dipangan, apa wêdhus loro kang lanang apa wêdhus loro kang wadon, utawa apa wêdhus kang ana ing wêtêngane wêdhus wadon loro mau, lananga wadona. Mênawa ênggomu padha ngarani wêdhus mau ana kang dadi laranganing Allah iku panêmumu têmên bênêr, mara andharna marang aku kalawan pathokan kawruh. Kapriye sababe.

145. Gênêpe wolung warna mau, unta sajodho lan sapi sajodho, iku kang dadi laranganing Allah ora kêna dipangan, apa kewan loro unta lan sapi kang lanang, apa khewan loro [lo...]

--- 1 : 298 ---

[...ro] unta lan sapi kang wadon, utawa apa unta lan sapi kang ana ing wêtêngane khewan wadon loro mau, lananga wadona, kowe padha ngaku nêksèni nalikane Allah andhawuhake larangan kaya kang padha kopratelakake iki (nanging kowe padha goroh). Ora ana wong luwih duraka tinimbang lan wong kang gawe-gawe, calathu goroh diawadake têrang dhawuhing Allah, banjur diênggo nasarake wong akèh, tanpa wêwaton kawruh kang bênêr, satêmêne Allah iku ora karsa nuduhake dalan bênêr marang wong kang padha nganiaya awake dhewe.

146. (He Mukhammad) sira dhawuha: Dhawuhing Allah kang wis padha didhawuhake marang aku, aku ora mrangguli larangan panganan tumrap marang wong kang mangan, kajaba mung bathang utawa gêtih kang bisa mili apadene daginging cèlèng, iku kharam, mangkono manèh barang kang mawa duraka, iya iku khewan kang pambêlèhe nganggo nyêbut liyane Allah (kabèh iku kharam) dene sing sapa kêpêksa kudu [ku...]

--- 1 : 299 ---

[...du] mangan barang larangan mau, janji pamangane ora kalawan balela lan anjarag, (iku kêna) satêmêne Pangeranira iku ngapura tur Maha-asih.

147. Biyèn para wong Yahudi padha Ingsun larangi mangan khewan kang tracake ora sigar, dene sapi lan wêdhus, iku kang Ingsun larangi ora kêna dipangan: gajihe, kajaba gajih kang ana ing gêgêr utawa gajih kang ana ing usus, utawa gajih kang awor lan balung, iku kêna dipangan. Larangan mangkono mau minôngka patrapan ênggone wong Yahudi padha ambalela, dhawuh Ingsun iki mêsthi têmên.

148. Dene yèn wong kaphir padha maido marang sira Mukhammad, sira dhawuha: Pangeranmu sih piwêlase jêmbar bangêt, nanging siksane kang diancamake marang wong kang padha duraka, ora kêna ditulak.

149. Wong kang padha maro tingal bakal padha madoni mangkene: Kula saha para lêluhur kula, sadaya punika upami dipun karsakakên dening Allah botên malih tingal, amêsthi kalêksanan botên malih tingal, sarta botên sami

--- 1 : 300 ---

angawisi barang ingkang dede awisanipun Allah, (dados anggèn kula sami malih tingal, utawi anggèn kula sami damêl awisan piyambak, punika Allah sampun kaparêng). Mangkono manèh wong kuna sadurunge iku, iya padha maido marang para rasul, nganti padha ngrasakake siksaningsun (He Mukhammad) sira dhawuha: Kowe apa padha duwe pathokan kawruh kaya padumu mau kang banjur koandharake marang aku, (mêsthi ora duwe). Kang padha koturut iku dudu sapa-sapa, nanging padha manut gagasamu dhewe. Lan manèh kowe iku mêsthi padha goroh.

150. (He Mukhammad) sira dhawuha: Allah iku kagungan wêwaton kang patitis tur sampurna. Upama ana karsaning Allah anuduhake dalan bênêr marang kowe kabèh, mêsthi kêlakon kowe kabèh padha nêtêpi pituduh bênêr, (nanging iku dudu karsaning Allah).

Sira banjur dhawuh: Mara padha ngundanga saksimu kang padha ngaku wêruh yèn Allah nglarangi kaya larangamu iki. Dene yèn saksine wong maro tingal [tinga...]

--- 1 : 301 ---

[...l] mau têka têmên, sarta banjur nêksèni kaya karêpe wong maro tingal iku, sira aja ngandêl marang saksi mau, lan aja manut apa sakarêpe wong kang padha maido ayat Ingsun, lan wong kang padha ora ngandêl bakal anane akingrat,akhirat. wong maro tingal mau panyêmbahe marang Allah Pangerane lan marang liyane dipadha bae.

152. (He Mukhammad) sira dhawuha mangkene: (He wong Mêkah kabèh), padha marenea, tak wacakake Kuran, kang mratelakake samubarang laranganing Pangeranmu marang kowe. Dhawuhing Allah: Sira aja padha maro tingal, mangeran marang liyaning Allah, lan padha ngajènana wong tuwanira loro, lan aja matèni anakira marga kuwatir yèn bakal anggombal, Ingsun kang mêsthi maringi pangan marang sira lan marang para anakira kabèh, lan aja padha cêdhak-cêdhak panggawe ala, sanadyan ala lair utawa ala batin, lan aja padha matèni wong kang diajèni utawa dieman dening Allah, kajaba yèn ênggonira matèni iku kalawan bênêr, (iku kêna) kang kasêbut mau dhawuhing [dhawuh...]

--- 1 : 302 ---

[...ing] Allah marang sira kabèh, karsaning Allah supaya sira padha ngrasakake.

153. Lan manèh sira aja padha melik marang rajadarbèke bocah yatim, kajaba kalawan dalan kang murih bêcik marang bocah yatim mau, nganti tumêka balège (= diwasane) bocah yatim mau, (ing kono bandhane banjur pasrahna) lan sira padha anggênêpana takêran utawa bobot kalawan sabênêr, Ingsun ora karsa mêksa marang wong, kajaba mung sakêlare dilakoni. Mênawa sira padha ngucap, ngucapa kalawan têmên, sanadyan kang sira calathoni iku kalêbu ewoning sanakira, iya calathua kalawan têmên. Lan sira padha nêtêpana sasanggêmanira marang Allah. Dene kang wis kasêbut mau, iku dhawuhing Allah marang sira kabèh, karsaning Allah supaya sira padha doyana pitutur.

154. Iki dalan kang bênêr têmênan, dalaningsun, sira banjur padha manuta, aja padha manut dêdalan liyane iki. Samôngsa sira manut dalan liyane, sira têtêp wong nyimpang [nyi...]

- -- 1 : 303 ---

[...mpang] saka agamaning Allah. Kang wis kasêbut iki dhawuhing Allah marang sira kabèh, karsaning Allah supaya sira padha wêdia ing Allah, ngèstokake dhawuhe.

155. (Sawise mangkono) Ingsun nyaritakake: Biyèn Ingsun wis maringi kitab Torèt marang Nabi Musa, minôngka nyampurnakake pêparing Ingsun kabungahan marang wong kang padha ngèstokake Torèt mau kalawan bêcik, lan manèh kitab Torèt iku nêrangake wijang-wijanging parentah, lan minôngka pituduh bênêr, sarta tumônja sih Ingsun marang para turuning Israil, supaya padha ngandêla yèn ing têmbe bakal padha disebakake marang ngarsaning Pangerane.

156. Dene Kuran iki kitab kang wis Ingsun dhawuhake tur binarkahan, mulane sira wong Mêkah kabèh padha ngèstokna ing Kuran, lan sira padha wêdia, aja nganti dadi kaphir, supaya sira padha disihana dening Allah.

157. Lan manèh supaya sira aja nganti padha ngucap mangkene: Kitabing Allah iku mêsthi mung didhawuhake [di...]

--- 1 : 304 ---

[...dhawuhake] marang wong rong golongan, iya iku wong Yahudi lan wong Nasara sadurungku. Dene aku iki padha lali ora maca kitab mau.

158. Utawa sira aja nganti padha ngucap mangkene: Upama aku iki diparingi kitab dhewe dening Allah, mêsthi aku luwih wêruh marang pituduh bênêr tinimbang lan wong Islam iku (He wong Mêkah, prakara iku aja sira ênggo madoni) sira wis padha digêlari tôndha yêkti saka Pangeranira, apadene diparingi pituduh bênêr sarta sih kawêlasan, tumrap wong kang ngèstokake parentah. Ora ana wong kang maido ayating Allah lan malengos marang ayating Allah. Ing têmbe Ingsun mêsthi matrapi wong kang padha malengos marang ayat Ingsun, kalawan siksa kang abot, marga ênggone padha malengos mau.

159. Wong kaphir ing Mêkah padha ora ngêntèni lan ora nyana bakal têkaning siksa mau, kajaba yèn wis padha ditêkani malaikat pati, utawa kêtêkan siksaning Pangeranira, [Pangera...]

--- 1 : 305 ---

[...nira,] utawa kêtêkan sawijining ayat saka Pangeranira, kang nyasmitani têkaning dina kiyamat, (iya iku srêngenge mêtu saka kulon) ing kono lagi padha wêruh têkaning siksa. Ing besuk nalikane têka ayat sasmitaning dina kiyamat têka saka Pangeranira, wiwit ing dina iku, sarupaning wong kang maune ora pracaya marang rasul banjur nusuli pracaya, iku kapracayane ora dianggêp, apadene wong mukmin kang maune ora nglakoni kabêcikan, banjur tobat, nusuli gawea kabêcikan, iku iya ora dianggêp, (he Mukhammad) sira dhawuha: Kowe kabèh padha ngêntènana têlung prakara mau, aku uga ngêntèni.

160. Sarupaning wong kang padha ninggal agamane Islam, iku têtela dudu kancanira, sira ora milu- milu, lan ora kalepetan apa-apa, wong mau nganti akèh agêgolongan, iku prakarane ana ngastaning [ngasta...]

--- 1 : 306 ---

[...ning] Allah piyambak. Ing besuk ana ing akhirat, Allah bakal anjalèntrèhake marang wong mau samubarang kang wis padha dilakoni.

161. Sing sapa gawe kabêcikan, iku ing besuk ana ing akhirat, bakal tômpa ganjaran, apês-apêse tikêl sapuluh, dene sing sapa gawe piala, iku patrapane mung samurwating pialane bae, tur ora dikaniaya.

162. (He Mukhammad) sira dhawuha: Aku iki wis diparingi pituduh dening Pangeranku, dituduhake dalan kang bênêr agama Islam kang jêjêg, agamane Nabi Ibrahim kang condhong lan bênêr. Nabi Ibrahim iku dudu wong maro tingal.

163. Lan sira dhawuha manèh: Satêmêne sêmbayangku lan pangabêktiku kabèh konjuk ing Allah, apadene pati lan uripku iki kagunganing Allah, Pangeraning alam kabèh, ora ana kang ngêmbari Allah, duwe kaya kang kasêbut mau, aku wis didhawuhi [di...]

--- 1 : 307 ---

[...dhawuhi] dening Allah supaya pracaya marang kang kasêbut mau, lan manèh aku iki dadi kawitane wong kang padha Islam.

164. Apadene sira dhawuha: Allah iku Pangeraning samubarang, apa aku pêrlu golèk Pangeran liyane Allah, (iku ora pisan-pisan) sarupaning wong yèn anglakoni kaluputan, iku kang dipatrapi dudu sapa-sapa, ora liya iya kang nglakoni kaluputan mau. Lan manèh wong kang nandhang kaluputan, ora bakal nyôngga patrapane wong liyane ênggone nglakoni dosa. Ing besuk ana ing akhirat, kowe iku kabèh padha disebakake marang pangayunaning Pangeranmu, ing kono Pangeranmu anjalètrèhake lan ngadili ênggonmu padha sulaya prakara agama.

165. Allah iku kang nitahake sira ana ing bumi ganti-gumanti, sarta anjunjung pangkat kaluwihaning wong ngungkuli wong liyane, pêparinging Allah kang mangkono mau pêrlu diênggo nyoba marang sira kabèh, (supaya katara sapa kang sêtya tuhu lan sapa kang duraka) satêmêne

--- 1 : 308 ---

Pangeranira iku matrapi siksa kalawan tumuli lan karsa ngapura dosa, tur Maha-asih.

Surat Akrap

(Akraph, iku araning gunung ana antaraning sawarga lan naraka, iya iku panggonaning wong kang alane lan kabêcikane padha, utawa wong edan wiwit durung balèg (diwasa). Jamal). Tinurunake ana nagara Mêkah, cacah rongatus lima ayat.rongatus ênêm ayat.

Awit ingkang asma Allah, kang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Aliph, Lam, Mim, Sad. (Aliph, Lam, Mim, Sad, iku kabèh araning aksara Ngarab, kang wêruh têgêse mung Allah piyambak. Sawi). Kuran iki kitab kang wis didhawuhake marang sira Mukhammad, supaya sira ênggoa mêmêdèni lan minôngka pêpeling utawa wêwulang marang para wong mukmin, atinira aja sêsak, wêgah anggêlarake Kuran mau marang wong akèh.

2. (He manungsa) sira padha ngèstokna Kuran, [Kur...]

--- 1 : 309 ---

[...an,] kang wis didhawuhake dening Pangeranira marang sira kabèh, lan aja padha gawe panutan liyane Allah. Eman têmên ênggonira padha mangan pitutur têka mung sadhela bae.

3. Pira bae kang wis kêlakon, wong ing padhukuhan padha Ingsun rusak sarana katêkan siksaningsun, ing wayah wêngi, utawa wayah awan pinuju padha turu.

4. Wong ing padhukuhan mau nalikane padha katêkan siksaningsun, sêsambate ora ana manèh mung: adhuh, aku iki dhasar padha duraka.

5. Ing besuk Ingsun mêsthi andangu marang para wong kang wis padha katêkan utusaningsun (apa padha ngèstokake utawa ora). Lan Ingsun uga andangu marang para utusaningsun, (apa nyata wis ngundhangake parentah Ingsun).

6. (Mênawa para utusaningsun padha wêdi munjuk) Ingsun bakal anjalèntrèhake samubarang kang wis padha dilakoni dening para umate, awêwaton kawruh, Ingsun mêsthi ora kasamaran.

7. Ing dina kiyamat kono mêsthi kanyataan [kanya...]

--- 1 : 310 ---

[...taan] ananing traju kang kacarita kanggo nraju ala bêciking wong. Dene sing sapa trajune abot, marga dening akèh kabêcikane: iku aran wong bêgja.

8. Dene sing sapa trajune ènthèng awit saka akèh alane, iku aran wong cilaka utawa kapitunan, marga ênggone padha maido ayat Ingsun.

9. (He turune Adam) Ingsun wis ngumbar sira kabèh ana ing bumi, kalawan padha Ingsun sadhiyani pangan minôngka panguripan, ewadene sira iku kang sukur marang Ingsun mung sathithik.

10. Ingsun têmên wis nitahake Nabi Adam lêluhurira, sarta Ingsun tamtokake rupane. Ingsun nuli ngandika marang para malaikat, sira padha sujuda marang Nabi Adam. Para malaikat mau banjur padha sujud marang Nabi Adam, mung iblis mopo ora gêlêm sujud marang Nabi Adam.

11. Allah nuli andangu marang iblis: Ingsun wis dhawuh marang sira, apa sababe sira têka

--- 1 : 311 ---

mopo, ora ngèstokake sujud marang Nabi Adam. Iblis nuli munjuk: Kawula punika langkung sae utawi mulya tinimbang lan Nabi Abi Adam. Anggèn Tuwan nitahakên kawula kadadosan saking latu, wangsul anggèn Tuwan nitahakên Nabi Adam punika, kadadosan saking êndhut.

12. Allah nuli ngandika: Samêngko sira mudhuna saka ing langit, sira ora kêna kumaluhur-luhur ana ing langit, dirikat sira mêtua saka ing suwarga, sira iku bangsaning cilik.

13. Iblis nuli munjuk: Tuwan mugi nyarantosna kawula ngantès ngantos. dumugi dintên kiyamat, nalikanipun para manungsa sami tinangèkakên saking pêjah.

14. Allah nuli ngandika: Iya, sira Ingsun sarantèkake nganti têkan dina kiyamat.

15. Iblis nuli munjuk: Sarèhning Tuwan sampun nasarakên saha dêduka dhatêng kawula, kawula inggih mêsthi ngangkah supados para turunipun Nabi Adam sami kêsasar saking margi Tuwan ingkang lêrês.

--- 1 : 312 ---

16. Panggodha kawula dhatêng para turunipun Nabi Adam, kawula wêdali saking ngajêngipun saha saking wingkingipun, punapadene saking kiwa utawi saking têngênipun, ing têmbe turunipun Nabi Adam wau, ingkang sukur saha pitados ing Tuwan, botên kathah.

17. Allah nuli ngandika: Aja kasuwèn, sira mêtua saka suwarga, lungaa saka ing langit, kalawan kêdukan tur tinundhung. Dene turune Nabi Adam, sing sapa manut ing sira, amêsthi Ingsun tunggalake lan sira, Ingsun ênggo isèn-isèn, ngêbaki naraka Jahanam, kabèh bae ora beda.

18. (Allah angandika): He Adam, sira lan rabinira padha manggona ana ing suwarga, sarta padha mangana apa kang sira karêpake, nanging poma aja padha mangan wohing wit siji iki, cêdhak bae aja, samôngsa sira wani-wani mangan, amêsthi sira kalêbu nganiaya awakira dhewe.

19. Setan kang uga aran iblis, banjur anggodha marang Nabi Adam sakaloron,

--- 1 : 313 ---

pamrihe supaya padha katona ngurate, (kawirangane) marga dening gogrog panganggone. (Nabi Adam dalah garwane nalika isih ana sajroning suwarga, pangagêmane rupa kuku, ngêbaki sarirane. Barêng wis padha nêrak laranganing Allah, dhahar woh laranganing Allah, pangagêmane kuku mau padha rontok, mung kari ana ing dariji bae, wusana banjur padha katon kawirangane. Ing kono Nabi Adam lan garwane bangêt kaduwung ênggone padha wis kabanjur nêrak laranganing Allah, sarta padha muwun, sabanjure Nabi Adam mau sabên mirsani kukune banjur kèngêtan nalika kêdukan ing Allah, lan banjur muwun. Kang mangkono mau dadi watêk. Tumurun mara para turune kabèh, sing sapa kudu gumuyu ora kêna diampêt, mênawa banjur andêlêng kukune, amêsthi banjur lêrêm ênggone kudu gumuyu mau. Sawi. Jalalèn.) setan mau atur marang Nabi Adam sakaloron: Sampeyan sami sumêrêpa, Pangeran sampeyan anggènipun ngawisi dhatêng sampeyan, botên kaparêng dhahar wohing wit satunggal [sa...]

--- 1 : 314 ---

[...tunggal] punika, karsanipun, supados sampeyan sakalihan sampun ngantos sami dados malaikat, utawi sampun ngantos tulus langgêng anggèn sampeyan sami manggèn wontên ing suwarga ngriki.

20. Iblis mau supata marang Nabi Adam sakaloron, ature: Dêmi Allah, kula punika pitutur sayêktos dhatêng sampeyan sakalihan.

21. Iblis ênggone ngapusi mangkono mau, andadèkake kêplorode Nabi Adam sakaloron saka ing pangkate. Têrange mangkene: Barêng Nabi Adam sakaloron wis padha mangan wohing wit laranganing Allah, sanalika (panganggone kuku padha gogrog, mung kari kang ana ing dariji) banjur katon kawirangane. Ing kono Nabi Adam sakaloron banjur padha angganthèti godhongan ing suwarga, diênggo awêr-awêr. Pangerane Nabi Adam banjur andangu: Ingsun apa ora wis anglarangi marang sira sakaloron, ora

--- 1 : 315 ---

kêna mangan wohing wit iku, sarta Ingsun apa ora wis paring wêruh marang sira yèn setan iku têtela satrunira.

22. Nabi Adam sakaloron banjur padha munjuk: Dhuh Pangeran kawula, saèstunipun, kawula punika sami nganiaya dhatêng awak kawula piyambak, saupami Tuwan botên ngapura dhumatêng kawula, utawi botên karsa ngrêntahakên sih palimarma dhumatêng kawula, amêsthi kawula tiyang kalih sami dados tiyang cilaka.

23. Allah ngandika: Samêngko sira padha mudhuna saka ing suwarga marang ing dunya, ana ing kono turunira bakal padha sêsatron lan padha kancane, lan padha duwe panggonan ana ing bumi, apadene padha duwe kabungahan, nganti têkan dina kiyamat.

24. Allah ngandika malih: Ana ing dunya sira padha urip lan banjur padha mati, apadene ing têmbe bakal padha diwêtokake saka ing dunya.

25. He para turuning Adam, Ingsun wis maringi bakaling sandhangan marang sira, sandhangan kanggo nutupi [nutu...]

--- 1 : 316 ---

[...pi] kawiranganira, lan kanggo pameran, dene sandhangan wêdi ing Allah, iku luwih bêcik, pêparing Ingsun kang mangkono iku kalêbu tôndha yêkti kuwasaning Allah. Dene karsaning Allah ênggone pêparing mau, supaya manungsa padha mikira.

26. He para turune Adam, sira dingati-ati, aja nganti kêna panggodhaning setan, kaya ênggone anggodha marang lêluhurira Nabi Adam sakaloron, nganti bisa nglungakake Nabi Adam saka ing suwarga. Setan mau andhèdhèandhèdhèl. panganggone Nabi Adam sakaloron, supaya padha katone kawirangane. Satêmêne setan iku sakancane padha wêruh ing sira, nanging sira padha ora wêruh ing setan sakancane. Ingsun nitahake setan iku padha biyantu marang wong kang padha ora pracaya ing Allah.

27. Mênawa wong Ngarab mamau.

padha nglakoni ala, pangucape mangkene: Aku iki nêmu klasa gumêlar, para lêluhurku biyèn padha nglakoni mangkene iki, Allah uga parentah [pa...]

--- 1 : 317 ---

[...rentah] marang aku nglakoni mangkene iki (he Mukhammad) sira dhawuha marang wong Mêkah kabèh: Satêmêne Allah ora pisan dhawuh nglakoni panggawe ala, yagene kowe padha ngucapake barang kang ora kowêruhi, koawadake têrang dhawuhing Allah.

28. Sira dhawuha mangkene: Pangeranku dhawuh marang aku nindakake ngadil, lan dhawuh mangkene: Sira padha nglakonana sêmbayang, padha ngadhêpna rainira marang Allah ana ing sadhengah mêsjid, lan padha nêmbaha ing Allah nêtêpi agama kalawan ati kang rêsik, sarèhning Allah iku kuwasa nitahake sira, mêsthi iya kuwasa nguripake sira saka ing pati. (He manungsa) sira iku kang sagolongan, diparingi pituduh bênêr dening Allah, dene kang sagolongan, ditamtokake padha kêsasar, amarga padha apèk mitra liyane Allah, iya iku setan, digugu sapituture. Pangrasane padha olèh pituduh.

29. He para turuning Adam, sira padha nganggoa sandhanganira kang bêcik nalikane sêmbayang [sê...]

--- 1 : 318 ---

[...mbayang] ana ing masjid, lan sira padha mangana lan ngombea sakarêpira, nanging aja kêladuk, (aja nyirik barang kang khalal, utawa nêrak larangan) satêmêne Allah iku ora rêmên wong kêladuk.

30. (He Mukhammad) sira dhawuha: Sapa ta kang wani nglarangi nganggo sandhangan pêparinging Allah kang wis dianakake dening Allah kanggo sandhanganing para kawulane, utawa nglarangi mangan rijêki kang ngrêsêpake. Lan manèh sira dhawuha, sandhangan utawa rijêki mau, karsaning Allah diparingake dadi duwèkke wong kang padha pracaya ing Allah, tumrape ana ing dunya iki wong kaphir milu kaparingan. Dene besuk dina kiyamat, sandhangan lan rijêki mau mung diparingake wong mukmin bae. Mangkono iku ênggon Ingsun mijang-mijangake ayat Ingsun marang wong kang padha wêruh ing bênêr.

31. (He Mukhammad) sira dhawuha: Pangeranku mêsthi nglarangi sarupaning panggawe ala, ala lair lan ala batin, lan anglarangi duraka lan gawe rusak, kang ora kalawan bênêr, lan kowe kabèh padha dilarangi [dila...]

--- 1 : 319 ---

[...rangi] maro tingal, nyêmbah liyane Allah, iya iku samubarang kang ora didhawuhake tôndha yêktine yèn iku Pangeran, lan kowe uga padha dilarangi ngucapake barang kang ora kowêruhi koawadake têrang saka Allah.

32. Siji-sijining umat padha duwe pêpêsthèn dina lan wayahing patine, samôngsa awis têkan wêwangêne, ora bisa maju utawa mundur, sanadyan mung sathithik bae.

33. He para turuning Adam, mênawa sira padha katêkan para utusaningsun, pêthilan saka kancanira, kang nyaritakake ayat Ingsun kun mring sira, iku sing sapa banjur nyingkiri maro tingal, lan banjur ambêcikake kalakuane, ing besuk ana ing akhirat, mêsthi ora kuwatir apa-apa, lan ora kasusahan.

34. Dene wong kang padha maido ayat Ingsun, lan padha gumêdhe, suthik ngèstokake ayatingsun, iku bakal padha dipatrapi siksa naraka, ana ing kono padha langgêng.

35. Ora onaana. wong kang luwih duraka tinimbang lan wong kang gawe-gawe, calathu goroh diawadake [diawa...]

--- 1 : 320 ---

[...dake] têrang saka dhawuhing Allah, utawa maido ayating Allah, wong kang mangkono mau bakal tômpa pandumane siksa kang wis tinulis ana ing Loh Mahphul. Wong mau samôngsa katêkan utusaningsun para malaikat pati kang banjur andangu: Endi Pangeranmu liyane Allah, kang padha kosêmbah, wong mau banjur padha matur: Pangeran kula sapunika ngoncati ing kula. Wusana wong mau banjur padha ngaku yèn awake iku wong kaphir.

36. Allah ngandika marang wong mau, sira padha anaa ing naraka, ngumpula gêgolonganing umat ing jaman kuna sadurungira, jin lan manungsa kang padha kaphir. Siji-sijining wong mau barêng malêbu ing naraka, banjur ngêsotake marang kancane tunggal agama, barêng wing malêbu ing naraka kabèh, banjur padha munjuk ing Allah, madulako madulake. para wong kuna kang padha dilêluri. Unjuke: Dhuh Pangeran kawula, para tiyang kina punika têtela sami nasarakên dhatêng kawula, mila mugi sami Tuwan patrapi siksa naraka tikêl katimbang kalihan siksa ingkang tumrap dhumatêng kawula. Pangandikaning Allah: [A...]

--- 1 : 321 ---

[...llah:] Kabèh bae Ingsun patrapi tikêl. Ewadene wong mau nalika ana ing dunya, ora wêruh yèn bakal mangkono kadadiyane.

37. Para wong kuna kang padha dilêluri banjur padha mangsuli marang wong mau, kowe lan aku ora ana kacèke, Allah ngandika: Saiki sira padha ngrasakna siksa marga saka panggawenira dhewe kang wis padha sira lakoni.

38. Sarupane wong kang padha maido ayat Ingsun, sarta padha gumêdhe, suthik ngèstokake ayat Ingsun, iku bakal ora diwêngani lawanging langit, lan padha ora bisa malêbu ing suwarga, kajaba yèn ana jamal (Jamal iku unta lanang, iya iku khewan ing tanah Ngarab kang gêdhe dhewe. Sawi.) bisa malêbu ing bolonganing êdom. Kang mangkono iku wêwalês Ingsun marang wong kang padha duraka kaphir.

39. Wong mau lèmèke: naraka Jahanam, lan ing dhuwur ditutupi gêni, kaya mangkono iku wêwalês Ingsun marang wong kang padha duraka.

40. Sarupane wong kang padha pracaya ing Allah, sarta padha nglakoni kalakuan bêcik, iku

--- 1 : 322 ---

bakal padha diganjar suwarga, sarta ana ing kono padha langgêng. Sarupane awak, ora dipêksa nglakoni sabarang kajaba mung sakêlare dilakoni.

41. Lan manèh wong ing suwarga mau padha Ingsun bengkas sumpêging atine. Dene suwarga mau ana bêngawane mili sangisoring kêkayon. Wong ing suwarga mau padha nyêbut asmaning Allah mangkene: Sarupaning pangalêmbana iku konjuk ing Allah, kang wis paring pituduh marang aku, dituduhake lakuning pangabêkti kang ngolèhake ganjaran suwarga iki. Saupama Allah ora paring pituduh marang aku, mokal yèn aku olèha pituduh dhewe. Para utusaning Pangeranku dhawuhe wis nyata kabèh. Ing kono banjur ana dhawuh mangkene: Lah iku suwarga pancèn cawisane wong kaphir, didumake marang sira marga ênggonira padha nglakoni pangabêkti.

42. Wong ing suwarga padha nguwuh marang wong ing naraka, saiki kapara nyata aku wis nampani ganjaran kang wis diêbangake dening Pangeranku

--- 1 : 323 ---

marang aku. Kowe apa iya wis kanyataan ngrasakake siksa kang wis diancamake dening Pangeranmu marang kowe. Wong ing naraka banjur padha mangsuli: Iya mangkono. Ing kono nuli ana malaikat dhawuh mangkene: Bêbênduning Allah iku tumrap marang wong kang padha duraka.

43. Kang padha ngalang-alangi tumindaking agama dêdalaning Allah, lan padha ngarah supaya agamaning Allah iku malèncèng, wong mau padha maido bakal ananing akhirat.

44. Ing antarane suwarga lan naraka ana gunung minôngka pagêr, aran gunung Akraph, iku panggonaning wong kang abot ènthènging ala lan bêcike padha bae. Wong kang manggon ing kono padha wêruh wong kang ana ing suwarga lan wong kang ana ing naraka. Wong mau padha kapengin malêbu ing suwarga. Panguwuhe marang wong kang ana ing sawarga: Sampeyan mugi kasugêngana. (Allah ngandika:) wong ing gunung Akraph iku padha ora kêna malêbu ing suwarga.

45. Wong ing gunung Akhraph mau mênawa andêlêng wong kang padha ana ing naraka, banjur padha munjuk [munju...]

--- 1 : 324 ---

[...k] ing Allah mangkene: Dhuh Pangeran kawula, kawula mugi sampun ngantos Tuwan lêbêtakên ing naraka awor kalihan tiyang ingkang sami duraka punika.

46. Wong ing gunung Akraph padha nguwuh marang wong ing naraka: Kang wis diwêruhi têtêngêre, pangucape, ênggonmu padha nglumpukake bôndha lan ênggonmu padha gumêdhe biyèn têka ora bisa nulak siksa naraka.

47. Biyèn kowe padha supata, ngarani yèn para wong Islam iku bakal ora olèh sihing Allah. Saiki kowe padha wêruh nyatane, para wong Islam padha tômpa dhawuhing Allah mangkene: Saiki sira padha malêbua ing suwarga, ana ing kono sira padha ora kuwatir apa-apa, lan padha ora kambah ing kasusahan.

48. Wong ing naraka padha nguwuh marang wong ing suwarga: Kula punika bok inggih sampeyan paringi toya sacêgokan utawi têtêdhan pêparingipun Allah dhumatêng sampeyan sakêdhik kemawon. Wong ing suwarga banjur padha mangsuli: Allah ora parêng

--- 1 : 325 ---

yèn banyu utawa panganan ing suwarga iki dipangan ing wong kaphir.

49. Kang padha nganggo dolanan lan siya-siya marang agamane, apadene padha kalimput kabungahan ing dunya. Sarèhne wong kaphir mau padha maido ayat Ingsun, sarta ora praduli bakal têkaning dina kiyamat iki, mulane saiki Ingsun iya ora praduli sêsambate wong kaphir mau, mêsthi padha Ingsun cêmplungake ing naraka.

50. Ingsun wis ngundhangake kitab Kuran marang wong ing Mêkah kabèh, sabanjure wong Mêkah padha wêruh wijang-wijanging parentah, iku minôngka pituduh bênêr lan minôngka sih Ingsun marang wong kang padha pracaya.

51. Wong kaphir padha ora bisa sumingkir saka siksa kang wis diancamake, kasêbut ing Kuran. Ing besuk dina kiyamat, nalikane siksa kang diancamake mau kalêksanan, sarupaning wong kang maune ora praduli marang kawusanan, padha ngucap mangkene: Satêmêne aku wis karawuhan para utusaning Pangeranku, [Pa...]

--- 1 : 326 ---

[...ngeranku,] padha andhawuhake barang kang kanyataan iki, saiki kapriye, sapa andêl-andêlku kang bisa ngukuhi utawa nanggung marang aku, utawa aku apa kaparêng nyuwun dibalèkake marang dunya manèh, aku sanggêm bakal ngèstokake dhawuhing para rasul, nglakoni liyane kang wis tak lakoni biyèn (ing kono nuli ana dhawuh: Kabèh iku ora. Pangandikaning Allah:) wong kaphir iku kabèh têtêp cilaka awake. Enggone biyèn padha gawe-gawe, mangeran brahala, dikira bakal bisa naggung awake, saiki cidra.

52. Satêmêne Pangeranira iku Allah, kang nganakake bumi lan langit, lawase mung nêm dina, sawise dadi, Allah nuli kèndêl, jumênêng ana ing ngaras (Patrape ênggone jumênêng ora kêna ginagas. Sawi.). Allah andadèkake rina linlan. wêngi, gêntèn arêbut numpang kalawan gêlis. Lan manèh Allah iku nitahake srêngenge lan rêmbulan, apadene sarupaning lintang, kabèh padha sumungkêm [sumungkê...]

--- 1 : 327 ---

[...m] angèstokake parentahing Allah. Pangeran kang mangkono iku apa dudu kang kagungan titah iki kabèh, lan apa iku dudu kang murga masesa sarupaning prakara. Allah iku Maha-agung, mangerani ngalam kabèh.

53. (He para kawulaning Allah) sira padha nyênyuwuna ing Allah Pangeranira, kalawan konjêm tur lirih. Satêmêne Pangeranira iku ora rêmên wong kang padha nyênyuwun kalawan bêngak-bêngok, kakehan têmbung tur ora têrus ing ati.

54. Sawise bumi iki têntrêm, marga Allah ngutus para rasul, sira aja padha rusuh gawe rusak ana ing bumi, lan sira padha nyênyuwuna ing Allah kalawan wêdi siksaning Allah sarta kapengin ganjaraning Allah. Satêmêne sihing Allah iku cêpak diparingake marang wong kang padha bêcik tur ngabêkti.

55. Allah iku kang ngididake angin, minôngka bêbungah marang para kawula, angin mau ngiring udan, anggiring mega kang banjur dadi mêndhung, sabanjure dadi udan, iku Ingsun ênggo nyirami palêmahan kang bêra. Ingsun nurunake banyu udan [u...]

--- 1 : 328 ---

[...dan] marang palêmahan kang bêra mau, iku Ingsun ênggo mêtokake sarupaning wowohan. Kaya mangkono uga ing têmbe ênggon Ingsun nguripake wong kang wis padha mati, diwêtokake saka ing kubur. Dhumawuhing ayat iki supaya sira padha elinga.

56. Palêmahan kang êloh iku thukuling wit-witane lêmu, wohe bêcik-bêcik, kalawan idining Pangerane. Dene palêmahan kang cêngkar iku angèl thukuling wit-witan ana ing kono, wêtuning wowohan prasasat ora kalap. Kaya mangkono iku ênggon Ingsun nêrang-nêrangake ayat marang wong kang padha sukur ing Allah.

57. Ingsun têmên wis ngutus Nabi Nuh, Ingsun karsakake andhawuhi marang para kancane. Nabi Nuh banjur dhawuh: He para kancaku kabèh, kowe nêmbaha ing Allah, kowe ora duwe Pangeran sapa-sapa liyane Allah. Ing besuk dina kiyamat mêsthi padha disiksa.

58. Têtungguling wong ing kono banjur mangsuli: Pamanggih kula sampeyan punika

--- 1 : 329 ---

têtela kêsasar.

59. Nabi Nuh banjur dhawuh manèh: Aku ora pisan kêsasar, wruhanamu, aku iki utusan saka Pangeraning alam kabèh.

60. Aku iki ngundhangake parentahe Pangeranku marang kowe kabèh, lan pitutur bêcik marang kowe. Aku iki luwih têrang marang dhawuh-dhawuh utawa pêpacuhing Allah kang padha ora kowêruhi.

61. Apa kowe padha ngungun, dene têka padha diparingi wêwulang saka Pangeranmu nganggo lantaran sawijining wong lanang kancamu, supaya wong lanang mau mêmêdèni siksa marang kowe, lan supaya kowe padha wêdia ing Allah, murih kowe padha olèh asihing Allah.

62. Para kancane Nabi Nuh mau banjur padha maido dhawuhe Nabi Nuh, dene wong kang padha maido ayat Ingsun iku aran picak atine. Kabèh padha Ingsun sirnakake sarana Ingsun kêlêm ing banjir kang aran: Tuphan. Mung Nabi Nuh sakancane kang padha milu ana ing prau, iku kang Ingsun [Ing...]

--- 1 : 330 ---

[...sun] salamêtake.

63. Lan manèh Ingsun iya wis ngutus Nabi Hud, Ingsun karsakake andhawuhi para sanake, iya iku Ngad sakancane. Dhawuhe Nabi Hud mangkene: He para sanakku kabèh, kowe padha nêmbaha ing Allah, kowe ora duwe Pangeran sapa-sapa liyane Allah, yagene kowe padha ora wêdi ing Allah.

64. Para têtungguling wong kaphir mau mangsuli: Pamanggih kula sampeyan punika bodho, sarta panêrka kula sampeyan punika dora.

65. Nabi Hud banjur dhawuh: He para sanakku, aku ora pisan bodho, aku iki utusan saka Pangeraning alam kabèh.

66. Aku iki ngundhangake dhawuhing Pangeranku marang kowe kabèh, dene ênggonku pitutur marang kowe iki, mulangake lugune dhawuhing Allah.

67. Apa kowe padha ngungun, dene têka padha diparingi wulang saka Pangeranmu. Nganggo lantaran sawijining wong lanang kancamu, supaya wong lanang mau mêmêdèni siksa marang kowe. Dhawuhing [Dhawuh...]

--- 1 : 331 ---

[...ing] Allah kowe padha elinga sapungkure para umate Nabi Nuh, kowe padha digêntèkake manggon ana ing bumi, diwuwuhi gagah prakosa lan gêdhe dhuwur. Mulane padha elinga pêparinging Allah nikmat marang kowe kabèh, supaya kowe padha dadia wong bêgja.

68. Para santanane Nabi Hud mau banjur padha mangsuli: Dados karsa sampeyan punika, kula sami sampeyan dhawuhi nêmbah dhatêng Allah thok, sarta sampeyan dhawuhi mantun anggèn kula sami nyêmbah sêsêmbahanipun para lêluhur kula. Mênawi dhawuh sampeyan punika têmên, têrang saking Allah sayêktos, sumôngga sapunika siksa ingkang sampeyan ancamakên punika sampeyan dhatêngakên.

69. Nabi Hud banjur dhawuh: Yagene kowe padha madoni marang aku prakara ênggonmu padha anjênêngake Pangeran marang brahala, kang ora didhawuhake dening Allah, lan ora ana tôndha yêktine yèn iku Pangeran, mung maligi nglêluri para lêluhurmu bae. Saiki kowe mêsthi padha tinêmpuh [ti...]

--- 1 : 332 ---

[...nêmpuh] ing siksa lan bêbênduning Pangeranmu. Mara êntènana sadhela, aku uga ngêntèni.

70. (Pangandikaning Allah:) Wong kang padha maido ayat Ingsun, lan ora pracaya mau banjur padha Ingsun sirnakake kabèh, dene Nabi Hud sakancane kang padha pracaya, padha Ingsun salamêtake sarta padha olèh sih Ingsun.

71. Lan manèh Ingsun wis ngutus Nabi Salèh, Ingsun karsakake andhawuhi para sanake, iya iku golongane wong Ngarab kang padha turuning Samud, (Samud iku anake Ghabir, Ghabir iku anake Sam, dene Sam iku putrane Nabi Nuh. Dadi Samud iku buyute Nabi Nuh. Khazin.) dhawuhe Nabi Salèh mangkene: He para sanakku kabèh, kowe padha nêmbaha ing Allah, kowe ora duwe Pangeran sapa-sapa liyane Allah, kowe saiki digêlari kaelokan dening Pangeranmu, (minôngka tôndha yêktine yèn aku iki têmên utusaning Allah, têtêp kaya panjalukmu) [panjalu...]

--- 1 : 333 ---

[...kmu)] mara padha dêlêngên, iki untaning Allah, mêtu saka ing watu kang kotamtokake, (kaya patrape bayi lair saka guwa garbaning biyung) unta iku padha togna bae, karêbèn mangan ana bumining Allah, aja padha komunasika utawa kosiya-siya, samôngsa kosiya-siya, kowe mêsthi nadhang siksa kang nglarani.

72. Lan kowe padha ngrasakna, sapungkure Ngad, kowe padha dikarsakake dening Allah dadi gêgêntine, kowe padha diênggonake ana ing bumi, banjur padha ngadêgake gêdhong ana ing tanah ngare, lan padha ngêpras gunung banjur kodêgi omah. Mulane kowe padha elinga pêparinging Allah nikmat marang kowe kabèh, aja padha rusuh gawe rusak ana ing bumi.

73. Para têtungguling wong mau, kang padha gumêdhe padha ngucap marang para wong cilik kang padha ngandêl marang Nabi Salèh, pangucape mangkene: Kowe apa padha wêruh têrang yèn Nabi Salèh iku têmên diutus Pangerane. Wong kang ditakoni [ditako...]

--- 1 : 334 ---

[...ni] banjur padha mangsuli: Kula sami ngandêl yèn dhawuhipun Nabi Salèh punika têrang saking timbalaning Pangeran.

74. Wong kang padha gumêdhe mau banjur padha ngucap: Kang padha kopracaya iku aku maido.

75. Ing kono wong kang padha gumêdhe mau banjur padha nêrak pêpacuhing Pangeran, ambêlèh unta kagunganing Allah mau, pangucape: He Nabi Salèh, mênawi sampeyan punika têmên utusaning Allah, suwawi sapunika sampeyan dhatêngakên siksa ingkang sampeyan ancamakên punika.

76. Ing kono nuli ana lindhu apadene balêdhèg nyambêr wong mau, têmah padha krungkêb, mati ngênggon.

77. Sawise wong mau padha mati, Nabi Salèh banjur tumênga, sarta ngandika: He para sanakku kang padha mati, aku mau wis andhawuhake parentahing Pangeranku, lan kowe wis padha tak pituturi akèh-akèh, ewadene puluh-puluh kêpriye, kowe kudu ora dhêmên marang kang mituturi.

--- 1 : 335 ---

78. (He Mukhammad) sira nyaritakna lêlakone Nabi Lut, nalikane dhawuh marang para umate: (He para umatku kabèh) yagene kowe padha nglakoni ala, (cumbana padha wong lanang) kang môngka wiwit tumitah ing jagad saprene, durung ana sawijining wong anglakoni kaya kowe mangkono.

79. Yagene kowe cumbana padha wong lanang, dhêmên marang wong lanang nampik wong wadon. Dadi kowe iku têtêp wong kêbangêtên, nampik barang kang diwênangake, pilih nêrak larangan.

80. Wangsulane para umat mau ora ana manèh kajaba mung ngucap marang para kancane: Nabi Lut sakancane iku padha ngaku wong suci, mulane padha tundhungên, wêtokna saka ing desa kene.

81. Ingsun anylamêtake Nabi Lut sakancane kang padha pracaya, mung rabine Nabi Lut Ingsun kèrèkake milu Ingsun siksa.

82. Iya iku sarana Ingsun udani watu, (lan Ingsun walik bumine) mulane sira dêlênga, [dêlêng...]

--- 1 : 336 ---

[...a,] kapriye kadadiane wong kang padha nandhang dosa.

83. Lan manèh Ingsun wis ngutus Nabi Sungèb, Ingsun karsakake andhawuhi para sanake ing desa Madyan. Dhawuhe Nabi Sungèb mangkene: He para sanakku kabèh, kowe padha nêmbaha ing Allah, kowe ora duwe Pangeran sapa-sapa liyane Allah, kowe wis padha digêlari tôndha yêkti dening Pangeranmu kang mratandhani yèn aku iki utusaning Pangeran. Saiki kowe anggênêpana takêr lan bobot, aja padha ambalibuk ngêlongi darbèking wong. Ing sawise bumi iki têntrêm sarana ana utusaning Allah, mênawa kowe padha pracaya ing Allah, padha nglakonana kaya pituturku mau, iku tumrape ing kowe bêcik bangêt.

84. Lan padha marènana ênggonmu padha nyêgat wong ana ing dêdalan, padha koancam sing sapa manut Nabi Sungèb, bakal kopatèni, utawiutawa. ênggonmu padha macuhi marang wong kang padha pracaya ing Allah, kolarangi ora kêna [kê...]

--- 1 : 337 ---

[...na] nindakake agamaning Allah, pangarahmu supaya agamaning Allah iku malèncèng. Lan kowe padha elinga, biyèn kancamungkancamu. mung sathithik, saiki diakèhake dening Allah, lan padha andêlênga, kapriye kadidayane wong kang padha rusuh gawe rusak.

85. Dene mênawa kancamu iku kang sapôntha pracaya, ngèstokake dhawuhing Allah kang tak ampil iki, lan kang sapôntha manèh padha ora gêlêm pracaya, iku padha sarantèkna bae, nganti Allah ngadili marang aku. Allah iku luwih bêcik, adile luwih patitis tinimbang lan wong kang padha ngadili prakara.