Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

Jus kaping sanga

86. Para umate Nabi Sungèb mau ana sawatara kang dadi pangarêp, iku padha gumêdhe, amangsuli marang Nabi Sungèb: Sapunika sampeyan sakônca sampeyan tunggil agami sami kula tundhung saking dhusun kula ngriki, mênawi botên purun, sampeyan sakônca sampeyan kêdah sami ambalik manut agami kula. Nabi Sungèb mangsuli: Sanadyan [Sana...]

--- 1 : 338 ---

[...dyan] aku kopêksa, iya masa gêlêma ambalik.

87. Aku wis didohake dening Allah saka agamamu iku, upama aku banjur ambalik manut agamamu, dadi aku têtêp wong gawe-gawe, calathu goroh tak awadake têrang dhawuhing Allah, mulane aku ora pisan ambalik manut agamamu, kajaba yèn aku dipêsthi ambalik dening Allah Pangeranku, waspadane Pangeranku têbane jêmbar bangêt anglimputi samubarang, aku sakancaku padha pasrah sakarsaning Allah. (Nabi Sungèb nuli munjuk ing Allah:) Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi ngadilana kalayan lêrês, anggèn kawula diya-diniya kalihan para umat kawula punika. Tuwan punika langkung sae, ngungkuli tiyang ingkang sami andhawahakên lêlêrêsan.

88. Para umate Nabi Sungèb kang padha kaphir tur padha dadi pangarêp, padha ngucap: He para kancaku, mênawa kowe padha manut agamane Nabi Sungèb, amêsthi kowe padha kapitunan. [ka...]

--- 1 : 339 ---

[...pitunan.]

89. Ing kono banjur ana bêbênduning Allah têka, para umate Nabi Sungèb kang padha kaphir padha disambêr ing balêdhèg, mati kabèh.

90. Sarupane wong kang maido Nabi Sungèb padha sirna kabèh, prasasat ora manggon ing kono biyèn mula. Sarupane wong kang maido Nabi Sungèb, têtêp padha kapitunan.

91. Nabi Sungèb banjut nolèh karo tumênga, panutuhe: He para umatku kang padha mati, aku wis ngundhangake parentahe Pangeranku marang kowe kabèh, lan kowe wis padha tak pituturi mêksa maido, saiki kapriye ênggonku anggêtuni wong kang padha kaphir.

92. Mênawa Ingsun ngutus nabi, Ingsun tuduh mêmulang marang wong ing padesan, kang môngka wong ing padesan mau padha maido, amêsthi wong padesan mau padha Ingsun patrapi pakewuh lan sangsara, supaya wong kang wêruh banjur padha sumungkêm.

93. Sawise padha sumungkêm ing Allah, pakewuh lan sangsara mau banjur Ingsun salini sêmpulur lan kabungahan, nganti andêrbala kasugihane. Ing kono wong

--- 1 : 340 ---

mau banjur padha ngucap: Para lêluhurku biyèn iya padha kambah ing pakewuh lan sangsara lan kabungahan, kang mangkono iku dudu barang-barang, dhasar wis lakuning jagad, bungah lan susah iku gênti-gênti têkane. Barêng wong mau wis lali ing Allah, banjur padha Ingsun tungkêb ing siksa kang ngagètake, sarta padha ora kêrasa.

94. Saupama wong ing padesan mau padha pracaya ing Allah lan utusaning Allah, sarta padha ngati-ati ora nêrak laranganing Allah, amêsthi padha Ingsun wêngani barkah saka ing bumi lan saka ing langit, ewadene têka padha maido, mulane padha Ingsun turuni siksa marga saka panggawene dhewe.

95. Wong kaphir ing Mêkah lan sakiwa têngêne mênawa katungkêban siksaningsun ing wayah wêngi pinuju padha turu, apa bisa oncat saka siksaningsun.

96. Wong kaphir ing Mêkah lan sakiwa têngêne mênawa katungkêban siksaningsun ing wayah lingsir wetan, pinuju padha kêlimpe bungah-bungah, apa bisa oncat saka siksaningsun.

97. Wong kaphir mau layak padha rumasa ora dilulu dening Allah, wong kaphir kang ora rumasa dilulu

--- 1 : 341 ---

dening Allah iku têtêp wong kapitunan.

98. Wong kang padha nêmu panggonan ing bumi anggêntèni wong lawas kang wis padha Ingsun sirnakake marga saka dosane, iku apa ora wis padha ngêrti yèn ing têmbe mênawa ana karsaningsun, uga bakal Ingsun tungkêbi siksa marga saka dosane. Lan Ingsun angêcap atine wong mau, Ingsun pêsthi ora ngrungokake utawa ngèstokake parentah.

99. (He Mukhammad) mungguh kaananing padesan kang wis padha Ingsun paringake wêruh marang sira mau, iku lupiyane ênggon Ingsun anulungi marang para utusaningsun, ngalahake para wong kaphir. Wong padesan mau wis padha katêkan para utusaningsun, kanthi kaelokan minôngka tôndha yêkti yèn têmên Ingsun utus. Ewadene wong mau padha andaluya suthik pracaya, amarga wis kêbanjur ênggone padha maido, kaya mangkono iku atine wong kaphir wis dicap dening Allah ora bisa owah.

100. Ingsun ora nguningani yèn para umat kang wis kapungkur kang padha Ingsun caritakake mau akèh kang-kang kang. nêtêpi janji sêsanggêmane, dene kang Ingsun uningani, [uni...]

--- 1 : 342 ---

[...ngani,] wong mau akèh kang duraka.

101. Sawise Ingsun ngutus para nabi kang wis kasêbut mau, Ingsun banjur ngutus Nabi Musa, kanthi kaelokan pirang-pirang, Ingsun utus andhawuhi Raja Pirngon sapunggawane, nanging banjur padha maido lan nganiaya marang Nabi Musa, mulane mara sira dêlênga, kapriye kadadiane wong kang padha gawe rusak.

102. Nabi Musa andhawuhake parentah: He Raja Pirngon, kula punika utusaning Allah, Pangeranipun ngalam punika sadaya.

103. Wajib kula kêdah andhawuhakên luguning parentah saking Allah. Sowan kula ing sampeyan punika kanthi tôndha yêkti saking Pangeran sampeyan. Dhawuhing Pangeran, sampeyan ingandikakakên nguculakên para turuning Israil saking pangawulan, badhe sami kawula ajak mantuk dhatêng tanah suci. Raja Pirngon mangsuli: Mênawa têmên kowe iku utusaning Allah, sarta kowe ngaku têkamu iki kanthi tôndha yêkti, mara têkakna tôndha yêkti kang koaturake iku.

104. Nabi Musa nuli anguncalake têkêne, sanalika têkên mau dadi ula lanang luwih dening gêdhe, [gê...]

--- 1 : 343 ---

[...dhe,] katon ing akèh anggêgirisi.

105. Sarta andudut èpèk-èpèke saka ing cangklakane, sanalika èpèk-èpèk mau rupa putih mancorong, ngungkuli cahyaning srêngenge, wong kang andêlêng padha kêblêrêngên.

106. Para punggawane Raja Phirngon padha ngucap: Nabi Musa iki pancèn lêbda marang kridhaning sikhir sarta baud nyulap.

107. Raja Phirngon anglairake panêmune: Karêpe Nabi Musa iki bisa anundhung aku lan kowe kabèh saka bumi ing Mêsir. Saiki kapriye kang padha dadi rêmbugmu.

108. Para punggawa mau banjur padha matur: Pamanggih kula, Nabi Musa kalihan sadhèrèkipun ( Nabi Harun) punika prayogi sami dipun sarantosakên rumiyin, paduka lajêng utusana dhatêng kitha-kitha wêwêngkon ing ngriki sadaya, nimbali ngalêmpak para juru sikhir utawi tukang nyulap.

109. Para pangagênging kitha wau tamtu lajêng sami nyowanakên para juru sikhir utawi tukang nyulap ingkang sami pinunjul, punika lajêng sami dipun dhawuhi nanggulangi Nabi Musa.

--- 1 : 344 ---

110. Para juru sikhir banjur padha ngucap: He Nabi Musa, sapunika sampeyan kula sarah, punapa sampeyan ngrumiyini nguncalakên têkên sampeyan, punapa kula ngrumiyini nguncalakên têkên utawi tampar kula.

113. Nabi Musa mangsuli: Kowe padha andhisikana nguncalake têkên lan tamparmu. Barêng para juru sikhir wis padha nguncalake têkên lan tampare, ing kono sikhire dadi, gêdhe angômbra-ômbra, sarupaning wong pandêlênge padha kêracut, (têkên lan tampar mau katon ula, tumpang tindhih angêbkiangêbaki. bumi sapal pasagi) sarupaning wong padha giris kabèh.

114. Ingsun nuli paring wahyu marang Nabi Musa, He Musa, enggal sira nguncalna têkênira. Barêng Nabi Musa wis nguncalake têkêne, sanalika têkên mau dadi ula lanang luwih dening gêdhe, sarta banjur nguntali ula sulapaning juru sikhir mau, nganti êntèk kabèh.

116. Ing kono barang kang têmên saka dhawuhing Allah, kanyataan, dene barang sulapan [sula...]

--- 1 : 345 ---

[...pan] kang ditindakake dening para juru sikhir, jugar kabèh.

116. Ing kono Raja Phirngon sapunggawane para juru sikhir padha kalah, sarta kuwalik dadi asor.

117. Para juru sikhir banjur padha anjungkêl sujud ing Allah.

118. Banjur padha matur: Sapunika kula sami pitados dhatêng Pangeraning jagad punika sadaya.

119. Inggih punika Pangeranipun Nabi Musa kalihan Nabi Harun.

120. Raja Phirngon banjur duka, pangandikane: He para juru sikhir, kowe padha wani-wani pracaya marang Nabi Musa durung olèh idinku, iku têtela yèn kowe wis kêthikan lan Nabi Musa ana nagara ing Mêsir kene, kowe padha nêja maeka, pamrihmu bisa anundhung wong ing Mêsir kabèh. Lah ing mêngko dêlêngên.

121. Kowe mêsthi tak jonjang tanganmu lan sikilmu, banjur padha tak tanjir kabèh.

122. Para juru sikhir padha matur: Sanadyan kula dumugi ing pêjah, kula lampahi, awit kula badhe dumugi [dumu...]

--- 1 : 346 ---

[...gi] wontên ngarsanipun Pangeran kula.

123. Anggèn paduka misakit dhumatêng kula punika botên liya dumèh kula sarêng sumêrêp gumêlaripun ayating Pangeran kula lajêng sami pitados. Dhuh Allah Pangeran kawula, Tuwan mugi paringa manah sabar ingkang sampurna dhumatêng kawula, punapadene mugi kaparênga mundhut nyawa kawula kalayan pêjah Islam.

124. Para punggawane Raja Phirngon banjur padha matur: Kadospundi karsa paduka Nabi Musa sakancanipun punika punapa dipun kèndêlakên kemawon, botên wande badhe rêsah, sami damêl risak wontên ing bumi Mêsir, sarta lajêng angrèmèhakên dhatêng paduka saha dhatêng sakathahing rêca ingkang sampun paduka junjung dados Pangeran, Raja Phirngon ngandika: Karêpku para anake wong Bani Srail, kang lanang padha dakpatèni, mung kang wadon iku dak uripi. Aku iki kuwasa misesa, ana sadhuwure wong Bani Srail kabèh.

125. Nabi Musa banjur pitutur marang para santanane: Kowe padha nyuwuna pitulunging Allah, lan padha sabara ênggonmu padha kêtaman rêribêd,

--- 1 : 347 ---

padha wêruha yèn bumi iki kagunganing Allah, diparingake marang para kawulane, êndi kang dadi parênging karsane, pitulung lan kamênangan iku duwèkke wong kang padha wêdi ing Allah.

126. Wong Bani Srail banjur padha matur: Sadèrèngipun sampeyan jumênêng rasul, kula sampun sami dipun siya-siya dening Raja Phirngon sabalanipun, punapadene sarêng sampeyan sampun jumênêng rasul punika, kula inggih sami dipun pisakit. Nabi Musa banjur ngarih-arih, Pangeranmu muga ngrusaka satrumu, sabanjure kowe digêntèkake ngêjègi panggonane ana ing bumi. Ing kono Pangeranmu mirsani kapriye kang padha kolakoni.

127. Para punggawane Raja Phirngon banjur padha Ingsun têkani pailan, lawase pitung taun, wêtuning wowohan ing kono suda akèh, kang mangkono mau supaya padha elinga.

128. Para punggawane Raja Phirngon mau mênawa padha nêmu bêcik, (bagas kawarasan lan sêmpulur ing samubarang) pangucape: Kang mangkonoSeharusnya hlm. 348.

--- 1 : 148 ---

iki wis bênêre duwèkku. Dene yèn padha kambah ing barang kang ora prayoga, (kaya ta: lêlara lan rêribêd) padha nguring-uring marang Nabi Musa sakancane, satêmêne ala lan bêcike mau, ana ngastaning Allah piyambak, nanging manungsa iku kang akèh padha ora wêruh lan ora ngrasakake kang mangkono mau.

129. Para punggawane Raja Phirngon padha ngucap: (He Nabi Musa) sanadyan sampeyan andhatêngakên tôndha yêkti punapa kemawon, amêsthi punika sikhir, pamrih sampeyan supados kula punika nilar agami kula, sampeyan sumêrêpa, kula botên pisan badhe ngandêl tôndha yêkti sampeyan.

130. Ingsun banjur nganakake tôndha yêkti akèh tur warna-warna, kang gênti-gênti têkane, kang andadèkake karibêdaning para punggawane Raja Phirngon, iya iku banjir gêdhe, walang, tuma, lan kodhok, kang padha ngêbaki tanah Mêsir, apadene sarupaning banyu padha dadi gêtih, nanging para punggawane Raja Phirngon padha gumêdhe, puguh ora gêlêm pracaya marang Nabi Musa, wêkasan padha Seharusnya hlm. 349.

--- 1 : 149 ---

duraka, tulus ênggone kaphir.

131. Para punggawane Raja Phirngon sabên katêmpuh siji-sijining pakewuh mau, padha sêsambat marang Nabi Musa, he Nabi Musa, kula sampeyan dongakakên dhatêng Pangeran sampeyan, ingkang sampun prajanji badhe nêmbadani panyuwun sampeyan. Mênawi sampeyan sagêd ambengkas pakèwêd punika saking kula, kula sagah pracaya dhatêng sampeyan, sarta sagah nguculakên tiyang Bani Srail saking pangawulan, salajêngipun tumut sampeyan dhatêng bumi suci. Barêng Ingsun wis ambengkas pakewuh mau, para punggawane Raja Phirngon padha nyidrani sêsanggêmane ênggone saguh pracaya, nganti têkan ing môngsa ênggone padha Ingsun sirnakake.

132. Ingsun banjur niksa marang Raja Phirngon sapunggawane. Kabèh padha Ingsun kêlêm ana têngahing sagara, marga ênggone padha maido ayat Ingsun, lan padha kêlimput ora praduli bakal têkaning siksa.

133. Wong Bani Srail kang maune padha kalah, ing mêngko padha Ingsun paringi warisan bumi suci

--- 1 : 350 ---

kang Ingsun bêrkahi, ing tanah Sam, apadene tanah Mêsir, wiwit pinggir wetan têkan pinggir kulon. Dhawuh kasagungahing Pangeranira bakal gawe mênang marang wong Bani Srail, samêngko wis kalêksanan sampurna, marga wong Bani Srail padha nêtêpi sabar. Dene yasane Raja Phirngon, gêdhong-gêdhong lan patamanan, Ingsun sirnakake kabèh.

134. Raja Phirngon sabalane mau sawise sirna kêlêm ing sagara, Ingsun anglulusake lakune wong Bani Srail ênggone nyabrang sagara, lakune têkan ing panggonananepanggonane. wong padha nyêmbah brahala. Wong Bani Srail banjur padha matur: Dhuh Nabi Musa, kula punika bok inggih sampeyan yasakakên Pangeran, kados tiyang ing ngriki punika sami gadhah Pangeran. Nabi Musa mangsuli: Kowe iku têtêp wong bodho.

135. Wong ing kene ênggone padha nyêmbah brahala iku bakal andadèkake rusaking awake, samubarang kang apdha dilakoni iku kabèh tanpa guna.

--- 1 : 351 ---

136. Nabi Musa banjur mituturi, apa aku anggolèkake Pangeran liyane Allah marang kowe. (Pangeran iku ora susah digolèki, dijaluk, utawa dipilih) Pangeran iku kang angluwihake kowe ngungkuli wong sajagad.

137. (Pangandikaning Allah: He wong Bani Srail) sira padha elinga nalika Ingsun angluwari sira saka para punggawane Raja Phirngon ênggone padha nandukake panganiaya utawa siksa kang bangêt marang sira. Dhèk samana padha matèni anakira lanang, mung anakira wadon kang diuripi. Kang mangkono iku dumunung coba gêdhe saka Pangeranira.

138. Lan Ingsun andhawuhi puwasa têlung puluh wêngi (karêpe têlung puluh dina) marang Nabi Musa, sawise gênêp, nuli Ingsun karsakake muwuhi sapuluh dina êngkas. Dadi Pangerane Nabi Musa ênggone mangêni puwasa gênêp patang puluh wêngi. (Karêpe patang puluh dina) ing kono Nabi Musa mêmêkas marang kakangne, aran Nabi Harun: (Sapêngkêr [(Sapên...]

--- 1 : 352 ---

[...gkêr] kula minggah ing rêdi Tursina, ngandikan ing ngarsaning Pangeran) sampeyan nyulihana kula, ngulat-ulatakên, umat kula punika, sami sampeyan purih saenipun, sampeyan sampun ngantos kèlu lampahipun tiyang ingkang sami damêl risak.

139. Barêng Nabi Musa wis anggênêpi puwasa patang puluh dina, nêtêpi dhawuh wêwangêning Allah, Allah banjur karsa imbal pangandika lan Nabi Musa. Ing kono Nabi Musa munjuk: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi karsa angatingal dhumatêng kawula. Kawula kapengin sangêt ningali sarira Tuwan kalayan kasat mata. Allah nuli ngandika: Sira ora bisa utawa ora kêlar andêlêng sariraningsun ana ing dunya, (sing sapa andêlêng sariraningsun ana ing dunya mêsthi mati) ewadene coba sira mandênga pucuking gunung Tursina iki (Ingsun bakal ngaton marang gunung mau) mênawa gunung mau têguh ana ing panggonane tanpa owah, sira iya bakal bisa andêlêng sariraningsun kalawan kasat mata. Barêng Pangerane Nabi Musa ngatingal marang gunung, sanalika gunung mau [ma...]

--- 1 : 353 ---

[...u] ambyar dadi lètèr, Nabi Musa anjungkêl kapidhara.

140. Barêng Nabi Musa wis waras ênggone kapidhara, banjur munjuk ing Allah: Tuwan punika Mahasuci, sapunika kawula tobat dhatêng Tuwan, wondene kawula punika kawitanipun tiyang Bani Srail, ingkang pitados ing Tuwan.

141. Allah nuli ngandika: He Musa, Ingsun milih sira, ngungkuli manungsa akèh, sira Ingsun piji dadi utusaningsun, sarta Ingsun parêngake imbal wacana lan Ingsun. Mara tampanana pêparingingsun drajat kanabean marang sira, lan sira dadia wong sukur marang Ingsun.

142. Ingsun anulis anggêr-anggêr, isi pitutur bêcik, apadene wijang-wijanging parentah lan pêpacuh, tumrap marang Nabi Musa (sakancane) Ingsun tulis ana ing papan jumêrut cacah sapuluh. Mara iku sira tampanana, dadia cêcêkêlanira, sira èstokna kalawan sêtya tuhu, sarta para umatira padha sira parentahana ngèstokake anggêr-anggêr mau, sabisa-bisa nglakonana kang luwih utama, sira lan para umatira ing têmbe bakal padha Ingsun tontonake

--- 1 : 354 ---

panggonane wong kang padha duraka.

143. Sarupane wong kang padha gumêdhe ana ing bumi, iku ora bênêr, ing têmbe wong mau bakal Ingsun singkirake, dadi ora ngêrti surasaning ayat Ingsun, mênawa wong mau andêlêng siji-sijining tôndha yêkti, padha ora gêlêm pracaya marang tôndha yêkti mau, mênawa wêruh dalan pituduh marang kabêcikan, padha ora gêlêm ngambah dalan mau. Dene mênawa wêruh dalan panasaran, banjur padha ngambah dalan panasaran mau.

144. Kang mangkono iku amarga wong mau padha maido ayat Ingsun, sarta padha lali, kêlimput ora gêlêm ngrasak-rasakake.

145. Sarupane wong kang padha maido ayat Ingsun, lan maido ênggone bakal têkan ing akhirat, iku lakune kang bêcik sirna larut kabèh, sarta besuk ana ing akhirat mêsthi padha tômpa wêwalêse samubarang piala kang wis padha dilakoni.

146. Sapungkure Nabi Musa munggah ing gunung Tursina, para umate Nabi Musa padha sayuk anglumpukake panganggone kang rupa mas, iku digawe rêca pêdhèt, [pê...]

--- 1 : 355 ---

[...dhèt,] banjur dadi pêdhèt mas, mawa daging lan gêtih, sarta bisa nyuwara sasuwaraning sapi (pêdhèt mas mau banjur didêgake Pangeran lan disêmbah). Wong Bani Srail liyane Nabi Harun, padha ora mikir yèn pêdhèt mas mau ora calathu apa -apa, lan ora bisa nuduhake dalan kaslamêtan marang wong Bani Srail.

147. Wong Bani Srail banjur padha mangeran marang pêdhèt mas mau, dadi padha nganiaya marang awake dhewe.

148. Barêng wong Bani Srail mau wis ngruntuhake gêgêmane, (wis kêduwung ênggone mangeran pêdhèt mas) sarta wis rumasa ênggone padha nyêmbah pêdhèt mas mau luput, banjur padha ngucap: Mênawa Pangeranku ora asih marang aku lan ora ngapura dosaku, amêsthi aku iki padha dadi wong kapitunan.

149. Barêng Nabi Musa bali marang panggonane wong Bani Srail, bangêt nêpsune lan gêtune, (amarga nalika ana ing gunung, Nabi Musa diparingi sumurup ing Pangeran yèn wong Bani Srail padha nyêmbah pêdhèt mas) panutuhe: [p...]

--- 1 : 356 ---

[...anutuhe:] ala têmên ênggonmu padha dadi sêsulihku ing sapungkurku. Yagene kowe padha ora sabar ngêntèni têkane kitab Torèt, kang isi parentahe Pangeranmu, banjur padha lancang nyêmbah pêdhèt mas. Nabi Musa banjur ambanting papan jumêrut sapuluh mau, banjur nyandhak sirahe Nabi Harun kang raka diukêl sarta digèndèng. Nabi Harun banjur ngrêrêpa, He putrane sibu, mungguh wong Bani Srail kang padha nyêmbah pêdhèt mas iku padha ngrèmèhake marang aku, mèh bae padha matèni marang aku, mulane kowe aja anggêdhèkake atining satru marga ênggonmu nêpsu marang aku, lan manèh aku aja koewokake wong kang padha nganiaya awake dhewe iku.

150. Barêng Nabi Musa wis rumasa lupute, banjur munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi ngapuraa anggèn kawula kêsirêng nêpsu dhatêng sadhèrèk kawula, sarta ngapuraa dhatêng sadhèrèk kawula mênawi kaworan ngrojongi tiyang nyêmbah pêdhèt mas. Makatên malih kawula tiyang kêkalih mugi Tuwan lêbêtakên [lêbêtakê...]

--- 1 : 357 ---

[...n] ing wêwêngkonipun sih Tuwan. Tuwan punika langkung dening asih, angungkuli tiyang ingkang sami asih.

151. Sarupane wong kang padha mangeran pêdhèt mas, iku bakal padha kêna bêbênduning Pangeran, utawa disorake ana ing dunya, kaya mangkono iku ênggon Ingsun matrapi marang wong kang padha calathu goroh diawadake têrang saka dhawuhing Allah.

152. Dene wong kang padha nglakoni ala, sawise kalêksanan, banjur padha tobat, sarta padha pracaya ing Allah, iku padha wêruha, sawise kêlakon tobat, Pangeranira mêsthi ngapura, sarta asih marang wong kang padha tobat mau.

153. Barêng Nabi Musa wis lilih ênggone nêpsu, banjur anjupuki papan jumêrut kang dibanting mau, ing kono isi pituduh marang dalan kang bênêr, sarta ubayaning Allah bakal asih marang wong kang padha wêdi ing Pangerane.

154. Nabi Musa banjur milih santanane, wong lanang pitung puluh, padha disebakake marang ngarsaningsun, [ngarsa...]

--- 1 : 358 ---

[...ningsun,] ana ing gunung Tursina, (pêrlu padha nyuwunake pangapura kaluputaning para kancane kang padha nyêmbah pêdhèt mas) barêng wong pitung puluh mau padha kalêngêr, (Enggone padha kalêngêr mau mulabukane mangkene: wong Bani Srail barêng padha didukani dening Nabi Musa ênggone padha nyêmbah pêdhèt mas, padha ora narima, kudu krungu dhewe pangandikaning Allah enggone nglarangi nyêmbah pêdhèt mas, ing kono Nabi Musa banjur milih wong lanang Bani Srail, cacahe pitung puluh, kang padha ora milu nyêmbah pêdhèt mas, iku padha diirid munggah ing gunung Sina, disebakake marang ngarsaning Pangeran. Barêng wis cêdhak lan gunung, banjur ana mega nglimputi gunung Sina. Nabi Musa banjur malêbu ing mega mau, sarta ngandika: Kowe padha nyêdhaka marene. Wong pitung puluh banjur padha nyêdhak mèlu malêbu ing mega. Ingnaana. ing kono banjur padha sujud sarta ngrungokake pangandikaning Allah marang Nabi Musa, ênggone andhawuhake parentah lan pêpacuh. Barêng mega wis ilang, wong pitung puluh mau padha nyêdhak marang Nabi Musa sarta padha matur: Mênawi namung makatên [maka...]

--- 1 : 359 ---

[...tên] kemawon kula botên pitados dhatêng sampeyan, kajawi mênawi kawula dipun katingali sariranipun Pangeran kalayan kasat mata. Ing sanalika kono gunung Sina banjur gêtêr dadi lindhu kang bangêt, wong pitung puluh mau saking dening wêdine, padha kalêngêr. Panyanane Nabi Musa, wong pitung puluh mau padha mati kabèh. Khazin.) Nabi Musa banjur munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, bok inggih sadèrèngipun kawula sowanakên ing ngarsa Tuwan wau, tiyang pitung dasa punika Tuwan pêjahi dalah kawula pisan. Upami kêlampahan makatên, punapa Tuwan karsa ngrisak dhumatêng kawula jalaran saking kalêpatanipun kônca kawula ingkang sami bodho, lêpat anggènipun sami nyêmbah pêdhèt mas. Pamanggih kawula nyêmbah pêdhèt mas punika dede punapa-punapa. Sayêktosipun punika dumunung anggèn Tuwan nyoba dhumatêng kawula Tuwan, dados sarananipun anggèn Tuwan nasarakên tiyang ingkang Tuwan kakarsakakên sasar, utawi sarananipun anggèn Tuwan paring pitêdah dhumatêng tiyang ingkang dados parêngipun karsa Tuwan. Tuwan punika ingkang paring pitulung dhumatêng kawula, mila Tuwan [Tu...]

--- 1 : 360 ---

[...wan] mugi ngapuraa kalêpatan kawula, punapadene asiha dhumatêng kawula, Tuwan punika ngapura dosa, ngungkuli ingkang sami ngapura dosa.

155. Punapadene Tuwan mugi nêtêpna kasaenan kawula wontên ing dunya punika katarimah, wontên ing akhirat badhe angsal pangapura. Kawula tobat ing Tuwan. Allah banjur ngandika: Ingsun bakal nandukake siksa marang wong kang Ingsun karsakake, ewadene sih piwêlas Ingsun jêmbar, sumarambah marang samubarang, iku bakal Ingsun têtêpake marang wong kang padha wêdi marang Ingsun, lan kang padha bayar jakat, apadene kang padha ngandêl ing ayat Ingsun.

156. Kang padha manut marang Mukhammad, nabi kang bodho, (Mulane Kangjêng Nabi Mukhammad diparingi jêjuluk nabi kang bodho, awit ora sagêd maos lan ora sagêd nyêrat, lan ora sagêd etang, nanging kang mangkono mau malah dadi kaluhurane, awit ênggone sagêd nyariyosake lêlakone para nabi lan para ratu ing jaman kina, têtela saka wahyuning Allah, ora kêna ditêrka wis anggaledhahi kitab kang kuna-kuna. [ku...]

--- 1 : 361 ---

[...na-kuna.] Khazin.) kang wis diwêruhi dening para wong Bani Srail, amarga kasêbut ana ing kitab Torèt lan kitab Injil. Nabi Mukhammad mau parentah marang manungsa kabèh supaya padha nglakoni kabêcikan, lan anglarangi nglakoni panggawe ala, lan ngênakake mangan sarupaning panganan kang ngrêsêpake, lan anglarangi mangan sarupane kang anggigokake, lan anyuwak sarupane parentah kang abot, kang tumrape marang wong prasasat balênggu. Sarupaning wong kang ngèstokake lan angluhurake utawa biyantu marang Nabi Mukhammad, sarta manut dhawuhing Kuran kang diparingake dadi ampilane Nabi Mukhammad minôngka pêpadhang, iku kabèh padha wong bêgja.

157. (He Mukhammad) sira dhawuha: He para manungsa, satêmêne aku iki utusaning Allah, dikarsakake mêmulang marang kowe kawekowe. kabèh.

158. Kang ngutus aku iki, Allah kang kagungan karaton bumi lan langit, ora ana sêsêmbahan kang bênêr kajaba mung Allah, kang nguripi lan matèni, mulane kowe kabèh padha

--- 1 : 362 ---

pracayaa lan ngèstokna dhawuhing Allah lan dhawuhe utusaning Allah, iya iku nabi kang bodho iki, kang pracaya ing Allah lan marang pangandikaning Allah, lan padha manuta parentahing rasul, supaya kowe padha olèha pituduh kang bênêr.

159. Santanane Nabi Musa para turun Israil, ana kang nuduhake manungsa marang dalan kang bênêr, sarta padha ngukumi kalawan ngadil.

160. Turuning Israil Ingsun perang dadi rolas pancêr, utawa rolas golongan, (sacacahing anake Nabi Yakub) nalikane wong Bani Srail padha sêsambat anjaluk ngombe (ana ing ara-ara tèh) Ingsun paring wahyu marang Nabi Musa, He Musa, têkênira sira jojohna ing watu. Barêng Nabi Musa wis anjojohake têkêne marang watu, sanalika watu mau mancur mêtu banyune rolas panggonan, sacacahing pancêr Israil. Ing kono siji-sijining pancêr banjur padha wêruh pangombenane dhewe-dhewe, lan Ingsun mayungi wong Bani Srail kabèh kalawan mega, apadene Ingsun paring iman lan manuk gêmak. (Pangandikaningsun:) [(Pangandikaning...]

--- 1 : 363 ---

[...sun:)] Sira padha nganamangana. pêparing Ingsun marang sira rijêki kang ngrêsêpake. Dene wong Bani Srail kang padha nglirwakake parentah Ingsun, iku ora nganiaya marang Ingsun, satêmêne nganiaya marang awake dhewe.

161. (He Mukhammad) sira nyaritakna nalikane wong Bani Srail padha didhawuhi dening Allah, sira padha manggona ana ing bumi suci iki, lan padha mangana isining bumi mau, êndi kang sira arêpi. Padha malêbua lawanging nagara sarta sujud, lan padha ngucapna têmbung: khittah, ing kono Ingsun ngapura kaluputanira kabèh. Dene wong kang wis bêcik tanpa dosa, bakal Ingsun wuwuhi ganjarane.

162. Wong Bani Srail kang padha bandhol utawa duraka, padha nyalini têtêmbungan kang didhawuhake dening Allah ingandikakake ngucapake mau, disalini têmbung liyane kang wis didhawuhake dening Allah, (ora gêlêm ngucap: kittah, diucapake: khintah phisangirah, têgêse: gandum numpangi juwawut) wong kang padha bandhol mau banjur padha Ingsun turuni siksa pagêblug [pagêblu...]

--- 1 : 364 ---

[...g] saka ing langit, marga ênggone padha duraka.

163. (He Mukhammad) wong Yahudi iku padha sira dangua lêlakone wong padesan sapinggiring sagara, (desa Elah lan Madyan) nalikane padha anjarag nêrak laranganing Allah, mèmèt ana ing dina Sabtu, dhèk samana sabên dina Sabtu iwak sagara padha têka angosèk, nanging yèn ora dina Sabtu, ora ana iwak katon. Mangkono ênggon Ingsun nyoba marang wong Bani Srail, marga ênggone padha duraka.

164. Lan nalikane wong ing desa Elah lan Madyan kang padha ora milu mèmèt padha mancahi marang wong kang padha mênging mèmèt, têmbunge mangkene: Apa gunane kowe padha mituturi marang wong kang wis mêsthi dirusak dening Allah utawa disiksa kalawan siksa kang abot. Wong kang mênging mau banjur padha mangsuli: Enggonku mituturi iki mung dumunung ngrêsikake awakku, kawuningana Pangeranmu. Utawa bokmênawa wong kang anjarag mèmèt iku banjur padha eling wêdi ing Allah.

165. Barêng wong kang padha mèmèt mau ora praduli pitutur, banjur padha Ingsun patrapi siksa [si...]

--- 1 : 365 ---

[...ksa] kang abot, marga ênggone padha duraka. Dene wong kang padha mênging mèmèt mau padha Ingsun salamêtake.

166. Barêng wong mau padha gumêdhe, mopo ênggone padha dilarangi mèmèt ing dina Sabtu, Ingsun banjur ngandika marang wong mau, saiki sira padha dadia kêthèk kang asor. (He Mukhammad) sira nyaritakna nalikane Pangeranira paring sumurup marang wong Bani Srail, dhawuhe: Ingsun bakal nitahake wong kang bakal ngalahake marang wong Bani Srail, nganti têkan dina kiyamat, iku bakal marentah marang wong Bani Srail kalawan siya-siya, prasasat siksa, satêmêne Pangeranira iku tumuli niksa marang wong kaphir, lan satêmêne Pangeranira iku ngapura sarta asih marang wong mukmin.

167. Lan Ingsun mrênca wong Bani Srail ana ing bumi, dadi pirang-pirang golongan, sawênèhing golongan mau ana kang bêcik pasuwitane ing Allah, lan ana kang ora bêcik. Ingsun nyoba wong Bani Srail kabèh sarana Ingsun paringi kabungahan, lan ana kang Ingsun paringi [pa...]

--- 1 : 366 ---

[...ringi] kasusahan, supaya padha ambalènana sêtya tuhu.

168. Sapungkure wong Bani Srail mau banjur digêntèni ing para turune kang paha olèh têtinggalan kitab Torèt saka lêluhure, (nanging padha ora ngèstokake kitab Torèt) wong mau padha milih kabungahan kang asor ing dunya iki, pangucape: Besuk aku mêsthi olèh pangapura, barêng ana kabungahan asor kang têka, iya banjur ditampani manèh. Yagene wong mau nganti ora Ingsun têtêpake sêsanggêmane kang wis kasêbut kitab Torèt, (mêsthi Ingsun têtêpake) ênggone padha sanggêm ora bakal ngandhakake pangandikaning Allah kajaba kalawan satêmêne, utawa tulène ênggone maca kitab Torèt. Wong Yahudi mau apa ora padha mikir yèn ing akhirat iku luwih dening bêcik tumrap wong kang padha wêdi ing Allah.

169. Dene wong Yahudi kang padha ngèstokake kitab Torèt, lan padha nglakoni sêmbayang, (iku bêcik) Ingsun ora bakal [baka...]

--- 1 : 367 ---

[...l] ngilangake ganjarane wong kang padha nglakoni panggawe bêcik.

170. (He Mukhammad) sira nyaritakna nalikane Ingsun ambêdhol gunung, Ingsun ungkulake ana sadhuwure wong Bani Srail kang padha mopo nyanggêmi pranataning kitab Torèt, gunung mau nganti kaya payon. Panyanane wong Bani Srail, gunung mau bakal nindhihi awake. (Pangandikaningsun: He wong Bani Srail, yèn sira nyuwun wurunge kêtiban gunung iki) saiki sira padha sanggêma ngèstokake pranataning Torèt kang wis Ingsun dhawuhake marang sira, sira lakonana kalawan sêtya tuhu, lan sira padha elinga samubarang kang kasêbut ana ing Torèt, supaya sira padha wêdia ing Allah.

171. Lan sira nyaritakna nalikane Pangeranira mêtokake turune Nabi Adam, saka sumbêring mani kang dumunung ing gêgêring bapa, Allah mundhut sêsanggêmane turun Adam mau utawa pangakune dhewe. (Pangandikaning Allah:) He turuning Adam, Ingsun iki apa dudu Pangeranira. Para turuning Adam banjur padha munjuk: [m...]

--- 1 : 368 ---

[...unjuk:] Inggih Gusti, Tuwan punika Pangeran kawula. (Para malaikat banjur padha munjuk:) Kawula sadaya ugi sami nêksèni sêsanggêman sarta pangakênipun turuning Adam punika, supados ing benjing dintên kiyamat, para turuning Adam sampun ngantos selak munjuk ing Tuwan: Kawula sami kêsupèn yèn gadhah sêsanggêman utawi pangakên ingkang makatên punika.

172. Utawi sampun ngantos munjuk makatên: Ingkang sami malih tingal punika para lêluhur kawula kala rumiyin, dede kawula, wondene kawula punika turunipun, anyambungi para lêluhur kawula (anggèn kawula malih tingal punika namung nglêluri para lêluhur kawula:) Punapa Tuwan karsa ngrisak utawi niksa dhumatêng kawula jalaran saking pandamêling tiyang sanès ingkang botên lêrês.

173. Mangkono manèh Ingsun mijang- mijangake ayat Ingsun, supaya kawulaningsun kabèh padha ambalènana sêtya tuhu marang sêsanggêmane biyèn.

174. (He Mukhammad) wong Yahudi iku padha caritanana lêlakone pandhita linuwih

--- 1 : 369 ---

kang wis Ingsun paringi ayat Ingsun, nanging banjur kêna panggodhaning setan, ambuwang ayat mau lan banjur kaphir. Wusana pandhita mau dadi wong kêsasar.

175. Upama ana parênging karsaningsun, kêna uga pandhita mau Ingsun junjung pangkate marga ngèstokake ayat Ingsun, ewadene ora mangkono. Pandhita mau tulus ênggone dhêmên dunya lan nguja kêkarêpane, dadi sanepane pandhita mau kaya upamane asu, mênawa sira cancang, mèlèd-mèlèd, utawa sira umbar iya mèlèd- mèlèd uga. Mangkono iku sanepane wong kang padha maido ayat Ingsun, mulane sira nyaritakna lêlakone pandhita mau, supaya para manungsa padha ngrasak-rasakake.

176. Ala têmên sanepane wong kang padha maido ayat Ingsun, lan padha nganiaya marang awake dhewe.

177. Sing sapa dituduhake dalan bênêr dening Allah, mêsthi olèh pituduh dalan bênêr. Dene sing sapa dikarsakake kêsasar dening Allah, wong iku mêsthi kapitunan.

178. Ingsun wis nitahake calon isèn-isèning [isèn-i...]

--- 1 : 370 ---

[...sèning] naraka Jahanam, iya iku jin lan manungsa pirang-pirang, padha duwe ati kang tanpa pangêrti, lan padha duwe mata, nanging ora kêna diênggo andadêlêng, lan padha duwe kuping, nanging ora kêna diênggo ngrungokake. Kabèh mau sanepane kaya kêbo sapi, (ênggone ora ngêrti marang prakara kang bênêr) malah ngungkuli kêbo sapi ênggone nasar anunjang-nunjang. Wong kang mangkono mau kabèh têtêp padha lali.

179. Allah iku kagungan asma akèh kang bêcik, (nuduhake kaluhurane) sira padha nyênyuwuna ing Allah nganggo nyêbut asma mau, dene wong kang ênggone nyêbut asmaning Allah nyimpang saka ing bênêr, iku padha sira togna bae, aja sira tiru. Ing besuk ana ing akhirat, wong mangkono mau bakal padha dipatrapi, marga saka barang kang wis padha dilakoni.

180. Sawênèhing titah Ingsun, ana pakumpulaning wong kang padha nuduhake manungsa marang dalan kang bênêr. Sarta padha ngukumi kalawan ngadil.

181. Dene wong kang padha maido ayat Ingsun, iku bakal padha Ingsun longi kabêgjane

--- 1 : 371 ---

saka sathithik, wong mau padha ora krasa.

182. Ingsun nyarantèkake sarta andawakake ngumure wong mau, satêmêne paekan Ingsun iku santosa.

183. Yagene wong Mêkah padha ora mikir yèn kancane kang aran Nabi Mukhammad, ênggone gumrêmêng iku ora edan, nanging iku nêrang-nêrangake wêwulang, mêmêdèni siksa.

184. Yagene manungsa padha ora andêlêng lan ngrasak-rasakake karatoning Allah bumi lan langit, lan samubarang kang wis dititahake dening Allah, yèn tulus mangkono bae, bokmênawa manungsa iku wis cêdhak mangsane ênggone mati, (kaya-kaya bakal mati kaphir) lah saiki pitutur apa kang padha sira pracaya, liyane Kuran.

185. Sing sapa dipêsthi kêsasar dening Allah, mêsthi ora ana kang bisa nuduhake dêdalan kang bênêr marang wong mau, sarta ênggone nasar mau ditogake bae dening Allah mulane padha bingung.

186. (He Mukhammad) wong turun Kurès padha akon ing sira, besuk apa kêlakone [kêla...]

--- 1 : 372 ---

[...kone] dina kiyamat, iku sira wangsulana: BakêlBakal. kêlakone dina kiyamat iku kang wêruh katamtuane mung Allah Pangeranku. Ora ana kang bisa nganakake dina kiyamat, kajaba mung Allah piyambak. Saisining bumi lan langit kabèh padha kasamaran, ora wêruh besuk apa kêlakone dina kiyamat, têkane dina kiyamat marang kowe kabèh ing besuk mêsthi ngagètake.

187. Wong mau ênggone padha takon dina kiyamat marang sira kalawan juwêt, prasasat ngarani yèn sira têrang marang dina kiyamat. Iku sira wangsulana yèn dina kiyamat iku mung Allah piyambak kang nguningani, nanging manungsa iku kang akèh padha ora wêruh yèn dina kiyamat iku mung Allah piyambak kang nguningani.

188. (He Mukhammad) sira dhawuha marang wong Mêkah kabèh, aku ora nguwasani marang awakku dhewe, gawe pakolèh utawa nyingkiri sangsara ora bisa, anane mung gumantung ana karsaning Allah. Upama aku wêruha marang kang samar-samar, iba ênggonku sarêgêp anglakoni kang

--- 1 : 373 ---

bêcik, dadi aku ora pisan kambah ing barang kang ala. Kowe padha wêruha yèn ênggonku diutus mêmulang marang kowe iki, ora liwat mung mêmêdèni siksa lan mêmengin ganjaraning Allah marang wong kang padha pracaya.

189. Allah iku kang nitahake sira kabèh, uwite saka awak siji bae, (iya iku Nabi Adam) sarta nitahake rabine saka cêcuwilane awak siji mau, supaya Nabi Adam têntrêma atine, asih marang rabine. Barêng Nabi Adam wis sarêsmi lan rabine, rabine banjur mêtêng kalawan ènthèng tanpa lara, lêstari têkan mangsane manak. Barêng wis cêdhak mangsane manak, Nabi Adam lan rabine padha nyênyuwun ing Allah Pangerane wong loro mau, unjuke: Mênawi Tuwan maringi anak sae dhumatêng kawula, iba anggèn kawula sami sukur ing Tuwan.

190. Barêng Allah wis marêngake sapanyuwune wong loro mau, diparingi anak mêtu bêcik, anak pêparinging Allah mau banjur ana rasane diênggo sarana maro tingal, (tandhane dijênêngake Ngabdul Kharas, têgêse kawulaning Kharas, dene

--- 1 : 374 ---

Kharas iku kalêbu jênênging iblis). Allah iku Mahaluhur, adoh bangêt yèn ana atêtimbangane, kaya kapracayane wong kang padha maro tingal.

191. Brahala iku ora bisa nitahake apa- apa, malah dititahake dening Allah, lan ora bisa têtulung marang wong, lan ora bisa têtulung marang awake dhewe. Yagene brahala iku têka padha diênggo têtimbanganing Allah.

192. Wong kang padha maro tingal mau mênawa sira jak anglakoni pituduh bênêr, mêsthi padha ora gêlêm manut, dadi sanadyan sira jak utawa sira mênang bae, iku padha bae.

193. Barang liyane Allah kang padha sira anggêp Pangeran lan sira sêmbah iku satêmêne iya kawulaning Allah, padha bae lan sira. Yèn sira têmên bênêr ênggonira padha mangeran marang brahala mau, mara coba brahala iku sira jalukana barang-barang sakabutuhanira. Yèn brahala iku têmên Pangeran, amêsthi bisa mènèhi apa sapanjalukira.

--- 1 : 375 ---

194. Brahala mau apa duwe sikil kang kêna diênggo lumaku, lan apa duwe tangan kang kêna diênggo anggitik, lan apa duwe mata kang kêna diênggo andêlêng, lan apa duwe kuping kang kêna diênggo ngrungokake, (ora, he Mukhammad) sira dhawuha marang si kaphir kabèh: Mara padha jêjaluk kalawan wadula marang brahala kang padha kosêmbah iku, sira kona ngrusak marang aku. Lan kowe ngrewangana ngroyok marang aku. Aja nganggo kosarantèkake.

195. Satêmêne kang ngrêksa lan nulungi marang aku, iku Allah kang andhawuhake Kitab Kuran. Allah iku ngrêksa lan nulungi wong kang padha bêcik kalakuane.

196. Dene brahala kang padha koanggêp Pangeran liyane Allah, iku padha ora bisa nulungi marang kowe kabèh, sanadyan marang awake dhewe iya ora bisa nulungi.

197. (He para wong mukmin) mênawa wong kang padha maro tingal iku padha sira jak anglakoni pituduh bênêr, mêsthi padha ora gêlêm manut marang pangajakira. (He Mukhammad) pandêlêngira brahala [braha...]

--- 1 : 376 ---

[...la] iku manthêlêng kaya wêruh ing sira, nanging satêmêne ora bisa andêlêng apa-apa.

198. Sira muwunga cacading wong, lan parentah anglakoni panggawe bêcik, sarta malengosa, aja milu-milu kaya laku-lakulaku-lakune. wong kang padha bodho.

199. Mênawa ana setan anggodha ing sira, sira banjur ngungsia ing Allah, (nyuwuna pitulunging Allah supaya ambirat panggodha mau) satêmêne Allah iku miyarsa panyuwunira sarta nguningani kaananira.

200. Sarupane wong kang padha wêdi ing Allah, iku mênawa kambah panggodhaning setan. Banjur padha eling dhawuhing Allah, ing kono banjur padha andêlêng prakara kang bênêr lan kang luput.

201. Dene para sadulur utawa mitraning setan, iku tansah padha diarah dening setan. Supaya padha kêlantur-lantura ênggonaênggone. kêsasar, mangkono manèh si mitra mau iya ora pisan mêdhot saka ing panasaran.

202. (He Mukhammad) wong kang padha maro tingal iku mênawa ora sira gêlari tôndha yêkti kaelokan, mêsthi banjur padha madoni mangkene: [mang...]

--- 1 : 377 ---

[...kene:] Punapaa sampeyan têka marentahakên sakarsa-karsa sampeyan piyambak, iku banjur sira wangsulana: Aku iki kang mêsthi mung manut utawa mung sadêrma andhawuhake apa kang wis didhawuhake dening Pangeranku marang aku. Kuran iki sabda luhur saka Pangeranmu, minôngka pituduh utawa sihing Allah marang para wong mukmin.

203. Samôngsa Kuran iku diwaca, sira padha ngrungokna sabanjure ngèstokna, supaya sira padha olèh sihing Allah.

204. (He Mukhammad) sira nyêbuta asmaning Pangeranira lan atinira elinga, ing wayah esuk lan sore, kalawan konjêm lan wêdi, apadene panyêbutira aja nganti kawêtu sêru, lan sira aja kalêbu ewoning wong lali.

205. Sarupane wong kang ana ngarsane Pangeranira, kabèh padha ora gumêdhe suthik nêmbah ing Allah, sarta padha nyêbut Mahasucining Allah, lan padha sujud ing Allah.

--- 1 : 378 ---

Surat An Phal

(An Phal, têgêse jarahan. Khazin). Tinurunake ana nagara Madinah, pitung puluh nêm ayat.

Awit ingkang asma Allah, Kang Mahamurah tur Kang Maha-asih.

1. (He Mukhammad) para umatira padha nêrang marang sira prakara barang jarahan. Iku sira dhawuha: Barang jarahan iku kagunganing Allah lan kagunganing rasul, mulane kowe padha wêdia ing Allah, (aja padha pasulayan prakara jarahan) lan padha atut runtuta lan para kancanira. Mênawa kowe têmên padha pracaya ing Allah, padha manut mituruta ing Allah lan marang utusaning Allah.

2. Wong kang sampurna imane iku sarupaning wong yèn ngrungu wong nyêbut asmaning Allah, banjur konjêm atine, lan manawa ngrungu wong maca ayating Allah, banjur wuwuh kêncêng pracayane ing Allah, sarta padha pasrah nyumanggakake awake marang Pangerane.

3. Kang padha nglakoni sêmbayang, lan padha mèwèhake barang kang Ingsun paringake marang wong

--- 1 : 379 ---

mau.

4. Dene wong kang mangkono mau, iya iku wong mukmin têmênan. Kabèh iku padha undha- usuk pangkate ana ngarsaning Pangerane, lan padha olèh pangapura, apadene oolèholèh. rijêki kang mulya ana ing suwarga.

5. (Barang jarahan iku kagunganing Allah lan utusaning Allah, sanadyan wong mukmin padha ora condhong), padha bae lan karsaning Pangeranira ênggone dhawuh marang sira, ingandikakake mêtu saka ngomahira, nêtêpi bênêr, mapagake mungsuh wong kaphir, iku iya ora dicondhongi dening wong mukmin sagolongan.

6. Wong mukmin kang padha ora condhong mau, sanadyan wis olèh katêrangan saka wahyu, yèn ênggone arêp mapagake mungsuh mêsthi mênang, ewadene iya mêksa madoni marang sira Mukhammad, arêbut bênêr, (apa mapagake mungsuh apa nyimpang ngoyak jarahan) atine padha abot mapagake mungsuh, rasane prasasat digiring bakal dipatèni, pati iku [i...]

--- 1 : 380 ---

[...ku] prasasat wis kasat mata.

7. Sira padha elinga nalikane Allah nyaguhi marang sira kabèh, sira bakal diparingi salah sijine rong prakara, (kang siji olèh jarahan, sijine mênang ênggonira mapagake mungsuh) sira padha milih kang tanpa okol pupu kantar bau tôndha santosa, (iya iku amburu mungsuh kang anggawa barang jarahan) nanging karsane Allah kudu anggêlar barang kang bênêr sarana ayat kaelokaning Allah, lan kudu nyirnakake wong kang padha kaphir.

8. Supaya barang kang bênêr kanyataan gumêlar, sarta barang kang luput iku jugara, sanadyan kang mangkono mau wong duraka ora padha condhong.

9. Dhèk samana sira padha nyuwun pitulunging Pangeranira, Pangeranira banjur nêmbadani panyuwunira. Ing kono Ingsun anulungi marang sira kabèh, sarana malaikat sèwu kang têkane gumrudug.

10. Allah ênggone paring pitulung mau karsane ora liya mung diênggo ambêbungah marang sira, [si...]

--- 1 : 381 ---

[...ra,] supaya têntrêma atinira. Dene pitulung mau ora saka sapa-sapa, satêmêne saka ngarsaning Allah piyambak, Allah iku mulya tur wicaksana.

11. Nalikane sira pêrang dikarsakake ngantuk dening Allah, saking dening ênggonira wis têntrêm atinira, tanpa kuwatir, sarta Allah anurunake udan saka ing langit, supaya sira sucia sarana udan mau, lan supaya panggodhaning setan birata saka ing sira, lan supaya kukuha têtêg ing atinira, lan supaya têtêpa tumapaking dêlamakanira.

12. Dhèk samana Pangeranira dhawuh marang para malaikat: Ingsun biyantu ing sira nulungi para wong mukmin, mulane wong mukmin iku padha sira têtêgna atine, dene wong kaphir bakal Ingsun dunungi ati giris. Ing kono wong kaphir mau banjur sira pêdhanga gulune, utawa sira prithilana darijine.

13. Mulane wong kaphir padha Ingsun sirnakake iku, amarga kabèh mau padha nandhingi ing Allah lan Rasulullah. Dene sing sapa nandhingi ing Allah lan Rasulullah, iku wêruha yèn siksa kang samono mau durung sapira yèn tinimbang siksa

--- 1 : 382 ---

besuk ana ing akhirat, satêmêne Allah iku siksane abot bangêt.

14. (He wong kaphir kabèh) siksa kang samono iku padha sira rasakna, lan padha wêruha yèn besuk ana ing akhirat, sarupane wong kaphir bakal padha Ingsun patrapi siksa naraka.

15. He wong kang padha mukmin, mênawa sira wêruh wong kaphir padha golong nêja ngayoni marang sira, sira aja pisan banjur ngucira lumayu marang ing buri.

16. Ing dina iku sing sapa ngucira, lumayu marang ing burine, iku têtêp wong nuduhake marang mungsuh yèn awake ninggal paprangan, utawa ngumpul marang pabarisan Islam liyane, wong mangkono iku bakal kêna bêbênduning Allah. Dene panggonane wong mangkono mau, ana ing naraka Jahanam. Iba alane kawusanan kang mangkono iku.

17. Kang matèni mungsuh kaphir iku dudu sira, wruhanira, Allah piyambak kang matèni mungsuh kaphir mau. (He Mukhammad) nalikane sira nguculake panah iku kang manah dudu sira, wruhanira Allah piyambak kang anjêmparing. Ananing [A...]

--- 1 : 383 ---

[...naning] pitulung mau dumunung pêparinging Allah marang para wong mukmin, diparingi barang kang bêcik, satêmêne Allah iku miyarsa tur nguningani.

18. Pitulung kang kasêbut mau wis kalêksanan, sira padha wêruha yèn Allah iku ngrèmèhake kajuligane para wong kaphir.

19. (He para wong mukmin) mênawa sira padha nyuwun pitulung Ingsun, amêsthi Ingsun paringi pitulung. (He para wong kaphir) mênawa sira padha marèni ênggonira balela marang Rasulullah, iku luwih dening bêcik tumrap ing sira, dene yèn sira bali padha nyatru manèh marang Rasulullah, Ingsun iya bali nulungi wong mukmin, ngalahake ing sira, dene ênggonira sayuk nyatru marang Rasulullah, iku sanadyan kancanira luwih dening akèh, iya ora bisa nulak bêbênduningsun sathithik-thithika, satêmêne Allah iku anjangkung para wong mukmin.

20. He para wong mukmin kabèh, sira padha manut mituruta ing Allah lan Rasulullah, lan aja padha malengos, lumuh ngèstokake parentahing Allah lan Rasulullah, sira wis [wi...]

--- 1 : 384 ---

[...s] padha krungu dhawuhing Kuran.

21. Sira aja padha kaya wong munapèk, padha matur: Kula punika sami ngèstokakên dhawuhing Allah, nanging satêmêne padha ora ngèstokake.

22. Mungguhing Allah, ala-alaning gêgrêmêtan (kang urip) iku wong kang budhêg, ora krungu pitutur bênêr, tur kang bisu ora tau ngucap kang bênêr, kang prasasat tanpa akal budi.

23. Saupama Allah nguningani yèn wong mangkono mau ana bêcike, amêsthi dikêlèngi kupinge nganti ngêrti pitutur bênêr, lan saupama wong mangkono mau dikêlèngi, mêsthi padha malengos, madoni lan maido.

24. He para wong mukmin kabèh, mênawa Allah lan Rasulullah dhawuh nglakoni pranataning agama kang marakake urip marang sira, iku sira banjur ngèstokna dhawuhing Allah lan dhawuhing Rasulullah mau. Lan sira padha wêruha yèn Allah iku nyilahake antaraning manungsa lan atine, apadene besuk dina kiyamat, wong iku padha diimpun marang pangayunaning Allah.

--- 1 : 385 ---

25. Lan sira padha nyingkirana panggodha, kang mênawa sira nganti kêna ing panggodha mau, patrapane ora ngamungake tumrap marang kang kêna ing panggodha bae, malah mrèntèk marang wong akèh kang ora apa-apa. Sira padha wêruha yèn Allah iku siksane abot.

26. Lan sira padha elinga nalikane kancanira isih sathithik tur padha apês ana ing bumi Mêkah, sira padha kuwatir bokmênawa ditutup ing wong kaphir, sira banjur diparingi panggonan ana ing Madinah, apadene Allah anyantosakake marang sira kabèh, sarana sira ditulungi nalika pêrang ana ing Badar, lan sira padha diparingi jarahan, minôngka rijêki kang ngrêsêpake, supaya sira padha munjuka bangêt panuwunira ing Allah.

27. He para wong mukmin kabèh, sira aja padha cidra tumrap barang titipan kang ana ing tanganira, kang môngka sira wêruh yèn iku barang titipan.

28. Sira padha wêruha yèn sakèhing bandhanira lan anakira iku kabèh dadi coba, lan satêmêne Allah iku kagungan ganjaran kang gêdhe.

29. He para wong mukmin kabèh, mênawa sira wêdi ing

--- 1 : 386 ---

Allah, Allah maringi padhang atinira, dadi sira banjur bisa ambedakake kang bênêr lan kang luput, lan manèh Allah nyirnakake dosanira kang cilik, apadene ngapura dosanira kang gêdhe. Allah iku kagungan kanugrahan kang gêdhe.

30. Samôngsa wong kaphir padha maeka ing sira, nêja ambônda utawa ngunjara utawa matèni marang sira, utawa arêp nundhung sira saka ing Mêkah, padha nindakake paekan kang alus, Allah iya maeka marang si kaphir mau, ALlah iku paekane luwih dening patitis, ngungkuli paekane wong kang padha baud maeka.

31. Wong kaphir mau mênawa diwacakake ayat Ingsun Kuran, banjur padha matur mangkene: Kula sampun mirêng cariyos ingkang kados makatên punika. Upami kula puruna, tamtu kula sagêd ngandhar ingkang kados Kuran punika. Pamanggih kula Kuran punika dede punapa-punapa, sayêktosipun cariyos dora saking damêl-damêlipun para tiyang kina.

32. Dhèk samana wong kaphir ing Mêkah padha munjuk [mu...]

--- 1 : 387 ---

[...njuk] mangkene: Dhuh Allah, mênawi Kuran punika têmên saking ngarsa Tuwan, kawula mugi Tuwan krutug ing jawah sela saking ing langit, utawi kula mugi Tuwan turuni siksa ingkang nyakiti.

33. (Pangandikaning Allah: He Mukhammad) Allah ora karsa niksa marang para wong kaphir ing Mêkah, awit sira manggon awor lan wong kaphir mau. Apadene Alah ora karsa niksa wong kaphir ing Mêkah, awit ing kono ana wong kang padha nyuwun pangapura ing Allah.

34. Yagene wong kaphir mau ora disiksa dening Allah, (mêsthi disiksa) awit wong kaphir mau makewuhi wong kang padha arêp ngabêkti ing Allah ana ing Masjidilkaram, wong kaphir iku dudu kang nuwasani Masjidilkaram. Kang ngusawani Masjidil Kharam iku mung wong Islam kang padha wêdi ing Allah, ewadene wong kaphir iku kang akèh padha ora wêruh kang mangkono mau.

35. Sêmbayange wong kaphir ing Mêkah ana sacêdhaking Kakbah, iku ora sêmbayang têmênan, mung maligi nyuwara, lan prasasat kumandhang, (he wong kaphir) mulane sira padha ngrasakna siksa marga ênggonira padha [pa...]

--- 1 : 388 ---

[...dha] kaphir.

36. Sarupane wong kaphir iku padha mêtokake bandhane diênggo makewuhi tumindaking agama dalaning Allah. Wong kaphir ing Mêkah iya bakal padha mêtokake bandhane kaya mangkono mau. Ing têmbe iya ora wurung dadi kapitunan lan kaduwung, lan uga ora wurung digawe kalah.

37. Sarupane wong kaphir besuk ana ing akhirat, mêsthi padha digiring dicêmplungake ing naraka Jahanam.

38. Karsaning Allah kang mangkono mau supaya wong iku kang ala lan kang bêcik pisaha, dene wong kang ala iku padha ditumpuk, sawênèh ana ing dhuwur lan ana ngisor, nuli padha dicêmplungake ing naraka Jahanam, wong mangkono iku têtêp padha cilaka.

39. (He Mukhammad) sira dhawuha marang wong kaphir ing Mêkah kabèh, mênawa si kaphir mau padha tobat, dosane kang wis kêlakon mêsthi diapura, dene sawise tobat, mênawa banjur ambalik kaphir manèh, iku bakal Ingsun [Ingsu...]

--- 1 : 389 ---

[...n] tindakake kaya lêlakone wong kaphir ing jaman kuna, padha Ingsun rusak.

40. Lan manèh sira wong Islam padha ngayonana pêrang marang wong kaphir ing Mêkah kabèh: nganti têntrêm, ora ana paekan apa-apa, sarta agama iku golong dadi siji agamaning Allah Islam. Dene yèn wong kaphir mau banjur padha marèni kaphir, (iku Allah mêsthi maringi ganjaran) satêmêne Allah iku mirsani samubarang kang padha dilakoni si kaphir kabèh.

41. Dene yèn si kaphir mau padha malengos, sira aja kuwatir, sira padha sumurupa yèn Allah iku bandaranira kang nulungi sira. Bêcik-bêciking bandara lan bêcik-bêcike kang têtulung iku Allah.