Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

Jus kaping sapuluh

42. (He wong Islam kabèh) sira padha sumurupa, karsaning Allah barang jarahan iku kang sapara liman dadi kagunganing Allah, pangêdume dipara lima manèh, kang saduman diparingake dadi darbèkingradarbèkira.

sapuluh, kang saduman manèh diparingake para santanane Rasulullah, kang saduman manèh diparingakeSeharusnya hlm. 390 dan seterusnya.FALSE. [diparinga...]

--- 1 : 340 ---

[...ke] para bocah yatim, kang saduman manèh diparingake para wong miskin, kang saduman manèh diparingake anaking dêdalan (wong kang pinuju ana ing paran) manawa sira padha têmên pracaya ing Allah, sarta pracaya marang ayat utawa tôndha yêkti kang wis Ingsun paringake marang kawulaningsun Nabi Mukhammad sajrone pêrang ana ing Badar, nalika campuh ing baris loro Islam lan kaphir, parentahing Allah bab pangêduming barang jarahan mau padha sira èstokna. Dene Allah iku nguwasani samubarang.

43. Iya iku nalikane sira ana pèrènging jurang kang cêdhak lan Madinah, mungsuh wong kaphir ana ing pèrèng sisihe, kang adoh lan Madinah, dene unta kang bakal dijarah, ana ing panggonan ngisor. Dhèk samana upama sira lan wong kaphir ing Mêkah banjur campuh pêrang, amêsthi cidra saka rantamanira, (awit wong Islam kudu ngrayah jarahan unta, wong kaphir banjur nêmpuh nêdya ambilaèni) nanging Allah angguyubake ing sira kabèh, dadi sayuk tinggal rantaman, iku karsaning Allah supaya kêlakona prakara kang ditindakake dening Allah anulungi kêkasihe.

44. Supaya wong kang pinêsthi rusak marga maido

--- 1 : 341 ---

tôndha yêkti, kêlakona rusak, apadene wong kang pinêsthi urip marga ngandêl tôndha yêkti, kêlakona urip, sarta lêstari. Satêmêne Allah iku miyarsa tur nguningani.

45. (He Mukhammad) sira elinga utawa nyaritakna nalikane Allah anontonake ing sira, ditontonake mungsuhingramungsuhira. wong kaphir ana sajroning pangimpènanira kancane mung sathithik, iku banjur dadi panggugahing kawanènanira. Upama Ingsun anontonake ing sira, mungshira wong kaphir iku kancane katon akèh, amêsthi sira banjur giris, sarta banjur padha kanggêg ênggonira arêp mapagake pêranging mungsuh, ewadene Allah ngarsakake sira kalisa saka ing kanggêg. Satêmêne Allah iku nguningani sakarêntêging ati.

46. Lan manèh nalikane sira padha adu arêp lan mungsuhira kaphir, Allah anontonake sira, pandêlêngira marang mungsuh kasat mata kancane mung sathithik, mangkono uga pandêlênge mungsuh kaphir marang kancanira iya mung sathithik. Kang mongkonomangkono.

iku karsaning Allah supaya kêlakona prakara kang ditindakake dening Allah ênggone nulungi [nulung...]

--- 1 : 342 ---

[...i] wong Islam lan ngrusak wong kaphir. Samubarang prakara iku karampungane ana panguwasaning Allah.

47. He para wong mukmin kabèh, mênawa sira adu arêp lan mungsuh wong kaphir kanggo golongan, ditêtêg atinira, lan ngakèhna eling nyêbut asmaning Allah, supaya sira padha bêgja.

48. Lan padha manut mituruta parentahing Allah lan parentahing Rasulullah prakara mangsah pêrang, lan aja padha diya-diniya, mundhak nukulake wêdi, iku bakal ngabarake gandaning sakhabat Rasul, lan padha têtêga atinira. Satêmêne Allah iku anjangkung wong kang padha têtêg atine.

49. Lan sira aja padha kaya si kaphir Abu Jahal sakancane, padha mêtu saka nagarane ing Mêkah (anjampangi untane, sawise slamêt, ora banjur padha mulih) kurang panarima, kudu ngungasake gagah prakosane, murih dialêma ing wong, lan ngrusuhi tumindaking agama dêdalaning Allah, dene Allah iku nguningani samubarang kang padha dilakoni si kaphir.

50. (He para wong mukmin) sira padha elinga nalikane [na...]

--- 1 : 343 ---

[...likane] setan anggodha marang si kaphir, murih padha ngantêpana samubarang kang wis padha dilakoni, pangucape setan: Aja padha kuwatir, aku kang anjampangi ing kowe, ing saiki môngsa anaa manungsa bisa ngalahake kowe. Barêng baris loro Islam lan kaphir wis arêp-arêpan, setan banjur lumayu anggêndring, pangucape: Aku saiki ora milu-milu prakaramu iku, aku wêruh barang kang ora kowêruhi, (iya iku wadyabalaning Allah) satêmêne aku wêdi ing Allah, Allah iku siksane abot bangêt.

51. Dhèk samana wong kang padha munaphèk (lamis) lan wong kang atine ana larane mamang, padha ngucap mangkene: Wong Islam iku padha kêlorop marga ênggone ngantêpi agamane Islam, (pangucap mangkono iku luput) dene sing sapa pasrah marang Allah, Allah mêsthi nulungi marang wong mau, satêmêne Allah iku mulya tur wicaksana.

52. (He Mukhammad) mênawa sira andêlêng malaikat pati, nalikane matèni wong kang padha kaphir, malaikat mau anggitiki rai lan bokonge [bo...]

--- 1 : 344 ---

[...konge] si kaphir, pangucape: He kaphir, kowe padha ngrasakna siksa kang anggosongake.

53. Kang mangkono mau marga saka panggawe kang wis padha kolakoni kalawan tanganmu biyèn. Kowe padha sumurupa yèn mangkono iku Allah ora nganiaya marang kawulane.

54. Mungguh laku-lakune wong kaphir ing Mêkah iku mèmpêr laku-lakune Raja Phirngon sabalane lan wong kaphir sadurunge Raja Phirngon, kabèh padha maido ayating Allah, Allah banjur matrapi siksa marang wong kaphir mau kabèh. Satêmêne Allah iku santosa, tur siksane abot bangêt.

55. Kalakone aniksa mau Allah ora pisan ngawiti ngowahi pêparinge kabungahan marang manungsa, kang wis diparingake, nanging manungsane kang ngawiti ngowahi sêsanggêman kang tumrap ing awake. Satêmêne Allah iku miyarsa tur nguningani.

56. Laku-lakune wong kaphir kang padha mati nalika pêrang ing Badar, iku mèmpêr laku-lakune Raja Phirngon sabalane lan wong kaphir sadurunge Raja Phirngon, kabèh padha maido ayating [a...]

--- 1 : 345 ---

[...yating] Pangerane, mulane banjur padha Ingsun sirnakake marga saka dosane, dene Raja Phirngon sabalane padha Ingsun kêlêm ana ing sêgara, kabèh mau têtêp padha nganiaya awake dhewe.

57. Mungguhing Allah, ala-alaning gêgrêmêtan, (kang urip) iku wong kang padha kaphir, kabèh iku ora pracaya ing Allah.

58. Iya iku sarupane wong kang wis sira pundhut sêsanggêmane nganti rambah-rambah, wong mangkono iku têtêp ora wêdi ing Allah.

59. Mênawa ana ing pêpêrangan sira kêtêmu lan wong kaphir kang padha nyidrani sêsanggêman, iku banjur sira patènana kalawan siya, supaya ing buri wong padha wêdia nyidrani sêsanggêmane. Lan supaya wong kaphir ing Mêkah padha elinga.

60. (He Mukhammad) mênawa sira wêruh ana wong padha nyidrani sêsanggêmane, iku sudurunge sira ayoni pêrang, sira dhawuhana dhisik, dhawuh rampak, yèn prajanjiane padha disuwak. Satêmêne Allah iku ora rêmên wong kang padha cidra ing janji.

--- 1 : 346 ---

61. (He Mukhammad) sira aja ngira yèn mungsuhira kaphir ana pêpêrangan ing Badar iku bisa oncat ngrêbut uripe, satêmêne wong kaphir mau, ora ana bisa ngapêsake ing Allah ênggone karsa niksa marang si kaphir.

62. (He para wong Islam) ênggonira mapagake pêranging mungsuh kaphir kang padha cidra ing janji, asikêpa gêgaman lan piranti saanane, sarta nungganga jaran kang disadhiyakake kanggo pêrang sabilullah, ênggonira samêkta ing piranti iku dadi sarana mêdèkake mungsuhing Allah, lan uga mungsuhira, iya iku wong kaphir ing Mêkah lan liya-liyane kang ora sira wêruhi, Allah nguningani marang mungsuh mau kabèh. Dene samubarang kang sira ênggo mragadi pêrang sabilullah, iku sira bakal dilironi dening Allah, sira ora bakal dikaniaya.

63. Dene mênawa wong kaphir ing Mêkah padha ngajak rukun, iku sira turutana, (aja kuwatir) sira mung pasraha ing Allah bae. Satêmêne Allah iku miyarsa tur nguningani.

--- 1 : 347 ---

64. Dene mênawimênawa. si kaphir ênggone padha ngajak rukun mau karêpe mung nêdya ngapusi marang sira bae, (aja kuwatir) satêmêne Allah piyambak kang mêsthi nulungi ing sira, iya iku kang nyantosakake ing sira sarana pitulunge lan sarana para wong mukmin. Lan uga kuwasa anggolongake atine wong kaphir ing Mêkah kabèh. Saupama saisining jagad iki kabèh sira ênggo mragadi murih golonga atine wong kaphir ing Mêkah, mêsthi ora bisa golong, mung Allah kang kuwasa anggolongake. Satêmêne Allah iku Mulya tur Wicaksana.

65. He Nabi Mukhammad, kancanira para wong mukmin padha sira wêwania mangsah pêrang, mênawa kancanira ana wong rong puluh kang padha têtêg atine, mêsthi ngalahake wong kaphir rong atus. Dene yèn kancanira ana wong satus kang padha têtêg atine, mêsthi ngalahake wong kaphir sèwu, amarga wong kaphir iku padha ora ngêrti pitulunging Allah. (Dhèk samana parentahing agama IslamSeharusnya hlm. 348 dan seterusnya. [I...]

--- 1 : 347 ---

[...slam] bab pêrang, abot bangêt. Wong Islam siji yèn lagi tandhing wong kaphir sapuluh bae, ora kêna mlayu, sarèhning parentah mangkono mau ora kêlar dilakoni, mulane Allah banjur andhawuhake ayat ing ngisor iki.

67.66. Saiki Allah paring kamayaran marang sira wong Islam kabèh, sarta wis nguningani yèn sira iku tipis. (Mulane saiki mung Ingsun tamtokake tandhing apit bae) mênawa kancanira ana wong satus kang padha têtêg atine, mêsthi mênang lan wong kaphir rongatus. Dene yèn kancanira ana wong sèwu kang padha têtêg atine, mêsthi mênang lan wong kaphir rong èwu. Iku kabèh kalawan idining Allah, dene Allah iku ngrewangi wong kang padha têtêg atine.

68. Nabi iku ora kêna ngunjara mungsuh kaphir kang wis kacêkêl, sarta wis dikuwasani pêrlu dipundhuti têbusan utawa diboyong, kajaba yèn wis akèh bangkene wong kaphir ana ing bumi. He para sakabating [saka...]

--- 1 : 348 ---

[...bating] Rasul, sira padha amriha kauntungan ing dunya, nanging karsaning Allah kudu paring ganjaran maring sira ana ing akhirat, dene Allah iku Mulya tur Wicaksana.

69. Upama durung kêbanjur Allah nulis anggêr ana ing Lomahphul, yèn barang jarahan iku khalal, amêsthi ênggonira padha mêrlokake jarahan iku dipatrapi siksa kang gêdhe.

70. Saiki sira padha mangana barang ênggonira anjêjarah kalawan khalal sarta rêsêp, lan sira padha wêdia ing Allah, satêmêne Allah iku ngapura tur Maha-asih.

71. He Nabi Mukhammad, sira dhawuha marang para wong boyongan kang ana ing tanganira, mênawa Allah nguningani yèn atinira iku saiki bêcik, mêsthi Allah iya bakal maringi marang sira barang kang luwih bêcik, ngungkuli raja darbèkira kang wis dijarah, lan uga ngapura marang sira. Dene Allah iku ngapura tur Maha-asih.

72. Dene mênawa wong boyongan mau sumêja cidra marang sira Mukhammad, dhasar biyèn mula sadurunge dadi boyongan, wis padha cidra ing Allah, [A...]

--- 1 : 349 ---

[...llah,] saiki wis padha dilungake dening Allah marang tanganira, apa sakarêpira dadi, dene Allah iku nguningani tur wicaksana.

73. Sarupane wong kang padha pracaya lan ngèstokake parentahing Allah lan Rasulullah, lan ninggal bale omahe, milu ngalih mênyang Madinah, lan sêtya tuhu kalawan ngêtohake bandhane sarta nyawane, kanggo mulyakake dalan agamaning Allah, lan sarupane wong kang padha nyaosi pondhokan lan têtulung marang Rasulullah sakancane, wong kang mangkono iku padha tulung-tinulung, (siji-sijining wong padha olèh panduman waris barang têtinggalaning liyane) dene wong kang mung maligi mukmin bae, ora milu ngalih mênyang Madinah, iku ora milu olèh panduman waris, kajaba yèn banjur nusul, milu ngalih mênyang Madihan. Wong mangkono mau mênawa sambat anjaluk tulung marang sira prakara tumindaking agama, sira kabèh padha wajib nulungi, kêjaba yèn mêmungsuhan lan wong kaphir

--- 1 : 350 ---

kang wis prajanjian lan sira, iku sira ora wajib nulungi. Dene Allah iku amirsani samubarang kang padha sira lakoni.

74. Dene sarupane wong kaphir iku padha tulung-tinulung lan waris-winaris padha kancane kaphir, mênawa sira ora nindakake kaya parentahingsun, waris-winaris padha wong wong Islam bae, ora kêna waris-winaris lan wong kaphir, iku bakal nganakake paekan gêdhe, lan gawe rusak ana ing bumi.

75. Dene wong kang padha pracaya lan ngèstokake parentahing Allah lan Rasulullah, lan padha ninggal bale omahe milu ngalih mênyang Madinah, sarta sêtya tuhu ênggone ngambah dalan agamaning Allah, mangsah pêrang sabilullah, apadene wong kang padha awèh pondhokan lan têtulung marang Rasulullah sakancane, wong kang mangkono iku têtêp wong mukmin têmênan, mêsthi olèh pangapuraning Allah, lan ing têmbe ana ing suwarga padha diparingi rijêki kang mulya.

76. Sawise kalakon Rasulullah ngalih mênyang Madinah, sarupane wong kang nusul pracaya lan ngèstokakeSeharusnya hlm. 351 dan seterusnya. [ngè...]

--- 1 : 352 ---

[...stokake] parentahing Allah lan Rasulullah, apadene banjur nusul milu ngalih mênyang Madinah, lan banjur sêtya tuhu milu pêrang lan sira, wong kang mangkono iku têtêp kagolong dadi kancanira. Wong mau lan dhawul arkham (Dhawul Arkham iku sanak kang ora duwe panduman waris.) padha olèh panduman waris, sakaro-karone undha-usuk pandumane, kasêbut ana ing kitabing Allah: Kuran, satêmêne Allah iku nguningani samubarang.

Surat Tobah (Kapok)

Tinurunake ana nagara Madinah, cacah satus têlung puluh ayat.

1. Ingki iki. suwaking dhawuh saka Allah lan Rasulullah, marang sarupane wong musrik, kang maune wis padha prajanjian rukun karo sira wong Islam kabèh, (saiki prajanjian rukun mau Ingsun suwak).

2. Saiki para wong kaphir padha anjajaha ana ing bumi sakarêp-karêpe kalawan slamêt,

--- 1 : 353 ---

(ora ana kang ngarubiru) lawase nganti patang sasi, (iya iku sasi Sawal, Dulkangidah, Dulkijah lan sasi Mukharam) lan manèh wong kaphir mau padha sumurupa, anane wêwangên nyrantèkake patang sasi mau, ora marga wong kaphir mênang lan Allah, (Allah paring ombèr. Bokmênawa sajrone patang sasi mau wong kaphir ana kang tobat, marèni kaphire) satêmêne Allah iku ngasorake wong kaphir.

3. Iki undhang-undhang saka Allah lan Rasulullah, diundhangake ana ing dina khaji gêdhe, (tanggal ping sapuluh sasi Dulkhijah) warataa marang sarupaning wong, paring sumurup, yèn Allah lan Rasulullah anyibratake marang para wong musrik kabèh. Ewadene yèn sira para wong musrik padha tobat, iku bêcik bangêt tumraping awakira. Dene yèn sira padha lumuh tobat, sira sumurupa yèn sira iku ora mênang lan Allah. He Mukhammad, para wong kaphir iku padha sira ancama kalawan siksa kang nglarani.

4. Kajaba wong musrik kang wis padha prajanjian rukun lan sira wong Islam kabèh, sarta ora nyidrani [nyidra...]

--- 1 : 354 ---

[...ni] janjine marang sira, lan ora biyantu marang mungsuh kaphir liyane, iku sira lêstarèkna prajanjiane, nganti têkan ing wêwangêne. Satêmêne Allah iku rêmên wong kang padha wêdi ing Allah.

5. Samôngsa sasi Kharam papat mau wis pundhat, para wong musrik mau ing ngêndi bae ênggone kêtêmu, banjur sira patènana, utawa sira boyonga, utawa sira kunjaraa. Apadene sira padha ngadhanga wong kaphir ana ing ngêndi-êndi dalan. Dene mênawa wong kaphir mau banjur padha tobat, lan padha nglakoni sêmbayang apadene padha bayar jakat, iya banjur lêstarèkna kalawan slamêt, satêmêne Allah iku ngapura tur Maha-asih.

6. Para wong musrik kang wis Ingsun dhawuhake matèni mau, mênawa ana kang durung tau prajanjian lan sira, banjur jaluk lilah arêp ngrungokake dhawuhing Allah, iku sira lilanana, sawise krungu dhawuhing Allah kalawan têrang, banjur sira lilanana mulih marang omahe. Mulane mangkono amarga wong kaphir mau durung wêruh kaananing agama Islam.

7. Para wong musrik iku amêsthi ora duwe

--- 1 : 355 ---

janji apa-apa ana ngarsaning Allah lan Rasulullah, kajaba kang wis padha prajanjian lan sira wong Islam kabèh ana ing Masjidil Kharam, iku sing sapa nuhoni janjine marang sira, iya sira timbangana tuhu ing janji uga. Satêmêne Allah iku rêmên wong kang padha wêdi ing Allah.

8. Kapriye ênggonira arêp ngarani yèn wong musrik iku tuhu ing janji, awit upama si musrik iku mênanga, wis mêsthi ora nuhoni janjine, ora ngrungkêbi supatane lan ora nolèh sadulur. Sarèhne kalah, mung gawe gêlar lamis, cangkême muni manut, batine suthik manut. Dene wong musrik mau kang akèh padha phasèk, nyidrani janji.

9. Wong musrik mau padha nampik ayating Allah, milih barang kang sapele, iya iku kabungahan ing dunya, nuruti kêkarêpane, banjur padha makewuhi tumidak ing dalan agamaning Allah, wong mangkono mau iba alane kang padha dilakoni.

10. Wong mangkono mau upama mênanga, mêsthi ora nuhoni janjine marang wong mukmin,

--- 1 : 356 ---

ora ngrungkêbi supatane lan ora nolèh marang sadulur. Wong mangkono iku têtêp wong andaluya.

11. Dene wong mangkono mau mênawa banjur padha tobat, padha nglakoni sêmbayang, lan padha bayar jakat, iku padha têtêp dadi sadulurira tunggal agama, iki Ingsun anjalèntrèhake ayat pirang-pirang marang wong kang padha bisa ngêrti.

12. Wong kaphir mau sawise padha nyanggêmi prajanjian, mênawa banjur padha nyidrani janjine, nêrak supatane, lan padha nacad agamanira Islam, ing kono para pangarêpe wong kaphir mau banjur padha sira patènana, awit kabèh mau têtêp wong ora tuhu marang supatane, iku supaya wong kaphir mau padha marènana ênggone cidra ing janji.

13. Apa sababe yèn sira ora gêlêma pêrang ngayoni wong kang padha nyidrani janjine lan nêrak supatane, apadene padha ngrantam nêja nglungakake Rasulullah saka ing Mêkah, wong mau padha miwiti kêrêngan lan sira dhèk pêrang ana

--- 1 : 357 ---

ing Badar biyèn. Yèn sira têmên pracaya ing Allah, yagene sira wêdi marang wong kaphir, bênêre sira luwih wêdi marang Allah tinimbang marang wong kaphir mau.

14. Sira padha mangsaha pêrang ngayoni wong kaphir mau, Allah bakal niksa wong kaphir sarana tanganira, lan bakal ngasorake pêrange wong kaphir mau, lan bakal nulungi sira, ngalahake wong kaphir, lan bakal anglipur para wong mukmin ênggone lara atine, marang wong kaphir mau.

15. Lan bakal ngilangake kasusahane para wong mukmin, lan bakal ngapura wong kang dadi parênging karsane, dene Allah iku nguningani tur wicaksana.

16. (He para wong mukmin) apa sira ngira yèn sira iku ditogake bae dening Allah, ora diwajibake mangsah pêrang. Wruhanira, sadurunge sira mangsah pêrang, Allah durung nguningani kalawan gumêlar, êndi kancanira wong Islam kang padha sêtya tuhu, ora apèk sadulur sinarawèdi marang liyane Allah lan Rasulullah lan para wong mukmin. Tur Allah iku waspada marang sajatine kang padha sira lakoni.

--- 1 : 358 ---

17. Sarupane wong musrik dilarangi ora kêna ngrêgêngake masjiding Allah, (Masjidil Kharam) lawan ngakoni utawa ngêdhèng ênggone kaphir. Wong mangkono iku lakune kang bêcik: sirna larut kabèh, sarta bakal padha langgêng ana ing naraka.

18. Kang mêsthi kêna ngrêgêngake masjiding Allah iku mung wong kang pracaya ing Allah lan pracaya bakal anane dina kiyamat, sarta nglakoni sêmbayang lan bayar jakat, ora wêdi sapa-sapa, mung wêdi ing Allah bae. Wong kang mangkono mau ewone wong olèh pituduh bênêr.

19. Yagene sira padha nganggêp yèn wong nyadhiyani ombèn-ombèn marang wong kang padha nglakoni khaji lan wong ngrêgêngake Masjidil Kharam iku kautamane madhani wong pracaya ing Allah lan pracaya bakal anane dina kiyamat, sarta mangsah pêrang sabilullah. Wruhanira, iku mungguhing Allah ora padha, (luwih utama wong kang pracaya ing Allah lan pracaya bakal anane dina kiyamat, sarta sabilullah). Dene Allah iku ora karsa nuduhake wong kang padha anjarag duraka.

--- 1 : 359 ---

20. Sarupane wong kang pracaya, ngèstokake parentahing Allah, lan padha ninggal bale omahe milu ngalih mênyang Madinah, apadene padha sêtya tuhu mangsah pêrang sabilullah, ngêtohake bandhane lan nyawane, iku kabèh mungguhing Allah luwih gêdhe darajate. Lan wong mangkono iku kabèh padha bêgja.

21. Wong kang mangkono mau padha dibêbungah dening Pangerane, didhawuhi bakal diparingi rahmat lan karilaning Pangeran. Apadene diparingi suwarga, ana ing kono padha olèh nikmat kang langgêng salawase.

22. Wong mau pamanggone ingnaana. ing suwarga padha langgêng salawase, satêmêne Allah iku kagungan ganjaran kang gêdhe.

23. He para wong mukmin, mênawa bapakira utawa para sadulurira milih nêtêpi kaphir, suthik pracaya ing Allah lan marang Rasulullah, iku aja sira ênggo sudarawèdi. Dene sing sapa nganggêp sudarawèdi wong kaphir, dupèh bapakne utawa sadulure, iku têtêp wong duraka, nganiaya marang awake dhewe.

--- 1 : 360 ---

24. (He Mukhammad) sira dhawuha: Mênawa sira luwih dhêmên marang bapakira, lan marang para anakira, lan marang para sadulurira, lan marang bojonira, lan marang para kancanira, lan marang bôndha ênggonira ngupajiwa, lan marang dagangan kang sira kuwatirake ilange, lan marang omah kang sira krasani, ngungkuli dhêmênira marang Allah, lan marang Rasulullah, lan marang pêrang sabilullah, iku sira êntènana sadhela, Allah bakal nêkakake siksa padha sanalika, dene Allah iku ora karsa nuduhake dalan bênêr marang wong kang apdha phasèk (duraka).

25. Allah têmên wis nulungi marang sira wong Islam kabèh ana ing panggonan pirang-pirang, apadene nalika pêrang ana ing Khunèn, (Khunèn iku araning jurang ana antarane nagara Mêkah lan Taiph, dohe saka Mêkah wolulas pal. Khazin.) dhèk samana sira padha eram, marga saka kancanira luwih dening akèh, rumôngsa bakal ora kalah, nanging katêmahane kèhe kancanira mau ora bisa anjalari mênang, malah kêsêsêr. Bumi kang jêmbar tumrape ing sira dhèk samana, katon ciyut, (rumôngsa ora olèh

--- 1 : 361 ---

pangungsèn) sira banjur padha lumayu ngungkurake mungsuh.

26. Sawise sira padha kêplayu, Allah banjur paring pitulung marang Rasulullah lan para wong mukmin, kang anjalari têntrême, iya iku Allah nurunake wadyabala malaikat, sira padha ora wêruh, Allah banjur niksa mungsuhira wong kaphir, ana kang mati kasambut ing pêrang lan ana kang kaboyong, kang mangkono iku wêwalêse Allah marang para wong kaphir.

27. Sawise mangkon, Allah banjur ngapura marang wong kaphir mau, êndi kang tobat, lan dadi parênging karsane. Dene Allah iku ngapura tur Maha-asih.

28. He para wong mukmin, para wong musrik iku kabèh padha najis, (rêgêd) mulane sawise taun ôngka sanga iki, aja awèh cêdhak- cêdhak Masjidil Kharam, mênawa sira padha kuwatir anggombal, kang marga dioncati wong musrik kang padha laku dagang, Allah kang bakal paring sugih marang sira saka sih kanugrahaning Allah, mênawa dadi parênging karsane. Satêmêne Allah iku nguningani tur wicaksana.

29. Sira padha mangsaha pêrang, ngayoni wong kaphir [ka...]

--- 1 : 362 ---

[...phir] kang padha duwe cêcêkêlan kitab, kang padha ora ngèstokake dhawuhing Allah, lan ora pracaya bakal anane dina kiyamat, lan ora ngaramake barang kang dikharamake dening Allah lan Rasulullah, lan ora nglakoni agama kang bênêr, (iya iku agama Islam) kajaba yèn wong kaphir mau bayar pajêg kalawan paksa, samono mau wong kaphir kudu digawe asor.

30. Wong Yahudi ngucap: Nabi Ngujèr iku putraning Allah, dene wong Nasara iya ngucap: Nabi Ngisa iku putraning Allah. Mungguh pangucape wong kaphir mangkono mau mung unining cangkêm (tanpa wêwaton apa-apa) iku ngèmpêri pangucape wong kaphir sadurunge wong Yahudi mau. Anggumunake. Kapriye ênggone arêp nyelaki bênêr kang tôndha yêktine wis nyata. Allah muga ambêndonana wong kaphir mau.

31. Wong Yahudi lan wong Nasara mau padha ngadêgake pandhitane, diadêgake Pangeran. Nabi Ngisa putrane Maryam uga diadêgake Pangeran, ora mangeran Allah, tur wong Yahudi lan wong Nasara mau ora diparentahi aapa-apaapa-apa. [a...]

--- 1 : 363 ---

[...apa-apa] dening nabine, kajaba diparentahi nêmbah ing Allah Pangeran kang Esa. Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr, kajaba mung Allah. Allah iku Mahasuci. Adoh bangêt karo pangucape wong Yahudi lan wong Nasara ênggone padha maro tingal mau.

32. Karêpe wong kaphir iku kudu matèni pêpadhang sarengating Allah, dipatèni sarana cangkême, nanging Allah ora parêng. Karsane: Cahyaning Allah mau sumêblak kalawan sampurna. Sanadyan wong kaphir padha ora condhong iya karêbèn.

33. Allah iku kang ngutus Rasulullah, ngundhangake pituduh bênêr agama Islam, supaya digêlarake warata, dadia panyirêpe sarupaning agama. Sanadyan wong musrik padha ora condhong iya karêbèn.

34. He para wong mukmin, wruhanira pandhita Yahudi lan pandhita Nasara iku kang akèh nampani bandhaning manungsa kalawan ora bênêr, sarta padha makewuhi manungsa ênggone arêp tumindak anglakoni dalan agamaning Allah. Dene wong kang padha nglumpukake mas lan salaka, ora diênggo

--- 1 : 364 ---

bayar jakat, kang wis ditamtokake ing wêwaton dalaning Allah agama Islam, kabèh mau padha sira ancama kalawan siksa kang nglarani.

35. Kalakone siksa iku besuk ana ing akhirat, nalikane sêsimpênan mas lan salaka mau diobong, dadi êmpan-êmpaning gêni nagara,naraka. kanggo ngobong rai, lambung lan gêgêre wong kang nglumpukake mas lan salaka mau. Ing kono ana dhawuh: Iki mas lan salaka kang padha sira kalumpukake kanggo kabutuhanira dhewe biyèn. Saiki mara padha sira rasakna mas lan salaka kang padha sira kalumpukake mau.

36. Mungguhing Allah, cacahing sasi iku ing dalêm sataun, rolas sasi, iku wis tinulis ana kitabing Allah (Lohmahphul) nalika dumadining bumi lan langit biyèn. Sasi rolas mau papat kang diarani sasi Kharam, (Sasi Kharam iku sasi Sawal, Dulkangidah, Dulkijah lan sasi Mukharam, mulane diarani sasi Kharam, awit para wong kuna ing Mêkah padha mulyakake sasi papat mau, ênggone mulyakake ing sasi mau wong padha dilarangi pêrang utawa matèni wong,

--- 1 : 365 ---

wong kuna iya padha wêdi nêrak larangan mau, sanadyan kêpêthuk wong kang matèni bapakne utawa anake, ora gêlêm munasika, barêng agama Islam wis tumindak, iya nglêstarèkake mulyane sasi papat mau. Khazin) iya iku etungan kang bênêr. Sajrone patang sasi mau sira aja padha nganiaya awakira sarana nglakoni kaluputan. Lan sira padha ngyonana pêrang marang sarupane wong musrik kabèh, kaya wong kaphir ênggone padha ngayoni pêrang marang sira kabèh. Wruhanira Allah iku ngrewangi wong kang padha wêdi ing Allah.

37. Wong kaphir kang nyêmayani mulyakake sasi Kharam, iku muwuhi kaphire. Akèh wong kaphir kêsasar marga nyêmayani mulyakake sasi Kharam. Ing sawijining taun, wong kaphir mau ora mulyakake sasi Kharam, nanging banjur nglironi mulyakake ana ing taun liyane. Karêpe supaya ênggone mulyakake sasi mau, bisaa gênêp cacahe, nocogi kaya cacahe sasi Kharam kang wis dihawuhake dening Allah. Dadi satêmêne, wong kaphir mau ngênakake barang kang dilarangi dening Allah, wong kaphir

--- 1 : 366 ---

mau padha kêna panggodhaning setan, dhêmên anglakoni ala. Dene Allah iku ora karsa nuduhake bênêr marang wong kang padha kaphir.

38. He para wong mukmin, yagene sira nalikane didhawuhi dening Rasulullah, dikon mangkat anglurug pêrang sabilullah, sira padha abot, kudu andhèprok ana ing bumi kang sira ênggoni. Apa sira luwih dhêmên marang kabungahan ing dunya tinimbang kabungahan ing akhirat. Wruhanira kabungahan ing dunya iku yèn tinimbang kabungahan ing akhirat, sapele bangêt.

39. Mênawa sira padha ora gêlêm mangkat anglurug, Allah bakal niksa marang sira kabèh kalawan siksa kang nglarani. Dene kêlakone pêrang, Allah bakal paring liru bala wong liyanira, kang luwih prayoga, ngungkuli sira. Sira ora bisa gawe kamlaratan apa-apa. Allah iku nguwasani samubarang.

40. Mênawa sira ora padha gêlêm biyantu têtulung marang Rasulullah, Allah piyambak kang bakal nulungi Rasulullah. Dhèk samana wis kalêksanan, Rasulullah ênggone pêrang kasêsêr, dioyak [dio...]

--- 1 : 367 ---

[...yak] dening para wong kaphir ing Mêkah, Rasulullah mung wong loro lan sakhabat Abu Bakar, dhèk samana wong loro mau padha andhêlik ana ing guwa. Rasulullah calathu marang sakhabate, kowe aja kuwatir, Allah mêsthi ngewangi aku. Allah banjur nurunake katêntrêman marang sakhabat Abu Bakar, lan banjur nyantosakake Nabi Mukhammad, sarana bala malaikat kang ora katon ing manungsa. Apadene karsaning Allah, lêkase para wong kaphir iku digawe asor. Dene karsaning Allah ênggone dhawuh mratakake agama Islam, iku luhur. Dene Allah iku mulya tur wicaksana.

41. Sanadyan ènthèng utawa abot, sira mangkata nglurug, lan padha mangsaha pêrang sabilullah kalawan ngêtohake bandhanira lawan nyawanira, yèn sira padha wêruh kawusanan, mêsthi wêruh yèn pêrang sabilullah iku luwih bêcik tumrap ing sira.

42. (He Mukhammad) wong munaphèk iku upama sira jak ngarah jarahan kang gampang kênane, tur cêdhak panggonanane,panggonane. mêsthi padha sumrinthil, milu ing sira, ananging mungsuh iki adoh panggonane. Mulane mara titènana, wong munaphèk [muna...]

--- 1 : 368 ---

[...phèk] iku bakal padha supata: Dêmi Allah, mênawi kula sagêd, tamtu andhèrèk sampeyan anglurug pêrang. Supatane wong munaphèk mangkono mau bakal ngrusakake awake dhewe. Allah nguningani yèn wong munaphèk mau padha goroh.

43. Allah wis muwung ing sira Mukhammad, bab ênggonira banjur nglilani pamite wong munaphèk ora milu nglurug pêrang. Pancène ênggonira nglilani mau sira sarantèkna dhisik, nganti sira wêruh têrang, sapa kang pamite têmên lan sapa kang goroh.

44. Sarupane wong mukmin, pracaya ing Allah lan ngandêl bakal anane dina kiyamat, ora patut pamit ing sira ora milu nglurug pêrang, eman ngêtohake bandhane lan nyawane. Dene Allah iku nguningani wong kang padha têmên wêdi ing Allah.

45. Wong pamit ora milu pêrang iku kang patut mung wong ora pracaya ing Allah, lan ora ngandêl bakal anane dina kiyamat, sarta atine sêmang, sajrone sêmang wong munaphèk mau padha bingung, (êndi kang prayoga diiloni

--- 1 : 369 ---

apa wong Islam apa wong kaphir).

46. Upama wong munaphèk mau milu nglurug pêrang, mêsthi kudu nyadhiyani ngragadi laku lan pirantining pêrang, nanging rèhning satêmêne padha maro tingal, Allah ora marêngake yèn wong munaphèk mau milua pêrang, mulane Allah banjur ngêndhakake wong munaphèk mau, padha didhawuhi ana sajroning rahsane, sira padha linggiha kapenak ana ing omah bae, karo wong kang padha linggih ora milu pêrang iku.

47. Upama wong munaphèk iku padha milu pêrang ing sira Mukhammad, mêsthi ora migunani apa-apa marang sira, dêstun malah makewuhi lan gawe rusak, apadene padha tumbak cucukan, pangarahe supaya wong Islam padha congkraha, lan padha ngrungok-ngrungokake kandhanira, banjur ditêkakake marang kancane. Allah nguningani marang para wong munaphèk kabèh.

48. Biyèn mula wong munaphèk iku padha kudu gawe paekan, makewuhi tumindaking agama Islam, lan padha mêrês budi murih jugare agamanira. Nganti kanyataan sira ditulungi lan disantosakake dening Allah,

--- 1 : 370 ---

apadene parentahing Allah wis kanyataan, agama Islam mênang lan dadi luhur. Ewadene wong munaphèk isih lêstari ora rêna atine.

49. Sawênèhe wong munaphèk ana kang clathu marang Rasulullah, kula mugi kaparênga botên dhèrèk anglurug, lan mugi sampun sampeyan paeka. (Pangandikaning Allah): Wong munaphèk apa ora wis tumiba ing paekan, iya iku ênggone padha kudu nyingkiri pêrang. Satêmêne naraka Jahanam iku bakal nungkêbi wong kaphir kabèh.

50. (He Mukhammad) mênawa sira nêmu kabungahan, iku andadèkake susahe wong munaphèk, dene yèn sira kasandhung kasusahan, wong munaphèk banjur padha ngucap: Sadurunge Nabi Mukhammad kêsandhung kasusahan, aku wis kêncêng panêmuku suthik pêrang, pangucape kanthi malengos, batine padha bungah dene sira kêsandhung kasusahan.

51. (He Mukhammad) sira dhawuha marang wong kang padha bungah yèn sira kêsandhung kasusahan: Mênawa aku kêsandhung kasusahan: [k...]

--- 1 : 371 ---

[...asusahan:] Iku ora jalaran saka panggawene sapa-sapa, pancèn wis tinulis dening Allah ana ing Lohmahphul. Allah iku bêndaraku, mulane para wong mukmin padha nyumanggakna samubarange marang Allah.

52. Lan sira dhawuha manèh: He wong munaphèk, kowe môngsa bisa angarêp-arêp mungguh gêgantungane ênggonku pêrang iki kajaba salah sijine bêcik rong prakara, (1. mênang lan anjêjarah, 2. mati sahid tur olèh pangapura), nanging kowe padha tak titèni, mêsthi katêmpuh salah sijine bêbaya rong prakara, iya iku kowe ditungkêbi siksa dening Allah piyambak, utawa lantaran saka tanganku, iya padha titèn-titenan bae aku lan kowe.

53. (He Mukhammad) sira dhawuha marang wong munaphèk: Kowe padha cucula wragad tumrap marang kabêcikan, kalawan sucining ati utawa kalawan pêksan. Allah ora bakal nganggêp kabêcikanamu, awit satêmêne kowe iku padha phasèk (duraka).

54. Enggone cucul bôndha wong munaphèk mau mulane ora ditrima dening Allah, sababe [sa...]

--- 1 : 372 ---

[...babe] ora liya dupèh wong munaphèk mau satêmêne padha maido ing Allah lan Rasulullah, lan ora padha nglakoni sêmbayang kajaba kalawan aras-arasên, ênggone manjurung wragading pêrang iku pêksan.

55. Mulane sira aja ngendahake bandhane lan anake para wong munaphèk. Wruhanira bôndha lan anake wong munaphèk iku karsaning Allah: diênggo lantaran ênggone bakal niksa marang si munaphèk ana ing kauripan dunya iki, apadene besuk nalika pêcating nyawane, wong munaphèk iku padha kaphir.

56. Wong munaphèk mau wis padha supata nêbut asmaning Allah, ngaku yèn awake iku ewoning kancanira wong Islam, satêmênê dudu kancanira wong Islam, nanging satêmêne kabèh iku wong wêdi yèn ngantia kêwiyak ênggone padha maro tingal.

57. Wong munaphèk mau upama olèha pangungsèn utawa nêmua guwa utawa rong, kanggo andhêlik, mêsthi padha ngungsi mrono, lan iba rikate ênggone mlayu

--- 1 : 373 ---

andhêlik.

58. Sawênèhe wong munaphèk ana kang nacad marang sira bab ênggonira ngêdum jakat. Wong munaphèk mau mênawa didumi zakat, padha rêna atine. Dene yèn ora didumi: padha marêngut.

59. Saupama wong munaphèk mau padha narima panduming Allah lan panduming Rasulullah, lan padha ngucap: Kang nyukupi aku iki Allah. Ing têmbe Allah lan Rasulullah bakal paring kanugrahan marang aku. Aku iki bangêt dhêmênku ing Allah. Mangkonoa bae luwih bêcik tumraping awake.

60. Kang ditamtokake olèh panduman zakat iku para wong pêkir, lan para wong miskin, (Wong pêkir iku wong kang ora duwe bôndha tur ora duwe pagawean kang ana pamêtune. Dene wong miskin iku wong duwe bôndha utawa duwe panggawean kang ana pamêtune, nanging ora nyukupi ing kabutuhane. Phatkhul Karib) lan para kabayan kang gawene nglumpukake lan nanjakake jakat, lan wong kang pêrlu disuprih têntrêming atine (kaya ta wong mlêbu agama Islam anyar-anyaran, kang atine durung têguh). Lan kawula [kawu...]

--- 1 : 374 ---

[...la] kang mardikakake sarana cicilan, lan wong kang sugih utang, ora ana jagane kang disaurake, lan wong kang pêrang sabilullah, lan wong kang ana ing paran. Iku pranatan panduming Allah. Dene Allah iku nguningani tur wicaksana.

61. Sawênèhe wong munaphèk ana kang padha nyêrik-nyêrikake Nabi Mukhammad (nyatur kang ora patut) pangucape: Nabi Mukhammad iku kang uwis-uwis, mung nganggêp pangakuning wong kang dirungu ing kupinge dhewe (ora ngandêl wêwadule sapa-sapa, dadi tak catur ala iki ora dadi apa). He Mukhammad, sira dhawuha: Kupinge Nabi Mukhammad iku kuping bêci) (mung ngrungokake kang bêcik, ora ngrungokake kang ala) ngandêl marang Allah, lan ngandêl marang wong mukmin (ora ngandêl marang wong munaphèk).

62. Lan manèh têkane Nabi Mukhammad iki minôngka rahmat tumrap marang para kancanira kang padha mukmin. Dene wong kang padha nyêrik-nyêrikake Rasulullah iku bakal padha dipatrapi siksa kang nglarani.

--- 1 : 375 ---

63. Wong munaphèk mau padha supata marang sira, nyêbut asmaning Allah, murih lêganing atinira. Upama wong munaphèk iku padha pracaya ing Allah, mêsthi murih kaparênging Allah lan kaparênging Rasulullah, awit iku kang bênêre kudu dipurih kaparênge.

64. Wong munaphèk mau apa padha ora sumurup yèn sing nyulayani ing Allah lan Rasulullah, iku satêmêne bakal dicêmplungake ing naraka Jahanam, tur langgêng ana ing kono. Iku minôngka wêwêlèh kang gêdhe.

65. Wong munaphèk iku padha kuwatir bokmênawa dituruni surat kang anjalèntrèhake sakarêntêging atine. (He Mukhammad) sira dhawuha: Mara saiki padha anggêguyua agama Islam. Satêmêne Allah bakal anjalèntrèhake samubarang kang padha kokuwatirake.

66. (He Mukhammad) mênawa wong munaphèk iku padha sira takoni bab ênggone anggêguyu marang sira, mêsthi padha mangsuli mangkene: Anggèn kula wicantên makatên punika namung gêgujêngan kemawon, pêrlu kangge nyalamur sayahing lumampah. (He Mukhammad) sira dhawuha: [d...]

--- 1 : 376 ---

[...hawuha:] Yagene kowe padha anggêguyu ing Allah lan ayating Allah, apadene marang Rasulullah.

67. (He wong munaphèk) sira aja padha kakehan santolan, satêmêne sira wis têtela kaphir, maune sira padha ngaku mukmin. Mênawa Ingsun ngapura kancanira sawatara kang padha banjur tobat, iya mêsthi niksa kancanira sawatara marga ênggone isih munaphèk.

68. Para wong munaphèk iku lanang lan wadon padha golong, dadi kancanira sakarone, kabèh padha nênuntun marang panggawe ala, lan nyêgah nglakoni kabêcikan, lan padha mêpêt bôndha kang dikuwasani ing tangane, (ora pisan gêlêm ambayar jakat utautawa. mragadi pêrang sabilullah) padha ora mraduli ing Allah, Allah uga banjur ora praduli marang si munaphèk. Satêmêne wong munaphèk iku kabèh padha duraka.

69. Allah ngancam marang para wong munaphèk, lanang lan wadon, apadene marang para wong kaphir, kabèh bakal padha dipatrapi siksa naraka Jahanam, ana ing kono

--- 1 : 377 ---

padha langgêng, iku wis cukup kanggo wêwalêse ênggone padha maro tingal sarta kaphir. Allah ambêndoni marang wong mau kabèh, padha disiksa kang mindêng tanpa kêndhat.

70. He wong munaphèk, sira iku padha nglakoni ala kaya wong kaphir sadurunge sira, kang gagah prakosane lan bôndha bandhu tuwin sugih anak, padha ngungkuli sira, kabèh padha bungah-bungah marga katutugan sabarang karêpe ana ing dunya. Sira uga padha bungah-bungah marga padha katutugan kêkarêpanira ana ing dunya. Padha lan wong kaphir sadurunge sira ênggone padha bungah-bungah marga katutugan kêkarêpane ana ing dunya. Mangkono manèh sira padha nekad anglakoni barang kang ora bênêr kaya olèhe nekad wong kaphir sadurungira. Wong kaphir mau kabêcikane sirna larut kabèh tumrap ana ing dunya lan ana ing akhirat, lan padha têtêp dadi wong cilaka. Sira iya ora beda lan wong kaphir mau.

71. Para wong munaphèk mau apa durung tau krungu carita lêlakone wong kuna (kang padha [pa...]

--- 1 : 378 ---

[...dha] ditungkêbi siksaning Allah, kaya ta: para umate Nabi Nuh, Kyai Ngad sakancane, Kyai Thamud sakancane, para umate Nabi Ibrahim, para wong ing desa Madyan lan para umate Nabi Lut kang bumine diwalik, kabèh mau wis padha ditêkani utusaning Allah, kanthi tôndha yêkti kaelokan pirang-pirang, ewadene padha maido, mulane Allah ênggone nungkêbi siksa iku ora aran nganiaya, satêmêne wong kang padha katungkêban siksa mau aran nganiaya marang awake dhewe.

72. Dene wong mukmin iku kabèh, lanang lan wadon, padha tulung-tinulung kabèh padha nênuntun anglakoni panggawe bêcik, lan padha mênging nglakoni panggawe ala, lan padha nglakoni sêmbang,sêmbayang. lan padha bayar jakat, lan padha ngabêkti manut miturut parentahing Allah lan Rasulullah, kabèh iku bakal padha tômpa sihing Allah. Satêmêne Allah iku mulya tur wicaksana.

73. Allah wis nyagahi marang para wong mukmin, lanang wadon, bakal padha diparingi

--- 1 : 379 ---

suwarga kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, ana ing kono padha langgêng, lan padha diparingi omah bêcik ana sajroning suwarga Ngadan. Dene karilaning Allah marang para wong mukmin, iku luwih gêdhe manèh, (luwih dening ambungahake, ngungkuli kabungahan ing suwarga liya-line)liya-liyane. kang mangkono iku aran kabêgjan gêdhe.

74. He Nabi Mukhammad, sira ngayonana pêrang marang para wong kaphir, lan nyurup-nyurupna wong munaphèk, padha sira wêdènana bakal ginitik ing pêrang. Dene bakal panggonane wong kaphir lan wong munaphèk iku ana ing naraka Jahanam. Iba alane kawusanan kang mangkono iku.

75. Wong munaphèk iku padha supata nyêbut asmaning Allah, nyelaki ênggone padha nyatur ala marang Rasulullah, nanging satêmêne padha ngucap têtêmbungan kang maratakake kaphir, (ngala-ala marang Rasulullah) maune wong munaphèk iku padha ngaku Islam, saiki kawêtu clathune ênggone kaphir.

--- 1 : 380 ---

Lan manèh wong munaphèk iku padha cuwa atine marga ora kalêksanan ênggone padha ngarah maeka ing Rasulullah. Dene kang andadèkake muring-muringe bangêt, iku awit para wong Islam padha diparingi dening Allah lan Rasulullah, ewadene mênawa wong munaphèk mau padha tobat, iku luwih bêcik tumrap ing awake, dene yèn padha tulus wangkote, Allah mêsthi niksa marang wong munaphèk mau kalawan siksa kang nglarani ana ing dunya lan ing akhirat. Salumahing bumi ora ana kang kaconggah têtulung nulak siksaning Allah marang wong munaphèk mau.

76. Sawênèhe wong munaphèk, ana kang prasêtya marang Allah, calathune: Mênawa Allah paring tôndha akèh marang aku saka sih kanugrahane, aku sanggêm bakal sarêgêp wèwèh, aku bakal mèlu dadi golongane wong bêcik.

77. Barêng kalêksanan, wong munaphèk mau diparingi bôndha akèh dening Allah saka sih kanugrahane, banjur padha nyidrani prasêtyane

--- 1 : 381 ---

marang Allah, padha kumêd, ora gêlêm mèwèhake bandhane, sarta padha kêlantur-lantur ênggone padha nyidrani prasêtyane.

78. Para wong munaphèk mau banjur kêtungka didunungi ati maro tingal dening Allah, lêstari tumêka ing patine, iya iku dina ênggone padha seba ing ngarsaning Allah, mangkono iku marga ênggone padha nyidrani prasêtyane marang Allah, lan marga ênggone padha anggorohi ing Allah.

79. Wong munaphèk apa padha ora sumurup yèn Allah iku nguningani wêwadine wong munaphèk, utawa rantamane lan bakal santolane ênggone madoni, apadene Allah iku nguningani samubarang kang samar.

80. Sarupane wong kang nacad marang wong mukmin ênggone padha ngabêkti ing Allah sarana wèwèh, lan nacad marang wong kang ora bisa wèwèh akèh, bisane mung sakuwasane bae. Si munaphèk banjur padha ngisin-isin lan anggêguyu, iku Allah mêsthi matrapi marang wong munaphèk mau, awit ênggone padha nacad lan anggêguyu

--- 1 : 382 ---

mau, kabèh padha disiksa kang nglarani.

81. (He Mukhammad) para wong munaphèk iku sira suwunake pangapura utawa ora sira suwunake pangapura. Padha bae, sanadyan sira suwunake pangapura rambah ping pitung puluh, Allah ora karsa ngapura marang wong munaphèk mau. Mangkono ikaiku. marga wong munaphèk iku padha maido ing Allah lan Rasulullah. Allah iku ora karsa nuduhake dalan bênêr marang wong pasèk.

82. Para wong munaphèk padha bungah marga ora milu nglurug pêrang, kari linggih ana ing omah bae, nyulayani karêpe Rasullah,Rasulullah. sarta padha suthik sêtya tuhu nglurug pêrang sabilullah ngêtohake bandhane lan nyawane, pangucape: Para kancaku aja padha gêlêm milu nglurug pêrang, mlaku pêpanas, para wong mukmin iku têka padha ora wêgah mlayu pêpanas anglurug pêrang, (ora wêlas marang awake dhewe). He Mukhammad, sira mangsulana marang wong munaphèk: Mênawa kowe padha ngêrti, sêdhiyanmu naraka Jahanam iku luwih panas manèh.

83. Mulane wong munaphèk mau padha gumuyu bungah-bungah ana ing dunya sadhela, ing têmbe

- -- 1 : 383 ---

padha nangis ana ing naraka langgêng salawase, iku dumunung wêwalêse barang kang wis padha dilakoni.

84. (He Mukhammad) ing têmbe mênawa Allah wis ambalèkake sira mulih saka nglurug, katêmu lan wong kang padha ora milu nglurug mau, mênawa ing têmbe wong mau banjur nêmbung arêp milu pêrang, iku sira wangsulana: Wiwit saiki têkan salawase, kongwekowe. padha ora kêna milu nglurug pêrang dadi kancaku, lan ora kêna ngrewangi pêrang mapagake mungsuhku, awit kowe ing kawitan wis padha bungah linggih ana ing omah bae, mulane saiki iya lêstarèkna ênggonmu padha kari, ora milu nglurug, karo para wong wadon lan wong lara kang padha kari ora milu nglurug.

85. (He Mukhammad) sira aja nyêmbayangi sawijining wong munaphèk kang mati, salawase. Lan aja ngadêg milu mêndhêm utawa tilik marang kubure, awit wong munaphèk iku padha maido ing Allah lan marang Rasulullah, sarta padha mati duraka.

86. Sira aja gumun utawa ngendahake bandhane lan anake para wong munaphèk,

--- 1 : 384 ---

wruhanira: bôndha lan anake wong munaphèk iku, karsaning Allah diênggo lantaran ênggone bakal niksa si munaphèk ana ing dunya iki. Apadene nalika pêcating nyawane wong munaphèk mau padha kaphir.

87. Nalika surating Kuran didhawuhake: Sira padha pracayaa ing Allah, lan padha milua pêrang ngrewangi Rasulullah, ing kono wong munaphèk kang sugih bôndha padha pamit, ature: Kula punika mugi sampeyan kèndêlakên kemawon, kula kaparênga linggih wontên ing griya kemawon, kalihan tiyang èstri lan tiyang sakit ingkang sami botên dhèrèk pêrang punika, (kula kaparênga namung manjurung wragad kemawon).

88. Wong munaphèk padha bungah ênggone ora beda karo wong wadon utawa wong lara, padha kari ana ing omah ora milu nglurug. Atine padha dicap dening Allah, ora ngêrti karsaning Allah ênggone andhawuhake pêrang.

89. Nanging Rasulullah sakancane para wong mukmin kabèh, padha ngèstokake dhawuh

--- 1 : 385 ---

pêrang sabilullah, kalawan ngêtohake bandhane lan nyawane, mulane padha olèh kabêcikan pirang-pirang, iya iku wong kang padha bêgja.

90. Allah nyagahi bakal maringi suwarga kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, marang wong mukmin kabèh, ênggone ana ing kono padha langgêng, iya iku kabêgjan gêdhe.

91. Wong alasan ing Mêkah kang têmên padha ora bisa milu nglurug pêrang seba ing Rasulullah, padha pamit kaparênga ora milu nglurug (Rasulullah iya parêng) dene kang munaphèk, kang anggorohi marang Allah lan Rasulullah, padha kari linggih ana ing omah bae (tanpa pamit) ing têmbe wong alasan kang padha kaphir iku padha ditungkêbi siksa kang nglarani.

92. Sarupane wong kang apês, ora kêlar pêrang lan wong kang nandhang lara lan wong kang ora duwe waragad, iku ora ana pakewuhe kari ana ing omah ora milu nglurug, samono iku mênawa padha biyantu marang Allah lan Rasulullah, awit wong kang padha têmên bêcik [bêci...]

--- 1 : 386 ---

[...k] ora ana dalane arêp diluputake. Dene Allah iku ngapura tur Maha-asih.

93. Lan ora ana pakewuhe pamit ora milu nglurug, tumrap wong kang nalikane padha seba ing sira, nêmbung supaya sira gawa anglurug pêrang, ing kono sira banjur mangsuli: Aku ora duwe waragad kang tak ênggo anggawa kowe. Wong mau banjur padha mundur kalawan ambrêbês mili matane, cuwa ora duwe wragad diênggo pêrang tumrap awake dhewe.

94. Wong kang mêsthi luput iku wong kang padha pamit ing sira Mukhammad, kang môngka padha sugih, (tur waras lan kuwat) ewadene padha bungah kari ana ing omah bae, kaya wong kang padha diparêngake kari. Allah ngêcap atine wong kang mangkono mau, mulane padha ora wêruh pakolèhe pêrang sabilullah.