Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

Kuran jilid ôngka 2

--- 2 : 387 ---

Jus kaping sawêlas

95. (He Mukhammad) samulihira saka nglurug pêrang, para wong munaphèk padha anjaluk dipuwung ênggone ora milu nglurug, kanthi mratelakake pambênge. Iku sira wangsulana. Kowe aja padha nyuwun dipuwung. Aku ora ngandêl ênggonmu mratelakake pambêngmu. Satêmêne Allah wis paring sumurup marang aku bab kaananing awakmu. Ing têmbe Allah lan Rasulullah bakal mirsani sanyatane lakumu. Kowe bakal padha disebakake ana ngarsaning Allah kang nguningani barang kang samar-samar lan kang kasat mata. Ing kono Allah mêlèhake lan matrapi marang kowe samurwating kaluputan kang wis padha sira lakoni.

96. Ing têmbe sira wis mulih saka nglurug, katêmu karo wong munaphèk kang padha kari ana ing Madinah. Wong munaphèk mau bakal padha supata marang sira kalawan nyêbut asmaning Allah (mratelakake pambênge ênggone padha ora milu nglurug), pamrihe supaya sira nêngna bae, aja nganti sira srêngêni. Ing kono wong munaphèk iku padha sira ewanana bae. Satêmêne wong munaphèk mau padha rêgêd, ing besuk panggonane padha ana ing naraka jahanam, minôngka wêwalêse panggawene kang wis padha dilakoni.

--- 2 : 388 ---

97. Wong munaphèk padha supata marang sira, pamrihe supaya sira ngrampèka marang si munaphèk mau. Dene yèn sira gêlêm ngrampèk; iku luput, awit Allah ora pisan karsa ngrampèk marang wong munaphèk duraka.

98. Wong Arab kang alasan (Baduwi) iku ênggone kaphir lan munaphèk luwih bangêt, ngungkuli wong nagara lan wong padesan, marga padha ora sumurup anggêr-anggêring agama kang didhawuhake dening Allah marang Rasulullah. Dene Allah iku nguningani tur wicaksana.

99. Sawênèhing wong Arab alasan, ana kang duwe panganggêp yèn ênggone wèwèh, jakat sapanunggalane iku tumônja dhêndhên lan ngarêp-arêp besuk apa cakraning jaman iki ambalik. Wong Islam dadi asor. Nanging luput pangarêp-arêpe. Karsaning Allah ubênganing urak ala iu mandhêg iku têtêp dadi bubuhane wong Baduwi kang munaphèk salawase. Dene Allah iku miyarsa tur nguningani.

100. Lan sawênèhe wong Baduwi manèh ana kang pracaya ing Allah lan ngandêl bakal anane dina kiyamat lan nganggêp ênggone wèwèh, jakat sapanunggalane, iku kabèh dadi margane kêcêdhak ing Allah. Lan olèh pangèstune Rasulullah. Wruhanira, wèwèh

--- 2 : 389 ---

utawa jakat sapanunggalane, apadene pangèstuning Rasulullah, iku tumrap wong Baduwi mau uga dadi margane kêcêdhak ing Allah. Ing besuk Allah bakal anglêbokake wong Baduwi kang mukmin ana suwarganig Allah. Satêmêne Allah iku ngapura tur Maha-asih.

101. Para sakabate Rasulullah kang padha milu ngalih marang Madinah, utawa kang padha biyantu têtulung marang Rasulullah, tur kang dhisik utawa kang wiwitan ênggone milu ngalih utawa biyantu mau, apadene sarupane wong kang manut, niru kabêcikane para sakhabat mau, iku Allah wis kêparêng nganggêp kabêcikan, dene para sakhabat mau iya padha marêm ênggone padha tômpa nikmat pêparinging Allah. Allah nyaguhi marang marang para sakhabat mau, bakal padha diparingi suwarga kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon. Para sakhabat ênggone ana ing suwarga padha langgêng salawase. Kang mangkono iku aran kabêcikan gêdhe.

102. Sawênèhe wong Baduwi kang padha manggon ana kiwa têngêne nagara Madinah ana kang padha munaphèk, apadene wong ing nagara [na...]

--- 2 : 390 ---

[...gara] Madinah iya ana kang wis lanyah ênggone munaphèk, sira ora wêruh marang munaphek mau, nanging Ingsun anguningani. Ing têmbe Ingsun niksa marang wong munaphèk mau rong rambahan (kang sapisan mati pêrang, kang kapindho siksa ana sajroning kubur). Sawise rong rambahan iku, banjur padha digiring marang naraka, iya iku siksa kang gêdhe.

103. Dene liya-liyane padha ngakoni dosane, padha nyarup laku bêcik lan laku ala (lakune bêcik ênggone ngaku kaluputane, lakune ala ênggone ora milu nglurug pêrang). Cêpake Allah bakal ngapura marang wong kang mangkono mau. Satêmêne Allah iku ngapura tur Maha- asih.

104. (He Mukhammad) bandhane wong munaphèk kang wis padha tobat iku sira tampanana. Sumurup sidêkah kanggo nucèkake lan ngrêsikake awake. Sabanjure wong mau sira dongakake bêcik. Satêmêne donganira iku nêntrêmake atine wong kang sidêkah (rumasa wis diapura dosane). Dene Allah iku miyarsa tur nguningani.

105. Wong kang padha kuwajiban tobat apa ora sumurup yèn Allah iku nganggêp tobate para kawulane, lan karsa nampani sidêkahe wong kang

--- 2 : 391 ---

atine suci. Satêmêne Allah iku nganggêp tobate para kawula tur Maha-asih.

106. (He Mukhammad) sira dhawuha marang wong munaphèk kang padha tobat: saiki kowe padha nglakonana bêcik, manut miturut parentahing Allah. Allah bakal mirsani sabarang lakumu apadene Rasulullah lan para wong mukmin iya bakal nitèni. Ing têmbe kowe bakal padha disebakake marang ngarsaning Allah. Kang nguningani barang kang samar-samar lan barang kang kasat mata. Ing kono Allah anjalèntrèhake samubarang kang wis padha kolakoni.

107. Lan ana manèh wong munaphèk liyane, kang prakarane lagi mênêng, disumanggakake ing Allah, karampungane nganteni dhawuhing Allah. Disiksa utawa diapura gumantung apa parênge karsaning Allah. Dene Allah iku nguningani sarta wicaksana.

108. Dene wong munaphêk kang padha ngadêgake masjid, diênggo panggonan milara marang wong Islam, sarta diênggo nyantosakake ênggone kaphir lan munaphèk, apadene diênggo lantaran ambubarake pakumpulane wong mukmin, lan diênggo nyadhiyani panggonan marang kancane kang ing biyèn kêplayu ênggone ngayoni Allah lan Rasulullah.

--- 2 : 392 ---

Wong munaphèk mau padha supata, calathune: Enggonku ngadêgake masjid iki karêpku ora liya mung amrih bêcik. Allah wis nguningani yèn pangakune para wong munaphèk iku goroh.

109.(He Mukhammad) sira aja pisan ngadêg sêmbayang ana ing masjid gaweane wong munaphèk iku salawase. Dene masjid kang bênêre kudu sira ênggo ngadêg sêmbayang, iku masjid kang biyèn mula diadêgake kalawan wêdi ing Allah. Ing kono ana wong lanang pirang-pirang kang padha dhêmên suci lair batine. Dene Allah iku rêmên wong kang padha suci.

110. Wong kang nalêsi ênggone ngadêgake masjid, kang sêdyane nêtêpi wêdi ing Allah, nglakoni kaparênge karsane Allah, iku luwih bêcik tinimbang wong kang ngadêgake masjid kang sêdyane diênggo nglakoni barang kang ora bênêr. Adêging masjid mau prasasat mèngkrèng-mèngkrèng ana pinggiring jurang naraka, nguwatiri yèn longsor, katêmahan iya longsor têmênan, banjur kêcêmplung ing naraka jahanam. Apa ora mangkono. Allah iku ora karsa nuduhake wong kang padha duraka, nganiaya awake dhewe.

111. Enggone ngadêgake masjid wong munaphèk mau anjalari sêmanging atine ing salawase.

--- 2 : 393 ---

Marine yèn wis dicacah-cacah atine (mati). Dene Allah iku nguningani tur wicaksana.

112. Satêmêne para wong mukmin iki nyawane lan bandhane wis dituku dening Allah. Iya iku ing têmbe bakal padha diparingi suwarga. Para wong mukmin mau padha diangsahake pêrang sabilullah. Iya banjur padha mangsah pêrang. Lan ana uga kang mati kêsambut ing paprangan. Mungguh kasagahaning Allah bakal maringi suwarga mau, mêsthi nyata, sarta wis kasêbut ing kitab Torèt lan kitab Injil apadene Kuran. Wruhanira, ora ana kang luwih tuhu ing janji tinimbang lan Allah. Awit mangkono iku wis aran kabêgjan gêdhe.

113. Para wong mukmin kang wis kasêbut mau, iya iku wong kang padha tobat saka kaluputane. Kang padha ngabêkti lan mêmuji ing Allah. Kang padha puwasa tur padha sêmbayang rukuk lan sujud, kang padha ngajak anglakoni panggawe bêcik, lan padha mênging nglakoni panggawe ala, lan padha nêtêpi sarak pranataning Allah. (He Mukhammad) sira ambêbungaha para wong mukmin kang padha nêtêpi sangang prakara mau (mêsthi bakal padha pinaringan suwarga).

114. Ing atase nabi lan para wong mukmin iku ora wênang nyuwunake pangapura tumrap dosane wong musrik [mu...]

--- 2 : 394 ---

[...srik] kang wis têtela bakal kacêmplung ing naraka jakhim (têgêse mati kaphir). sanadyan si Mukmin mau kalêbu sanak sadulure iya ora wênang.

115. Dene Nabi Ibrahim ênggone wani-wani nyuwunake pangapura bapakne, iku ora liya dupèh bapakne mau saguh marang Nabi Ibrahim wis sumurup têrang yèn bapakne mau satruning Allah. Iya banjur ora sida nyuwunake pangapura. Satêmêne nabi Brahim iku wong srêgêp nyênyuwun tur wêlasan.

116. Allah sawise paring pituduh bênêr marang wong mukmin, ora sisan nêtêpake kaluputane wong mukmin, kajaba yèn wis ngundhangake larangan kang wajib disingkiri. Kang môngka wong mukmin mau mêksa nêrak larangan. Satêmêne Allah iku nguningani samubarang.

117. Satêmêne Allah iku kagungan lan nguwasani karaton bumi lan langit, kuwasa nguripi lan matèni. Sira kabèh padha ora duwe andêl-andêl, lan ora ana kang kuwasa têtulung ing sira kajaba mung Allah.

118. Satêmêne Allah wis muwung marang nabi Mukhammad ênggone banjur nglilani pamite wong munaphèk ora milu nglurug pêrang. Lan muwung marang para sakhabat kang padha milu ngalih marang Madinah lan kang padha [pa...]

--- 2 : 395 ---

[...dha] têtulung marang Rasulullah. Kang padha milu nglurug pêrang kalawan rêkasa lan sangsara. Malah nganti ana sakhabat sawatara mèh kêndho sêtya tuhune, kaduwung ênggone milu nglurug. Sawise mangkono Allah muwung lan ngapura marang para sakhabat mau (marga isih têguh sêtyane). Satêmêne Allah iku wêlas asih marang para sakhabat mau.

119. Allah uga wis ngapura marang sakhabat têlu kang wis padha têtulung marang Rasulullah ênggone padha kaluputan ora milu nglurug pêrang. Sakhabat têlu mau luwih susah, rumasa sêsêg marga disirik dening kônca-kancane, pangrasa sajêmbaring bumi iki sêsêg diênggoni, ciptane: ora ana pangungsèn kang diênggo nyingkiri dêdukaning Allah, kajaba mung ngungsi marang Allah. Sawise katog panalangsane, Allah banjur ngapura marang sakhabat têlu mau, supaya padha tulusa tobate ing salawase, puliha têntrêm kaya mau-maune. Satêmêne Allah iku rêmên ngapura tur Maha-asih.

120. He para wong mukmin kabèh, sira padha wêdia ing Allah, lan padha dadia kancane para wong mukmin kang padha sêtya tuhu.

121. Para sakhabat kang padha manggon ana ing Madinah, apadene wong Baduwi kang padha manggon sakiwa têngêning Madinah, iku mênawa Rasulullah pêrang, ora [o...]

--- 2 : 396 ---

[...ra] kêna kari ana ngomah bae, lan ora kêna dhêmên ngapenakake awake dhewe, ora praduli rêkasane Rasulullah. Enggone padha dilarangi kari iku, marga para sakhabat lan wong Baduwi mau samôngsa nglakoni rêkasa, iya iku ngrasakake ngêlak, kangelan, luwe, ngambah ing panggonan kang anjalari nêpsune para wong kaphir, lan ngrasakake abot ènthènge gitiking mungsuh ana sajroning pêrang sabilullah, iku mêsthi wis ditulisi dening Allah wis anglakoni panggawe bêcik. Satêmêne Allah iku ora bakal nyêlêd ganjarane wong kang padha nglakoni panggawe bêcik.

122. Dene yèn para sakhabat utawa wong Baduwi mau ngragadi pêrang, akèh utawa sathithik, apadene yèn lakune nganggo ngliwati jurang, iku mêsthi ditulis dening Allah. Allah bakal angganjar marang wong mau, kalawan ganjaraning laku kang utama dhewe.

123. Para wong mukmin ora kêna kêbut anglurug pêrang kabèh, mung mangkat anglurug sagolongan bae, dene kang sagolongan, karia ngadhêp Kangjêng Rasul, padha nampanana yèn ana dhawuhing Pangeran prakara agama. Samôngsa kang nglurug mau wis mulih, kang kari mau banjur ngratakna dhawuhing Pangeran marang para kancane kang têka saka nglurug mau, supaya padha wêdia siksaning Allah.

--- 2 : 397 ---

124. He para wong mukmin, sira padha mêrangana wong kaphir kang cêdhak nagaranira Madinah, lan padha simpêna kêkêndêlan sarta santosa. Sira padha wêruha yèn Allah iku ngrewangi wong kang padha wêdi ing Allah.

125 Nalika ana surating Kuran didhawuhake, ana sawênèhe wong munaphèk kang rêrasan karo kancane. Calathune: Para kancaku kabèh apa ana kang banjur thukul utawa wuwuh pracayane marang Nabi Mukhammad marga ana surating Kuran kang mangkene iki. (Dhawuhing Allah): Sarupane wong mukmin mêsthi padha wuwuh kukuh pracayane, sarta padha bungah ênggone padha didhawuhi surating Kuran.

126. Dene sarupane wong kang atine ana larane (mamang lan munaphèk), iku surating Kuran mêsthi anjalari wuwuh kaphire, sarta wong mau bakal padha mati kaphir.

127. Wong munaphèk mau apa padha ora rumasa ênggone sabên sataun kambah ing rêribêd sapisan utawa ping pindho. Ewadene têka padha ora gêlêm tobat, lan ora eling sumungkêm ing Allah.

128. Nalikane ana surating Kuran didhawuhake, wong munaphèk mau padha pandêng-pinandêng lan kancane. Lan padha nandukake sasmita, surane:surasane. samôngsa wong

--- 2 : 398 ---

Islam iku padha kêlimpe, ora ana wong siji kang wêruh, ayo padha ambolos saka ngarsane Rasulullah. Barêng wong Islam kêlimpe, wong munaphèk padha ambolos. Mulane Allah banjur nasarake panêmune wong munaphèk mau, amarga si munaphèk iku wong kang ora gêlêm ngrasak-ngrasakake barang kang bakal makolèhi marang awake.

129. (He wong Arab kabèh), sira têmên wis padha ditêkani utusan Ingsun (aran Nabi Mukhammad) iku pêthilan saka kancanira dhewe, bangêt ênggone mrihatinake marang sira, aja nganti tumiba ing kasusahan, mulane tanpa uwis ênggone marsudi supaya sira olèha pituduh bênêr. Nabi Mukhammad mau wêlas-asih marang para wong mukmin.

130. Dene yèn wong kaphir padha malengos marang sira Mukhammad, sira banjur dhawuha: Kang nyukupi lan nulungi marang aku iku Allah. Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah. Prakara iki tak sumanggakake ing Allah. Allah iku Pangeraning Aras kang agung.

Surat Yunus

Tinurunake ana nagara Mêkah, satus sanga ayat.

--- 2 : 399 ---

Awit ingkang asma Allah, Kang Maha Murah tur Maha Asih.

1. Alip Lam Ra (Allah kang mêsthi uninga marang karsane ênggone mangandikakake Alip Lam Ra, Jalalèn). Surat iki ayating Kuran kang isi kukuming Allah.

2. Yagene wong Mêkah padha gumun ênggon Ingsun paring wahyu (dhawuh) marang sawijining wong lanang kancane. Dhawuh Ingsun: (He Mukhammad) sira mêdèkna para manungsa marang siksaningsun, lan ambêbungaha sarupane wong mukmin, ing besuk ana ngarsaning Pangerane bakal padha tômpa ganjaraning laku bêcik. Ing kono wong kaphir banjur padha ngucap: Nabi Mukhammad iki têtela tukang sikhir.

3. Satêmêne Pangeranira iku Allah, kang nitahake bumi lan langit lawase mung nêm dina. Sawise dadi, Allah banjur kèndêl jumênêng ana ing ngaras (patrape ora kêna ginagas). Allah iku nitipariksa samubarang prakara. Ora ana wong bisa nyuwunake pakolèh ana ngarsaning Allah, Pangeran kang samono luhure iku. Iya iku Allah Pangeranira, mulane padha nêmbaha ing Allah.

--- 2 : 400 ---

Yagene sira padha ora eling kang mangkono mau.

4. Kawusanane awakira iku ing besuk bakal bali kabèh marang ngarsaning Allah. Janjine Allah kang mangkono iku mêsthi kalêksanan. Allah iku kang amurwani kawula iki kabèh. Sawise dititahake banjur dibalèkake marang sarirane. Kang mangkono mau, karsaning Allah diênggo anjalari ênggone bakal angganjar marang para wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik kalawan ngadil. Dene wong kaphir bakal padha diombèni wedanging naraka. Lan padha disiksa kang nglarani, pituwase ênggone padha kaphir.

5. Allah iku kang nitahake srêngenge mawa cahya kang sumorot, lan nitahake rêmbulan mawa pêpadhang. Lan namtokake lakuning srêngenge mau ana ing manazil (kaluwêngan dalan srêngenge lan dalaning rêmbulan iku diperang dadi 360 darjah kang dawane padha. Banjur diperang manèh dadi 28 perangan kang dawane padha. Siji-sijining perangan diarani manazil, dadi siji-sijining manazil iku dawane 12, 5714 darjah. Dene manazil 28 mau duwe jênêng dhewe-dhewe, [dhe...]

--- 2 : 401 ---

[...we-dhewe,] iya iku 1. saratèn, 2. butèn, 3. tsuraya, 4. dabaran, 5. akêngah, 6. anngah, 7. dirak, 8. natsrah, 9. tarap, 10. jab ah, 11. jubarah, 12. sarphah, 13. ngawa, 14. samak, 15. ghaphar, 16. zubana, 17. iklil, 18. kalab, 19. saulah, 20. nangaim, 21. baldah, 22. sakdudzabih, 23. sakdubalak, 24. sakdussungud, 25. sakdu ahbiyah, 26. phirghul mukaddam, 27. phirghul muahkhar, 28. risa. Khazin). Supaya sira padha wêruha wilanganing taun, lan wêruha marang kawruh etung. Allah ênggone nitahake mangkono mau, ora liya diênggo nyatakake kuwasane. Allah mijangake ayat pirang-pirang, marang wong kang padha bisa wêruh.

6. Mungguh bedaning raina lan wêngi, lan samubarang kang dititahake dening Allah ana ing bumi lan ana ing langit, iku tumrape wong kang padha wêdi ing Allah, mêsthi dadi tôndha yêkti pirang-pirang.

7. Sarupane wong kang ora ngarêp-arêp (ora kuwatir) bakal disebakake marang ngarsaningsun, lan padha bungah ngrasakake kauripan ing dunya, têntrêm marang kabungahan ing dunya, lan sarupane wong kang lali, ora praduli marang ayat Ingsun.

--- 2 : 402 ---

8. Wong kang mangkono iku, panggonane ana ing naraka, iya iku pituwase barang wis padha dilakoni.

9. Sarupane wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, iku padha diparingi pituduh dalan bênêr dening Pangerane, iya iku dalan kang anjok ing suwarga Nangim, kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, minôngka pituwas ênggone pracaya lan nglakoni panggawe bêcik.

10. Para wong mukmin mau ana sajroning suwarga, mênawa nyênyuwun ing Allah, panyuwune mangkene: Dhuh Allah, Tuwan punika Mahasuci. Dene pakhurmatane wong ing suwarga padha asêsalaman.

11. Panyuwune wong ing suwarga mau, nganggo tutup mangkene: Sakathahing pangalêmbana punika konjuk ing Allah, ingkang mangerani ngalam punika sadaya.

11. Saupama Allah age-age marêngake panyuwuning manungsa kang amrih ala, padha bae lan ênggone age-age marêngake panyuwuning manungsa kang amrih bêcik, amêsthi manungsa iku kêlakon sirna kabèh. (Pangandikaning Allah): Mulane wong kang padha ora kapengin seba ing ngarsaningsun iku padha Ingsun togake bae ênggone padha nasar.

--- 2 : 403 ---

Dadi padha kêbanjur-banjur ênggone bingung.

13. Mênawa wong kaphir iku kambah ing rêribêd, banjur padha nyuwun-nyuwun marang Ingsun karo têturon miring utawa karo linggih apadene karo ngadêg, nyuwun supaya rêribêd mau Ingsun birata. Barêng rêribête wis Ingsun birat, wong kaphir mau banjur bali nglakoni ala kaya kang uwis-uwis, prasasat ora ngaku nyênyuwun marang Ingsun sirnaning rêribêd kang nêmpuh ing awake. Mangkono uga wong kang padha andadra ênggone kaphir, iku padha digodha ing setan, banjur padha dhêmên nêtêpi kaphir kang wis dilakoni salawas-lawase.

14. He para wong kaphir ing Mêkah, wruhanira, para umat sadurungira biyèn akèh kang padha duraka maro tingal, sarta wis ditêkani para Rasul, kanthi mukjijat kaelokan, minôngka tôndha yêkti, nyurup-nyurupake supaya padha maria maro tingal, nanging wong mau padha ora pracaya marang para Rasul. Ing kono para umat mau banjur padha Ingsun sirnakake, kang mangkono mau sumurup pamalêsingsun marang wong kang padha duraka maido ing Rasul.

15. Sawise mangkono, sira banjur Ingsun titahake, manggon ana ing bumi, dadi gêgêntine [gêgê...]

--- 2 : 404 ---

[...ntine] para umat kang wis padha sirna mau, Ingsun bakal mirsani lan nitèni kapriye lakunira.

16. Wong kang padha maro tingal iku mênawa diwacakake ayat Ingsun, cêtha ênggone dadi tôndha yêkti, ing kono wong kang ora ngarêp-arêp disebakake ing ngarsaningsun, banjur padha matur: (Dhuh Nabi Muhammad) sampeyan mbok inggih andhawuhakên Kuran sanèsipun punika kemawon, utawi Kuran punika mugi sampeyan ewahi, sampun kados makatên. He Mukhammad, sira dhawuha: Aku ora kêna ngowahi Kuran sakarêp-karêpku dhewe, wajibku mung manut nglugokake kang wis didhawuhake marang aku, mênawa aku wania duraka lancang, andhisiki karsaning Pangeranku, aku wêdi siksaning Allah besuk dina gêdhe kiyamat.

17. (He Mukhammad), sira dhawuha marang wong kang padha maro tingal: Upama ana kaparênge karsaning Allah, kêna uga ora dhawuh marang aku ingandikakake macakake Kuran marang kowe. Sadurunge iki ênggonku woworan lan kowe wis patang puluh taun lawase, aku ora macakake Kuran, marga ora ana dhawuh. Yagene kowe padha ora kadunungan pikir yèn Kuran iki têmên [tê...]

--- 2 : 405 ---

[...mên] dhawuhing Allah.

18. Ora ana wong kang luwih nganiaya marang awake dhewe tinimbang lan wong gawe-gawe, calathu goroh ngarani yèn Allah iku ana kang madhani jumênêng Pangeran, utawa wong kang maido ayating Allah. Satêmêne wong kang padha dosa maro tingal iku ora bakal bêgja.

19. Wong musrik mau padha nyêmbah liyaning Allah, iya iku brahala kang ora bisa gawe mlarat utawa gawe pakolèh marang si musrik mau. Wong musrik mau padha ngucap mangkene: Brahala iku kabèh ing besuk bakal padha ngaturake bêcikku ana ngarsaning Allah. (He Mukhammad) sira dhawuha: Yèn mangkono, kowe apa bakal munjuk ing Allah yèn brahala iku pangeran kang angunjukake bêcikmu ana ngarsaning Allah, kang môngka Allah ora nguningani yèn ing bumi lan ing langit ana kang madhani sarirane. Allah iku Mahasuci tur Mahaluhur, adoh bangêt yèn kayaa panêmune wong kang padha maro tingal.

20. Ing jaman kuna manungsa iku golong dadi siji nganggo agama Ibrahim, lawas-lawas banjur padha sulaya, nganggo agama warna-warna. Saupama Pangeranira durung mangandikakake papasthèn yèn umate

--- 2 : 406 ---

Nabi Mukhammad iki patrapaning kaluputan disarantèkake besuk dina kiyamat, amêsthi wong kang padha pasulayan prakara agama iku, êndi kang luput dipatrapi padha sanalika.

21. Wong kaphir ing Mêkah padha ngucap: Yagene Nabi Mukhammad têka diparingi mukjijat kaelokan saka Pangerane kaya para Nabi ing jaman kuna. (He Mukhammad) sira dhawuha: Mukjijat mangkono prakara kang gaib, iku kagunganing Allah piyambak, dudu wêwênangku, mulane prakara kang koajap iku êntènana bae, aku uga mèlu ngêntèni.

22. Para wong kaphir ing Mêkah sawise padha kambah ing rêribêd, mênawi banjur Ingsun paringi bungah lan têntrêm, ing kono banjur padha maido lan anggêguyu ayat Ingsun. (He Mukhammad) sira dhawuha: Allah iku manawa karsa niksa, luwih dening rikat. Dhawuh pangandinaning Allah marang para wong kaphir ing Mêkah mangkene: Utusan Ingsun para Malaikat padha nulisi ênggonira padha maido lan anggêguyu ayat Ingsun.

23. Allah iku kang paring kêkuwatan marang sira kabèh, dadi padha bisa mlaku ana ing dharatan utawa mrau ana ing sagara. Nalikane sira nunggang prau ana ing sagara, prau mlaku mau ngêmot wong

--- 2 : 407 ---

akèh, lakune anglêr sinêntor ing angin bêcik, wong sajroning prau padha bungah. Ing kono banjur ana angin ribut têka, aluning sagara anêmpuh prau saka ing ngêndi-endi pêrnah. Wong sajroning prau padha nyipta kêtungkêban ing bilai gêdhe, banjur padha nyênyuwun slamêt ing Allah kalawan ati gumolong suci maring Allah, unjuke: Dhuh Allah, mênawi Tuwan paring wilujêng dhumatêng kawula, luwar saking bêbaya punika, iba anggèn kawula sami sukur ing Tuwan.

24. Barêng Allah wis paring slamêt, wong mau banjur padha nyidrani kasaguhane, padha balela, gawe rusak ana ing bumi, nglakoni panggawe kang ora bênêr. (Pangandikaning Allah): He manungsa, ênggonira padha balela iku pituwase mung bungah sadhela ana ing dunya, nanging ora wurung bakal malarati marang awakira dhewe. Ing têmbe sira bakal padha digiring seba ing ngarsaningsun. Ing kono Ingsun mêlèhake sarupaning piala kang wis padha sira lakoni.

25. Kabungahan ing dunya iku ênggone bakal sirna, sanepane kaya upamane banyu udan kang Ingsun turunake saka ing langit, banjur disêsêp ing thêthukulaning bumi kang dadi panganing manungsa lan rajakaya,

--- 2 : [0] ---

thêthukulan mau banjur dadi rêrêngganing bumi, dinêlêng asri dening thêthukulan sarta wowohan kang warna- warna. Wong kang manggon ing bumi padha rumasa padha nguwasani thêthukulan mau. Dumadakan banjur ana parêng karsaningsun angrusak thêthukulan mau ing wayah awan utawa bêngi, thêthukulan mau banjur Ingsun sirnakake dening ama, larut kaya dibabadi, rêsik prasasat biyèn mula ora ana. Mangkono iku ênggon ingsun mijangake ayat ingsun marang wong kang padha ngrasak-ngrasakake.

26. Allah iku murih supaya manungsa padha mlêbua ing suwarga Darussalam, lan paring pituduh marang wong kang dadi parênging karsane, dituduhake dalan kang bênêr, kang anjog ing suwarga.

27. Sarupane wong kang padha nglakoni kabêcikan ngabêkti ing Allah, iku padha olèh panduman bêcik, iya iku sawarga, lan diwuwuhi kaparêng andêlêng sariraning Allah, raine wong mau ora mêsum lan ora irêng, apadene ora rèmèh, wong mangkono mau têtêp wong suwarga, ênggone ana ing suwarga padha langgêng.

28. Dene sarupane wong kang nglakoni

--- 2 : [0] ---

ala kapir, iku patrapane mung samurwating kaluputan, lan padha mêsum dening rèmèh awake, lan padha duwe andêl-andêl kang bisa murungake siksaning Allah, raine padha irêng prasasat dipupuri irênging wêngi kang pêtêng andhêdhêt. Wong mangkono iku têtêp wong ing naraka, ênggone ana ing naraka padha langgêng.

29. Ing besuk dina kiyamat, Ingsun ngimpun manungsa kabèh, Ingsun banjur ngandika marang wong kang padha maro tingal: Sira lan brahalanira padha anaa ing kono bae, ngêntènana yèn wis didangu. Ingsun banjur misahake wong kang maro tingal karo brahalane. Brahalane banjur padha ngucap: Kowe padha ora nyêmbah marang aku.

30. Dene prakara pasulayanku lan kowe, cukup disêksèni dening Allah bae, ênggonmu padha ngaku nyêmbah marang aku, iku aku têmên ora rumasa kosêmbah.

31. Ing kono sijining awak padha wêruh barang kang wis padha dilakoni nalika ana ing dunya, dene pancasaning prakara disumanggakake kaparênging Allah, iya iku Pangerane wong kang padha maro tingal mau kang satêmêne. Dene ênggone padha gawe-gawe ngarani yèn brahala iku bakal mitulungi ngaturake bêcike ana ngarsaning Allah, ing dina iku têtela cidra.Seharusnya hlm. 410 dan seterusnya.

--- 2 : 408 ---

32. (He Mukhammad) sira dhawuha marang para wong musrik: Kang paring rijêki marang kowe mêtu saka banyu udan kang tumurun saka ing langit lan saka thêthukulan ing bumi iku sapa, lan kang paring pangrungu apadene pandêlêng marang kowe iku sapa, lan kang mêtokake barang kang urip saka barang kang mati, utawa mêtokake barang kang mati saka barang kang urip iku sapa, mangkono manèh kang nitipariksa lan ngopèni bumi langit saisine iku sapa. Para wong musrik mau mêsthi padha mangsuli: Botên liya namung Allah. ing kono banjur sira dhawuha: Yagene sira padha ora wêdi ing Allah.

33. Pangeran kang kaya mangkono kuwasane, iya iku Allah Pangeranmu kang sanyata, mara ta padha pikirên, liyane kang sanyata iku pangeran apa, mêsthi pangeran gorohan. Lah kapriye panêmumu têka kudu milih pangeran gorohan.

34. Mangkono uga wis kanyataan papasthèning Pangeranmu, kang namtokake yèn para wong phasèk kang padha andadra ênggone kaphir, iku padha ora gêlêm pracaya ing Allah.

35. (He Mukhammad) sira dhawuha marang para wong musrik. Brahala kang padha koanggêp Pangeran iku, [i...]

--- 2 : 409 ---

[...ku,] apa ana kang murwani nganakake kang dumadi iki, sawise dianakake banjur dibalèkake marang awake, mêsthi ora ana. (He Mukhammad), sira banjur dhawuha: Kang murwani nganakake sarupane kang dumadi iki Allah, sawise dianakake banjur dibalèkake marang sarirane. Lah kapriye panêmumu têka padha lumuh ngambah dalan kang bênêr.

36. (He Mukhammad), sira dhawuha marang para wong musrik: Brahala kang padha koanggêp pangeran iku apa ana kang bisa nuduhake dalan kang bênêr, mêsthi ora. (He Mukhammad), sira dhawuha: Kang nuduhake dalan kang bênêr iku mung Allah. Mara padha pikirên, Allah iku nuduhake dalan kang bênêr. Pangarêpe wong kaphir iku ora bisa wêruh dalan bênêr, kajaba yèn dituduhake. (Brahala iya ora bisa obah dhewe, kajaba yèn sarana diobahake). Kabèh iku êndi kang bênêre kudu diênut. Yagene kowe padha duwe panganggêp kang ora bênêr.

37. Wong musrik iku wêwatone kang diênut, ora liya mung gagasan lan awur-awuran, kang mangkono iku ora kêna dikêncêngi diênggo nampik nyata lan bênêr. Satêmêne Allah iku nguningani barang kang wis padha dilakoni dening wong musrik.

--- 2 : 410 ---

38. Kuran iki ora saka gawe-gawene liyaning Allah, satêmêne diturunake dening Allah, surasane cocog lan kitabing para Nabi ing jaman kuna, anêrangake lan mijangake surasaning kitab mau. Kuran iki têmên pangandikaning Allah Pangeraning alam kabèh, ora kêna sumêlang utawa maido.

39. Wong musrik apa padha ngucap, ngarani yèn Kuran iku gawe-gawene Nabi Mukhammad dhewe. (He Mukhammad), sira dhawuha: Mênawa pangucapmu iku têmên bênêr, mara padha nganggita surat kang madhani Kuran iki patitise, lan sêdhêp manising ukarane, malah nyambata liyaning Allah, miliha wong kang baut ing têmbung.

40. Wong musrik malah banjur padha maido surasaning Kuran, kang ora gadug digayuh dening pangêrtine, tur durung dipikir lan durung wêruh karêpe. Mangkono uga para umat kuna sadurunge si musrik mau iya padha maido marang nabine. (He Mukhammad), mara sira dêlênga, kapriye wêkasane wong kang padha duraka.

41. (He Mukahammad), para umatira iku ana kang bakal pracaya ing Kuran, lan ana uga kang ora pracaya. Dene Pangeranira iku nguningani wong kang padha gawe rusak, tulus ênggone ora pracaya

--- 2 : 411 ---

ing Kuran.

42. Mênawa umatira padha maido ing sira, sira banjur dhawuha: Ganjarane ênggonku nglakoni ngabêkti ing Allah, dadi darbèkku dhewe. Dene patrapane ênggonmu padha maro tingal, iya bakal kosôngga dhewe. Kowe ora milu-milu prakara lakuku, aku uga ora milu-milu prakara lakumu.

43. Para wong musrik iku iya ana kang ngrungokake ênggonira maca Kuran (nanging mung maligi krungu bae, ora ngèstokake, dadi padha bae lan budhêg). Sira apa kapengin bisane tumama pituturira marang wong budhêg tur tanpa ngakal.

44. Para wong musrik uga ana kang andêlêng marang sira (wêruh mukjijat kaelokan pirang-pirang, nanging mung maligi wêruh bae, ora ngèstokake, dadi padha bae lan picak). Sira apa kapengin kudu mêruhake wong picak tur atine iya ora bisa andêlêng.

45. Satêmêne Allah iku ora nganiaya marang manungsa sathithik-thithika, manungsa dhewe kang padha nganiaya marang awake.

46. (He Mukhammad), sira nyaritakna dina kiyamat, [kiya...]

--- 2 : 412 ---

[...mat,] nalikane Allah ngimpun para wong musrik, ing kono wong musrik mau rumasane ênggone urip nalika ana ing dunya prasasat mung sajam ing wayah awan. Nalika padha mêtu saka ing kubur, siji-sijining wong padha wêruh marang kancane (nanging ora ana kang cêcaturan, saking dening wêdine), ing kono sarupaning wong kang maido yèn ing dina kiyamat, bakal disebakake ana ngarsaning Allah, têtela padha cilaka, lan padha ora wêruh apa kang dadi marga bisane luwar saka kacilakan.

47. (He Mukhammad), mênawa saiki sira Ingsun tontonake wujuding siksa sawatara, kang Ingsun ancamake marang para wong kaphir, sira iya banjur wêruh, utawa mênawa sira Ingsun pundhut nyawanira sadurunge si kaphir Ingun siksa, ing besuk ana ing akhirat, sira iya bakal wêruh, ing têmbe si kaphir bakal padha bali marang ngarsaningsun. Ing kono Allah kang bakal dadi saksi, mêlèhake samubarang kang padha dilakoni dening si kaphir nalika ana ing dunya.

48. Ing besuk dina kiyamat, siji-sijining umat iku padha kawêngku ing Rasul dhewe-dhewe. Samôngsa umat mau Rasule wis têka, mratelakake ala [a...]

--- 2 : 413 ---

[...la] bêciking umate, umat mau banjur dipancasi prakarane kalawan ngadil, sabanjure ora disiksa kalawan panganiaya.

49. Para wong kaphir banjur padha matur ing Kangjêng Rasul, mênawi pangandika sampeyan punika têmên, benjing punapa kalampahanipun dintên kiyamat, ingkang kadhawuhakên punika.

50. (He Mukhammad), sira dhawuha marang para wong kaphir mau: Aku ora bisa nguwasani marang awakku dhewe, ora bisa nulak bêbaya kang pinêsthi têka utawa nêkakake pakolèh kang pinêsthi ora têka. Ora liwat mung sumôngga apa karsaning Allah, iku kang mêsthi kalêksanan. Siji-sijining wong padha diwangêni dawa cêndhaking umure dhewe-dhewe, samôngsa wis têkan wêwangêning patine, ora bisa maju utawa mundur sadhela bae.

51. (He Mukhammad), sira dhawuha marang wong kaphir kang padha nantang siksa: mênawa siksaning Allah iku têka, nungkêbi marang kowe, ing wayah bêngi utawa awan, ing kono kowe padha kaduwung, para wong kaphir banjur padha nantang apa manèh. Mara padha matura marang aku.

52. Apa kowe padha ngêntèni yèn siksa

--- 2 : 414 ---

wis tumiba, ing kono kowe lagi pracaya ing Allah. Kang mêsthi kowe banjur padha dipangandikani: apa abamu, saiki kowe lagi pracaya. Tibaning siksa iki saka kowe dhewe kang nantang.

53. Wong kang padha nganiaya awake dhedhewe. sarana kaphir, banjur padha didhawuhi: Saiki sira padha ngrasakna siksa kang langgêng. Enggonira padha nandhang wêwalês kang samono iku ora saka panganiaya, tumônja patrapaning kaluputan kang wis padha sira lakoni.

54. Wong kaphir padha takon marang sira Mukhammad: Ingkang sampeyan cariyosakên bab dintên kiyamat utawi kawontênanipun siksa punika punapa sayêktos. (He Mukhammad), sira dhawuha: Mêsthi têmên, dêmi Pangeranku, dina kiyamat lan ananing siksa iku kabèh nyata, kowe padha ora bisa nyingkiri siksa mau.

55. Siji-sijining wong kang nandhang dosa kaphir iku, ing besuk nalikane padha andêlêng siksa, sarta wis dipancasi prakarane kalawan ngadil, ênggone padha dipatrapi siksa ora kalawan panganiaya, upama wong mau duwea saisining bumi mêsthi diênggo nêbusi awake. Saking dening judhêge, nganti ora bisa nglairakeSeharusnya hlm. 415.

--- 2 : 145 ---

kaduwunge kang tanpa gawe.

56. Samubarang isining bumi lan langit iki apa dudu kagunganing Allah (sanadyan awake si kaphir iku uga kagunganing Allah). Janjining Allah pangêbang lan pangancam apa ora nyata, mêsthi nyata, nanging kang mangkono mau manungsa akèh kang ora wêruh.

57. Allah iku kuwasa gawe urip lan kuwasa gawe pati. Ing besuk ana ing akhirat, manungsa iku padha diimpun bali marang ngarsaning Allah.

58.He manungsa, sira wis padha olèh wulang saka Pangeranira, iya iku Kuran, lan uga olèh usadaning mêmala sajroning ati. Kuran iku pituduh tumrape para wong mukmin dadi rahmat.

59. (He Mukhammad), sira dhawuha: Amarga saka sih kanugrahaning Allah lan rahmating Allah wong mukmin padha bungaha, iku luwih bêcik tinimbang bôndha kang padha dikalumpukake.

60. (He Mukhammad), sira dhawuha marang wong kaphir ing Mêkah: Mara padha matura marang aku, prakara rijêki kang wis diparingake dening Allah marang kowe kabèh, ana kang koanggêp larangan, ora kêna dipangan, lan ana kang koanggêp wênang dipangan. Panganggêpmu mangkono iku, kowe apa wis [wi...]

--- 2 : 416 ---

[...s] padha olèh idining Allah, apa mung gawe-gawe koawadake têrang saka Allah.

61. Kapriye panyanane wong kang padha gawe-gawe, calathu goroh diawadake têrang saka ing Allah, apa duwe kira besuk dina kiyamat Allah ora bakal ngapak-apakake marang wong mau. Satêmêne Allah iku paring kanugrahan marang manungsa (ngutus para Rasul ingandikakake nuduhake dalan bênêr marang manungsa), nanging manungsa iku akèh kang padha ora gêlêm sukur ing Allah.

62. (He Mukhammad), apa kaananira, lan ênggonira maca Kuran, akèh utawa sathithik, apadene samubarang laku kang sira lakoni utawa dilakoni dening umatira, iku kabèh nalikane sira utawa umatira anglakoni, Ingsun mêsthi mirsani. Pangeranira ora pisan kasamaran marang isèn-isèning bumi lan langit, sanadyan mung saboboting sêmut kang cilik bangêt utawa luwih cilik manèh, utawa luwih gêdhe, ora ana kang kècèr, kabèh mêsthi katulisan ana ing Lohmahphul.

63. Apa ora nyata yèn para kêkasihing Allah iku padha ora duwe kuwatir apa-apa,

--- 2 : 417 ---

lan uga ora duwe susah.

64. Dene wong kang dianggêp kêkasihing Allah iku sarupane wong kang pracaya ing Allah sarta wêdi ing Allah.

65. Para kêkasihing Allah mau ana ing dunya padha girang-girang, ing besuk ana ing akhirat padha olèh suwarga. Dhawuh pangandikaning Allah mêsthi ora cidra. Kang mangkono mau tumrap para kêkasihing Allah, aran kabêgjan gêdhe.

66. (He Mukhammad), sira aja susah dening pangucape para wong musrik. Wruhanira, kamênangan iku kabèh kagunganing Allah piyambak. Allah iku miyarsa tur nguningani.

67. Elinga yèn isining bumi lan isining langit, wong jin lan Malaikat, iku kabèh kagunganing Allah. Dene wong kang padha nyêmbah brahala, ora nêmbah ing Allah, iku têtêp tanpa wêwaton, kajaba mung wêwaton panyana. Brahala dinyana Pangeran madhani Allah. Dene ênggone padha ngarani brahala diarani Pangeran iku têtela goroh.

68. Allah iku kang nganakake wêngi pêtêng kanggo palerenanira, sarta nganakake awan kang padhang, kanggo pangupajiwanira. Kang mangkono iku [i...]

--- 2 : 418 ---

[...ku] tumrap wong kang padha krungu utawa kataman surasaning Kuran, mêsthi dadi tôndha yêkti.

69. Wong musrik padha ngucap: Allah iku apêputra. Pangucap mangkono iku goroh. Allah iku Mahasuci, ora butuh apa-apa, uga ora butuh putra. Allah iku kagungan saisining bumi lan langit. (He wong musrik), pangucapmu kang mangnomangkono. iku kowe ora duwe tandha yêkti apa-apa. Yagene kowe wani ngucapake sariraning Allah kalawan awur-awuran.

70. (He Mukhammad) sira dhawuha: Sarupane wong kang gawe-gawe, ngucapake sariraning Allah kalawan goroh, iku padha ora bisa bêgja.

71. Wong kang mangkono iku olèh kabungahan ana ing dunya sawatara suwene, sawise mati, banjur padha Ingsun impun bali marang ngarsaningsun, ing kono banjur Ingsun dhawuhi ngrasakake siksa kang abot, minôngka patrapane ênggone padha kaphir.

72. (He Mukhammad), para umatira padha sira wacakna caritane Nabi Nuh, nalikane dhawuh marang para umate mangkene: He para umatku, mênawa ênggonku woworan lan kowe iki, utawa ênggonku

--- 2 : 419 ---

juwêt pitutur marang kowe mulangake ayating Allah iki andadèkake susahmu, iya apa sakarêpmu kang wis golong lan kancamu têkakna marang aku, aku mung pasrah marang Allah, kowe aja padha ngêndhêm prakara bêcik gêlarna kalawan têrang. Sawise mangkono, apa karêpmu marang aku, ala utawa bêcik lêksananana. Aja nganggo kosarantakake.

73. Mênawa kowe padha nampik pituturku, wêruha yèn aku iki ora murih pituwas apa-apa saka ing kowe, kang maringi pituwas ênggonku mratakake dhawuhing Allah iki dudu sapa-sapa, nanging Allah piyambak. Aku didhawuhi dening Allah, ingandikakake nglakoni ayahaing Allah. (Kowe manut iya bêcik, ora manut iya sakarêpmu).

74. Para umate Nabi Nuh padha rêngkêng ênggone maido marang Nabi Nuh. Sarupane wong kang padha maido ayat Ingsun mau banjur Ingsun sirnakake sarana Ingsun kêlêm. Dene Nabi Nuh sakancane kang padha ana prau, padha ingsun paringi salamêt, lan banjur Ingsun gêntèkake lêlakone wong kang wis padha sirna mau. (He Mukhammad), mara sira rasak-rasakna, kapriye kadadeane wong kang wis padha diwêwêdèni siksaning Allah maksa padha andaluya.

--- 2 : 420 ---

75. Sapungkure nabi Nuh, Ingsun banjur ngutus para Rasul, padha Ingsun karsakake mêmulang marang para umate dhewe-dhewe, iya banjur padha ngèstokake mêmulang marang para umate, kanthi mukjijat kaelokan pirang-pirang, nanging para umate padha ora ngandêl marang samubarang kang wis dipaido dening para umate Nabi Nuh biyèn. Ingsun ngêcap atine wong kang padha anjarag maido marang Rasul, kaya ênggon ingsun ngêcap atine para umate Nabi Nuh.

76. Sapungkure para Rasul mau, Ingsun banjur ngutus nabi Musa lan Nabi Harun, padha Ingsun karsakake andhawuhi laku-lakuning sarengat marang Raja Phirngon sapunggawane, kanthi mukjijat kaelokan pirang-pirang. Raja Phirngon sapunggawane mau padha gumêdhe, ora gêlêm pracaya, dadi kabèh mau padha duraka.

77. Barêng raja Phirngon sapunggawane mau padha wêruh yèn kang didhawuhake dening Nabi Musa lan Nabi Harun iku bênêr, têrang saka kaparêng Ingsun, banjur padha ngucap: Kaelokan kang mangkene iki têtela sikhir.

78. Nabi Musa banjur takon: Awit saking punapa sarêng sampeyan kadhatêngan barang ingkang nyata lajêng [la...]

--- 2 : 421 ---

[...jêng] sampeyan wastani sikhir, saèstu barang ingkang kula gêlarakên punika sampun kanyataan mênang, anjugarakên sikhiripun para juru sikhir, ingkang sami lajêng ngucira. Punapa punika inggih sikhir ugi, tamtu dede.

79. Raja Phirngon sapunggawane banjur padha ngucap: He Musa lan Harun, kowe padha sumêdya ngowahi lêlakone para lêluhurku kang wis tak wêruhi, ênggone padha nyêmbah brahala, pamrihmu supaya kowe dadia gêdhe ana ing bumi Mêsir. Aku môngsa gêlêma pracaya marang kowe.

80. Raja Phirngon banjur dhawuh: Para kawulaku kang lêbda marang sikhir padha timbalana. Barêng para juru sikhir wis padha seba, anggawa tampar lan têkên, nabi Musa banjur ngatag marang juru sikhir. Mara padha nguncalna tampar lan têkênmu.

81. Barêng para juru sikhir wis padha nguncalake tampar lan têkêne (tampar lan têkên mau banjur dadi ula), Nabi Musa banjur calathu: Kang têmên sikhir iya kang kotêkakake iki. Sadhela êngkas Allah anjugarake sikhirmu, satêmêne Allah ora nglêstarèkake panggawene wong kang pamrih rusak.

--- 2 : 422 ---

82. Allah anggêlar kanyataane barang kang têmên bênêr, nuhoni pangandikane kang wis didhawuhake (Iya iku sikhire para juru sikhir padha jugar), sanadyan para wong dosa padha ora condhong, iya karêbèn.

83. Sanadyan mukjijat kaelokane Nabi Musa samono gêdhene, ewadene wonge Raja Phirngon kang banjur pracaya marang Nabi Musa mung sathithik bangêt, pracayane mau kanthi kuwatir bokmênawa konangan banjur padha dikaniaya dening Raja Phirngon utawa para punggawane, amarga Raja Phirngon mau ana ing bumi Mêsir, luhur lan mênang bangêt, sarta nindakake sawênang-wênang.

84. Nabi Musa ngandika marang para umate: He para umatku, yèn kowe têmên padha pracaya ing Allah, lang anglakoni parintahing Allah, padha ngandêla lan pasraha ing Allah, aja pasrah marang liyane Allah.

85. Para umate Nabi Musa banjur padha mangsuli, kula sami pitados ing Allah (nuli padha nyênyuwun ing Allah, unjuke): Dhuh Allah Pangeran kawula, kawula mugi sampun Tuwan damêl kawon kalihan para tiyang kaphir, salajêngipun kèlu dhatêng para tiyang kaphir.

86. Kalihan malih kawula mugi Tuwan wilujêngakên [wilujêng...]

--- 2 : 423 ---

[...akên] utawi tuwan uculakên saking pangawasanipun Raja Phirngon sakancanipun tiyang kaphir sadaya, mêdala saking pangawasa saha rahmat Tuwan.

87. Ingsun banjur paring dhawuh marang Nabi Musa lan sadulure (aran Nabi Harun) para umatira padha sira gawèkna omah dhewe-dhewe ana ing nagara Mêsir, omah mau diênggoa sêmbayangan, lan padha nglakonana sêmbayang ana ngomahe dhewe-dhewe. Apadene para wong mukmin padha sira bêbungaha bakal ditulungi dening Allah, sarta bakal padha olèh suwarga.

88. Nabi Musa banjur munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, saèstunipun tuwan sampun maringi rêrênggan sarta bôndha kathah dhumatêng Raja Phirngon dalah punggawanipun, minôngka kabingahan wontên ing dunya punika. Dhuh Pangeran kawula, punika dados sarana anggèn Tuwan nasaraken dhumatêng Raja Phirngon sapunggawanipun wau, mila lajêng sami kêsasar saking margi Tuwan ingkang lêrês. Dhuh Pangeran kawula, sapunika Tuwan mugi nyirnakna bandhanipun Raja Phirngon sapunggawanipun, saha mugi nguncia manahipun, dados sami botên purun pitados ing Tuwan, ngantos sumêrêp utawi katêmpuh ing siksa ingkang nyakiti.

89. Allah ngandika: Panyuwunira wong loro

--- 2 : 424 ---

(Nabi Musa lan Nabi Harun) wis kaparêng. Sira aja padha ngambah dalane wong kaphir kang padha ora wêruh sajatine janjiningsun. Sira padha lêstaria nglakoni ayahan ingsun.

90. Ingsun paring dalan marang para wong Bani Srail, banjur padha liwat ana ing sagara kang banyune piyak, dene raja Phirngon sabalane padha amburu wong Bani Srail kalawan sêngit lan nyatru, milu lumêbu sagara kang piyak. Barêng katungkêban ing banyu sagara kang ngêrêm ing awake, banjur ngucap: Saiki aku pracaya, satêmêne ora ana Pangeran kang sinêmbah kalawan bênêr, kangjabakajaba. mung Pangeran kang dipracaya lan disêmbah dening para wong Bani Srail, dene saiki aku malêbu ewone wong agama Islam.

91. Raja Phirngon banjur didhawuhi dening Malaikat Jabarail: Enggonmu tobat saiki wis kasèp. Sadurunge kasèp biyèn, kowe anjarag anglakoni duraka kaphir, lan manèh kowe kalêbu ewone wong kang gawe rusak.

92. Ing dina iki uga bangkemu tak êntasake marang dharatan, supaya kawêruhan ing akèh, lan supaya dadia têpatuladha tumrap para wong sapungkurmu. Pangandikaning Allah: Manungsa iku kang akèh padha lali marang ayat ingsun.

--- 2 : 425 ---

Ingsun wis ngênggonake para wong Bani Srail ana ing panggonan kang mulya (tanah Sam lan Mêsir), sarta padha ingsun paringi rijêki kang ngrêsêpake. Ing kono wong Bani Srail ora ana kang pasulayan prakara agamane, (kabèh padha golong pracaya marang Nabi Mukhammad, kang wus kocap ana ing kitab Torèt bakal mungkasi para Rasul) nganti tumêka Nabi Mukhammad kakarsakake dadi Rasul, anggêlarake Kuran. Ing kono Wong Bani Srail banjur padha sulaya, (ana kang pracaya marang Nabi Mukhammad lan ana kang maido), ing besuk dina kiyamat, Pangeranira mêsthi mancasi prakarane wong Bani Israil ênggone padha pasulayan.

94. Mênawa sira sêmang marang prakara kang wis ingsun dhawuhake marang sira iki, mara sira takona wong kang padha maca kitab kuna sadurunge sira (mêsthi mratelakake jênêngira lan kaananira, kabèh wis kasêbut ana ing kitab Torèt) sira wis diparingi kanyataan saka Pangeranira kang dadi tôndha yêkti yèn sira iku utusan ingsun, mulane sira aja nganggo sumêlang.

94. Lan manèh sira aja dadi ewone wong kang padha maido tôndha yêkti saka ing Allah, yèn [yè...]

--- 2 : 426 ---

[...n] sira maido, mêsthi dadi ewone wong kang cilaka. (Dhawuhing Allah rong ayat iki, laire tumrap marang Kangjêng Rasul, nanging satêmêne tumrap marang para umate. Khazin, Jamal).

96. Sarupane wong kang wis tinamtokake dening pangandikaning Pangeranira, pinasthi ora iman, iku mêsthi ora gêlêm pracaya ing Allah.

97. Sanadyan wong mau digêlari sarupaning tôndha yêkti, iya mêksa ora gêlêm pracaya, nganti andêlêng siksa kang nglarani, iku lagi pracaya.

98. Wong padesan ing êndi bae mênawa ênggone pracaya marang Rasul, sawise andêlêng siksa, mêsthi ora tinarima pracayane, kajaba para umate Nabi Yunus, barêng andêlêng siksa banjur padha pracaya marang Nabi Yunus, kalawan gumolonging ati ing kono Ingsun banjur murungake siksa kang arêp nêmpuh marang para umate Nabi Yunus ana ing dunya, sarta padha Ingsun paringi kabungahan, nganti têkan wayahe ênggone mati.

99. Upama ana kaparênge Pangeranira, mêsthi kalêksanan wong salumahing bumi iki kabèh pracaya marang sira. (Nanging karsaning Allah ora mangkono). Apa sira sêdhih ênggone manungsa padha ora pracaya, apa sira anjiyat wong sajagad iki

--- 2 : 427 ---

padha dadia wong mukmin kabèh. (iku ora mêsthi kêlakon, awit iku pangawasaning Allah).

100. Siji-sijining awak ora pracaya ing Allah kajaba kalawan diparêngake dening Allah. Allah angancam siksa marang sarupane wong kang akale ora migunani kanggo mikir ayating Allah.

101. (He Mukhammad), sira dhawuha marang wong musrik kang padha takon tôndha yêkti: Kowe padha andêlênga lan ngrasak-ngrasakna samubarang isèn-isèning bumi lan langit, kabèh iku dadi tôndha yêkti ananing Allah. Ewadene tôndha yêkti mau, apadene wêwulanging para Rasul kang mawa amêmêdèni, iku ora migunani apa-apa tumrap wong kang wis pinêsthi ora duwe iman.

102. Para wong musrik ing Mêkah iku tansah maido ing sira Mukhammad, Enggone arêp mari maido ngêntèni dina apa, ora liwat mung ngêntèni yèn wis padha andêlêng siksa, kaya ênggon ingsun niksa marang para umat kuna sadurunge si musrik mau. (He Mukhammad), sira dhawuha: Lah iya padha ngêntènana, aku uga milu ngêntèni lan nitèni.

103. Ingsun banjur paring slamêt marang para utusan ingsun lan sarupane wong mukmin, kalis saka ing siksa [si...]

--- 2 : 428 ---

[...ksa] mau. Mangkono uga Ingsun iya mêsthi paring slamêt marang sira Mukhammad, lan sakancanira para wong mukmin. 104. (He Mukhammad), sira dhawuha: He para manungsa, mênawa kowe padha mamang marang agama kang tak dhawuhake iki (isih kudu nglêstarèkake ênggonmu padha nyêmbah brahala), iku wêruha yèn aku ora pisan gêlêm nyêmbah marang sêsêmbahanamu liyane Allah, nanging aku mêsthi nêmbah ing Allah, kang kuwasa matèni kowe sakancamu kabèh, ingandikakake dadi wong mukmin.

105. Lan manèh dhawuhing Allah: Awakira jêjêga nglakoni agama Islam, kalawan gumolonging ati, lair batin, lan sira aja dadi wong musrik.

106. Lan aja nyêmbah barang liyane Allah kang ora bisa makolèhi utawa mlarati marang sira, mênawa sira nglakoni mangkono, dadi sira kalêbu ewone wong kang nganiaya marang awakira dhewe.

107. Mênawa sira dikarsakake dening Allah kasandhung ing pakewuh utawa nandhang sangsara, mêsthi ora ana kang bisa nyingkirake pakewuh utawa sangsara mau kajaba mung Allah, dene yèn sira dikarsakake nêmu kanugrahan, utawa olèh kabêgjan, iya ora [o...]

--- 2 : 429 ---

[...ra] ana kang bisa ngalang-alangi tumibaning kabêgjan utawa kanugrahaning Allah mau. Allah anandukake ala utawa bêcik mau marang para kawulane, êndi kang dadi parênging karsane. Allah iku sipat ngapura tur Maha-asih.

108. (He Mukhammad), sira dhawuha: He para manungsa, kowe wis padha diundhangi barang kang têmên bênêr (iya iku Kuran lan agama Islam) saka Pangeranira. Ing kono sing sapa nêtêpi utawa ngèstokake pituduhing Kuran, pituduh mau mêsthi makolèhi marang awake dhewe. Dene sing sapa kêsasar nampik pituduh bênêr, iku bakal amlarati marang awake dhewe (prakara bêgja lan cilaka mung gumantung ing lakumu dhewe), aku ora wajib nanggung lakumu.

109. (He Mukhammad), sira ngèstokna samubarang kang wis didhawuhake marang sira. Lan sabara ênggonira dipaido marang para umatira, ngêntènana yèn Allah wis nibakake khukume nulungi ing sira. Allah iku ênggone nibakake khukum luwih dening bêcik, ngungkuli liya-liyane.

Surat Hud

Tinurunake ana nagara Mêkah, satus têlulikur ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur Maha-asih.

--- 2 : 430 ---

1 Aliph Lam Ra (Aliph lam ra iku araning aksara Ngarab, Allah kang nguningani karsane ênggone mangandikakake mangkono mau. Jalalèn). Kuran iki kitab kang ayate kukuh ora bakal rusak, nuli isine diwijang-wijang. Iya iku dhawuh saka ngarsaning Pangeran kang Wicaksana tur Waspada.

2. Pêrluning dhawuh, supaya sira kabèh aja nyêmbah sapa-sapa, kajaba nêmbah ing Allah. Aku iki ingandikakake mêmêdèni marang kowe kabèh kalawan siksa naraka, sarta ambêbungah marang kowe bakal diganjar suwarga.

3. Lan manèh kowe padha nyuwuna pangapuraning Pangeranmu, sarta marènana gawe kaluputan, Allah bakal paring kabungahan kang bêcik marang kowe, lêstari nganti têkan wêwangêning patimu. Mangkono manèh Allah mêsthi maringi ganjaran marang wong kang bênêre olèh ganjaran. Dene mênawa kowe padha malengos marang dhawuh iki, aku kuwatir besuk dina gêdhe kiyamat, kowe bakal disiksa dening Allah.

4. Kowe ora wurung bakal padha diimpun, bali marang ngarsaning Allah. Allah iku nguwasani samubarang.

5. Wong munapèk padha nutupi batine, pamrihe, supaya aja nganti konangan ênggone nyatru ing Rasulullah. [Rasulu...]

--- 2 : 431 ---

[...llah.]

6. Wong munaphèk mau ênggone nutupi wadine kaya wong mujung nganggo jarite, pangrasane wis rapêt bangêt, ewadene Allah nguningani samubarang kang diênggo wadi lan kang diêdhèng dening wong munaphèk kabèh.

7. Satêmêne Allah iku nguningani sakarêntêging ati.