Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

Jus kaping rolas

8. Sarupane kang gumrêmêt ana ing bumi, iku kabèh padha diparingi rijêki dening Allah. Apadene Allah nguningani ing ngêndi panggonane, lan saka ngêndi pinangkane (kadadian saka êndhog utawa liyane) kabèh iku wis katulisan têrang ana ing Lohmahphul.

9. Allah iku kang yasa bumi lan langit, lan nitahake isèn- isène kabèh, lawase mung nêm dina rampung, sadurunge yasa bumi lan langit, ngarase Allah ana sadhuwuring banyu. Enggone yasa bumi lan langit mau kanggo nyoba marang sira kabèh sapa kang lakune bêcik.

10. (He Mukhammad), mênawa sira dhawuh marang para umatira kang padha kaphir, ing besuk kowe bakal padha ditangèkake saka ing pati, wong kaphir mêsthi padha ngucap: Kuran iku dudu barang-barang, nanging têtela

--- 2 : 432 ---

yèn sikhir.

11. Mênawa ênggon ingsun karsa niksa wong kaphir, Ingsun sarantèkake têkan môngsa kang tinamtokake, amêsthi wong kaphir mau padha ngucap mangkene: Apa ta kang murungake tibaning siksa iki, ora ana apa-apa. (He Mukhammad), siksa iku yèn wis têkan dina tumibane, ora kêna disingkiri. Patrapane wong kaphir ênggone padha anggêguyu, bakal nêmpuh marang awake dhewe.

Mênawa manungsa Ingsun paringi wêruh rasaning rahmat Ingsun, sarwa sêmpulur rijêki lan kuwarasane, sawise mangkono banjur koncatan ing rahmat Ingsun, amêsthi banjur padha ngênês, sirna pangarêp-arêpe marang baline rahmat Ingsun. Pêparing Ingsun rahmat mau digawe ilang bae, ora ana labête.

13. Dene yèn maune Ingsun karsakake nandhang sangsara, banjur Ingsun paringi wêruh rasane nikmat Ingsun, mêsthi banjur ngucap mangkene: Lah saiki sangsara wis ilang. Mangkene iki wis watêke ubênganing jagad. Manungsa mau banjur bungah lan kêmaruk.

14. Iku kajaba wong kang padha sabar, têguh atine ênggone dikarsakake nandhang sangsara, sarta padha nglakoni panggawe bêcik, lan sukur [su...]

--- 2 : 433 ---

[...kur] ênggone tômpa nikmat. Wong kang mangkono iku, têtêp olèh pangapuraning Allah lan olèh ganjaran gêdhe.

15. (He Mukhammad), barang kang wis Ingsun dhawuhake marang sira, supaya sira waratakna marang sarupaning wong, bokmênawa ana sathithik kang kècèr, ora katut sira waratakake, marga atinira kuwatir bokmênawa wong kaphir padha mangsuli mangkene: Kenging punapa Allah têka botên maringi bôndha kathah dhatêng sampeyan, makatên malih tumêdhaking dhawuh punika botên mawi dipun iring dening para Malaikat. (He Mukhammad), wruhanira, sira iku mung kuwajiban andhawuhake parentah lan mêmêdèni marang para umatira. Dene Allah iku kang nyathêti samubarang, rumêksa marang sira, lan bakal niksa marang para wong kaphir.

16. Wong kaphir mau apa malah calathu mangkene: Kuran iku enggone gawe-gawe Nabi Mukhammad dhewe. (He Mukhammad), sira dhawuha: Yèn kowe padha maido, mara padha nganggita, gawe sapuluh surat bae kang madhani Kuran iki patitise lan sêdhêp manising ukarane, ing sabisa-bisa nyênyambata liyane Allah, yèn calathumu iku bênêr, kowe mêsthi bisa gawe.

17. Dene yèn kowe ora bisa gawe, sarta [sar...]

--- 2 : 434 ---

[...ta] wong kang kosambat iya ora bisa mitulungi marang kowe, ing kono kowe padha wêruh yèn Kuran iku têtela dudu gaweaning manungsa, yêktine tinurunake lawan kawruh lan kasagêdane Allah. Lan manèh kowe padha sumurupa, satêmêne ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah piyambak. Sarèhne wis têrang mangkono kowe banjur padha Islama.

18. Sing sapa nglakoni kabêcikan, diênggo ngarah kabungahan lan rêrênggan ing dunya, iku ênggone nglakoni panggawe bêcik mau iya Ingsun tanjakake olèh pituwas kabungahan ing dunya, samurwating kangelane, ora jênêng kapitunan ana ing dunya.

19. Wong kang mangkono iku ing besuk ana ing akhirat ora bakal oolèholèh. pituwas apa-apa kajakajaba. mung naraka. Awit pituwasing kangelane wis ditampani nalika ana ing dunya. Dene ana ing akhirat, ora duwe kabêcikan apa-apa. Kabêcikane nalika ana ing dunya, wis larut sirna kabèh.

20. Kuran iku wis têtêp bênêre kalawan tôndha yêkti saka ing Pangeran, sarta wis diwaca dening Malaikat [Ma...]

--- 2 : 435 ---

[...laikat] Jabarail kang nêksèni yèn Kuran iku têmên dhawuhing Allah, apadene biyèn sadurunge Kuran iku ana, kitabe Nabi Musa kang aran Torèt, kang dadi panutane wong Bani Srail minôngka rahmat, iya wis mêmêca lan nêksèni yèn Kuran iku têmên dhawuhing Allah. Wong kang sumungkêm angèstokake Kuran mau, apa padha bae lan wong kang ngarah kabungahan ing dunya, mêsthi beda bangêt. Wong kang sumungkêm ing Kuran, mêsthi ngèstokake apa parentahing Kuran. Dene wong kaphir ing Mêkah kang maido Kuran, iku pacangane naraka, kang mangkono iku sira aja sêmang, awit iku têmên dhawuhing Pangeranira, ewadene manungsa iku kang akèh padha ora ngandêl.

21. Ora ana wong luwih nganiaya awake dhewe tinimbang karo wong kang gawe-gawe nyaritakake sariraning Allah kalawan goroh (ngarani yèn Allah iku ana kang madhani). Wong mangkono iku ing besuk ana ing akhirat, padha disebakake marang ngarsaning Pangerane, bakal ditêtêpake kaluputane, dene kang maju dadi saksi, iya iku para Malaikat lan para Nabi, kabêh padha munjuk ing Allah: Tiyang punika sami ngraosi sariraning Pangeranipun kalayan dora. Ing kono bêbênduning Allah mêsthi nêmpuh marang wong kang ngrasani sariraning [sa...]

--- 2 : 436 ---

[...riraning] Pangeran kalawan goroh.

22. Kang padha makewuhi wong kang arêp malêbu agama Islam, iya iku dalaning Allah, lan ngarah supaya wong padha ngarani yèn agama Islam iku luput, sarta padha maido bakal tangine wong kang wis mati, wong mangkono iku ora pisan bisa ngapêsake marang Allah ênggone karsa nandukake siksane ana ing bumi, sarta padha ora duwe andêl-andêl kang bisa nulak siksane ana ing bumi, sarta padha ora duwe andêl-andêl kang bisa nulak siksane Allah, kajaba Allah piyambak. Ing besuk ana ing akhirat, bakal dipatrapi siksa tikêl. Wong mangkono iku prasasat kupinge ora bisa krungu pitutur bênêr, lan matane ora bisa andêlêng têtuladan kang prayoga.

23. Wong mangkono iku têtela gawe kapitunaning awake dhewe, ora bisa tômpa rahmating Allah. Dene ênggone gawe-gawe ngarani yèn brahala iku besuk ana ing akhirat bakal mitulungi marang awake, ing dina iku têtela cidra.

24. Wis mêsthi bae wong mangkono iku ing besuk ana ing akhirat, luwih kapitunan lan cilaka.

25. Dene sarupane wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, apadene kang padha sumungkêm konjêm marang [ma...]

--- 2 : 437 ---

[...rang] Pangerane, iku bakal padha olèh ganjaran suwarga, ênggone ana ing suwarga padha langgêng.

26. Sanepane wong rong golongan, kaphir lan mukmin, iku kaya upamane wong picak lan budhêg, ditandhing karo wong awas lan rungon, apa iya padha bae (mêsthi beda bangêt), apa umatira ora padha grasak-rasakake kang mangkono mau.

27. Ingsun têmên wis ngutus Nabi Nuh, Ingsun karsakake andhawuhi marang para umate, dhawuhe Nabi Nuh mangkene: Aku iki mêmulang lan mêmêdèni marang kowe kabèh.

28. Kowe aja nyêmbah sapa-sapa, kajaba nêmbah ing Allah, sêtêmêne aku kuwatir, mênawa kowe nganti nyêmbah liyane Allah, mêsthi besuk dina kiyamat bakal disiksa kang nglarani.

29. Para umate Nabi Nuh kang padha dadi pangarêp nanging kaphir banjur padha mangsuli: He Nabi Nuh, pamanggih kula, sampeyan punika inggih tiyang kados kula kemawon. Lan malih para tiyang ingkang sami purun manut dhatêng sampeyan punika namung kônca kula ingkang sami tiyang arahan, sarta pamanutipun wau tanpa pikir. Punapa dene pamanggih kula sampeyan punika botên gadhah kaluwihan punapa-punapa ingkang sampeyan damêl ngungkuli dhatêng kula. Malah pamanggih kula: Sampeyan punika dora.

--- 2 : 438 ---

30. Nabi Nuh pitutur manèh: He para umatku, kapriye panêmumu, ênggonku pitutur marang kowe kanthi tôndha yêkti saka Pangeranku, mratandhani yèn aku têmên diutus dening Pangeranku, sarta Allah paring rahmat marang aku, ewadene kowe padha kasamaran marang tôndha yèkti mau, apa aku anjiyat marang kowe, tak pêksa pracaya lan nampani rahmat mau, kang môngka satêmêne kowe padha ora pracaya. Iku aku ora kuwasa mêksa, nyalini ati maido kalawan ati pracaya.

31. He para umatku: Enggonku andhawuhake parentahing Allah marang kowe iki, aku ora pisan ngarah pituwas bôndha saka ing kowe. Kang maringi ganjaran marang aku mung Allah piyambak, lan aku ora gêlêm nulak sadhengah wong kang kudu pracaya ing Allah. Sanadyan kang kudu pracaya mau wong ina papa, awit wong kang pracaya mau padha seba ing ngarsaning Pangerane. Dadi panêmuku kowe sakancamu iku padha ora ngêrti.

32. He para umatku wong kang padha pracaya ing Allah iku pangandêle padha trus ing ati kang suci. Yèn aku wani nulak marang wong kang padha pracaya mau, dadi aku nêmaha kaluputan, ing têmbe sapa kang kaconggah nulungi aku, nulak siksaning Allah. Apa kang mangkono [mang...]

--- 2 : 439 ---

[...kono] mau ora padha kopikir.

33. Lan manèh aku ora kôndha marang kowe yèn aku nyêkêl gêdhonging Allah, lan aku ora ngaku wêruh barang kang samar-samar, mangkono manèh aku ora kôndha marang kowe yèn aku iki Malaikat, sarta ora ngarani yèn wong kang padha koarani ina papa iku bakal ora diparingi bêgja dening Allah, Allah luwih dening uninga marang sakarêntêging atine wong kang padha pracaya mau, yèn aku wani kôndha mangkono mau, dadi aku kalêbu wong kang nganiaya awake dhewe.

34. Para umate Nabi Nuh kang padha kaphir banjur mangsuli: He Nabi Nuh, sampeyan sampun mabêni kathah-kathah dhatêng kula, mênawi anggèn sampeyan ngakên utusaning Allah punika sayêktos têmên, sumôngga sampeyan dhatêngakên siksa saking kang sampeyan ancamakên dhatêng kula punika.

35. Nabi Nuh amangsuli: Kang bakal nêkakake siksa marang kowe iku Allah, mênawa dadi parênging karsane, dudu aku. Kowe mêsthi padha ora bisa ngapêsake marang Allah, ênggone karsa niksa marang kowe.

36. Mênawa Allah wis namtokake marang kowe pinêsthi kêsasar, sanadyan aku kudu mituturi marang

--- 2 : 440 ---

kowe, pituturku mau iya ora migunani marang kowe. Allah iku Pangeranmu. Ing Têmbe kowe bakal padha digiring bali marang ngarsaning Allah.

37. Yagene wong padha ngucap yèn Nabi Nuh iku gawe-gawe. (He Nabi Nuh), sira dhawuha: Yèn kapara nyata aku iki gawe-gawe, mêsthi aku bakal nyôngga patrapane wong gawe-gawe. Dene ênggonmu padha nêrka marang aku gawe-gawe, iku aku ora pisan-pisan mangkono.

38. Nabi Nuh banjur diparingi wahyu dening Allah. Pagandikane: He Nabi Nuh, para umatira iku wis mêsthi ora bakal pracaya marang sira, kajaba wong kang maune wis kabanjur pracaya. Mulane saiki wis aja sêdhih ngrasakake kang dilakoni dening para umatira.

39. Saiki sira gawe prau kalawan Ingsun jênêngi lan Ingsun rêksa, anêtêpana parentah Ingsun. Para umatira kang padha kaphir iku wis ingsun tamtokake rusak dening kinêlêm, sira wis aja nyuwunake marang Ingsun murungake siksaningsun marang wong kang padha kaphir iku.

40. Nabi Nuh banjur gawe prau kaya kang wis didhawuhake dening Allah. Sabên ana umate nabi Nuh kang dadi pangarêp, liwat ana ing panggonan panggawening

--- 2 : 441 ---

prau mau, banjur anggêguyu marang nabi Nuh anggone gawe prau. Nabi Nuh banjur mangsuli: Sarèhning kowe padha anggêguyu ênggonku gawe prau, aku iya anggêguyu ênggonmu padha bodho, dene padha anglakoni barang kang andadèkake dêdukaning Allah. Enggonku anggêguyu marang kowe padha bae karo ênggonmu anggêguyu marang aku. Enggal lawas kowe bakal wêruh kanyataane.

41. Wong kang tinêmpuh dening siksa kang ngrèmèhake, apadene ing besuk ana ing akhirat, bakal disiksa langgêng.

42. Sarampunge ênggone gawe prau Nabi Nuh, bêbênduning Allah banjur têka, kang dadi kawitan, ana banyu ngudal, mêtu saka pawone wong gawe roti. Pangandikaningsun marang sira (Nabi Nuh), sira ngêmota ana ing prau sawarnane kang mawa nyawa nyajodho, lanang lan wadon, lan uga ngêmota para warganira, anak lan batih, kajaba wong kang wis Ingsun pangandikakake pinêsthi bakal rusak, mangkono manèh ngêmota wong kang pracaya marang Ingsun, dene wong kang pracaya ing Allah milu Nabi Nuh, iku mung sathithik.

43. Nabi Nuh dhawuh marang para wargane, mara padha nungganga prau, kalawan nyêbut mangkene: Mlakune lan mandhêging prau kalawan asmaning Allah. Pangeranku têtêmêntêmên-têmên. [tê...]

--- 2 : 442 ---

[...têmên] sipat ngapura tur Maha-asih.

44. Prau mau banjur kumambang lumaku, angêmot Nabi Nuh dalah para wargane, narajang ombak pirang-pirang kang dhuwure prasasat gunung, Nabi Nuh angundang anake lanang, kang panggonane adoh saka ing prau: He anakku lanang, ayo padha nunggang prau karo aku, kowe aja milu wong kang padha kaphir.

45. Anakke Nabi Nuh mangsuli: Mangke kula badhe ngili dhatêng pucaking rêdi kemawon, punika ingkang milujêngakên kula saking toya. Nabi Nuh pitutur manèh: Dhawuhing Allah ing dina iki ora ana kang bisa nylamêtake wong saka siksaning Allah, kajaba mung Pangeran kang sipat Asih. Anake Nabi Nuh banjur kaling-kalingan ombak gêdhe, sabanjure mati kêlêm awor lan wong kaphir akèh.

46. Banjur ana dhawuh pangadikaning Allah: He bumi, sira nêsêpa banyu kang ana ing lumahira. He langit, sira uwisa ênggonira nurunake udan, ing kono banyu banjur sangsaya asat. Siksa kang wis diancamake dening Allah wis kalêksanan, saasating banyu, prau banjur kandhas ana ing gunung Musil. Banjur ana dhawuh manèh: [m...]

--- 2 : 443 ---

[...anèh:] saiki wong duraka marang Allah wis sirna kabèh.

47. Nabi Nuh banjur munjuk ing Pangerane, unjuke: Dhuh Allah Pangeran kawula, anak kawula punika kalêbêt warga kawula. Saèstunipun dhawuh janji Tuwan badhe maringi wilujêng dhumatêng kawula dalah warga kawula punika têmên nyata, botên cidra. Tuwan punika langkung dening wicaksana, sarta khukum Tuwan sakalangkung adil.

48. Pangandikaning Allah: He Nabi Nuh, anakira iku dudu warganira, awit kalakuane ora bêcik. Sira aja wani-wani nyênyuwun marang Ingsun, nyuwunake salamêting wong kang ora sira wêruhi sajatine. Sira Ingsun pênging, aja dadi ewone wong bodho, ora wêruh bênêr luputing panyuwun.

49. Nabi Nuh banjur munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, kawula ngungsi ing Tuwan, saha nyêyuwun sih pangapuntên Tuwan, ing têmbe sampun ngantos malih-malih darbe panyuwun ing Tuwan, tumrap prakawis ingkang kawula botên sumêrêp lêrês lêpatipun. Mênawi botên wontên sih pangapuntên Tuwan dhumatêng kawula, saèstu kawula punika dados tiyang kapitunan utawi cilaka.

--- 2 : 444 ---

50. Nabi Nuh banjur tômpa dhawuh pangandikaning Allah. He Nabi Nuh, saiki sira mudhuna saka ing prau, kalawan salamêt lan têntrêm saka karsaningsun, apadene barkah Ingsun, Ingsun paringake marang sira, lan para umatira kang padha milu sira ana ing prau dalah anak putune. Dene para umat sapungkurira besuk, padha Ingsun paringparingi. kabungahan ana ing dunya, dene ing besuk ana ing akhirat, bakal padha nandhang siksa naraka kang nglarani.

51. (He Mukhammad), lêlakone Nabi Nuh kang Ingsun caritakake marang sira iku ewoning carita gaib, ingsun wêdharake marang sira, sadurunge Ingsun wêdharake, sira ora wêruh, para umatira uga ora wêruh. (He Mukhammad) sira sabara saka alane umatira kang padha musrik, kaya sabare Nabi Nuh biyèn. Satêmêne ganjaran ing akhirat iku bubuhane wong kang padha wêdi ing Allah.

52. Mangkono uga Ingsun ngutus Nabi Hud, Ingsun karsakake mêmulang marang para sanake, iya iku wong sagolongan kang aran: Ngad. Nabi Hud banjur andhawuhake mangkene: He para sanakku, kowe padha nêmbaha ing Allah.

--- 2 : 445 ---

kowe ora duwe Pangeran liyane Allah. Enggonmu padha nyêmbah brahala iku luput.

53. He para sanakku, ênggonku pitutur marang kowe iki, aku ora anjaluk pituwas apa-apa marang kowe. Dene kang angganjar marang aku mung Allah kang nitahake aku. Ya gene kowe têka padha ora mikir kang mangkono iku.

54. He para sanakku, kowe padha pracayaa, lan padha nyuwuna pangapuraning Allah Pangeranmu, lan padha marènana ênggonmu padha nyêmbah brahala. Yèn kowe padha ngèstokake pituturku iki, Allah bakal maringi udan saka ing langit lawan lumintu.

55. Apadene bakal muwuhi santosa lan gagah prakosamu. Lan manèh kowe aja padha nampik dhawuhing Allah kang tak undhangake iki. Aja andaluya ênggonmu padha nglakoni duraka.

56. Para sanake Nabi Hud banjur padha mangsuli: He Nabi Hud, anggèn sampeyan dhawuh punika têka botên mawi tôndha yêkti, ingkang mratandhani yèn sampeyan punika têmên utusaning Pangeran. Kula môngsa puruna mantuni anggèn kula nyêmbah pangeran kula brahala, kèlu dhatêng pitutur sampeyan. Cêkakipun: kula punika sami botên [bo...]

--- 2 : 446 ---

[...tên] ngandêl dhatêng sampeyan.

57. Kula botên gadhah wicantên malih kajawi namung mastani sampeyan punika têtela kenging sêsikunipun pangeran kula brahala, mila lajêng wicantên botên lêrês kados makatên punika. Nabi Hud mangsuli: Saiki aku nêksèkake marang Allah, lan kowe iya uga nêksènana yèn aku ora milu-milu ênggonmu padha maro tingal.

58. Mangeran liyane Allah, iya iku brahala. Lah mara saiki apa sakarêpmu ênggonmu arêp nindakake piala marang aku, lêksananana, kanthi brahalamu, aja nganggo kosarantèkake.

59. Aku pasrah nyumanggakake apa karsaning Allah, iya iku Pangeranku lan Pangeranmu. Samubarang kang gumrêmêt ana ing bumi iki kabèh ana panguwasaning Allah, kuncunge diasta dening Allah. Sanadyan mangkono Pangeranku anglênggahi dalan bênêr, kanthi ngadil, ora nindakake sawênang-wênang.

60. Mênawa kowe padha malengos, nampik tuturku, aku ora kainan, wis andhawuhake ênggonku diutus ing Allah mêmulang marang kowe. Yèn mangkono, karsaning Pangeranku, kowe bakal padha disirnakake, disalini wong liyane kowe. Pangeranku ênggone nyirnakake kowe ora kapitunan [kapituna...]

--- 2 : 447 ---

[...n] apa-apa, satêmêne Pangeranku Allah rumêksa samubarang.

62. Barêng siksaningsun wis têka, wong Ngad kang padha kaphir mau padha mati, nanging Nabi Hud sakancane para wong mukmin padha Ingsun paringi salamêt, olèh rahmat Ingsun, ora milu kambah ing siksa, sarta Ingsun salamêtake saka ing siksa kang abot.

62. Mara dêlêngên, iku patilasane wong Ngad, biyèn padha maido ayating Pangerane, apadene ambangkang parintahing Rasule, lan padha nurut pangajaking lurahe, kang gumêdhe tur maido ing Allah.

63. Wong Ngad mau padha dipatrapi siksa tumpa-tumpa, ana ing dunya lan besuk ana ing akhirat, awit wong Ngad iku padha kaphir, mulane wis bênêre dirusak lan didohake saka rahmating Allah.

64. Mangkono manèh Ingsun ngutus Nabi Salèh, Ingsun karsakake mêmulang marang para sanake, iya iku wong sagolongan kang aran Samud. Nabi Salèh banjur andhawuhake mangkene: He para sanakku, kowe padha nêmbaha ing Allah, kowe ora duwe Pangeran sapa-sapa kajaba mung Allah, Allah iku kang nitahake kowe kadadean saka ing lêmah, sarta ngingu kowe ana ing bumi diênggo ngrêgêngake bumi. Mulane padha nyuwuna pangapuraning Allah, sarta tobata marang Allah, marènana [marèna...]

--- 2 : 448 ---

[...na] ênggonmu padha maro tingal. Satêmêne Pangeranku Allah iku cêdhak marang para wong mukmin, nêmbadani panyuwune.

65. Wong Samud banjur padha mangsuli: He Nabi Salèh, sadèrèngipun punika, pangajêng-ajêng kula, sampeyan punika dadosa pangajêng kula, nglêstantunakên agami ingkang sampun kula lampahi salami-laminipun, ewadene ingkang dados kagèting manah kula, dene sampeyan têka ngawisi anggèn kula sami nyêmbah brahala, sêsêmbahanipun para lêluhur kula. Sayêktosipun anggèn sampeyan dhawuh nêmbah ing Allah punika, kula taksih mamang, dèrèng ngandêl bilih dhawuh sampeyan punika lêrês.

66. Nabi Salèh banjur pitutur manèh: He para sanakku, kapriye panêmumu, ênggonku pitutur marang kowe iki kanthi tôndha yêkti kaelokan saka Pangeranku, sarta Allah paring rahmat marang aku, apadene pangkat kanabian, mênawa aku nganti wani-wani nglirwakake parentahing Allah, sapa kang bakal kaconggah nulungi aku nulak siksaning Allah. Dene ênggonmu calathu iku, tanjane ora ana manèh mung diya-diniya lan aku, kowe ngarani marang aku kapitunan, aku uga ngarani kapitunan marang kowe.

--- 2 : 449 ---

67. He para sanakku, mara padha dêlêngên, iki unta kagunganing Allah, mêtu saka sajroning watu, patrape kaya biyung nglairake anakke, têtêp kaya panjalukmu, iku kaelokan kang mratandhani têmêne ênggonku dadi utusaning Allah. Unta iku umbarên bae, karêbèn mangan ana ing bumi kagunganing Allah. Kowe aja wani-wani ngaru-biru nandukake piala. Mênawa kowe wani-wani matèni unta iku, mêsthi padha disiksa dening Allah padha sanalika.

68. Wong Samud banjur padha ambêlèh unta mau, Nabi Salèh banjur wêwarah: He para sanakku, saiki ênggonmu padha urip ana ngomahmu mung kari têlung dina. Wêwangên samono iku mêsthi ora cidra. Sawise têlung dina kowe mêsthi sirna.

69. Barêng wis gênêp têlung dina, siksaningsun têka, nêmpuh marang wong Samud. Dene Nabi Salèh sakancane para wong mukmin, padha Ingsun paringi salamêt kalawan sih Ingsun, ora milu kambah ing siksa mau, kalis saka ing bêbaya kang têka ing dina iku. (He Mukhammad), wruhanira, Pangeranira iku santosa, mulya tur kuwasa ngrusak para wong kaphir, sarta paring salamêt marang para wong mukmin.

70. Sarupane wong kang padha duraka mau, banjur padha disambêr [disa...]

--- 2 : 450 ---

[...mbêr] ing balêdhèg, têmahan padha mati ana ngomahe dhewe- dhewe.

71. Enggone sirna wong Samud mau prasasat biyèn mula ora manggon ana ing kono. Wong Samud iku têtêp padha maido ing Pangerane, wis bênêre wong Samud iku didohake saka rahmating Allah.

72. Utusan ingsun Malaikat têtêlu, Jabarail, Mikail lan Israphil, wis anglakoni ayahan Ingsun, têka marang omahe Nabi Ibrahim, anggawa dhawuh kang ambungahake, malaikat têtêlu mau padha uluk salam, têgêse andongakake salamêt marang Nabi Ibrahim. Nabi Ibrahim iya nuli mangsuli salaming dhayoh têtêlu mau. Ora antara suwe Nabi Ibrahim angladèkake suguh daging pêdhèt kang wis matêng.

73. Barêng Nabi Ibrahim wêruh yèn tanganing dhayoh têlu mau ora gêlêm anggêpok ing suguhe, banjur gumun, nyipta yèn dhayohe iku Malaikat, sarta banjur wêdi marang dhayohe. Malaikat têtêlu mau matur marang Nabi Ibrahim: Sampeyan sampun mawi ajrih dhatêng kula, sayêktosipun kula punika Malaikat, dhatêng ing ngriki dipun utus dening Allah, [A...]

--- 2 : 451 ---

[...llah,] kakarsakakên nindakakên siksa dhatêng para umatipun Nabi Lut.

74. Ing nalika iku rabine Nabi Ibrahim aran Sarah ngadêg aling-aling warana, sarta gumuyu dening bungah, mêrga lakine dipênging wêdi, mulane Ingsun banjur ambungahake marang rabine Nabi Ibrahim Ingsun paringi wêruh lantaran dhawuhing Malaikat mau yèn bakal duwe anak lanang aran Nabi Iskak, kang sabanjure Nabi Iskak iku duwe anak aran nabi Yakkub.

75. Sarah banjur matur marang Malaikat mau: Adhuh kula punika sampun pikun, sarta laki kula punika inggih sampun sêpuh, punapa inggih sagêd kalampahan kula gadhah anak, punika elok sangêt kalampahanipun.

76. Malaikat têtêlu mau padha mangsuli: Aja mangkono, yagene kowe gumun utawa ngarani elok, wruhanamu, Allah iku kuwasa, samubarang kang dikarsakake mêsthi kêlakon. Allah muga maringana rahmat lan amabarkahana marang kowe wong saisining omahe Nabi Ibrahim, Allah iku Maha-agung pantês ingalêmbana.

77. Barêng Nabi Ibrahim wis ilang wêdine, sarta wis olèh dhawuh kang ambungahake, banjur madoni

--- 2 : 452 ---

lan anggondhèli marang Malaikat utusan ingsun, ênggone arêp nyirnakake para umate Nabi Lut. Satêmêne Nabi Ibrahim iku watake wêlasan, lan srêgêp sêsambat marang Allah, dhêmên tobat.

78. Malaikat têlu banjur padha mangsuli: He Nabi Ibrahim, sampeyan sampun nyulayani utawi mabêni dhawuhing Allah punika, awit dhawuhing Allah sampun miyos, kula sami kakarsakakên nyirnakakên para umatipun Nabi Lut, ingkang sampun pinêsthi tinêmpuh ing siksa. Mênggah kalampahanipun botên badhe sande jalaran sampeyan pabêni.

79. Utusan ingsun Malaikat têtêlu mau barêng têkan ngomahe Nabi Lut, andadèkake susahe Nabi Lut, amarga kuwatir bokmênawa dhayohe mau banjur digrêjêg dicumbana dening para umate. Nabi Lut jibêg atine rumasa ora kuwagang ngundurake. Pangucape iki dina kasusahan.

80. Para umate Nabi Lut banjur ambarubul têka ing omahe Nabi Lut. Sadurunge Nabi Lut kadhayohan, para umat mau wis padha lanyah ênggone nglakoni ala, nyumbana padha wong lanang. Barêng arêp anggarêjêg marang dhayoh mau, Nabi Lut acalathu: He para

--- 2 : 453 ---

umatku, anakku wadon pirang-pirang iki luwih prayoga pilihên, êndi kang kokarêpake, tak dhaupake lan kowe, mung kowe aja gawe susahku, kudu anggarêjêg dhayohku. Kowe padha wêdia ing Allah, kancamu samono iku apa ora ana kang bisa nuduhake dalan bênêr.

81. Para umat mau banjur padha mangsuli: Sampeyan mêsthi sampun sumêrêp yèn kula punika botên pisan kapengin dhatêng anak sampeyan èstri, malah sampeyan sampun têrang yèn rêmênan kula punika nyumbana sami tiyang jalêr.

82. Nabi Lut banjur calathu: He para umatku, upama aku iki kaconggah angayoni kowe, utawa duwea kônca kang santosa, amêsthi kowe padha tak ayoni.

83. Malaikat têtêlu mau banjur padha pasaja, pangucape: He Nabi Lut, sayêktosipun kula punika Malaikat utusaning Pangeran sampeyan, kinèn têtulung dhatêng sampeyan, sêdyanipun para duraka punika môngsa tumamaa. Malaikat Jabarail banjur triwikrama, ngaton rupane kang sajati, para umat mau sinabêt ing suwiwi banjur padha picak kabèh. Malaikat Jabarail banjur matur: He Nabi Lut, ing dalu punika enggal sampeyan [sampeya...]

--- 2 : 454 ---

[...n] sumingkir sabatèh sampeyan saking ngriki, lampah sampeyan sakônca sampeyan sampun mawi nolah-nolih, rabi sampeyan badhe katut katêmpuh ing siksa. Dene anggèn kula nindakakên siksa, mangke wanci subuh. Mila dipun rikat kemawon, awit wanci subuh sampun cêlak.

84. Kalêksanane siksaningsun mangkene: Lêmah kang diênggoni para umate Nabi Lut mau ingsun walik, sarta banjur Ingsun udani watu kang dêrês, siji-sijining watu wis padha diwulang ana ngarsaning Pangeran, watu mau ora adoh saka panggonane wong kaphir ing Mêkah.

85. Lan manèh Ingsun wis ngutus Nabi Sungèb, Ingsun tuduh mêmulang marang para sanake wong ing desa Madyan. Nabi Sungèb andhawuhake mangkene: He para sanakku wong ing Madyan babèh, kowe padha nêmbaha ing Allah, kowe ora duwe Pangeran sapa-sapa kajaba mung Allah. Dhawuhing Allah: Kowe aja padha nyuda takêr lan bobot, pandêlêngku kowe ing dina iki padha bêcik lan kacukupan, nanging aku kuwatir bokmênawa kowe dipatrapi siksa dening Allah ana ing dunya lan ing akhirat amarga ênggonmu padha nyuda takêr lan bobot.

--- 2 : 455 ---

86. He para sanakku, kowe padha anggênêpana takêr lan bobot kalawan bênêr, aja gawe kapitunan, ambalithuk bandhaning wong, lan aja gawe rusak ana ing bumi.

87. Mênawa kowe padha têmên pracaya ing Allah, wruhanamu, pêparinging Allah barang rêsik, turahane koêngggo nêtêpi bênêr, iku luwih dening prayoga kodarbèni.

88. Aku ora diwajibake nanggung bêcikmu, kowe wajib ngati-ati rumêksa awakmu dhewe.

89. Wong ing Madyan banjur padha mangsuli: Dhuh Nabi Sungèb, punapa sêmbayang sampeyan punika parentah dhatêng sampeyan, supados ngawisi anggèn kula sami nyêmbah brahala sêsêmbahanipun para lêluhur kula, sarta ngawisi anggèn kula nindakakên bôndha kula piyambak ing sakajêng-kajêng kula. Pangraos kula sampeyan punika wêlasan tur pintêr.

90. Nabi Sungèb banjur dhawuh manèh: He para sanakku, kapriye mungguh pangrasamu, aku iki diparingi tôndha yêkti dening Pangeranku, lan diparingi rijêki khalal kang akèh, dene samubarang cêcêgahku marang kowe iki, ora pisan bakal tak lakoni dhewe, ênggonku nglarangi nyuda takêr lan bobot [bo...]

--- 2 : 456 ---

[...bot] iku, pamrihku ora ana manèh mung sabisa-bisa aku murih bêcik. Dene kêlakone dadi bêcik têmênan, iku ora saka panggawene sapa-sapa, atas saka karsane Allah piyambak, aku mung nyumanggakake kaparênging Allah, apadene tumrap samubarang pakewuh, aku bali nyuwun pitulunging Allah.

91. He para sanakku, ênggonku nyulayani marang kowe iki aja anjalari ênggonmu nandhang siksa, kaya ênggone nandhang siksa para umate Nabi Nuh utawa para umate Nabi Hud utawa para umate Nabi Salèh biyèn. Dene para umate Nabi Lut, ênggone disirnakake dening Allah, iku têkan saiki durung antara lawas.

92. Lan manèh kowe padha nyuwuna pangapuraning Pangeranmu saka ênggonmu padha nyêmbah brahala, sarta padha tobata ing Allah, marènana ênggonmu padha ngurangi takêr lan bobot. Satêmêne Allah Pangeranku iku asih marang wong kang padha tobat, lan trêsna marang kawulane kang mukmin.

93. Para sanake Nabi Sungèb banjur padha mangsuli: Dhuh Nabi Sungèb, wicantên sampeyan akathah-kathah [akathah-ka...]

--- 2 : 457 ---

[...thah] punika kula botên mangrêtos, amung pamanggih kula, sampeyan punika wontên ing ngriki ewoning tiyang apês, upami kula botên ering dhatêng kônca sampeyan, amêsthi sampeyan kula krutug ing sela. Sampeyan môngsa mênanga kalihan kula.

94. Nabi Sungèb calathu: He para sanakku, apa kowe luwih ering marang kancaku, tinimbang marang Allah, Allah banjur kosingkur, ana ing burining gêgêrmu. Satêmêne Allah Pangeranku, iku nguningani kalawan sampurna marang samubarang kang padha kolakoni.

95. He para sanakku, sarèhning kowe ora ngandêl marang aku, iya uwis, padha nglakonana apa satibaning pêpêsthènmu, aku iya nglakoni apa sapanêmuku. Enggal lawas kowe bakal padha wêruh dhewe.

96. Wong kang tinêmpuh ing siksa kang ngrèmèhake, lan wong kang calathune goroh. Cêkake: kowe padha ngêntènana kawusananing prakara iki, aku milu ngêntèni uga.

97. Dene kalêksanane paningksaningsun,paniksaningsun.

para sanake Nabi Sungèb kang padha duraka mau, padha disambêr ing balêdhèg (satêmêne kang kaya balêdhèg iku pêtake Malaikat Jabarail), sanalika para sanake Nabi Sungèb padha mati ngênggon. Dene

--- 2 : 458 ---

Nabi Sungèb sakancane para wong mukmin, amarga saka rahmatingsun, padha Ingsun paringi salamêt kalis saka ing siksa mau.

98. Enggone sirna kabèh prasasat biyèn mula ora manggon ing kono. Wong ing Madyan wis bênêre disirnakake padha karo wong Samud biyèn.

99. Lan manèh Ingsun têmên wis ngutus Nabi Musa kanthi mukjijat kaelokan minôngka tôndha yêkti, Ingsun karsakake andhawuhi Raja Phirngon lan para punggawane, para punggawa mau padha wangkal, manut sapangrèhe Raja Phirngon, kang môngka pangrèhe raja Phirngon iku ora prayoga.

100. Raja Phirngon iku ngirid para punggawane marang panasaran, nganti padha milu mati klêlêb ana ing sagara, mangkono uga besuk dina kiyamat, iya ngirid para punggawane, padha dijak nyêmplung ing naraka. Iba alane naraka kang dilêboni iku.

101. Para punggawa mau padha diilokake Raja Phirngon, ênggone nandhang cilaka ana ing dunya, klêlêb ana ing sêgara. Dene besuk dina kiyamat iya padha diilokake Raja Phirngon manèh, nyêmplung ing naraka. Iba alane pratingkah kang marahi kêcêmplung ing naraka iku.

--- 2 : 459 ---

102. Kang wis kasêbut ing dhuwur mau, carita lêlakone wong padesan ing jaman kuna, Ingsun wêdharake marang sira Mukhammad, supaya caritakna marang para umatira, bokmênawa padha ngrasak-rasakake. Dene padesan kang wonge Ingsun sirnakake mau, ana kang patilasane isih, lan ana kang wis sirna babarpisan.

103. Enggon Ingsun nyirnakake wong ing padesan mau ora saka panganiayaningsun, balik wong padesan mau padha nganiaya marang awake dhewe. Nalika têkane siksaningsun, brahala pirang-pirang kang padha diaku Pangeran liyane Allah, iku ora ana kang bisa têtulung murungake siksaningsun, anane mung muwuhi kacilakan.

104. Mangkono uga Pangeranira ênggone nindakake siksa marang wong padesan kang padha nglakoni duraka, iku iya ora kêna ditulak. Dene siksaning Allah iku abot tur nglarani.

105. Carita kang wis kasêbut mau, tumrape wong kang wêdi siksaning akhirat, dadi pêpeling gêdhe. Dene dina kiyamat iku, dina ênggone para manungsa dikalumpukake dadi siji, dene dina pakalumpukan iku bakal didêlêng dening wong saisining bumi lan Malaikat saisining langit.

--- 2 : 460 ---

106. Enggon ingsun durung anggêbyagake dina kiyamat iku ora karana apa-apa, mung ngêntèni wêwangên kang wis Ingsun tamtokake. Wêwangên mau kang wêruh mung Ingsun pribadi.

107. Ing besuk têkane dina kiyamat, sarupaning wong padha mênêng, ora ana kang cêcaturan, kajaba wong kang diparêngake dening Allah kalihan caturan. Ing kono manungsa kêna diperang dadi loro, kang siji wong cilaka, sijine wong bêgja.

108. Dene wong kang cilaka, iku padha disiksa ana ing naraka, ana ing kono padha mênggèh-mênggèh lan ngaruara.

109. Wong cilaka mau ênggone ana ing naraka padha langgêng saumuring bumi lan langit ing akhirat, kajaba mênawa ana kaparênging Pangeranira wong mau diêntasake saka ing naraka, satêmêne Pangeranira iku wênang nindakake sakarsa-karsane.

110. Dene wong kang padha bêgja, iku padha bungah-bungah ana ing suwarga, ana ing kono padha langgêng saumuring bumi langit ing akhirat, kajaba mênawa ana kaparênging Pangeranira wong mau sadurunge diparêngake ana ing suwarga nganggo disiksa dhisik ana ing naraka, samurwating kaluputane. Sawarga iku

--- 2 : 461 ---

ganjaran kang tanpa pundhat.

111. (He Mukhammad), sira aja mamang yèn brahala kang disêmbah dening wong kaphir iku ora bisa nyilakani utawa makolèhi. Wong kaphir ênggone padha nyêmbah brahala iku ora duwe wêwaton apa-apa, mung nglêluri para lêluhure biyèn padha nyêmbah brahala, Ingsun iya bakal ngêdumi siksa marang si kaphir mau, padha lan pandumane siksa para lêluhure kang dilêluri, siksa mau têtêp tanpa sudan.

112. Ingsun têmên wis maringi kitab Torèt marang Nabi Musa. Para umate Nabi Musa banjur beda-beda panêmune, ana kang ngandêl lan ana kang maido, ora beda lan umatira Mukhammad. Upama Pangeranira durung kêbanjur andhawuhake yèn siksaning para umatira iku disarantèkake têkan dina kiyamat, amêsthi para umatira kang kaphir iku dipatrapi siksa sakal, para umatira iku padha mamang marang Kuran lan marang ananing siksa.

113. Pangeranira mêsthi iya nuhoni paring wêwalês marang siji-sijining wong kang ngandêl lan kang maido mau, minôngka pituwasing panggawene kang wis padha dilakoni dhewe-dhewe. Satêmêne Pangeranira iku waspada marang samubarang lakune para kawulane.

--- 2 : 462 ---

114. (He Mukhammad), mulane sira lan sarupane wong kaphir kang wis tobat, banjur dadi kancanira Islam, padha tulusa jêjêg ênggonira nglakoni agamaning Allah, ngèstokake parintahing Allah marang sira, aja banjur padha nasar. Satêmêne Allah iku mirsani samubarang kang padha sira lakoni.

115. Lan manèh sira wong Islam, aja padha kèlu condhong marang wong kang padha duraka, yèn sira nganti mangkono, mêsthi bakal padha kêcêmplung ing naraka, lan sira ora duwe andêl-andêl kang bisa ngêntasake sira saka ing naraka, kajaba mung Allah piyambak kang sagêd ngêntasake. Wusana sira padha ora olèh pitulung.

116. Lan manèh sira nglakonana sêmbayang ana kawitan lan wêkasaning raina (wayah esuk lan sore) lan wêngi. Satêmêne kabêcikan iku nyirnakake piala. Kang mangkono iku dadia pêpeling marang wong kang padha bisa eling. 117. (He Mukhammad), sira sabara saka pialane para umatira, amarga Allah ora bakal nguwukake pituwase wong kang padha nglakoni kabêcikan.

118. (He para umate Nabi Mukhammad), para umat kuna sadurunge biyèn, ora ana kang duwe kautaman, [ka...]

--- 2 : 463 ---

[...utaman,] mênging gawe rusak ana ing bumi, kajaba mung wong sathithik, iya iku wong kang padha Ingsun paringi salamêt. Dene wong kang padha duraka mau, padha nguja kêkarêpane lan pêpenginane, sarta padha kaphir.

119. (He Mukhammad), Pangeranira ora nyirnakake sawijining desa kang wonge ing kono mung maligi dosa kaphir bae, ora gawe rusak ana ing bumi, kalakuane padha bêcik.

120. Upama ana kaparênging Pangeranira, bisa uga kalakon manungsa iki agamane golong dadi siji, kabèh padha mukmin, ngabêkti ing Allah. Ananging karsaning Allah ora mangkono. Agamaning manungsa digawe beda-beda, ana kang agama Yahudi, ana Nasarani, Majusi, Islam lan liya-liyane. Mung wong kang disihi dening Pangeranira, iku padha golong Agama Islam, sarèhne mangkono, mulane Allah nitahake manungsa iki dadi rong golongan, kang sagolongan, dadi isèn-isèning suwarga, kang sagolongan manèh dadi isèn-isèning naraka, ing kono kanyataan pangandikaning Pangeranira kang mangkono naraka jahanam iku bakal Ingsun kêbaki isi jin lan manungsa kang padha duraka kabèh.

121. Carita kang wis kasêbut ing dhuwur mau carita

--- 2 : 464 ---

lêlakoning para Rasul ing jaman kuna dalasan para umate, Ingsun caritakake marang sira Mukhammad, kanggo nêguhake atinira, sajroning surat iki sira kêpranan barang kang nyata, iku minôngka wêwulang lan pêpeling marang para wong mukmin.

122. Lan sira dhawuha marang sarupane wong kang ora pracaya ing Allah, mangkene: iya jajalên anglêstarèkake ênggonmu padha nglakoni kaya kang uwis-uwis, Aku nglakoni dhawuhing Allah. Kowe ngêntèninangêntèni. lan ngarêp-arêp kasaguhaning setan marang kowe, aku uga nitèni lan ngarêp-arêp pangancam-ancame Allah marang kowe.

123. Allah iku ora kasamaran marang kaananing bumi lan langit lan saisine kabèh, kang gaib-gaib diwuningani kabèh dening Allah. Lêlakone sakèhing dumadi iki kabèh bali atas kaparênging Allah, mulane sira nêmbaha ing Allah lan kumandêla ing Allah, Pangeranira mêsthi ora kasupèn marang samubarang kang padha sira lakoni.

--- 2 : 465 ---

Surat Yusuph

Tinurunake ana nagara Mêkah, satus sawêlas ayat.

Awit ingkang asma Allah, Ingkang Maha Murah tur Kang Maha-asih.

1. Alip Lam Ra. Iku kabèh araning aksara Ngarab. Allah ênggone mangandikakake mangkono mau, kang uninga têgêse mung Allah piyambak. Kang kasêbut ing surat iki, ayating Kuran kang têrang.

2. Ingsun anurunake Kuran kang isi carita lêlakone Nabi Yusuph iki kalawan têmbung Ngarab, supaya sira lan para kancanira wong Ngarab padha ngêrtia.

3. Ingsun nyaritakake lêlakone Nabi Yusuph marang sira Mukhammad, kalawan urut lan wijang, miturut paring Ingsun wahyu Kuran marang sira. Sadurunge sira tômpa wahyuningsun iki, sira durung sumurup carita lêlakone Nabi Yusuph.

4. Dhèk samana Nabi Yusuph tutur marang bapakne, aran Nabi Yakkub. Dhuh rama kula punika supêna, wontên lintang sawêlas kalihan surya saha rêmbulan, punika wontên ing ngrikanipun sami sujud sumungkêm dhatêng kula.

5. Nabi Yakkub banjur pitutur: He Yusuph anakku, impènmu iku aja kokandhak-kandhakake marang para

--- 2 : 466 ---

sadulurmu, mênawa nganti kokandhakake, bokmênawa para sadulurmu mau banjur padha maeka marang kowe, awit setan iku têtela dadi satruning manungsa.

6. Mangkono uga Pangeranmu milih ing kowe, sarta kowe diparingi kawruh, sumurup marang wahananing impèn, lan manèh Pangeranmu paring nikmat sampurna marang kowe lan marang para sanak lan turune Nabi Yakkub, kaya ênggone paring nikmat sampurna marang suwargi eyangmu Nabi Ibrahim lan Nabi Iskak biyèn. Satêmêne Allah Pangeranmu iku Nguningani samubarang tur Wicaksana.

7. Mungguh carita lêlakone Nabi Yusuph lan sadulure, iku tumrap para wong Yahudi kang padha takon caritane Nabi Yusuph, dadi tôndha yêktine Nabi Mukhammad ênggone dadi utusaning Allah. (Awit bisa nyaritakake lêlakone Nabi Yusuph, cocog lan kang kasêbut ing kitab Torèt).

8. Dhèk samana para sadulure Nabi YupYusuph. tunggal bapa cacahe wong sapuluh, padha gunêman: Yusuph lan adhine tunggal bapa biyung aran Bunyamin, iku dikasihi bangêt marang bapak, ngungkuli asihe aku lan kowe, [ko...]

--- 2 : 467 ---

[...we,] kang môngka aku lan kowe iki wong sapuluh tur gagah prakosa, ênggonku ngopèni marang bapak: cukup bangêt, bênêre aku lan kowe disihi bangêt, dadi bapak ênggone asih bangêt marang Yusuph lan adhine, iku nasar.

9. Prayogane Yusuph iku kudu dipisahake karo bapak, dene kêlakone kang mangkono iku sarana Yusuph dipatèni utawa disingkirake marang panggonan kang adoh bangêt. Salah sijine rong prakara iku ayo padha dilakoni, mênawa kalakon mangkono, kaya-kaya panggalihe bapak madhêp asih marang aku lan kowe, lan sawise kêlakon mangkono, aku lan kowe padha rukun karo bapak.

10. Sadulure Nabi Yusuph mau ana siji kang budine rahayu, aran Yahuda, iku calathune mangkene: Kowe aja padha matèni Si Yusuph, elinga yèn matèni wong iku dosa gêdhe. Yèn kowe padha condhong, luwung cêmplungna ing sumur bae, supaya ing seje dina ditêmu dening wong liwat, sabanjure digawa marang nagara kang adoh.

11. Para sadulure Nabi Yusuph mau barêng wis golong rêmbuge, banjur padha nêmbung marang bapakne, dhuh bapak, punapa sampeyan kuwatos anglilani adhi kula

--- 2 : 468 ---

pun Yusuph, dolan dhatêng wana kalihan kula, kula punika sami trêsna murih sae dhatêng pun Yusuph.

12. Sumôngga bapak, kula aturi nglilani pun Yusuph benjing enjing dhatêng ing wana kalihan kula, kajêngipun dolan sarta bingah-bingah. Kula ingkang sagah rumêksa kawilujênganipun.

13. Nabi Yakkub banjur mangsuli: He anakku, aja dadi atimu, lungane adhimu Si Yusuph, iku andadèkake sêdhihku, sarta aku mêlang-mêlang bokmênawa pangrêksamu lena, adhimu banjur dipangan ing macan, iba bakal susahku.

14. Para sadulure Nabi Yusuph banjur padha matur marang Nabi Yakkub: Kula punika tiyang sadasa sami gagah prakosa. Mênawi pangrêksa kula dhatêng pun Yusuph ngantos dipun têdha ing sima, têka cabar têmên. Anggèn kula ngrêksa menda kula wontên ing pangenan, salaminipun wilujêng, botên wontên satunggal punapa.

15. Cêkaking carita, Nabi Yakkub banjur nglilani, Nabi Yusuph mênyang ing alas lan sadulure sapuluh. Banjur padha mangkat, barêng wis têkan ing alas, Nabi Yusuph banjur dijêgurake ing sumur dening para sadulure. Ana sajroning sumur Nabi Yusuph Ingsun paringi [pa...]

--- 2 : 469 ---

[...ringi] wahyu. He Yusuph ing têmbe sira dadi luhur, sarta bakal mêlèhake sadulurira iku, ênggone padha nganiaya marang sira, nanging para sadulurira padha kasamaran marang sira.

16. Sawise Nabi Yusuph dijêgurake ana ing sumur, para sadulure banjur padha mulih, têkan ing omah, wis wayah ngisa, banjur padha matur ing bapakne kalawan nangis.

17. Ature mangkene: Dhuh bapak, kula wau wontên ing wana sami ambujêng bêbujêngan wana, pun Yusuph kula tilar, kula purih nêngga sandhangan kula, wusana sarêng kula wangsul, pun Yusuph sampun dipun môngsa ing sima. Sanadyan sampeyan sampun sumêrêp bilih kula punika tiyang têmên, salaminipun dèrèng nate matur dora, ewadene atur kula sapisan punika sampeyan mêsthi botên ngandêl.

18. Para sadulure Nabi Yusuph banjur padha ngaturake tôndha yêktine yèn têmêne Nabi Yusuph wis dimôngsa ing macan, iya iku kulambine Nabi Yusuph kuthah gêtih, nanging gêtih iku satêmêne gêtih cêmpe. Nabi Yakkub banjur mangsuli: Aturmu iku mung ambêcikake awakmu. Nanging satêmêne ora mangkono. Tumrap ing aku, mung sabar sarta nyuwun [nyu...]

--- 2 : 470 ---

[...wun] pitulunganing Allah supaya kêlara nandhang cobaning Allah kaya kang kokandhakake mau, iku kang prayoga dhewe tak lakoni.

19. Ing seje dina ana wong dagang sawatara saka ing Madyan, sumêja marang nagara Mêsir, lakune kêsasar têka ing sumur kang isi Nabi Yusuph mau, wong dagang mau barêng wêruh ana sumur, banjur akon kancane kang padha dagang kang bisa nimba: aran juragan Malik, dipurih apèk banyu marang sumur. Juragan Malik banjur ngudhunake timbane marang sajroning sumur. Nabi Yusuph banjur gondhelan dhadhunging timba. Juragan Malik luwih dening kagèt narik dhadhunge abot bangêt, nanging panarike dirosani bae, barêng wêruh ana bocah lanang luwih dening bagus, gondhelan dhadhung, sangsaya wuwuh kagète. Pangucape marang kancane: Adhuh bêgja têmên, iki aku nêmu bocah bagus rupane. Nabi Yusuph banjur diêntasake saka ing sumur. Nalika iku para sadulure Nabi Yusuph pinuju ana ing kono, banjur calathu marang juragan Malik: Lare punika rencang kula tumbasan minggat, mênawi condhong sampeyan tumbas kemawon, rêgi kalihdasa dirham. Allah nguningani barang kang wis padha dilakoni dening para sadulure Nabi Yusuph.

20. Para sadulure Nabi Yusuph banjur padha ngêdol Nabi

--- 2 : 471 ---

Yusuph kalawan rêga sathithik; iya iku dirham cacah rongpuluh, dadi para sadulure Nabi Yusuph mau padha ora dhêmên marang duwèke dhewe, mulane didol kalawan rêga sathithik.

21. Nabi Yusuph mau banjur digawa mênyang nagara Mêsir, ana ing kono, Nabi Yusuph didol, kang nuku pêpatih ing Mêsir aran Adipati Katphirur Ngasis kalawan rêga akèh, iya iku êmas sabobote Nabi Yusuph, lan salaka sabobote Nabi Yusuph, lan kasturi sabobote Nabi Yusuph, lan sutra uga sabobote Nabi Yusuph, dene bobote Nabi Yusuph: patangatus kati. Dhèk samana Nabi Yusuph lagi ngumur têlulas taun. Adipati Katphirur Ngasis dhawuh marang garwane aran Zuleka, Yusuph iki mulyakna lan ajènana, bokmênawa ing têmbe migunani marang aku, lan manèh sarèhne aku ora duwe anak, Yusuph iki takpèk anak. Dhèk samana kang jumênêng nata ing nagara Mêsir ajêjuluk Raja Rayan, iku ratu mukmin. Pangandikaning Allah: Mangkono uga Nabi Yusuph mau Ingsun pasthi bakal mêngku bumi ing Mêsir, lan Ingsun paringi kawruh sumurup marang wahananing impèn. Dene Allah iku mênang lan kuwasa marang samubarang prakara, ewadene [ewade...]

--- 2 : 472 ---

[...ne] manungsa kang akèh iku ora wêruh.

22. Barêng Nabi Yusuph mau wis diwasa, banjur Ingsun paringi kawicaksanan lan Ingsun junjung dadi Nabi, apadene Ingsun paringi kawruh marang wahananing impèn, mangkono manèh Ingsun iya angganjar wong kang padha bêcik.

23. Kocapa ing sawijining dina Zulekha kang tunggal saomah lan Nabi Yusuph, iku ngajak laku bandrèk marang Nabi Yusuph. Zulekha mau ngancingi lawanging omah tundha pitu, pangucape Zulekha: He Yusuph, mrenea, ayo turu lan aku. Nabi Yusuph mangsuli: Botên kula mugi dipun rêksaa dening Allah, sampun ngantos anglampahi makatên punika. Adipati Katphirul Ngasis punika bêndara kula, kula punika dipun damêl sae. Cilaka punapa ingkang badhe kula sandhang yèn kula ngantosa kamipurun cidra, angrêmêni garwanipun bêndara kula sang adipati. Sintên ingkang lampah cidra utawi bandrèk, mêsthi botên sagêd bêgja.

24. Zulekha andêlêng baguse Nabi Yusuph rumasa ora kêlar ngampah kêkarêpane. Nabi Yusuph uga mangkono, andêlêng endahing warnane Zulekha iya rumasa ora kêlar ngampah brangtane, dhasar karone [ka...]

--- 2 : 473 ---

[...rone] ana ing panggonan sêpi. Upama Nabi Yusuph ora tumuli diparingi pratôndha pêpeling saka Pangerane, kaya-kaya sida kalakon laku bandrèk ( Sanalika iku Allah paring pratôndha pêpeling marang Nabi Yusuph, iya iku Nabi Yusuph krungu suwara dumêling: He wong sakaloron, sira padha wêdia ing Allah, nanging Nabi Yusuph durung kêndhak brangtane marang Zulekha. Nuli krungu suwara manèh: He Yusuph, sira wurungna ênggonira arêp anglakoni ala iku, Nabi Yusuph iya isih durung owah brangtane marang Zulekha. Ing kono Malaikat Jabarail tumurun, arupa kaya Nabi Yakkub, nudingi marang Nabi Yusuph lan anêbak dhadhane sarta andukani: He Yusuph, bêcik têmên kowe, kaya dudu anakku. Ing kono Nabi Yusuph marinding lan andharêdhêg, brangtane marang Zulekha sirna larut kabèh, salin wêdi konjêm ing Pangeran). Dene Allah ênggone paring pratôndha pêpeling mau, supaya sirnaa sêdyane Nabi Yusuph ênggone arêp anglakoni ala lan bandrèk. Satêmêne Nabi Yusuph iku ewone kawulaningsun kang atine suci rahayu.

25. Nabi Yusuph banjur anjangkah marang lawang sumêdya oncat, Zulekha trangginas nyandhak marang Yusuph kêna

--- 2 : 474 ---

kulambine kang buri nganti suwèk. Ing kono banjur padha kapêthuk bandarane. Adipati Katphirul Ngasis ana ngarêp lawang. Lagi têka arêp malêbu ing dalême. Zulekha banjur nyungkêmi marang lakine. Ature: Yusuph punika badhe ngrêmêni kula, nanging kula botên purun, punapa patrapanipun tiyang badhe ngrêmêni garwa sampeyan, kajawi dipun kunjara utawi dipun pisakit.

26. Nabi Yusuph uga banjur matur: Dhuh bandara, aturipun garwa panjênêngan punika dora, sayêktosipun garwa panjênêngan ingkang ngajak rêmênan dhatêng kula, nanging kula botên purun. Sajrone arêbut bênêr, ing kono ana bêbayi kalêbu sanake Zulekha, bayi mau saka karsaning Allah bisa calathu kaya wong tuwa, nêksèni prakarane Nabi Yusuph lan Zulekha mau, têmbunge: He Katphirul Ngasis, Dêlêngên Yusuph iku, mênawa kulambine suwèk ing ngarêp ature Zulekha iku têmên, ature Yusuph goroh.

27. Dene yèn kulambine Yusuph iku suwèk ing buri ature Zulekha iku goroh, kang têmên ature Yusuph.

28. Adipati Katphirul Ngasis eram bangêt dene ana kaelokaning Pangeran, bayi têka bisa [bi...]

--- 2 : 475 ---

[...sa] calathu kaya wong tuwa, ing kono banjur mariksa kulambine Nabi Yusuph, têtela suwèk ing buri. Katphirul Ngasis banjur têrang yèn Nabi Yusuph iku rêsik ora kaluputan, Zulekha têtela nêdya sèdhèng marang laki. Pangucape: He Zulekha, prakara iki têtela saka baudmu ngikal padu, kajuligane wong wadon iku pancèn anggêgirisi.

29. He Yusuph, prakara iki wis aja kopikir, lan kowe dibisa nyimpên wadi, poma aja corah-corah, mundhak ngisin-isini. Dene kowe Zulekha, kapoka aja manèh, lan nyuwuna pangapuraning Pangeranmu saka ênggonmu nêdya ala, sarta nglèlèti kaluputan marang Si Yusuph, awit wis têtela kowe dhewe kang nandhang kaluputan.

30. Prakara iku sanadyan wis disumpêta dikaya apa, mêksa ana kang wêruh, pawartane warata sanagara. Ucape para wong wadon ing Mêsir mangkene: Zulekha garwane Adipati Katphirul Ngasis kapencut marang bature tukon, nanging bature mau dijak dhêmênan: ora gêlêm. Mungguh karêpe Zulekha kang mangkono mau têtela nasar lan luput bangêt.

31. Zulekha barêng krungu ucape para wong wadon ing Mêsir mau, banjur gawe pista, sarta ngulêm-ulêmi [ngulêm-ulê...]

--- 2 : 476 ---

[...mi] marang wong wadon ing Mêsir, cacah wong patangpuluh kang padha bôngsa luhur, ana ing kono padha disugata kang pamangane kudu nganggo ngiris jêruk pêcêl, dadi siji- sijining dhayoh mau padha dicêkêli jêruk pêcêl sarta lading. Sêdhênge para putri mau padha ngiris jêruk pêcêl, Nabi Yusuph didhawuhi mêtu marang panggonane para putri mau. Barêng para putri mau wêruh warnane Nabi Yusuph, padha cingak lan eram dening baguse Nabi Yusuph tanpa cacad, ênggone ngiris jêruk pêcêl padha kêpêrang tangane sarta kêna ing banyu jêruk, ora karasa: pêrih, pangucape: Adhuh Allah, wong kang baguse mangkene iki layak dudu manungsa, kiraku iku Malaikat kang mulya.

31. Zulekha banjur calathu: He para putri kabèh, iya iku rupane baturku tukon, kang koucapake arêp takjak dhêmênan ora gêlêm, lagi saiki kowe wêruh rupane. Upama wingi-wingi kowe wis padha wêruh, kaya-kaya kowe padha ora ngalakake marang aku. Dhasar nyata aku kang ngajak dhêmênan, nanging Yusuph ora gêlêm, mênawa Yusuph puguh ora gêlêm nuruti karêpku, mêsthi tak patrapi kunjara, lan bakal dadi wong asor, padha lan durjana maling utawa wong dosa mutahake gêtih.

--- 2 : 477 ---

33. Nabi Yusuph banjur matur: Dhuh bandara, kula pilih dipun kunjara kemawon tinimbang kalihan anglampahi duraka manut pambujukipun tiyang èstri. Dhuh Alllah Pangeran kawula, manawi kawula botên Tuwan kalisakên saking panggodhanipun tiyang èstri, saèstu kèlu dhatêng panggodhanipun tiyang èstri, sarta kula dados tiyang duraka.

34. Allah Pangerane Nabi Yusuph amarêngake panyuwune Nabi Yusuph, mulane banjur nyirnakake brangtane Nabi Yusuph marang Zulekha. Satêmêne Allah iku miyarsa lan nêmbadani panyuwune wong kang padha nyênyuwun, sarta nguningani apa kaanane.

35. Adipati Katphirul Ngasis lan para wargane barêng wis andêlêng tôndha yêkti pirang-pirang kang dadi cihna yèn Nabi Yusuph têmên rêsik, ora kaluputan, kênthêling pamikire, amurih sirêping ucape wong akèh, Nabi Yusuph kudu dikunjara sawatara lawase, nganti sirêp ucaping wong akèh mau.

36. Ing kono Nabi Yusuph banjur dilêbokake ing kunjara, lan ana manèh barêngane, iya iku wong lanang loro padha dilêbokake ing kunjara. Ana ing kunjara Nabi Yusuph kawiyak kapintêrane mêthèk impèn. Ing sawiji dina kancane loro mau padha pitakon marang [ma...]

--- 2 : 478 ---

[...rang] Nabi Yusuph: Panyawang kula sampeyan punika tiyang utama, pantêsipun sumêrêp dhatêng wahananing supênan. Wong loro mau banjur padha nyaritakake impène dhewe-dhewe, sarta anjaluk muga padha dijarwanana bakal wahanane. Kang siji ngimpi mêrêsi anggur bakal ginawe sajêng. Sijine ngimpi nyunggi baki tundha têlu, isi roti lan panganan warna-warna, dumadakan ana manuk gagak nucuki roti mau.

37. Nabi Yusuph mangsuli: Sarupaning pêpanganan kang padha kodêlêng ana ing pangimpèn, mêsthi tak jalèntrèhake wijange kalawan gumêlar, apadene tak têrangake bakal wahananing impèn mau sadurunge kêlakon. kawruhku kang mangkono mau, dudu ujar panggorohan, têrang saka wahyuning Allah Pangeranku. Aku iki nyingkiri lêlakoning wong kang padha ora pracaya ing Allah, sarta padha maido bakal ananing akhirat.

38. Aku iki anglêluri agamane para lêluhurku, Nabi Ibrahim lan Nabi Iskak apadene Nabi Yakkub, ênggonku sumungkêm mangeran ing Allah, ora pisan maro tingal marang barang-barang, kang mangkono iku atas saka sih kanugrahaning Allah marang aku lan marang para manungsa, ewadene [ewade...]

--- 2 : 479 ---

[...ne] manungsa iku kang akèh padha ora sukur ing Allah.

39. He lêlaran loro, kapriye panêmumu, pangeran brahala kang warna-warna iku bêcik êndi karo-karokaro. Allah kang Sawiji tur Kuwasa Amasesa.

40. Enggonmu padha nyêmbah brahala, koarani Pangeran iku luput, satêmêne iku dudu Pangeran, kang ngarani Pangeran iku kowe dhewe lan para lêluhurmu. Allah ora andhawuhake yèn brahala iku Pangeran, lan ora ana tôndha yêktine kang kêna diêndêl, têtêping khukum, mung ana ngastanning Allah. Dhawuh parentahing Allah: Sira aja padha nyêmbah sapa-sapa, mung nyêmbaha ing Allah, iya iku agama kang jêjêg. Ewadene manungsa iku kang akèh padha ora wêruh kang mangkono iku.

41. He lêlaran loro, mungguh kang ngimpi mêrêsi anggur iku wahanane bakal bali têtêp dadi priyayi minuman manèh, angladèkake sajêng marang Gustine. Dene kang ngimpi nyunggi baki tundha têlu, isi roti lan panganan warna-warna dicucuki ing manuk gagak, iku wahanane, têlung dina êngkas dipatrapi khukum pati ditanjir, sarta êndhase bakal dicucuki ing manuk gagak. Wong kang impène dipêthèk [dipêthè...]

--- 2 : 480 ---

[...k] ala mau banjur: Sayêktosipun kula botên supêna punapa-punapa, anggèn kula nyariyosakên supênan punika namung gêgujêngan kemawon. Nabi Yusuph banjur mangsuli: Iya ngimpia, iya oraa, saiki wis ditêtêpake kalawan khukuming Allah, marga ênggonmu tutur marang aku, kowe mêsthi kêlakon dipatrapi khukum pati kaya kang wis tak kandhakake mau.

42. Nabi Yusuph banjur mêkas marang lêlaran kang ditamtokake slamêt saka ing patrapan lan bakal bali marang pangkate lawas, dadi priyapriyayi. minuman, tuture mangkene: Yèn kowe wis têtêp dadi priyayi minum manèh, aku aturna marang gustimu sang nata, yèn aku wêruh marang wahananing impèn, kang diwêkasi: nyaguhi. Mungguh karêpe Nabi Yusuph kang mangkono mau, dadi kaluputan marang Allah, dene têka nganggo mêmêkas marang sapêpadhaning manungsa kurang pasrah marang Allah, mulane lêlaran kang diwêkas mau banjur dilalèkake dening setan, ora matur marang gustine. Nabi Yusuph ênggone ana ing kunjara wis kalakon limang taun, saluware priyayi minuman mau, Nabi Yusuph isih kênthang-kênthang ana ing kunjara pitung taun êngkas.

--- 2 : 481 ---

43. Kacarita sang prabu ing Mêsir supêna, dipangandikakake mangkene: Aku ngimpi wêruh sapi pitu lêmu-lêmu, padha diuntal ing sapi pitu kuru-kuru, lan ana gandum pitung wuli katon sêgêr ijo, tur aos, lan ana manèh gandum pitung wuli padha katon gabug tur garing. He para punggawa lan para nujum, mênawa kowe padha wêruh wahananing impèn, mara padha matura marang aku, kapriye wahanane impènku mau.

44. Para punggawa lan para nujum mau padha matur: Dhuh gusti kula sang nata, supênan punika dede punapa-punapa, wontênipun namung tuwuh saking panyakrabawa utawi saking pangridhuning setan, kula botên sumêrêp badhe wahananipun.

45. Ing kono lêlaran kang wis luwar saka ing kunjara sarta wis têtêp dadi priyayi minuman manèh mau eling wêkase Nabi Yusuph, nanging têkan ing dina iku wus pitung taun lawase, priyayi minuman mau matur: Gusti ing kunjara wontên tiyang lêbda dhatêng wahananing supênan, nama Yusuph, kula mugi kautusa pitakèn dhatêng Yusuph wau.

46. Priyayi minuman mau banjur diutus dening sang nata mênyang ing kunjara, satêkane ing kunjara banjur takon: Dhuh Nabi Yusuph ingkang satuhu

--- 2 : 482 ---

sidik, sumôngga sampeyan pêthèk, punapa wahananipun supênaning sang nata makatên, wontên lêmbu lêma pitu dipun untal dening lêmbu kuru pitu, lan malih wontên gandum pitung wuli sami sêgêr lan ijêm tur aos, sarta wontên gandum pitung wuli malih garing tur gabug. Sumôngga sampeyan pêthèk, badhe tumuntên kula aturakên dhatêng sang nata, sarta kasumêrêpan para punggawa, supados sami sumêrêpa dhatêng kaawasan sampeyan mêthèk wahananing supênan.

47. Nabi Yusuph mangsuli: Impène sang nata iku wahanane mangkene: Sapi pitu lêmu lan gandum pitung wuli kang sêgêr ijo tur aos, iku nyasmitani yèn bumi ing Mêsir iki sajroning pitung taun wiwit saiki, sarupaning têtanduran sarwa lêmu lan mêtu wohe akèh bangêt. Mulane wong ing Mêsir saiki padha disêngkud ênggone padha têtanèn kaya ngadat kang wis kalakon, dene olèh -olèhaning wulu pamêtu banjur diklumpukake dening sang nata, disimpêna gedhengan bae supaya ora rusak, dene kang dipangan ing wong cilik, dipancia sathithik sacukupe bae. [ba...]

--- 2 : 483 ---

[...e.] 48. Sawise kêlakon pitung taun mau, bumi ing Mesir sarupaning têtanduran ora mêtu wohe, lawase uga nganti pitung taun manèh, lan nganti ngêntèkake pamêtuning bumi kang dikalumpukake lan disimpên sajroning pitung taun kang uwis mau, mung kari sathithik kang kanggo sadhiyan wiji. Iya iku sasmitane sapi pitu kang kuru nguntal sapi pitu kang lêmu, utawa gandum pitung wuli kang garing tur gabug mau.

49. Sawise kalakon pailan pitung taun mau, taun ngarêpe bêcik kabèh, murah udan, têtanduran padha mêtu wohe akèh, ing kono manungsa padha olèh pitulung, bungah-bungah mêrês anggur, ngundhuh wowohan lan ngênèni gandum.

50. Pamêcane Nabi Yusuph mau banjur diaturake marang sang nata. Dhawuhe sang nata, saiki Yusuph timbalana marene. Utusane sang nata banjur mênyang kunjara nimbali Nabi Yusuph, nanging ature Nabi Yusuph: Sapunika sampeyan wangsul rumiyin, sampeyan matur dhatêng sang nata, kula dipun timbali inggih sandika, nanging sadèrèngipun kula sowan, sang nata mugi andangua dhumatêng para putri ingkang sami kêpêrang tanganipun sarta kenging duduhing jêram pêcêl bôtên kêraos, nalikanipun sami pista

--- 2 : 484 ---

wontên ing kapatihan, kadospundi katranganipun anggèn kula winastan anglampahi awon, sayêktosipun Allah Pangeran kula Nguningani kajuliganipun para putri wau.

51. Ature Nabi Yusuph mau banjur diaturake marang sang nata. Sang nata banjur nimbali para putri mau, sarta didangu: He para putri, mara padha matura, kapriye katrangane nalika kowe ngajak dhêmênan marang Yusuph, apa Yusuph iya nglanggati marang kowe. Ature para putri: Adhuh Allah, botên kadosa gusti. Kula sami botên sumêrêp bilih Yusuph punika purun anglampahi awon. Ing kono Zulekha garwane Adipati Katphirul Ngasis banjur matur: Dhuh Gusti, sapunika barang ingkang têmên sampun kanyataan, sayêktosipun kula ingkang ngajak rêmênan dhatêng Yusuph punika, nanging Yusuph botên purun. Samukawis paturanipun Yusuph kala samantên, punika sadaya têmên, botên wontên ingkang dora.

52. Atur kula pasaja makatên punika, supados Yusuph wau sumêrêpa bilih kula botên pisan anglèlèti awon dhatêng Yusuph, sanadyan Yusuph wau wontên ing kunjara, kula inggih botên selak anggèn kula ngakên makatên wau, sayêktosipun Allah punika botên paring margi dhatêng tiyang ingkang badhe cidra.