Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

--- 2 : 485 ---

Jus kaping têlulas

53. Kula botên pisan sumuci-suci, ngakên saening awak kula piyambak, awit manahing tiyang punika limrahipun kêdah ngajak dhatêng awon, kajawi tiyang ingkang dipun sihi utawi dipun rêksa dening Pangeran kula, punika botên kèlu dhatêng pangajaking manahipun. Sayêktosipun Pangeran kula punika kaparêng Ngapura tur Maha-asih.

54. Barêng sang nata wis têrang marang Nabi Yusuph, têmên bêcik kalakuane, punjul kawruhe, banjur dhawuh: Saiki Yusuph timbalana marene, bakal tak piji, tak junjung ing pangkat luhur. Barêng Nabi Yusuph wis seba sarta wis imbalwacana lan sang nata, sang nata banjur dhawuh kalumrahake ing akèh, He Yusuph, ing dina iki kowe tak junjung ing pangkatmu luhur dadi prabu anom ing Mêsir.

55. Nabi Yusuph sawise nyandikani, banjur matur: Dhuh sang nata, kula mugi katamtokna dados gêdhonging bôndha, nguwasani wulu pamêdalipun bumi ing Mêsir sadaya, awit kula punika tiyang têmên saha mangêrtos dhatêng lampahing samukawis.

56. Atur panyuwune Nabi Yusuph mau diparêngake dening sang nata. Pangandikaning Allah: Mangkono uga Nabi Yusuph Ingsun paringi pangawasa ing bumi Mêsir lan [la...]

--- 2 : 486 ---

[...n] sawêwêngkone kabèh, ing bab wulupamêtu lan sarupaning paprentahan, apadene pangadilan, dadi sang nata wis mêngkêr ora nyumêrêpi Adipati Katphirul Ngasis banjur nyèlèhake kalungguhane patih, ora antara lawas tinggal dunya. Ing kono Zulekha banjur digarwa dening Prabu Anom Yusuph, prabu anom kuwasa yasa pasanggrahan ana ing ngêndi-êndi panggonan kang dadi karsane. Rahmatingsun Ingsun paringake marang wong kang dadi parênging karsaningsun, sarta ingsun ora bakal nguwukake ganjaraning wong kang padha nglakoni kabêcikan.

57. Dene ganjaran besuk ana ing akhirat, iku luwih bêcik manèh, iya iku tinamtokake marang wong kang padha pracaya lan wêdi ing Allah.

58. Barêng wis ngancik ing masa pailan para kangdangekadange. Prabu Anom Yusuph, cacah wong sapuluh padha têka ing nagara Mêsir saka parentahing bapakne dikon nêmpur gandum, ana ing Mêsir banjur padha seba ing ngarsane prabu anom. Prabu anom ora pisan pangling marang para kadange, nanging para kadange mau padha pangling marang Prabu Anom Yusuph. Para kadang iku padha didangu kaanane. Banjur padha matur yèn wong sapuluh mau padha dulur tunggal bapa biyung, [bi...]

--- 2 : 487 ---

[...yung,] lan duwe sadulur manèh tunggal bapa seje biyung: loro, kang tuwa aran Yusuph, wis mati dipangan macan, kang ênom aran Bunyamin, isih urip kari ana ing omah.

59. Barêng para kadang mau wis padha diparingi gandum, siji-sijining wong diparingi sakêlaring unta siji, sang prabu anom banjur dhawuh: He wong Ibrani, ênggonmu ana ing Mêsir kowe tak paringi pondhokan lan padha tak kurmati kalawan bêcik, apadene ênggonmu nêmpur wis tak paringi gandum kalawan takêran gênêp, ing besuk mênawa kowe bali marene manèh, anggawaa sadulurmu tunggal babapa. seje biyung kang aran Bunyamin.

60. Mênawa kowe bali marene, kang môngka ora anggawa Si Bunyamin, ênggonmu nyuwun nêmpur mêsthi ora tak paringi, sarta kowe ora tak lilani malêbu ing nagara Mêsir seba marang aku.

61. Para kadang banjur padha matur: Dhawuhipun sang prabu punika inggih badhe kula èstokakên. Nanging kawuningana, adhi kula Bunyamin punika tumrapipun bapa kula gantilan manah, botên kenging pisah. Ewasamantên bapa kula inggih badhe kula sêrêp-sêrêpakên, supados Bunyamin wau suka kula jak sowan mariki.

--- 2 : 488 ---

62. Prabu anom banjur dhawuh marang para garap ing têmpuran kono, dirham dhuwite wong Ibrani iku lêbokna ana ing karunge, supaya yèn wis têkan ing omahe padha wêruha yèn dhuwite tak balèkake, dadi banjur wêruh marang kautamanku, lan ing têmbe yèn gandume wis êntèk, banjur padha bali nêmpur marene manèh.

63. Para kadang mau barêng wis padha mulih têkan ngomahe bapakne, banjur padha tutur: Dhuh bapak, lampah kula nêmpur dhatêng ing Mêsir, manggih wilujêng sarta angsal gandum. Nanging kawuningana, kula wontên ing Mêsir saking dipun mulyakakên dening sang prabu anom ing Mêsir. Sang prabu anom wau andangu para sadhèrèk kula, kula matur cacahipun sawêlas kalêbêt pun Bunyamin. Wusana dhawuhipun sang prabu anom, mênawi kula wangsul nêmpur malih, kadhawuhan ngajak pun Bunyamin, mênawi kula wangsul botên kanthi pun Bunyamin, anggèn kula nêmpur botên dipun paringi, sarta kula botên dipun parêngakên malêbêt ing nagari Mêsir. Mila mênawi kula wangsul nêmpur malih, pun Bunyamin kula suwun, kula jak dhatêng ing Mêsir, sampeyan sampun mawi sumêlang. Kula tiyang sasadasa.

ingkang tanggêl, sagah sami rumêksa wilujêngipun pun Bunyamin.

--- 2 : 489 ---

64. Nabi Yakkub mangsuli: kapriye ênggonku bisa ngandêl marang tanggunganmu saguh rumêksa salamête Si Bunyamin, awit iki ora beda karo Si Yusuph biyèn, kowe iya saguh rumêksa salamête. Ewadene Si Bunyamin mau yèn dhasar dirêksa dening Allah luwih dening Santosa, ngungkuli pangrêksamu. Allah iku luwih dening Asih, ngungkuli wong kang padha asih.

65. Para kadang mau barêng padha andhudhah karunge, sapira bae kagète, andêlêng dhuwite dirham kang dianggo nêmpur dibalèkake dening sang prabu anom, katêmu ana sajroning karung, banjur padha tutur marang bapakne: Dhuh bapak, punika kawuningana, yatra dirham ingkang kula angge nêmpur, ingkang wau sampun dipun tampèni dening sang prabu anom ananging punika têka dipun wangsulakên, kapanggih wontên salêbêting karung, wêtah tanpa kalong, dados têtela sihipun sang prabu anom dhatêng kula tanpa upami, kula badhe nyuwun punapa malih ingkang langkung samantên. Yatra punika kenging kula angge nêmpur malih. Punapadene mênawi kula kanthi pun Bunyamin, kados-kados panêmpur kula dipun paringi langkung sabêbêktaning unta, awit punika ingatasipun sang prabu anom taksih

--- 2 : 490 ---

nama sakêdhik. Sarta pangrêksa kula dhatêng pun Bunyamin tanpa kuwatos.

66. Nabi Yakkub mangsuli: Mênawa kasaguhanmu ngrêksa Si Bunyamin iku kowe padha kaduga labuh pati nganti mulih runtung-runtung têkan ing kene, sarta kowe nganggo supata nêbut asmaning Allah, aku iya awèh Si Bunyamin kojak mênyang Mêsir, yèn ora mangkono aku ora awèh. Ing kono para kadange Nabi Yusuph banjur padha supata nêbut asmaning Allah. Nabi Yakkub banjur calathu: Allah anêksèni prajajianku lan kowe iki.

67. Nabi Yakkub banjur pitutur: He anakku kabèh, wis padha mangkata kanthi adhimu Si Bunyamin. Yèn kowe têkan ing Mêsir, malêbumu ing nagara aja kumpul mêtu dalan siji, malêbua prêncaa, mêtu dalan seje-seje, supaya kowe padha kalisa saka ing pakewuh, awit manungsa diwênangake ngati-ati, tur satêmêne pangati-ati iku iya ora bisa murungake pêpêsthèning Allah. Papêsthèn iku ora kawêngku ana panguwasaning manungsa, mung kawêngku ana panguwasaning Allah piyambak, wajibku mung nyumang- [nyumang...]

--- 2 : 491 ---

[...-] gakake apa sakarsaning Allah, mangkono wong kang rumasa apês, iya padha nyumanggakake apa sakarsaning Allah bae.

68. Para kadange Nabi Yusuph wong sawêlas banjur padha mangkat mênyang Mêsir, satêkane ing Mêsir, ngèstokake wêkase bapakne, malêbune ing nagara metu ing dalan dhewe-dhewe. Ewadene iya ora bisa murungake papêsthèning Allah. Enggone karsa nandukake pakewuh, pêrlune Nabi Yakkub dhewe kang tansah diarêp-arêp, iku diparêngake dening Allah. Pangandikaning Allah: Nabi Yakkub iku dhasar duwe kawruh saka ênggon Ing sun mulang, nanging manungsa iku kang akèh padha ora wêruh.

69. Para kadang mau banjur padha seba marang Prabu Anom Yusuph (ana ing kono padha dimulyakake, dipondhokake ana ing panggonan kang endah), dene Bunyamin dipiji dhewe ana ngarsane sang prabu anom, tunggal sakamar (ana ing kono Bunyamin dirangkul marang sang prabu anom sarta dijatèni). Pangandikane sarwi muwun: He adhiku Bunyamin, wis mêsthi dadi kagètmu kanthi bungah, kowe tak kandhani, satêmêne aku iki sadulurmu tuwa Yusuph biyèn.

--- 2 : 492 ---

(Sang prabu anom banjur ngandharake lêlakone saka wiwitan nganti têka ing wêkasan, Bunyamin ngrungokake bangêt bungah lan pangungune, lan uga milu nangis. Sang prabu anom banjur ngandika): He adhiku, kowe aja pisan duwe rasa mêsgul utawa sêrik marang sadulurmu seje biyung iku, marga ênggone padha nganiaya marang aku (kowe wêruha, ênggone nganiaya marang aku, iku saka karsaning Allah diênggo anjalari ênggonku olèh kaluhuran gêdhe iki. Bunyamin banjur dikêthik lan dijatèni rêrantaman karsane sang prabu anom. Bunyamin matur sumôngga).

70. Esuke, para kadang mau padha diparingi ênggone nêmpur gandum, ing kono karunge Bunyamin disêsêli pangunjukane sang prabu anom (iya iku pangunjukan salaka tinarètès intên barliyan, ginawe kêrinakêri. gandum). Barêng para kadang mau wis budhal mangkat mulih, sarta lakune wis sawatara adoh, banjur ditututi dikon bali, panguwuhe wong kang nututi: He untan-untan wong Ibrani, kowe padha balia dhisik, sabab kowe kêna ing têrka nyolong (para kadang mau banjur padha bali).

--- 2 : 493 ---

71. Têkan ing kono para kadang mau banjur padha matur marang para garap kalawan ngasih-asih, sampeyan kecalan punapa.

72. Para garap ing kono padha mangsuli: Aku kelangan cênthak takêran gandum kagungane sang prabu anom. Sing sapa nêmokake cênthak mau, bakal tômpa ganjaran gandum sakêlaring unta siji saka sang prabu anom, kalakone olèh ganjaran mau, aku kang tanggung.

73. Para kadange sang prabu anom mau banjur padha mangsuli: Dêmi Allah, dhatêng kula ing Mêsir ngriki botên sumêdya damêl risak wontên ing bumi, sarta botên badhe nyolong. Ingkang makatên wau sampeyan sumêrêp piyambak, katôndha saking kalakuan kula.

74. Para garap banjur padha calathu: (mangkono iku kandhamu dhewe) nanging yèn kowe goroh kapriye. (Saiki kowe mêsthi tak galedhah, sapa kang kanggonan cênthak ana sajroning karunge) sanggêm tak patrapi apa.

75. Para kadange sang prabu anom banjur padha mangsuli: (Inggih sumôngga sampeyan galedhah), dene sêsanggêman kula, sintên ingkang karungipun isi cênthak [cêntha...]

--- 2 : 494 ---

[...k] kagunganipun sang prabu anom punika dipun patrapana ngawula dhatêng sang prabu anom wontên ing Mêsir ngriki laminipun sataun, inggih punika patrapanipun tiyang nyolong ingkang sampun tumindak tumrap ing para sadhèrèk kula.

76. Para garap banjur padha tumandang anggaledhah sarupaning karung gêgawane wong Ibrani, kang didhudhahi dhisik dudu karunge Bunyamin, barêng andhudhah karunge Bunyamin cênthak mau katêmu ing kono (dadi Bunyamin kêna ing patrapan kudu nglakoni ngawula marang sang prabu anom, lawase sataun), kêlakone kang mangkono iku, Ingsun dhasar paring pangêrti marang Nabi Yusuph (bab ênggone Nabi Yusuph arêp anggondhèli Bunyamin, kudu nganggo sarana nêsêli cênthak ana ing karunge, supaya bisa nêtêpake patrapan ngawula saka sêsanggêmane para sadulure). Awit Nabi Yusuph ora bisa anggondhèli Bunyamin nganggo wêwaton anggêr-anggêring praja ing Mêsir, kajaba kaparênging Allah kudu nganggo sarana mangkono mau. Ingsun anjunjung drajating wong kang dadi parênging karsaningsun, iya iku Nabi Yusuph, Ingsun paringi kawruh ngungkuli sarupane wong pintêr.

77. Para kadang mau banjur padha matur marang sang prabu anom: [a...]

--- 2 : 495 ---

[...nom:] Mênawi Bunyamin punika purun nyolong, inggih sampun mèmpêr kemawon, awit sadhèrèkipun ingkang tunggil bapa biyung nama pun Yusuph, kala taksih gêsangipun rumiyin inggih pancèn culika. Nabi Yusuph banjur calathu lirih, ora krungu para sadulure: Kowe luwih dening ala lan culika (nyolong sadulurmu Yusuph banjur koêdol) Allah nguningani ênggonmu calathu goroh iku.

78. Para kadang mau banjur padha matur manèh: Dhuh sang prabu anom ingkang mulya, Bunyamin punika gadhah bapa sampun sêpuh sarta pikun (sakalangkung mêmêlas, punika sangêt trêsnanipun dhatêng Bunyamin) mila prayoginipun, sang prabu anom amundhuta salah satunggalipun sadhèrèk kula sadasa punika kemawon, dados lintunipun Bunyamin (nglampahi patrapan ngawula wontên ing ngriki, Bunyamin kalilana mantuk), mênawi atur kula punika kaparêngakên, dados dumunung sang prabu anom tulus anggènipun damêl kasaenan.

79. Nabi Yusuph mangsuli: Aku muga didohna dening Allah, aja nganti matrapi wong kang ora kaluputan apa-apa, kajaba wong kang tak galedhah têtela barang kagunganku katêmu ana ing tangane [tanga...]

--- 2 : 496 ---

[...ne] (iku mêsthi tak patrapi), mênawa aku matrapi wong bêcik, dadi aku aran ratu nganiaya.

80. Para kadang mau banjur padha judhêg atine (awit wis ora duwe pangarêp-arêp diparêngake panyuwune marang sang prabu anom. Ing kono banjur padha rêmbugan), para kadang mau kang pintêr dhewe aran Yahuda, iku calathu: He para sadulurku kabèh, kowe padha elinga yèn bapak wis nyêkêl sêsanggêmanmu kang nganggo nyêbut asmaning Allah (saguh labuh pati rumêksa salamête Bunyamin, nganti têkan ing omah) biyèn kowe uga wis sanggêm rumêksa salamête Si Yusuph, wusana kowe cidra, saiki bakal cidra manèh. Ing mêngko kêkêncênganku, aku ora nêdya mulih saka bumi ing Mêsir, kajaba yèn dikon mulih marang bapak, utawa yèn aku didhawuhi dening Allah dikarsakake nglawan pêrang marang sang prabu anom ngrêbut Si Bunyamin (yèn wis kêlakon karêbut, iku aku gêlêm mulih). Allah iku khukume luwih dening prayoga, ngungkuli wong kang padha ngukumi.

81. He para sadulurku, saiki kowe padha muliha, matura marang bapak mangkene: Dhuh bapak, putra sampeyan pun Bunyamin wontên ing Mêsir nyolong [nyo...]

--- 2 : 497 ---

[...long] cênthak kagunganipun sang prabu anom (lajêng dipun patrapi ngawula sataun). Anggèn kula purun matur makatên punika, kula sumêrêp piyambak (karungipun dipun galedhah kapanggih cênthakipun sang prabu anom wontên salêbêting karungipun Bunyamin), dene kala rumiyin, anggèn kula purun sanggêm rumêksa kawilujênganipun pun Bunyamin punika, awit kula botên gadhah kintên bilih Bunyamin punika purun nyênyolong. Prakawis manahipun Bunyamin ingkang samar, kula botên sumêrêp.

82. Dhuh bapak, atur kula punika sadaya têmên, mênawi sampeyan maibên, sumôngga sampeyan têtakèn dhatêng têtiyang ing Mêsir ngrika, utawi dhatêng tiyang ing ngriki, ingkang sami sêsarêngan nêmpur kalihan kula wontên ing Mêsir, punika sami sumêrêp lugunipun ingkang kula aturakên punika.

83. (Para kadang mau liyane Yahuda nuli padha mangkat mulih, têkan ing omah banjur padha tutur marang bapakne, nyaritakake lêlakone saka wiwitan têkan ing wêkasan, kaya wêkase Yahuda mau). Ing kono Nabi Yakkub mangsuli: Aturmu iku ênggonmu ambêcikake awakmu dhewe, nanging satêmêne ora mangkono,

--- 2 : 498 ---

tumraping aku mung sabar sarta nyuwun pitulunging Allah supaya kêlara nandhang rêribêt kaya kang kokandhakake mau, iku kang prayoga dhewe tak lakoni. Iya muga-muga Yusuph lan Bunyamin lan Yahuda, iku kabèh ditêkakna dening Allah marene. Allah iku Nguningani samubarang tur Wicaksana.

84. Nabi Yakkub banjur malengos marang para anake, pangucape: Dhuh Allah Pangeran kawula, Tuwan mugi wêlasa dhumatêng kawula Tuwan pun Yakkub ingkang sakalangkung nandhang susah dening kecalan anak ingkang nama Yusuph, maripatipun kalih pisan ngantos pêthak saking sangêt ing susahipun, ewadene tansah dipun bêtah-bêtahakên kemawon.

85. Para kadange Nabi Yusuph banjur padha matur: Dhuh bapak, dêmi Allah, sampeyan punika tansah kèngêtan kemawon dhatêng pun Yusuph, saking dening susah sampeyan, ngantos risak sarira saha èngêtan sampeyan. Pamanggih kula makatên punika tanpa damêl, malah sagêd andadosakên tiwas.

86. Nabi Yakkub mangsuli: Enggonku sêsambat lan ngadhuh-adhuh iki, ngaturake susahku gêdhe marang Allah, ora sêsambat marang kowe, aku wêruh kang

--- 2 : 499 ---

dadi kaparênge karsaning Allah bab Si Yusuph, kang ora kowêruhi.

87. He anakku, saiki kowe padha balia mênyang Mêsir manèh, angingsêp-ingsêp pawartane adhimu Yusuph lan Bunyamin, aja sirna pangarêp-arêpmu marang kamurahaning Allah. Awit ora ana wong sirna pangarêp-arêpe marang kamurahaning Allah kajaba mung wong kaphir.

88. (Para kadange Nabi Yusuph mau banjur padha mangkat bali mênyang Mêsir manèh), satêkane ing Mêsir, banjur padha seba marang sang prabu anom, ature: Dhuh sang prabu anom, ingkang satuhu mulya, sapunika kula sasadhèrèk kula sami dhawah ing kamlaratan (gandum sampun têlas, arta ugi têlas), dene sowan kula mriki namung nyaosakên arta sakêdhik, tur sami budhêng. Panyuwun kula mugi sang prabu anom angrêntahna sih kamirahan (karsa nampèni arta budhêng wau, sarta) maringana gandum, takêripun sami kalihan anggèn kula nêmpur rumiyin, sumêrêp sang prabu anom paring kawêlasan sidêkah dhumatêng kula. Sayêktosipun Allah punika paring ganjaran dhumatêng tiyang ingkang sami sidêkah.

89. (Sang prabu anom banjur ngulungake layang pêthuk tulisane Yahuda, iya iku pêthuk tômpa

--- 2 : 500 ---

dhuwit saka juragan Malik, sumurup panukuning kawula kang aran Yusuph), sang prabu anom banjur ngandika (sarwi mèsêm): He wong Ibrani, layang pêthuk iki tulisane sapa. Sawise kowe andêlêng layang pêthuk iku), apa kowe banjur wêruh lan ngakoni kaluputanmu ênggonmu niaya marang sadulurmu Yusuph lan adhine biyèn, nalika kowe isih bodho.

90. (Para kadang mau barêng andêlêng sang prabu anom ênggone mèsêm, wêruh wajane gumêbyar pindha mutyara, cèplês lan wajane Nabi Yusuph) banjur matur: Punapa sampeyan punika adhi kula pun Yusuph rumiyin, sang prabu anom mangsuli (kalawan têmbung manis, lan nganggo tatakramaning sadulur ênom): Inggih kula punika Yusuph (ingkang sampeyan kaniaya mèh sampeyan pêjahi rumiyin. Wusana namung sampeyan cêmplungakên ing sumur, salajêngipun sampeyan sade dhatêng tiyang dagang. Ewadene) sarèhne kula tiyang sae, mila dipun tulungi dening Allah. (Sapunika kula jumênêng prabu anom ing Mêsir, pangawasa sarta kaluhuran kula samantên agêngipun, wênang angulawisudha, amasesa khukum pêjah punapadene ngapura tiyang dosa. Punika sadaya saking sih kanugrahaning Allah dhumatêng tiyang sae kados kula),

--- 2 : 501 ---

Bunyamin punika adhi kula tunggil rama ibu. (Ingkang ugi sampeyan kaniaya kados kula). Saèstunipun, sintên ingkang ajrih ing Allah sarta sabar dhatêng piawoning liyan, tamtu dipun paringi ganjaran dening Allah. Allah punika botên pisan nguwukakên ganjaranipun tiyang ingkang nglampahi kasaenan kados kula punika.

91. Para kadang mau banjur padha matur: Dhuh sang prabu anom, agêng têmên kalêpatan kula dhatêng sampeyan. (Mênawi kula sampeyan patrapi, punika sampun lêrêsipun. Dene mênawi sampeyan apura, punika prasasat sampeyan nyambungi umur kula ingkang sampun pêdhot). Dhuh sang prabu anom, dêmi Allah, sapunika Allah angunggulakên sarira sampeyan, ngungkuli kula ing bab samukawis.

92. Sang prabu anom mangsuli: Sampun kathah-kathah ingkang sampeyan raosakên, sampeyan sampun mawi ngandhut kuwatos, utawi ajrih, prakawis kalêpatan sampeyan dhatêng kula, ing dintên punika sampun kula sirnakakên sadaya. Allah mugi ngapuraa dhatêng sampeyan, dene Allah punika langkung dening Wêlas-asih, ngungkuli tiyang ingkang sami ambêk wêlasan.

93. Sapunika enggal sampeyan mantuk, sarta

--- 2 : 502 ---

sampeyan kula bêktani rasukan kula punika, dumugi ing griya rasukan wau lajêng sampeyan usapakên pasuryanipun bapak, tamtu anggènipun gêrah wuta lajêng waluya sami sanalika. Salajêngipun, panjênênganipun bapak, kula pondhongi mriki, dalah para putra wayahipun, utawi para ahli sampeyan sadaya, jalêr èstri.

94. (Yahudi banjur nampani kulambine-kulambinekulambine. sang prabu anom, banjur mangkat mulih dalah para sadulure). Barêng lakune têkan sajabaning nagara Mêsir, nabi Yakkub kang ana ing omah, wêwarah marang para putune: Aku mambu gandane Si Yusuph, upama kowe padha ora ngarani andalêming marang aku, mêsthi padha ngandêl marang kandhaku iki.

95. Kang dituturi banjur padha mangsuli: Embah, anggèn sampeyan ngênglêng kecalan paman Yusuph punika, sapriki têka taksih kemawon. Sampeyan sumêrêpa, paman Yusuph punika sampun ajal.

96. Barêng Yahuda sasadulure wis têkan ngomah, sarta anggawa panglipur (matur marang bapakne, nyaritakake lêlakone saka wiwitan têkan ing wêkasan, lan ngaturake yèn sang prabu anom ing Mêsir iku têmêne Nabi Yusuph, samubarang wêwêkase sang prabu [pra...]

--- 2 : 503 ---

[...bu] anom diaturake kabèh, sarta nyaosake kulambine sang prabu anom, ing kono bungahe Nabi Yakkub katog) kulambine sang prabu anom ditampani, banjur diraupake ing pasuryane. Ing kono Nabi Yakkub ênggone wuta, waras padha sanalika.

97. Nabi Yakkub ngandika marang wong kang padha ana ing kono, aku apa ora wis kôndha marang kowe yèn aku wêruh kang dadi kaparênge karsaning Allah prakara Si Yusuph, kang ora kowêruhi, lan aku mambu gandane Si Yusuph. Saiki kanyataan Si Yusuph isih urip, jumênêng prabu anom ing Mêsir.

98. Para kadange Nabi Yusuph banjur padha matur, dhuh bapak, kula sampun sami rumaos kalêpatan agêng dhatêng sang prabu anom saha dhatêng sampeyan, kula mugi sampeyan apura saha sampeyan suwunakên pangapuraning Allah sakathahipun kalêpatan kula.

99. Nabi Yakkub mangsuli: Iya bêcik, mêngko bêngi wayah saur kowe padha tak suwunake pangapuraning Allah Pangeranku. Allah iku kaparêng bangêt ngapura dosaning kawula kang tobat, tur asih marang kawulane. Barêng wayah saur Nabi Yakkub sêmbayang lan nyuwunake pangapura kaluputaning para anake

--- 2 : 504 ---

mau. Dhawuhing Allah wis marêngake.

100. (Esuke Nabi Yakkub mangkat boyongan mênyang Mêsir dalah para anak putune lan kulawargane kabèh, cacah wong pitung puluh loro lanang lan wadon. Sang prabu anom mêthuk rawuhe kang rama marang jabaning nagara, kanthi para luhur lan priyayi gêdhe ing Mêsir, apadene prajurit patang èwu. Nabi Yakkub lumaku dharat atêtêkên pundhake Yahuda), barêng wis katêmu lan sang prabu anom, banjur padha rêrangkulan, Nabi Yakkub lan-lanlan. kang garwane: Dèwi Leya diaturi kèndêl ana ing pasanggrahan ing kono, (sawise lèrèn sawatara), sang prabu anom matur: Dhuh bapak, sumôngga sampeyan sasadhèrèk kula sadaya, sami lajêng malêbêt ing nagari Mêsir kalayan panggalih têntrêm, sarta kalayan kaparênging Allah tamtu botên wontên pakèwêd punapa-punapa, wilujêng ing salaminipun.

101. Satêkane ing Mêsir, sang prabu anom ngaturi kang rama sakalihan, supaya lênggah ing dhampar palênggahane sang prabu anom, barêng wis lênggah ing dhampar, Nabi Yakkub lan Dèwi Leya padha sujud marang sang prabu anom, para kadange sang prabu anom banjur padha milu sujud kabèh, sang prabu anom banjur matur: Dhuh bapak, lah punika wahananipun supênan kula rumiyin,

--- 2 : 505 ---

karsaning Pangeran kula, ing dintên punika sawêg kanyataan. Pangeran sampun adamêl sae dhumatêng kula dening kula dipun luwari saking kunjaran, sarta sampeyan dipun dhatêngakên dening Pangeran saking wana mariki, dalah para sadhèrèk kula sadaya. Kalampahanipun ingkang makatên wau, sasampunipun setan angorak-arik anggèn kula golong rukun kalihan para sadhèrèk kula. Ewadene Allah punika Waspada saha Alus sangêt anggènipun nitipariksa dhatêng kawulanipun. Allah punika Nguningani samukawis tur Wicaksana.

102. Dhuh Pangeran kawula, Tuwan sampun maringakên karaton nagari Mêsir dhumatêng kawula, sarta sampun paring kawruh wahananing supênan dhumatêng kawula. Dhuh Pangeran kawula, Tuwan punika ingkang ngwontênakên bumi kalihan langit. Tuwan punika ingkang mitulungi dhumatêng kawula, saha nglampahakên saparipolah kawula wontên ing dunya punika, punapadene benjing wontên ing akhirat. Mênawi Tuwan mundhut suksma kawula, mugi kapundhuta kalayan pêjah Islam. Kawula mugi Tuwan dadosakên ewoning tiyang ingkang sami sae.

103. (He Mukhammad) carita lêlakone Nabi

--- 2 : 506 ---

Yusuph kang wis Ingsun wêdharake marang sira iki, ewone barang kang gaib, (saiki sira banjur bisa nyaritakake lêlakone Nabi Yusuph mau marang para wong Yahudi kang padha takon marang sira, cocog lan unining kitab Torèt cêcêkêlane wong Yahudi mau), tur sira ora nungkuli nalika para kadange Nabi Yusuph padha golong nganiaya marang Nabi Yusuph biyèn (mangkono uga sira ora maca kitab Torèt, lan ora têtakon marang wong kang maca kitab Torèt), ewadene wong Yahudi kang padha takon mau, sanadyan sira parsudia murih bisaa pracaya marang sira, iya mêksa akèh kang ora gêlêm pracaya.

104. Mangkono manèh ênggonira mêmulang Kuran marang wong Yahudi iku, sira ora pisan anjaluk pituwas apa-apa marang Si Yahudi. Kuran iku dudu barang-barang, satêmêne piwulang lan pêpeling marang wong sajagad.

105. Wis pira bae kèhing ayat (tôndha yêkti kang dadi katêrangan yèn Allah iku Pangeran kang Kuwasa), ayat mau gumêlar kasat mata ana ing bumi lan ing langit, ewadene para manungsa padha malengos (padha suthik pracaya marang Allah lan marang sira). [si...]

--- 2 : 507 ---

[...ra).]

106. Akèh uga wong ngaku pracaya marang Allah, nanging atine kaworan maro tingal marang liyane Allah.

107. Wong mangkono mau apa iya pracaya yèn bakal tinêmpuh siksaning Allah utawa katêkan kiyamat ngagètake, awake ora prayitna. Layak ora pracaya.

108. (He Mukhammad), sira dhawuha marang wong kang padha maro tingal: Agama Islam iki dalanku ênggonku suwita marang Allah, iya iku aku lan sarupane wong kang padha manut marang aku, padha ngajak pracaya marang Allah. Kalawan trusing paningal. Allah iku Mahasuci. Aku ora pisan maro tingal, mung sumungkêm marang Allah.

109. (He Mukhammad), dhèk jaman kuna sadurunge sira, yèn Ingsun milih utusan, ora ngutus sapa-sapa, kajaba ngutus wong lanang (sajroning nagara, utawa) wong padosanpadesan. (ora ngutus wong alasan). Para utusan mau padha Ingsun paringi wahyu. Yagene wong kang padha maro tingal iku têka ora gêlêm anjajah ing bumi, upama anjajaha ing bumi, mêsthi andêlêng patilasan pirang-pirang, dadi banjur wêruh lupiya siksaning Allah marang para wong kuna kang padha ora manut marang para rasule.

--- 2 : 508 ---

Kabêgjan ing akhirat iku tumrap wong kang padha wêdi ing Allah luwih dening prayoga. Yagene wong kang maro tingal mau têka padha ora mikir.

110. (Para rasul mau tansah juwêt ênggone anyurup-nyurupake marang para umate). Barêng para umat mau wis tita wangkot, sarta rasule wis rumasa wêgah, panêmune mung sarwa dipaido sabarang pituture, ing kono (para umat mau Ingsun tungkêbi siksa kang ngagètake). Dene kang dadi parênging karsaningsun, para rasul lan wong kang padha manut, iku Ingsun paringi salamêt, kalis saka ing siksa. Siksaningsun marang wong kang padha duraka suthik manut marang para rasul, iku ora kêna tinulak.

111. Carita lêlakone para rasul iku tumrap wong kang ana pikire, dadi lupiya lan tuladha. Kuran iki dudu carita gawe-gawe, carita têmên, cocog lan unining kitab cêcêkêlane para nabi ing jaman kuna, sarta amijangake samubarang prakara agama, apadene dadi pituduh lan minôngka rahmat marang wong kang padha pracaya ing Allah lan ngandêl marang Rasulullah.

--- 2 : 509 ---

Surat Rakdi

Tinurunake ana nagara Mêkah, patang puluh têlu ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Maha Murah tur kang Maha Asih.

1. Aliph, Lam, Mim, Ra, (Iku kabèh araning aksara Ngarab. Allah ênggone ngandika mangkono iku, kang wêruh têgêse mung Allah piyambak), mungguh kang ginêlar iki, ayate Surat Rakdi, pêperanganing Kuran. (He Mukhammad) Kuran kang didhawuhake dening Pangeranira marang sira iku nyata bênêr, ewadene manungsa iku kang akèh padha ora ngandêl.

2. Allah iku kang andadèkake langit nganggrang ana ing dhuwur tanpa cagak, kaya kang sira dêlêng iku, sarta jumênêng ana ing Ngaras, (jumênênge Allah ana ing Ngaras mau ora kêna ginagas). Apadene Allah marentah srêngenge lan rêmbulan, (padha ingandikakake lumaku tanpa lèrèn, nganti têkan wêwangên kang tinamtokake (iya iku dina kiyamat, ing kono lakuning srêngenge lan rêmbulan lagi kaparêng lèrèn). Mangkono uga Allah nitipariksa lan amranata laku-lakuning jagad saisine kabèh, sarta amijang-mijang ayat tôndha

--- 2 : 510 ---

yêkti kang dadi katêrangan yèn Allah iku Pangeran kang Maha Kuwasa. Kang mangkono mau, karsaning Allah supaya manungsa kabèh padha sumurupa kalawan têrang yèn ing têmbe manungsa iku bakal padha disebakake ana ngarsaning Allah Pangeranira.

3. Allah iku kang angrata bumi, sarta bumi mau didokoki gunung pirang-pirang, apadene bêngawan akèh lan kali-kali, dene siji-sijining wowohan, karsaning Allah digawe warna loro kang têtimbangan (kaya ta dêlima kêcut lan dêlima lêgi, sêmôngka jingga lan sêmôngka konyit sapêpadhane). Mangkono uga Allah anyirnakake padhanging awan lan pêtênging wêngi, lan anyirnakake pêtênging wêngi kêlawan padhanging awan. Kang mangkono iku tumrap wong kang gelêm mikir, dadi tôndha yêkti kang nêrangake yèn Allah iku Pangeran kang Mahakuwasa.

4. Ing bumi ana palêmahan warna-warna kang padha sêsandhingan (ana kang êloh lan ana kang cêngkar), apadene sawah lan pakêbonan isi têtanduran anggur, gandum lan pari, kurma êpang lan kurma ora êpang, kabèh iku disirami kalankalawan. banyu siji (banyu udan), sawênèhing wowohan mau ana kang Ingsun dunungi rasa enak, ngungkuli wowohan liyane. Kang mangkono

--- 2 : 511 ---

iku tumrap wong kang ganêp akale, dadi tôndha yêkti kang nêrangake yèn Allah iku Pangeran kang Mahakawasa.

5. (He Mukhammad), mênawa sira gumun, (marang wong kang padha maro tingal ênggone maido marang sira, tur sira wis ngarani tôndha yêkti pirang-pirang), mara sira pikira, apa ora sangsaya ngeram-eramake dene wong kang maro tingal mau têka duwe pangucap mangkene: Besuk yèn aku wis mati, awakku wis dadi lêmah, apa iya aku bakal dibalèkake dadi wong manèh, banjur dadi titah anyar (layak ora).

6. Wong mangkono mau têtêp padha kaphir, maido ing Pangerane, besuk ana ing akhirat, wong mangkono iku padha dikalungi balênggu, sarta padha dicêmplungake ing naraka, ana ing kono padha langgêng.

7. Wong kaphir ing Mêkah padha anggêguyu marang sira Mukhammad, malah padha nantang têkaning siksa, anyirnakna ing kabêgjane, kang môngka wong kaphir mau wis padha krungu carita lan wêruh patilasane wong ing jaman kuna kang padha dirusak dening Allah marga ênggone padha maido marang rasule. (He Mukhammad), Pangeranira têmên anggantungi pangapura maring kaluputane kaphir

--- 2 : 512 ---

mau anggêre banjur tobat lan pracaya marang rasul. Pangeranira iku siksane luwih dening abot.

8. Wong kaphir ing Mêkah padha ngucap mangkene: Yagene Nabi Mukhammad têka ora diparingi mukjizat kaelokan dening Pangerane kaya mukjizate para nabi ing jaman kuna. (He Mukhammad), unine wong kaphir mau aja sira rèwès. Kuwajibanira mung maratakake dhawuh, siji-sijining golongan padha duwe nabi kang nuduhake dalan bênêr.

9. Allah iku nguningani kaananing bayi kang ana ing wêtêngane sakèhing wong wadon, lan uga nguningani bakal lair sangang sasi utawa kurang utawa luwih, apadene siji-sijine kang gumêlar ana ing jagad iki samubarange padha ditamtokake dening Allah.

10. Allah iku nguningani barang kang samar-samar lan barang kang kasat mata. Allah iku sipat Agêng tur Maha Luhur.

11. Wong kang pangucape kawêtu utawa mung dibatin bae, apadene wong kang nglakoni panggawe ala dhêlikan ing wayah wêngi, utawa ngèdhèng ing wayah rina, iku ingatase Allah padha bae, kabèh diuningani kalalawan kalawan. têrang.

--- 2 : 513 ---

12. Allah iku kagungan malaikat pirang-pirang, kang padha dikarsakake giliran rina lan wêngi, rumêksa marang manungsa, jaga ana ngarêpe lan ing burine, ênggone rumêksa marang manungsa mau saka parentahing Allah. Allah iku ora karsa ngowahi pêparinge kabêgjan lan kabungahan marang manungsa, kajaba yèn manungsa mau ngowahi kalakuane dhewe, kalakuane bêcik diowahi dadi ala. Mênawa Allah karsa nurunake siksa marang wong ing dunya, mêsthi ora ana kang bisa nulak siksaning Allah mau, dene wong kang dituruni siksa mau, banjur ora duwe andêl-andêl kang bisa nulak siksaning Allah, kajaba yèn Allah piyambak karsa nulungi.

13. (He manungsa kabèh), Allah iku kang nênontonake sira, ditontonake kilat kang cumalèrèt, ing kono sira banjur kuwatir bokmênawa disambêr ing balêdhèg, kanthi ngarêp-arêp tibaning banyu udan, kang minangkani uriping têtanduran, lan uga nganakake mêndhung kang abot, isi banyu udan.

14. Sanadyan balêdhèg iya muji nyêbut Maha Suci marang Allah kalawan têmbunge dhewe. Para malaikat saking dening wêdine iya padha muji nyêbut [nyêbu...]

--- 2 : 514 ---

[...t] Maha Suci marang Allah. Mangkono manèh Allah anguculake lan angutus balêdhèg, ingandikakake nyambêr marang wong kang dadi parênging karsane. Ewadene wong kang maido marang Rasulullah padha ambêrkunung madoni marang dhawuhing Allah. Dene Allah iku ênggone niksa wong dosa, disantosani bangêt.

15. Allah iku kagungan donga kang nyata (iya iku dikir: la ilaha illallahu, Mukhammadur Rasulullahi) dene sarupane wong kang padha nyênyuwun marang liyane Allah (nyênyuwun marang brahala) brahala iku kabèh ora ana kang bisa mituruti apa-apa marang wong kang padha nyênyuwun marang brahala mau. Sanepane wong kang padha nyênyuwun marang brahala mau, kaya upamane wong ngadêg ana ing pinggiring sumur kang jêro, angêgarake tangane, pangarêp-arêpe supaya banyu ing sumur iku munggaha dhewe, malêbua ing cangkême, tangèh yèn kalakona mangkono. Dadi panyuwune para wong kaphir marang brahalane iku têtela kêsasar.

16. Para malaikat saisining langit, kabèh padha sujud marang Allah, apadene jin lan manungsa salumahing bumi kang padha mukmin, kabèh padha sujud [su...]

--- 2 : 515 ---

[...jud] marang Allah kalawan pamanut utawa pamêksa, mangkono manèh wêwayangane jin lan manungsa mau iya padha sujud marang Allah ing wayah esuk lan sore.

17. (He Mukhammad) sira andangua marang para wong musrik: Pangeran kang kagungan bumi lan langit iku sapa. Apa ora Allah. Sarèhne Pangeran kang kagungan bumi lan langit iku Allah, yagene kowe padha mangeran marang liyane Allah, iya iku brahala, kang môngka brahala iku ora bisa nguwasani marang awake dhewe, ora bisa gawe pakolèh utawa kamlaratan marang awake dhewe. Kapriye ênggone bisa gawe pakolèh utawa kamlaratan marang liyane. MukhalMokal. yèn bisaa. Wong picak lan wong awas iku apa padha bae. Mêsthi beda. (Wong picak lan pêpêtêng iku sanepane wong kaphir, dene wong awas lan pêpadhang iku sanepane wong mukmin) yagene wong kaphir mau têka padha ngadêgake pangeran brahala, diênggo têtimbanganing Allah. Wong kaphir mau apa padha wêruh yèn liyane Allah ana kang bisa nganangkakenganakake. bumi lan langit, utawa srêngenge lan rêmbulan, utawa liya-liyane. Mêsthi ora. (He Mukhammad) sira dhawuha: Wruhanamu, kang nganakake samubarang kang dumadi iki, Allah piyambak, kang sipat Esa, tur Misesa.

18. Allah iku kang nurunake banyu udan saka ing langit, ing kono sarupaning jurang sasêlaning gunung-gunung banjur padha [pa...]

--- 2 : 516 ---

[...dha] mili samurwate. Banyu mau banjur mêtu unthuke kumambang ana ing banyu, (dadi banyu mau rêrêgêde sumisih dadi unthuk). Mangkono manèh pêpêlikan, kaya ta: mas, salaka lan têmbaga sapanunggalane, kang dilêbur ing manungsa kalawan gêni, digawe dandanan panganggo utawi piranti, iku rêrêgêde iya banjur kumambang, ora beda lan banyu mau, uga sumisih rêrêgêde. Pangandikaning Allah kang wis kasêbut mau ngupamakake prakara kang bênêr lan kang luput, (banyu kang rêsik iku sanepane prakara kang bênêr, dene unthuke kang ora maidahi, iku sanepane prakara kang luput), unthuk iku disingkirake dening banyu marang pinggiring kali. Dene barang kang maidahi marang manungsa iku têtêp ana ing bumi, ora owah. Dadi pangandikaning Allah kang wis kasêbut mau, pêrlune anggêlar sanepa. Sarupane wong kang ngèstokake dhawuhing Pangerane, bakal padha diganjar suwarga. Dene wong kang ora ngèstokake dhawuhing Pangerane, iku bakal disiksa. Upama wong mau duwea saisining bumi iki kabèh, lan duwea samono êngkas, mêsthi saguh ngulungake raja darbèke samono mau, diênggo nêbusi awake, supaya aja nganti awake dipatrapi siksa. (Nanging Allah iya mêsthi ora marêngake), wong mangkono mau mêsthi ditimbang ala bangêt, sarta banjur [ba...]

--- 2 : 517 ---

[...njur] dicêmplungake ing naraka Jahanam. Iba alane panggonan ing naraka iku.

19. Wong kang sumurup yèn Kuran kang didhawuhake dening Pangeranira marang sira iku nyata bênêr, karo wong kang atine picak, iku apa padha bae, (mêsthi beda). Pitutur kang mangkene iki, mung bisa tumama marang wong kang ganêp akale.

20. Kang padha têguh ênggone tuhu ing sêsanggêmane marang Allah, ora pisan selak utawa ngudhari sêsanggêmane.

21. Lan kang padha nglakoni samubarang kang wis didhawuhake dening Allah kinèn anglakoni, (kaya ta, pracaya ing Allah, nyambung sih, tulung-tinulung pada wong Islam sapêpadhane). Lan padha wêdi marang Allah Pangerane, lan padha kuwatir bokmênawa besuk ana ing akhirat ditimbang ala.

22. Lan wong kang padha sabar, (têguh atine ênggone kangelan anglakoni parentahing Allah lan nyingkiri laranganing Allah, apadene ênggone mikul sangsara) ênggone sabar mau murih kaparênging Allah Pangerane, sarta padha nglakoni sêmbayang apadene padha mèwèhake rijêki pêparing Ingsun marang wong mau. Enggone mèwèhake kalawan sidhêman utawa diwêruhi ing akèh. Mangkono manèh mênawa nglakoni [nglak...]

--- 2 : 518 ---

[...oni] panggawe ala banjur ditungka gawe kabêcikan. Wong kang mangkono mau bakal olèh ganjaran ênggone nglakoni kabêcikan ana ing dunya.

23. Iya iku suwarga kang aran suwarga Ngadan, wong mau padha malêbu ing suwarga Ngadan dalah para lêluhure lan para bojone apadene anak putune kang padha bêcik kalakuane (pracaya marang Allah lan ngèstokake parentahe). Dene para malaikat padha seba marang wong mau, mêtu kori-korining suwarga.

24. Para malaikat mau padha ambagèkake marang wong kang padha malêbu ing suwarga, têmbunge: Sampeyan mugi kasugêngana, margi anggèn sampeyan sami kuwawi sabar kala wontên ing dunya, iba endahipun suwarga ganjaraning Pangeran dhumatêng sampeyan, margi anggèn sampeyan anglampahi pandamêl sae kala wontên ing dunya.

25. Dene sarupane wong kaphir, iya iku wong kang sawise diugêri sêsanggêmane dening Allah, banjur cidra, ngudhari sêsanggêmane, sarta padha mêdhot sih, kang môngka Allah wis andhawuhake nyambung sih, apadene wong mau padha

--- 2 : 519 ---

gawe rusak ana ing bumi, wong mangkono iku têtêp kêna bêbênduning Pangeran, sarta padha dipatrapi siksa naraka, tumônja patrapane panggawe ala kang wis dilakoni nalika ana ing dunya.

26. Allah iku paring rijêki akèh lan uga anyumpi marang wong kang dadi parênging karsane. Para wong kaphir ing Mêkah padha bungah-bungah marga padha katêkan kêkarêpane ana ing dunya, diparingi rijêki akèh dening Allah. Kabungahan ing dunya iku yèn tinandhing karo kabungahan ing akhirat, sapele bangêt.

27. Wong kaphir ing Mêkah padha ngucap mangkene: Yagene Nabi Mukhammad têka ora diparingi mukjizat kaelokan saka Pangerane, (kaya mukjizate Nabi Musa lan Nabi Ngisa biyèn), he Mukhammad, sira dhawuha mangkene: Satêmêne Allah iku nasarake marang wong kang dadi parênging karsane, sarta nuduhake dalan bênêr marang wong kang kudu bali marang Allah, (têgêse: ngèstokake parentahe. Sing sapa dipêsthi kêsasar dening Allah, sanadyan digêlarana mukjizat dikayangapa kèhe, iya ora gêlêm pracaya marang Rasulullah).

--- 2 : 520 ---

28. Dene wong kang kudu bali marang Allah iku, sarupaning wong kang pracaya ing Allah, lan têntrêm antêng atine, marga ênggone eling marang Allah. Apa ora nyata yèn eling maring Allah iku nêntrêmake lan ngantêngake ati. Dene sarupane wong kang pracaya ing Allah, sarta nglakoni panggawe bêcik, iku bakal olèh kabêgjan gêdhe lan kawusanan bêcik.

29. (He Mukhammad), ing jaman kuna Ingsun wis ngutus para Nabi, kang padha dipaido ing para umate, mangkono uga saiki Ingsun ngutus sira mêmulang marang para umatira. Biyèn sadurunge umatira iku iya wis akèh para umat kang maido marang Nabine. Saiki umatira padha sira wacakna Kuran kang wis Ingsun dhawuhake marang sira. Wusana para umatira mau padha maido, selak ngaku ora wêruh Pangeran kang Mahamurah. (He Mukhammad), sira dhawuha: Pangeran kang Mahamurah iku Allah Pangeranku. Ora ana sesembahan kalawan bener kajaba mung Allah kang Mahamurah. Aku nyumanggakake awakku marang Allah. Sarta tobatku lan tobating para kawula iku kudu konjuk ing Allah.

--- 2 : 521 ---

30. Sanadyan Kuran iku diênggo ambêdhol gunung utawa diênggo ambêlah bumi nganti dadi bêngawan apadene diênggo saranane wong mati padha bisa caturan, sarta kêlakon mangkono têmênan, ewadene wong kang wis pinêsthi kaphir iya mêksa ora gêlem pracaya marang Allah. Samubarang prakara iku kabèh kagunganing Allah, apa kang dikarsakake mêsthi kêlakon. Para wong mukmin apa ora wis padha sumurup, upama ana parênge karsaning Allah, wong sajagad iki dikarsakake olèh pituduh bênêr kabêh. mêsthi kêlakon mêngkono.

31. Para wong kaphir ing Mêkah iku tansah nandhang rêribêt kang gêdhe, marga saka panggawene dhewe, ênggonoênggone. ora gêlêm pracaya ing Allah, kayata: Sira kêpung ana sacêdhaking omahe ing Mêkah, kang mangkono iku nganti kalêksanan janjining Allah bakal nulungi ing sira Mukhammad, ngalahake para wong kaphir. Allah iku ora pisan karsa nyidrani janji.

32. Para Rasul ing jaman kuna sadurunge sira padha digêguyu marang para umate, ora beda lan sira Mukhammad. Enggon ingsun arêp niksa marang para umat kang kaphir iku, nganggo Ingsun sarantèkake, [sarantèka...]

--- 2 : 522 ---

[...ke,] bokmênawa banjur padha tobat. Barêng wis tita padha ora gêlêm tobat, banjur padha Ingsun turuni siksa. Lah kapriye kaanane siksaningsun.

33. Allah Pangeran kang Waspada, ora kasamaran marang tindak lakune sakèhe wong, apa padha bae lan brahala kang ora bisa apa-apa. Mêsthi beda bangêt. Wong kaphir têka padha ngadêgake Pangeran brahala diênggo têtimbanganing Allah. (He Mukhammad), sira dhawuha marang wong kaphir mau. Mara padha aranana, brahala iku apa, kowe apa bisa nêrangake sajatining brahala iku, yèn têmêna dadi têtimbanganing Allah ana ing bumi, Allah mêsthi mirsa, nanging ênggonmu nganggêp brahala dadi têtimbanganing Allah iku mung kalawan pangucap lan panyana kang luput. (He Mukhammad), wong kaphir iku wis padha lanyah ênggone dhêmên dadi kaphir, lan padha kapêpêtan dalaning pituduh bênêr. Dene sing sapa disasarake dening Allah, mêsthi ora bisa olèh pituduh bênêr.

34. Wong kaphir mau ana ing dunya padha disiksa kalawan ditawan marga kalah pêrang, dene siksane besuk ana ing akhirat, dicêmplungake ing naraka, iku siksa kang luwih abot, sarta ora ana kang bisa nulak utawaSeharusnya hlm. 523 dan seterusnya.

--- 2 : 533 ---

murungake siksaning Allah mau.

35. Mungguh kaananing suwarga kang disadhiyakake bakal ganjaraning wong kang padha wêdi ing Allah iku ana bêngawane mili ana sangisore kêkayon, pêpanganan ing kono iku tanpa êntèk, eyube ing kono langgêng. Iya iku ganjarane wong kang padha wêdi ing ing Allah. Dene patrapane para wong kaphir, iku dicêmplungake naraka.

36. Dene para wong Islam kang maune wis Ingsun paringi cêcêkêlan kitab Torèt utawa Injil, iku padha bungah dening tumuruning Kuran kang wis didhawuhake marang sira Mukhammad. Ewadene ana sawênèhing pakumpulan kang maido surasaning Kuran sawatara. (He Mukhammad), sira dhawuha: Aku iki diparentahi dening Allah, ingandikakake nêmbah ing Allah bae, lan aku ora kaparêng maro tingal, yèn aku nyênyuwun, mêsthi nyênyuwun ing Allah. Ing besuk dina kiyamat, aku bakal bali marang ngarsaning Allah.

37. Ingsun andhawuhake khukuming Kuran kalawan têmbung Arab, padha lan ênggon Ingsun andhawuhake kitab marang para Nabi ing jaman kuna kalawan têmbunge dhewe-dhewe. [dhe...]

--- 2 : 534 ---

[...we-dhewe.] (He Mukhammad), sawise sira kadunungan kawruh bênêr iki, mênawa sira manut sakarêpe wong kaphir, amêsthi bakal dipatrapi siksa, sarta ora duwe andêl-andêl kang bisa nulak siksaning Allah.

38. (He Mukhammad), sadurunge sira, Ingsun wis ngutus para Rasul ing jaman kuna, kang padha mêngku bojo sarta nurunake anak putu. Siji-sijining Rasul mau ora kêna andhawuhake ayat, kajaba kalawan kaparênge karsaning Allah. Sabên pêpêsthèn iku ditulisi ana ing Lohmahphul, nganggo ditamtokake dina lan wayahe tibaning pêpêsthèn mau.

39. Têtulisaning pêpêsthèn mau ana sawatara kang dirusak dening Allah, disalini pêpêsthèn liyane, manut sakaparênge karsaning Allah, lan ana uga kang dilêstarèkake bae, dene baboning tulisan ing Lohmahphul iku ana ngastaning Allah piyambak.

40. (He Mukhammad), mênawa sira Ingsun tontonake kalêksanane siksa kang Ingsun ancamake marang wong kaphir, utawa nyawanira Ingsun pundhut sadurunge kalêksanan siksaningsun marang para

--- 2 : 535 ---

wong kaphir mau, iku ora dadi apa. Awit kawajibanira mung ngundhangake dhawuh Ingsun, dene kang nimbang lan mancasi ala bêciking wong, iku mung Ingsun dhewe.

41. Para wong kaphir kang padha takon mukjizat kaelokane Nabi Mukhammad, apa ora andêlêng ênggon Ingsun rawuh ing bumine wong kaphir mau, bumine Ingsun longi saka ing pinggir, nganti êntèk, kabawah ing Nabi Mukhammad kabèh, dene kang kuwasa nêtêpake khukum, iku mung Allah, ora ana kang bisa anjugarake khukuming Allah. Allah iku panimbange lan paniksane rikat bangêt.

42. Para umat sadurunge umate Nabi Mukhammad iki padha maeka marang para Nabine, nanging paekan iku kabèh ana panguwasaning Allah. Allah iku nguningani samubarang kang dilakoni dening sawi-wijining awak. Ing besuk para wong kaphir bakal padha wêruh sapa kang wusanane bêcik.

43. (He Mukhammad), wong kaphir ing Mêkah padha calathu marang sira mangkene: Sampeyan punika dede utusaning Allah. Iku sira wangsulana mangkene: Pasulayanku lan kowe bab ênggonku [ênggo...]

--- 2 : 536 ---

[...nku] dadi utusaning Allah kopaido, iku cukup disêksèni dening Allah piyambak, kang nguni sakèhing pêpêsthèn kang tinulis ing Lohmahphul.

Surat Ibrahim

Tinurunake ana nagara Mêkah, sèkêt loro ayat.

Awit ingkang asma Allah, Ingkang Mahamurah tur Kang Maha-asih.

1. Aliph Lam Ra, iku kabèh araning aksara Ngarab. Allah ênggone ngandika mangkono mau, kang uninga têgêse mung Allah piyambak. (He Mukhammad), Kuran iki kitab kang Ingsun dhawuhake marang sira, supaya sira ênggoa mêtokake manungsa saka pêpêtênging kaphir marang pêpadhanging iman, utawa marang dalaning Pangeran kang Mulya tur Pinuji, kang mangkono iku dhasar parintahing Pangeran.

2. Pangeran Allah kang kagungan saisining bumi lan langit. Dene siksa naraka kang luwih dening abot, iku patrapane para wong kapir kabèh.

3. Kang padha milih kabungahan ing dunya, ora praduli marang kabungahan ing akhirat, lan padha [pa...]

--- 2 : 537 ---

[...dha] mênging manungsa supaya aja ngambah dalan agamaning Allah, pamrihe: agamaning Allah iku malèncènga. Wong mangkono mau têtêp kêsasar saka dalaning Allah nganti adoh.

4. Mênawa Ingsun ngutus sawijining Rasul, ora nganggo têmbunge wong ngêndi-êndi mung nganggo têmbunge para umate, supaya Rasul mau cêthaa ênggone nêrangake dhawuh Ingsun marang para umate. Sawise Allah ngutus para Rasul, Allah nasarake wong kang dadi parênging karsane, lan uga paring pituduh bênêr marang wong kang dadi parênging karsane. Allah iku sipat Mulya tur Wicaksana.

5. Biyèn Ingsun wis ngutus Nabi Musa, kanthi ayat Ingsun mukjizat kaelokan pirang-pirang, dhawuh Ingsun: He Musa, sira mêtokna para umatira saka pêpêtênging kaphir marang pêpadhanging iman, lan padha sira elingna lêlakoning para umat ing jaman kuna kang padha dituruni siksa dening Allah, awit pêpeling iku dadi ayat utawa wêwulang tumrap wong kang padha sabar tur sukur ing Allah.

6. (He Mukhammad), sira nyaritakna lêlakone Nabi Musa, nalika dhawuh marang para umate: Kowe padha elinga pêparinging Allah kabungahan marang

--- 2 : 538 -- -

kowe, kayata: Allah wis paring salamêt marang kowe, luwar saka pialane Raja Phirngon sapunggawane, kang padha nganiaya marang kowe, nandukake siksa kang siya-siya, apadene ambêlèhi anakmu kang lanang, dene anakmu kang wadon padha diuripi. Kang mangkono iku coba gêdhe saka Allah Pangeranmu.

7. Lan manèh kowe padha elinga, nalikane Allah Pangeranmu ngundhangake dhawuh mangkene: He para turuning Israil, mênawa sira padha sukur ing Allah, amêsthi pêparing Ingsun kabungahan marang sira kang uwis iku Ingsun wuhi wuwuhi. manèh, dene yèn sira maido pêparing Ingsun kabungahan, sira Ingsun patrapi siksa, wruhanira: siksaningsun iku luwih dening abot.

8. Nabi Musa banjur dhawuh: He para sanakku wong Bani Srail kabèh, mênawa kowe dalah wong saisining bumi iki kabèh padha maimaido. pêparinging Allah kabungahan, Allah ora bakal eman utawa kogêl ênggone niksa, wruhanamu, Allah ora butuh marang kawulane, Allah iku pantês Ingalêmbana.

9. Apa kowe durung sumurup carita lêlakone para umat kuna sadurunge kowe ana, kaya ta:

--- 2 : 539 ---

para umate Nabi Nuh, sirna kabèh marga dikêlêm, apadene wong Ngad lan wong Samud, kabèh padha dirusak dening Allah.

10. Dene sapungkure umat têlung warna mau, akèh para umat kang tanpa wilangan, ora ana kang wêruh cacahe mung Allah piyambak, para umat mau padha diwulang dening para Rasule dhewe, kanthi tôndha yêkti utawa mukjizat kaelokan pirang-pirang. Para umat mau saking bangêting pamaidone, nganti padha nyokot darijine, pangucape marang Rasule: Samukawis wêwulang sampeyan, sampeyan awadakên dhawuhing Allah, punika kula maibên. Dene anggèn sampeyan ajak-ajak dhatêng kula pitados ing Allah, punika kula taksih sumêlang, dèrèng sagêd ngandêl dhatêng wulang sampeyan.

11. Para Rasul mau banjur mangsuli: Apa kowe padha mamang yèn Allah iku kang nganakake bumi lan langit, lan saisine kabèh. Allah nimbali marang kowe kabèh, padha dikarsakake ngandêl marang Allah, yèn wis padha pracaya marang Allah, Allah bakal ngapura marang kaluputanmu, sarta nyarantèkake marang kowe kabèh nganti têkan puputing umurmu, ora matrapi kêncengan marang kowe.

--- 2 : 540 ---

12. Para umat mau banjur padha matur: Sampeyan punika dede sintên-sintên, inggih namung tiyang kados kula kemawon, botên ngungkuli punapa-punapa dhatêng kula. Dene anggèn sampeyan ngajak pitados dhatêng Allah punika, sêdya sampeyan namung ngawisi anggèn kula nyêmbah brahala sêsêmbahanipun para lêluhur kula. Ewadene mênawi karsa sampeyan makatên punika lêrês sayêktos, coba sampeyan dhatêngakên tôndha yêkti.

13. Para Rasul mau banjur mangsuli marang para umate: Bênêr aku iki dudu sapa-sapa, mung wong kaya kowe bae, ewadene Allah iku paring kaluwihan marang kawulane kang dadi parênging karsane. Aku ora bisa nêkakake tôndha yêkti kalawan panguwasaku dhewe.

14. Kajaba kalawan kaparênging Allah, iku aku bisa nêkakake tôndha yêkti. Wong kang pracaya ing Allah padha nyumanggakna awake marang Allah.

15. Sabab dening apa aku ora nyumanggakake apa sakarsaning Allah, mêsthi nyumanggakake. Allah wis paring pituduh dalanku marang kaslamêtan, lan aku mêsthi sabar marang pangaru-birumu lan ênggonmu padha nglarani marang aku. Wong kang padha nyumanggakake [nyumanggaka...]

--- 2 : 541 ---

[...ke] apa sakarsaning Allah, padha têrusa ênggone nyumanggakake.

16. Sarupane wong kaphir mau banjur padha ngancam marang Rasule, pangucape: Sampeyan mêsthi kula tundhung saking bumi kula ing ngriki, utawi kula pêksa ambalik, manut agama kula nyêmbah brahala. Pangeran banjur paring dhawuh marang para rasul mau: Sira aja kuwatir. Wong kang padha duraka kaphir iku mêsthi Ingsun rusak.

17. Sapungkure wong kaphir mau, sira Ingsun gêntèkake manggon mêngku bumi ing kene. Kang mangkono mau sumurup sih Ingsun marang wong kang wêdi pangadilan Ingsun besuk dina kiyamat, lan wêdi pangancam Ingsun siksa.

18. Para Rasul mau padha nyuwun pitulunging Allah, angalahna para wong kaphir mau, panyuwune diparêngake, para wong kaphir kang gumêdhe sarta maido mau, nuli dirusak kabèh dening Allah.

19. Wong kaphir mau ana ing akhirat ngarêpake naraka jahanam, banjur dicêmplungake ing naraka mau. Ana ing kono dicangar lan dipêksa ngombe nanah.

20. Sanadyan wong kaphir mau dicangar lan lan dipeksa ngombe nanah, nanging ora bisa ngulu dening ora doyan. Ing kono ana siksa warna-warna kang murwate amatèni, iku padha nêmpuh saka ing ngarêp [nga...]

--- 2 : 542 ---

[...rêp] lan ing buri, sarta saka kiwa lan saka ing têngên. Wong kaphir mau ngrasakake laraning pati, nanging ora bisa mati. Ing ngarêpe isih tumpa-tumpa siksa ingkang angluwihi abote.

21. Sanepane wong kaphir maido ing Pangerane iku mangkene: Lakune ênggone padha gawe kabêcikan wong kaphir mau, kaya upamane awu katiyup ing angin, ing dina kang akèh angine gêdhe: Ing besuk dina kiyamat, wong kaphir mau ora bisa ngukuhi lakune kang bêcik sathithik-thithika. Mangkono iku têtela kêsasar saka dalan bênêr nganti adoh.

22. (He manungsa) apa sira ora wêruh yèn Allah iku nganakake bumi langit saisine kabèh kalawan nyata. Mênawa ana kaparênge karsaning Allah sira iku disirnakake kabèh, banjur disalini titah liyane, mêsthi kalêksanan kalawan kuwasaning Allah.

23. Dene kalakone nyirnakake sira kabèh lan nyalini titah anyar, iku ingatase Allah ora angèl.

24. Ing besuk dina kiyamat, wong kaphir padha dijèjèr katon kabèh ana ngarsaning [ngarsa...]

--- 2 : 543 ---

[...ning] Allah. Ing kono wong kaphir kang busuk padha calathu marang wong kaphir kang pintêr, têmbunge: Sarèhne aku iki busuk, biyèn mula aku mung manut bae marang kowe. Saiki kowe apa bisa nulak siksaning Allah kang bakal tumiba marang awakku sathithik bae.

25. Wong kaphir kang pintêr mau banjur mangsuli: Upama nalika ana ing dunya biyèn Allah paring pituduh dalan kaslamêtan marang aku, aku iya nuduhake dalan kaslamêtan marang kowe, nanging ora. Mulane saiki kapriye manèh, aku lan kowe wis ora duwe pangungsèn, mung kapêksa nandhang siksa, susah utawa sabar padha bae, ora maidahi.

26. Barêng sarupaning prakara wis padha dirampungi (wong kang pancèn diganjar suwarga wis padha malêbu ing suwarga, lan wong kang pancèn disiksa ing naraka wis padha dicêmplungake ing naraka). Setan banjur calathu marang wong ing naraka: Satêmêne, biyèn Allah wis ngundhangake prajanjiyan marang kowe kabèh, saiki dituhoni ora ana kang cidra. Aku uga awèh prajanji marang kowe (bakal ora ana dina kiyamat lan ora ana ganjaran suwarga, utawa siksa

--- 2 : 544 -- -

naraka), saiki aku nyidrani janjiku marang kowe, lan saiki aku wis ora kuwasa mêksa apa-apa marang kowe.

27. Ewadene aku ngajak sasar marang kowe, sarta kowe wis padha gêlêm manut: iya wis, kowe aja padha nutuh marang aku, nutuha awakmu dhewe. Aku ora nulungi kowe, kowe ora nulung iaku. Enggonmu padha ngadêgake aku dadi têtimbanganing Allah biyèn, saiki tak selaki. Satêmêne wong kang duraka kaphir iku wis bênêre padha disiksa kang nglarani.

28. Dene sarupane wong kang mukmin (pracaya ing Allah) sarta padha nglakoni bêcik, iku kaparênging Pangeran, padha dilêbokake ing suwarga, kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, ana ing kono padha langggêng. Dene pakurmatane siji -sijining wong marang liyane ana ing kono, sarana uluk salam, têmbunge: Sampeyan kasugêngana.

29. (He manungsa) sira apa ora ngêrti, ênggone Allah ngupamakake kalimah kang suci (iya iku: La ilaha ilallah), têgêse: [tê...]

--- 2 : 545 ---

[...gêse:] ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah), diupamakake kaya wit kurma, wohe enak pinangan. Dhangkèle tumancêp ana ing bumi, pange nyêrkakah ana ing langit.

30. Wit kurma mau awit saka parentahing Pangerane, sabên kalamôngsa taun sapisan mêtu wohe. Allah anggêlar upama pirang-pirang manungsa, supaya manungsa mau padha elinga.

31. Dene sanepane kalimah kang ala (iya iku sarupaning pangucap kang surasane maro tingal, mangeran liyane Allah). iku kaya upamane wit-witan kang wohe ora enak pinangan. Wite rungkat saka ing bumi, ora têtêp ana ing panggonane.

32. Allah iku ngukuhake atine para wong mukmin, ênggone ngantêpi surasaning kalimah kang suci, kang wis têtêp diantêpi nalikane urip ana ing dunya, lan besuk ana ing akhirat. Lan manèh Allah iku nasarake wong kang padha maro tingal, apadene nindakake samubarang kang dadi parênging karsane.

33. Sira apa ora andêlêng wong kang padha diparingngi [diparing...]

--- 2 : 546 ---

[...ngi] nikmat kabungahan dening Allah nanging banjur malês ala, kaphir maido marang Allah (iya iku wong turun Kurès kang padha kaphir, sarta mrênahake para kancane ana ing panggonan karusakakan).

34. Iya iku naraka jahanam. Wong kaphir padha kacêmplung naraka jahanam mau, iba alane pangggonan ing naraka jahanam iku.

35. Wong kaphir mau padha ngadêgake têtimbanganing Allah, iya iku brahala, amrihe supaya manungsa iku padha kêsasara saka dalan kang bênêr. (He Mukhammad), sira dhawuha: Iya padha bungah-bungaha sadhela, mupung ana ing dunya, ing têmbe kowe ora wurung kacêmplung ing naraka.

36. (He Mukhammad), sira dhawuha marang para kawulaningsun kang padha mukmin, supaya padha nglakonana sêmbayang, lan padha mèwèhna rijêki kang wis Ingsun paringake marang wong mukmin mau, kalawan sidhêman utawa diwêruhake ing ngakèh, mupung durung têkan dina kiyamat, iya iku dina kang ora tumindak lakuning têbusan, lan ora ana mitra bêcik bisa têtulung.

37. Allah iku kang nganakake bumi lan langit, sarta kang nurunake banyu udan saka ing langit, banjur

--- 2 : 547 ---

diênggo mêtokake wohing wit-witan kang dadi rijêki diparingake marang sira, apadene marentahi prau supaya manut marang sira, lumaku ana ing sagara, lan maringake bêngawan sarta kali-kali marang sira, lan maringake srêngenge sarta rêmbulan marang sira kang sakaronosakarone. padha ajêg lakune, ajêg sorote, ajêg ubênge lan ajêg dayane, mangkono manèh maringake rina lan wêngi marang sira, sarta maringi samubarang kang sira suwun. Mênawa sira nacahake pêparinging Allah kabungahan marang sira, mêsthi ora bisa, saking dening kèhe tanpa wilangan. Ewadene manungsa iku padha duraka, dadi nganiaya marang awake dhewe, ora gêlêm sukur maring pêparinging Allah, kabungahan mau.

38. (He Mukhammad), sira nyaritakna Nabi Ibrahim, nalikane nyênyuwun marang Pangerane, têmbunge: Dhuh Allah Pangeran kawula, nagari Mêkah punika mugi Tuwan dadosakên nagari tata têntrêm, sarta kawula dalah para turun kawula mugi tuwan têbihakên sampun ngantos nyêmbah brahala.

39. Dhuh Allah Pangeran kawula, brahala punika anjalari kêsasaripun tiyang kathah, sami nyêmbah brahala. Sintên ingkang manut agama kawula,

--- 2 : 548 ---

nêmbah ing Tuwan, inggih punika kônca kawula, dene sintên ingkang botên manut agama kawula, nyêmbah dhatêng sanèsipun Tuwan, mugi Tuwan gantungi pangapura, bokmênawi ing têmbe lajêng tobat, awit tuwan punika kaparêng sangêt ngapura dosa, tur Maha-asih.

40. Dhuh Pangeran kawula, turun kawula punika wontên ingkang kawula ênggènakên wontên sacêlakipun padalêman Tuwan ingkang mulya, dumunung ing jurang sasêlaning rêdi, ingkang botên wontên têtuwuhanipun babar pisan, supados sami nglampahi sêmbayang wontên ing ngriku. Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi andadosna manahipun manungsa punika sami suyud sadaya dhumatêng para turun kawula, lan mugi sami Tuwan paringi rijêki wowohan, supados sadaya sami sukur ing Tuwan.

41. Dhuh Pangeran kawula, Tuwan punika nguningani samukawis ingkang kawula batin utawi ingkang kawula dhèng. Allah botên pisan kasamaran dhatêng isèn-isènipun bumi kalihan langit, sakathahing puji pangalêmbana punika konjuk ing Allah, ingkang sampun maringi anak dhumatêng kawula, nama pun Ismail kalihan pun Iskak, tur kawula punika sampun [sampu...]

--- 2 : 549 ---

[...n] sêpuh sangêt. sèstunipun, Allah Pangeran kawula amaringi panyuwuning kawulanipun.

42. Dhuh Pangeran kawula, kawula saha turun kawula mugi Tuwan dadosakên tiyang ingkang têtêp sêmbayangipun. Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi amarêngna panyuwun kawula, saha nganggêp pangabêkti kawula. Dhuh Pangeran kawula, benjing dintên kiyamat, nalikanipun manungsa dipun timbang awon saenipun, Tuwan mugi ngapuraa dhumatêng kawula saha dhumatêng tiyang sêpuh kawula kêkalih, punapadene dhumatêng para tiyang mukmin.

43. (He Mukhammad), sira aja ngira yèn Allah iku kêsupèn marang panggawene wong kang padha nganiaya. Wruhanira Allah ênggone bakal matrapi siksa marang wong kang padha nganiaya mau, kaparênging karsane, disarantèkake besuk dina kiyamat, ing kono sarupaning mata padha tansah mandêng tanpa kêdhèp

44. Padha rêrikatan ênggone marani marang ênggone kang ngundang, sarta tumênga tanpa kêdhèp, apadene padha êntèk atine. (He Mukhammad), manungsa padha sira wêdènana dina kiyamat, nalikane para wong kaphir padha katêkan siksaning Allah.

45. Ing kono sarupane wong kang nganiaya padha munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, kawula mugi Tuwan [Tuwa...]

--- 2 : 550 ---

[...n] wangsulakên dhatêng ing dunya, sarta Tuwan sarantosakên sakêdhap.

46. Kawula badhe ngèstokakên dhawuh Tuwan, sarta badhe manut dhatêng Para Rasul. Wong kaphir mau banjur tômpa dhawuh: Nalika sira ana ing dunya biyèn, apa ora wis supata, ngarani manungsa iku ora bakal oncat saka ing dunya, ora ana dina kiyamat.

47. Saiki sira mêsthi manggon awor ana panggonane wong kaphir kang padha nganiaya marang awake dhewe. Lan saiki sira wêruh têrang barang kang Ingsun tindakake marang wong kaphir mau. Biyèn Ingsun wis anggêlarake upama pirang-pirang. Wong kaphir mau wis nindakake paekan marang Rasulullah, dene wêwalêse ênggone maeka mau, ana ngastaning Allah piyambak, sanadyan paekane wong kaphir mau bisa ambêdhol gunung upamane, nanging ora, ewadene ora bisa anjugarake agamane Nabi Mukhammad.

48. Sira aja ngira yèn Allah iku nyidrani janjine ênggone bakal nulungi para utusane. Satêmêne Allah iku Mulya tur kagungan siksa.

49. Ing dina kiyamat iku bumi disalini liyane [liya...]

--- 2 : 551 ---

[...ne] bumi, sarta langit iya diowahi tatane, ing kono sarupane wong mati padha ditangèkake, mêtu saka ing kubure, padha disebakake ana ngarsaning Allah kang Esa tur Misesa.

50. Ing kono sira andêlêng para wong duraka padha ditalèni lan dirèntèng.

51. Sandhangane kang digawe bakal tir, raine kêtutupan ing gêni, wong kaphir padha dijèjèr sadhiya bakal nampani wêwalêse barang kang wis padha dilakoni ana ing dunya. Satêmêne Allah iku panimbange rikat bangêt.

52. Kuran iku dhawuh warata marang sarupaning manungsa, kanggo mêmêdèni, supaya manungsa wêruha yèn pangeran iku mung siji.

Surat Khijir

(araning nagarane wong Tsamud)

Tinurunake ana nagara Mêkah, sangangpuluh sanga ayat.

Awit ingkang asma Allah ingkang Mahamurah tur Maha-asih.

1. Aliph Lam Ra, iku kabèh araning aksara Ngarab, Allah ênggone ngandika mangkono [mangko...]

--- 2 : 552 ---

[...no] iku, mung Allah piyambak kang uninga têgêse. Kang kasêbut ing surat Khijir iki ayating kitab Kuran, kang nêrangake barang kang bênêr lan kang luput.