Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

Jus kaping patbêlas

2. Besuk dina kiyamat, wong kaphir nalikane padha andêlêng siksa, akèh kang padha kapengin dadi wong Islam.

3. Wong kaphir iku saiki togna bae, karêbèn padha mêmangan lan bungah-bungah, ilang kaprayitnane dening katungkul andêlêng bandhane, gagasane anglalèkake marang iman, ing besuk dina kiyamat, mêsthi wêruh kawusananing awake.

4. Mênawa Ingsun ngrusak sawijining desa, iku mêsthi wis tinulis ana ing Lohmahphul pinêsthi rusak, sarta wis ditamtokake dina lan wayahe.

5. Patine siji-sijine umat ora bisibisa. andhisiki utawa ngèrèni pêpêsthène kang tinulis ana ing Lohmahphul.

6. Wong kaphir ing Mêkah padha matur marang Nabi Mukhammad: He Nabi Mukhammad, sampeyan ngakên tinurunan Kuran, ngêmban timbalaning Allah, pamanggih kula, sampeyan punika ewah.

--- 2 : 553 ---

7. Mênawi cariyos sampeyan têmên, kenging punapa sampeyan têka botên andhatêngakên Malaikat mriki, supados nêksèni bilih sampeyan punika têmên utusaning Allah.

8. (Dhawuhing Allah): Ingsun ora nurunake Malaikat, kajaba yèn ana pêrlune Ingsun utus nurunake siksa. Mênawa Ingsun nurunake Malaikat, dadi paniksane wông kaphir iku tanpa disarantèkake.

9. Ingsun anurunake Kuran, sarta Kuran mau Ingsun rêksa (ora ana wong bisa muwuhi utawa nyuda).

10. Dhèk jaman kuna sadurunge sira, Ingsun uga wis ngutus para Rasul, Ingsun karsakake mêmulang marang wong kuna kang padha agêgolongan.

11. Sabên Ingsun ngutus Rasul, wong golongan kang diwulang mêsthi padha anggêguyu marang Rasul mau (ora beda lan para umatira ênggone padha anggêguyu marang sira).

12. Ingsun andokokake pamaido ana ing atine umatira kang padha duraka, kaya ênggon ingsun andokokake pamaido ana ing atine wong golongan ing jaman kuna mau.

13. Para umatira padha ora ngandêl marang Kuran, kang

--- 2 : 554 ---

môngka wis kêtatalan, wong kuna kang ora manut marang Rasule padha Ingsun rusak.

14. Saupama wong kaphir mau Ingsun wêngani lawanging langit (banjur wêruh Malaikat padha munggah-mudhun) wong mau iya banjur padha munggah marang langit (wêruh kaelokan pirang-pirang. Sanadyan mangkonoa pisan, iya mêksa ora ngandêl marang Kuran).

15. Wong kaphir mau malah padha ngucap mangkene: ênggonku rumasa wêruh ing langit iku, satêmêne pandêlêngku disulap, dadi aku iki dumunung kêna ing sikhir.

16. Ingsun wis nganakake lintang buruj rolas. (Lintang Buruj rolas iku 1. lintang Khadzal, 2. lintang Tsur, 3. lintang Juza,4. lintang Saraban, 5. lintang Asad, 6. lintang Sunbulah, 7. lintang Mizan, 8. lintang Pakrab, 9. lintang Gos, 10. lintang Jaddi, 11. lintang Dalwu, 12. lintang Khub. Jalalèn). Ingsun dokokake ana ing langit, minôngka rêrêngganing langit, asri dinêlêng ing wong.

17. Lan Ingsun angrêksa langit mau, aja nganti diunggahi ing setan, yèn arêp munggah ing langit, dibalangi dening Malaikat, dadi padha

--- 2 : 555 ---

wêgah munggah ing langit.

18. Kajaba setan kang ngisê-isêpngisêp-isêp. pangrungu saka para malaikat, iku ana kang wani munggah, ewadene banjur dibalangi malaikat kalawan gêni lan lintang.

19. Lan manèh Ingsun anggêlar bumi, sarta Ingsun dokoki gunung pirang-pirang, apadene Ingsun karsakake mêtu thêthukulane warna-warna, lan pêlikan kang dibobot (kaya ta mas lan salaka sapanunggalane).

20. Mangkono uga bumi mau Ingsun dokoki barang kang dadi panganira, lan panganing kêbe kêbo. sapi sapêpadhane, kang satêmêne ora dadi ingonira, (Allah piyambak kang paring pangan).

21. Gêdhong pasimpênaning samubarang kang dumadi, iku ana ngastaningsun, dene ênggon Ingsun maringake barang mau marang sawiji-wijining wong, iku manut pêpêsthèn kang wis têrang kauningan ing Ingsun.

22. Ingsun angididake angin kang nêsêp banyu ginawa mandhuwur, Ingsun banjur nurunake banyu udan saka ing langit, banjur Ingsun ênggo nyiram sira manungsa kabèh. Kang nyêkêl gêdhonge banyu udan iku dudu sira, Ingsun pribadi.

23. Ingsun iki kang gawe urip lan pati, apadene kang langgêng tan kêna owah.

--- 2 : 556 ---

24. Ingsun nguningani têrang marang sira kabèh, uruting laire lan batine, sapa kang dhisik lan sapa kang kari (Ingsun ora kasamaran).

25. Satêmêne Allah Pangeranira iku, kang nguripake manungsa kabèh saka ing pati. Allah iku wicaksana tur nguningani samubarang.

26. Têmên Ingsun wis gawe manungsa saka ing lêmah irêng kang garing tur kumênthing, winoran banyu nganti dadi êndhut mambu saking lawase.

27. Ingsun sadurunge gawe manungsa wis gawe jan (iya iku iblis kang nurunake jin lan setan), jan mau Ingsun gawe saka gêni kang mawa wisa.

28. (He Mukhammad), sira nyaritakna nalikane Pangeranira ngandika marang para malaikat: Ingsun gawe manungsa saka ing lêmah irêng kang garing tur kumênthing, winoran banyu nganti dadi êndhut mambu saking lawase.

29. Barêng êndhut mau wis Ingsun êndhèg-êndhèg rupa manungsa sampurna, nuli Ingsun sêbul, Ingsun dokoki roh Ingsun (manungsa mau banjur urip). He para malaikat, sira padha sumungkêma sujud marang Adam.

30. Para malaikat kabèh banjur (padha ngèstokake [ngè...]

--- 2 : 557 ---

[...stokake] dhawuhing Allah), padha sujud kabèh marang Adam.

31. Mung iblis dhewe mopo ora gêlêm sujud marang Adam.

32. Allah nuli andangu: He iblis, marga dening apa sira ora gêlêm milu sujud marang Adam.

33. Iblis nuli munjuk ing Allah: Kawula môngsa puruna sujud dhatêng manungsa ingkang Tuwan damêl saking siti cêmêng garing winoran toya, ngantos dados êndhut mambêt saking dening laminipun.

34. Allah nuli ngandika: Saiki sira mêtua saka ing suwarga (mudhuna aja ana ing langit) sira kêna ing dêdukaningsun, pantês dibalangi.

35. Sira kêna ing bêbênduningsun, nganti têkan dina kiyamat (ing kono sira bakal Ingsun siksa).

36. Iblis munjuk: Dhuh Pangeran kawula, kawula mugi Tuwan sarantosakên dumugi dintên kiyamat, nalikanipun manungsa sami Tuwan tangèkakên saking pêjah.

37. Allah ngandika: Iya, sira Ingsun sarantèkake (ora mati yèn ora Ingsun siksa).

38. Nganti têkan dina kiyamat kang wis Ingsun uningani titimangsane.

39. Iblis munjuk manèh: Dhuh Pangeran kawula,

--- 2 : 558 ---

sarèhning kawula sampun Tuwan sasarakên, kawula mugi kaparênga lajêng anggodha dhatêng Adam saturunipun wontên ing bumi, sasagêd-sagêd badhe kawula sasarakên sadaya.

40. Kajawi para kawula Tuwan ingkang rêsik manahipun anggènipun ngandêl ing Tuwan, punika botên kenging kawula godha.

41. Allah ngandika: Ngandêl marang Ingsun kalawan ati rêsik iku dalan bênêr kang anjog marang ngarsaningsun.

42. Satêmêne sira ora wênang nguwasani para kawulaningsun, kajaba wong kaphir kang manut marang sira.

43. Lan satêmêne naraka Jahanam iku dadi pangancam marang turune Adam kang padha kaphir.

44. Naraka Jahanam iku lawange pitu, lan pangkate iya pitu, siji-sijining pangkat wis ana kang duwe bubuhan ngênggoni (iya iku wong kang manut marang sira).

45. Sarupane wong kang wêdi ing Allah, ora maro tingal, iku besuk bakal padha munggah ing suwarga, kang ana kaline pating sarèwèh.

46. Dhawuhing Allah marang wong mau: Mara padha malêbua ing suwarga kalawan salamêt têntrêm.

47. Atine wong ing suwarga kang ora lêga

--- 2 : 559 ---

padha Ingsun bengkas. Larut kabèh, banjur padha kaya sadulur, padha linggih ing dhampar, arêp-arêpan lan para kancane.

48. Wong mau ana ing suwarga ora tau krasa sayah sarta ora mêtu saka ing suwarga, langgêng salawase.

49. (He Mukhammad), para kawulaningsun padha sira waraha yèn Ingsun iki kaparêng bangêt ngapura dosa tur Maha Asih.

50. Lan padha sira waraha yèn siksaningsun iku siksa anglarani.

51. Apadene sira caritanana lupiya dhêdhayohe Nabi Ibrahim. (Dhayoh iku, satêmêne Malaikat Jabarail lan kancane malaikat sawêlas).

52. Nalika padha mara dhayoh marang omahe Nabi Ibrahim, têkane nganggo uluk salam, (sampeyan mugi kasugêngana), barêng wis sawarasawatara. suwe, Nabi Ibrahim matur marang dhayohe: Kula punika ajrih dhatêng sampeyan. (Awit botên karsa dhahar sêsêgah kula).

53. Para dhayoh mau banjur padha mangsuli: Sampeyan sampun ajrih dhatêng kula, kula punika badhe suka kabar ingkang ambingahakên, sampeyan [sampe...]

--- 2 : 560 ---

[...yan] punika badhe kagungan putra jalêr tur pintêr.

54. Nabi Ibrahim banjur takon kanthi eram: Sarèhning kula punika sampun sêpuh (rabi kula ugi sampun sêpuh), sameyansampeyan. têka ambêbingah dhatêng kula badhe gadhah anak, punika kadospundi sagêdipun kalampahan.

55. Dhayoh mau padha mangsuli: (Kula punika malaikat utusaning Allah) cariyos kula dhatêng sampeyan punika sayêktos. Sampeyan sampun bosên ngajêng- ajêng sihing Allah.

56. Nabi Ibrahim matur: Botên wontên tiyang bosên ngajêng-ajêng sihing Allah, kajawi tiyang kêsasar, (saking margining kawilujêngan).

57. Nabi Ibrahim matur: Dhuh para malaikat utusaning Allah, kajawi saking punika, rawuh sampeyan ing ngriki kautus punapa malih.

58. Dhayoh mangsuli: Dhatêng kula ing ngriki kautus ngrisak para umatipun Nabi Lut ingkang sami duraka.

59. Namung Nabi Lut sakulawarganipun, punika kula wilujêngakên sadaya.

60. Kajawi rabinipun Nabi Lut, punika kula tamtokakên kantun, tumut risak.

61. (Para malaikat utusan banjur padha mangkat [mang...]

--- 2 : 561 ---

[...kat] marang ngomahe Nabi Lut), barêng wis têkan ngomahe Nabi Lut.

62. Nabi Lut banjur takon: Kula punika katêmbèn sumêrêp dhatêng sampeyan, sampeyan punika sintên, rawuh sampeyan ngriki wontên karsa sampeyan punapa.

63. Para malaikat utusan mangsuli: (Kula punika malaikat utusaning Allah), dhatêng kula ing ngriki badhe niksa para umat sampeyan, awit anggènipun sami maibên dhatêng sampeyan.

64. Sowan kula ing sampeyan, damêl kanyataan, niksa para umat sampeyan, atur kula punika têmên.

65. Mangke dalu sampeyan mangkat kesah dhatêng nagari Sam, dalah para kulawarga sampeyan, anggèn sampeyan malampah kalayan rêrikatan, sampeyan kinthil wontên wingkingipun para kulawarga sampeyan, sadaya botên kenging nolah- nolih, namung têrusa lumampah, nuju dhatêng Sam, nêtêpi dhawuhing Allah.

66. Prakara iku Ingsun paring sumurup marang nabi Lut, yèn sapungkure Nabi Lut sakulawargane, para umate banjur Ingsun sirnakake kabèh ing wayah Subuh.

--- 2 : 562 ---

67. Wong ing nagara Sadum banjur padha têka marang ngomahe Nabi Lut, padha bungah-bungah (andêlêng dhêdhayohe Nabi Lut, padha bagus-bagus rupane, sêdyane arêp dicumbana.

68. Nabi Lut banjur nyalathoni marang wong ing Sadum: Wong iki kabèh padha dhayohku, kowe aja padha gawe ala marang aku lan dhayohku.

69. Kowe padha wêdia ing Allah, aja padha mirang-mirangake marang aku.

70. Wong ing Sadum padha mangsuli: Kula punapa sampun botên mênging dhatêng sampeyan, mênawi kula gadhah kajêng dhatêng sintên-sintêna tiyang ing jagad punika, sampeyan sampun ngantos munasika.

71. Nabi Lut banjur ngarih-arih marang wong ing Sadum mau: Bocah-bocah wadon iku padha anakku kabèh, mênawa kowe gêlêm anglakoni agama Islam, êndi kang kopilih, tak dhaupake lan kowe.

72. (He Mukhammad), dêmi uripira, para umate Nabi Lut mau padha bingung saking dening laline.

73. Ing wayah wêtune srêngenge, Malaikat Jabarail pêtak, wong ing Sadum padha ambruk.

74. Ing kono bumi kang diênggoni para umate Nabi Lut, diputêr dening malaikat, ginawa mumbul mandhuwur, [mandhu...]

--- 2 : 563 ---

[...wur,] nuli ditibakake sarta diwalik, banjur Ingsun udani watu utawa bata matêng.

75. Kang mangkono iku, tumrap wong kang padha mikir, mêsthi dadi tôndha yêkti.

76. Dene patilasane bumi kang diwalik iku saiki ana ing dalan kang diliwati ing wong.

77. Siksa kang nêmpuh para umate Nabi Lut iku, tumrap wong kang pracaya ing Allah, mêsthi dadi tôndha yêkti.

78. Lan manèh para umate Nabi Sungèb kang padha duwe pakêbonan isi kêkayon akèh, iku padha duraka ênggone maido marang Nabi Sungèb.

79. Ingsun banjur niksa para umate Nabi Sungèb mau, dene patilasan nagarane para umate Nabi Lut lan Nabi Sungèb mau padha ana ing dalan, dinêlêng têrang dening wong lumaku.

80. Wong ing Khijir (Khijir iku araning nagara kang diênggoni wong Sadum, dununge ana sasêlaning gunung antarane nagara sam lan Mêdinah, patilasane saprene isih. Khazin). iya padha maido marang Nabi Salèh lan para Rasul kang dhisik-dhisik.

81. Wong ing Khijir mau padha Ingsun gêlari tôndha yêkti pirang-pirang, nanging padha malengos ora pracaya.

--- 2 : 564 ---

82. Wong mau padha gawe guwa ana ing gunung-gunung, ginawe omah, pangrasane wis mitayani, bisa nulak sakèhing bêbaya.

83. Ing wayah subuh wong ing Khijir mau padha tinêmpuh siksaning Allah.

84. Enggone padha gawe guwa mau ora bisa nulak siksaning Allah marang wong ing Khijir mau.

85. Enggon Ingsun gawe bumi lan langit, lan barang kang ana antarane bumi lan langit, iku ana gawene, karsaningsun ora liya mung anggêlarake kanyataan (dadia tôndha yèn Ingsun iki Pangeran kang Esa), lan manèh dina kiyamat iku ora bisa wurung kêlakone. (He Mukhammad), awit saka iku sira malengosa marang para umatira kang kaphir kalawan bêcik.

86. Satêmêne Allah Pangeranira iku kang gawe samubarang kang dumadi iki kabèh, tur nguningani samubarang.

87. Ingsun wis maringi surat Phatikhah pitung ayat marang sira, sarta maringi Kuran kang agung marang sira.

88. (He Mukhammad), mripatira aja andêlêng utawa kapengin marang kabungahan ing dunya; kang Ingsun paringake marang wong kaphir warna-warna (awit sira wis diparingi kang luwih gêdhe, iya iku Kuran), lan sira aja nyêdhihake ênggone si kaphir ora gêlêm Islam, lan [la...]

--- 2 : 565 ---

[...n] sira anglêmêsna lambungira, ngrampèk para wong mukmin, luwih manèh kang ora duwe.

89. Lan sira dhawuha: Aku iki andhawuhake lan nêrang-nêrangake parintahing Allah, lan mêmêdèni siksaning Allah marang wong kang ora manut parentah.

90. Kaya siksa kang Ingsun ênggo matrapi marang wong (Yahudi lan wong Nasara) kang ênggone ngarêpi Kuran mung dipilihi êndi kang didhêmêni bae.

91. Kang padha merang-merang Kuran, (êndi kang didhêmêni dipracaya, kang ora didhêmêni dipaido).

92. Mulane dêmi Pangeranira, wong kaphir mau kabèh, besuk ana ing akhirat, bakal padha Ingsun dangu.

93. Kapriye ênggone padha nganggêp marang Kuran utawa marang sira Mukhammad.

94. Mulane saiki sira ngêdhènga ênggonira nindakake dhawuhing Allah, lan aja praduli marang wong kaphir.

95. Ingsun anulungi ing sira Mukhammad ngalahake wong Kaphir kang padha anggêguyu (Kuran lan munasika marang sira, iku padha Ingsun siksa sakala).

96. Iya iku wong kaphir kang padha maro tingal, ngadêgake Pangeran liyane Allah. Ing besuk si Kaphir bakal wêruh kawusananing awake.

97. Ingsun mêsthi nguningani yèn atinira iku bêbêg [bê...]

--- 2 : 566 - --

[...bêg] marga saka pangucape si kaphir (padha anggêguyu marang sira).

98. Mulane sira mujia lan nyêbuta Mahasuci ing Pangeranira, sarta sêmbayanga lan sujuda.

99. Lan sira nêmbaha ing Allah Pangeranira, nganti têkan ing patinira kang wis cêtha bakal kêlakone.

Surat Nahli (Tawon)

Tinurunake ana nagara Mêkah, satus wolulikur ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Dhawuhing Allah bakal têkane dina kiyamat, wis mêsthi kêlakon. Sira aja padha anggege têkane dina kiyamat. Allah iku Mahasuci tur Mahaluhur. Adoh bangêt yèn kayaa pangucape wong kang padha maro tingal.

2. Allah nurunake Malaikat Jabarail, ngêmban wahyu timbalaning Allah marang para kawulane, êndi kang dadi parênging karsane, dipilih dadi Nabi lan Rasul, dhawuhe: Sira mêmulanga marang manungsa, padha sira wêruhna yèn ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr [bê...]

--- 2 : 567 ---

[...nêr] kajaba Ingsun pribadi, sarta padha sira wêdèkna marang siksaningsun, mulane manungsa padha wêdia marang Ingsun.

3. Allah iku kang nganakake bumi lan langit kalawan nyata, sarta Mahaluhur, adoh bangêt yèn kayaa pangucape wong kang padha maro tingal.

4. Allah iku kang gawe manungsa saka ing kama, barêng wis dadi manusa, banjur madoni marang dhawuhing Allah (golèk-golèk wêwaton kang diênggo garan maido bakal tangine wong kang wis mati).

5. Lan manèh Allah gawe rajakaya, migunani marang sira manusa kabèh, ana wulune kang kêna ginawe sandhangan, lan ana puhane kang bisa dadi rijêki, lan ana pigunane manèh akèh, apadene daginge enak pinangan.

6. Rajakaya mau nalikane sira culake marang pangonan lan nalika sira giring mulih, uga dadi rêrêngganira, kang ambungahake marang sira.

7. Rajakaya mau uga anggawa gêgawanira kang abot marang liya nagara, kang sira ora bisa têkan ing nagara liya mau kajaba kalawan rêkasa. Satêmêne Pangeranira iku wêlas asih marang kawula.

8. Mangkono manèh Allah gawe jaran lan bihal [biha...]

--- 2 : 568 ---

[...l] lan khimar, pêrlune supaya dadia têtungganganira lan rêrêngganira. Kajaba iku Allah gawe liyane kang wis kasêbut mau kang sira padha ora wêruh.

9. Allah mêsthi nêrang-nêrangake dalan bênêr kang anjog marang kaslamêtan. Sawênèhing dalan ana uga dalan kang nyimpang marang sasar. Upama ana parêng karsaning Allah, Sira iku kabèh dikarsakake ngambah dalan kang bênêr, mêsthi kalakon mangkono.

10. Allah iku kang nurunake banyu udan saka ing langit, kang kêna sira ombe, lan uga diênggo nukulake lan nguripi sakèhing kêkayon, kang sira ênggo makani rajakayanira.

11. Allah nukulake têtanduran ing sawah lan uwit jaitun lan kurma lan anggur, apadene sarupaning wowohan, nganggo banyu udan mau. Kabèh iku migunani ing sira. Kang mangkono iku tumrap wong kang padha gêlêm mikir, mêsthi dadi tôndha yêkti yèn Allah iku Mahakawasa.

12. Allah maringake rina lan wêngi, apadene srêngenge lan rêmbulan marang sira, kang mangkono manèh lintang iku kabèh padha sumungkêm manut sakarsaning Allah. Kang mangkono mau tumrap wong gênêp akale kang padha gêlêm nitèn-nitèni,

--- 2 : 569 ---

mêsthi dadi tôndha yêkti pirang-pirang.

13. Lan manèh Allah maringake marang sira samubarang kang wis digawe dening Allah ana ing bumi warna-warna rupane. Kang mangkono iku tumrap wong kang padha bisa eling, doyan pitutur bêcik, mêsthi dadi tôndha yêkti.

14. Allah iku kang nyungkêmake sagara, diparingake marang sira, supaya sira padha mangana iwake kang ora asin, lan supaya sira apèka rêrênggan kang sira ênggo pêpaospêpaès. saka ing sagara mau (kayata mutyara lan mêrjan sapêpadhane), apadene sira andêlêng prau padha wira-wiri layar ana ing sagara mau, lan supaya sira padha golèka kauntungan saka sih kanugrahaning Allah. Allah ênggone pêparing kang mangkono mau, supaya sira padha sukura ing Allah.

15. Lan manèh Allah iku andèkèki gunung pirang-pirang ana ing bumi, supaya bumi iku aja gonjang-ganjing ngobah-obah marang sira, lan uga andèkèki bêngawan lan kali-kali, apadene dalan-dalan pirang-pirang, supaya sira wêruh tujuning sêdya ênggonira padha lêlungan.

16. Mangkono uga Allah andèkèki têtêngêring dalan (kayata ing wayah awan ana

--- 2 : 570 ---

têtêngêr gunung, dene ing wayah wêngi) wong lêlaku bisa olèh tuduh dalan marga saka nêngeri lintang-lintang.

17. Allah kang wis gawe samubarang kang dumadi iki kabèh, apa padha bae lan brahala kang ora bisa gawe apa-apa iku, (mêsthi beda bangêt) ya gene sira padha ora eling kang mangkono mau.

18. Mênawa sira arêp milang pêparinging Allah kabungahan marang para kawulane, mêsthi sira ora bisa nacahake. Satêmêne Allah iku kaparêng bangêt ngapura dosaning wong kang tobat tur Maha-asih.

19. Allah iku nguningani samubarang kang padha sira sidhêm lan samubarang kang sira êdhèng.

20. Brahala kang padha disêmbah dening wong kaphir iku dudu Allah, mulane ora bisa gawe apa-apa, malah brahala iku bisane dadi nganggo sarana digawe.

21. Brahala iku kabèh diewokake barang mati, dudu barang urip ora duwe pangrasa utawa pangajap.

22. Besuk apa wong kaphir iku padha ditangèkake saka ing pati (bakal padha tak selaki).

23. Pangeranira kang wajib disêmbah iku Allah kang Esa. Dene wong kang padha ora pracaya marang akhirat [akhira...]

--- 2 : 571 ---

[...t] iku batine gumêdhe, padha maido marang Allah.

24. Wis mêsthi Allah nguningani samubarang kang disidhêm lan diêdhèng dening para wong kaphir mau.

25. Satêmêne Allah iku ora rêmên wong kang gumêdhe.

26. Wong kaphir mau mênawa padha ditakoni: Kuran kang didhawuhake dening Allah Pangeranira iku apa, banjur padha mangsuli: Panêmuku iku kabèh barang goroh.

27. Dadi wong kaphir mau besuk dina kiyamat, padha mikul dosane dhewe-dhewe kalawan wutuh, sarta dosane wong kang bodho tanpa kawruh, disasarake mung manut bae. Iba alane ênggone mikul dosa mau.

28. Sadurunge wong kaphir turun Kurès iku, Raja Namrud biyèn ngadani gawe paekan (iya iku ngadêgake panggung, karêpe bisaa sundhul ing langit, sedyane arêp ngayoni pêrang marang para Malaikat saisining langit), Allah banjur ngrusak panggung mau saka ing talêse pisan. Raja Namrud sabalane kabèh padha kêbrukan payoning panggung mau saka ing dhuwur, lan banjur ditêmpuh siksaning Allah. Wong mau padha ora rumasa yèn bakal [ba...]

--- 2 : 572 ---

[...kal] tinêmpuh ing siksa.

29. Sawise rusak, besuk dina kiyamat Raja Namrud sabalane mau, padha dirèmèhake kalawan disiksa, ing kono Allah ngandika: Endi kang sira dêgake dadi têtimbangan Ingsun biyèn, kang sira ênggo garan nyulayani wong kang padha pracaya marang Ingsun. Ing nokono. wong kang padha diparingi kawruh nyata (iya iku para Nabi) padha calathu: Ing dina iki siksa kang ngrèmèhake mêsthi nêmpuh marang sarupane wong kaphir.

30. Kang padha dijabut nyawane dening Malaikat pati, wong mau padha nganiaya awake dhewe sarana ênggone kaphir, ing kono banjur padha ngrêrêpa, ature: Kula punika botên anglampahi awon malih tingal. Malaikat banjur dhawuh, iya sauni-unimu, nanging satêmêne Allah nguningani samubarang kang padha kolakoni.

31. Saiki kowe padha malêbua lawanging naraka Jahanam, sarta langgêng ana ing kono. Iba alaning panggonan kang didunungi para wong gumêdhe, suthik pracaya ing Allah.

32. Wong kang padha wêdi ing Allah ora maro tingal, nalika padha ditakoni (dening para wong Ngarab kang padha têka prêlu ngrêmbug Kuran lan ka-Rasulane Nabi

--- 2 : 573 ---

Mukhammad, pitakone mangkene): Kuran kang didhawuhake dening Pangeranmu iku apa. Wangsulane: Allah andhawuhake bêcik. Sarupane wong kang nglakoni bêcik, pracaya ing Allah, ana ing dunya iki bakal olèh wêwalês bêcik, dene ganjarane besuk ana ing Akhirat, iku luwih bêcik manèh. Eba bêcike suwarga panggonane wong kang padha wêdi ing Allah.

33. Iya iku suwarga Ngadan kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon. Wong kang wêdi ing Allah padha malêbu ing suwarga mau (ana ing kono padha langggêng), ana ing kono samubarang kang dikarêpake kêlakon. Mangkono iku ganjaraning Allah marang wong kang padha wêdi ing Allah.

34. Kang padha dipulung nyawane dening Malaikat pati, wong mau padha mukmin suci saka maro tingal. Para Malaikat padha ambagèkake marang wong mukmin mau, têmbunge: Sampeyan sami kasugêngana, sumôngga sampeyan lajêng sami malêbêt ing suwarga, ganjaranipun anggèn sampeyan anglampahi sae.

35. Wong kaphir kang padha maro tingal iku padha ngêntèni apa, kajaba ngêntèni têkane Malaikat pati, utawa têkaning siksa, utawa

--- 2 : 574 - --

ngêntèni dina kiyamat. Kang mangkono iku uga wis dilakoni umat sadurunge sira. Allah ênggone ngrusak marang umat kuna mau ora jênêng nganiaya, malah para umat mau nganiaya marang awake dhedhewe,dhewe. sarana ênggone duraka lan kaphir.

36. Patrapaning piala kang wis padha dilakoni, nêmpuh marang awake dhewe, apadene walêse ênggone padha anggêguyu marang Rasule nungkêm marang awake.

37. Wong maro tingal padha ngucap mangkene, mênawa karsaning Allah iku (têmên anglarangi wong nyêmbah liyane Allah) môngsa kêlakona aku dalah para lêluhurku, padha nyêmbah barang-barang liyane Allah, (sarèhne kêlakon, aku dalah para lêluhurku padha nyêmbah liyane Allah, dadi têtela iku iya karsaning Allah kang wis diparêngake), lan manèh môngsa kêlakona aku ngaramake barang-barang kalawan karêpku dhewe, awit aku dudu Allah, (dadi ênggonku ngaramake barang-barang sakarêp-karêpku dhewe iku pancèn wis kaparêng karsaning Allah). Kang mangkono mau kabèh wis dilakoni dening para umat kuna, sadurunge wong maro tingal iku [i...]

--- 2 : 575 ---

[...ku] ana. Lah saiki kuwajibaning para Rasul apa ta manèh, kajaba mung ngundhangake parentahing Allah lan nyurup- nyurupake.

38. Ingsun uga wis ngutus Rasul, Ingsun karsakake mêmulang maring siji-sijining umat mangkene: Sira padha nêmbaha ing Allah, lan padha nyingkirana pangajaking setan. Sawênèhing umat mau ana kang olèh pituduhing Allah (banjur manut marang Rasule), lan ana kang pinêsthi kêsasar (banjur maido marang Rasule). Mulane prayogane, sira anjajaha bumi, andêlênga patilasane para umat ing jaman kuna, mêsthi sira banjur wêruh kapriye lupiyane para umat kang padha maido marang Rasule.

39. (He Mukhammad), mênawa sira kadêrêng kudu murih supaya wong maro tingal iku arêpa pituduh bênêr, iku sira wêruha yèn Allah iku ora karsa nuduhake dalan bênêr marang wong kang dikarsakake kêsasar. Wong kang kêsasar iku ora ana kang bisa nulungi.

40. Wong maro tingal mau padha supata nêbut asmaning Allah kalawan mathênthêng, ngarani yèn Allah iku ora bakal nguripake wong wis mati. (Pangandikaning Allah): Iya, Allah mêsthi nguripake [nguripa...]

--- 2 : 576 ---

[...ke] wong kang wis padha mati, janjining Allah mangkono mau mêsthi nyata. Ewadene manungsa iku kang akèh padha ora wêruh.

41. Allah ênggone nguripake wong kang wis mati mau, diênggo anggêlar kanyataan marang wong maro tingal, kang padha nyulayani marang wong mukmin, prakara bakal tangine wong kang wis mati, lan manèh supaya wong kaphir padha wêruh yèn pangucape ênggone maido bakal tangine wong mati iku goroh.

42. Mênawa Ingsun ngarsakake barang-barang, kang mêsthi Ingsun mung ngandika: Sira anaa. Barang kang Ingsun karsakake mau mêsthi banjur ana padha sanalika.

43. Sarupane wong kang wis dikaniaya, banjur padha ngalih saka Mêkah marang Madinah (Pêrlune arêp anglakoni agamaning Allah), mêsthi padha Ingsun paringi panggonan bêcik ana ing dunya. Dene ganjarane suwarga ing besuk ana ing akhirat, iku luwih gêdhe. Upama manungsa wêruh kang mangkono mau, mêsthi padha rêbut dhucung ngalih marang Madinah.

44. Iya iku wong kang padha sabar, têguh antêpe sanadyan dialani dening wong kaphir ing Mêkah. Sarta padha nyumanggakake ngandêl apa sakarsaning Pangerane.

--- 2 : 577 ---

45. Dhèk jaman kuna sadurunge sira, mênawa Ingsun nuduh utusan ora ngutus Malaikat, ngutus wong lanang kang Ingsun paringi wahyu, mênawa sira ora wêruh kang mangkono mau, mara sira têtakona marang wong kang padha lanyah marang kitab Torèt lan Injil.

46. Para Rasul mau padha Ingsun kanthèni tôndha yêkti pirang-pirang, sarta padha Ingsun paringi kitab. Ing mêngko Ingsun andhawuhake Kuran marang sira Mukhammad, supaya sira nêrang-nêrangna marang manungsa samubarang kang didhawuhake dening Allah marang manungsa mau, lan supaya manungsa mau padha ngrasak-ngrasakake.

47. Wong kang padha nandukake paekan murih ala marang Nabi Mukhammad iku upama duwea pikir, mêsthi padha ngandêl utawa kuwatir bokmênawa diuntal ing bumi saka karsaning Allah kang ora kêna kinira têkane.

48. Utawa tinêmpuh siksaning Allah pinuju lêlungan, wong mau môngsa bisaa murungake utawa oncat saka siksaning Allah.

49. Utawa bokmênawa dirusak dening Allah saka sathithik nganti rusak kabèh (iku prasasat nyarantèkake), awit Allah Pangeranira iku wêlas-asih. [wê...]

--- 2 : 578 ---

[...las-asih.]

50. Wong mau apa padha ora andêlêng barang-barang gêgaweaning Allah, wêwayangane ngolah-ngalih saka ing têngên mangiwa lan saka kiwa manêngên, wêwayangan ênggone ngolah-ngalih mau konjêm sujud ing Allah.

51. Samubarang isèn-isèning bumi lan langit sanadyan gêgrêmêtan, iku kabèh padha sujud ing Allah, luwih manèh para Malaikat, iku ora ana kang gumêdhe.

52. Para Malaikat kabèh padha wêdi ing Allah Pangerane, kang ana ing dhuwure, sarta padha nglakoni samubarang kang diparentahake.

53. Allah ngandika: He para kawulaningsun, sira aja padha nyêmbah Pangeran karo. Wruhanira Pangeran iku mung siji Allah, mulane sira padha wêdia marang Ingsun.

54. Kang kagungan saisining bumi lan langit iku Allah, lan kang kagungan pangabêktining kawula iki ing salawase iya Allah. Apa sira wêdi marang liyane Allah.

55. Ora ana kang bisa awèh kabungahan marang sira liyaning Allah. KajabiKajaba. iku mênawa sira kambah

--- 2 : 579 ---

ing rêribêd, mêsthi padhadhapadha. sambat marang Allah.

56. Barêng Allah wis ambengkas rêribêd mau saka ing sira, banjur ana kancanira sawatara padha balela marang Pangerane, maro tingal.

57. Wusana wong sawatara mau padha maido pêparing Ingsun kabungahan marang awake. Lah iya saiki padha bungah-bugaha, ing besuk ana ing akhirat, sira bakal wêruh kawusananing awakira.

58. Rijêki kang wis Ingsun paringake marang wong kang padha maro tingal, iku salong dipisungsungake marang brahala, tur wong maro tingal iku ora wêruh yèn brahala iku bisa gawe kamlaratan, lan ora bisa gawe pakolèh. (He wong kang padha maro tingal): Dêmi Allah, ing têmbe sira ora wurung padha ditakoni bab ênggonira padha calathu gawe-gawe.

59. Wong maro tingal padha ngarani yèn Allah iku kagungan putra putri (pangucape: Para Malaikat iku kabèh putri, putrining Allah). Allah iku Mahasuci, adoh bangêt yèn ngantia pêputra. Dene kang diaku anake dhewe, iku para bocah lanang, sêngit marang anak wadon.

60. Mênawa ana kang duwe anak mêtu wadon,

--- 2 : 580 ---

banjur suntrut ulate, ngêtarani yèn susah, atine bêbêg dening kasusahan.

61. Enggone duwe anak mêtu wadon mau sabisa-bisa ditutupi, awit iku dianggêp ala, aja nganti kawêruhan ing kônca-kancane, kuwatir yèn dierang-erang. Pamikire tanah maju mundur, mungguh bayi wadon mau apa diuripi, jaragan gêlêm nandhang pangerang-erang, apa banjur dipêndhêm urip-uripan. Ala têmên panganggêpe wong kang padha maro tingal iku.

62. Sipat (sipat iku têtêngêr kang kêna diênggo ambedakake barang karo barang liyane. Takriphat) kang tumrap marang wong kaphir ora pracaya marang akhirat, iku sipat ala, dene sipat kang kagêm ing Allah iku sipat Luhur. Allah iku Mulya tur Wicaksana.

63. Saupama Allah age-age ngrusak marang manungsa marga ênggone duraka, amêsthi ora ana gêgrêmêtan ing bumi kang kaliwatan, sirna rusak kabèh. Nanging karsaning Allah ora mangkono, ênggone niksa wong duraka disarantèkake, têkan ing wêwangên kang tinamtokake, iya iku yèn wis mati. Samôngsa wis têkan wêwangêning patine, ora kaparêng nyuwun mundur sajam bae, nyuwun maju iya ora kaparêng.

--- 2 : 581 ---

64. Wong kang maro tingal mau padha gawe-gawe, calathune goroh, samubarang kang disêngiti, diakokake kagunganing Allah (iya iku anak wadon). Dene samubarang kang dianggêp bêcik, diaku duwèke dhewe (iya iku anak lanang). Ing besuk ana ing akhirat, wong maro tingal mau ora wurung padha dibubuhi manggon ana ing naraknaraka. (ora olèh panduman suwarga. Wong mangkono mau nyêmplunge ing naraka didhisikake).

65. Dêmi Allah, Ingsun wis ngutus para Rasul, mêmulang para umat sadurunge sira, para umat mau banjur kêna panggodhaning setan, dhêmên bangêt marang lakune kang ala, dadi ana ing dunya iki wong mau padha dikuwasani ing setan, ing besuk ana ing akhirat, wong mau padha disiksa kang ngalarani.

66. Enggon Ingsun andhawuhake kitab Kuran iki marang sira, pêrlune ora liya mung supaya sira ênggoa nêrang-nêrangake marang manungsa bab tangine wong kang wis padha mati, kang padha diênggo pasulayan, apadene minôngka pituduh bênêr lan tôndha sih-Ingsun marang wong kang padha pracaya marang Ingsun.

67. Allah iku nurunake banyu udan saka ing langit, banjur diênggo nguripake bumi kang

--- 2 : 582 ---

wis mati. Kang mangkono iku tumrap wong kang gêlêm ngrungokake pitutur bêcik, mêsthi dadi tôndha yêkti sampurnane kawasaningsun.

68. (Mênawa sira ngêmpakake pamikir), rajakaya iku mêsthi dadi wêwulang marang sira (lire mangkene): Ingsun maringi ombèn-ombèn marang sira, mêtu saka wêtênge rajakaya mau, rupa puhan rêsik, kang gampang diulu dening wong kang padha ngombe puhan, (puhan mau kadadian saka sarining rijêki kang dipangan dening rajakaya. Sari mau kang unggul dhewe dadi gêtih, kang asor dhewe dadi talethong). Dene puhan iku pangkate têngahan ana antaraning talethong lan gêtih.

69. Dene wohing kurma lan wohing anggur iku ana kang sira gawe sajêng angêndêmi, lan ana kang sira gawe pêpanganan kang bêcik (kayata kurma, kismis lan cokak sapêpadhane). Kang mangkono iku tumrap wong kang ngêmpakake pamikir, mêsthi dadi tôndha yêkti kuwasaning Allah.

70. Allah Pangeranira paring wahyu marang tawon, pangandikane: He tawon, sira [si...]

--- 2 : 583 ---

[...ra] gawea omah ana ing gunung-gunung lan ana ing kêkayon, apadene ana omahing manungsa, utawa ana ing glodhog kang disadhiyakake dening manungsa marang sira.

71. Banjur mangana sarupaning wowohan, sira ngambaha dalan pituduhe Pangeranira kalawan gampang. Tawon mau wêtênge banjur mêtu madu kang warna-warna rupane, iku dadi ombèn-ombèning manungsa, utawa dadi tômba tumrap manungsa kang nandhang lara. Kang mangkono iku tumrap wong kang ngêmpakake pamikir, mêsthi dadi tôndha yêkti kuwasa lan kawicaksananing Allah.

72. (He manungsa) Allah iku kang agawe sira kabèh, banjur mundhut nyawanira. Sawênèhe kancanira ana kang diparingi dawa ngumure nganti pikun lan jêmpo, supaya samubarang kawruhe padha lalia. Satêmene Allah iku Nguningani tur Mahakuwasa.

73. (He manungsa) Allah ênggone paring rijêki marang sira ngagonganggo.

undha-usuk ana wong kang diparingi akèh, ngungkuli liyane. Dene bêndara kang diparingi rijêki akèh, iku padha ora gêlêm mratakake rijêkine marang kawulane tukon, supaya madhani marang bêndara. Kawula lan bêndara apa padha [pa...]

--- 2 : 584 ---

[...dha] bae (mêsthi kacèk bangêt, kapriye dene manungsa têka kudu anjunjung kawulaning Allah, bisa padha lan Allah). Yèn mangkono apa manungsa mau padha maido pêparinging Allah kabungahan.

74. Allah iku maringi rabi marang sira, tunggal jinis lan awakira (padha manungsa) lan maringi anak lan putu marang sira, mêtu saka ing rabinira, sarta maringi rijêki marang sira pêpanganan kang ngrêsêpake. Sawise mangkono, apa patut manungsa padha pracaya marang barang-barang kang ora nyata (kayata brahala), sarta maido pêparinging Allah kabungahan (iku luput bangêt).

75. Apadene manungsa padha nyêmbah liyane Allah, iya iku brahala ora duwe rijêki sathithik-thithika, mêtu saka ing bumi utawa saka ing langit lan ora bisa apa- apa.

76. Sira aja padha ngèmpêrake Allah lan barang-barang, asatêmene Allah iku nguningani yèn ora ana barang kang mèmpêr lan Allah, nanging sira padha ora wêruh kang mangkono mau.

77. Allah anggêlar upama mangkene: Ana kawula tukon, dadi darbèking wong ora duwe panguwasa apa-apa. Lan ana bêndara kang Ingsun paringi sugih rijêki kang khalal, kuwasa nanjakake [nanjaka...]

--- 2 : 585 ---

[...ke] rijêki mau sakarêp-karêpe, kalawan sidhêman lan ngêdhèng. Loro mau apa padha bae ajine (mêsthi kacèk bangêt. Yagene têka ana wong duwe panganggêp yèn Allah kang gêdhening panguwasane tanpa upama, iku padha bae ajine lan brahala kang kaya mangkono apêse). Kang bênêr, sakèhing puji iku kang ora wêruh kang mangkono mau.

78. Lan manèh Allah anggêlar upama mangkene: Ana wong lanang loro, kang siji bisu lair mula, ora duwe kuwasa apa-apa, wong bisu mau abot miturut parentahing bêndarane, sabên dikongkon ora tau ngolèhake kabutuhaning bêndarane. Wong mangkono mau apa padha bae lan wong bêcik kang akon ngadil. Allah iku anglunghianglunguhi. dalan kang bênêr.

79. Allah iku angawruhi lêlakon sajroning bumi lan langit, kang ora diwêruhi dening sapa-sapa liyane Allah. Dene têkane dina kiyamat iku (mênawa wis diparêngake dening Allah), rikate kaya kêdhèping mata, utawa luwih rikat manèh. Satêmêne [Satê...]

--- 2 : 586 - --

[...mêne] Allah iku nguwasani samubarang.

80. Allah iku nglairake sira saka guwa garbane biyungira, dhèk samana sira durung wêruh barang-barang, sira banjur diparingi pangrungu lan pandêleng apadene pangêrti, supaya sira padha sukura ing Allah.

81. Manungsa apa padha ora andêlêng manuk kang padha mibêr ana ing awang-awang, ora ana kang bisa anggêgêm manuk mau kajaba Allah. Kang mangkono mau tumrape para wong mukmin, mêsthi dadi tôndha yêkti kuwasaning Allah.

82. Allah andadèkake omahira kanggo panggonan palerenanira, sarta andadèkake walulanging rajakaya kanggo pirantining omahira (dhèksamana ing tanah Ngarab akèh omah kang payone nganggo walulang unta, supaya ènthèng kêna ginawa ngalih. Khajin). kang ènthèng digawa nalika sira ngalih utawa lêlungan utawa manggon. Dene wuluning wêdhus gèmbèl lan wuluning unta apadene wuluning wêdhus kacang, padha kêna digawe babut sapêpadhane piranti kang ambungahake, awèt nganti lawas.

83 Allah iku andadèkake eyub,

--- 2 : 587 ---

iya iku wêwayangane barang kang wis digawe dening Allah (kayata omah, kêkayon lan mega sapêpadhane). Sarta andadèkake gunung-gunung kanggo pangungsèn utawa paninisanira (iya iku ing guwa sapêpadhane), apadene andadèkake sandhanganira kanggo panulaking adhêm lan panas lan sandhangan kanggo panolaking bêbaya (kêre). Kang mangkono iku Allah ênggone paring kabungahan marang sira kalawan sampurna, supaya sira padha rumasaa, sabanjure padha pracayaa lan ngèstokna parentahing Allah.

84. Dene mênawa wong kaphir padha malengos, nampik agama Islam (iku sira wis ora apa-apa. He Mukhammad) kawajibanira ora liya mung ngundhangake lan nêrang-nêrangake dhawuh Ingsun.

85. Wong kang padha nampik Agama Islam mau satêmêne wêruh yèn kabungahan kang ditampani iku têmên saka pêparinging Allah, nanging banjur padha nyelaki yèn saka pêparinging Allah (katara saka ênggone padha maro tingal nyêmbah brahala). Wong mangkono mau kang akèh padha wong kaphir wis balèg.

86. (He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane Ingsun nangèkake Nabining para [pa...]

--- 2 : 588 ---

[...ra] umat saka ing pati (banjur padha dadi saksi bab ala bêciking para umate). Ing kono sarupane wong kaphir ora kaparêng madoni, lan ora didhawuhi ngrêrêpa nyuwun kaparênging Allah.

87. Nalikane wong duraka kaphir padha andêlêng siksa naraka (banjur dicêmplungake ing naraka), ora diparingi mayar siksane, sarta ora disarantèkake.

88. Nalika wong kang padha maro tingal iku andêlêng brahalane, banjur padha munjuk ing Allah: Dhuh Allah Pangeran kawula, brahala punika pangeran kawula ingkang kawula sêmbah, dados nyêmbah sanèsipun Tuwan. Ing kono brahala mau banjur padha mangsuli: He wong maro tingal, pangakumu nyêmbah marang aku iku aku ora rumasa, calathumu iku goroh.

89. Barêng diselaki dening brahala, wong maro tingal mau banjur padha ngrêrêpa marang Allah bangêt-bangêt (ewadene tanpa gawe), ênggone padha gawe-gawe ngarani yèn brahala iku bakal nulungi marang awake, ing dina iku têtela cidra.

90. Sarupane wong kang awake dhewe kaphir, lan kajaba iku ngalang-alangi wong kang ngambah dalaning Allah,

--- 2 : 589 ---

agama Ibrahim iku kajakajaba. patrapane ênggone kaphir, Ingsun wuwuhi patrapan ênggone makewuhi wong nglakoni Agama Islam. Awit iku manjing wong gawe rusak ana ing bumi.

91. (He Mukhammad), sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane ingsun nangèkake Nabining para umat saka ing pati, nabi mau tunggal bôngsa lan para umate. Mulane Ingsun tangèkake, supaya nêksènana ala bêciking umate. Lan sira dhewe uga Ingsun têkakake, supaya nêksènana ala bêciking para umatira iku kabèh. (Ingsun ora jênêng nganiaya marang wong kang padha dipatrapi siksa, awit) Ingsun wis andhawuhake kitab Kuran marang sira, mratelakake samubarang laku-lakuning sarengat (pranatan), iku minôngka pituduh lan sih Ingsun, apadene ambêbungah marang sarupane wong Islam.

92. Satêmêne Allah iku marentahake ngadil, sarta gawe bêcik (sanadyan marang wong kang nandukake piala), lan wèwèh utawa andongakake bêcik marang sanak sadulur kang adoh utawa cêdhak. Apadene nglarangi nandukake piala utawa maro tingal, lan nganiaya marang manungsa. Allah [A...]

--- 2 : 590 ---

[...llah] mituturi marang sira manungsa kabèh, supaya sira padha elinga ngèstokake dhawuhing Allah.

93. Mênawa sira wis padha prasêtya marang Allah, ditêmên ênggonira sêtya tuhu nêtêpi sêsanggêmanira marang Allah, aja wani-wani ngudhari utawa nyidrani supatanira kang wis diugêri kukuh kalawan nyêbut asmanig Allah. Allah wis sira jumênêngake nanggung sêsanggêmanira. Satêmene Allah iku nguningani samubarang kang padha sira lakoni.

94. Sira aja (pisan ngudhari sêsanggêmanira marang Allah, mundhak) kaya wong wadon nênun kang sawise kabênêran ênggone mani banjur dibubrah, lawene morak-marik, iya iku sanepane yèn sira padha ngudhari sêsanggêmanira, utawa nêrak supatanira, sira ênggo laku cidra marang kancanira, pamrihira supaya sira dadia warganing pakumpulan kang akèh kancane ngungkuli kakumpulan liyane, mulane Allah nyoba marang sira sarana diparentahi sêtya tuhu ing janji, supaya Allah nguningani marang sira kalawan gumêlar ing ngakèh, sapa kang ngèstokake parentah lan sapa kang ambangkang, apadene besuk dina kiyamat, Allah ênggone nêrang-nêrangake marang sira bab samubarang kang

--- 2 : 591 ---

padha sira ênggo pasulayan, bisaa têrang.

95. (He manungsa kabèh) upama ana kaparênging Allah sira iku didadèkake umat siji, golong nglakoni agama siji Islam, mêsthi kalêksanan (nanging karsaning Allah ora mangkono), Allah karsa nasarake wong kang dadi parênging karsane, sarta paring pituduh marang wong kang dadi parênging karsane, ewadene sira bakal padha didangu samubarang kang padha sira lakoni ana ing dunya.

96. Lan manèh sira aja gawe rusak utawa laku cidra sarana sira bandhani supata kang banjur sira trajang dhewe, prasasat dêlamakanira wis têtêp kukuh adêge, wusana banjur kêplèsèd. Yèn sira mangkono, mêsthi dipatrapi siksa ana ing dunya iki, marga ênggonira makewuhi tumindake dêdalaning Allah bab sêtya tuhu ing janji, sarta besuk ana ing akhirat, bakal dipatrapi siksa naraka kang luwih gêdhe.

97. Lan sira aja padha milih nyidrani sêsanggêmanira marang Allah, murih olèh barang kang sathithik ajine (iya iku kabungahan ing dunya), awit tumrape ing sira, ganjaraning Allah besuk ana ing akhirat, iku luwih [lu...]

--- 2 : 592 ---

[...wih] bêcik, ngungkuli kabungahan ing dunya. Mênawa sira wis wêruh kang mangkono mau, aja pisan nyidrani janji.

98. Kabungahan ing dunya kang ana ing tanganira, iku bisa êntèk lan rusak, dene ganjaraning Allah ana ing akhirat iku langgêng, ora bisa êntèk utawa rusak. Sarupane wong kang têguh atine sêtya tuhu ing janji, iku bakal padha Ingsun paringi ganjaran suwarga, luwih saka samurwating kangelane kang wis dilakoni.

99. Sarupane wong mukmin kang nglakoni panggawe bêcik, lananga, wadona, besuk ana ing akhirat, bakal padha Ingsun paringi kauripan kang bêcik (iya iku urip ana ing suwarga), lan bakal Ingsun paringi pituwas ganjaran, luwih saka murwating kangelan kang wis padha dilakoni.

100. Mênawa sira arêp maca Kuran, sira munia mangkene: Angudubilahi minasaitanirajim. Têgêse: Aku ngungsi ing Allah, nyingkiri pangridhuning setan kang dibalangi dening para Malaikat.

101. (Mênawa sira wis muni mangkono mau, sira dirêksa dening Allah saka pangridhuning setan), satêmêne setan iku ora duwe wêwênang

--- 2 : 593 ---

mêksa marang wong kang padha mukmin, sarta padha nyumanggakake barang- barange marang Allah.

102. Wêwênanging setan amêksa wong, iku mung tumrap wong kang padha maro tingal, manut parentahing setan.

103. Mênawa Ingsun nyuwak sawijining ayat, Ingsun lironi ayat liyane (iku ora liwat mung murih bêcike para kawulaningsun). Allah iku luwih dening nguningani yèn ênggone andhawuhake ayat kanggo nyalini ayat liyane mau, luwih dening prayoga. Ing kono wong kaphir banjur padha ngucap: (He Nabi Mukhammad), sampeyan punika dora sarta damêl-damêl. Wong kaphir mau kang akèh padha ora wêruh pakolèhe ayat disalini.

104. (He Mukhammad) sira dhawuha, Kuran iku diturunake dening Roh Kudus (Malaikat Jabarail) têrang saka dhawuhing Allah Pangeranira kalawan nyata, supaya wong kang pracaya ing Allah padha têguh têtêp atine. Apadene Kuran iku pituduh bênêr, lan minôngka bêbungah marang para wong Islam.

105. Ingsun nguningani yèn wong kaphir padha ngucap mangkene: [mang...]

--- 2 : 594 ---

[...kene:] Kuran iku asline ora liya saka wêwulanging wong. (Allah ngandika): Wong kang ditêrka mulang Kuran marang Nabi Mukhammad iku têmbunge dudu têmbung Ngarab, balik Kuran iki têmbung Ngarab kang patitis.

106. Sarupane wong kang ora ngandêl ayating Allah, iku têtela Allah ora anuduhake dalan bênêr marang wong mau. Besuk ana ing akhirat bakal padha dipatrapi siksa naraka kang nglarani.

107. Kang têtêp gawe-gawe calathu goroh iku sarupane wong kang ora ngandêl ayating Allah, wong mangkono mau têtêp padha goroh calathune.

108. Sing sapa wis pracaya ing Allah wusana banjur ambalik dadi kaphir, iku têtêp kêna bêbenduning Allah, kajaba yèn ênggone ambalik dadi kaphir mau sarana dipêksa, nanging atine isih têguh ngantêpi pracayane marang Allah, iku diapura, isih têtêp imane. Dene wong kang pancèn wis dhêmên lan gumolong atine dadi kaphir, iku têtêp padha kêna bêbênduning Allah, sarta bakal padha dipatrapi siksa kang gêdhe.

109, Enggone diancam ing siksa iku, amarga wong kaphir mau padha milih kabungahan ing dunya, ora praduli kabungahan ing akhirat, lan manèh Allah iku ora karsa nuduhake dalan bênêr [bê...]

--- 2 : 595 ---

[...nêr] marang wong kaphir.

110. Wong mangkono mau atine lan pangrungune lan pandêlênge padha dikancing dening Allah (dadi ora ngêrti lan ora krungu apadene ora wêruh wêwulang bêcik kang makolèhi kaslamêtan ana ing akhirat) wong mangkono mau mêsthi padha lali. Besuk ana ing akhirat ora wurung padha kapitunan.

111. Sarupane wong Islam kang wis dipilara lan dipaeka dening wong kaphir ana ing Mêkah, banjur lunga ngalih marang Madinah, sarta sawise ngalih banjur maju pêrang ngayoni wong kaphir, lan atine têguh ênggone pêrang. Sawise kalakon mangkono, Allah Pangeranira mêsthi ngapura kaluputane, sarta asih marang wong mau.

112. (He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane sarupaning awak padha madoni marang kang nyêkêl bêbênêran, makolèhake awake dhewe (ora kudu ngrewangi marang liyane), sarta sarupaning awak padha ditêtêpake nampani pituwase samubarang kang wis padha dilakoni dhewe-dhewe (nalika ana ing dunya) ewadene ora ana kang dipatrapi siksa kalawan [ka...]

--- 2 : 596 ---

[...lawan] panganiaya.

113. Allah anggêlar upama: Ana sawijining desa kang gêmah arja lan tata têntrêm, murah sandhang lan pangan, kang ditêkakake dening para among dagang saka ing ngêndi-êndi panggonan, wusana wong ing kono banjur padha maido pêparinging Allah kabungahan kang mangkono mau, mulane Allah banjur matrapi, ing desa mau (dikêndhati udan lawase nganti pitung taun, wusana) banjur pailan, wonge ing kono padha kaluwèn, sarta kuwatir bokmênawa ditêmpuh ing balane Nabi Mukhammad, marga ênggone padha nandukake piala kang wis kalakon.

114. Wong kaphir ing Mekah padha ditêkani utusaning Allah, pêthilan saka kancane wong ing Mêkah (iya iku Nabi Mukhammad). Wong ing Mêkah padha maido marang Nabi Mukhammad, mulane banjur padha dipatrapi siksa kaluwèn lan kuwatir. Wong kaphir ing Mekah mau padha murang sarak, nganiaya awake dhewe.

115. (He para wong mukmin) sira padha mangana rijêki paringing Allah marang sira, êndi kang ngrêsêpake tur dudu laranganing Allah, sira padha sukura nampani pêparinging Allah kabungahan.

116. Kang mêsthi Allah iku nglarangi marang sira

--- 2 : 597 ---

ora kaparêng mangan bathang (khewan kang mati tanpa dibêlèh) lan gêtih apadene daginging cèlèng, lan samubarang kewan kang pambêlèhe nganggo nyêbut liyane Allah (iku kabèh laranganing Allah, ora kêna dipangan), ewadene sing sapa kêpêksa kudu mangan laranganing Allah mau minôngka panulaking lara, iya kêna mangan larangan mau, samono iku mung tumrap wong kang ora ambalela ing ratu, lan ora ambegal sapêpadhane. Satêmêne Allah iku kaparêng ngapura dosa tur Maha-asih.

117. Lan manèh sira aja padha ngucap mangkene: Panganan iki khalal utawa panganan iki kharam, ênggonira ngucap mangkono mau mung calathu goroh, gawe-gawe, sira awadake têrang saka dhawuhing Allah. Satêmêne wong kang padha gawe-gawe, calathu goroh diawadake têrang saka dhawuhing Allah iku padha ora kêduman kabêgjan.

118. Pituwase wong gawe-gawe mau mung olèh kabungahan sapele ana ing dunya, besuk ana ing akhirat bakal dipatrapi siksa naraka kang nglarani.

119. Wong Yahudi padha Ingsun larangi mangan pêpanganan kang wis Ingsun caritakake marang sira

--- 2 : 598 ---

biyèn (kayata sarupaning khewan kang mawa kuku), ênggon ingsun anglarangi mau dudu panganiaya, balik wong Yahudi mau padha nganiaya marang awake dhewe.

120. Satêmêne Allah Pangeranira iku ngapura marang wong kang padha nglakoni ala maro tingal, kang ênggone nglakoni ala mau jalaran ora wêruh yèn iku ala wêkasane, sawise wêruh yèn kang dilakoni iku ala, banjur tobat lan ambêcikake kalakuane. Sawise tobat Allah Pangeranira mêsthi ngapura sarta asih marang wong mau.

121. Satêmêne Nabi Ibrahim iku sawijining pangarêp kang sumungkêm ngabêkti ing Allah, nêtêpi Agama Islam, dudu ewone wong kang padha maro tingal.

122. Kang sukur ênggone nampani pêparinging Allah kabungahan, Allah milih marang Nabi Ibrahim, dituduhake marang dalan kang bênêr (iya iku agama kang jêjêg).

123. Ana ing dunya Nabi Ibrahim mau Ingsun paringi bêcik (iya iku pangalêmbana kang akèh). Besuk ana ing akhirat Nabi Ibrahim mau kalêbu ewone wong kang padha bêcik.

124. Ingsun banjur paring wahyu marang sira: (He Mukhammad) [Mu...]

--- 2 : 599 -- -

[...khammad)] sira manuta agamane Nabi Ibrahim, agama Islam akèh condhonge marang bênêr. Nabi Ibrahim iku dudu ewone wong maro tingal.

125. Wong Yahudi mêsthi padha diparentahi mulyakake dina Sêtu, awit padha nyulayani marang Nabine (mopo diparentahi mulyakake dina Jumungah nglêluri sarengat pranatane Nabi Ibrahim). Satêmêne besuk dina kiyamat, Allah bakal mancas prakarane para wong Yahudi ênggone padha pasulayan.

126. (He Mukhammad) manungsa iku padha sira jak ngambah dalaning Pangeranira (nglakoni agama Islam).sarana sira surup-surupake unining Kuran kang isi kawruh kawicaksanan, lan sarana pitutur bêcik, apadene padha sira padonana kang luwlih bêcik. Satêmêne Pangeranira iku nguningani wong kang kêsasar saka dalaning Allah, lan nguningani wong kang olèh pituduh bênêr.

127. (He para wong Islam) mênawa wong kaphir nandukake piala marang sira, utawa siya-siya, iku sira walêsa sapadhane pialane marang sira, ewadene mênawa sira têguh, ora nandukake wewalês, têguhira iku luwih bêcik tumrap ing sira.

--- 2 : 600 ---

128. (He Mukhammad) sira têguha ing ati, awit ênggonira kêlar nêguhake ati, ora malês piala marang wong kang nandukake piala, iku ora liya saka pitulunging Allah, apadene sira aja sêdhih ngrasakake wong kaphir ênggone padha ora gêlêm anglakoni agama Islam, lan sira aja bêbêg atinira dupèh wong kaphir kudu nandukake paekan. Satêmêne Allah iku anjangkung wong kang padha wêdi ing Allah, lan wong kang bêcik, sumungkêm ngabêkti ing Allah.