Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

Jus kaping limalas

Surat Isra (Nglakokake)

Tinurunake ana nagara Mêkah, satus sawêlas ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Allah iku Mahasuci, kang wis nimbali Nabi Mukhammad kawulane, lumaku ing wayah wêngi, saka Masjidil Kharam ing nagara Mêkah, marang Masjidil Aksa (kang uga aran Baitul Mukaddas ing tanah Sam), kang tanah sakiwa têngêning baitul [ba...]

--- 2 : 601 ---

[...itul] Mukaddas mau Ingsun barkahi (sarana Ingsun dokoki kali pirang-pirang kang pating sarèwèh, sarta bumine Ingsun gawe loh jinawi), mulane Nabi Mukhammad Ingsun timbali, bakal Ingsun karsakake munggah marang langit, sarta Ingsun tontonake ayat kaelokaning kawasaningsun. Satêmêne Allah iku Miyarsa tur Ningali.

2. Lan manèh Ingsun wis maringi kitab Torèt marang Nabi Musa, Nabi Musa mau Ingsun dadèkake tuduh dalan bênêr marang para turuning Israil, supaya para turuning Israil mau aja padha mangeran marang liyaningsun.

3. He turune wong kang padha Ingsun tunggangake prau lan Nabi Nuh biyèn, wruhanira Nabi Nuh iku sawijining kawulaningsun kang sukur ênggone nampani pêparing Ingsun kabungahan (kapriye sira têka ora padha sukur).

4. Ingsun paring wahyu marang para turuning Israil, kasêbut ing kitab, ingsun paringi sumurup yèn ing têmbe para turuning Ibrahim mau padha balela ing Allah, gawe rusak ana ing bumi tanah Sam, sarana duraka, nganti rambah pindho, lan padha gumêdhe lumuhur-luhur bangêt.

--- 2 : 602 ---

5. Barêng wis kalakon papasthèn kang sapisan (iya iku wong Bani Srail padha balela ing Allah kang sapisan), wong Bani Srail banjur Ingsun têkani mungsuh kawulaningsun kang gagah prakosa tanpa lawan ing pêrang (iya iku Raja Jalut sabalane), iku padha ngoyak-oyak wong Bani Srail, diubrês ing nagara lan ing padesan, bakal dipatèni utawa diboyong. Kang mangkono iku wis ditamtokake dening Allah kang mêsthi kêlakon.

6. Wong Bani Srail sawise kêplayu ênggone pêrang (banjur padha tobat ing Allah). Ing kono banjur Ingsun balèkake karatone, sarta Ingsun paringi sugih bôndha lan anak, lan Ingsun dadèkake babranahan luwih dening akèh.

7. (Pangandikaning Allah marang wong Bani Srail) Mênawa sira padha nglakoni bêcik, iku tumônja ambêciki marang awakira dhewe. Kosokbaline mênawa sira nglakoni ala iku iya tumônja nandukake piala marang awakira dhewe. Barêng papasthèn kang kari wis kêlakon (iya iku wong Bani Srail padha balela ing Allah kang kapindho), wong Bani Srail banjur Ingsun têkani mungsuh

--- 2 : 603 ---

wong Pèrsi lan wong Rum iku ngalahake wong Bani Srail, nganti ulate padha biyas, mungsuh mau padha malêbu angobrak-abrik masjid Baitul Mukaddas, kaya kang wis kêlakon nalika wong Bani Srail padha balela kang sapisan. Mangkono manèh mungsuh mau padha ngrusak samubarang kang kêcandhak.

8. (He wong Bani Srail, sawise sira balela kang kapindho iki, mênawa sira banjur tobat kalawan têmên-têmên) bokmênawa Allah Pangeranira isih karsa ngapura lan banjur asih marang sira manèh. Sawise diapura kang kapindho, mênawa sira bali gawe rusak ana ing bumi manèh, Ingsun uga bali nêkakake siksa manèh. Wruhanira naraka jahanam iku Ingsun sadhiyakake dadi panggonane para wong kaphir.

9. Satêmêne Kuran iki nuduhake dalan kang bênêr, sarta ambêbungah marang para wong mukmin.

10. Kang padha nglakoni panggawe bêcik iku padha disaguhi bakal olèh ganjaran gêdhe (iya iku suwarga).

11. Lan satêmêne, sarupane wong kang ora ngandêl anane akhirat, iku padha Ingsun ancam siksa naraka kang nglarani.

--- 2 : 604 ---

12. Manungsa iku (mênawa pinuju sumpêg atine dening kasusahan utawa nêpsu, banjur) nyênyuwun ala marang Allah (tumrap ing awake dhewe utawa anak putune, apadene tumrap ing bandhane), padha bae karo yèn (pinuju lêjar atine banjur padha) nyênyuwun bêcik marang Allah. Wis watêke manungsa iku anggege kêlakone samubarang kang disuwun, tanpa mikir kapriye bakal wêkasane.

13, Lan manèh Ingsun nganakake raina lan wêngi dadi ayat rong warna (kang padha dadi tôndha yêkti gêdhening kawasaningsun), lire, tôndha yêkti wêngi Ingsun gawe pêtêng, dene tôndha yêkti raina Ingsun gawe padhang, supaya padhanging raina mau sira ênggoa nyambut gawe, ngupaya sih kanugrahaning Pangeranira (rijêki), lan supaya sira padha wêruha wilanganing taun lan wêruha etungan. Dene samubarang kabutuhanira prakara agama lan prakara dunya, wis Ingsun jalèntrèhake kalawan wijang.

14. Sarupaning wong padha Ingsun kalungi têtulisaning ala lan bêcike, ana ing gulune. Ing besuk dina kiyamat, têtulisaning ala lan bêcik mau Ingsun [Ingsu...]

--- 2 : 605 ---

[...n] wêtokake, gumêlar ana ngarêpe kang duwe têtulisan.

15. (Ingsun banjur ngandika): Mara sira macaa têtulisan cathêtaning ala lan bêcikira iku. Ing dina iki têtulisan iku wis cukup kanggo saksi utawa panimbang ingatase ala bêciking awakira.

16. Sing sapa olèh pituduh bênêr, pakolèhing pituduh bênêr mau ora tumrap marang sapa-sapa, mung tumrap marang awake kang olèh pituduh. Dene sing sapa kêsasar, iku cilakane iya ora tumrap marang sapa-sapa, mung tumrap marang awake kang kêsasar. Dene sarupane wong kang nandhang dosa, iku mung mikul dosane dhewe, ora bakal mikul dosaning liyan. Lan manèh Ingsun ora bakal matrapi siksa marang sawijining wong, kajaba yèn Ingsun wis ngutus Rasul (kang môngka ora diestokake dhawuhe).

17. Mênawa Ingsun karsa ngrusak wong ing sawijining desa, sakawite, Ingsun andhawuhake parentah marang wong ing desa mau dalah para panggêdhene, wusana wong ing desa mau padha duraka, mopo marang parintah Ingsun, ing kono

--- 2 : 606 ---

banjur têtêp wajib disiksa, mulane banjur padha Ingsun rusak.

18. Sapungkure Nabi Nuh, akèh para umat kang padha Ingsun rusak (marga saka dosane) kang mangkono mau wis cukup Allah Pangeranira kang waspada amirsani têrang marang dosaning para kawulane.

19. Sing sapa nyuwun ganjaran kêncengan ana ing dunya, iya Ingsun paringi kêncengan ana ing dunya. Apa saparênge karsaningsun, tumrap wong kang dadi parênge karsaningsun. Dene besuk ana ing akhirat, wong mau Ingsun cêmplungake ing naraka Jahanam, lan diarani wong ala, sarta tinulak saka rahmating Allah.

20. Dene sing sapa nyuwun ganjaran ana ing akhirat, sarta nglakoni barang kang bakal makolèhi ana ing akhirat, tur wong iku pracaya ing Allah, wong mangkono mau lakune bakal dianggêp dening Allah lan ditimbangi sukur.

21. Wong kang padha nyuwun ganjaran ing dunya lan kang padha nyuwun ganjaran ing akhirat mau, kabèh padha Ingsun paringi panyuwune saka pêparinging Allah Pangeranira. Dene pêparinging Pangeranira iku ora dipêpêt.

22. (He Mukhammad), sira andêlênga lan mikira ênggon [êng...]

--- 2 : 607 ---

[...gon] Ingsun pêparing marang manungsa têka ora padha, ana sawênèhing manungsa kang Ingsun paringi akèh, ngungkuli liyane, kang mêsthi pêparing Ingsun ana ing akhirat iku luwih gêdhe pangkate, lan luwih akèh kacèke (ngungkuli kacèke pêparing Ingsun ana ing dunya).

23. (He Mukhammad) manungsa iku aja ngadêgake Pangeran liyane Allah, mundhak dadi cacadan, lan ora olèh pitulunging Allah.

24. Allah Pangeranira majibake prakara iku marang sira, (pangandikane): He manungsa, sira aja padha nyêmbah sapa-sapa kajaba nêmbah ing Allah, lan majibake ambêciki lan ngabêkti marang wong tuwa loro, luwih manèh mênawa sira mênangi ênggone pikun wong tuwanira loro utawa salah sijine, sira aja ngucap: hus, marang wong tuwanira loro, apadene aja nyulayani lan mênggak karêpe kang ora luput, malah nandukna pangucap manis kang ngrêsêpake.

25. Lan sira diandhap asor lan ngêrpèpèh marang wong tuwanira loro, têrus wêdi lan asih. Wong tuwanira loro padha sira suwuna marang Allah mangkene: Dhuh Pangeran kawula, tuwan mugi wêlas asiha dhumatêng tiyang sêpuh kawula kêkalih punika, kados anggènipun sami ngopèni ngitik-itik dhumatêng [dhuma...]

--- 2 : 608 ---

[...têng] kawula, kala kawula taksih lare rumiyin.

26. Allah Pangeranira mêsthi nguningani barang kang sira batin ana ing atinira (têmên ngabêkti marang wong tuwanira loro utawa ora). Mênawa sira nêja bêcik, ngabêkti marang wong tuwa loro, (môngka ana kalane kasêrêng ing nêpsu utawa liyane kang nukulake dêksuranira marang wong tuwa loro, nanging sira banjur tobat, iku sira diapura dening Allah).

27. Satêmêne Allah iku ngapura marang wong kang age-age tobat.

28. Para sanak sadulur lan para wong miskin, lan wong kang nênêka, iku padha sira wèhana apa bênêre, (kaya ta jakat sapêpadhane). Lan aja nanjakake bandhanira marang laranganing Allah utawa marang kang tanpa paedah (iya iku kang diarani mubadir).

29. Satêmêne (wong kang padha mubadirake bandhane iku saduluring para setan, dene setan iku kaphir, maido ing Allah Pangerane.

30. Mênawa sira nulak panjaluke sanak sadulur sapanunggalane mau, sira sêmayani lagi ngupaya rijêki rahmating Allah Pangeranira kang lagi sira arêp-arêp, iku sira mangsulana marang para sanak sadulur sapanunggalane mau kalawan têmbung manis.

--- 2 : 609 ---

31. Lan sira aja gêgêm, aja anyêdhakêpake tanganira marang gulunira (aja kumêd bangêt) mundhak aran wong ala. Lan aja ngêgarake èpèk-èpèkira babar pisan, (aja kêlomanên) mundhak dadi anggombal.

32. Satêmêne Allah Pangeranira iku anggêlar rijêki, maringake rijêki akèh marang wong kang dadi parênging karsane, lan ana uga kang diparingi rijêki mung sathithik, satêmêne Allah iku waspada lan mirsani marang para kawulane.

33. Lan manèh sira aja padha matèni para anakira marga kuwatir anggombal. Wruhanira Ingsun paring rijêki marang sira lan marang anakira. Lan satêmêne matèni anak iku dosa gêdhe.

34. Sira padha nyingkirana sadhengah panuntuning zina. Satêmêne zina iku ala lan duraka, apadene iku dalan kang ala dhewe.

35. Lan aja matèni awak kang diajèni dening Allah, (iya iku wong Islam, lan wong kaphir kang dadi têtanggungane para wong Islam) kajaba yèn wis têtêp kalawan bênering khukum dosa pati. Dene sing sapa dipatèni kalawan panganiaya, ali warise kang pinatèn mau Ingsun paringi wêwênang (kêna nyuwun [nyuwu...]

--- 2 : 610 ---

[...n] kisase kang matèni, lan kêna jaluk diyat, iya iku têtêmpuh bôndha, apadene kêna mung ngapura bae. Endi kang dipilih, pangadilan kudu nuruti) dene yèn matrapi kisas aja kêbangêtên utawa kêladuk. Satêmêne ali waris mau ditulungi dening Allah.

36. Lan aja wani-wani nganggo bandhane bocah yatim, kajaba yèn kanggo kang amrih bêcik. (Kaya ta dilakokake murih mundhake utawa diênggo rumêksa), mangkono iku nganti tumêka bocah yatim mau diwasa lan pintêr. Lan manèh sira padha disêtya tuhu ing janji (janji marang Allah lan marang manungsa), awit janji iku ing têmbe bakal tinagih.

37. mênawa sira nakêr, anggênêpana takêran, apadene mênawa nraju, nganggoa traju kang jêjêg bênêr. Kang mangkono iku ana ing dunya bêcik, sanadyan wêkasane besuk ana ing akhirat, iya luwih dening bêcik.

38 Lan sira aja ngaku wêruh kang satêmêne ora wêruh, awit pêparinging Allah pangrungu lan pandêlêng lan pikir, kabèh iku ing têmbe bakal padha didangu ana pangayunaning Allah.

--- 2 : 611 ---

39. Lan sira aja lumaku ana ing bumi gêmbelengan, satêmêne sira iku ora bisa ambutulake bumi, apadene dêdêgira ora madhani gunung.

40. Parentah lan larangan kang wis kasêbut mau kabèh, besuk ana ngarsaning Allah, êndi kang tibane ing sira ala, didukani (dene kang bêcik dialêmbana).

41. Parentah lan larangan kang wis kasêbut mau mêngku kawicaksanan, ewone wahyu kang didhawuhake dening Allah Pangeranira marang sira. Lan sira aja ngadêgake Pangeran liyane Allah, yèn kalakon mangkono, sira bakal dicêmplungake ing naraka jahanam, diarani wong ala lan adoh saka ing bêcik.

42. (He wong Mêkah), apa nyata kaya ucapira yèn Allah Pangeranira iku namtokake marang sira mung duwe anak lanang bae, dene sarirane piyambak mung pêputra putri, iya iku para Malaikat. Satêmêne sira iku padha ngucapake têtêmbungan kang gawat.

43. Ingsun wis nêrangake (upama pirang-pirang lan pangêbang lan pangancam) ana sajroning Kuran iki, supaya si kaphir padha elinga doyan pitutur bêcik, ewadene ora bisa muwuhi apa-apa

--- 2 : 612 ---

marang si kaphir, dêstun mung muwuhi malengos marang pituduh bênêr.

44. (He Mukhammad) sira dhawuha marang wong Mêkah kabèh: Upama Allah iku anaa têtimbangane, kaya pangucape si kaphir, amêsthi para pangeran têtimbangane mau padha ngayoni marang Allah kang kagungan ngaras, golèk marga bisa angalahake.

45. Allah iku Mahasuci lan Mahaluhur, adoh bangêt yèn kayaa pangucape wong kaphir ing Mêkah iku, Allah iku têmên Mahaluhur lan Maha-agung.

46. Bumi lan langit pitu dalah saisine kabèh padha nyêbut Mahasuci marang Allah. Ora ana barang dumadi kang mênêng bae, akèh padha nyêbut Mahasuci marang Allah kalawan têmbunge dhewe-dhewe, ewadene sira ora padha ngêrti marang pujine. Satêmêne Allah iku Maha-asih tur ngapura dosa.

47. (He Mukhammad) nalikane sira maca Kuran, Ingsun andokokake aling-aling nutupi sira, ana antaranira lan wong kang padha ora pracaya bakal anane akhirat.

48. Sarta atine Ingsun tutupi, dadi padha ora ngêrti surasaning Kuran, apadene kupinge [ku...]

--- 2 : 613 ---

[...pinge] abot ngrungokake Kuran.

49. Dene nalikane sira nyaritakake Pangeranira kasêbut ana sajroning Kuran, yèn Pangeran iku mung siji Allah, wong kaphir banjur padha mungkur, marêp marang burine, sumingkir saka pracaya.

50. Ingsun nguningani wong kaphir ênggone padha anggêguyu Kuran, nalikane ngrungokake ênggonira maca Kuran lan nalikane padha ngrasani sira. Pangucape wong kaphir duraka mangkene: Nabi Mukhammad iki dudu sapa-sapa, nanging wong lanang kêna ing sikhir.

51. Mara sira rasakna, wong kaphir iku ênggone sawiyah madhakake sira karo wong kêna ing sikhir, wusana banjur padha kêsasar saka pituduh bênêr, nganti ora bisa olèh dalan marang kaslamêtan.

52. Wong kaphir mau padha ngucap: Besuk yèn aku wis mati, wis dadi balung lan lêmah, apa ya bakal ditangèkake saka ing pati, banjur dadi gêtih anyar.

53. (He Mukhammad) sira dhawuha: Sanadyan kowe padha dadi watu utawa dadi wêsi utawa dadi titah kang koanggêp lôngka bisane urip, kawasaning Allah [A...]

--- 2 : 614 ---

[...llah] ora bakal cabar nguripake kowe. Wong kaphir bakal mangsuli mangkene: Sapa kang bakal ambalèkake aku urip manèh. (He Mukhammad) sira dhawuha: Kang ambalèkake kowe urip manèh, iya Allah kang gawe kowe sakawit biyèn. Wong kaphir mau êndhase banjur padha manthuk marang sira, lan padha calathu: Benjing punapa tangining tiyang pêjah. (He Mukhammad) sira dhawuha: Bokmênawa wis cêpak.

54. Iya iku dina kiyamat, nalikane Malaikat Israphil nguwuh-uwuh (He balung kang wis padha pisah, daging kang wis ajur, dhawuhing Allah sira padha ngumpula, pulih kaya mau-maune, bakal tômpa pancasan pangadilaning Pangeran) ing kono kowe banjur padha ngèstokake dhawuh kalawan muji ing Allah. Sawise paripurna dadi manungsa manèh, kowe padha rumasa yèn ênggonmu ana ing dunya utawa ana ing kubur, mung sadhela.

55. (He Mukhammad) sira dhawuha (marang para kawulaningsun wong mukmin mangkene): Kowe padha nandukna têtêmbungan kang manis lan nuju ati (marang wong kaphir kang padha maeka) satêmêne setan iku ngêdu para wong mukmin lan para wong kaphir, dadi têtela setan [se...]

--- 2 : 615 ---

[...tan] iku satruning manungsa.

56. Allah Pangeranira iku luwih dening wuninga marang sira kabèh, mênawa dadi parênging karsane, ngruntuhake sih marang sira (paring pituduh bênêr lan pitulung) utawa yèn dadi parênging karsane (sira dikarsakake mati kaphir) sabanjure Allah matrapi siksa marang sira (He Mukhammad) ênggon Ingsun ngutus marang sira, ora anjibahake nanggung miturute para umatira.

57. Dene Allah Pangeranira iku luwih dening wuninga marang saisining bumi lan langit. Satêmene Ingsun paring kaluwihan marang sawênèhing para Nabi, ngungkuli Nabi liyane. Nabi Dawud Ingsun paringi kitab Zabur (nabi liyane ora Ingsun paringi kitab Zabur).

58. (He Mukhammad) sira dhawuha marang para wong kaphir: Mara saiki kowe padha nyuwun-nyuwuna marang liyane Allah, kang padha koanggêp liyane Pangeran (kayata Malaikat, Nabi Ngisa, Nabi Nguzèr lan para lêlêmbut supaya ambengkasa rêribêd saka ing sira). Kang padha koanggêp Pangeran mau mêsthi padha ora bisa ambengkas utawa ngêlih rêribêd saka ing sira.

--- 2 : 616 ---

59. Kang padha koanggêp Pangeran mau kabèh padha ngupaya lantaran murih kacêdhak ing Allah Pangerane, apadene padha wêdi siksane. Endi kang kacêdhak bangêt ing Allah iku luwih bangêt wêdine lan pangarêp-arêpe sihing Allah, ngungkuli liya-liyane. Satêmêne siksaning Allah Pangeranira iku mêdèni bangêt.

60. Sarupaning wong isining padesan (sanadyan wong ala utawa wong bêcik) sadurunge dina kiyamat, mêsthi padha Ingsun rusak. Wong kang ngabêkti ing Allah padha Ingsun pundhut kalawan mati mukmin, dene wong kang balela padha Ingsun rusak kalawan tinurunan siksa kang abot, kang mangkono iku wis têtêp tinulisan ana ing Lohmahphul.

61. Kang murungake ênggone ênggon Ingsun arêp nurunake tôndha yêkti kaelokan (nuruti sapanjaluke wong ing Mêkah) iku ora ana manèh mung lupiyane para umat ing jaman kuna padha maido marang tôndha yêkti kaelokan. Para wong Samut biyèn Ingsun gêlari kaelokan- kaelokan unta mêtu saka ing watu, cêtha katon ing ngakèh, ewadene wong Samud padha maido. Wruhanira ênggon ingsun nurunake mukjijat [mu...]

--- 2 : 617 - --

[...kjijat] kaelokan iku ora liya mung mêmêdèni marang para kawulaningsun.

62. (He Mukhammad) sira nyaritakna nalikane Ingsun dhawuh marang sira, satêmêne Kawasa lan Waspadane Pangeranira iku nglimputi manungsa. Dene sarupane tontonan kang Ingsun tontonake marang sira (nalika sira Ingsun timbali munggah marang langit) iku ora liya Ingsun ênggo nyoba marang manungsa. Mangkono manèh uwit zikkum (Zikkum iku kêkayon kang thukul sarta urip ana ing naraka. Muhtar). Kang kasêbut ing Kuran dadi pangane wong kang kêna bêbênduning Allah (iku kanggo nyoba marang manungsa). Ingsun mêmêdèni marang manungsa, ewadene ora bisa muwuhi apa-apa, kajaba mung muwuhi kêsasar kang bangêt.

63. (He Mukhammad) sira nyaritakna nalikane Ingsun dhawuh marang para Malaikat: Sira padha sujuda marang Adam, para Malaikat banjur ngèstokake dhawuh, padha sujud marang Nabi Adam, mung iblis munjuk ing Allah: Kenging punapa kawula têka sujud dhatêng tiyang ingkang Tuwan damêl saking êndhut.

64. Iblis munjuk manèh: Kawula mugi Tuwan dunungakên, awit saking punapa Adam punika têka

--- 2 : 618 ---

Tuwan damêl mulya ngungkuli kawula (Ingkang môngka kawula punika kadadosan saking latu), mênawi Tuwan karsa nyarantosakên kawula, botên pêjah dumugi dintên kiyamat, amêsthi para turunipun Adam kawula rampêt, sami kawula sasarakên, kajawi namung sakêdhik (inggih punika tiyang ingkang sami Tuwan rêksa).

65. Allah ngandika: He Iblis, sira lungaa (sira Ingsun sarantèkake têkan dina kiyamat). Sira lan para turune Adam kang padha manut ing sira, Ing têmbe bakal padha Ingsun patrapi siksa naraka Jahanam iya iku wêwalês kang sampurna.

66. Ing sabisa-bisa, sira anggodhaa para turune Adam kalawan têmbungira kang manis, sarta nguwuh-uwuha kanthi kancanira kang nunggang jaran lan kang lumaku dharat. Apadene sira awor para turune Adam, sira nuksmaa ana ing bôndha lan ana ing anak-putune, padha saguhana yèn bakal ora ana dina kiyamat. Dene samubarang kang disaguhake dening setan iku, mêsthi cidra kabèh.

67. Satêmêne sira ora duwe wêwênang mêksa marang para kawulaningsun kang mukmin. Allah Pangeranira kawasane cukup, bakal nulak panggodhanira marang para wong mukmin.

--- 2 : 619 ---

68. (He manungsa) Allah pangeranira iku kang nglakokake prau ana ing sagara, maedahi marang sira, supaya sira ênggo ngupaya rijêki sih kanugrahaning Allah, satêmêne Allah iku asih marang sira.

69. Nalikane sira kambah ing rêribêd ana satêngahing sagara (kuwatir kèrêm) ing kono sarupane kang padha sira kira bakal têtulung, padha ngoncati, dadi sira ora bisa anjaluk tulung marang sapa-sapa, mung banjur nyuwun pitulunging Allah Pangeranira. Barêng Allah wis paring pitulung marang sira, slamêt têkan ing dharatan, sira banjur malengos (suthik pracaya ing Allah), manungsa iku maido pêparinging Allah kabungahan.

70. (Sanadyan ana ing dharatan) sira apa bisa oncat mênawa sira Ingsun karsakake diuntal ing bumi (kaya lêlakone Si Karun biyèn) utawa mênawa sira Ingsun udani watu, ing kono sira banjur ora duwe pangungsèn.

71. Utawa mênawa ing liya dina Allah ambalèkake sira marang sagara manèh, banjur tinêmpuh ing angin ribut, sira apa bisa ngoncati bêbaya (mêsthi ora), ing kono sira banjur kèrêm, minôngka wêwalêse

--- 2 : 620 ---

ênggonira maido pêparinging Allah kabungahan. Mêsthi ora ana kang bisa nulungi sira, nyuwunake wurunge bêbênduningsun.

72. Satêmêne Ingsun mulyakake para turune Adam, Ingsun paringi têtunggangan ana ing dharatan lan ana ing sagara, sarta padha Ingsun paringi rijêki kang ngrêsêpake, apadene Ingsun gawe punjul ngungkuli titah Ingsun pirang-pirang.

73. (He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane Ingsun nimbali sarupaning wong nganggo jênênging para nabi kang dadi pangarêpe, ing kono sing sapa diulungi tulisan cathêtaning ala lan bêcike, kalawan tangane têngên, wong mau banjur maca tulisan mau, sarta ganjaraning kabêcikane ora suda saboboting wiji sawi.

74. Dene sing sapa nalika ana ing dunya iki atine picak (ora wêruh ing bênêr) wong mau besuk ana ing akhirat uga picak (ora wêruh dalan marang kaslamêtan) sarta kêsasar adoh saka dalaning Allah.

75. (He Mukhammad) satêmêne wong kaphir bôngsa Kurès iku mèh anggodha ing sira, murih sira [si...]

--- 2 : 621 ---

[...ra] ninggala barang kang wis Ingsun dhawuhake marang sira, pangarahe supaya sira gawe-gawe, andhawuhake barang kang ora Ingsun dhawuhake, sira awadake têrang saka Ingsun. Mênawa kêlakon mangkono, wong kaphir Kurès padha saguh nganggêp sudarawèdi marang sira.

76. Upama sira ora Ingsun paringi têguh têtêp atinira, mêsthi sira rada kèlu marang panggodhane wong kaphir Kurès mau.

77. Mênawa sira kèlu, mêsthi sira Ingsun paringi wêruh rasane siksa ing dunya lan ing akhirat, tikêl karo murwating kaluputan, sarta ora ana kang bisa nulungi sira, nulak siksaningsun.

78. Lan satêmêne wong Yahudi iku mèh anggêgiris, supaya sira lunga saka bumi ing Madinah. Mênawa kêlakon mangkono, sapungkurira, wong Yahudi mau ênggone manggon ana ing Madinah ora nganti suwe (banjur rusak).

79. Kaya laku-lakune para Rasul kang padha Ingsun utus sadurunge sira (sing sapa nundhung Rasul, banjur Ingsun rusak) laku-lakuning pranatan ingsun kang mangkono mau, ora ana kang bisa [bi...]

--- 2 : 622 ---

[...sa] ngowahi.

80. Sira nglakonana sêmbayang wiwit saka wayah lingsiring srêngenge (Luhur) nganti têkan pêtênging wêngi, lan sêmbayang wayah pajar (Subuh), satêmêne sêmbayang ing wayah pajar iku diwêruhi dening para Malaikat.

81. Lan manèh ing wayah wêngi sira sêmbayanga sunat, kang aran sêmbayang Tahajud (Têgêse ora turu marga sêmbayang) kalawan maca Kuran, supaya besuk dina kiyamat, sira ditangèkake dening Allah Pangeranira saka ing pati, sarta banjur diprênahake ana ing makam mahmud (têgêse pangkat kang pinuji).

32. Lan sira nyênyuwuna ing Allah mangkene: Dhuh Allah Pangeran kawula, Tuwan mugi nglêbêtna kawula (dhatêng nagari Madinah) kalayan sae, punapadene anglêbêtna kawula (saking nagari Mêkah) tanpa mandhêg tumolih. Makatên ugi kawula mugi Tuwan paringi kêkiyatan utawi dêdamêling bantah ingkang mitulungi dhatêng kawula, ngawonakên dhatêng tiyang ingkang nyulayani dhatêng kawula.

83. Lan sira dhawuha: Saiki kang nyata bênêr [bê...]

--- 2 : 623 ---

[...nêr] (iya iku agama Islam) wis têka. Dene kang luput têmênan (iya iku kaphir) sirna. Satêmêne barang kang luput iku, enggal lawas mêsthi sirna.

84. Ingsun nurunake tômba saka ing Kuran lan rahmat marang para wong mukmin, ewadene tumrape marang wong kaphir duraka, Kuran mau ora muwuhi apa-apa, mung muwuhi kêsasar.

85. Mênawa Ingsun paring kabungahan marang para wong kaphir, wong kaphir mau malengos (ora gêlêm sukur) lan ngingêr lambunge. Dene mênawa si kaphir mau kambah ing barang kang ala, banjur mutung (ora pisan ngarêp-arêp sihing Allah).

86. (He Mukhammad) sira dhawuha: Siji-sijining wong iku nguningani bangêt marang wong kang panêmune bênêr, ngambah dalaning Allah.

87. (He Mukhammad) wong Yahudi padha takon marang sira prakara roh (kang minangkani uriping badan wadhag), iku sira wangsulana mangkene: Roh iku ewoning prakara kang magêpokan Allah Pangeranku. Ngilmuning Allah kang diparingake marang sira ora sapira, mung sathithik bangêt.

88. Mênawa ana kaparênge karsaningsun, bisa uga [u...]

--- 2 : 624 ---

[...ga] kêlakon, Kuran kang wis Ingsun dhawuhake marang sira iku, Ingsun dhawuhake marang sira iku'Ingsun dhawuhake marang sira iku' dibaca sekali. Ingsun pundhut (saka atining manungsa lan saka ing têtulisan) sailanging Kuran, sira ora bisa olèh andêl-andêl kang bisa ambalèkake Kuran.

89. Kajaba yèn ana tumètèsing rahmat saka Allah Pangeranira, satêmêne kanugrahaning Allah marang sira iku gêdhe.

90. (He Mukhammad) sira dhawuha: Upama sarupaning manungsa lan jin iku sayuk padha gawe anggitan kang madhani Kuran iki, mêsthi ora bisa gawe anggitan kang madhani Kuran. sanadyan tulung-tinulung siji lan sijine, iya ora bisa.

91. Ingsun wis ambolan-balèni anggêlar upama pirang-pirang manungsa ana sajroning Kuran iki, ewadene manungsa iku kang akèakèh. padha mopo ing parentah, anane mung maido.

92. Wong kaphir padha ngucap mangkene: Kula botên ngandêl cariyos sampeyan, kajawi mênawi sampeyan sagêd ngudalakên umbul wontên ing bumi Mêkah ngriki.

93. Utawi mênawi sampeyan gadhah pasitèn [pasitè...]

--- 2 : 625 ---

[...n] wontên ing Mêkah ngriki, isi wit kurma saha anggur, salajêngipun sampeyan angwontênakên tuk ingkang lajêng dados lèpèn mili pating sarèwèh wontên sasêlaning wit-witan wau, punika kula ngandêl ing sampeyan.

94. Utawi mênawi sampeyan sagêd ngrêntahakên gêgêmpalaning langit dhatêng ing bumi, kados ingkang sampun nate sampeyan pangandikakakên rumiyin. Utawi mênawi sampeyan sagêd ngaturi Gusti Allah saha para Malaikat sami rawuh ing ngriki kalayan kasat mata ing tiyang kathah, nêksèni yèn pangandika sampeyan punika têmên

95 Utawi mênawi sampeyan gadhah griya mas, utawi mênawi sampeyaningsampeyan.

sagêd minggah ing langit (punika kula ngandêl ing sampeyan) mênawi sampeyan ngakên minggah ing langit, kula botên ngandêl, kajawi mênawi sampeyan ngudhunakên kitab saking langit, ingkang mratelakakên bilih pangandika sampeyan punika têmên, kitab wau lajêng kula waos. (He Mukhammad) sira dhawuha: Allah Pangeranku Mahasuci. Aku iki sapa ta, ora liya mung manungsa dadi utusaning Allah.

--- 2 : 626 ---

96. Manungsa iku mênawa diundhangi pituduh bênêr, kang makewuhi ênggone ngandêl mung pangucape mangkene: Ya gene Allah têka ngutus manungsa (ora karsa ngutus Malaikat).

97. (He Mukhammad) sira dhawuha: (Dhawuhing Allah): Upama ing bumi iku isi Malaikat kang padha lumaku lan omah-omah, mêsthi Ingsun turuni utusan Malaikat saka ing langit.

98. (He Mukhammad) sira dhawuha: Mungguh ênggonku pasulayan lan kowe iki, cukup disêksèni lan dipancas dening Allah,. Satêmêne Allah iku waspada ênggone mirsani para kawulane.

99. Sing sapa dituduhake dalan bênêr dening Allah, wong mau têtêp olèh pituduh bênêr. Dene sing sapa dikarsakake sasar dening Allah, wong mau ora bisa olèh andêl- andêl kang bisa nulungi marang awake, liyane Allah. Ing besuk dina kiyamat, nalikane Ingsun tangèkake saka ing kubur, padha lumaku sarana raine (ora sarana sikile), matane picak, cangkême bisu, sarta kupinge budhêg. Panggonane ana ing naraka Jahanam. Sabên urube mati marga kulite wis dadi arêng, ingsun salini kulit [ku...]

--- 2 : 627 ---

[...lit] anyar, banjur sangsaya murub mulad-mulad.

100. Mangkono iku pituwase para wong kaphir, ênggone padha maido ayat Ingsun lan padha ngucap mangkene: Besuk mênawa aku wis mati, wis dadi balung kang pisah-pisah lan daging kang ajur, apa nyata aku bakal ditangèkake saka ing pati, banjur dadi titah anyar.

101. Wong kaphir mau apa dhapadha. ora wêruh yèn Allah kang gawe bumi lan langit kang samono gêdhene, iku kawasa gawe wong padhane wong kaphir kang mung samono bae. Lan namtokake wêwangên matine lan tangine saka ing pati (mêsthi kêlakon), ora sumêlang. Wong kaphir padha mopo pracaya, anane mung padha maido.

102. (He Mukhammad) sira dhawuha marang wong kaphir: Upama kowe padha duwe gêdhong pasimpênane rahmating Pangeranku, mêsthi kowe kumêd, kuwatir yèn êntèk marga diwèwèhake. Manungsa iku wis watêke kumêd.

103. Ingsun wis maringi tôndha yêkti kang cêtha sangang warna marang Nabi Musa. Mara sira andangua marang wong Bani Srail, kapriye lêlakone Raja Phirngon nalika ditêkani Nabi Musa. Raja Phirngon madoni

--- 2 : 628 ---

marang Nabi Musa: He Musa, panêmuku kowe iku wong kêna ing sikhir.

104. Nabi Musa mangsuli marang Raja Phirngon: Sampeyan sampun sumêrêp bilih ingkang nurunakên tôndha yêkti sangang warni punika dede sintên-sintên kajawi namung Allah Pangeranipun bumi kalihan langit, makatên punika sampun cêtha, ewadene sampeyan têguh, mila pamanggih kula sampeyan punika badhe risak.

105. Raja Phirngon banjur tumandang nêdya numpês wong Bani Srail, disirnakake saka ing bumi, wusana Raja Phirngon sabalane kabèh padha Ingsun kêlêm ing sagara.

106. Sapungkure Raja Phirngon, Ingsun ngandika marang wong Bani Srail saiki sira padha manggona ana ing bumi (Mêsir lan bumi ing Sam). Dene besuk yèn wis têkan ing wêwangên kêlakone dina kiyamat, sira kabèh padha Ingsun kalumpukake. Ingsun wis nurunake Kuran kalawan nyata, kêlakone tumuruning Kuran uga kalawan nyata. Dene ênggon Ingsun ngutus marang sira Mukhammad, ora liwat mung Ingsun karsakake ambêbungah (Marang wong kang pracaya bakal olèh [o...]

--- 2 : 629 ---

[...lèh] ganjaran suwarga), sarta mêmêdèni (marang wong kang maido bakal padha disiksa ana ing naraka).

107. Ingsun mijangake lan anjalèrtrèhake Kuran supaya sira wacaa lan sira dhawuhna marang para manungsa kalawan sarênti lan lumintu, Kuran mau Ingsun turunake saka sathithik.

108. (He Mukhammad) sira dhawuha: Kowe (mênawa kêpengin bêgja) padha ngandêla marang Kuran utawa (yèn kowe nêmaha cilaka) aja ngandêl marang Kuran. Sarupane wong kang kanggonan ngilmu sadurunge Kuran iki, mênawa diwacakake Kuran banjur padha sumungkêm bathuke, sujud ing Allah. Unjuke: Allah Pangeran kawula Mahasuci. Sayêktosipun prasêtyaning Allah Pangeran Kawula, mêsthi kalêksanan.

109. Lan padha sumungkêm bathuke, sujud kanthi nangis, apadene wuwuh konjêm ing Allah.

110. (He Mukhammad) sira dhawuha: Kowe padha nyênyuwuna ing Allah utawa nyênyuwuna ing Pangeran kang Mahamurah, êndi asmaning Allah kang koênggo nyênyuwun, kêna: Allah

--- 2 : 630 ---

iku kagungan asma kang agung. Lan manèh ênggonmu sêmbayang aja kabèh kosêrokake, lan aja kabèh kolirihake. Murih antarane dalan sêru lan lirih.

111. Lan munjuka mangkene: Sakathahing puji pangalêmbana punika sadaya konjuk ing Allah, ingkang botên pêputra, karatonipun botên wontên ingkang nyamèni, punapadene botên asor butuh dhatêng pitulunganing liyan. Lan sira nyêbuta agung marang Allah.

Surat Kahphi (Guwa)

Tinurunake ana nagara Mêkah, satus sapuluh ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Sekèh puji pangalêmbana iku konjuk ing Allah, kang wis maringi kitab ( Kuran marang Nabi Mukhammad) kawulane. Sajroning Kuran mau ora ana têtêmbungan utawa surasa kang cêngkah.

2. Khukuming Kuran iku ngadil murih rahayu, kanggo mêmêdèni (sarupane wong kaphir diwêdèni) siksaning Allah kang abot.

--- 2 : 631 ---

lan kanggo ambêbungah marang wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik. Ing têmbe bakal padha diparingi ganjaran bêcik (iya iku suwarga). Wong mukmin mau bakal padha têtêp manggon ana ing suwarga, langgêng salawas-lawase.

3. Lan kanggo mêmêdèni wong kaphir kang padha duwe pangucap mangkene: Allah iku apêputra.

4. Wong kaphir mau dalah para luhure biyèn, ênggone padha ngucap mangkono mau, têtêp tanpa kawruh. Gêdhe têmên kaluputane wong kaphir mau ênggone kawêtu saka cangkême ngucap yèn Allah iku apêputra. Enggone padha ngucap mangkono mau, ora liya mung goroh.

5. (He Mukhammad) sira aja ngrusak awakira dhewe, marga sêdhih anggêtuni para wong kaphir ênggone padha ora ngandêl marang Kuran iki.

6. Isèn-isèning bumi iki kabèh Ingsun ênggo parêngganingrêrêngganing. bumi, kanggo nyoba lan niti pariksa para manungsa, êndi kang lakune bêcik (utawa ala).

7. Lan manèh isèn-isèning bumi mau kabèh, bakal Ingsun balèkake dadi lêmah, ora thukul pakolèhe apa- apa.

--- 2 : 632 ---

8. (He Mukhammad) apa sira ngira yèn lêlakone Sakibul Kahphi Warakim (Sakibul Kahphi Warakim, têgêse: wong kang manggon ing guwa, kang duwe têtêngêr ukir-ukiran, iya iku wong wolu kalêbu asune, padha ing nagara Iphisus, padha ngungsi tapa ana ing guwa marga nyingkiri ênggone dipêksa nyêmbah brahala dening ratune. Khajin) Iku ayat tôndha yêkti saka Ingsun kang anggumunake dhewe. (Iku luput, wruhanira, ayat kang mratandhani karsaning Allah iku luwih dening anggumunake, ngungkuli lêlakone Sakhibul Kahphi Warakhim).

9. (He Mukhammad) sira nyaritakna lêlakone Sakhibul Kahphi nalikane padha ngungsi marang guwa (nyingkiri ênggone padha dipêksa nyêmbah brahala dening ratune). Sakhibul Kahphi mau padha munjuk ing Allah mangkene: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi paringa rahmat dhumatêng kawula saking ngarsa Tuwan. Mênggah lêlampahan kawula punika mugi Tuwan karsakakên sae kadadosanipun, aminangkanana anggèn kawula angsal pitêdah lêrês saking Tuwan.

10. Ingsun anurokake Sakhibul [Sakhibu...]

--- 2 : 633 ---

[...l] Kahphi ana sajroning guwa lawase nganti têlungatus sanga taun.

11. Sawise kêlakon têlungantus sanga taun banjur padha Ingsun tangèkake, supaya Ingsun nguninganana kalawan gumêlar, mungguh wong rong golongan kang padha pasulayan bab enggal lawase ênggone turu Sakhibul Kahphi mau ana ing guwa, êndi kang bênêr.

12. Ingsun nyaritakake lêlakone Sakhibul Kahphi marang sira Mukhammad kalawan têmên, satêmêne Sakhibul Kahphi iku wong wolu kalêbu asune, kang padha pracaya marang Allah Pangerane, lan padha Ingsun wuwuhi pituduh bênêr.

13. Lan Ingsun ngukuhake atine Sakhibul Kahphi ênggone padha mantêp ngrungkêbi bênêr. Nalikane padha didangu ana ngarêping ratune, ature: Pangeran kula punika Allah Pangeranipun bumi kalihan langit, kula botên nyêmbah Pangeran sintên-sintên kajawi Allah, dados kula punika ngucapakên Kaphir tur kasangêtên.

14. Para sadhèrèk kula punika sami ngadêgakên Pangeran liyaning Allah (inggih punika brahala) [braha...]

--- 2 : 634 ---

[...la)] kenging punapa têka sami botên sagêd angwontênakên tôndha yêkti ingkang têrang. (Kawuningana) botên wontên tiyang langkung duraka tinimbang tiyang wicantên dora damêl-damêl, mastani Allah punika wontên ingkang nyamèni.

15. (Barêng wis padha mundur saka ngarsane sang nata Sakhibul Kahphi banjur padha caturan siji lan sijine). Sarèhne aku lan kowe wis oncat saka wong kaphir dalah sêsêmbahane liyane Allah, prayogane: ayo padha ngungsi marang guwa bae. Ana ing kono Allah Pangeranmu mêsthi maringi rijêki marang kowe, lan paring gampang têkane samubarang kang makolèhi marang kowe.

16. (He Mukhammad) upama sira wêruh ing guwa kono, mêsthi sira andêlêng srêngenge nalikane mêtu saka wetan, serotesorote. saka ing têngên, nyingkiri guwa mau, lan nalikane surup, sorote saka kiwa iya nyingkiri guwa mau. Dene Sakhibul Kahphi mau padha manggon ana têngahing guwa. Mungguh lêlakone Sakhibul Kahphi mau dadi tôndha yêkti saka Allah, sing sapa dipasthi dening Allah olèh pituduh bênêr,

--- 2 : 635 -- -

iya mêsthi olèh pituduh bênêr. Dene sing sapa dikarsakake kêsasar, mêsthi ora ana kang bisa nulungi nuduhake dalan kang bênêr.

17. Sira ngira yèn Sakhibul Kahphi mau padha mêlèk (marga matane padha malêlêng), nanging satêmêne iku padha turu, lan manèh (ing dalêm sataun sapisan) Sakhibul Kahphi mau padha Ingsun galebagake, alihan ngiwa lan nêngên. Dene asune ngêgarake tangane ana ngèmpèring guwa. Upama sira wêruh rupane Sakhibul Kahphi, mêsthi sira giris lumayu wêdi.

18. Mangkono manèh Sakhibul Kahphi mau sawise Ingsun turokake, banjur Ingsun tangèkake, supaya padha takon-tinakon, mulane barêng wis padha tangi, banjur ana siji kang takon marang kancane: Enggonmu ana ing guwa kene kira-kira wis pira suwene. Kang ditakoni mangsuli: Kira-kira wis sadina utawa kurang. Wusana kabèh muphakat, pangucape: Allah Pangeranmu kang mêsthi luwih dening têrang, nguningani sapira lawase ênggomu ana ing guwa kene. Saiki aja barang-barang dirêmbug, prayogane kongkonana kancamu siji mênyang [mê...]

--- 2 : 636 ---

[...nyang] ing nagara Iphisus, dhêdhêmitan, nyalamur, aja nganti konangan ing wong siji, anggawa sangumu dhuwit salaka, tuku panganan kang enak.

19. Wong ing Iphisus manawa wêruh ing kowe, mêsthi banjur padha matèni marang kowe, utawa kowe dipêksa nunggal agamane kaphir, yèn kêlakon mangkono, dadi bakal wurung ênggonmu padha anggayuh kabêgjan ing akhirat, tulus cilaka salawas-lawase.

20. Mangkono manèh Sakhibul Kahphi mau Ingsun katokake marang wong akèh ing Iphisus, supaya wong kang padha durung pracaya bakal tangine wong mati ing dina kiyamat, padha sumurupa yèn tangine wong mati ing dina kiyamat, kang wis didhawuhake dening Allah iku ing têmbe bakal nyata kalêksanan, apadene dina kiyamat iku ora sumêlang bakal kêlakone. Dhèk samana wong Iphisus lagi rame padha sulayan prakara bakal tangine wong kang wis mati, banjur katungka pasulayan bab kaanane Sakhibul Kahphi, barêng ora bisa rampung dening panêmuning wong, wong akèh banjur padha ngucap: Cêkake kang weruh sajatine Sakhibul Kahphi iku mung Pangerane dhewe.

--- 2 : 637 ---

Pangucape wong kaphir: Karêpku Sakhibul Kahphi iku tak cungkup wae supaya karêksa. Ing môngsa iku kang mênang para wong mukmin, ratune uga mukmin. Panêmune kang wis golong, didhawuhake dening sang nata mangkene: Saiki ngarêpaning guwa iku takdegi masjid, kanggo sêmbayang wong akèh, supaya padha olèha barkahe Sakhibul Kahphi.

21. Sawênèhe wong Nasara ing jamane Nabi Mukhammad ngucap: Sakhibul Kahphi iku wong têlu, papat kalêbu asune, lan sawênèhe manèh ana kang ngucap, Sakhibul Kahphi iku wong lima, nênêm kalêbu asune. Pangucape wau tanpa wêwaton, mung saka kira-kira bae, dene wong Islam padha ngucap: Sakhibul Kahphi iku wong pitu, wolu kalêbu asune. (Iki jênênge Sakhibul Kahphi 1. Muksalmina, 2. Tamlikha, 3. Martunus, 4. Nainunus, 5. Saritunus, 6. Dzunawanus, 7. Phaliyastatiyunus, 8. asune aran Kitmir. Sawi). (He Mukhammad), sira dhawuha: Allah Pangeranku mêsthi wuninga têrang mungguh cacah lan kaanane Sakhibul Kahphi, manungsa kang wêruh mung sathithik.

22. Mulane sira aja madoni wong kaphir kang padha

--- 2 : 638 ---

duwe cêcêkêlan kitab, prakara Sakhibul Kahphi, kajaba padu kang nganggo waton nyata, iya iku wuwuhing Allah. Lan aja têtakon marang sawijining wong kaphir kang duwe cêcêkêlan kitab.

23. Lan manèh sira aja (wani-wani mamasthèkake, kayata) calathu: Sesuk aku nglakoni mangkene. Kajaba nganggo sumendhe mênawa kaparêng karsaning Allah, dene mênawa sira kêlalèn, ora nyèndhèkake marang karsaning Allah, samôngsa kèlingan, banjur nyêbuta asmaning Allah Pangeranira, lan nyèndhèkna prakara mau marang karsaning Allah, lan sira ngucapa mangkene: Allah Pangeranku muga nuduhna barang seje marang aku, minôngka lirune barang kang tak lalèni iki, malah kang luwih cêdhak marang pituduh bênêr, ngungkuli ênggonku eling marang barang kang tak lalèni iki.

24. Dhèk samana Sakhibul Kahphi ênggone turu ana ing guwa lawase wis têlungatus taun srêngenge utawa têlungatus sanga taun rêmbulan.

25. Sira dhawuha: Allah iku luwih dening têrang ênggone nguningani sapira lawase Sakhibul Kahphi ênggone padha turu ana ing guwa. [gu...]

--- 2 : 639 ---

[...wa.] Kaananing bumi lan langit saisine kabèh kang samar-samar, iku kabèh kagunganing Allah, Allah iku iba sampurnane mirsani samubarang kang maujud, utawa ênggone mirêngake samubarang kang kapirêng. Para kawulaning Allah kang padha manggon ing bumi lan ing langit, ora duwe andêl-andêl kang bisa têtulung, kajaba mung Allah, lan ora ana kang madhani Allah ênggone wuninga marang barang kang samar-samar.

26. Sira macaa Kuran kitabing Allah Pangeranira, kang wis didhawuhake marang sira (sarta ngèstokna surasane). Ora ana kang bisa ngowahi têtêmbunganing Kuran. Wruhanira, sira ora bisa olèh pangungsèn marang liyane Allah.

27. (He Mukhammad) disabar atinira, kanthi wong miskin kang padha nyênyuwun ing Pangerane, ing wayah esuk lan sore, karêpe muhung nglakoni parentahing Allah, apadene matanira aja sêpêt andêlêng marang wong miskin mau, mrêlokake golèk kabungahan ing dunya, lan sira aja manut marang wong kang atine [a...]

--- 2 : 640 ---

[...tine] Ingsun lalèkake, ora eling marang Ingsun, mung anguja pêpenginane. Wruhanira wong mangkono mau, sabarang kabêcikane ilang kabèh, tanpa guna.

28. (He Mukhammad) sira dhawuha, Kuran kang nyata bênêr iku têrang saka Allah Pangeranira, mulane saiki, sing sapa kapengin slamêt padha pracayaa, dene sing sapa nekad karusakan iya maidoa. Ingsun ngancam siksa naraka marang wong kang padha duraka kaphir. Urubing naraka mau ngêpung marang si kaphir, mênawa sêsambat ngêlak bangêt, banjur diombèni jer-jeran timah, kang mênawa dianggo raup, mlonyohake rai, ala têmên ombèn-ombèn kang mangkono iku, naraka iku ala-alaning panggonan.

29. Sarupane wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik (iku ing têmbe mêsthi Ingsun ganjar), satêmêne Ingsun ora nguwukake ganjarane wong kang nglakoni panggawe bêcik.

30. Wong mau padha duwe suwarga Ngadan, kang ana [a...]

--- 2 : 641 ---

[...na] bangawane mili ana ing ngisore. Ana ing suwarga padha diênggoni gêlang êmas (lan gêlang salaka, apadene gêlang mutyara), padha dikulambèni sutra ijo, kandêl utawa tipis, sarta padha linggih sèndhèn ana ing kanthil. Ganjaran kang endah dhewe iku iya suwarga. Bêcik têmên palinggihan ing suwarga iku.

31. Wong Islam kaphir iku sira gêlara upama mangkene: Ana wong lanang loro (aran si Islam lan si kaphir), si kaphir duwe palêmahan rong panggonan, padha isi uwit anggur. Turut pinggiring palêmahan loro mau ana uwite kurma ambanjêng, saantarane palêmahan loro mau sawah kang kêtanduran. Palêmahan loro mau mêtu asile wowohan lan liya-liyane, ora tau pusa utawa kurang saka pamêtune ing sabên-sabêne.

32. Lan Ingsun dokoki kali mili ana antarane palêmahan loro mau. Si kaphir mau sugih bôndha, acalathu marang si Islam kalawan umbag, ngendahake bandhane: Aku iki sugih bôndha tur mulya ngungkuli kowe.

--- 2 : 642 ---

33. Enggone ngucap mangkono mau karo nganthi si Islam dijak malêbu mubêng ana ing palêmahane. Si kaphir mau nganiaya awake dhewe marga ênggone kaphir, pangucape: Aku ora duwe kira yèn bandhaku iki bakal sirna (kiraku langgêng salawas-lawase).

34. Lan aku ora duwe kira yèn dina kiyamat iku bakal kêlakon têmênan. Saupama kêlakon, aku banjur ditimbali marang ngarsaning Pangeranku, kaya kandhamu, amêsthi aku diparingi kabêgjan kang luwih bêcik, ngungkuli kabêgjanku saiki, sugih bôndha.

35. Si Islam mangsuli, pangucape: Ya gene kowe têka kaphir, maido marang Pangeran kang wis gawe aslining awakmu saka ing lêmah, sabanjure gawe awakmu saka ing mani, nuli nyampurnakake awakmu rupa wong lanang.

36. Nanging yèn aku, Allah iku Pangeranku, lan aku ora ngêdêgake barang-barang milu tak anggêp Pangeran.

37. Ya gene nalikane kowe marang [ma...]

--- 2 : 643 ---

[...rang] palêmahanmu, lan wêruh yèn aku iki kalah sugih bôndha lan kalah sugih anak tinimbang lan kowe, kowe têka ora ngucap mangkene: Kabêgjanku kang samene iki atas saka karsaning Allah, ora ana kêkuwatan kajaba kalawan pitulunging Allah.

38. Iya muga-muga Allah Pangeranku paringa kabêgjan kang luwih bêcik marang aku, ngungkuli palêmahanmu iku, sarta nuruna wêwêlak saka ing langit marang palêmahanmu, nganti dadi bumi mati ora thukul apa-apa.

39. Utawa banyune kang mili iku banjur asat. Upama kogolèki ora bisa katêmu.

40. Wowohane sirna kabèh, wong kang duwe palêmahan kagèt sarta gêtun, èpèk-èpèke loro pisan diwalik, tôndha kaduwung ênggone wis kangelan sarta kelangan mulasara palêmahane, anggure kang ambiyêt ana ing anjang-anjang, ambruk dalah anjang-anjange. Pangucape kang duwe: Bok iya biyèn-biyèn aku ora maro tingal, mangeran marang liyane Allah Pangeranku (kaya-kaya ora mangkene).

--- 2 : 644 ---

41. Ing kono wis kasèp, ora ana golongan kang bisa nulungi marang si duraka mau liyane Allah piyambak, dadi si duraka mau tulus ora kêtulungan.

42. Ing dina kiyamat, pangawasa ngalumpuk ana ngastaning Allah kang nyata kawasa. Allah iku ganjarane bêcik dhewe lan siksane abot dhewe.

43. (He Mukhammad) sira anggêlara upama marang para umatira, mungguh kabungahan ing dunya iku kaya upamane banyu udan kang Ingsun turunake saka ing langit, banjur disêsêp awor lan thêthukulan ing bumi, ora suwe thêthukulan mau garing lan mrèthèli, banjur sirna kabuncang ing angin. Dene Allah iku kawasa samubarang.

44. Bôndha lan anak iku dadi rêrênggan, mung kanggo kabungahan ing dunya bae (dudu sangu ana ing akhirat). Dene panggawe bêcik, kang wohe ora bisa sirna, iku ganjarane ana ngarsane Allah Pangeranira luwih dening bêcik, iya iku bêcik-bêcike barang-barang kang diarêp-arêp dening manungsa.

--- 2 : 645 ---

45. (He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane Ingsun nyirnakake sakèhing gunung, sira andêlêng bumi iku ngênthak-ênthak (warata tanpa wit-witan tanpa gunung), sarupaning wong padha Ingsun kalumpukake marang pasamuwaning pangadilan. Ora ana wong siji kang kêliwatan.

46. Wong mau banjur padha dijèjèr marik-marik, padha disowanake dhewe-dhewe ana ngarsaning Allah Pangeranira (lan padha dipancas prakarane, pangandikaning Allah: He manungsa), saiki sira padha Ingsun balèkake kaya nalika Ingsun dadèkake manungsa sakawit biyèn. Ewadene sira wong kaphir padha duwe cipta ora bakal kalêksanan dhawuh Ingsun adêge dina kiyamat.

47. Siji-sijining wong padha diadhêpi tulisan cathêtaning lakune dhewe-dhewe (ana kang disandhingake ana kiwane utawa têngêne), ing kono sira andêlêng para wong kaphir nalikane weruh tulisane, padha wêdi, pangucape: Adhuh cilaka têmên aku, ya gene tulisan iki têka ora ana dosaku kang kêliwatan, dosa gêdhe utawa cilik [ci...]

--- 2 : 646 ---

[...lik] padha dijalèntrèhake kabèh gênêp. Samubarang kang dilakoni dening wong kaphir mau padha tinulis kabèh, sumandhing ana ing kono, Pangeranira ora pisan nganiaya marang sawijining wong.

48. Lan sira nyaritakna nalikane Ingsun dhawuh marang para Malaikat. (He para Malaikat) sira kabèh padha sujuda marang Adam. Ing kono para Malaikat banjur ngèstokake dhawuh, kabèh padha sujud marang Adam, mung Iblis mopo, mulane banjur kalêbu ewoning jin, dadi Iblis mau duraka ênggone mopo parentahing Pangerane. (He turuning Adam) Iblis mau saturune apa sira anggêp mitra utawa panutan liyane Ingsun, kang môngka Iblis saturune iku satrunira. Ala têmên pilihane wong kaphir, padha milih Islam.

49. Enggon Ingsun gawe bumi lan langit, tanpa rêmbugan utawa anjaluk tulung marang Iblis saturune, apadene ênggon Ingsun gawe sawijining jin, iya tanpa rêmbugan utawa nyênyambat marang jin liyane. Setan juru panasar iku ora pisan Ingsun pundhuti tulung.

50. (He Mukhammad) sira nyaritakna dina

--- 2 : 647 ---

kiyamat, nalikane Allah ngandika marang para wong kaphir. Mara saiki sira padha sêsambata marang brahala, kang sira anggêp dadi Pangeran dadi têtimbangan Ingsun. Para wong kaphir mau banjur padha nguwuh-uwuh marang brahalane, nanging brahala mau ora ana kang mangsuli panguwuhe si kaphir. Ing antarane wong kaphir lan brahalane mau, Ingsun lêt-lêti jurang naraka Jahanam.

51. Wong kaphir mau padha andêlêng naraka, sarta namtokake awake bakal kacêmplung ing naraka, lan ora bisa oncat saka ing naraka.

52. Ingsun wis nêrangake upama pirang-pirang marang manungsa, kasêbut ana ing Kuran iki, nanging manungsa kang kaphir, iku akèh bangêt padune.

53. Manungsa kang kaphir iku mênawa katêkan pituduh bênêr (Kuran lan agama Islam) kang angalang-alangi ênggone arêp manut miturut utawa tobat, nyuwun pangapura ing Pangerane, mung ênggone ngêntèni yèn wis dituruni wêwêlak, kaya lêlakone para umat ing jaman kuna, utawa ngêntèni yèn wis dituruni

--- 2 : 648 ---

siksa warna-warna.

54. Dene ênggon Ingsun ngutus para Rasul iku, pêrlune ora liwat mung ambêbungah ngêbang-êbang ganjaran lan mêmêdèni ngancam-ancam siksa, apadene madoni marang para wong kaphir ênggone padha calathu ora bênêr. (Maido marang para Rasul) pamrihe kudu nyirnakake kanabian lan karasulaning para Rasul kang wis nyata bênêr, apadene padha anggêguyu ayat Ingsun lan pangancam Ingsun siksa.

55. Ora ana wong luwih duraka tinimbang lan wong kang dipituturi ayating Pangeran, sarta lali ora rumasa kaluputane kang wis dilakoni (kang mangkono mau mèmpêr bae), awit atine wong mau Ingsun dokoki tutup, supaya aja ngêrti marang pituduh bênêr, sarta kupinge padha Ingsun dunungi budhêg lan abot.

56. (He Mukhammad) wong mêngkono mau mênawa sira jak anglakoni pituduh bênêr, ora pisan gêlêm anglakoni, mangkono salawas-lawase.

57. Allah Pangeranira iku kaparêng bangêt ngapura dosa, tur kagungan sih kawêlasan. Upama [Upa...]

--- 2 : 649 ---

[...ma] Allah karsa nêtêpake marang para wong kaphir kalawan sabênêring kaluputane kang wis padha dilakoni, amêsthi wong kaphir mau padha tinurun siksa kêncengan ana ing dunya, (nanging karsaning Allah ora mangkono, isih nindakake sih kawêlasan) wong kaphir padha disarantèkake têkan wêwangên dina kiyamat, ing kono padha ora olèh pangungsèn marang liyane Allah.

58. Wong padesan ing jaman kuna padha Ingsun rusak marga ênggone padha kaphir, dene mangsane ênggon Ingsun ngrusak mau iya nganggo wêwangên kang Ingsun tamtokake.

59. (He Mukhammad) sira nyaritakna lêlakone Nabi Musa lan Nabi Khidlir. Dhèk samana Nabi Musa wêwarah santanane kang aran Nabi Yusak: Enggonku mlaku iki môngsa lèrèn-lèrèna yèn durung têkan ing têpunge sêgara loro (iya iku têpunge sagara Rum lan sagara Paris, awit dhawuhing Allah, aku bakal katêmu lan Nabi Khidlir ana ing kono), sanadyan ta taunana ênggonku mlaku, mêsthi tak lakoni.

60. Barêng lakune Nabi Musa lan Nabi Yusak wis têkan ing têmpuke sagara loro mau, banjur

--- 2 : 650 ---

padha lali sangune iwak loh, iwak loh mau banjur urip, nglumba nyêmplung ing sagara, dene sagara kang diênggo liwat iwak mau, banyune isih dadi bolong kaya lurung, ora bisa pulih.

61. Sarêng lakune wong loro mau wis kêliwat ing panggonan têmpuking sagara loro, Nabi Musa calathu marang Nabi Yusak: Mara ladèkna sanguku pêpanganan, awit ênggonku mlaku iki wis sayah lan luwe.

62. Nabi Yusak mangsuli: Kawuningana, nalikanipun kawula kèndêl wontên ing sela agêng wau, ulam loh ingkang kula bêkta têka gêsang, nglumba nyêmplung ing sagantên, nanging kula kêsupèn botên matur ing sampeyan. Dene ingkang nyupèkakên punika botên liya inggih setan. Nabi Musa gumun bangêt dene ana iwak wis dipangan saparo têka bisa urip manèh.

63. Nabi Musa banjur calathu: Iya iku kang tak golèki. (Awit dhawuhing Allah: Ing êndi ênggone ilang iwak mau, iya iku panggonane Nabi Khidlir). Wong loro mau banjur padha bali marang panggonane watu gêdhe.

--- 2 : 651 ---

Mêtu dalan kang wis diambah mau.

64. Satêkane ing panggonan watu gêdhe, Nabi Musa lan Nabi Yusak katêmu lan sawênèhing kawulaningsun (iya iku Nabi Khidlir) kang Ingsun paringi rahmat Ingsun sarta Ingsun paringi ngilmu laduni (Têgêse kawruh saka Ingsun pribadi). (Ing kene Nabi Yusak banjur dikon mulih. Badaiwuzuhur).

65. Nabi Musa banjur matur marang Nabi Khidlir: Sowan kula ing sampeyan punika, mênawi kaparêng ing panggalih, badhe andhèrèk dhatêng ing sampeyan, sarta nyuwun mugi sampeyan wulang kawruh sampeyan ingkang lêrês, ingkang sampun kawulangakên dening Allah dhatêng sampeyan.

66. Nabi Khidlir mangsuli: Sayêktosipun, sampeyan môngsa kuwawia sabar kêkancan kalihan kula.

67. Kadospundi anggèn sampeyan sagêd sabar ningali patrap ingkang botên lêrês tumrap sêsêrêpan sampeyan.

68. Nabi Musa mangsuli: (Inggih cobi kula lampahi andhèrèk sampeyan) mênawi kêparêng kalayan karsaning Allah, sampeyan [sampeya...]

--- 2 : 652 ---

[...n] badhe sumêrêp yèn kula punika sabar, botên nyulayani punapa-punapa dhatêng sampeyan.

69. Nabi Khidlir calathu: Mênawi sampeyan badhe tumut kula, kula janji, sampeyan sampun sok takèn utawi maoni dhatêng kula sadhengah barang ingkang botên sampeyan condhongi, ngêntosana anggèn kula suka katêrangan dhatêng sampeyan (Nabi Musa banjur sanggêm).

70. Wong loro Nabi Khidzir lan Nabi Musa banjur padha mlaku, lan banjur padha nunggang prau. Barêng têkan têlênging sagara, Nabi Khidlir madung blabaging prau (nganti botol, nanging banyu sagara ora gêlêm malêbu ing prau marga dipênging dening Nabi Khidlir). Nabi Musa gugup takon marang Nabi Khidlir. Kenging punapa sampeyan têka ambotol baita, botên wande tiyang saisining baita punika sadaya pêjah dening kèrêm. Sampeyan punika nglampahi pandamêl ingkang awon sangêt.

71. Nabi Khidlir mangsuli: Kula punapa sampun botên mêthèk, sampeyan môngsa kuwawia sabar kêkancan kaliyan kula (sapunika kakarsa [ka...]

--- 2 : 653 ---

[...karsa] sampeyan).

72. Nabi Musa ngrêrêpa: Kula punika wau kêsupèn kasagahan kula, mila mugi sampun sampeyan patrapi. Kula sampun sampeyan pêksa nglampahi rêkaos anggèn kula andhèrèk sampeyan.

73. Barêng wis têkan ing plabuhan (wong loro mau padha mudhun saka ing prau), banjur padha lumaku dharat, dumadakan banjur padha wêruh bocah akèh padha dolan. Ing kono Nabi Khidlir banjur milih bocah lanang siji (kang bagus rupane) durung diwasa, iku dipatèni (sarana dibêlèh). Nabi Musa gugup takon marang Nabi Khidlir: Kenging punapa sampeyan têka mêjahi lare ingkang rêsik, tanpa dosa mêjahi tiyang. Sampeyan têtêp anglampahi pandamêl ingkang sakalangkung awon.