Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

Jus kaping nêmbêlas

74. Nabi Khidzir mangsuli: Kula punapa botên sampun mêthèk dhatêng sampeyan, sampeyan môngsa kuwawia sabar kêkancan kalihan kula. (Sapunika kadospundi karsa sampeyan dene têka ngaping kalih maoni dhatêng kula).

--- 2 : 654 ---

75. Nabi Musa matur: Sasampuning punika, mênawi kula ngantos takèn utawi maoni malih dhatêng sampeyan kula narimah sampeyan pisah, awit sampun têtela anggèn sampeyan kula dhèrèkakên, wontên pakèwêdipun.

76. Wong loro mau nuli ambanjurake lakune. Ing wayah surup têkan ing nagara Intakiyah (ana ing kono padha kêluwèn) banjur anjaluk suguh marang wong ing kono, nanging padha ora gêlêm nyuguh marang wong loro mau. Ing kono ana pagêr bata (dhuwure satus asta) wis dhoyong bangêt, kari rubuhe bae. Iku banjur dijêjêgake dening Nabi Khidlir (mung sarana dicuthik nganggo têkên bae). Nabi Musa matur marang Nabi Khidlir (lampah punika wau radi kêtliwêng), upami anggèn sampeyan anjêjêgakên pagêr banon wau mawi janji mundhut sêsêgah, kados-kados tiyang ing ngriki sami purun ngêdalakên sêsêgah.

77. Nabi Khidlir mangsuli: Sapunika sampun sêdhêngipun kula pêpisahan kalihan sampeyan (awit sampun tita sampeyan botên sabar kêkancan kalihan kula), nanging sampeyan kula jarwani rumiyin katêranganipun pandamêl kula, ingkang sampeyan [sampe...]

--- 2 : 655 ---

[...yan] botên kuwawi ngampah, têmah lajêng sampeyan waoni.

78. Baita ingkang kula botol, punika gadhahanipun tiyang miskin sadasa, sami ngupajiwa sarana baita wau wontên ing sagantên, mila kula botol supados baita wau cacad, awit ing wingking badhe wontên ratu kaphir ngrampas sawarnining baita ingkang tanpa cacad kalihan panganiaya.

79. Dene lare jalêr ingkang kula pêjahi, punika bapa biyungipun sami tiyang mukmin (sakalangkung sami asih dhatêng anakipun) lare jalêr wau mila kula pêjahi. Kula kuwatos ing têmbenipun (awit mênawi panjang umuripun pinêsthi dados tiyang kaphir, sarta) badhe ngajak-ajak bapa biyungipun dados tiyang kaphir.

80. Kajêng kula, ing têmbe bapa biyung wau dipun paringana lintu dening Allah Pangeranipun, gadhah anak èstri ingkang langkung prayogi, ngungkuli anakipun jalêr ingkang kula pêjahi, manut miturut dhatêng tiyang sêpuhipun (emah-emah angsal nabi, saha badhe nurunakên para nabi).

81. Wondene pagêr banon dhoyong ingkang kula jêjêgakên, punika gadhahanipun lare yatim kêkalih,

--- 2 : 656 ---

(Ingkang satunggal nama Asram, satunggalipun nama: Sarim) sami wontên salêbêtipun nagari Intakiyah ngriki. Sangandhaping talês pagêr banon wau wontên pêndhêman rajabrana, têtilaraning bapakipun, dene bapakipun lare kalih wau tiyang sae nama pun Kasih. Mênawi pagêr banon wau kalajêng rêbah, rajabrana lajêng dipun panggih ing tiyang ingkang môngka) karsaning Allah Pangeran sampeyan tuwuh saking wêlas-asihipun lare yatim kêkalih wau, benjing mênawi sampun sami diwasa, dipun sumêrêpakên dhatêng rajabrana pêndhêmaning bapa, salajêngipun dipun dhudhuk. Inggih punika katêranganipun pandamêl kula ingkang sampeyan botên kuwawi ngampah, salajêngipun kawêdal amaoni.

82. (He Mukhammad) wong Yahudi padha takon marang sira, bab lêlakone Raja (Iskandar) Dzulkarnèn, iku sira wangsulana: Iya, aku bakal nyaritakake lêlakone Raja Dzulkarnèn mau marang kowe.

83. (Pangandikaning Allah: Ingsun paring dalan marang Raja Dzulkarnèn ênggone anjajah ana ing bumi (Ingsun paring gagah prakosa, têguh wantala, prabawa, kêkêndêlan, nganti saisining [sai...]

--- 2 : 657 ---

[...sining] jagad ora ana kang ngalahake, lan ora ana kang wani nglawan. Apadene Ingsun pintêrake marang sarupaning basa. Ing kono Raja Dzulkarnèn malaku ing dalan, anjajah ing bumi mangulon.

84. Lakune Raja Dzulkarnèn barêng têkan ing panggonan suruping srêngenge, wêruh suruping srêngenge mau, katone kaya nyêmplung ing sagara êndhut irêng. Ing pinggiring sagara mau diênggoni wong akèh kang isih padha kaphir.

85. Ingsun ngandika: He Dzulkarnèn, wong kaphir iku kêna padha sira pilara lan sira patèni pisan, lan kêna uga sira gawe bêcik sarana sira Islamake.

86. Raja Dzulkarnèn munjuk ing Allah: Sintên ingkang puguh ngantêpi anggènipun kaphir, tamtu kawula pisakit, utawi kawula pêjahi pisan. Sasampunipun pêjah, wontên ing akhirat dipun sowanakên, wontên ngarsanipun Pangeranipun, lajêng dipun siksa wontên ing naraka ingkang sakalangkung anggêgirisi.

87. Wondene tiyang ingkang purun pitados ing Allah, sarta nglampahi pandamêl sae, punika ing têmbe badhe angsal ganjaran suwarga, pituwas anggènipun anglampahi pandamêl sae, sarta badhe [ba...]

--- 2 : 658 ---

[...dhe] kawula tanduki têmbung aris, punapadene paprentahan kawula dhatêng tiyang wau tamtu ènthèng.

88. Lakune Raja Dzulkarnèn banjur bali mangetan.

89. Barêng têkan ing panggonan mêtuning srêngenge, pandêlênge Raja Dzulkarnèn, wêtuning srêngenge mau cêdhak lan panggonane wong (alasan) kang tanpa omah, kanggo ngeyub, nulak panasing srêngenge, (wong mau padha omah ana ing lèng).

90. Panganggêpe Raja Dzulkarnèn marang wong tanah wetan, padha bae wong tanah kulon mau (Pangandikaning Allah): Ingsun wis nguningani marang Raja Dzulkarnèn, sasuwene Ingsun dadèkake ratu, lakune bêcik. NgostokakeNgèstokake. parentah Ingsun.

91. Raja Dzulkarnèn ambanjurake lakune anjajah bumi mangalor.

92. Nganti têkan ing lowahing gunung tanah lor, sangarêping lowahan mau diênggoni ing wong akèh kang anèh têtêmbungane, sarta bêbêl pangêrtine, mèh ora ngêrti cêcaturaning wong.

93. Wong mau padha matur: Dhuh Sang Raja Dzulkarnèn, sajawining rêdi punika wontên titahing Pangeran, nama Yajuja wa Makjuja (sakalangkung dening

--- 2 : 659 ---

kathah sarta anggêgirisi), mênawi malêbêt ing ngriki, lajêng sami damêl risak wontên ing bumi (môngsa tiyang, utawi samukawis ingkang wontên, têlas dipun têdha), ingkang punika sang prabu punapa kaparêng angyasakakên bètèng supados Yajuja wa Makjuja wau botên malêbêt ing ngriki (mênawi kêlampahan makatên, kula inggih sagah nyaosi bêbingah arta dhatêng sang prabu.

94. Raja Dzulkarnèn mangsuli: Ora susah, aku wis diparingi santosa lan sugih bôndha dening Pangeranku, iku luwih bêcik, ngungkuli pangêbangmu iku. Saiki kowe tak yasakake bètèng wêsi kang mêpêti lowahaning gunung iki. Kowe mung padha ambaonana bae.

95. Saiki kowe padha ngusungana wêsi gêdhe-gêdhe iku, nganti mêpêti lowahaning gunung (lan dokokana kayu, wong akèh banjur padha tumandang. Barêng wis mêpêti lowahaning gunung, Raja Dzulkarnèn parentah): Saiki kayu iku sumêdên damonana, nganti wêsi iku dadi gêni. Raja Dzulkarnèn parentah manèh: Saiki padha ngusungana têmbaga. Raja Dzulkarnèn banjur ngêsokake têmbaga mau minôngka patrining wêsi.

--- 2 : 660 ---

(Ing kono banjur dadi bètèng wêsi).

96. Ing kono Yajuja wa Makjuja padha ora bisa mènèk ing bètèng, lan ora bisa ambabah.

97. Raja Dzulkarnèn banjur dhawuh: Kowe padha sumurupa, mungguh adêge bètèng iki dumunung rahmating Pangeranku marang kowe kabèh.

98. Ing besuk mênawa wis têkan ing wêwangên kang wis ditamtokake dening Allah Pangeranku, bètèng wêsi iki mêsthi ambruk, rata lan bumi, dene papasthèning Pangeranku mêsthi kalêksanan.

99. (Pangandikaning Allah): Ing dina iku Yajuja wa Makjuja padha Ingsun umbar, malêbu ngêbaki jagad, sarta banjur padha tumpang tindhih saking dening akèhe. Barêng dina kiyamat, Malaikat Israphil andamu sêmpronge (kang isi nyawane sakèhing titah) sarupane wong kang wis mati banjur padha urip, tangi saka ing kubure, lan banjur padha dikalumpukake.

100. Ing kono Ingsun ngetokake naraka Jahanam, Ingsun tontonake marang sarupane wong kaphir.

101. Kang mataning atine padha kêtutupan, ora nganggêp pituturing Kuran, pangrunguning atine ora kataman pituduh bênêr.

--- 2 : 661 ---

102. Para wong kaphir apa padha ngira yèn ênggone ngadêgake Pangeran liyaningsun, iku bakal makolèhi marang awake (luput pangirane). Ingsun ngancam marang sarupane wong kaphir, bakal padha Ingsun ênggonake ana ing naraka Jahanam.

103. (He Mukhammad) sira dhawuha: Apa kowe padha nyuwun tak wijangake wong kang lakune padha kapitunan bangêt.

104. Kang lakune ana ing dunya iki padha kêsasar, panêmune wong mau, mungguh panggawene kang dilakoni iku wis bêcik.

105. Iya iku sarupane wong kaphir kang padha maido ayating Pangerane, lan maido yèn ing têmbe ana ing akhirat bakal padha disebakake ana ngarsaning Pangeran, wong kang mangkono mau, lakune kang bêcik larut sirna kabèh. (Pangandikaning Allah): Ing besuk dina kiyamat, wong mangkono mau ora susah Ingsun traju ala lan bêcike (awit lakune ala kabèh).

106. Pituwase wong mangkono mau, disiksa ana ing naraka jahanam, marga ênggone padha kaphir, sarta padha anggêguyu Ayat [A...]

--- 2 : 662 ---

[...yat] Ingsun lan para utusan Ingsun.

107. Dene sarupane wong kang padha pracaya ing Allah, sarta padha nglakoni panggawe bêcik, iku bakal padha diparingi ganjaran, diênggonake ana ing suwarga Phirdos.

108. Enggone manggon ana ing suwarga mau langgêng salawas-lawase (sarta wis padha narima) ora pisan kapengin diganjar kang luwih saka iku.

109. (He Mukhammad) sira dhawuha: Upama banyuning sagara iku wujud mangsi, diênggo nulisi kawruh lan kawicaksananing Allah, mangsi mau mêsthi êntèk, sarta kawruh lan kawicaksananing Allah durung êntèk, sanadyan Ingsun nganakake mangsi manèh samono êngkas, iya êntèk manèh, tur kawruh lan kawicaksananing Allah mêksa durung êntèk.

110. (He Mukhammad) sira dhawuha: Satêmêne aku iki iya manungsa, padha bae lan kowe iku kabèh, mung kacèk aku diparingi wahyu dening Allah. Satêmêne Pangeranmu iku mung siji Allah. Dene sing sapa kapengin katêmu lan Allah Pangerane, iku nglakonana panggawe bêcik, sarta ênggone ngabêkti nyêmbah ing Allah aja nganggo maro tingal nyêmbah [nyê...]

--- 2 : 663 ---

[...mbah] liyane Allah.

Surat Maryam

Tinurunake ana nagara Mêkah, sangangpuluh wolu ayat

Awit Ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Kaph ha ya ngain sad, iku kabèh araning aksara Ngarab, Allah piyambak kang wuninga têgêse ênggone ngandika mangkono mau. Iki carita ênggone Allah Pangeranira paring rahmat marang kawulane kang aran Nabi Zakaria.

2. Dhèk samana Nabi Zakariya munjuk ing Allah Pangerane kalawan lirih.

3. Unjuke mangkene: Dhuh Allah Pangeran kawula, kawula punika sampun sêpuh, bêbalung kawula sampun ringkih, sirah kawula sampun mabluk uwanipun.

4. Ingkang sampun-sampun, kawula nyênyuwun ing Tuwan, botên nate botên kasêmbadan.

5. Punapadene rabi kawula punika pancèn gabug (botên sagêd manak) dados [dado...]

--- 2 : 664 ---

[...s] kawula punika kuwatos, benjing sapêngkêr kawula, bok mênawi kawula botên tilar ali waris (ingkang darbe barang têtilaran kawula, saha andumugèkakên ngampil agami Tuwan) mila Tuwan mugi kaparênga maringi anak jalêr dhumatêng kawula, saking ngarsa Tuwan.

6. Anak jalêr wau ing têmbe angsala waris barang têtilaran kawula, saha waris kanabianipun êmbah kawula Nabi Yakkub, saha mugi Tuwan tamtokakên anglampahi punapa ingkang dados kaparêngipun karsa Tuwan.

7. Allah marêngake panyuwune Nabi Zakariya, pangandikane: Sira bungaha bakal Ingsun paringi anak lanang, iku sira jênêngna Yahya.

8. Sadurunge iku, durung tau ana wong jênêng Yahya.

9. Nabi Zakariya munjuk: Dhuh Pangeran kawula, kadospundi sagêdipun kalêksanan kawula gadhah anak jalêr, rabi kawula punika gabug, kawula piyambak sampun sêpuh sangêt, sampun pikun.

10. Allah ngandika: Wis mêsthi kalakon mangkono. Pangeranira ngandika: Prakara maringi anak marang wong pikun lan wong gabug, iku ingatase Ingsun gampang bae. Sadurunge iki, biyèn sira iku ora ana, lan dudu barang- barang, sira banjur

--- 2 : 665 ---

Ingsun anakake, iya kêlakon ana.

11. Nabi Zakariya munjuk: Dhuh Pangeran kawula, dhawuh Tuwan punika mênawi saèstu mugi Tuwan kaparêng paring tôndha yêkti dhumatêng kawula. Allah ngandika: Iya tôndha yêktêneyêktine. yèn sira bakal duwe anak lanang mangkene: Sajrone têlung dina têlung bêngi, sira ora bisa cêcaturan lan wong, tur tanpa nandhang lara apa-apa.

12. Nabi Zakariya banjur mêtu saka ing imaman, katêmu lan para sêntanane. Sarèhne Nabi Zakariya ora bisa calathu, mung awèh sasmita bae, surasane: Kowe padha sêmbayanga ing wayah esuk lan sore.

13. (Cêkake Nabi Zakariya kalêksanan duwe anak lanang, sarta banjur dijênêngake Yahya). Yahya mau Ingsun junjung dadi nabi, Ingsun paringi kawicaksanan tur isih bocah (lagi ngumur têlung taun). Pangandikaningsun: He Yahya, saiki sira nyêkêla kitab Torèt, apa sasurasaning Torèt iku sira tindakna kalawan sêtya tuhu.

14. Lan manèh Nabi Yahya mau Ingsun dunungi budi wêlasan, marang sapêpadhaning manungsa, sarta [sar...]

--- 2 : 666 ---

[...ta] rêsik atine, apadene ngabêkti wêdi ing Allah. Mangkono uga ngabêkti marang wong tuwane loro. Nabi Yahya iku dudu wong gumêdhe lan dudu wong duraka.

15. Nabi Yahya mau nalika mêtu saka ing guwa garba lan nalikane tumêka ing janji, apadene besuk nalikane Ingsun uripake, tangi saka ing pati, Ingsun paringi sêlamêt saka sakèhing rêribêd.

16. (He Mukhammad) sira nyaritakna lêlakone Maryam ana ing Kuran, nalikane Maryam mau andhêlik nênêpi ana ing panggonan sawetaning Baitul Mukadas, nyingkiri para sanake.

17. Maryam mau gawe aling-aling, diênggo ngaling-alingi para sanake. Ing kono Ingsun ngutus roh Ingsun Malaikat Jabarail, kang mancala rupa wong lanang kang ganêp, Jabarail nêmoni Maryam.

18. Maryam banjur matur marang Malaikat Jabarail: Mênawi sampeyan punika tiyang ajrih ing Allah, kula ngungsi nyuwun pitulungipun Pangeran Ingkang Mahamirah, sampun ngantos kenging panggodha jalaran sampeyan.

19. Malaikat Jabarail mangsuli: Sayêktosipun [Sayê...]

--- 2 : 667 ---

[...ktosipun] kula punika utusaning Allah Pangeran sampeyan dipun utus maringi putra jalêr dhumatêng sampeyan, calon tiyang suci botên pisan anglampahi dosa.

20. Maryam matur manèh: Kadospundi sagêdipun kalêksanan kula gadhah anak jalêr, ingkang môngka kula punika botên magêpokan bojo sarta botên anglampahi bandrèk.

21. Malaikat Jabarail mangsuli: Makatên punika mêsthi kalêksanan. Pangandikaning Allah Pangeran sampeyan makatên: Prakara ênggon ingsun maringi anak marang Maryam tanpa bapa, iku ingatase Ingsun gampang bae. Lan iku pêrlune Ingsun ênggo tôndha yêktining kawasaningsun, lan minôngka sih-Ingsun marang wong kang padha pracaya. Dene kalêksanane kang mangkono mau, iku prakara wis pinêsthi.

22. (Malaikat Jabarail banjur andamoni Dèwi Maryam), sanalika Dèwi Maryam mêtêng, ngêtêngake Nabi Ngisa. Ing kono Dèwi Maryam merang, lunga mênyang panggonan kang adoh para sanake.

23. Barêng wis têkan lèke, Dèwi Maryam

- -- 2 : 668 ---

nglarani. Banjur marani wit kurma garing ginawe sèndhèn (banjur nglairake bayi lanang). Sêsambate Dèwi Maryam: Adhuh, bok iya aku mati sadurunge nglakoni lara lan wirang mangkene iki. Saiki aku dadi barang kang tanpa aji.

24. Malaikat Jabarail banjur nguwuh-uwuh ana ngisore Dèwi Maryam: He Dèwi Maryam, sampeyan sampun susah. Allah Pangeran sampeyan sapunika angwontênakên lèpèn mili wontên ngandhap sampeyan punika.

25. Uwit kurma garing ingkang sampeyan sèndhèni punika saking karsaning Allah, ijêm sêgêr sarta awoh sami sanalika, punika sampeyan oyag-oyag, tamtu uwohipun ingkang nyadham utawi matêng sami rêntah wontên nganjêng sampeyan. (Dèwi Mariyam miturut parentahe Malaikat Jabarail).

36. Sapunika sampeyan dhahar lan ngunjuk, sarta dipun têntrêm panggalih sampeyan. Mênawi sampeyan sumêrêp wontên satunggaling tiyang takèn bab anggèn sampeyan pêputra.

27. Punika sampeyan wangsuli makatên kemawon: Kula punika ngluwari nadzar kula dhatêng Pangeran ingkang [ing...]

--- 2 : 669 ---

[...kang] Mahamirah, siyam ambisu, mila ing dintên punika kula botên purun wicantên kalihan tiyang.

28. Dèwi Maryam barêng wis rêncang lan rêsik banjur bali marang panggonaning sanake sarwi ngêmban putrane. Para sanake banjur padha nyaruwe, pangucape: He Maryam, saiki kowe têkan nglakoni panggawe kang ngeram-eramake (manak tanpa bapa).

29. He wong wadon kang suci prasasat Nabi Harun, bapakmu Kyai Ngimran iku dudu wong ala, apadene êmbokmu Nyai Khannah iya dudu sundêl (yagene têka nuwuhake anak wong kaya kowe).

30. Dèwi Maryam banjur awèh sasmita, wong kang padha takon mau dipurih takon marang Nabi Ngisa. Para sanake banjur mangsuli: (anèh têmên kowe Maryam) kapriye ênggonku ngajak caturan bayi kang ana pangkonmu.

31. Ing kono Nabi Ngisa mangsuli: satêmêne aku iki kawulaning Allah ing têmbe Allah bakal anjunjung aku dadi Nabi, sarta bakal maringi kitab Injil marang aku.

32. Ana ing êndi bae panggonanku Allah bakal ambarkahi marang aku, migunani marang

--- 2 : 670 ---

wong akèh. Lan manèh Allah dhawuh marang aku, ing salawasku urip, aku ingandikakake anglakoni sêmbayang lan bayar zakat.

33. Apadene aku dikarsakake ngabêkti manut miturut marang ibuku, lan ora ngarsakake aku dadi wong gumêdhe lan duraka.

34. Nalikane aku mêtu saka ing guwa garba, lan besuk nalikane aku mati, apadene besuk nalikane aku diuripake manèh, tangi saka ing pati, aku diparingi slamêt dening Allah saka sakèhing rêribêt.

35. Kang ngucap mangkono mau Nabi Ngisa putrane Maryam, dene pangucape mangkono mau mung satêmêne bae. Ewadene andadèkake kodhênge wong kang padha krungu. (Ana wong kang calathu: Bayi iku putrane Allah. Lan ana manèh kang calathu: Yaiku Allah).

36. Allah iku Mahasuci, ora pisan pêputra. Samôngsa ana parênge karsaning Allah nganakake apa bae. Allah mung ngandika: Anaa anu, ing kono barang kang dikarsakake mau banjur ana padha sanalika.

37. Satêmêne Allah iku Pangeranku

--- 2 : 671 ---

lan Pangeranmu, mulane padha nêmbaha ing Allah. Wruhanira, iki dalan kang bênêr.

38. Barêng Nabi Ngisa calathu mangkono, manungsa banjur dhewe-dhewe panêmune, dadi têlung golongan. Dene siksa naraka kang luwih dening abot, iku dadi pituwase wong kaphir kang padha maido bakal anane dina kiyamat.

39. Anggumunake bangêt wong mau, dene wis padha krungu sarta wis padha andêlêng tôndha yêkti, têka padha ora pracaya dina kiyamat, ênggone bakal padha disebakake marang Ingsun. Ewadene ing dina iki wong kaphir padha kêlantur-lantur ênggone nasar.

40. (He Mukhammad) wong Kaphir mau padha sira wêdènana dina kiyamat, mangsaning gêtun ing kono sarupaning prakara dipancas dening Allah, kang môngka ing saiki wong kaphir mau ana sajroning lali, ora mikir prakara akhirat, malah padha ora pracaya marang akhirat.

41. Ingsun bakal matèni wong saisining bumi kabèh, ing kono jagad iki lan saisine kabèh maligi dadi kagungan Ingsun. Sarupaning wong sawise Ingsun tangèkake saka

--- 2 : 672 ---

ing pati, banjur padha bali disebakake marang Ingsun.

42. (He Mukhammad) sira nyaritakna lêlakone Nabi Ibrahim ana sajroning Kuran. Nabi Ibrahim mau wong têmên lan setya tuhu kang Ingsun junjung dadi nabi.

43. Dhèk samana Nabi Ibrahim matur marang bapakne: Dhuh bapak, kenging punapa sampeyan têka nyêmbah brahala, brahala punika botên gadhah pamirêng lan botên sagêd ningali, sarta botên sagêd damêl punapa-punapa dhatêng sampeyan, angwontênakên kabêgjan utawi nulak pakèwêd, punika botên pisan-pisan.

44. Dhuh bapak, kula punika kaparingan wahyuning Pangeran, kawruh kasunyatan sarta sarengat, ingkang sampeyan botên dipun paringi, mila sampeyan mugi manuta dhatêng kula, kula sagah nêdahakên margi lêrês dhatêng sampeyan.

45. Dhuh bapak, sampeyan mugi sampun kèlu dhatêng panggodhaning setan, setan punika duraka dhatêng Pangeran ingkang Mahamirah.

46. Dhuh Bapak, kula punika kuwatos (bilih sampeyan puguh), botên wande sampeyan [sampe...]

--- 2 : 673 ---

[...yan] dipun siksa dening Pangeran Ingkang Mahamirah, salajêngipun sampeyan dados kancanipun setan wontên ing naraka.

47. Bapakne Nabi Ibrahim mangsuli: He Ibrahim, ya gene kowe têka sêngit marang brahala sêsêmbahanku, mênawa kowe ora marèni, mêsthi kowe tak balangi, lan kowe lungaa saka ing kene nganti pirang-pirang taun.

48. Nabi Ibrahim matur manèh: sampeyan badhe kula suwunakên ing Allah Pangeran kula, mugi dipun têdahna dhatêng agami Islam, saha dipun apuraa kalêpatan sampeyan, salajêngipun dipun paringana wilujêng, awit Allah Pangeran kula punika wêlas asih dhumatêng kula.

49. Sapunika kula kesah saking ngriki, ngesahi sampeyan lan ngesahi brahala sêsêmbahan sampeyan, punika dede Allah, kula mêsthi nêmbah dhatêng Allah Pangeran kula, anggèn kula nêmbah dhatêng Allah punika supados kula botên dados tiyang cilaka.

50. Barêng Nabi Ibrahim wis anglungani wong kang padha nyêmbah brahala, sarta nglungani brahalane kang disêmbah, dudu Allah, Ingsun maringi anak lanang [la...]

--- 2 : 674 ---

[...nang] marang Nabi Ibrahim, aran Nabi Iskak, sabanjure Nabi Iskak duwe anak lanang aran Nabi Yakkub. Kabèh mau padha Ingsun junjung dadi nabi.

51. Nabi têtêlu mau padha Ingsun paringi sih Ingsun bôndha lan anak, apadene Ingsun paringi pangaji-aji lan pangalêmbana, misuwur ing wong ahli agama.

52. Lan manèh nyaritakna lêlakone Nabi Musa ana ing Kuran. Nabi Musa iku wong kang dipilih ing Pangerane lan dirêsikake atine, sabanjure dijunjung dadi Nabi lan Rasul.

53. Lan Ingsun timbali saka ing gunung Tursina, kang ana ing sisih têngên (Nalika Nabi Musa lumaku saka ing Madyan) sarta Ingsun cêdhakake, Ingsun parêngake imbal pangandika lan Ingsun.

54. Sarèhne Ingsun asih marang nabi Musa, mulane sadulure lanang kang aran Harun, uga Ingsun junjung dadi nabi.

55. Lan manèh nyaritakna lêlakone Nabi Ismangil ana ing Kuran. Nabi Ismangil iku wong kang sêtya tuhu ing janji, lan Ingsun junjung dadi nabi lan rasul.

56. Nabi Ismangil iku parentah lan anak bojone, lan para santanane padha dikon anglakoni [a...]

--- 2 : 675 ---

[...nglakoni] sêmbayang lan bayar zakat. Nabi Ismangil mau nglakoni sabarang kang dadi kaparênging Allah Pangerane.

57. Lan manèh nyaritakna Nabi Idris ana ing Kuran. Nabi Idris iku wong têmên lan sêtya tuhu, kang Ingsun junjung dadi nabi.

58. Lan Ingsun anjunjung Nabi Idris marang panggonan kang luhur (iya iku ana ing langit kang kaping pat).

59. Para Nabi mau kabèh padha turune Nabi Adam, lan uga turune wong kang padha Ingsun mot ana ing praune Nabi Nuh, lan turune Nabi Ibrahim, iku kabèh wong kang padha Ingsun paringi kabungahan, lan kalêbu ewone wong kang Ingsun paringi pituduh bênêr, sarta Ingsun pilih. Kabèh mau mênawa diwacakake kitabing Allah Kang Mahamurah, banjur padha anjungkêl sujud ing Allah sarta padha nangis saking dening konjême.

60. Sapungkure para nabi mau, wong Yahudi banjur padha sêmbrana ênggone sêmbayang, lan ana kang ora sêmbayang babar pisan, mung padha nuruti karêpe dhewe-dhewe. Wong mangkono mau ing têmbe dicêmplungake ing jurange naraka Jahanam.

61. Kajaba wong kang banjur tobat lan pracaya, [pra...]

--- 2 : 676 ---

[...caya,] sarta nglakoni panggawe bêcik. Wong mangkono mau ing têmbe bakal padha diganjar malêbu ing suwarga, sabarang panggawene bêcik mau ora ana kang kêliwatan, kabèh diganjar.

62. Iya iku suwarga Ngadan, kang diênggo ngêbang dening Pangeran Kang Mahamurah marang para kawulane, kang saiki suwarga mau isih gaib (durung katon), satêmêne pangêbanging Allah iku mêsthi kalêksanan.

63. Wong mukmin ana ing suwarga ora tau krungu suwara kang ora andhêmênake, mung krungu pambage raharja sapêpadhane suwara kang ngrêsêpake. Sabên wayah esuk lan sore yèn mungguh ing dunya, wong suwarga padha diladèni dhahar.

64. Iya iku suwarga kang pancèn cawisane wong kaphir upama Islama, ing mêngko Ingsun paringake marang para kawulaningsun kang padha wêdi marang Ingsun (ora maro tingal) tumônja warisan.

65. (Malaikat Jabarail matur marang Nabi Mukhammad): Anggèn kula tumurun dhatêng dunya sowan ing sampeyan punika, botên kenging sakajêng-kajêng kula piyambak, kêdah têrang dipun utus dening [de...]

--- 2 : 677 ---

[...ning] Allah Pangeran sampeyan. Allah punika nguningani samukawis ingkang kalampahan sadèrèngipun kula wontên lan sasampunipun kula pêjah, punapadene wiwit sapunika dumugi dintên kiyamat. Allah Pangeran sampeyan botên pisan kasupèn.

66. Allah punika Pangeraning bumi kalihan langit, lan Pangeraning samukawis ingkang wontên saantawisipun bumi kalihan langit, mila sampeyan mugi nêmbaha ing Allah, sarta dipun têguh panggalih sampeyan, mantêp anggèn sampeyan nêmbah ing Allah. Punapa sampeyan sumêrêp sanèsipun Allah ngangge nama Allah (môngsa wontêna).

67. Allah ngandika: (He Mukhammad), wong kaphir padha ngucap mangkene: Besuk yèn aku wis mati, jare bakal diuripake manèh (apa nyata mangkono).

68. Wong kaphir mau apa ora rumasa, biyèn awake ora ana, lan dudu barang-barang. Saiki Ingsun anakake dadi manungsa.

69. Dêmi Pangeranira Mukhammad. Ing têmbe wong kaphir iku mêsthi Ingsun tangèkake [tangèka...]

--- 2 : 678 ---

[...ke] saka ing pati, lan Ingsun gandhèng karo setan kalawan rante, nuli Ingsun mot ing grobag, Ingsun cêpakake ana ing pinggiring naraka Jahanam.

70. Siji-sijining golongan nuli Ingsun pilihi, êndi kang gêdhe dhewe dosane marang Pangeran kang Mahamurah (iku Ingsun dhèwèkake).

71. Sawise pilah, Ingsun luwih dening wuninga marang wong kang bênêre bangêt, kudu dicêmplungake ing naraka iku Ingsun cêmplungake dhisik.

72. Manungsa kabèh, Islama, kaphira, sira mêsthi padha têkan ing naraka, mangkono iku wis ditamtokake kalawan khukuming Allah Pangeranira.

73. Sawise têkan ing naraka, sarupane wong kang wêdi ing Allah, Ingsun paringi slamêt, ora kêcêmplung ing naraka, dene sarupane wong kaphir, padha Ingsun kèrèkake kêcêmplung ing naraka, langgêng ana ing kono.

74. Manungsa iku mênawa diwacakake Kuran ayat Ingsun kang cêtha, wong kaphir banjur takon marang wong mukmin: Wong rong golongan aku lan kowe iki, bêcik êndi

--- 2 : 679 ---

omahe lan palinggihane.

75. (Pangandikaning Allah mangkene): Biyèn sadurunge wong kaphir iku, pira bae kèhe wong kang Ingsun tumpês kalawan siksa, tur padha sugih bôndha, omahe bêcik -bêcik, dhapure lan tandange brêgas-brêgas, dinêlêng andêmênakake.

76. (He Mukhammad) sira dhawuha marang para wong kaphir, sing sapa ana sajroning sasar, saiki ngrasakna ênggone disarantèkake dening Allah kang Mahamurah, sarta didawakake umure, supaya akèha dosane.

77. Nganti padha andêlêng siksa kang diancamake marang para wong kaphir mau, iya iku siksa ana ing dunya, utawa dina kiyamat, wong kaphir padha dicêmplungake ing naraka. Ing kono wong kaphir padha wêruh sapa kang ala panggonane lan sapa kang kancane apês.

78. Allah muwuhi pituduh bênêr marang wong kang nêtêpi tuduh, pracaya ing Allah.

79. Dene kabêcikan kang pakolèhe langgêng, iku mungguh ing Allah Pangeranira, ganjarane lan wêkasane luwih dening bêcik, ngungkuli kabungahane para wong kaphir ana ing dunya iki.

--- 2 : 680 ---

80. Anggumunake dene wong kaphir kang sira dêlêng maido ayat Ingsun têka padha ngucap: Aku iki têtêp wong bêgja. Diparingi sugih bôndha lan sugih anak.

81. Wong kaphir mau apa wêruh kang gaib (kang samar-samar), utawa nyêkêl prajanjianing Allah kang Mahamurah, bakal tulus kabêgjane têka ngucap mangkono.

82. Mèmpêr bae ora. Pangucape si kaphir mangkono mau Ingsun tulisi, ing têmbe Ingsun ênggo mêlèhake, sarta siksaning kaluputane Ingsun wuwuhi.

83. Kabungahan kang diumukake si kaphir mau, sapungkure si kaphir bakal Ingsun paringake dadi warisan, marang wong kang isih urip. Si kaphir ing besuk disebakake marang Ingsun ijèn, tanpa bôndha lan tanpa anak.

84. Wong kaphir mau padha ngadêgake pangeran brahala, dudu Allah, pamrihe supaya brahala mau anjangkunga marang si kaphir, nulak sabarang pakewuh sarta nêkakake kabêgjan.

85. Mèmpêr bae ora, yèn kêlakona mangkono ing têmbe brahala mau malah padha selak, ora rumasa disêmbah dening si kaphir, lan malah [ma...]

--- 2 : 681 ---

[...lah] dadi mungsuhe si kaphir.

86. Sira apa ora andêlêng yèn Ingsun ngutus para setan, anggodha lan anjalomprongake marang para wong kaphir.

87. Mulane sira aja anggege nyuwunake siksa si kaphir. Ingsun tansah ngitungi rina lan wêngi, nganti têkan mangsane wong kaphir mau Ingsun patrapi siksa.

88. (He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane Ingsun ngalumpukake wong kang padha wêdi ing Allah marang ngarsaning Pangeran kang Mahamurah, kalawan Ingsun tunggangake unta.

89. Lan nalikane Ingsun nuntun para wong kaphir marang naraka Jahanam padha mlaku dharat sarta bangêt ngêlake.

90. Ing sadina iku ora ana wong olèh saphangat (ganêping kêkurangan) kajaba wong kang wis prajanjian lan Pangeran kang Mahamurah.

91. Wong kaphir padha ngucap: Allah kang Mahamurah iku apêputra (banjur disaruwe ing nabine: He wong kaphir, kowe têka ngucapake prakara gêdhe kang anggumunake, lan ngagèt-agèti.

92. Mèh bae pangucapmu iku nyigarake langit, lan ambêngkahake bumi sarta ngrubuhake [ngrubuh...]

--- 2 : 682 ---

[...ake] gunung saka dêdukaning Allah.

93. Amarga wong kaphir padha ngarani Pangeran kang Mahamurah iku pêputra. Pangeran kang Mahamurah iku mokal yèn puputra.

94. Sarupaning wong isining bumi lan langit iki, besuk dina kiyamat ora ana kang girang-girang gumêdhe, kabèh mêsthi padha konjêm marang Pangeran kang Mahamurah. Ngaku ênggone dadi kawula. Allah nguningani cacahing manungsa kabèh, sarta waspada marang siji-sijining wong lan ala bêcike.

95. Besuk dina kiyamat, sarupaning wong padha seba ing ngarsaning Allah, ijèn tanpa botoh, lan balindhis tanpa bôndha.

96. (Pagandikaning Allah): Sarupane wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, iku ana ing dunya lan akhirat, dititah sih-sinihan lan Allah kang Mahamurah.

97. Mulane Kuran iki Ingsun gawe gampang, basane nganggo basanira Ngarab, iku supaya sira ênggoa ambêbungah marang wong kang padha wêdi ing Allah, lan sira ênggoa mêmêdèni marang wong kaphir kang padha madoni.

98. Biyèn sadurunge wong kaphir ing Mêkah iku

--- 2 : 683 ---

pira bae kèhe wong kang Ingsun tumpês kalawan siksa, marga ênggone maido para rasul. Sira apa isih weruh wujude utawa krungu suwarane kang lamat-lamat (mêsthi ora).

Surat Taha

Tinurunake ana nagara Mêkah, satus têlung puluh lima ayat.

Awit ingkang asma Allah ingkang Maha Murah tur kang Maha-asih.

1. Ta ha, iku padha araning aksara Ngarab, Allah ênggone ngandika mangkono mau, kang sumurup têgêse mung Allah piyambak. Enggon Ingsun andhawuhake Kuran iki ora murih kangelan marang sira.

2. Ora liya mung supaya dadia pêpeling marang wong kang wêdi ing Allah.

3. Kuran iku wuwuh saka Allah kang nganakake bumi lan langit dhuwur.

4. Pangeran kang Mahamurah iku jumênêng ana dhuwuring aras (Enggone jumênêng mau ora kêna ginagas).

5. Allah iku kagungan samubarang isining bumi [bu...]

--- 2 : 684 ---

[...mi] lan isining langit, lan kang ana antaraning bumi lan langit apadene barang kang ana ngisoring bumi.

6. Mênawa sira nyêrokake pangucapira, sira wêruha yèn Allah iku nguningani pangucapira, sanadyan lirih, malah kang mung sira batin bae iya diuningani.

7. Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah, Allah iku kagungan asma kang bêcik.

8. (He Mukhammad) sira wis sumurup carita lêlakone Nabi Musa.

9. Nalikane Nabi Musa andêlêng gêni, banjur tutur lan rabine lan kônca-kancane. Aku andêlêng gêni, kowe padha lèrèna ana ing kene bae.

10. Gêni kae tak paranane, tak nyumêt obor banjur tak bali mrene, utawa bokmanawa ana ing kana aku katêmu wong kang nuduhake dalan.

11. Barêng Nabi Musa wis têkan panggonaning gêni, ditimbali dening Allah, panggandikane: He Musa.

12. Satêmêne Ingsun iki Allah pangeranira, [pa...]

--- 2 : 685 ---

[...ngeranira,] tarumpahira loro iku sira copota, wruhanira, sira iku ana ing jurang suci, kang aran jurang tuwa.

13. Sira iku Ingsun pilih, Ingsun junjung dadi utusan Ingsun, lan Ingsun parêngake imbal pangandika lan Ingsun. Sira ngèstokna dhawuh Ingsun marang sira.

14. Satêmêne Ingsun iki Allah, ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Ingsun pribadi, mulane sira nêmbaha marang Ingsun lan anglakonana sêmbayang kalawan eling marang Ingsun.

15. Satêmêne bakal têkane dina kiyamat iku mêsthi kalêksanan, nanging tamtuning dinane Ingsun gawe wadi.

16. Ing kono sarupaning awak padha diwalês, miturut apa kang wis dilakoni nalika ana ing dunya, ala utawa bêcik.

17. Sira aja malah kèlu marang wong kang ora pracaya bakal kêlakone dina kiyamat, sarta nuruti karêpe dhewe, yèn sira kèlu mêsthi bakal rusak.

18. He Musa, kang sira cêkêl ing tanganira têngên iku apa.

19. Nabi Musa munjuk: Punika têkên kawula, [ka...]

- -- 2 : 686 ---

[...wula,] kawula angge têtêkên, sarta kawula angge anggêpyok gêgodhongan kangge têdhanipun menda kawula, saha kangge sanès-sanèsipun.

20. Allah ngandika: He Musa, têkênira iku sira uncalna.

21. Nabi Musa banjur nguncalna têkêne, sapira bae kagète Nabi Musa, dene têkêne têka dadi ula gêdhe malaku.

22. Allah ngandika: Ula iku sira cêkêla, aja wêdi, ula iku bakal Ingsun balèkake kaanane lawas dadi têkên manèh.

23. Epèk-èpèkira têngên sira kêmpita ing cangklakanira kiwa, sanalika èpèk-èpèkira malih warna putih, dudu putihing bêlang (nanging mancorong kaya sêrngengesrêngenge (dan di tempat lain). ambalêrêngi) iku tôndha yêkti siji manèh, kang mratandhani yèn sira dadi utusan Ingsun.

24. Kajaba tôndha yêkti loro iki, sira bakal Ingsun tuduhake manèh tôndha yêkti kang luwih gêdhe.

25. Saiki sira lumakua Ingsun utus katêmu Raja Phirngon, Raja Phirngon iku andaluya bangêt.

--- 2 : 687 ---

26. Nabi Musa munjuk: Dhuh Allah Pangeran kawula, tuwan mugi paringa padhang manah kawula.

27. Saha mugi Tuwan paringa gampil anggèn kula nglampahi ayahan Tuwan.

28. Makatên malih Tuwan mugi mantuna cedhalipun ilat kawula.

29. Supados Raja Phirngon sapunggawanipun sami mangrêtos wicantên kawula.

30. Punapadene kawula mugi Tuwan paringi kônca ingkang kalêbêt wôngsa kawula.

31. Prayoginipun kakang kawula Harun kemawon.

32. Gêgêr kawula mugi Tuwan kêngkêngakên sarana kakang kawula Harun.

33. Harun wau mugi Tuwan karsakakên nunggil padamêl lan kawula.

34. Supados kathah anggèn kawula nêbut Mahacuci ing Tuwan, utawi anggèn kawula èngêt ing Tuwan.

35. Saèstunipun Tuwan punika mirsani dhumatêng kawula.

36. Allah ngandika: He Musa, panyuwunira iku wis kaparêng.

37. liyane iki, Ingsun uga wis mitulungi [mitulung...]

--- 2 : 688 ---

[...i] lan ambungahake sira.

38. Iya iku nalikane Ingsun paring wahyu marang biyungira, kaya kang wis Ingsun dhawuhake mangkene:

39. (He Yukhanid, sarèhne sira kuwatir bokmênawa anakira dipatèni Raja Phirngon). Anakira iku sira wadhahana ing kêndhaga, banjur sira cêmplungna ing bêngawan Nil, bêngawan Nil bakal minggirake kêndhaga mau marang gisik. Anakira bakal ditêmu Raja Phirngon satruningsun lan satruning anakira. (He Musa) sira Ingsun gadhuhi pangidhêpan, supaya sira diopèni bêcik-bêcik, kalawan Ingsun jênêngi pribadi.

41. Dhèk samana sadulurira wadon Si Miryam lumaku ngodhol marang sira. Barêng sira ditêmu balane Raja Phirngon, Miryam banjur calathu marang kang nêmu, punapa sampeyan kula têdahakên tiyang ingkang sagêd ngopèni bayi punika. (Wong kang nêmu bayi condhong. Miryam banjur ngundang biyunge). Ing kono sira Ingsun balèkake diopèni ing biyungira dhewe, supaya biyungira têntrêm atine, mari susah. Lan manèh sira matèni wong Mêsir, sira Ingsun paringi slamêt, ora dikisas apadene sira Ingsun paringi coba pirang-pirang, nanging iya Ingsun paringi slamêt.

--- 2 : 689 ---

42. He Musa, sira banjur umpêtan ana ngomahe Nabi Sungèb ing Madyan (lawase sapuluh taun, sarta ngrabèni anake), sira banjur têkan ing môngsa (ngumur patang puluh taun).

43. Sira Ingsun pilih lan Ingsun piji dadi utusan ingsun.

44. Sira lan kakangira Harun padha lumakua (ngundhangake dhawuh Ingsun marang sarupaning manungsa) ngêmban ayat Ingsun lan kanthi tôndha yêkti saka Ingsun, lan aja padha bosên ênggonira eling ngundhangake dhawuh Ingsun.

45. Sira padha lumakua nêmoni Raja Phirngon, awit Raja Phirngon iku kêbangêtên ênggone nasar.

46. Sira padha andhawuhana Raja Phirngon kalawan aris, supaya elinga manut parentah utawa wêdi marang Ingsun.

47. Nabi Musa lan Nabi Harun padha munjuk: Dhuh Allah Pangeran kawula, kawula punika kuwatos bokmênawi Raja Phirngon punika lajêng misakit utawi mêjahi dhatêng kawula utawi bokmênawi sangsaya sangêt anggènipun siya-siya dhatêng kawula.

48. Allah ngandika: Sira aja padha kuwatir, Ingsun iki anjangkung marang sira, mirêng aturira lan mirsani sasolah tingkahira.

49. Mulane sira padha nêmonana Raja Phirngon.

--- 2 : 690 ---

sarta sira dhawuha mangkene: Kula tiyang kalih punika sami utusaning Allah Pangeran sampeyan. Dhawuhing Allah: Sapunika tiyang Bani Srail sami sampeyan uculakên, kajêngipun sami tumut kula, sampeyan sampun niksa tiyang Bani Srail. Dhatêng kula punika ambêkta tôndha yêkti saking Allah Pangeran sampeyan. (Mratandhani yèn kula punika têmên utusaning Allah). Sintên ingkang ngestokakên pitêdahing Allah, mêsthi dipun paringi wilujêng saking siksa.

50. Kula punika dipun dhawuhi dening Allah, dipun paringi sumêrêp bilih siksaning Allah punika dados patrapanipun tiyang ingkang maibên, utawi malengos dhatêng utusaning Allah.

51. Raja Phirngon banjur takon: He Musa lan Harun, Pangeranmu iku sapa.

52. Nabi Musa mangsuli: Pangeran kula punika Allah, inggih punika ingkang maringi samukawis kabêtahaning para titahipun salajêngipun paring pitêdah margining kawilujêngan.

53. Raja Phirngon takon manèh: Kapriye lêlakone para wong kuna.

54. Nabi Musa mangsuli: Ingkang wuninga lêlampahanipun para tiyang kina punika namung Allah,

--- 2 : 691 ---

Pangeran kula, prakawis punika sampun dipun sêrati wontên ing Lohmakhphul. Pangeran kula mêsthi botên kêlintu sarta botên supe.

55. Ingkang sampun anggêlar bumi punika dados panggenan sampeyan sakônca sampeyan, lan sampun angwontênakên sakathahing margi wontên ing bumi punika, sarta anurunakên toya jawah saking langit. (Pangandikaning Allah): Banyu udan iku Ingsun ênggo mêtokake thêthukulan warna-warna tur beda-beda.

56. He para manungsa, sira padha mangana thêthukulaning bumi lan padha angona rajakayanira (supaya mangana thêthukulaning bumi mau). Kang mangkono mau tumrap wong kang ana akale, mêsthi dadi tôndha yêkti kawasaning Allah.

57. Sira padha Ingsun dadèkake saka ing bumi, lan bakal padha Ingsun balèkake dadi lêmah manèh, sabanjure sira bakal Ingsun wêtokake saka ing bumi sarambahan êngkas.

58. Raja Phirngon têmên wis Ingsun tontonake tôndha yêkti saka Ingsun sangang warna kabèh, nanging maido ayat mau lan mopo ngestokake barang kang nyata bênêr.

--- 2 : 682 ---

59. Pangucape Raja Phirngon mangkene: He Musa apa têkamu iki nêja nundhung aku sakancaku saka ing bumi Mêsir sarana sikhirmu iku.

60. Kowe bakal tak têkani sikhir kang madhani lan bisa nglawan sikhirmu iku. Mulane namtokna dina bae, besuk apa ênggonmu bakal têka manèh, aku lan kowe aja cidra, ing kono padha ngadu sikhir ana ing panggonan kang padha doh cêdhake saka ngomahmu lan ing kene.

61. Nabi Musa mangsuli: Sampeyan tamtokakên benjing dintên agêng kemawon. Mangsanipun tiyang sami mangangge pameran. Ing ngriku para tiyang ing Mêsir sami dipun kalêmpakna ing wanci Dzukha (jam sanga enying).enjing.

62. Raja Phirngon malengos, nolih ing buri, dhawuh ngalumpukake para juru sikhir. Sawise ngalumpuk, banjur diirit marang panggonan kang ditamtokake, ing dina kang ditamtokake. Ana ing kono têmpuk lan Nabi Musa.

63. Nabi Musa banjur nyalathoni marang para juru sikhir: He para juru sikhir, cilaka têmên kowe. Aja wani gawe-gawe, calathu goroh ngarani tôndha yêktining Allah iku sikhir.

64. Allah bakal numpês kowe kabèh, kalawan siksa, wowong. kang gawe-gawe bakal nandhang kapitunan. [kapitu...]

--- 2 : 693 ---

[...nan.]

65. Para juru sikhir banjur padha diya-diniya (ana kang ngarani mukjizate Nabi Musa iku sikhir, lan ana kang ngarani dudu sikhir) sarta padha bisik-binisikan, anggagas apa wadine.

66. Pangunadikane para juru sikhir mangkene: Wong loro Musa lan Harun iki mêsthi padha baut sikhir, karêpe kudu nundhungi kowe sakancaku kabèh saka bumi wutah gêtihmu ing Mêsir sarana sikhire, lan kudu nglungsur para luhur ing kene.

67. Mulane padha digolong ênggonmu padha ngatogake kaluwihanmu ing sikhir, sawise golong, nuli padha majua sap-sapan kang tata. Ing dina iki sing sapa sikhire unggul sarta mênang, mêsthi bêgja.

68. Para juru sikhir sawise maju banjur calathu: He Nabi Musa, punapa sampeyan nguncalakên têkên sampeyan rumiyin, punapa kula ingkang nguncalakên têkên lan tampar kula rumiyin. Sakarsa sampeyan dados.

69. Nabi Musa mangsuli: Kowe dhisik, padha nguncalna tampar lan têkênmu. (Para juru sikhir nuli padha nguncalake têkên lan tampare) sanalika [sanali...]

--- 2 : 694 ---

[...ka] iku sikhire para juru sikhir tumama marang Nabi Musa, tampar têkên kang diuncalake katôm padha dadi ula, pating galêsêr padha lumaku.

70. Ing kono Nabi Musa rumasa wêdi diancap ing ula, sarta kuwatir bokmênawa wong kang padha nonton, kèlu marang si kaphir iku.

71. (Pangandikaning Allah): Ingsun dhawuh marang Nabi Musa: Sira aja wêdi lan kuwatir, awit sira Ingsun pêsthi unggul sarta mênang.

72. Têkên kang ana tanganira têngên iku sira uncalna, (mêsthi dadi ula gêdhe), banjur nguntali ula sulapane para juru sikhir, awit iku dudu ula têmênanan, mung sulapane para juru sikhir bae. Juru sikhir iku ana ngêndi-êndi ora bisa bêgja utawa mênang.

73. Ing kono para juru sikhir banjur padha anjungkêl, sujud ing Allah (sajroning sujud, padha andêlêng suwarga lan naraka), barêng wis anjênggèlèk, banjur padha ngucap: Sapunika kula sami pitados dhatêng Allah, Pangeran Nabi Harun kalihan Nabi Musa.

74. (Raja Phirngon bangêt nêpsune marang para juru sikhir, pangucape: Yagene kowe durung olèh palilahku têka banjur pracaya marang Musa, yèn [yè...]

--- 2 : 695 ---

[...n] mangkono Musa iku panggêdhemu kang mulang sikhir marang kowe, lah iya rasakna, kowe mêsthi papadha. tak jonjang, tak kêthok tanganmu têngên lan sikilmu kiwa, lan bakal tak pênthang ana uwiting kurma. Ing kono kowe bakal padha wêruh nyatane, sapa kang siksinesiksane. luwih abot sarta langgêng, apa aku apa Pangerane Musa.

75. Para juru sikhir banjur padha matur: Kula botên milih manut ing sampeyan, maibên tôndha yêkti ingkang sampun kula sumêrêpi têrang (mratandhani yèn Nabi Musa punika têmên utusaning Allah), punika botên pisan, dene pangancam sampeyan dhatêng kula akathah-kathah, ing sumôngga sampeyan tindakakên. Dêmi Allah ingkang sampun angwontênakên kula, anggèn sampeyan badhe misakit dhatêng kula punika namung tumrap wontên ing dunya kemawon, sayêktosipun kula punika pitados dhatêng Allah Pangeran kula, supados Allah ngapuraa kalêpatan kula sadaya, langkung malih anggèn kula purun sampeyan pêksa sinau sarta nindakakên sikhir, dene ganjaraning Allah punika langkung sae, ngungkuli ganjaran sampeyan, saha siksaning Allah punika langgêng, siksa sampeyan botên langgêng.

76. Sintên ingkang sowan ing Pangeranipun,

--- 2 : 696 ---

(pêjah), kalayan kaphir, punika badhe dipun patrapi siksa naraka Jahanam, wontên ing ngriku botên pêjah lan botên gêsang.

77. Dene sintên ingkang sowan ing Allah (pêjah) kanthi iman, sarta nglampahi pandamêl sae, punika sami pinaringan pangkat luhur.

78. Inggih punika suwarga Ngadan, ingkang wontên bêngawanipun mili wontên sangandhaping wit-witan. Tiyang mukmin anggènipun sami wontên ing ngriku langgêng, inggih punika ganjaranipun tiyang ingkang rêsik saking dosa.

79. (Pangandikaning Allah): Ingsun paring wahyu marang Nabi Musa: He Musa, sira lumakua ngirid para kawulaningsun wong Bani Srail. Têkênira sira gitikna ing sagara, mêsthi banyune banjur piyak, dadi dalan gêdhe asat tur rêsik.

80. Sira lumakua ing kono tanpa kuwatir yèn kêcandhak diburu ing Raja Phirngon, lan ora kuwatir kêsilêp ana ing sagara. (Barêng sagara digitik banjur piyak, Nabi Musa sakancane lumaku ing kono).

81. Nabi Musa sakancane diburu Raja Phirngon sabalane padha milu malêbu ing sagara, [sa...]

--- 2 : 697 ---

[...gara,] nanging Raja Phirngon sabalane mau padha tumpês tinungkêban ing banyu sagara, Raja Phirngon mau têtêp nasarake wadyabalane, kabèh padha mati kaphir, ora olèh pituduh bênêr.

82. (Pangandikaning Allah): He para kawulaningsun wong Bani Srail, Ingsun wis paring slamêt marang sira, ucul saka satrunira Raja Phirngon, apadene sira wis Ingsun paringi prajanjian ana ing gunung Tursina kang sisih têngên, sarta ana ing ara-ara tèh, sira Ingsun paringi pangan, rupa manmadu. lan manuk gêmak.

83. (Dhawuh Ingsun): Sira padha mangana pêparing Ingsun rijêki kang ngrêsêpake, nanging sira aja maido pêparing Ingsun mau, mundhak kêna bêbênduningsun, sing sapa kêna ing bêbênduningsun, mêsthi kacêmplung ing naraka.

84. Dene Ingsun iki kaparêng bangêt ngapura dosane wong kang tobat, sarta pracaya marang Ingsun, lan anglakoni panggawe bêcik, lêstari nêtêpi pituduh bênêr nganti têkan ing pati.

85. He Musa, sabab apa sira têka kêsusu ênggonira seba marang Ingsun, nganti nglancangi para kancanira.

--- 2 : 698 ---

86. Unjuke Nabi Musa: Kônca kawula tiyang Bani Srail punika wontên ing wingking kawula botên têbih, prasasat sarêng kemawon kalihan kawula. Dhuh Pangeran kawula, wondene anggèn kawula dhêrakalan marêk ing Tuwan, punika supados wêwah kaparêng Tuwan dhumatêng kawula.

87. Allah ngandika: Sapungkurira marang gunung, para kancanira padha Ingsun coba, padha disasarake dening wong golongan Samiri (padha diajak nyêmbah pêdhèt mas).

88. Nabi Musa barêng wis patang puluh dina ênggone ana ing gunung lan wis diparingi kitab Torèt, banjur bali marang ênggone para kancane wong Bani Srail. Nabi Musa wêruh wong Bani Srail padha rame-rame nyêmbah pêdhèt mas, bangêt nêpsune lan susahe.

89. Pangucape: He para sanakku, Pangeranmu apa ora wis paring prajanjian bêcik marang kowe. (Kowe bakal padha diparingi kitab Torèt). Lan apa kêlawasên ênggonmu ngêntèni têkaku saka ing gunung anggawa kitab Torèt, kang wis disaguhake dening Allah, utawa apa kowe pancèn anjarag supaya [supa...]

--- 2 : 699 ---

[...ya] kêna bêbênduning Allah Pangeranmu, dene kowe têka nyêmbah pêdhèt mas, nyidrani kasaguhanmu marang aku.

90. Wong Bani Srail banjur padha matur: Anggèn kula nyidrani kasagahan kula dhatêng sampeyan, punika botên saking kajêng kula piyambak. Lugunipun makatên: Nalika kesah kula saking Mêsir, punika rumiyin sami ambêkta rajabrana gadhahanipun tiyang ing Mêsir, sarèhning punika barang dede lêrêsipun dados gadhahan kula, saking pambujukipun tiyang golongan Samiri, rajabrana wau dipun kalêmpakakên, lajêng dipun cithak dados pêdhèt mas, ingkang mawa daging lan rah, tur sagêd nyuwara. Pangucapipun tiyang Samiri: Iki Pangeranmu lan Pangerane Nabi Musa uga, Nabi Musa klalèn, lungane mênyang gunung iku pêrlune anggolèki iki.

91. Wong kang padha nyêmbah pêdhèt mas mau apa ora duwe panêmu yèn pêdhèt mas iku ora bisa mangsuli pitakon apa-apa, lan ora bisa nulak pakewuh apadene nêkakake kabêgjan.

92. Sadurunge Nabi Musa têka, Nabi Harun [Ha...]

--- 2 : 700 ---

[...run] wis pitutur mangkene: He para sanakku wong Bani Srail, kowe iku padha kêna ing coba, satêmêne Pangeranmu iku: Allah Kang Mahamurah (dudu pêdhèt mas iku) mulane padha manuta marang aku, lan ngèstokna parentahku.

92. Wong Bani Srail padha mangsuli: Inggih kajêngipun, kula lajêngne kemawon anggèn kula nyêmbah pêdhèt mas, kantênanipun benjing mênawi Nabi Musa sampun dhatêng (punapa duka, punapa lajêng tumut nyêmbah pêdhèt mas).

94. Nabi Musa banjur takon: Dhuh kakang Harun, nalika sampeyan sumêrêp tiyang Bani Srail sami nasar (nyêmbah pêdhèt mas), têka sampeyan kèndêlakên kemawon, punapa pakèwêdipun sampeyan cêgah, ngèstokakên wêwêling kula, punapa sampeyan jaragan anglirwakakên wêwêling kula.

95. Nabi Harun mangsuli: He putrane sibu, kowe aja nyêkêl jenggot lan êndhasku. Wruhanamu, mulane aku mênêng bae, panêmuku mangkene: Upama wong Bani Srail iku tak santosani, bokmênawa banjur bubar. Aku kuwatir yèn kosrêngêni mangkene: Sampeyan jêbul [jê...]

--- 2 : 701 ---

[...bul] ambibarakên tiyang Bani Srail, anglirwakakên wêwêling kula.

96. Nabi Musa banjur takon: He wong golongan Samiri, kowe kapriye aturmu. Wong Samiri banjur matur: Kula sumêrêp barang ingkang botên dipun sumêrêpi dening tiyang Bani Srail, kula mêndhêt siti tapaking kapalipun Malaikat Jabarail, punika kula lolohakên dhatêng cangkêming pêdhèt mas, lajêng gêsang sarta sagêd nyuwara. Pandamêl kula makatên wau saking kajêng kula piyambak.

97. Nabi Musa banjur dhawuh: He wong Samiri, kowe saiki lungaa. Ing salawasmu urip, kowe ora gêlêm digêpok ing wong (sing sapa anggêpok kowe banjur kadhêmên, kowe uga kadhêmên), lan kowe diparingi wêwalês mangsane ênggonmu bakal nandhang patrapan besuk ana ing akhirat, kang ora kêna kooncati. Lan manèh dêlêngên Pangeranmu pêdhèt mas, kang tansah kosêmbah-sêmbah, saiki tak obong, banjur tak buwang ing sagara.

98. Kang bênêr, Pangeranira iku Allah, ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah. Kawruhing Allah jêmbar bangêt, anglimputi samubarang.

--- 2 : 702 ---

99. Kaya mangkono iku ênggon Ingsun nyaritakake lêlakon ing jaman kuna marang sira Mukhammad. Lan manèh sira wis Ingsun paringi Kuran saka ngarsaningsun.

100. Sing sapa malengos, ora pracaya marang Kuran, besuk dina kiyamat, wong iku mikul dosa.

101. Enggone padha nandhang siksa patrapaning dosa mau langgêng. Ala têmên ênggone padha mikul dosa besuk dina kiyamat.

102. Iya iku dina nalika sêmpronge Malaikat Israphil kang isi sakèhing nyawa, disêbul. Ing dina iku sakèhe wong dosa padha Ingsun kalumpukake, matane padha biru.

103. Padha rêmbugan karo kancane lirih-lirihan: Enggonmu ana ing dunya biyèn, kira-kira apa mung sapuluh taun lawase.

104. Ingsun nguningani têrang barang padha dirêmbug utawa disêmantakake mau. Ing kono wong kang punjul dhewe pintêre mangsuli: Enggonmu padha ana ing dunya, kira-kira mung sadina.

105. (He Mukhammad) akèh wong takon marang sira, mungguh gunung-gunung iku besuk dina kiyamat kapriye. Iku sira wangsulana: [w...]

--- 2 : 703 ---

[...angsulana:] Besuk dina kiyamat, gunung-gunung iku padha dibêdholi dening Pangeranku.

106. Ing kono bumi banjur warata ngênthak-ênthak, kodêlêng ora ana kang mêndhak mêndhukul.

107. Ing dina iku sakèhing dumadi padha manut panguwuhe Malaikat Israphil, (kabèh padha didhawuhi ngalumpuk seba ing ngarsaning Pangeran, ora ana kang nyalimpêd, sarupaning suwara padha mênêng, konjêm wêdi ing Pangeran kang Mahamurah. Kowe ora krungu suwara apa-apa, kajaba mung gadêbêging sikil malaku.

108. Ing dina iku ora ana suphangat migunani, kajaba suphangate wong kang diidine dening Pangeran kang Mahamurah, sarta kang disupangati mau dililani ngucapake pangucap kang marakake olèh suphangat, (iya iku pangucap: la ilaha illallah, Mukhamadur Rasulullah).

109. Allah nguningani tingkah kaananing para kawulane kabèh, kang wis kêlakon lan kang durung kêlakon. Para kawula mau ora ana kang wêruh sêsêrêpaning Allah kabèh.

110. Sarupaning rai padha konjêm andhêku marang Pangeran kang gêsang tur jumênêng nguwasani samubabarang.samubarang. [samuba...]

--- 2 : 704 ---

[...barang.] Dene wong kang mikul dosa, besuk dina kiyamat padha kapitunan.

111. Dene wong mukmin kang nglakoni panggawe bêcik, iku ora kuwatir yèn dikaniaya, diwuwuhi alane utawa disuda kabêcikane.

112. Mangkono uga Ingsun nurunake Kuran iki kalawan têmbung Arab, sarta Ingsun amijang-mijangake pangancam ana sajroning Kuran mau, supaya manungsa kabèh padha wêdi ing Allah kalawan ngati-ati, ora maro tingal, lan manèh Kuran mau nukulna elinge lan sungkême para manungsa marang Allah.

113. Allah ratu kang sajati iku Mahaluhur, (he Mukhammad) sira aja age-age andhawuhake Kuran, yèn durung nampani saka Jabarail kalawan lair kang nganti têrang têgêse. Lan sira nyuwuna mangkene: Dhuh Allah Pangeran kawula, Tuwan mugi mêwahana kawruh dhumatêng kawula.

114. Biyèn Ingsun wis dhawuh marang Nabi Adam (Ingsun larangi ora kêna cêdhak-cêdhak, luwih manèh mangan woh kuldi) sadurunge kêlakon mangan woh kuldi. Nanging

--- 2 : 705 ---

Nabi Adam banjur mangan woh kuldi, nglirwakake dhawuh Ingsun, dadi Nabi Adam mau ênggone arêp ngèstokake parentah, jugar, marga ora kêlar ngampah kapengine marang woh kuldi.

115. (He Mukhammad) sira anyaritakna nalikane Ingsun dhawuh marang para malaikat kabèh: Sira sujuda marang Adam, ing kono sarupaning malaikat banjur padha sujud marang Adam, mung iblis mopo parentah Ingsun. Ingsun banjur ngandika: He Adam, Iblis iki satrunira lan satrune rabinira, mulane sira wong sakaloron dipadha ngati-ati, aja nganti diwêtokake dening iblis saka ing suwarga sarana panggodhane. Sira mundhak cilaka.

116. Sira ana ing suwarga iki (wus kapenak) ora tau kêluwèn lan ora kêwudan.

117. Sira ana ing suwarga ora tau ngêlak, lan ora kêpanasên soroting srêngenge.

118. Ing kono setan banjur anggodha marang Nabi Adam, pangucape: He Nabi Adam, punapa sampeyan karsa kula têdahakên wit kuldi (têgesipun wit langgêng) sarta karaton ingkang botên sagêd risak. (Mênawi sampeyan nêdha [nê...]

--- 2 : 706 ---

[...dha] wohing wit kuldi wau, sampeyan langgêng wontên ing suwarga, botên kenging pêjah).

119. Nabi Adam sakaloron banjur padha mangan woh khuldi, sanalika banjur padha rumasa wuda, katon kawirangane, nuli padha nganggo awêr-awêr gêgodhongan ing suwarga. Marga saka iku Nabi Adam kadukan ing Pangerane, luput pangarêp-arêpe.

120. Sawise kêdukan, banjur dirampèk manèh ing Pangerane, sarta diapura kaluputane lan dituduhake dalan kang bênêr.

121. Pangandikaning Allah: He Adam lan Khawa, sira padha mudhuna saka ing suwarga, sira saturun-turunira dadi satruning iblis saturun-turune. Dene mênawa ing têmbe Ingsun paring pituduh Ingsun, mêsthi ora bisa kêsasar lan ora cilaka.

123. Dene sing sapa malengos, ora ngandêl marang Kuran ingsun, amêsthi panguripane rupak lan goroh.

124. Wong mau munjuk ing Allah, dhuh Pangeran kawula, awit dene punapa kawula punika kala wontên ing dunya mêlèk, sapunika têka Tuwan kalêmpakakên, maripat kawula picak.

--- 2 : 707 ---

126. Allah ngandika: Iya mêngkono karsaningsun, awit nalika ana ing dunya, sira katêkan ayat Ingsun, malengos ora praduli, mulane saiki Ingsun uga ora praduli marang picakira.

127. Dene wong kang maro tingal, ora ngandêl marang ayating Pangerane, iya Ingsun patrapi padha lan wong malengos mau. Siksa ing akirat iku mêsthi luwih dening abot sarta langgêng.

128. Yagene para wong kaphir ing Mêkah padha ora têrang yèn Ingsun wis ngrusak para wong kuna pirang-pirang (marga ênggone padha maido para rasul) kang môngka wong kaphir mau padha andêlêng patilasane wong kang padha Ingsun rusak mau. Kang mangkono mau tumrap wong kang gênêp pikire, mêsthi dadi tôndha yêkti gêdhe.

129. Upama durung kêbanjur Pangeranira mangandikakake yèn para umate Nabi Mukhammad iku paniksane disarantèkake, sarta wis ana wêwangêne têkan dina kiyamat, amêsthi wong kang padha maido iku paniksane ditêtêpake ana ing dunya iki.

--- 2 : 708 ---

130. Mulane sira Mukhammad disabar krungu pangucape wong kaphir ing Mêkah, lan nêbuta Maha Suci ing Allah sarta sêmbayanga kalawan mêmuji ing Pangeranira sadurunge wêtuning sêrngenge lan sadurunging surupe, lan ing wayah wêngi (Maghrib lan Ngisa) uga sêmbayanga ing wayah awan uga sêmbayanga, supaya sira narima pêparinging Allah ganjaran marang sira.

131. Lan manèh matanira loro aja andêlêng marang pêparing Ingsun kabungahan ing dunya marang wong kaphir warna-warna. Wruhanira, iku Ingsun ênggo nyoba marang si kaphir kabèh. Dene suwarga ganjaraning Pangeranira iku luwih bêcik sarta langgêng, ngungkuli pêparing Ingsun marang si kaphir mau.

132. Sira parentaha sêmbayang marang para umatira, lan dimantêp ênggonira sêmbayang mau, sira ora Ingsun parentahi ngingoni sapa-sapa, Ingsun kang mêsthi ngingoni sira lan para batihira. Dene wêkasan bêcik utawa ganjaran suwarga, iku bêbungahane wong kang wêdi ing Allah.

133. Wong kaphir ing Mêkah padha ngucap mangkene: Yagene Nabi Mukhammad têka ora nganani tôndha yêkti marang aku saka Pangerane. (Pangandikaning Allah): Wong kaphir ing Mêkah apa durung katêkan tôndha [tô...]

--- 2 : 709 ---

[...ndha] yêkti Kuran, kang mratandhani têmêne samubarang kang kasêbut ing kitab kang kuna-kuna. (Dene kitab kuna-kuna uga mratelakake bakal têkane Nabi Mukhammad).

134. Upama Ingsun numpês wong kaphir ing Mêkah iku kalawan siksa, tanpa ngutus rasul dhisik lan tanpa nurunake Kuran, wong kaphir mau besuk dina kiyamat, mêsthi padha sêsambat mangkene: Dhuh Pangeran kawula, awit saking punapa Tuwan botên karsa ngutus rasul, nyêrêp-nyêrêpakên dhumatêng kawula. Upami Tuwan ngutusa Rasul, kawula tamtu ngèstokakên dhawuh Tuwan, sadèrèngipun kawula dipun rèmèhakên utawi dipun siksa wontên ing naraka Jahanam.

135. (He Mukhammad): sira dhawuha: Aku lan kowe iki padha disarantèkake, mulane iya padha ngêntènana wêwangên dina kiyamat. Ing kono kowe bakal padha wêruh sapa kang ngambah dalan bênêr lan sapa kang olèh dalan marang kaslamêtan.