Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

Jus kaping pitulas

Surat Ambiya (para nabi)

Tinurunake ana nagara [na...]

--- 2 : 710 ---

[...gara] Mêkah, satus rolas ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Saiki wis mèh dina kiyamat, ênggone Allah nimbang ala bêciking manungsa, ewadene manungsa mau lali, padha malengos marang ayat Ingsun.

2. Amarga Nabi Mukhammad ênggone andhawuhake Kuran marang manungsa saka Pangerane ora wutuh sa-Kuran, nanging saka sathithik, mulane wong kaphir iya padha ngrungokake, nanging padha anggêguyu.

3. Atine padha lali marang Allah, dene wong kaphir mau padha pating kalêsik ngrasani marang Nabi Mukhammad: Mara padha pikirên, Nabi Mukhammad iki apa dudu manungsa padha lan kowe. Yèn mangkono apa bêcik kowe ngundang juru sikhir. Dadi kowe banjur wêruh yèn kaelokane Nabi Mukhammad iku sikhir uga.

4. Nabi Mukhammad dhawuh: Allah Pangeranku ngungingani pangucape wong kang calathu ana ing bumi lan ana ing langit, lirih utawa sêru. Allah iku miyarsa tur nguningani.

5. Ana manèh wong kaphir padha ngucap mangkene: [m...]

--- 2 : 711 ---

[...angkene:] Kang dikandhakake Kuran dening Nabi Mukhammad iku satêmêne mung impèn ura, dikira wahyu saka Allah, malah iku gawe-gawene Nabi Mukhammad dhewe, Nabi Mukhammad iku pancèn baut nganggit têmbang, Kuran iku bangsaning têmbang. Ewadene yèn Nabi Mukhammad ngaku têmên, mara ngananana tôndha yêkti kaelokan, kaya para rasul ing jaman kuna biyèn.

6. (Pangandikaning Allah): Biyèn sadurunge wong kaphir ing Mêkah iku, para wong padesan iya padha nyuwun tôndha yêkti kaelokan, barêng wis Ingsun anani kaelokan, isih puguh ora gêlêm pracaya, wusana banjur padha Ingsun tumpês, saiki yèn Ingsun nganani kaelokan, wong kaphir ing Mêkah apa banjur padha pracaya (layak ora).

7. Biyèn sadurunge sira Mukhammad, Ingsun ora tau gawe rasul malaikat, kang mêsthi Ingsun utus dadi rasul, iya wong lanang kang padha Ingsun paringi wahyu, (he wong kaphir) mênawa sira padha ora wêruh, mara padha têtakona marang wong kang padha maca Torèt lan Injil.

8. Para rasul mau ora Ingsun dadèkake awak kang ora mangan pêpanganan, lan ora langgêng luput ing pati.

--- 2 : 712 ---

9. Ingsun banjur nuhoni janjiningsun marang para rasul, sarta para wong mukmin kang padha manut, kang dadi parênge karsaningsun, padha Ingsun paringi salamêt saka pialane wong kaphir, apadene Ingsun anumpês wong kang padha maido marang para rasul.

10. (He para turune Kurès), Ingsun wis nurunake kitab Kuran kang mratelakake ajine bangsanira, yagene sira ora padha mikir nganti nampik Kuran.

11. Wis pira bae kèhe ênggon Ingsun numpês wong padesan kang padha kaphir, sapungkure kang wis tumpês, padesan mau banjur Ingsun isèni wong liyane.

12. Wong padesan mau barêng andêlêng têkane siksaningsun, bangêt kagète, banjur padha lumayu.

13. (Ing kono ana malaikat nguwuh- uwuh, he wong padesan) kowe aja padha lumayu, padha balènana omahmu, lan dunya kabungahanmu, supaya kowe bisa mènèhi wong kang padha anjaluk marang kowe kaya sabên- sabêne.

14 (Barêng wis rumasa ora bisa ngoncati bêbaya), banjur padha sêsambat: Adhuh cilaka têmên aku, aku iki wong nganiaya awakku dhewe.

15. Sêsambate mangkono mau tanpa lèrèn, nganti padha mati dening siksa, sirna êntèk, kaya gaga [ga...]

--- 2 : 713 ---

[...ga] kang diriti.

16. Enggon Ingsun gawe bumi lan langit, lan samubarang kang ana antaraning bumi lan langit, iku ora dolanan.

17. Upama Ingsun karsa amundhut garwa utawa pêputra, mêsthi Ingsun mundhut garwa widadari, apêputra malaikat, kang padha ana ngarsaningsun, nanging kang mangkono mau ora (awit ingatasing Pangeran, mokal kagungan garwa utawa apêputra).

18. Ingsun ngêmpakake barang kang nyata bênêr (iya iku iman) kanggo ngayoni barang kang luput (iya iku kaphir), têmahan iman mau ngrusak marang kaphir, mulane kaphir mau banjur sirna larut, (he para wong kaphir) sira bakal padha dibubuhi siksa kang abot, patrapane ênggonira padha ngarani yèn Allah iku apêputra.

19. Isèn-isèning bumi lan langit iku kabèh kagunganing Allah, sing sapa kapêrak ing Allah (kaya ta para malaikat), iku ora ana kang gumêdhe. Enggone padha ngabêkti ing Allah tanpa sayah utawa bosên.

20. Rina wêngi padha mêmuji nêbut Mahasuci ing Allah tanpa lèrèn.

--- 2 : 714 ---

21. Yagene wong kaphir têka padha mangeran brahala isèn-isèning bumi, apa iku bisa nguripake wong mati (ora).

22. Upama ing bumi lan ing langit ana Pangeran liyane Allah, bumi lan langit mau loro pisan mêsthi padha rusak. Allah Pangeraning Ngaras iku Mahasuci, adoh bangêt yèn kayaa pangucaperapangucapira. wong kaphir.

27. Samubarang kang ditindakake dening Allah, wong ora kêna nyuwun pirsa apa sababe Allah têka nindaka mangkono, nanging manungsa mêsthi bakal didangu, sabab apa sira nglakoni mangkono.

24. Yagene wong kaphir têka padha mangeran liyane Allah, (he Mukhammad) sira dhawuha: Kowe têka padha ngarani brahala iku Pangeran, êndi tôndha yêktimu. Kuran iki kitab panutane para umatku wong Islam, lan uga panutane para umat kuna sadurunge aku. Wong kaphir iku kang akèh padha ora wêruh ing bênêr, bisane mung puguh malengos.

25. (He Mukhammad) sadurunge sira biyèn, [bi...]

--- 2 : 715 ---

[...yèn,] mênawa Ingsun ngutus rasul, mêsthi Ingsung paringi wahyu mangkene: satêmêne ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Ingsun pribadi, mulane sira nêmbaha marang Ingsun.

26. Wong kaphir padha ngucap mangkene: Pangeran kang Mahamurah iku apêputra putri, (iya iku malaikat): wruhanira Allah iku Mahasuci, adoh bangêt yèn apêputra. Dene malaikat iku kabèh kawulaning Allah kang ginawe mulya, (dudu putraning Allah).

27. Ora ana kang wani nglancangi ing Allah kalawan pangucap, sarta nglakoni samubarang kang didhawuhake dening Allah.

28. Allah nguningani samubarang kang wis dilakoni lan kang bangkalbakal. dilakoni dening para malaikat, sarta para malaikat mau padha ora wani munjuk ing Allah nyuwunake kabêgjane sapa-sapa.

29. Kajaba nyuwunake kabêgjane wong kang diparêngake dening Allah (wong Islam). Dene para malaikat mau saking dening wêdine ing Allah, padha konjêm.

30. Para malaikat mau sing sapa ngucap: Aku iki sêsêmbahan kalawan bênêr liyane Allah, (iya iku [i...]

--- 2 : 716 ---

[...ku] iblis), iku bakal Ingsun patrapi siksa naraka Jahanam. Dene wong kang maro tingal, iku Ingsun patrapi mangkono uga.

31. Wong kaphir apa padha ora wêruh yèn bumi iku biyèn dhèmpèt karo langit, banjur Ingsun pisah (kalawan angin), lan manèh Ingsun gawe sarupane kang urip, Ingsun gawe saka ing banyu. Yagene wong kaphir têka padha ora ngandêl.

32. Lan manèh Ingsun andokoki gunung pirang-pirang ana ing bumi, supaya bumi mau aja gonjang-ganjing, sarta Ingsun dokoki dalan jêmbar pirang-pirang, supaya wong kang lêlungan padha wêruha parane kang disêja.

33. Langit iku Ingsun ênggo payoning bumi, rinêksa ora bisa rubuh. Wong kaphir padha malengos, ora ngandêl marang tôndha-tôndha yêkti kang ana ing langit (kaya ta sêrngenge lan rêmbulan sapanunggalane).

34. Allah iku kang agawe raina lan wêngi, apadene sêrngenge lan rêmbulan, sakarone iku padha mlaku ana ing cakrawala.

--- 2 : 717 ---

35. (He Mukhammad) manungsa sadurunge sira, ora ana kang Ingsun karsakake langgêng ana ing dunya, ora kêna ing pati. Ing têmbe mênawa sira wis mati, manungsa liyane sira apa langgêng (ora).

36. Sarupaning awak mêsthi ngrasakake mati, lan manèh Ingsun nyoba marang sira manungsa kabèh kalawan barang kang andhêmênake lan ngêmohake, loro pisan dadi cobaning manungsa, wusana ing têmbe sira padha dibalèkake marang ngarsaningsun, ditimbang ala lan bêcikira.

37. Para wong kaphir iku mênawa andêlêng ing sira Mukhammad, ora ana manèh mung padha anggêguyu, pangucape marang kancane: Apa iki wonge kang nênacad marang Pangeranmu, wong kaphir mau padha maido ananing Allah Pangeran Kang Mahamurah.

38. Manungsa iku tinitahake watêk ora sarantan. (He manungsa) sira aja padha anggege tumêmpuhe siksaningsun, sadurunge mangsane. Ing têmbe môngsa wurunga sira Ingsun tontonake siksaningsun.

39. Wong kang ngêrti mau banjur padha ngucap mangkene: [mang...]

--- 2 : 718 ---

[...kene:] (He wong Islam) mênawa kandhamu bakal têkaning siksa iku têmên, lah mara besuk apa têkane.

40. (Allah ngandika): Upama para wong kaphir iku wêruha, ing besuk nalikane naraka nungkêbi marang awake, saka ngarêp lan saka ing buri, ora kêna ditulak utawa disingkiri, sarta ora ana kang bisa têtulung marang awake, mêsthi ora calathu mangkono.

41. Têkane dina kiyamat ngagètake, andadèkake bingunge wong kaphir, rumasa ora bisa nulak utawa ngoncati siksaning dina kiyamat, lan ora kêna sêmaya.

42. (He Mukhammad), para rasul sadurunge sira uga padha digêguyu dening para umate, padha bae lan sira, patrapane ênggone anggêguyu mau, banjur nêmpuh marang kang padha anggêguyu.

43. (He Mukhammad) sira dhawuha: Sapa kang rina wêngi angrêksa kowe saka siksaning Pangeran kang Mahamurah (ora liya mung Allah), nanging wong kaphir mau padha malengos marang Kuran dhawuhing Allah Pangerane.

--- 2 : 719 ---

44. Wong kaphir apa padha duwe Pangeran liyane Ingsun, kang bisa nulak siksaningsun, (ora), brahala pangerane iku nulungi awake dhewe bae ora bisa. Dadi ora ana kang bisa nguwalake wong kaphir mau saka siksaningsun.

45. Wruhanira, wong kaphir lan para lêluhure ênggone padha sêmpulur iku, Ingsun kang maringi sêmpulur nganti lawas uripe, tanpa ana sambekalane, tutug ênggone duraka. Wong kaphir mau apa padha ora wêruh yèn Ingsun ngingkud bumine si kaphir saka ing pinggir. Apa wong kaphir ing Mêkah iku bakal padha mênang (ora).

46. (He Mukhammad) sira dhawuha: Enggonku mêmêdèni marang kowe iki saka wahyu dhawuhing Allah, dudu karêpku dhewe, ewadene wong kang atine budhêg, sanadyan diwêwêdèni iya mêksa ora krungu dhawuh.

47. Wong kaphir mau mênawa kambah siksaning Pangeranira sathithik bae banjur sêsambat: Adhuh cilaka têmên aku. Satêmêne aku iki nganiaya awakku dhewe.

--- 2 : 720 ---

48. Ing têmbe Ingsun nganani traju kang jêjêg, kanggo nimbang ala bêcike wong kang padha dikalumpukake ing dina kiyamat, ing kono ora ana awak kang dinakali sathithik-thithika, sanadyan ala utawa bêcik mau mung saboboting wiji sawi siji, mêsthi Ingsun têkakake, (ora kècèr) dene kang waspada marang talitining panimbang, iku cukup Ingsun pribadi.

49. Ingsun wis maringi kitab Torèt marang Nabi Musa lan Nabi Harun, kitab Torèt mau milahake laku kang bênêr lan kang luput, minôngka obor ing pêpêtêng, sarta dadi wêwulang tumrap wong kang padha wêdi ing Allah.

50. Kang padha konjêm ing Allah Pangerane ana ing pasêpèn sarta padha wêdi pakewuh ing dina kiyamat.

51. Kuran iki wêwulang kang isi barang bêcik pirang-pirang kang Ingsun turunake, yagene sira padha maido.

52. Biyèn Nabi Ibrahim sadurunge diwasa wis Ingsun paringi kapintêran, Ingsun [Ingsu...]

--- 2 : 721 ---

[...n] nguningani yèn Nabi Ibrahim iku wong patut jinunjung dadi nabi.

53. Dhèk samana Nabi Ibrahim takon marang bapakne lan para sanake: Rêca-rêca punika punapa, têka tansah sami sampeyan sêmbah-sêmbah.

54. Bapakne lan para sanake padha mangsuli: Kang wis tumindak salawas-lawase, para lêluhurku padha nyêmbah rêca-rêca iki.

55. Nabi Ibrahim nêrangake: Yèn makatên, sampeyan sarta para lêluhur sampeyan punika têtêla sami kêsasar.

56. Bapakne lan para sanake banjur padha takon: He Ibrahim, calathumu mangkono iku têmênan apa mung sêmbranan bae.

57. Nabi Ibrahim mangsuli: (Sayêktos) Pangeran sampeyan punika Allah Pangeraning bumi kalihan langit, ingkang damêl bumi kalihan langit punika, wicantên kula makatên punika sayêktos, kula sumêrêp [su...]

--- 2 : 722 ---

[...mêrêp] têrang, sarta wontên tôndha yêktinipun.

58. Dêmi Allah, mangke sapêngkêr sampeyan saking ngriki, rêca-rêca sampeyan punika mêsthi sami kula pêcahi (môngsa sagêda malês dhatêng kula).

59. Sapungkure wong akèh rêca-rêca mau padha ditugêl-tugêl dening Nabi Ibrahim kalawan pecok, rêca mas kang gêdhe dhewe, iku ora dikapak-kapakake, nanging tangane dicêkêli pecok, karêpe Nabi Ibrahim, supaya wong akèh mau padha ambalika, manut agamane Nabi Ibrahim.

60 Wong akèh banjur padha opyak: Sapa kang ganggu gawe marang Pangeranku mangkene iki. Iku wong têtêp wong duraka nganiaya.

61. Ing kono akèh kang mangsuli: Aku krungu ana bocah jênênge Ibrahim, iku bangêt ênggone

--- 2 : 723 ---

ngrasani ala, anacad marang rêca-rêca iki (bokmanawa iku kang ganggu gawe).

62. Wong akèh banjur padha calathu: Yèn mangkono Ibrahim iku cêkêlên, gawanên marang ngarêpe wong akèh iki, bokmanawa wong samene iki ana kang wêruh Ibrahim ênggone ngrusak rêca-rêca iki.

63. Barêng Nabi Ibrahim wis têka, banjur ditakoni ing wong akèh: He Ibrahim, apa kowe kang ganggu gawe marang rêca-rêca pangeran iku mangkene iki.

64. Nabi Ibrahim mangsuli: Kintên kula ingkang ganggu damêl, inggih rêca mas ingkang agêng piyambak punika, katawis nyêpêng pecok, cobi punika sampeyan takèni manawi sagêd wicantên.

65. Wong akèh sawise mikir-mikir banjur padha nutuh marang awake dhewe, pangucape marang kancane: Satêmêne kowe kang padha luput (têka padha nyêmbah rêca).

--- 2 : 724 ---

66. Wong akèh mau banjur padha dijungkêlake panêmune dening Allah, ambalèni kaphire manèh, magsuli sakêna-kênane: Kowe wis wêruh yèn rêca -rêca iku pdha ora bisa calathu (yagene kowe akon nakoni).

67. Nabi Ibrahim tanpa taha ênggone mangsuli: He para sanakku, yagene kowe têka padha nyêmbah liyane Allah, rêca sanadyan kosêmbah iya ora bisa gawe pakolèh apa-apa marang kowe, utawa sanadyan ora kosêmbah iya môngsa bisaa gawe pakewuh marang kowe. Hus, apa kowe padha ora duwe akal, têka padha nyêmbah liyane Allah.

68. Raja Namrud, ratu ing kono banjur dhawuh: Ibrahim iku obongên bae. Yèn kowe gêlêm: padha mrinaa marang Pangeranmu kang padha dirusak.

69. Ing kono Nabi Ibrahim banjur diobong. Ingsun dhawuh marang gêni:He gêni

--- 2 : 725 ---

sira anyêba, anylamêtna marang kawulaningsun Ibrahim. Karêpe wong akèh mau, nêja maeka marang Nabi Ibrahim, nanging luput pangarêp-arêpe.

71. Ingsun paring slamêt marang Nabi Ibrahim lan marang Nabi Lut, banjur padha ngalih marang bumi kang Ingsun bêrkahi, loh jinawi, ngungkuli bumi sajagad kabèh (iya iku bumi ing tanah Sam).

72. Ingsun maringi anak lanang marang Nabi Ibrahim, iya iku Nabi Iskak, kang banjur nganakake Nabi Yakkub, dadi luwih saka panyuwune Nabi Ibrahim, kabèh iku padha Ingsun dadèkake wong bêcik.

73. Lan padha Ingsun dadèkake pangarêpe wong akèh ing bab agama, padha nuduhake dalan bênêr marang manungsa kalawan parentah Ingsun, sarta padha Ingsun dhawuhi nglakoni panggawe bêcik, lan anglakoni sêmbayang, apadene bayar jakat, kabèh mau padha nyêmbah marang Ingsun (ora maro tingal).

--- 2 : 726 ---

74. Nabi Lut Ingsun paringi kawicaksanan lan kawruh, sarta Ingsun paringi slamêt saka pialane wong ing desa Sadum, kang padha nglakoni panggawe ala (cumbana padha wong lanang). Wong ing Sadum mau padha wong ala sarta duraka.

75. Nabi Lut mau Ingsun lêbokake dadi ewone wong kang olèh sih Ingsun, (Ingsun paringi salamêt saka pialane para umate) awit Nabi Lut mau kalêbu wong bêcik.

76. He Mukhammad, sira nyaritakna lêlakone Nabi Nuh, sadurunge Nabi Ibrahim, nalikane nyuwun tumpêsing para umate. Ingsun wis maringake panyuwune Nabi Nuh mau. Nabi Nuh sakancane padha Ingsun paringi salamêt saka bêbaya gêdhe banjir tophan.

77. Ingsun wis nulungi Nabi Nuh, kalis saka pialane para umate kang padha maido ayat Ingsun, iku kabèh padha wong ala, mulane Ingsun sirnakake, tumpês kabèh [ka...]

--- 2 : 727 ---

[...bèh] dening kêlêm ing banjir tophan.

78. (He Mukhammad) sira nyaritakna lêlakone Nabi Dawud lan Nabi Suleman, nalikane padha mancas prakara. Ana wêdhus ucul ing wayah wêngi, banjur mangan tanduran anggur kang nêdhênge awoh, nganti rusak, kang duwe tanduran anggur ora trima, (pancasane Nabi Dawud, wêdhus dadia duwèke wong kang duwe tanduran anggur. Dene pancasane Nabi Suleman: Wong kang duwe wêdhus anandurna anggur marang wong kang duwe tanduran anggur dirusak dening wêdhuse, lan ngopènana nganti pulih kaya nalika dirusak dening wêdhuse. Dene pamêtuning wêdhus, puwan sapanunggalane dadia darbèke wong kang duwe tanduran anggur mau, nanging ing têmbe yèn tanduran anggur mau wis pulih kaya mau-maune, wêdhus dalah pamêtune bali marang kang duwe wêdhus. Nabi Dawud manut kaya pancasane Nabi Suleman kaya mangkono mau). Ingsun nguningani pancasane Nabi Dawud lan Nabi Suleman mau. [ma...]

--- 2 : 727 ---

[...u.]

79. Nabi Suleman Ingsun paringi kawicaksanan wêruh marang bêbênêring prakara. Dene Nabi Dawud lan Nabi Suleman mau padha Ingsun junjung ing pangkat nabi, lan Ingsun paringi kawruh marang agama. Lan Ingsun anyungkêmake sakèhing gunung lan manuk padha milu mêmuji ing Allah marang Nabi Dawud, Ingsun nindakake kang mangkono mau.

80. (He wong Mêkah) Nabi Dawud mau Ingsun pintêrake gawe sandhanganing pêrang iya iku kulambi kêre, (dadi Nabi Dawud mau kawitane wong gawe kulambi kêre), nganti saprene makolèhi marang sira, kanggo anjaga awakira saka bêbayaning pêpêrangan, awit kang mangkono mau, apa sira padha sukur ing Allah.

81. Lan manèh Ingsun nyungkêmake angin prahara marang Nabi Suleman, lumaku ngidid marang bumi ing Sam kang Ingsun bêrkahi saka parentahe Nabi Suleman. Ingsun nguningani samubarang.

82. Lan manèh Ingsun nyungkêmake para setan [se...]

--- 2 : 729 ---

[...tan] marang Nabi Suleman. Sawênèhing setan mau ana kang diparentahi salulup ing sagara, anjupuki sêsotya pirang-pirang, lan ana kang diparentahi nglakoni panggawean liya-liyane, Ingsun angrêksa marang para setan, dadi padha ora bisa ambubrah garapane kang wis dilakoni.

83. (He Mukhammad) sira nyaritakna lêlakone Nabi Ayub, nalikane nandhang cobaning Allah, êntèk bandhane lan rusak awake dening lêlara, Nabi Ayub mau munjuk ing Pangerane: Dhuh Allah, kawula punika nandhang sêsakit, Tuwan punika langkung dening asih, ngungkuli tiyang ingkang sami asih.

84. Ingsun marêngake panyuwune Nabi Ayub mau, mulane sarupaning lêlarane Ingsun paringi waras, anak-anake kang wis mati padha Ingsun uripake, lan Ingsun paringi samono manèh, iku tumônja sih saka karsaningsun, dadia pangeling-eling lan wêwulang tumrap [tu...]

--- 2 : 730 ---

[...mrap] wong kang padha ngabêkti ing Allah.

85. (He Mukhammad) sira nyaritakna lêlakone Nabi Ismangil, Nabi Idris lan Nabi Dzulkiphil (anake Nabi Ayub) kabèh mau kalêbu golongane wong kang têguh atine ênggone ngabêkti ing Allah.

86. Lan padha Ingsun lêbokake dadi golongane wong kang olèh sih Ingsun darajat nabi, awit kabèh mau padha wong bêcik, mantêsi dadi nabi.

87. (He Mukhammad) sira nyaritakna lêlakone Nabi Yunus, kang jêjuluk Nabi Danun (têgêse: duwe iwak nun, mulane jêjuluk mangkono, awit Nabi Yunus mau diuntal ing iwak nun, nalikane Nabi Yunus mutung, los anglungani para umate, awit tansah dipaido, panyanane Nabi Yunus, Ingsun ora bakal matrapi marang awake. (Lungane Nabi Yunus, nunggang prau ing sagara. Ana ing sagara, Nabi Yunus diuntal ing iwak nun), Nabi Yunus munjuk [mu...]

--- 2 : 731 ---

[...njuk] ing Allah ana sajroning wêtêng, dhuh Allah Pangeran kawula, saèstu botên wontên sêsêmbahan kalayan lêrês kajawi namung Tuwan, Tuwan punika Mahasuci, kawula punika nganiaya awak kawula piyambak, dene kamipurun mutung, los ngesahi para umat kawula.

88. Panyuwune Nabi Yunus mau Ingsun paringake (Nabi Yunus banjur diwêtokake dening iwak saka ing wêtênge, ana ing gisiking nagara, barêng lan sêsukêr), ing kono Nabi Yunus Ingsun luwarake saka ing bêbaya gêdhe. Mangkono uga para wong mukmin, mênawa sêsambat marang Ingsun, iya Ingsun luwari saka kasusahane.

89. (He Mukhammad) sira nyaritakna lêlakone Nabi Jakariya, nalikane munjuk ing Pangerane: Dhuh Allah Pangeran kawula, kawula mugi sampun Tuwan kèndêlakên kemawon, ijèn tanpa anak, tur sanadyan makatên, upami kawula dumugi ing jangji, tanpa anak, Tuwan mêsthi langgêng, dados ali

--- 2 : 732 ---

waris kawula, punika malah prayogi sangêt.

90. Ingsun marêngake panyuwune Nabi Jakariya mau, Nabi Jakariya Ingsun paringi anak lanang, aran Nabi Yahya, rabine Jakariya kang maune gabug, Ingsun uripake pranakane. Satêmêne, para nabi kang uwis kasêbut mau kabèh padha gêgancangan ênggone nglakoni panggawe bêcik, padha ngèstokake parentah Ingsun kalawan wêdi lan asih, sarta padha konjêm marang Ingsun.

91. (He Mukhammad) sira nyaritakna Dèwi Maryam kang tuhu ngati-ati ênggone rumêksa pêpadonane, ora pisan sarêsmi lan wong lanang, sanadyan kalawan dalan kalal, luwih manèh kharam sangsaya ora, mulane banjur Ingsun paringi roh Ingsun (dadi mêtêng, mêtu Nabi Ngisa), Dèwi Maryam lan anake mau Ingsun ênggo pangeram-eram, minôngka tôndha yêkti katon ing wong sajagad, supaya padha sumurupa [sumu...]

--- 2 : 733 ---

[...rupa] sampurnaning kawasaningsun.

92. (He manusa), agama Islam iki agamanira, uwite agama iku mung siji (wiwit Nabi Adam têka Nabi Mukhammad, ora owah), Ingsun iki Pangeranira, mulane sira padha nêmbaha marang Ingsun.

93. Manungsa mau padha buyar, agamane beda-beda, ewadene ing têmbe ora wurung padha bali disebakake marang ngarsaningsun, lan bakal Ingsun paringi wêwalês miturut lakune dhewe-dhewe.

94. Ing kono sing sapa pracaya ing Allah, sarta nglakoni panggawe bêcik, iku kabêcikane ora bakal diselaki, awit sarupane laku Ingsun tulisi kabèh, ora ana kang kècèr.

95. Wong padesan kang wis padha Ingsun tumpês marga saka dosane, mokhal yèn balia marang donya manèh.

96. Malah nganti Yakjuja wa Makjuja diwêngani lawang, diumbar ana ing jagad, padha

--- 2 : 734 ---

lumayu mudhun saka ing punthuk-punthuk, wong mau mêksa ora bali marang donya.

97. Ing dina iku wis cêdhak dina kiyamat, barêng wis têkan dina kiyamat, matane para wong kaphir padha malêlêng, mèh ora bisa kêdhèp saking dening wêdine, pangucape: Adhuh cilaka têmên aku, têka biyèn ora praduli marang dina kiyamat iki, tak arani ora mangkene, aku iki têtêp nganiaya awakku dhewe, marga ênggonku nyêmbah marang barang kang bênêre ora disêmbah.

98. (He wong kaphir ing Mêkah) sira lan sêsêmbahanira liyane Allah, iku dadi urub-urube naraka Jahanam. Sira kêcêmplung ing kene.

99. Upama brahala iku Pangeran têmênan, môngsa kêcêmplunga ing naraka dalah kang nyembah. Wong kaphir dalah brahalane padha langgêng ing naraka.

100. Para wong kaphir ana ing naraka padha sêsambat ngaruara lan mênggah-mênggèh sarta

--- 2 : 735 ---

ora krungu apa-apa kajaba gumrubuging gêni.

101. Dene sarupane wong mukmin kang nalikane ana ing dunya nglakoni panggawe bêcik, ngèstokake parentahing Allah (kaya ta Nabi Ngujèr lan Nabi Ngisa) iku padha didohake saka ing naraka.

102. Saking dening adohe, nganti padha ora krungu gumrubuging gêni naraka. Wong mukmin mau padha ngrasakake samubarang kang dikêpengini kalawan langgêng.

103. Wong mukmin mau padha ora kasusahan dening prakara gêdhe kang mêmêdèni sarta nalika padha mêtu saka ing kubur, diacarani dening para malaikat, têmbunge: Sapunika mangsanipun kalêksanan ubayaning Allah badhe angganjar dhatêng sampeyan.

104. Ing dina iku Ingsun anggulung langit, kaya têtulisan ing kartas digulung, sarupaning wong padha Ingsun balèkake kaya nalika ana ing guwa garbaning biyung, padha wuda tanpa

--- 2 : 736 ---

awêr-awêr lan kuncup. Kang mangkono iku wis dadi ubayaningsun, ing dina iku Ingsun lêksanani.

105. Ingsun wis nulisi ana ing kitabe para rasul, sawise Ingsun tulisi ana ing Lohmahphul, yèn bumi ing suwarga bakal didum dening para kawulaningsun kang padha bêcik.

106. Surasa kang kasêbut ing Kuran iki tumrap wong kang ngabêkti ing Allah, wis cukup kanggo lantaran marang kalakoning sêdyane.

107. (He Mukhammad) ênggon Ingsun ngutus sira iki ora liya mung saka asih Ingsun marang wong sajagad.

108. Sira dhawuha marang para umatira: He para umatku, pangandikaning Allah kang wis didhawuhake marang aku: Pangeranmu kang sinêmbah kalawan bênêr iku mung siji Allah, apa kowe padha nyandikani dhawuh mau, mara ta, sandikanana.

109. Dene mênawa wong Mêkah mopo nglakoni agama Islam, sira banjur dhawuha: [dha...]

--- 2 : 737 ---

[...wuha:] Enggonku dhawuh lan nyurup-nyurupake marang kowe iki kalawan rampak bae. Dene dina kiyamat kang wis didhawuhake marang kowe bakal kêlakon, besuk apa kalêksanane, apa wis cêdhak utawa apa isih adoh, iku aku ora wêruh. Kang wuninga mung Allah pribadi.

110. Allah iku nguningani pangucap kang kawêtu lan kang mung kobatin bae.

111. Aku ora wêruh apa-apa, mung pangêrtiku, bokmênawa Allah ênggone nyarantèkake siksa têkan dina kiyamat, sarta ora karsa mêdharake besuk apa kalêksanane dina kiyamat mau, iku kanggo nyoba marang kowe kabèh, karodene iku dadi kabungahanmu nganti têkan tibaning wêwangên.

112. Nabi Mukhammad munjuk ing Allah, dhuh Allah Pangeran kawula, Tuwan mugi ngadilana pasulayan kawula kalihan tiyang ingkang sami [sa...]

--- 2 : 738 ---

[...mi] maibên dhatêng kawula kaadilana kalayan salêrêsipun. Allah Pangeranku tuhu Mahamurah, kang bênêre disuwuni pitulung, ambengkas ênggonmu padha ngarani kang ora patut marang Allah.

Surat Khajji

Tinurunake ana nagara Mêkah, pitung puluh wolu ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. He wong Mêkah lan liya-liyane, sira padha wêdia ing Allah Pangeranira, awit lindhu gêdhe ngarêpake dina kiyamat iku prakara gêdhe kang anggêgirisi.

2. Nalikane sira andêlêng lindhu mau, ing dina iku sarupane wong wadon kang nusoni padha lali marang susone, lan sarupane wong wadon mêtêng padha gogrog wêtêngane, lan sira andêlêng polahing manungsa padha kaya wong mêndêm saking dening bingunge, nanging [na...]

--- 2 : 739 ---

[...nging] satêmêne ora mêndêm. Siksaning Allah iku dhasar abot têmênan.

3. Sawênèhing manungsa ana kang madoni Nabi Mukhammad, prakara agama, padune sakarêp-karêpe dhewe, tanpa wêwaton kawruh, manut setan kang kêlantur-lantur sasare.

4. Setan iku wis pinêsthi dadi godha, sing sapa manut setan, setan mêsthi nasarake marang kang manut, dituduhake dalan kang anjog marang naraka.

5. He para manungsa, manawa sira mamang bakal tangine wong kang wis mati, iku sira pikira, Ingsun wis gawe lêluhurira Nabi Adam, saka ing lêmah, saiki Ingsun gawe awakira saka ing mani, mani mau banjur Ingsun dadèkake gêtih kênthêl, gêtih kênthêl banjur Ingsun dadèkake lesan, gênêp dhapur bayi lan ora gênêp. Iku supaya sira têranga marang sampurnaning kawasaningsun. Lesan mau kang Ingsun karsakake lêstari dadi manungsa, Ingsun lèrènake [lè...]

--- 2 : 740 ---

[...rènake] ana ing guwa garba nganti têkan mangsane lair, sira banjur Ingsun wêtokake dadi bêbayi, nuli sira Ingsun paringi urip nganti têkan wayah mêmpêng. Sawênèhing manungsa ana kang mati sadurunge diwasa, lan ana kang dawa umure nganti pikun. Iku karsaningsun, supaya si pikun mau lalia barang kang maune wis diwêruhi. Lan manèh sira andêlêng bumi iku ngênthak-ênthak tanpa thêthukulan, barêng wis Ingsun turuni banyu udan, banjur ngarêjêt thukul-thukulane sarta mundhak dhuwure. Bumi mau thukul-thukulane warna-warna kang ambungahake manungsa.

6. Kabèh kang wis kasêbut, bab ênggon Ingsun gawe manungsa lan nguripake bumi kang mati mau, iku tôndha yêkti, supaya sira padha wêruha yèn Pangeran Allah iku ana têmênan, sarta kuwasa nguripake wong kang wis padha mati, nguwasani samubarang.

7. Lan supaya sira wêruha yèn dina kiyamat iku mêsthi kalêksanan, ora sumêlang [su...]

--- 2 : 741 ---

[...mêlang] bakal kêlakone. Mangkono uga Allah ênggone bakal nangèkake wong kang wis mati saka ing kubur, iya mêsthi kalêksanan.

8. Sawênèhing manungsa ana wong kang madoni marang sira Mukhammad ing bab siphat lan kaananing Allah, padune nganggo sakarêp-karêpe dhewe, tanpa wêwaton kawruh utawa pituduhing Allah, tanpa wêwaton kawruh utawa pituduhing Allah,'tanpa wêwaton kawruh utawa pituduhing Allah' tidak perlu dibaca. tanpa wêwaton kitabing Allah kang madhangake ati.

9. Padha ewa, mènglèng gulune, pamrihe supaya wong liyane padha kêsasar saka dêdalan agamaning Allah, wong mangkono mau ana ing dunya mêsthi nandhang siksa, dene besuk ana ing akhirat, bakal Ingsun kon ngrasakake siksa naraka kang anggosongake.

10. (He wong kaphir) mulane sira Ingsun siksa ana ing dunya lan ing akhirat, marga saka kaluputan kang wis sira lakoni [lako...]

--- 2 : 742 ---

[...ni] kalawan tanganira dhewe, satêmêne Allah ora pisan nganiaya marang kawulane.

11. Sawênèhing manungsa ana wong kang nêmbah ing Allah kalawan minggrang-minggring, atine mamang, dadi manawa nêmu bêcik, atine iya têntrêm, nanging mênawa kasandhung ing rêribêd, banjur ambalik dadi kaphir, wong mangkono mau kapitunan ing dunya lan ing akhirat, iya iku kang aran tuna bêt kowar- kawir.

12. Wong mau nyêmbah liyane Allah, iya iku brahala, kang mênawa ora disêmbah ora bisa gawe pakewuh apa-apa, apadene mênawa disêmbah iya ora bisa makolèhi apa-apa. Iya iku kang aran kêsasar adoh bangêt.

13. Nyêmbah brahala kang akèh lèrège dadi pakewuh tinimbang dadi pakolèh. Barang kang dianggêp Pangeran lan kônca, dikira bakal têtulung ing karibêdan, iku kang ala dhewe iya brahala.

--- 2 : 743 ---

14. Satêmêne Allah ing têmbe bakal anglêbokake sarupane wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, padha dilêbokake ing suwarga, kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, Allah iku nindakake sakarsane pribadi.

15. Sing sapa muring-muring ngarani yèn Allah ora bakal nulungi Nabi Mukhammad ana ing dunya lan ing akhirat, iku nalèkna dhadhung anèng moloning omahe, (pucuking dhadhung mau dijirêtna ing gulune) banjur anggantunga nganti mati. Mara padha ngrasakna, pamuring-muringe mangkono iku apa bakal murungake pitulunging Allah marang Nabi Mukhammad, (ora).

16. Mangkono uga Ingsun nurunake Kuran iki dadi tôndha yêkti. Satêmêne Allah iku paring pituduh dalan bênêr marang wong kang dadi parênging karsane.

17. Ing besuk dina kiyamat, Allah

--- 2 : 744 ---

milah-milahake para wong mukmin, wong Yahudi, wong Sabi'in, wong Nasara, wong Majusi lan wong kang padha maro tingal (ora tunggal panggonane lan seje-seje bubuhane) satêmêne Allah iku mirsani samubarang (ora kasamaran marang bubuhane wong siji-sijine). 18. Sira apa ora ngêrti yèn isèn-isèning bumi lan langit, apadene sêrngenge lan rêmbulan sarta lintang-lintang lan gunung-gunung lan kêkayon lan khewan, lan manungsa akèh padha sujud ing Allah, lan akèh uga manungsa kang kabênêr nandhang siksa, (marga ênggone kaphir ora gêlêm sujud ing Allah, ewadene wêwayangane iya mêksa sujud ing Allah).

19. Sing sapa diasorake dening Allah digadhuhi ati wangkot, iku ora bakal mulya olèh kabêgjan. Satêmêne Allah iku nindakake apa parênging karsane.

--- 2 : 745 ---

20. Iki ana wong rong golongan kang padha bêbantahan, (kang siji golongan Islam, sijine golongan kaphir) padha ngaku bênêr agamane dhewe-dhewe. (Dene pancasaning Allah): Wong kaphir padha diênggoni sandhangan gêni. Sarta êndhase padha digrujug ing wedang panas saka ing dhuwur.

21. Wedang mau ngajurake jêroane para wong kaphir, lan matêngake kulite, sarta padha disadhiyani gada wêsi.

22. Wong kaphir mau sabên arêp mêtu saka ing naraka, nêja ngoncati kasusahan, banjur digada dening malaikat, lan dibalèkake marang têlênging naraka, têmbunge: He kêparat, padha ngrasakna siksa naraka, kang anggosongake.

22. Satêmêne Allah anglêbokake sarupane wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, padha dilêbokake ing suwarga, kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, ana ing kono

--- 2 : 746 ---

padha dirêngga-garêngga,dirêngga-rêngga. diênggoni gêlang mas lan mutyara, dene panganggone wong ing suwarga kang bôngsa jarit, iku sutra.

24. Lan manèh ana ing dunya padha dituduhake pangucap kang bêcik, (iya iku: la ilaha illallah Mukhammaddurrasulullah) lan uga padha dituduhake dêdalan agamaning Allah kang pinuji.

25. Sarupane wong kaphir lan kang padha makewuhi tumindaking agama Islam dêdalaning Allah, apadene makewuhi wong kang arêp malêbu ing Masjidil Karam, kang wis Ingsun sadhiyakake kanggo ngabêkti ing Allah tumrap sadhengah wong, sanadyan wong bumi utawa wong nênêka, padha bae.

26. Sing sapa nêja nandukake sawiyah-wiyah ana ing Masjidil Kharam, kalawan panganiaya, iku bakal Ingsun kon ngrasakake siksa naraka kang nglarani.

27. (He Mukhammad) sira nyaritakna

--- 2 : 747 ---

nalika Ingsun dhawuh marang Nabi Ibrahim, namtokake sawijining panggonan kang kudu didêgi Kakbah, pangandikaningsun: He Brahim, sira aja maro tingal, sungkêmira marang Ingsun aja pisan kaworan marang liyane. Lan sira nucèkna Kakbah padalêman Ingsun, kanggo wong kang padha tawaph, (ngubêngi Kakbah) lan para wong bumi lan wong kang padha sêmbayang, rukuk lan sujud.

28. (He Ibrahim) sira ngundhangana para manungsa, supaya padha nglakoni khaji marang Kakbah padalêman Ingsun, wong kang tômpa undhang mêsthi ngèstokake, padha têka ing panggonanira kalawan malaku dharat, dene kang adoh panggonane padha nunggang unta. (Nabi Ibrahim banjur munggah ing gunung Jabal Kubès, nguwuh-uwuh ngundhangake).

29. Enggone padha têka mau pêrlu nyatakake lan ngopèni barang kang makolèhi ing awake ana ing dunya lan ing akhirat, (nglakoni khaji sinambi dagang),

--- 2 : 748 ---

apadene arêp nêbut asmaning Allah nalikane ambêlèh rajakaya paringing Allah ana ing dina kang tinamtokake ênggone nglakoni khaji, (he manungsa) mara padha mangana khewan kang sira bêlèh mau, lan uga mènèhana wong kang apês lan kamlaratan.

30. Banjur padha ngulapana rêrêgêdira (cukur utawa ngêthoki kuku) lan padha ngluwarana nadarira, lan padha tawapha, ngubêngi Kakbah padalêmane Allah kang lawas.

31. Wis mangkono kaparênging karsaningsun. Dene sing sapa ngajèni têgêse ngèstokake anggêr-anggêring Allah, iku tumrap ing awake dhewe luwih dening bêcik mungguhing Allah Pangerane. Sira padha diparêngake mangan iwaking rajakaya kang mawa dibêlèh, kajaba kang wis diwalêri ora parêng sira pangan, lan sira padha nyingkirana nyêmbah babarang barang. [ba...]

--- 2 : 749 ---

[...barang] kang rêgêd, iya iku brahala, apadene nyingkirana ngaku wêruh kang satêmêne ora wêruh, (ngarani brahala iki Pangeran).

32. Ditêmên maligi sumungkêm ing Allah, ora maro tingal, sing sapa ênggone mangeran ing Allah maro tingal, iku prasasat tiba saka ing langit, banjur disambêr ing manuk, utawa kabur ing angin, wusana tiba ing panggonan kang adoh bangêt, (ora kêna diarêp-arêp salamête).

33. Satêmêne dhasar mangkono, dene sing sapa ngajèni gumêlare agamaning Allah, (nglêlêmu lan ambêciki khewan kang kanggo pisungsung marang Mêkah ing môngsa khaji) iku ewone ati wêdi ing Allah.

34. Khewan mau makolèhi marang sira pirang-pirang prakara, nganti tumêka wêwangên mangsane dibêlèh, sawise têkan ing wêwangên, pambêlèhe wajib dilêksanani ana ing Mêkah, panggonaning

--- 2 : 750 ---

Kakbah padalêmaning Allah kang lawas.

35. Sarupaning umat ing jaman kuna kang padha pracaya ing Allah, padha Ingsun parêngake saos kurban, lan Ingsun dhawuh nêbut asmaning Allah nalikane ambêlèh rajakaya pêparinging Allah. Pangeranira iku mung siji Allah, apadene ambêbungaha wong kang padha sumungkêm ngèstokake parentahing Allah, bakal olèh ganjaran suwarga.

36. Iya iku wong kang atine konjêm nalika nêbut asmaning Allah, mangkono uga wong kang padha têtêg atine ênggone nandhang pakewuh, lan wong kang padha têtêp ênggone nglakoni sêmbayang, lan wong kang padha dhangan mèwèhake rijêki pêparing Ingsun.

37. Dene unta lan kêbo sapi iku Ingsun parêngake kanggo kurban, dadi tôndha adêging agama Islam, agamaning Allah, iku tumrap ing sira ana [a...]

--- 2 : 751 ---

[...na] ing dunya makolèhi, ana ing akhirat olèh ganjaran, mulane nalika sira ambêlèh, khewan mau dijèngkèngake, sira nêbuta asmaning-asmaningasmaning. Allah. Sawise sira bêlèh, sira kêna mangan iwake, lan uga sira wèhna wong miskin kang ora gêlêm anjaluk lan kang anjêjaluk. Khewan kang samono gagah prakosane mau Ingsun sungkêmake manut sakarêpira, supaya sira sukura ing Allah.

38. Daginging kewan kang ginawe kurban lan gêtihe, iku ora konjuk ing Allah, balik kang konjuk ing Allah iku panggawe bêcik kalawan gumolonging ati kanthi wêdi ing Allah saka ing sira. Mangkono uga Allah nyungkêmake unta lan kêbo sapi kang gagah prakosane samono marang sira, supaya sira nêbuta Maha-agung marang Allah, awit Allah wis nuduhake sira marang agama bênêr. Lan sira ambêbungaha wong kang padha [pa...]

--- 2 : 752 ---

[...dha] nglakoni panggawe bêcik, pracaya yèn Allah iku mung siji, bakal olèh ganjaran suwarga.

39. Satêmêne Allah iku nulak pialane para wong kaphir marang para wong mukmin. Allah ora rêmên wong kang padha cidra nglirwakake parentahe utawa nyelaki pêparinging Allah kabungahan.

40. Wong Islam kang padha sumêdya mangsah pêrang diparêngake dening Allah, marga padha dikaniaya dening wong kaphir, satêmêne Allah iku kuwasa nulungi para wong Islam.

41. Iya iku para wong Islam kang padha diusir dening para wong kaphir saka ing bale omahe kalawan ora bênêr, mung marga ênggone padha ngucap: Pangeranku iku Allah. Pialane wong kaphir mau, upama ora dipapas dening Allah, sarana santosane wong mukmin ênggone ngayoni wong kaphir, amêsthi nglêbur-nglêburake, [ngl...]

--- 2 : 753 ---

[...êbur-nglêburake,] pamujaning para pandhita lan greja-grejane wong Nasara lan pasêmbayangane wong Yahudi apadene masjid-masjide wong Islam, kang tansah diênggo nêbut asmaning Allah ana ing kono, mêsthi dijugrugi kabèh, nanging Allah mêsthi nulungi wong kang labuh marang sarirane. Satêmêne Allah iku Santosa tur Mulya.

42. Wong kang labuh ing Allah iku sarupane wong kang manawa Ingsun tulungi, sêmpulur lêlakone ana ing bumi, banjur padha nglakoni sêmbayang lan bayar jakat, lan ajak-ajak anglakoni panggawe bêcik, apadene mênging nglakoni panggawe ala. Sarupaning prakara iku pancasane ana ngastaning Allah.

43. (He Mukhammad) dene wong ing Mêkah yèn padha maido ing sira, sira aja kagèt, awit para umat kuna sadurunge wong Mêkah iku, iku uga padha

--- 2 : 754 ---

maido marang rasule, kaya ta para umate Nabi Nuh, wong Ngad, wong Samud, para umate Nabi Ibrahim, para umate Nabi Lut, wong ing Madyan, Nabi Musa uga dipaido ing para umate. Dene ênggon Ingsun niksa marang wong kang padha maido rasule mau, nganggo Ingsun sarantèkake. Barêng wis tita wangkot, banjur padha Ingsun siksa. Mara ta sira rasak- rasakna, iba bangête dukaningsun marang wong kang padha maido para rasul.

44. Wis pira bae kèhe wong padesan kang Ingsun tumpês marga saka dosane, padha sirna kêbrukan omahe, lan pira bae kèhe sumur kang ora diambah ing wong, marga wonge padha mati Ingsun tumpês, lan pira bae kèhe gêdhong dhuwur-dhuwur kang suwung, marga wonge padha mati Ingsun tumpês.

45. Yagene wong kaphir ing Mêkah têka ora anjajah ing bumi, upama [u...]

--- 2 : 755 ---

[...pama] anjajaha, mêsthi andêlêng patilasane wong kuna pirang-pirang, banjur kadunungan ati kang bisa mikir-mikir, utawa kuping kang bisa ngrungokake carita lêlakone wong kaphir kang wangkot mau ora picak matane, balik atine kang ana sajroning dhadha, iku kang picak.

46. Wong kaphir ing Mêkah padha nantang ing sira Mukhammad, anjaluk siksa kêncengan, Allah ora bakal nyidrani janjine, (wong kaphir ing Mêkah ora wurung bakal padha disiksa ana ing papêrangan ing Badar) dene dina siji ing akhirat ana ngarsaning Pangeranira, iku dawane kaya sèwu taun ing dunya.

47. Lan manèh pira bae kèhe wong padesan kang padha duraka, sarta patrapane siksa Ingsun sarantèkake sawatara lawase, barêng wis tita wangkot, banjur Ingsun turuni siksa, wusana besuk ana ing akhirat, padha bali marang

--- 2 : 756 ---

ngarsaningsun.

48. (He Mukhammad) sira dhawuha: He wong kang padha anggege siksa, satêmêne aku iki mêmêdèni siksa marang wong kaphir, nanging iya ambêbungah wong mukmin, bakal olèh ganjaran suwarga.

49. Dene para wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, iku olèh pangapura sakèhe kaluputane, lan olèh rijêki kang mulya, iya iku suwarga.

50. Sarupane wong kang padha ngarah jugare Kuran ayat Ingsun, ngapês-apêsake marang Ingsun, wong kang mangkono iku bakal padha kacêmplung ing naraka Jakhim.

51. (He Mukhammad) biyèn sadurunge sira, manawa Ingsun ngutus rasul utawa dhêdhawuh marang para nabi, (ora beda karo kaananira saiki, manawa rasul mau maca dhawuhing Allah kanthi

--- 2 : 757 ---

pangarêp-arêp dièstokake) ing kono setan banjur nukma ing wacane, (ngenggokake surasaning dhawuh kang diwaca, ngèmpêri kaya kang dadi dhanganing atine kang didhawuhi), nanging Allah banjur anjugarake panukmaning setan awèh surasa kang luput mau, Allah banjur nêtêpake surasaning ayat kalawan sabênêre, Allah iku nguningani tur wicaksana.

52. Kang mangkono mau karsaning Allah, surasa kang wis diowahi ing setan mau dadia coba, anjalomprongake marang wong kang atine ana lêlarane (mamang dhawuhing Allah lan maro tingal), apadene wong kang padha wangkot atine, satêmêne panêmune para wong kaphir iku sulaya bangêt karo kang bênêr.

53. Lan manèh karsaning Allah, wong kang padha kadunungan kawruh agamaning Allah,

--- 2 : 758 ---

padha sumurupa yèn Kuran iku nyata têrang dhawuh saka Allah Pangeranira, dadi banjur padha mantêp atine ênggone padha pracaya. Satêmêne Allah iku nuduhake dalan bênêr marang wong kang padha pracaya ing sarirane.

54. Wong kaphir iku tansah padha mamang marang Kuran marang agama Islam, nganti têkan mangsane mati kang ngagètake, utawa nganti tinêmpuh ing siksa ana ing dina kang sangar (iya iku dinane pêrang ing Badar).

55. Ing dina kiyamat, kang jumênêng ratu mung Allah pribadi, kawasa mancasi prakarane para wong mukmin lan wong kaphir, dene para wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, iku padha diganjar, diênggonake ana ing suwarga Nangim.

56. Dene para wong kaphir kang padha maido ayat Ingsun, iku padha dibubuhi siksa kang abot.

57. Sarupane wong kang ninggal bale omahe [o...]

--- 2 : 759 ---

[...mahe] nglurug pêrang sabilullah (ngabêkti ngèstokake parentahing Allah), kang môngka wong mau banjur mati ana ing papêrangan, jalaran ênggone pêrang utawa liyane, iku mêsthi Ingsun paringi rijêki langgêng ana ing suwarga. Satêmêne Allah iku bêcik-bêcike kang paring rijêki.

58. Wong mau Ingsun lêbokake ing panggonan kang ambungahake, iya iku suwarga. Satêmêne Allah iku nguningani tur wêlas.

59. Wis mêsthi mangkono karsaningsun. Dene wong mukmin kang malês pialane wong kaphir kalawan sapadhane piala kang ditandukake, banjur dikaniaya, diusir saka bale omahe, Allah mêsthi nulungi wong mukmin mau. Satêmêne Allah iku muwung kaluputan, tur ngapura dosa.

60. Allah ênggone paring pitulung marang wong mukmin mau, (marga Allah kawasa nindakake sabarang karsane, dene tôndha

--- 2 : 760 ---

yêktine yèn Allah iku kawasa), Allah nglêbokake wêngi ana ing awan, sarta nglêbokake awan ana ing wêngi. Satêmêne Allah iku miyarsa tur mirsani samubarang.

61. Lan manèh ênggone paring pitulung mau, marga Allah iku nyata langgêng, dene brahala kang disêmbah dening wong kaphir, dudu Allah, iku bakal rusak, satêmêne Allah iku Mahaluhur tur Maha-agung.

62. Sira apa ora andêlêng yèn Allah iku nurunake banyu udan saka ing langit, mulane bumi banjur ijo dening thêthukulan. Satêmêne Allah iku alus tur waspada.

63. Samubarang isèn-isèning bumi lan langit, iku kagunganing Allah. Satêmêne Allah iku ora butuh marang apa-apa tur pantês ingalêmbana.

64. Sira apa ora wêruh yèn Allah iku

--- 2 : 761 ---

nyungkêmake samubarang isèn-isèning bumi marang sira, lan uga nyungkêmake prau marang sira, prau mau lumaku wira-wiri ana ing sagara kalawan prentahing Allah, mangkono uga Allah ngukuhi langit, supaya aja ngrubuhi bumi, kajaba kalawan kaparênging Allah. Satêmêne Allah iku wêlas asih marang manungsa.

65. Allah iku kang nguripi lan nitahake sira, sawise têkan ing wêwangên, banjur matèni marang sira, ing besuk dina kiyamat, banjur nguripake manèh marang sira. Satêmêne wong kang maro tingal iku padha nyelaki pêparinging Allah kabungahan kang mangkono mau.

66. Sarupaning umat padha Ingsun pranata kalawan sarengat, kabèh padha Ingsun karsakake nglakoni sarengate dhewe-dhewe, mulane para umat kuna kang saiki isih, iku aja padha madoni prakara agamanira Mukhammad. Lan sira ajak-ajaka

--- 2 : 762 ---

nglakoni sarengat agamanira, ngèstokake parentahe Pangeranira. Satêmêne sira iku wis nêtêpi pituduh agama kang bênêr.

67. Dene yèn wong mau mêksa madoni marang sira prakara agama, sira banjur dhawuha: Allah mêsthi nguningani samubarang kang padha kolakoni.

68. (He wong mukmin lan wong kaphir) besuk dina kiyamat, Allah bakal mancasi prakara ênggonmu padha pasulayan, prakara agama.

69. Sira apa ora wêruh yèn Allah iku nguningani barang kang ana ing bumi lan ana ing langit. Wruhanira, mangkono iku mungguhing Allah rèmèh bae. Kabèh iku wis ditulisi ana ing Lohmahphul, wutuh gênêp, ora ana kang kècèr.

70. Wong maro tingal padha nyêmbah liyane Allah, iya iku brahala, kang Allah [A...]

--- 2 : 763 ---

[...llah] ora andhawuhake tôndha yêktine yèn iku Pangeran, wong maro tingal uga ora wêruh tôndha yêktine. Ing besuk ora ana kang bisa têtulung nulak siksaning Allah marang wong maro tingal iku.

71. Wong kaphir mau mênawa diwacakake Kuran ayat Ingsun, kalawan cêtha, sira banjur wêruh yèn batine nampik, katara ana ing polatane, kaya anjotos-jotosa marang kang macakake Kuran. (He Mukhammad) sira dhawuha: Mênawa kowe padha nampik Kuran, koarani ala, saiki kowe tak tuduhake kang luwih ala ngungkuli Kuran, iya iku naraka kang diancamake dening Allah marang sarupane wong kaphir (yèn kowe nampik Kuran, mêsthi olèh naraka) iba alane kawusanan kang mangkono iku.

--- 2 : 764 ---

72. He para wong kaphir, sira wis digêlari upama, iku padha sira rasak-rasakna, barang liyane Allah kang sira sêmbah (brahala) iku ora bisa gawe lalêr sawiji bae (tur lalêr iku kewan cilik lan apês), sanadyan sarupaning brahala iku sira kalumpukake, iya ora bisa gawe lalêr siji bae. Dene yèn ana lalêr ngrubung sajènè, brahala ora bisa anggusah. Saiki têtela, lalêr kang ngrêbut sajèn, sarta brahala kang ora bisa anggusah lalêr, loro pisan padha apês.

73. Wong kaphir iku têtela padha ora wêruh agunging Allah kang kalawan sajatine, nganti maro tingal, nyêmbah brahala kang anggusah lalêr bae ora bisa. Satêmêne Allah iku Santosa tur Mulya.

74. Allah iku amiji para malaikat lan manungsa, dikarsakake dadi utusan. Satêmêne Allah iku Miyarsa tur Mirsani samubarang.

--- 2 : 765 ---

75. Nguningani barang kang wis kalakon lan kang durung kalakon, tumrap para utusan mau. Besuk ana ing akhirat, sarupaning prakara bakal padha bali marang ngarsaning Allah.

76. He para wong mukmin kabèh, sira padha sêmbayanga, rukuka lan sujuda, nêmbaha ing Allah Pangeranira, apadene padha nglakonana panggawe bêcik, supaya sira padha bêgja.

77. Lan padha mangsaha pêrang, ngluhurake agamaning Allah, angatogna kêkuwatanira, Allah milih sira dikarsakake ngluhurake agamane Allah, karsaning Allah, agama Islam iku tumrap ing sira ora ginawe ciyut. Sira manuta agamane êmbahira Nabi Ibrahim, Allah ngarani sira iku wong agama Islam.

78. Kasêbut ing kitab kuna-kuna sadurunge Kuran iki, lan uga kasêbut ing Kuran iki, mulane sira diarani wong agama Islam, supaya besuk dina kiyamat, rasul ngakoni yèn wis andhawuhake [andha...]

--- 2 : 766 ---

[...wuhake] dhawuh Ingsun marang sira, lan sira uga padha dadi saksi yèn rasul mau wis andhawuhake dhawuh Ingsun marang sira. Sira padha nglakonana sêmbayang lan padha bayar jakat, apadene padha ngandêla ing Allah, Allah iku Pangeran kang nguwasani samubarangira, sarta kang nulungi sira. Kang mitayani dhewe têtulung ing sira sarta nyukupi kabutuhanira iku mung Allah pribadi.