Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

Jus kaping wolulas

Surat Mukminun (para wong mukmin)

Tinurunake ana nagara Mêkah, satus wolulas ayat

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Para wong mukmin iku padha bêgja têmênan.

2. Kang ênggone nglakoni sêmbayang padha

--- 2 : 767 ---

konjêm.

3. Lan kang padha nyingkiri samubarang kang ora maedahi ing bab agama utawa bab dunya.

4. Lan kang padha bayar jakat.

5. Lan kang padha rumêksa kawirangane (ora diênggo nglakoni kang ora dililani ing sarak)

6. Kajaba sarêsmi lan bojone dhewe, utawa Amat (wong wadon tukon) darbèke dhewe, iku ora duraka.

7. Dene sing sapa golèk liyane bojone dhewe, utawa liyane ayate dhewe, iku aran wong kabangêtên (duraka).

8. Lan wong mukmin kang padha ngati-ati, ora nyidrani kapracayan lan janji marang Allah utawa marang sapadhaning manungsa.

9. Lan kang padha têtêp ajêg ênggone nglakoni sêmbayang.

--- 2 : 768 ---

10. Para wong mukmin kang padha nêtêpi kaya kang wis kasêbut mau kabèh, iku têtêp dadi aliwaris.

11. Kang bakal olèh panduman suwarga Pirdos, ana ing kono padha langgêng.

12. Ingsun wis gawe manungsa (sapisan, iya iku Nabi Adam) saka ing êndhut sarining lêmah.

13. Ingsun banjur andadèkake turune Nabi Adam, saka ing mani, ana pranakane wong wadon kang rinêksa.

14. Mani mau banjur Ingsun dadèkake gêtih kênthêl, gêtih kênthêl banjur Ingsun dadèkake lesan, lesan banjur Ingsun dadèkake balung, balung banjur Ingsun buntêl ing daging. Nuli Ingsun dadèkake bêbayi, urip sarana Ingsun panjingi roh (nyawa). Allah iku wis bênêre kudu disêbut Maha-agung. Allah iku nitahake kalawan sampurna.

--- 2 : 769 ---

15. Sawise sira dadi manungsa, ing têmbe mêsthi padha mati.

16. Sawise padha mati, ing besuk dina kiyamat, mêsthi padha Ingsun tangèkake saka ing pati, urip manèh.

17. Ingsun wis gawe langit pitung sap, ana ing dhuwurira. Ingsun ora lali rumêksa kawulaningsun kang ana ing ngisor (langit Ingsun kukuhi, ora bisa ngubruhingrubuhi. kang ana ngisor).

18. Ingsun nurunake banyu udan saka ing langit, sacukupe kabutuhaning manungsa, banjur mili utawa disêsêp ing bumi, lan Ingsun uga kawasa ambengkas banyu saka ing bumi.

19. Banyu udan mau banjur Ingsun ênggo nukulake wit-witan isèn-isèning pakêbonan pirang-pirang, kaya ta: kurma lan anggur lan liya-liyane, sira padha bisa ngundhuh-undhuh lan mangan wowohan pirang-pirang kang warna-warna, ana ing pakêbonan [pakê...]

--- 2 : 770 ---

[...bonan] mau.

20. Lan Ingsun uga nukulake wit jaitun, kang thukul ana ing gunung Tursina, iku mêtu lêngane, lan kêna ginawe pulas rêrêngganing panganan.

21. Lan sira bisa olèh wêwulang, sarana ngrasak-ngrasakake kaananing rajakaya, kaya ta Ingsun paring ombèn-ombèn marang sira rupa puhan, mêtu saka wêtênge rajakaya mau. Kajaba iku rajakaya mau akèh bangêt paidahe tumrap ing sira, apadene iwake kêna padha sira pangan.

22. Rajakaya mau ana ing dharatan, ora beda karo prau ana ing sagara, kabèh padha kêna sira tunggangi lan sira momoti gêgawanira.

23. Ingsun wis ngutus Nabi Nuh, Ingsun karsakake mêmulang marang para umate. Nabi Nuh banjur dhawuh: He para umatku, kowe padha nêmbaha ing Allah, kowe [ko...]

--- 2 : 771 ---

[...we] ora duwe sêsêmbahan sapa-sapa liyane Allah. Mênawa kowe nyêmbah liyane Allah, apa padha ora wêdi siksaning Allah.

24. Para umate Nabi Nuh kang kaphir tur dadi pangarêpe wong akèh banjur calathu mangkene: Nabi Nuh iku sapa ta, apa dudu manungsa kaya aku lan kowe kabèh, aku têka ora krungu wêwulange para lêluhurku kang kuna-kuna, kang kaya wêwulange Nabi Nuh iku. Dadi têtela Nabi Nuh iku lumaku diarani wong linuwih, ngungkuli aku lan kowe kabèh. Upama Allah iku têmên utusan andhawuhi manungsa, amêsthi ngutus malaikat. Môngsa ngutusa wong kang kaya mangkono.

25. Ora liya panêmuku, Nabi Nuh iku wong lanang kang duwe lara owah, mulane prayoga padha disarantèkake bae, nganti têkan matine utawa kapriye bakal wêkasane.

--- 2 : 772 ---

26. Nabi Nuh banjur munjuk ing Allah, dhuh Pangeran kawula, sarèhning para umat kawula sampun tita sami maibên dhumatêng kawula, Tuwan mugi nulungana dhumatêng kawula.

27. Ingsun banjur paring dhawuh marang Nabi Nuh: (Umatira iku bakal Ingsun kêlêm) saiki sira gawea prau, kalawan Ingsun jênêngi, mituruta kaya dhawuh Ingsun. Ing têmbe mênawa ana banyu ngudal saka ing pawon, iku tôndha yèn siksaningsun wiwit nêkani.

28. Ing kono sira banjur munggaha ing prau, dalah batihira kabèh, lan anggawaa sawarnaning khewan nyajodho lanang wadon, bakal kanggo wiji, kajaba rabinira kang kaphir sarta anakira Si Kan Ngan, iku wis kabanjur Ingsun pasthi rusak dening kinêlêm, lan sira aja wani-wani nyuwunake salamête wong kang padha kaphir, kabèh iku wis Ingsun tamtokake tumpês dening kinêlêm.

--- 2 : 773 ---

29. Mênawa sira sakancanira wis padha munggah prau, sira nêbuta asmaningsun mangkene: Sawarnining pêpuji punika sadaya konjuk ing Allah, ingkang sampun paring wilujêng dhumatêng kawula sakônca kawula, kalis saking siksa ingkang numpês para tiyang kaphir.

30. Ing têmbe mênawa sira mudhun saka ing prau, munjuka mangkene: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi ngênggèna kawula wontên ing panggenan ingkang prayogi tur pinaringan barkah, Tuwan punika ingkang kawasa piyambak paring panggenan ingkang prayogi.

31. Mungguh lêlakone Nabi Nuh dalah para umate iku, dadi tôndha yêktining kawasaningsun, lan dadi wêwulang, satêmêne Ingsun nyoba marang para umate Nabi Nuh.

32. Sawise sirna para umate Nabi Nuh, ing bumi banjur Ingsun dokoki umat liyane. (Iya iku wong Ngad,

--- 2 : 774 ---

umate Nabi Hud).

33. Ingsun banjur ngutus Nabi Hud, kalêbu panunggalane wong Ngad, iku Ingsun utus andhawuhi para wong Ngad mangkene: Kowe padha nêmbaha ing Allah, awit kowe ora duwe Pangeran liyane Allah. Yèn kowe nganti nglirwakake pitutur iki, apa kowe padha ora wêdi siksaning Allah.

34. Pangarêpe wong Ngad kang kaphir sarta maido bakal gumêlar ing akhirat, apadene padha Ingsun paringi sêmpulur kabungahane ana ing dunya, padha calathu mangkene: Nabi Hud iki sapa ta, ora liwat iya manungsa kaya aku lan kowe kabèh, uga mangan pêpanganan panunggalane kang padha kopangan.

35. Lan ngombe banyu panunggalane kang padha ko-ombe.

36. Mênawa kowe padha tanpa budi, mung manut pituturing wong pêpadhamu bae,

--- 2 : 775 ---

ora wurung kowe padha kapitunan.

37. Apa mèmpêr, Nabi Hud iku têka namtokake ing besuk yèn kowe wis padha mati sarta wis dadi lêmah lan dadi balung, ing têmbe kowe bakal padha diuripake manèh, ditangèkake mêtu saka ing pakuburan.

38. Adoh bangêt, anèh bangêt kalakone kaya kang dikandhakake Nabi Hud iku.

39. Urip iku ora ana manèh kajaba uripku ana ing dunya iki, ing têmbe bakal mati, sawise mati, anakku kang anggêntèni urip ana ing dunya, yèn aku bakal diuripake sawise mati, iku ora.

40. Panêmuku, Nabi Hud ngaku rasul iku, satêmêne ora liya mung wong lanang pintêr gawe-gawe, calathu goroh diawadake têrang dhawuhing Allah, aku ora ngandêl marang kandhane Nabi Hud.

--- 2 : 776 ---

41. Nabi Hud munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, sarèhning para umat kawula sampun tita sami maibên dhumatêng kawula, Tuwan mugi nulungana dhumatêng kawula.

42. Allah ngandika: Sadhela êngkas, wong kaphir iku bakal padha dadi gêtun, kaduwung ênggone padha maido dhawuh Ingsun.

43. Wong kaphir mau njurbanjur. tumpês dening pêtake Malaikat Jabarail, nêtêpi ngadiling Allah, anggêlasah kaya sarah, wong kaphir tangèh olèh rahmating Allah.

44. Sapungkure wong Ngad kang padha tumpês, banjur Ingsun dokoki gêgêntine (kaya ta para umate Nabi Salèh, para umate Nabi Ibrahim, para umate Nabi Lut lan para umate Nabi Sungèb).

45. Tumpêse siji-sijining umat, wis ditamtokake dina lan wayahe. Ora bisa maju utawa mundur.

--- 2 : 777 ---

46. Sawise iku, Ingsun banjur ngutus para rasul ganti-gumanti, sabên ana rasul nyurup-nyurupake marang umate, para umat mau padha maido marang rasule, mulane para umat mau iya banjur padha Ingsun belakake tumpêse umat kang wis dhisik, sarta lêlakone Ingsun pacak dadi carita. Kanggo wêwulang marang para umat kang kèri-kèri, dadi lupiya, wong kang ora pracaya marang rasul padha adoh saka rahmating Allah.

47. Ingsun banjur ngutus Nabi Musa lan sadulure lanang aran Nabi Harun, kanthi tôndha yêkti lan kaelokan saka Ingsun, kang nêrangake kawasaningsun.

48. Padha Ingsun tuduh nyurup-nyurupake marang Raja Phirngon sapunggawane kabèh, iku padha wong gumêdhe lan lumuhur-luhur.

49. Raja Phirngon sapunggawane padha calathu: Yagene aku têka gêlêm tundhuk pracaya marang wong mung loro kang padha bae karo

--- 2 : 778 ---

aku, tur para kancane, iya iku wong Bani Israil, padha tundhuk marang aku.

50. Raja Phirngon dalah para punggawane padha maido marang Nabi Musa lan Nabi Harun, mulane padha tumpês dening katungkêban ing sagara Kulzum.

51. Ingsun wis maringi Kitab Torèt marang Nabi Musa, supaya wong Bani Srail padha olèh pituduh bênêr marga ngèstokake surasaning Kitab Torèt.

16.52. Nabi Ngisa anake Maryam dalah ibune, padha Ingsun ênggo tôndha yêktining kawasaningsun, lan padha Ingsun ênggonake ana ing panggonan kang dhuwur, iya iku Baitul Mukaddas, kang palêmahane warata tur gêmah arja, lan ana kaline mili pating sarèwèh.

53. He para rasul, sira padha mangana pêpanganan kang dudu larangan tur ngrêsêpake, lan padha nglakonana panggawe bêcik, satêmêne Ingsun iki nguningani samubarang kang padha sira [si...]

--- 2 : 779 ---

[...ra] lakoni.

54. Wruhanira satêmêne agama Islam iki agamanira, sarengat iku uwite mung siji. Ingsun iki Pangeranira, mulane sira padha wêdia marang Ingsun.

55. Ewadene manungsa banjur beda-beda agamane, dadi pirang-pirang golongan. Siji-sijining golongan padha kêncêng ngrungkêbi panêmune dhewe-dhewe, padha nyipta yèn agama kang dirungkêbi iku wis bênêr bangêt.

56. Wong mangkono mau karêbèn padha mèk-mekan kaya wong picak, padha togna bae nganti têkan matine.

57. Wong kaphir mau apa duwe kira yèn ênggon Ingsun paring sêmpulur sugih bôndha lan sugih anak.

58. Iku padha Ingsun sêngkakake bêcik, luput kirane: Wong kaphir mau padha ora krasa yèn ênggone sêmpulur mau panglulu.

--- 2 : 780 ---

59. Sarupane wong kang wêdi siksaning Allah, nganti padha konjêm saking dening wêdine marang Allah Pangerane.

60. Lan kang padha pracaya, ngandêl marang ayating Allah Pangerane.

61. Lan kang padha mantêp pracayane marang Allah Pangerane, ora maro tingal.

62. Lan kang padha mèwèhake barang kang wis diparingake dening Allah marang wong iku, sarta atine kuwatir bokmênawa kabêcikane ora dianggêp dening Allah amarga wong mukmin mau padha rumôngsa ing têmbe bakal padha bali marang ngayunaning Pangerane.

63. Para wong mukmin kang mangkono mau padha srêgêp anglakoni panggawe bêcik, lan padha jor-joran ênggone gawe kautaman.

64. Ingsun ora mêksa marang sawijining awak anglakoni barang kang rêkasa, kajaba [kaja...]

--- 2 : 781 ---

[...ba] mung parentah nglakoni panggawe bêcik sakêlare bae, Ingsun kagungan tulisan kang aran Lèhmahphul,Lohmaphul. isi cathêtan lakuning wong siji-sijine, iku bakal nêrangake kalawan têmên, (suda kabêcikane utawa kalepetan piala) marga dening kècèr tulisane.

65. Nanging atine para wong kaphir padha kêlimput, ora maèlu Kuran iki, wong kaphir mau padha duwe laku ala, ora kaya lakune wong mukmin kang wis kasêbut mau, wong kaphir padha andadra nglakoni ala mau, mulane padha disiksa.

66. Barêng wis têkan mangsane, Ingsun banjur matrapi siksa marang para pangarêpe wong kaphir mau, ing kono banjur padha sêsambat.

67. He wong kaphir, ing dina iki sira wis aja sêsambat, awit sira wis ora olèh pitulung Ingsun.

68. Awit sira wis padha diwacakake Kuran ayat Ingsun, nanging sira padha malengos [ma...]

--- 2 : 782 ---

[...lengos] lan mungkur.

69. Ngêndêl-êndêlake ênggone dadi wong Mêkah, cêdhak Baitullah (Kakbah), nyatur ala marang Kuran, padha suthik pracaya marang Kuran lan marang Rasulullah.

70. Yagene wong kaphir mau ora gêlêm nitipariksa kaananing Kuran, apa padha rumôngsa didhawuhi barang kang durung didhawuhake dening Allah marang para lêluhure kang kuna-kuna.

71. Apa wong kaphir mau ora wêruh marang rasule kang aran Nabi Mukhammad mungguh ing kautamane, têka padha maido.

72. Apa padha ngarani yèn Nabi Mukhammad iku wong edan. Nabi Mukhammad andhawuhake barang kang bênêr, têmên têrang saka dhawuhing Allah, nanging wong Mêkah iku kang akèh padha sêngit marang barang kang bênêr.

73. Upama Kuran iku manut sakarêpe wong kaphir (ênggone maro tingal, nganakake Pangeran liyane

--- 2 : 783 ---

Allah, ngarani Allah iku pêputra lan sapêpadhane, amêsthi aran Kuran goroh, upama ora goroh) amêsthi bumi langit lan saisine iki padha rusak kabèh, ewadene Ingsun andhawuhake Kuran iki, mratelakake mulya lan ajine wong ing Mêkah, apa ora anggumunake wong ing Mêkah têka padha nampik Kuran.

74. Apa ênggonira andhawuhake Kuran iki sira nganggo anjaluki pituwas marang wong ing Mêkah, wruhanira ganjaraning Pangeranira iku luwih bêcik, ngungkuli pituwase wong ing Mêkah, Allah iku bêcik dhewe ênggone maringi ganjaran.

75. Satêmêne sira iku ajak-ajak wong ing Mêkah angambah dalan kang bênêr, iya iku agama Islam.

76. Dene wong kang padha ora ngandêl bakal gumêlaring akhirat, iku têtela nyimpang saka dalan kang bênêr.

77. Upama wong ing Mêkah iku Ingsun wêlasi, [wê...]

--- 2 : 784 ---

[...lasi,] sarta Ingsun bengkas ênggone nandhang rêribêd pailan, amêsthi sangsaya andadra ênggone nasar, bali kaya mau-maune.

78. Wong kaphir ing Mêkah wis Ingsun turuni siksa rêribêd pailan, ewadene mêksa ora gêlêm sumungkêm marang Pangerane, lan ora gêlêm marèni ênggone nasar.

79. Nganti padha Ingsun wêngani lawanging siksa kang abot, (iya iku mati ana ing pêpêrangan ing Badar) ing kono padha kasèp, ora bisa ngarêp-arêp kang bêcik.

80. Allah iku kang andokoki pangrungu lan pandêlêng apadene pikir marang sira manungsa kabèh, ewadene wong kaphir ora gêlêm sukur sathithik -thithika.

81. Allah iku kang nitahake sira padha urip ana ing bumi, lan ing têmbe sira bakal diuripake tangi saka ing pati. Disebakake marang pangayunaning Allah.

--- 2 : 785 ---

82. Allah iku kang gawe urip lan gawe pati, nguwasani bedaning raina lan wêngi, yagene sira wong kaphir padha ora mikir kang mangkono mau.

83. Wong kaphir ing Mêkah malah padha ngucap kaya pangucape para wong kaphir ing jaman kuna.

84. Wong kaphir ing jaman kuna padha ngucap mangkene: Besuk yèn aku wis mati sarta wis dadi lêmah lan dadi balung, apa nyata jare aku bakal diuripake manèh tangi saka ing pati (layak ora).

85. Satêmêne bab bakal tangine wong kang wis mati iku, aku iya wis didhawuhi Nabi Mukhammad iki, para lêluhurku sadurunge aku biyèn, iya padha didhawuhi dening rasule dhewe-dhewe, nanging panêmuku, kôndha kang mangkono iku, ora liya mung gawe-gawene para wong kuna. Ora bakal ana nyatane.

86. (He Mukhammad) sira andangua marang para wong kaphir ing Mêkah, yèn kowe padha wêruh, [wê...]

--- 2 : 786 ---

[...ruh,] mara aranana, bumi lan wong kang padha manggon ing bumi iki, duwèke sapa.

87. Wong kaphir ing Mêkah mêsthi padha mangsuli: Kagunganing Allah. Yèn wis mangsuli mangkono, sira nuli andangua: Yagene kowe padha ora ngêrti yèn Pangeran kang kawasa nganakake manungsa iku uga kawasa nguripake wong kang wis mati.

88. Lan sira andangua: Pangeran kang kagungan langit pitung sap, lan kagungan ngaras kang gêdhe, iku sapa.

89. Wong kaphir ing Mêkah mêsthi padha mangsuli: Kabèh iku kagunganing Allah. Yèn wis mangsuli mangkono, sira nuli andangua: Yagene kowe têka padha ora wêdi nyêmbah liyane Allah.

90. Sira nuli andangua manèh: Yèn kowe padha wêruh, mara sapa kang kagungan sarta ngasta pusarane samubarang kang dumadi, tur kawasa rumêksa samubarang mau, apadene ora ana kang bisa ngalang-alangi karsane tumrap samubarang [sa...]

--- 2 : 787 ---

[...mubarang] kang dumadi mau.

91. Wong kaphir ing Mêkah mêsthi padha mangsuli: Kabèh iku kagunganing Allah. Yèn wis mangsuli mangkono, sira nuli andangua: Kapriye dene kowe têka padha suthik sumungkêm ngabêkti ing Allah, barang kang wis narênthêng bênêr, têka koarani luput.

92. (He Mukhammad) Ingsun malah wis andhawuhake barang kang têmên marang wong kaphir ing Mêkah, (iya iku ênggone padha ngarani Allah pêputra, iku mokhal, lan ênggone padha maro tingal, iku luput) dadi calathune wong kaphir ing Mêkah iku padha goroh.

93. Kang têmên, Allah iku ora pêputra, lan ora ana barang kang milu jumênêng Pangeran karo Allah, yèn anaa barang kang milu jumênêng Pangeran, mêsthi siji-sijining Pangeran mau duwe gêgawean dhewe-dhewe, sarta kêna dibedakake, lan siji-sijining Pangeran mau kudu ngayoni [nga...]

--- 2 : 788 ---

[...yoni] ngalahake marang Pangeran liyane, (kabèh iku ora ana nyatane dadi têtela) Allah iku Mahasuci, adoh bangêt yèn kayaa panêmune wong kaphir ing Mêkah.

94. Allah iku nguningani barang kang gaib kang samar-samar, luwih manèh barang kang kasat mata. Allah iku mau luhur, adoh bangêt yèn kayaa panêmune wong kaphir ing Mêkah ênggone padha maro tingal.

95. (He Mukhammad) sira munjuka marang Ingsun mangkene: Dhuh Pangeran kawula, manawi Tuwan badhe sumêrêp dhumatêng kawula, anggèn Tuwan anglêksanani niksa dhumatêng tiyang kaphir ing Mêkah, ingkang sampun Tuwan ancamakên.

96. Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi sampun ngatutakên kawula, kasrèmpèd utawi tumut risak para tiyang kaphir wau.

97. (He Mukhammad) Ingsun kawasa nontonake [no...]

--- 2 : 789 ---

[...ntonake] marang sira, kalêksanane siksa kang Ingsun ancamake marang para wong kaphir ing Mêkah.

98. Sira nulaka pialane wong kaphir, sarana gawe bêcik marang wong kaphir mau, Ingsun nguningani ênggone padha nyatur ala marang Ingsun lan marang sira, mulane ing têmbe mêsthi padha Ingsun patrapi siksa.

99. Lan sira munjuka mangkene: Dhuh Pangeran kawula, kawula ngungsi ing Tuwan, mugi Tuwan têbihakên saking panggodhaning setan.

100. Dhuh Pangeran kawula, kawula ngungsi ing Tuwan, sampun ngantos kadhatêngan setan.

101. Wong kaphir ênggone padha maro tingal mau kêlantur-lantur, nganti têkan matine, ing kono banjur munjuk ing Allah, dhuh Pangeran kawula, kawula mugi Tuwan wangsulakên dhatêng ing dunya malih.

102. Kawula badhe sahadat, saha badhe [ba...]

--- 2 : 790 ---

[...dhe] nglampahi pandamêl sae wontên ing dunya. (Pangandikaning Allah): Ora, panyuwune wong kaphir bali marang dunya iku tanpa gawe, ing burine wis ana aling-aling, sanadyan nganti têkan besuk tangine wong mati, mung bali marang akhirat, ora bali marang dunya.

103. Ing besuk mênawa sêmpronge Malaikat Israphil wis didamu, manungsa iku kabèh padha bae, turune sapa-sapa ora beda, lan ora wong takon-tinakon.

104. Bedane mung sing sapa ditraju abot kabêcikane ngungkuli alane, iku padha bêgja, munggah ing suwarga.

105. Dene sing sapa ditrajune ènthèng, kabêcikane kalah dening alane, iya iku para wong kaphir, iku têtêp wong gawe kapitunaning awake dhewe, mêsthi langgêng ana ing Naraka Jahanam.

106. Raine padha gosong dening gêni,

--- 2 : 791 ---

wong kaphir mau ana ing naraka padha maringis.

107. Wong kaphir mau banjur tômpa dhawuh: Nalikane sira ana ing dunya, apa ora wis padha diwacakake Kuran ayat Ingsun, dhèk samana sira padha puguh, rêngkêng padha maido ing Kuran.

108. Wong kaphir padha munjuk ing Allah, dhuh Pangeran kawula, anggèn kawula maibên punika jalaran sampun kalindhih dening cilaka kawula, mila kawula dados tiyang kêsasar.

109. Dhuh Pangeran kawula, kawula mugi Tuwan êntasakên saking naraka, mênawi kawula ngantos kamipurun wangsul kaphir malih, kawula têtêp nganiaya awak kawula piyambak.

110. Allah ngandika: Hus, wis padha mênênga bae ana ing naraka, lan aja munjuk marang Ingsun manèh.

111. Satêmêne ana kawulaningsun sawatara, wong mukmin kang padha munjuk marang Ingsun mangkene: Dhuh Pangeran kawula, kawula punika pitados ing Tuwan, Tuwan mugi kaparênga [kaparêng...]

--- 2 : 792 ---

[...a] ngapura kalêpatan kawula, saha mugi angrêntahna sih dhumatêng kawula, sih Tuwan punika sampurna piyambak.

112. (He wong kaphir) kawulaningsun kang padha munjuk mangkono mau, banjur padha sira ênggo gulang-gulang lan sira gêguyu, sira nganti kalimput lali marang Ingsun.

113. Ing dina iki para kawulaningsun wong mukmin kang padha sira gêguyu mau, padha bêgja, padha Ingsun ganjar suwarga, marga ênggone padha têguh atine sira gêguyu.

114. Allah ngutus Malaikat Malik, andangu: He wong kaphir, ênggonmu ana ing dunya biyèn lawase pirang taun.

115. Ature para wong kaphir: Anggèn kula wontên ing dunya rumiyin namung sadintên utawi kirang. Sumôngga andangua dhumatêng malaikat ingkang nyathêti ngumuring manungsa.

116. Malaikat Malik ngandika: Mênawa kowe padha wêruh, ênggonmu ana ing dunya biyèn, mung sadhela bangêt yèn tinimbang lan [la...]

--- 2 : 793 ---

[...n] ênggonmu ana ing naraka.

117. Apa kowe padha duwe kira yèn ênggonku gawe awakmu iku mung ala nganggur bae, tanpa guna, lan kowe iku ora bakal dibalèkake marang pangayunaning Allah, (saiki têtela luput kiramu). Allah ratu kang sajati iku mau luhur, adoh bangêt yèn karsaa ala nganggur. Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah, Allah iku Pangeraning ngaras kang mulya. Dene sing sapa ênggone nêmbah Allah nganggo diwori nyêmbah liyane Allah, iya iku Pangeran kang ora ana tôndha yêktine yèn iku Pangeran. Wong mangkono mau, patrapane ana ngastaning Allah Pangerane. Satêmêne wong kaphir iku padha ora bisa bêgja.

118. Lan sira munjuka mangkene: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi kaparênga ngapura saha ngrêntahakên sih dhumatêng para tiyang mukmin, sih Tuwan punika sampurna piyambak.

--- 2 : 794 ---

Surat Nur (Cahya, pêpadhang)

Tinurunake ana nagara Madinah, sawidak papat ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Iki surating Kuran kang Ingsun dhawuhake, sarta Ingsun tamtokake sarupaning wong ora kêna ora kudu ngèstokake surasane: Apadene Ingsun andhawuhake tôndha yêkti kang têrang pirang-pirang, ana sajroning surat iki, supaya manungsa kabèh padha ngèstokake pitutur.

2. Sadhengah wong kang nglakoni jina (kang ora gênêp sarate ihsan kang sêbutkasêbut. ing kitab Phakih) lananga wadona, iku sira patrapana, digitik ping satus. Mênawa sira pracaya ing Allah lan ngandêl bakal kêlakone dina kiyamat, aja nganggo mêsakake marang wong kang jina mau, kudu sira tindakake kalawan sabênêre khukuming Allah, dene ênggonira matrapi

--- 2 : 795 ---

gitik mau, dijênêngana para wong mukmin sawatara kèhe.

3. Wong lanang kang jina iku patute mung ngrabèni wong wadon jina, utawa wong wadon kaphir, mangkono uga wong wadon jina iku patute mung laki olèh wong lanang jina, utawa wong lanang kaphir. Wong mukmin padha dikaramake lakirabi lan wong jina (ayat iki wis disuwak, banjur disalini ayat: Kêna ngrabèni wong wadon kang lêgan).

4. Dene wong kang nêrka jina marang wong muhsin, (Wong muhsin iku wong kang gênêp sarate limang prakara: 1. Islam, 2. balèg, 3. ana ngakale, 4. mardika, 5. durung tau jina. Taklib) iku yèn ora bisa nganakake saksi wong lanang papat kang mêruhi ênggone jina, wong mau sira patrapana gitik ping wolung puluh, lan ing salawase, mênawa arêp dadi saksi apa-apa, aja sira anggêp. Wong mangkono iku têtêp wong pasèk.

5. Kajaba wong kang sawise nêrka jina banjur

--- 2 : 796 ---

tobat sarta banjur bêcik kalakuane, iku kêna dadi saksi, satêmêne Allah iku ngapura dosa tur Maha-asih.

6. Dene wong kang nêrka jina marang nabine dhewe, kang môngka ora duwe saksi kajaba awake dhewe, iku wajibe kudu nêksèni patang rambahan, nganggo supata: Dêmi Allah, mratelakna yèn ênggone nêrka jina marang rabine mau têmên, kapara nyata.

7. Dene kang kaping lima prasêtyaa, mênawa panêrkane mau goroh, kênaa bêbênduning Allah.

8. Dene rabine kang ditêrka jina mau, iya bisa oncat saka patrapane wong jina, sarana gênti nêksèni patang rambahan, nganggo supata: Dêmi Allah, lan mratelakake yèn panêrkane jina lakine mau goroh.

9. Dene kang kaping lima prasêtyaa, mênawa panêrkane jina lakine mau têmên, wong wadon [wa...]

--- 2 : 797 ---

[...don] kang ditêrka mau kênaa bêbênduning Allah.

10. Upama ora ana sih kamurahaning Allah marang sira manungsa kabèh (amêsthib amêsthi bab. panêrka jina kang mangkono mau, diudi katêrangane, nanging karsane Allah ora mangkono) satêmêne Allah iku kaparêng bangêt ngapura dosane wong kang tobat, tur wicaksana.

11. (He Mukhammad) wong kang padha ngamandaka, nêrka jina marang rabinira Siti Ngaisah, iku ana wong sawatara kèhe, kalêbu golongane wong Islam, panêrka mau aja sira anggêp ala tumrap ing sira mungguhing Allah, nanging iku bêcik tumrap ing sira. Siji-sijining wong mêsthi mikul dosa kang dilakoni dhewe, dene golonganira kang mikul dosa gêdhe nêrka jina mau, mêsthi nandhang siksa kang abot ana ing naraka.

12. He golongan Islam, nalikane sira padha krungu panêrka jina mau, para wong mukmin lanang lan wadon, apa ora banjur ngarani yèn golongan Islam iku bêcik, sarta [sar...]

--- 2 : 798 ---

[...ta] banjur ngucap: Panêrka jina iki têtela ngamandaka.

13. Yagene wong kang padha nêrka jina Siti Ngaisah mau têka ora bisa nganakake saksi wong lanang papat, sarèhne ora bisa nganakake saksi papat, dadi wong mau khukuming Allah têtêp wong goroh panêrkane.

14. (He wong kang padha nêrka jina Siti Ngaisah) upama ora ana sih kamurahaning Allah lan palimarmane marang sira, ana ing dunya lan ing akhirat, amêsthi sira padha nandhang siksa abot, tur kêncengan, marga ênggonira wani-wani nêrka jina mau, cangkêmira padha carcor ngucapake barang kang sira ora wêruh, sira kira barang kang mangkono mau rèmèh bae. Wruhanira: bab nêrka jina iku mungguhing Allah prakara gêdhe.

15. Yagene nalikane sira krungu panêrka mau têka ora gêlêm ngucap mangkene: Aku ora prayoga yèn mèlu-mèlua caturan [catur...]

--- 2 : 799 ---

[...an] kang kaya mangkene iki, dhuh Allah, Tuwan punika Mahasuci, wicantên makatên punika ngamandaka sangêt.

16. Mênawa sira padha pracaya ing Allah, Allah paring piwulang marang sira, sira aja manèh-manèh wani caturan utawa ngrungokake caturan kang mangkono mau. Iku èstokna salawase.

17. Allah nêrang-nêrangake dhawuh marang sira kanthi tôndha yêkti pirang-pirang, Allah iku nguningani samubarang tur wicaksana.

18. Sarupane wong kang dhêmên mratak-mratakake pawarta ala tumrap para wong mukmin, iku bakal padha nandhang siksa kang nglarani.

19. Ana ing dunya lan ana ing akhirat, Allah iku nguningani gorohe wong kang padha nêrka jina mau, lan nguningani yèn Siti Ngaisah iku tuhu rêsik, nanging sira padha ora wêruh.

20. Upama ora ana kamurahaning Allah lan palimarmane marang sira, (amêsthi

--- 2 : 800 ---

sira padha dipatrapi siksa kêncengan) ewadene Allah iku wêlas asih marang para kawulane.

21. He wong kang padha pracaya ing Allah, sira aja padha kêkinthil setan, sing sapa kêkinthil setan, iku wêruha yèn setan iku akon anglakoni panggawe ala lan luput. Upama ora ana kamurahaning Allah marang sira lan sih palimarmane, amêsthi wong kang padha wani-wani nêrka jina Siti Ngaisah mau, sajêge ora bisa rêsik saka ing dosane, ewadene Allah wêlas asih, karsa ngrêsikake saka ing dosane wong kang dadi parênging karsane, lantaran nganggêp tobate. Allah iku miyarsa tur nguningani samubarang.

22. Para kancanira tunggal agama Islam, sing sapa sugih utawa duwe turahane kang dipangan, aja sêngara suthik wèwèh marang sanak-sanake, lan marang para wong miskin. [miski...]

--- 2 : 801 ---

[...n.] Apadene marang wong kang padha andhèrèk ngalih marang Madinah, nêtêpi dêdalaning Allah. Padha ngapuraa kaluputane wong kang wis tobat, pulih kaya mau-maune, apa sira ora dhêmên yèn Allah ngapura marang sira kabèh. Allah iku kaparêng bangêt ngapura dosa tur Maha-asih.

23. Sarupane wong kang nêrka jina marang wong wadon muhsin kang mukmin sarta kang rêsik, ora gêlêm anglakoni ala, iku padha nandhang bêbênduning Allah, ana ing dunya dipatrapi khukuming sarak, ing besuk ana ing akhirat disiksa ing naraka, sarta padha nandhang siksa kang abot.

24. Ing dina iku para wong duraka padha krubuhan saksi dening cangkême dhewe, lan tangane apadene sikile, kabèh padha nêksèni sumurup samubarang kang wis dilakoni nalika ana ing dunya, dadi padha ora bisa selak.

25. Ing dina iku Allah nuhoni janjine, [janji...]

--- 2 : 802 ---

[...ne,] matrapi siksa marang wong duraka kalawan sabênêring ngadil, wong duraka banjur padha wêruh yèn Allah iku anggêlarake kanyataane kang wis didhawuhake nalika ana ing dunya.

26. Pangucap ala iku pangucape wong ala, lanang utawa wadon, dene pangucap bêcik iku pangucape wong bêcik, adoh saka panêrkane wong ala, sarta padha olèh pangapura kaluputane, apadene olèh rijêki kang mulya, iya iku suwarga.

27. He para wong mukmin, sira aja padha malêbu ing omah kang dudu omahira, kajaba yèn wis olèh palilahe kang duwe omah, lan kudu uluk salam marang kang ana ing omah kono. Kang mangkono mau luwih bêcik tumrap ing sira, dene sira diwulang mangkene iki sira elinga lan angèstokna.

28. Mênawa omah iku pinuju suwung,

--- 2 : 803 ---

ora ana wong siji-sijia, sira aja malêbu ing omah iku, ngêntènana yèn wis ana palilahe kang duwe omah marang sira. Dene yèn ênggonira anjaluk palilah diwangsuli: Kowe balia. Sira iya banjur balia, (aja mung ngadêg ana ngarêp lawang bae), kang mangkono iku luwih prayoga tumrap ing sira. Allah iku nguningani samubarang kang padha sira lakoni.

29. Ewadene ora ana pakewuhe sira malêbu ing omah kang ora diênggoni ing wong kang tamtu, malah sira duwe wêwênang sawatara marang omah mau (ngeyub, lèrèn sapêpadhane kaya ta surambi, pondhokan kang didanakake sapêpadhane) Allah iku nguningani samubarang kang sira êdhèng, lan barang kang sira lakoni kalawan dhêlikan.

30. (He Mukhammad) sira andhawuhana para wong mukmin lanang, aja padha andêlêng

--- 2 : 804 ---

barang kang dilarangi andêlêng, sarta padha rumêksaa kawirangane dhewe-dhewe, aja nêrak larangan sarêsmi, kang mangkono iku luwih dening prayoga tumrap para wong mukmin. Satêmêne Allah iku waspada marang samubarang kang dilakoni dening para kawulane.

31. Lan manèh dhawuha marang para wong mukmin wadon, aja padha andêlêng marang kang dilarangi andêlêng, sarta padha rumêksa kawirangane dhewe-dhewe, lan aja padha ngetokake rêrênggane, kajaba rêrênggan kang wis lumrahe katon, utawa kang mêsthi katon. Lan padha nglèmbrèhna mêkênane, nganti nalib ing kulambine, lan aja ngetokake rêrênggane kang bisa katutupan ana ing jêro, kajaba marang lakine dhewe, utawa marang bapakne utawa marang maratuwane lanang, utawa marang para anake dhewe, utawa marang para anake kuwalon, utawa marang para sadulure lanang, utawa marang para anake sadulure lanang, utawa

--- 2 : 805 ---

marang para anaking sadulure wadon, utawa marang para wong wadon kang tunggal agama Islam, utawa marang wong wadon amat kang dadi darbèke, utawa marang wong lanang pikun lan wis ora duwe karêp marang wong wadon, utawa marang para bocah cilik kang durung duwe kapengin marang wong wadon. Lan yèn malaku ênggone tumindak aja sêru-sêru murih kêtaraa rêrênggane kang ora katon. He para wong mukmin, sira kabèh padha tobata ing Allah, supaya sira padha olèh bêgja.

32. Sira padha nglakèkna sanakira wong wadon kang lêgan, apadene para kawulanira lan amatira kang mukmin. Mênawa wong lêgan mau miskin, bakal diparingi sugih saka sih kanugrahaning Allah. Allah iku pêparinge jêmbar tur nguningani kabutuhaning para kawulane.

33. Sarupane wong kang ora duwe waragading ningkah, padha dingati-ati (rumêksa

--- 2 : 806 ---

awake dhewe, nyingkiri jina) ngêntènana yèn wis diparingi sugih saka sih kanugrahaning Allah. Dene para kawulanira kang kadarbe ing tanganira, mênawa duwe panjaluk mardika sarana panicil, sarta sira pikir prayoga, iya sira turutana. Kawula mau ênggone nicil, sira urunana kalawan bôndha pêparinging Allah marang sira. Sarèhne para amatira padha wajib rumêksa awake dhewe-dhewe, sira aja mêksa nglakoni jina marang para amatira, murih sira olèh untung kabungahan ing dunya. Sing sapa mêksa nglakoni jina marang amate, iku sumurupa, sawise kêlakon jina. Allah ngapura sarta asih marang amat kang dipêksa jina mau, dene bêndara kang mêksa, mênawa banjur tobat, iya uga diapura.

34. (He manungsa) Ingsun wis nurunake ayat pirang-pirang marang sira, kang nêrang-nêrangake ala lan bêcik, lan anggêlar upama utawa [u...]

--- 2 : 807 ---

[...tawa] lupiya lêlakone para wong kuna sadurunge sira, apadene wis anglumrahake wêwulang tumrap wong kang padha wêdi ing Allah.

35. Allah iku kang madhangi bumi lan langit, sarana srêngenge lan rêmbulan, dene pêpadhanging Allah kang tumrap atine wong mukmin, iku sanepane kaya damar kurung kang ing jêro ana sumbune kang murub, sumbu mau ana ing gêlas kang luwih dening bêning, mancorong kaya lintang durari, urubing sumbu sarana lênga jaitun kang uwite ana ing panggonan tênggar, ora ana ing pinggir desa kang kulon utawa kang wetan, lênga jaitun mau, saking dening bêninge, sanadyan durung disumêd sumbune, mèh duwe padhang dhewe. Barêng wis disumêd, luwih dening padhang, awit padhange urubing damar numpangi padhanging lênga jaitun. Allah nuduhake wong kang dadi parênging karsane, dituduhake marang pêpadhanging Allah mau, apadene Allah anggêlar sanepa marang manungsa. Allah iku nguningani samubarang.

--- 2 : 808 ---

36. Damar kurung mau dipasang ana ing masjid-masjid kang adêge mawa idining Allah, kanggo panggonan nêbut asmaning Allah, banjur akèh wong kang nêbut Mahasuci ing Allah ana ing masjid mau, ing wayah esuk lan wayah sore.

37. Iya iku para wong lanang kang ênggone nêbut asmaning Allah lan ênggone nglakoni sêmbayang, sarta ênggone bayar jakat, ora kêtungkul dening ngopèni dêdagangan utawa nindakake adol tuku, sarta padha wêdi dina kiyamat, kang ing kono wong-wong padha êntèk atine lan pêtêng pandêlênge.

38. Wusana Allah maringi ganjaran suwarga marang wong mau, minôngka pituwase ênggone bêcik kalakuane ana ing dunya, sarta muwuhi ganjaran manèh saka sih kanugrahaning Allah. Dene Allah iku maringi rijêki kang tanpa kira-kira marang wong kang dadi parênging karsane.

39. Lakune para wong kaphir iku, sanepane [sa...]

--- 2 : 809 ---

[...nepane] kaya amun-amun, ana ing lêmah kang warata, pangrasane wong kang ngêlak, amun-amun mau dikira banyu, nanging barêng diparani, têkan ing ngênggon, ora ana barang-barang (pasajane: wong kaphir mau ngira yèn lakune mau bakal olèh ganjaran suwarga, nanging barêng ana ing akhirat, ora olèh ganjaran suwarga) malah nêmu patrapaning Allah siksa naraka. Allah matrapi siksa marang wong kaphir mau timbang lan kaluputane, Allah iku panimbange rikat bangêt.

40. Utawa sanepane kaya pêpêtêng ana têlênging sagara, tinêmpuh ing alun kang molak-malik. Sadhuwuring alun ana alun manèh, sadhuwuring alun mau ana mêndhung, dadi pêpêtêng mau tumpa-tumpa têlung warna, pêtênging mêndhung, pêtênging sagara lan pêtênging alun, siji-sijining pêtêng mau numpangi pêtêng liyane, ing kono wong andêlêng tangane ora paja-paja wêruh. Sing sapa ora

--- 2 : 810 ---

didokoki pêpadhang dening Allah, iya ora duwe pêpadhang, dadi mêsthi kêsasar.

41. Apa sira ora wêruh yèn isining bumi lan langit iku kabèh padha nêbut Mahasuci ing Allah. Sanadyan manuk iya padha kêkêbêt suwiwine ana ing ngawang-awang nêbut Mahasuci ing Allah. Allah nguningani sêmbayange lan pujine siji-sijining kawulane mau. Allah iku nguningani samubarang kang dilakoni dening para kawulane kang ana ing bumi lan kang ana ing langit mau.

42. Karaton bumi lan langit iku kagunganing Allah, sarta kabèh iku bakal padha bali marang Allah.

43. Sira apa ora andêlêng yèn Allah iku nglakokake mega, banjur nglumpukake mega mau, lan banjur nyarub mega mau, nuli dadi mêndhung, sawise dadi mêndhung, sira nuli andêlêng banyu udan mêtu saka têngahing mêndhung mau. Apadene Allah nurunake udan woh saka gunung-gunung ès kang padha ana ing

--- 2 : 811 ---

langit. Udan woh mau banjur nêmpuh marang wong kang dadi parênging karsane Allah, lan uga nyingkiri wong kang dadi parênging karsane Allah. Dene cumlèrèting kilat, mèh ngilangake pandêlêng.

44. Allah iku molah-malihake rina lan wêngi, kang mangkono mau kabèh, tumrap wong kang ana pikire, mêsthi dadi wêwulang kang kêna dirasak-rasakake. Allah iku gawe sarupaning kewan, saka ing banyu, dene kewan mau ana kang lakune nalosor kalawan wêtênge, lan ana kang lakune nganggo sikil loro, lan ana uga kang lakune ambêrangkang kalawan sikil papat, Allah gawe samubarang sakarsa-karsane. Satêmêne Allah iku nguwasani samubarang.

45. Ingsun wis nurunake Kuran, isi ayat pirang-pirang kang nêrangake pranataning agama Islam. Allah iku paring pituduh dalan kang bênêr marang wong kang dadi [da...]

--- 2 : 812 ---

[...di] parênging karsane.

46. Wong munaphèk padha calathu mangkene: Kula punika sami pitados ing Allah sarta ngandêl dhatêng rasul, punapadene sami ngèstokakên dhawuhing Allah ingkang dipun êmban ing rasul. Sawise calathu mangkono, banjur ana sagolongan kang padha nglirwakake dhawuhing Allah, dadi satêmêne wong munaphèk mau dudu wong mukmin.

47. Wong munaphèk mau mênawa ditimbali marang ngarsaning Allah lan utusaning Allah bakal dipancasi prakarane, ing kono banjur ana sagolongan kang padha mopo.

48. Nanging mênawa wong munaphèk mau ngira bakal mênang gugate, banjur padha gêgancangan seba ing rasul, anjaluk bêbênêran.

49. Apa atine wong kang mangkono mau ana lêlarane, utawa apa padha mamang yèn rasul iku utusan Ingsun têmênan, utawa apa padha kuwatir bokmanawa pangadilaning Allah lan utusaning Allah iku [i...]

--- 2 : 813 ---

[...ku] ora sabênêre, (ora mangkono) yêktine wong munaphèk iku wong nganiaya awake dhewe.

50. Dene para wong mukmin iku mênawa ditimbali marang ngarsaning Allah lan utusaning Allah, bakal dipancasi prakarane. Wis mêsthi padha matur mangkene: Kula sami narimah pangadilaning Allah utawi Rasul. Para wong mukmin iku têtêp wong bêgja.

51. Sing sapa ngèstokake parentahing Allah lan parentahing Rasul, sarta wêdi ing Allah, gêtun ênggone wis kabanjur nglakoni kaluputan, lan banjur ngati-ati, supaya ing buri aja nganti nglakoni kaluputan manèh, iya iku wong kang slamêt, kalis saka siksaning Allah.

52. Wong munaphèk padha supata mathênthêng, nganggo nyêbut asmaning Allah, mênawa sira parentahi mangsahi pêrang saguh padha mêtu pêrang (he Mukhammad) sira dhawuha: Kowe aja pathênthêngan supata. Dhawuhing Allah, [A...]

--- 2 : 814 ---

[...llah,] kowe mung dikarsakake ngèstokake parentah, iku luwih bêcik tinimbang supata kang ora kotuhoni. Satêmêne Allah iku waspada marang samubarang kang padha kolakoni.

53. (He Mukhammad) sira dhawuha: Kowe padha ngèstokna dhawuhing Allah, lan manut mituruta marang rasul. Dene yèn wong munaphèk padha malengos, iku ora dadi apa, wajibing rasul ora liya mung nglakoni parentah, andhawuhake parentahing Allah. Dene wajibmu, kudu ngèstokake dhawuhing Allah. Mênawa kowe padha manut miturut parentahing Allah lan marang rasul, mêsthi olèh pituduh bênêr. Dene rasul, ora diwajibake apa-apa, kajaba mung andhawuh parentah lan nyurup-nyurupake.

54. Allah nyaguhi marang para kancanira kang padha pracaya ing Allah, sarta padha nglakoni panggawe bêcik, bakal padha dikarsakake [dikarsa...]

--- 2 : 815 ---

[...kake] anggêntèni wong kaphir manggon ana ing bumi, (wong kaphir bakal padha kêplayu ênggone pêrang) kaya para wong mukmin ing jaman kuna biyèn, ênggone padha anggêntèni wong kaphir kang dirusak dening Allah, sarta Allah bakal anglulusake adêging agama Islam, agamane wong mukmin mau, kang wis dadi kaparênging Allah, apadene sawise nandhang kuwatir sawatara, kuwatir mau bakal disalanidisalini. têntrêm. Pangandikaning Allah: Wong mukmin mau padha nêmbah ing Ingsun tanpa maro tingal marang apa-apa. Sawise ana dhawuh iki, sing sapa maido pêparinging Allah kabungahan, iku têtêp wong phasèk (duraka).

55. (Lan sira dhawuha): Kowe padha nglakonana sêmbayang, lan padha bayara jakat, apadene padha manut mituruta marang rasul, supaya kowe padha olèh asihing Allah.

56. Sira aja ngira yèn para wong kaphir

--- 2 : 816 ---

iku ana ing bumi bisa ngoncati kuwasaning Allah. Bakal panggonane wong kaphir iku ana ing naraka, ala têmên kawusanan kang mangkono iku.

57. He para wong mukmin, para kawulanira kang kadarbe ing tanganira, apadene bocah mardika kang wis ana pangêrtine, sanadyan durung balèg, durung tau ngimpi cumbana, iku mênawa arêp malêbu katêmu sira, ana salah sijine wayah têtêlu, anjaluka palilah dhisik marang sira, dene wayah têtêlu mau, kang sapisan, wayah sadurunge sêmbayang Subuh, kang kapindho wayah Luhur, nalikane sira cucul sandhangan arêp mapan turu, kang kaping têlu, sawise sêmbayang Ngisa. Wayah têtêlu iki wayahe ênggonira nyèlèhake sandhangan. Dene liyane wayah têtêlu mau, ora ana pakewuhe sira nglilani kawula utawa bocah mau malêbu katêmu lan sira, lan ora ana larangane kawula utautawa. [u...]

--- 2 : 817 ---

[...ta] bocah mau malêbu katêmu lan sira tanpa anjaluk panglilah dhisik. Sira lan pra kawulanira apadene bocah mau kêna padha wira-wiri têmu-tinêmonan, mangkono iku Allah ênggone nêrang-nêrangake ayat pranataning Allah marang sira. Dene Allah iku nguningani kaanane para kawulane tur wicaksana.

58. Para bocah mardika mênawa wis balèg, wis tau ngimpi cumbana, iku yèn arêp malêbu katêmu sira, ana sadhengah wayah, anjaluka palilah dhisik marang sira, kaya lakune wong kuna biyèn, ênggone padha anjaluk palilah. Kaya mangkono iku Allah ênggone nêrang-nêrangake ayat pranatane marang sira. Allah iku nguningani kaananing para kawulane tur wicaksana.

59. Dene wong wadon kang wis luwas gêtih saking dening wis tuwa, kang wis ora duwe kapengin sarêsmi, iku ora ana pakewuhe [pakewuh...]

--- 2 : 818 ---

[...e] nyèlèhake sandhangane kang jaba, kang ora nganti ngetokake rêrênggane kang ana ing jêro. Nanging kang luwih prayoga wong wadon mau iya kudu brukut. Allah iku miyarsa pangucapira tur nguningani batinira.

60. Wong picak lan wong dhêngkling lan wong lara apadene awakira dhewe, kabèh ora ana pakewuhe mangan isining omahira, utawa omahe bapakira, utawa omahe biyungira, utawa omahe sadulurira lanang, utawa omahe sadulurira wadon, utawa omahe pamanira saka ing bapa, utawa omahe bibèkira saka ing bapa, utawa omahe pamanira saka ing biyung, utawa omahe bibèkira saka ing biyung, utawa isining gêdhong kang sogoke sira cêkêl, utawa darbèking mitranira. Sira ora ana pakewuhe mangan kroyokan utawa mangan dhewe-dhewe.

--- 2 : 819 ---

61. Mênawa sira malêbu ing omahira, sira uluka salam marang awakira lan marang wong ing omah kono, kalawan pambage kang bêcik tur mawa barkah têrang saka dhawuhing Allah, mangkono uga Allah nêrang-nêrangake ayat pirang-pirang marang sira, supaya sira padha ngrasak-ngrasakake.

62. Kang mêsthi têtêp aran wong mukmin, iku sarupane wong kang pracaya ing Allah lan ngandêl marang utusaning Allah, lan mênawa pinuju ngadhêp Rasulullah ana ing pakumpulan, ora gêlêm ambolos saka ing pakumpulan, yèn arêp lunga, nganggo nyuwun palilahe Rasulullah, (he Mukhammad) wong kang padha nyuwun palilah marang sira, iku wong kang pracaya ing Allah lan ngandêl marang Rasulullah, mulane wong mau mênawa nyuwun palilah marang sira lunga saka ing pakumpulan, pêrlu nêkani kabutuhane, sira iya nglilanana marang wong kang sira karêpake. Wong mau sira suwuna pangapura ing Allah. Allah iku kaparêng bangêt ngapura tur Maha-asih. [Maha-...]

--- 2 : 820 ---

[...asih.]

63. (He para wong mukmin) ênggonira matur marang rasul, ngarani jênênge, aja sira padha bae lan ngundang wong sapêpadhanira (aja muni: He Mukhammad, utawa: He bapakne Kasim. Matura: Dhuh nabining Allah, utawa: Dhuh Rasulullah) Allah nguningani para kancanira kang padha pating palêncing ambolos saka ing masjid nalikane kutbah diwaca: Wong kang padha nyulayani parentahing Rasulullah dingati-ati. Ora wurung bakal padha tinêmpuh ing bêbaya ana ing dunya, utawa tinêmpuh ing siksa kang nglarani ana ing akhirat.

64. Isèn-isèning bumi lan langit iki apa dudu kagunganing Allah (kabèh mêsthi kagunganing Allah) he manungsa, Allah nguningani panganggêpira marang sarirane, sêtya tuhu ing pracaya utawa maro tingal. Lan nguningani dina ênggone wong munaphèk bakal dibalèkake marang ngarsaning Allah. Ing kono Allah bakal anjalèntrèhake barang kang wis padha dilakoni [dilako...]

--- 2 : 821 ---

[...ni] dening wong munaphèk nalika ana ing dunya, Allah iku nguningani samubarang.

Surat Phurkan (beda)

Tinurunake ana nagara Mêkah, pitungpuluh pitu ayat.

Awit ingkang asma Allah ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Allah iku Mahaluhur, kang wis nurunake Kuran kang ambedakake ala lan bêcik, didhawuhake marang Nabi Mukhammad kawulane, kanggo mêmêdèni marang isining jagad, jin lan manungsa.

2. Allah iku kang kagungan bumi lan langit, sarta ora pêputra, lan ora ana kang ngêmbari jumênêng ratu, apadene Allah iku kang gawe samubarang kang dumadi, nuli nindakake lêlakone kaya pêpasthèn kang wis tinamtokake.

3. Wong kaphir padha ngadêgake Pangeran liyane Allah, iya iku brahala kang ora [o...]

--- 2 : 822 ---

[...ra] bisa gawe apa-apa, malah dadine brahala mau sarana digawe dening manungsa.

4. Lan ora bisa nulak bêbaya kang bakal tumiba ing awake, apadene ora bisa nêkakake pakolèh marang awake, sarta ora bisa gawe urip lan gawe pati, lan ora bisa nangèkake wong saka ing pati.

5. Wong kaphir padha calathu: Kuran iki ora liya mung pangamandaka, gawe-gawene Nabi Mukhammad dhewe, sarta dibiyantoni dening wong liyane, (pangandikaning Allah): Wong kaphir kang padha wani calathu mangkono mau, goroh lan duraka.

6. Wong kaphir mau padha calathu manèh: Kuran iku uwite saka caritane wong kuna kang goroh, Nabi Mukhammad akon nulisi carita goroh mau, banjur diwacakake sabên esuk lan sore, Nabi Mukhammad nganti apal.

7. (He Mukhammad) sira dhawuha: Kuran [Kura...]

--- 2 : 823 ---

[...n] iku didhawuhake dening Allah, kang nguningani barang kang samar-samar ana ing bumi lan ing langit. Satêmêne Allah iku kaparêng bangêt ngapura, tur asih marang para wong mukmin.

8. Wong kaphir padha calathu, yagene wong kang ngaku utusaning Allah iki têka mangan pêpanganan lan saba ing pasar-pasar angupajiwa, padha bae lan aku yèn nyata utusaning Allah, yagene têka ora dikanthèni malaikat, supaya dadi kancane mêmêdèni manungsa sarta nêksèni yèn têmên utusaning Allah.

9. Utawa marga dening apa têka ora diparingi gêdhong saka ing langit kang isi mas picis, utawa sabab apa têka ora duwe palêmahan kang pamêtune nyukupi dipangan, dadi ora susah saba pasar. Wong kaphir padha ngucap marang wong mukmin: Kowe iku ora liya mung manut marang wong kêna ing sikhir.

--- 2 : 824 ---

10. (He Mukhammad) mara sira dêlênga wong kaphir iku ênggone anggêlar upama tumrap ing sira (ora patitis iya nekad bae). Awit saka iku si kaphir padha kêsasar, mulane padha ora olèh dalan marang kaslamêtan.

11. Iba sapira bae kèhe kabêcikane Allah, kang mênawa dadi parênging karsane, sira diparingi kang luwih bêcik tinimbang kang diucapake dening wong kaphir mau (gêdhong isi mas picis, palêmahan kang pamêtune nyukupi) Allah bakal maringi suwarga marang sira, kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, sarta bakal maringi gêdhong lan panggung pirang-pirang marang sira ana ing suwarga.

12. Wong kaphir mau malah padha maido bakal anane dina kiyamat. Ingsun ngancam siksa Naraka Sangir marang wong kang maido bakal anane dina kiyamat.

13. Naraka mau mênawa andêlêng wong kaphir

--- 2 : 825 ---

saka ing kadohan, wong kaphir banjur padha krungu suwaraning krodhane gumarubug.

14. Nalikane wong kaphir padha dicêmplungake ing panggonan kang ciyut ana ing naraka, sarta padha dibalênggu lan dirante tangan lan gulune, ana ing kono padha sêsambat cilaka.

15. (Ing kono banjur ana malaikat kang mangsuli): Ing dina iki kowe padha tumiba ing cilaka kang ora mung siji bae, cilakamu akèh lan tumpa-tumpa.

16. (He Mukhammad) sira dhawuha: Apa naraka kang kaya mangkono mau bêcik, apa luwih bêcik suwarga kang langgêng, kang diênggo ngêbang wong kang padha wêdi ing Allah, Allah wis nguningani yèn suwarga iku bakal dadi ganjarane lan panggonane wong kang padha wêdi ing Allah.

17. Para wong mukmin ana ing suwarga apa kang dikarêpake kêtutugan, sarta padha langgêng ana ing suwarga. Dene pangêbang kang

--- 2 : 826 -- -

mangkono mau, mêsthi dituhoni dening Allah, apadene tansah disuwun dening para wong mukmin.

18. (He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane Ingsun anglumpukake para wong kaphir dalah sêsêmbahane liyane Allah (iya iku brahala). Allah ngandika: He brahala, apa sira kang nasarake kawulaningsun samono iku, utawa apa kawulaningsun padha nasar saka dalan kang bênêr.

19. Brahala banjur padha munjuk ing Allah, dhuh Pangeran kawula, Tuwan punika Mahasuci, kawula botên pisan-pisan mangeran dhatêng sanèsipun Tuwan (kadospundi yèn kawula kamipurun angakèn tiyang nyêmbah dhumatêng kawula), nanging tiyang kaphir punika dalah para lêluhuripun, sami botên praduli ngèngêti anggènipun dados kawula Tuwan, kêlimput dening pêparing Tuwan kabingahan dhumatêng pun kaphir wau. Mila sapunika sami dados tiyang cilaka sangêt.

--- 2 : 827 ---

20. (Allah ngandika: He wong kaphir) brahala kang sira sêmbah iku padha nyelaki aturira (ora rumôngsa ngaku Pangeran) dadi ora bisa murungake siksa lan ora bisa nulungi marang sira.

21. Dene sira kabèh, sing sapa maro tingal, mêsthi Ingsun wêruhake rasaning siksa kang abot, ana ing akhirat.

22. Para rasul ing jaman kuna sadurunge sira, kang padha Ingsun utus, kabèh mêsthi padha mangan pêpanganan sarta padha saba ing pasar-pasar. Dene sira iku siji-sijining wong padha Ingsun ênggo nyoba marang liyane, (kabêgjane siji-sijining wong, nukulake kamèrèn marang liyane) he manungsa, apa sira padha têguh sabar narima panduming Allah. Dene Allah Pangeranira iku mirsani sapa kang sabar narima, lan sapa kang kêna coba kamèrèn.