Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

Jus kaping sangalas

23. Wong kang ora duwe pangarêp-arêp [pangarêp-arê...]

--- 2 : 828 ---

[...p] seba ing ngarsaningsun kanthi anggawa kabêcikan, (iya iku para wong kaphir) padha calathu mangkene: Yagene aku têka ora dituruni utusan malaikat, utawa diparingi wêruh sarirane Pangeranku kalawan kasat mata (kang banjur paring sumurup marang aku yèn Nabi Mukhammad kang ngaku rasul iku utusaning Allah têmênan, dadi aku banjur ngandêl) wong kaphir mau padha gumêdhe, ngluhur- ngluhurake awake dhewe, lan padha kêbangêtên ênggone nasar.

24. (He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane wong kaphir padha andêlêng malaikat, padha nguwuh-uwuh: Ing dina iki wong kaphir lan wong duraka ora pisan duwe bungah. Malaikat mau nguwuh-uwuh manèh: Kabungahan iku ora parêng diparingake marang wong kaphir.

25. Kaparênging karsaningsun, kabêcikan kang wis dilakoni dening para wong kaphir nalika ana ing dunya, iku Ingsun dadèkake

--- 2 : 829 ---

êndhêk-êndhêk amun-amun kang mabul-mabul, ora pisan migunani.

26. Ing dina kiyamat iku panggonane lan palèrènane wong ing suwarga luwih dening bêcik, ngungkuli panggonane wong kaphir nalika ana ing dunya.

27. (He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane langit pitu padha sigar dening mega kang ana sadhuwuring langit pitu, sarta para malaikat padha diturunake marang bumi.

28. Ing dina kiyamat iku, karaton kang sajati têtela kagunganing Allah kang Mahamurah. (Ora ana kang milu jumênêng ratu) ing dina iku sarupane wong kaphir padha sarwa rêkasa.

29. Ing dina kiyamat iku wong musrik nyokoti tangane dhewe, saking bangêting gêtune, pangucape: Bok iya aku dhèk ana ing dunya biyèn manut ing Kangjêng Rasul ngambah dalan agama kang bênêr.

--- 2 : 830 ---

30. Adhuh cilaka têmên aku, bok iya biyèn nalika aku-akuaku. ana ing dunya ora apèk mitra si dhadhap.

31. Mitraku si dhadhap saiki têtela nasarake marang aku, aku wis didhawuhi surasaning Kuran dening Kangjêng Rasul, wusana dibujuk dijak nyimpang saka dhawuhing Kuran. (Pangandikaning Allah): Setan iku bangêt ênggone kipa-kipa, nyelaki marang wong kaphir.

32. Nabi Mukhammad Rasulullah ana ing dunya munjuk mangkene: Dhuh Pangeran kawula, umat kawula tiyang turun Kurès sami nampik Kuran punika.

33. Mangkono uga para nabi ing jaman kuna, iya padha Ingsun anani satru wong musrik, ora beda lan sira Mukhammad, mulane ditêtêg atinira, cukup sira ngandêl ing Pangeranira bakal paring pituduh lan paring pitulung marang sira.

34. Wong kaphir padha ngucap mangkene: Yagene Kuran iku ênggone diparingake

--- 2 : 831 ---

marang Nabi Mukhammad têka ora babar pisan, ora kaya kitab Torèt lan Injil. (Pangandikaning Allah): Wis mangkono karsaningsun, Kuran iku Ingsun urunake saka sathithik sarta sarênti, supaya atinira têtêp, lan gampang ênggonira ngèlingi lan ngapalake.

35. Mênawa wong kaphir padha têka madoni marang sira, Ingsun iya mêsthi maringi wêwaton marang sira, Ingsun iya mêsthi maringi wêwaton marang sira'Ingsun iya mêsthi maringi wêwaton marang sira' tidak perlu dibaca. kang luwih dening bêcik lan cêtha, kanggo ngalahake padune wong kaphir mau.

36. Kang ing besuk ana ing akhirat padha dijungkirake lan dilarak, raine ngambah lêmah, sabanjure dicêmplungake ing Naraka Jahanam, wong kaphir mau panggonane ala bangêt, lan kêsasar saka dalan kang bênêr.

37. Ingsun wis maringi kitab Torèt marang Nabi Musa, sarta kakangne kang aran Nabi Harun Ingsun kanthèkake minôngka dadi patihe.

38. Dhawuh Ingsun marang Nabi Musa lan Nabi Harun: Sira padha mangkata marang tanah Kibti, panggonane [pang...]

--- 2 : 832 ---

[...gonane] wong kang padha maido ayat Ingsun, iya iku Raja Phirngon sabalane, (Nabi Musa lan Nabi Harun padha ngèstokake dhawuh) nanging Raja Phirngon sabalane padha maido, mulane padha Ingsun sirnakake kabèh.

39. Lan sira nyaritakna para umate Nabi Nuh, barêng wis tita padha maido marang rasule, banjur Ingsun sirnakake sarana Ingsun kêlêm. Para umate Nabi Nuh mau Ingsun dadèkake ayat, kanggo lupiya marang para manungsa. Para umate Nabi Nuh kang padha duraka mau, padha Ingsun sadhiyani siksa kang nglarani.

40. Mangkono uga wong Ngad lan wong Samud, apadene Askhaburras, têgêse wong kang duwe sumur, sarta wong akèh antarane wong Samud lan wong Askhaburras, iku uga padha Ingsun rusak.

41. Kabèh mau padha Ingsun wêdèkake, sarana Ingsun gêlari upama liyane para wong kuna kang elok-elok. Barêng wis tita padha wangkot, kabèh mau padha

--- 2 : 833 ---

Ingsun rusak.

42. Wong Mêkah wis akèh kang têkan ing desa Sadum, sarta wis padha manoni patilasane para umate Nabi Lut biyèn, kang dirusak sarana diudani watu, (sarta diwalik bumine) apa wong Mêkah nalikane lumaku marang ing Sam, padha ora andêlêng patilasan mau, (mêsthi andêlêng) nanging sarèhne padha kaphir, dadi ora praduli, ora wêdi dina kiyamat, nalikane padha ditangèkake saka ing pati.

43. Wong kaphir mau mênawa andêlêng ing sira, ora liya mung padha anggêguyu ing sira, pangucape: Apa iki wong kang dipiji dening Allah dadi utusan.

44. Mèh bae aku kêna disasarake dening Nabi Mukhammad iku, dikon marèni ênggonku nyêmbah Pangeranku brahala, aja têguh-têguha atiku sida kèlu, (pangandikaning Allah): Ing besuk yèn wis padha andêlêng siksa naraka, wong kaphir iku lagi padha wêruh sapa kang

--- 2 : 834 ---

kêsasar saka ing dalan marang kaslamêtan.

45. (He Mukhammad) kapriye panêmunira mungguh wong kang mangeran marang kêkarêpane dhewe, sira apa bisa rumêksa marang wong mau, murih aja nganti kêbanjur-banjur ênggone mangeran marang kêkarêpane dhewe, (mêsthi ora bisa).

46. Apa sira ngira yèn wong mau akèh kang krungu pituturira kalawan ngêrti utawa mikir-mikir, (tangèh yèn mangkonoa). Wong mau ora liwat mung kaya rajakaya. Malah luwih dening nasar saka dalan marang kaslamêtan.

47. Sira apa ora andêlêng pandamêlane Allah Pangeranira, ênggone anggêlar wêwayangan (eyub warata salumahing bumi, ing wayah bangun esuk nganti têkan malêthèking srêngenge), upaupama. ana pêparêngingkaparênging.

karsane Pangeranira, eyub mau dilêstarèkake, mêsthi kêlakon. (Ora bakal sirna dening soroting srêngenge. Pangandikaning Allah): Soroting srêngesrêngenge.

--- 2 : 835 ---

Ingsun ênggo panuduh kang ambedakake eyub lan panas.

48. Wêwayangan mau nuli Ingsun pundhut saka sathithik, (sarana soroting srêngenge).

49. Allah iku nitahake wêngi migunani marang sira, kanggo aling-aling, dadi mèmpêr lan sandhangan, sarta nganakake turu kang ngapenakake awak, apadene nganakake awan, kanggo gumêlare wong ngupajiwa.

50. Allah iku kang ngididake angin minôngka bêbungah marang manungsa, dadi cacala tumurune rahmating Allah kang rupa banyu udan. (Pangandikaning Allah): Ingsun nurunake banyu udan saka ing langit, kêna ginawe sêsuci.

51. Banyu udan mau Ingsun ênggo nguripake palêmahan kang bêra, lan Ingsun ênggo ngombèni titah Ingsun rajakaya apadene manungsa akèh.

52. Banyu udan mau Ingsun siramake ing palêmahan pirang-pirang, supaya manungsa padha ngrasak-ngrasakna, sabanjure padha wêruha bênêre wong

--- 2 : 836 ---

diparingi kabungahan dening Allah, ewadene akèh bae manungsa kang padha wangkot, ora gêlêm ngrasak-ngrasakake. Pêparinging Allah kabungahan mung digawe ilang.

53. Mênawa ana kaparênge karsaningsun, kêna uga siji-sijining desa iku Ingsun dokoki rasul dhewe-dhewe, supaya mêmêdèni lan nyurup-nyurupake marang wong ing desa kono, (Nanging karsaningsun ora mangkono. Sira Ingsun piji dadi rasul, nyurup-nyurupake manungsa iku kabèh).

54. Mulane sira aja pisan manut marang para wong kaphir, malah wong kaphir iku padha sira padonana kalawan padu kang patitis, miturut surasaning Kuran.

55. Allah iku kang ngêmorake sagara loro sisih-sisihan, iki banyu tawa kang nyêgêri, lan iki banyu asin kang lêngtih, sarta andokoki aling-aling antarane banyu sagara loro mau kalawan kawasaning Allah, dadi banyu tawa lan banyu asin [asi...]

--- 2 : 837 ---

[...n] mau ora bicarub.bisa carub.

56. Allah iku kang gawe manungsa saking ing mani, mulane manungsa mau dititahake duwe sanak lan duwe maratuwa. Allah Pangeranira iku kawasa, samubarang karsane dadi.

57. Wong kaphir padha nyêmbah liyane Allah, iya iku brahala kang mênawa disêmbah ora bisa makolèhi, utawa mênawa ora disêmbah ora bisa mlarati. Wong kaphir iku dadi kancaning setan ênggone duraka.

58. (He Mukhammad) ênggon Ingsun ngutus sira iki, pêrlune ora liya mung ambêbungah marang wong kang ngèstokake parentah Ingsun, bakal olèh ganjaran suwarga, sarta mêmêdèni wong kaphir bakal nandhang siksa ana ing naraka.

59. Sira dhawuha mangkene: He wong kaphir, ênggonku ngundhangake dhawuhing Allah iki, aku ora anjaluk pituwas apa-apa marang kowe. Ewadene sing sapa kudu gawe dalan murih kaparênging Pangerane [Pa...]

--- 2 : 838 ---

[...ngerane] sarana andanakake bandhane saka karêpe dhewe iya ora ana pakewuhe.

60. (He Mukhammad) sira pasraha marang Allah kang sipat gêsang ora kêna seda, lan nêbuta Mahasuci marang Allah, apadene mêmujia ing Allah. Dene prakara wangkote si kaphir, wis cukup Allah piyambak ênggone waspada marang dosane para kawulane. Allah iku kang gawe bumi lan langit lan samubarang kang ana antarane bumi lan langit, lawase mung nêm dina rampung. Allah kang Mahamurah nuli jumênêng ana sadhuwuring Ngaras, he manungsa, mungguh kaanane Pangeran kang Mahamurah iku, sira takona kang waspada.

61. Wong kaphir ing Mêkah iku mênawa diparentahi: Sira padha sujuda marang Pangeran kang Mahamurah, banjur padha mangsuli: Pangeran Kang Mahamurah punika punapa ta, punapa kula sujud dhatêng barang dumèh sampeyan parentahakên,

--- 2 : 839 ---

(la môngsa puruna). Dadi parentah mangkono mau tumrap wong kaphir malah muwuhi ênggone wangkot, ora gêlêm pracaya ing Allah.

62. Allah iku Maha-agung, kang wis andokoki lintang buruj rolas ana ing langit, sarta andokoki srêngenge kang minôngka damaring jagad, apadene rêmbulan kang uga madhangi jagad.

63. Allah iku kang nitahake raina lan wêngi, kanggo lira-liru wayahe wong kang arêp eling utawa arêp sukur ing Allah.

64. Dene para kawulaning Allah kang Mahamurah, kang padha mlaku ana ing bumi kalawan jatmika lan andhap asor, lan mênawa dicalathoni ala dening wong bodho, banjur sumaur kalawan aris.

65. Lan kang padha sujud lan sêmbayang ing wayah wêngi.

66. Lan kang padha nyênyuwun ing Allah, unjuke: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi nglêpatna siksa Naraka Jahanam saking kawula, awit [a...]

--- 2 : 840 ---

[...wit] siksa Naraka Jahanam punika têtêp awon. Sarta Naraka Jahanam punika awon-awoning panggenan.

67. Lan wong kang ora munggah umpakan ngakèh-akèhake ênggone ambalônja batihe, lan ora kêsithithikên,kêsêthithikên. nanging digawe sêdhêngan lan ngadil.

68. Lan wong kang ora maro tingal mangeran marang liyane Allah, lan ora matèni wong kang diajèni dening Allah ora kêna dipatèni, kajaba yèn ênggone matèni mau nglungguhi bênêr, sarta ora jina. Dene sing sapa nêrak pêpacak mau mêsthi kêcêmplung patrapaning dosa.

69. Besuk dina kiyamat, siksane wong maro tingal mau ditikêlake sarta langgêng ana sajroning siksa tur dirèmèhake.

70. Kajaba wong kang wis tobat sarta banjur pracaya ing Allah, apadene banjur nglakoni panggawe bêcik, wong kang mangkono [mangko...]

- -- 2 : 841 ---

[...no] mau sakèhing alane bakal dilironi kabêcikan dening Allah, Allah iku ngapura dosa tur Maha-asih.

71. Dene sing sapa tobat, sarta katara konjême nglakoni panggawe bêcik, iku têtêp wong bali marang ngarsaning Allah, bakal olèh ganjaran suwarga.

72. Lan wong kang ora dadi saksi goroh, apadene mênawa mrangguli catur kang aala,ala. ora gêlêm ngopèni.

73. Lan wong kang nalikane dipituturi kalawan surasaning Kuran ayating Pangerane, kabèh diopèni, ora ana kang kècèr, ora prasasat wong budhêg lan picak.

74. Lan wong kang padha munjuk ing Allah mangkene: Dhuh Pangeran kawula, nabi kawula saha anak putu kawula sadaya, mugi Tuwan paringakên dhumatêng kawula, dados sarana têtêpipun paningal kawula margi anggènipun ajrih ing Tuwan kanthi nêtêpi kalakuan sae. Punapadene kawula mugi Tuwan dadosakên pangajêngipun [pa...]

--- 2 : 842 ---

[...ngajêngipun] tiyang ajrih ing Tuwan.

75. Wong kang mangkono mau bakal padha diganjar darajat kang luhur ana ing suwarga, marga ênggone padha têngguhtêgus. atine, wong mau ana ing suwarga padha dibagèkake dening malaikat, kalawan jumurung slamêt lan urip langgêng.

76. Enggone ana ing suwarga padha langgêng, suwarga mau bêcik-bêciking panggonan.

77. (He Mukhammad) sira dhawuha marang wong Mêkah, upama kowe ora nyênyuwun ing Allah nalikane karibêdan, Allah ora praduli marang kowe. Kapriye ênggone praduli, awit kowe wis padha maido marang utusaning Allah, lan marang Kuran, besuk ana ing akhirat, siksaning Allah iku têtêp lêstari tumrap wong kaphir.

Surat Sungara (para juru nganggit têmbang)

Tinurunake ana nagara Mêkah, rongatus wolulikur [wo...]

--- 2 : 843 ---

[...lulikur] ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur Kang Maha-asih

1. Ta, Sin, Mim, iku kabèh araning aksara Ngarab. Allah ênggone ngandika mangkono iku, mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan surasane. Ayate surat iki ayating Kitab Kuran kang nêrangake bênêr lan luput.

2. (He Mukhammad) bokmênawa sira ngênês ngrasakake para wong kaphir ing Mêkah ênggone ora gêlêm pracaya ing Allah.

3. Upama ana kaparênging karsaningsun, wong ing Mêkah iku Ingsun karsakake pracaya ing Allah, kêna uga Ingsun nurunake ayat tôndha yêkti saka ing langit, kang anggêgirisi, ing kono gulune wong ing Mêkah kêpêksa padha tumungkul, konjêm ing salawase (nanging karsaningsun ora mangkono).

--- 2 : 844 ---

4. Samôngsa Allah kang Mahamurah karsa nganyarake dhawuh, wong kaphir iya mêsthi banjur padha nganyarake pamopo.

5. Wis kalakon rambah-rambah wong kaphir iku padha maido marang Nabi Mukhammad, wong kaphir mau ora wurung bakal padha wêruh kanyataane utawa kawusanane ênggone padha anggêguyu Kuran.

6. Wong kaphir apa padha ora andêlêng gumêlaring bumi, wis pira bae Ingsun nuwuhake thêthukulan ana ing bumi kang bêcik-bêcik, migunani marang wong.

7. Kang mangkono mau satêmêne dadi tôndha yêkti yèn kawasaning Allah iku sampurna, ewadene manungsa ora akèh kang pracaya ing Allah.

8. Satêmêne Allah Pangeranira iku Mahamulya tur Maha-asih.

9. (He Mukhammad) sira nyaritakna nalikane Allah Pangeranira nimbali Nabi Musa, didhawuhi mangkene: Sira Ingsun utus mênyanga [mê...]

--- 2 : 845 ---

[...nyanga] marang panggonane wong duraka kang prasasat padha nganiaya marang awake dhewe.

10. Iya iku Raja Phirngon sabalane kabèh, padha sira surup-surupna, yagene têka padha ora wêdi ing Allah.

11. Nabi Musa munjuk: Dhuh Pangeran kawula, sayêktosipun, kawula kuwatos bokmênawi Raja Phirngon sabalanipun wau sami maibên dhumatêng kawula.

12. Iba anggènipun kakên manah kawula, sarta ilat kawula botên trampil wicantên. Mila bilih kaparêng, Tuwan ugi karsaa ngutus sadhèrèk kawula pun Harun, dadosa kanthi kawula.

13. Makatên malih kawula punika nandhang kalêpatan dhumatêng Raja Phirngon sabalanipun, mila kawula kuwatos bokmanawi Raja Phirngon wau lajêng mêjahi dhumatêng kawula.

14. Allah ngandika: Raja Phirngon ora bakal matèni marang sira, mulane saiki sira mangkata lan kakangira Harun, kalawan anggawa

--- 2 : 846 ---

tôndha yêkti saka Ingsun, Ingsun anjangkung ing sira, miyarsakake aturira.

15. Sira wong loro padha nêmonana Raja Phirngon, lan tutura: Kula punika utusaning Allah Pangeraning tiyang sajagad.

16. Dhawuhing Allah: Sampeyan ingandikakakên nguculakên tiyang Bani Srail sadaya, badhe sami kula jak kesah saking ngriki, mantuk dhatêng tanah Philastin, (kênangan).

17. (Nabi Musa lan Nabi Harun banjur ngèstokake dhawuhing Allah, barêng wis andhawuhake dhawuhing Allah) Raja Phirngon mangsuli: Apa kowe lali ênggonmu tak itik-itik ana ing kene kayadene anak, lan sira milu aku wiwit bayi nganti umur têlung puluh taun.

18. Lan manèh kowe wis anglakoni kaluputan matèni wong Kibti, (bênêre Ingsun patrapi ukum kisas, ewadene ora tak patrapi apa-apa, saiki kowe duwe lêkas kang mangkono) dadi

--- 2 : 847 ---

têtela kowe ora wêruh marang kabêcikanku.

19. Nabi Musa mangsuli: Kala samantên kula botên pisan nêja mêjahi, (tiyang Kibti namung kula jotos kemawon, supados kapoka anggènipun siya-siya dhatêng tiyang Bani Srail) kula botên nyana pisan-pisan yèn namung dipun jotos kemawon dados lan pêjahipun.

20. Ewasamantên, saking ajrih kula dhatêng sampeyan, kula lajêng los, kesah saking ngarsa sampeyan, dhatêng ing Madyan, wontên ing ngrika kula dipun paringi kawicaksanan dening Allah Pangeran kula, sarta dipun junjung dados nabi, punapadene dipun piji dados utusaning Allah.

21. Punapa dumèh kula mêjahi tiyang botên sampeyan patrapi khukum kisas, utawi dumèh kula botên sampeyan pikuli padamêlan awrat [awra...]

--- 2 : 848 ---

[...t] tur siya-siya kados tiyang Bani Srail sanès-sanèsipun. Punapa punika ingkang sampeyan wastani kasaenan sampeyan dhatêng kula.

22. Raja Phirngon banjur takon: Pangerane wong sajagad, kabèh iku apa.

23. Nabi Musa mangsuli: Mênawi sampeyan sumêrêp, samukawis ingkang dumadi punika wontên urusanipun, ingkang nêdahakên bilih Pangeraning tiyang sajagad punika Pangeraning bumi kalihan langit, ugi Pangeranipun samukawis ingkang wontên antawisipun bumi kalihan langit.

24. Raja Phirngon nolèh marang para panggêdhe kang padha seba ana ing kiwa têngêne, têmbunge: Apa kowe ora padha krungu wangsulane Musa iku, têka dudu kang tak takokke.

25. Nabi Musa nyambungi wangsulane mau, Pangeranipun tiyang sajagad punika ugi Pangeran sampeyan saha Pangeranipun [Pangerani...]

--- 2 : 849 ---

[...pun] para lêluhur sampeyan ing jaman kina.

26. Raja Phirngon calathu marang wong kang padha ana ing kono, rasulmu kang diutus dening Pangeran, nyurup-nyurupake marang kowe iki edan, katara ênggone ora ngêrti pitakoning wong.

27. Nabi Musa nyambungi wangsulane manèh: Mênawi sampeyan gadhah akal budi, tamtu sumêrêp bilih Pangeraning tiyang sajagad punika Pangeranipun Masrik, (panggenanipun mêdal surya) kalihan Mahrib (panggenan sêraping surya) ugi Pangeranipun samukawis ingkang wontên antawisipun Masrik kalihan Mahrib.

28. Raja Phirngon mangsuli: Mênawa kowe mangeran marang liyane aku mêsthi tak kunjara, awor wong kang padha kinunjara.

29. Nabi Musa matur marang Raja Phirngon: Mênawi kula angwontakên kaelokan minôngka tôndha yêktinipun bilih kula utusaning Allah sayêktos, punapa inggih mêksa

--- 2 : 850 ---

sampeyan kunjara.

30. Raja Phirngon mangsuli: Mênawa aturmu iku têmên, mara gawea kaelokan kaya kang koaturake mau.

31. Nabi Musa nuli anguncalake têkêne, sanalika iku têkêne Nabi Musa dadi ula gêdhe, galak anggêgirisi.

32. Nabi Musa nuli mêtokake èpèk-èpèke saka ing kulambine, sanalika èpèk-èpèke Nabi Musa mancorong putih kaya srêngenge, ambalêrêngi marang wong kang padha andêlêng.

33. Raja Phirngon banjur dhawuh marang para panggêdhe kang padha seba ana ing kiwa têngêne, Nabi Musa iki têtela juru sikhir kang pinunjul.

34. Sumêdya nundhung marang kowe kabèh saka bumi wutah gêtihmu ing Mêsir sarana sikhire. Saiki kapriye kang dadi rêmbugmu.

35. Para panggêdhe banjur padha matur: Pamanggih kula Nabi Musa lan kakangipun punika prayogi [prayo...]

--- 2 : 851 -- -

[...gi] dipun sarantosakên rumiyin, sapunika sang nata utusana dhatêng sakathahing kitha wêwêngkon ing ngriki, nimbali sowan pêpak.

36. Para pangagênging kitha sami nyowananyowanakên. para juru sikhir ingkang pinunjul, dhatêng ing ngarsa sang nata.

37. Ing kono para juru sikhir banjur dikalumpukake ana ing Mêsir, ing dina kang wis tinamtokake.

38. (Barêng wis têkan ing dina kang tinamtokake) wong ing Mêsir padha tômpa dhawuh: Wong ing Mêsir apa wis padha ngalumpuk. Mara enggal padha ngalumpuka.

39. Mênawa para juru sikhir mênang, bokmênawa aku lêstari manut agamane para juru sikhir, aja nganti manut marang Nabi Musa.

40. Barêng para juru sikhir wis ngalumpuk, banjur padha matur ing Raja Phirngon, mênawi kula mênang, punapa badhe tampi ganjaran.

41. Raja Phirngon mangsuli: Iya bakal tômpa ganjaran, sarta yèn kowe mênang mêsthi bakal kacêdhak marang aku.

--- 2 : 852 ---

42. Nabi Musa ditantang para juru sikhir banjur mangsuli: Lah iya kowe bae dhisik anggêlarna sikhirmu, (ing kono kowe bakal wêruh kawusanane).

43. Para juru sikhir nuli padha nguncalake tampare lan têkêne, pangucape: Dêmi kamulyane Raja Phirngon, aku sakancaku juru sikhir mêsthi padha mênang, (tampar lan têkên mau banjur padha malih rupa ula kang tanpa wilangan akèhe.

44. Nabi Musa nuli nguncalake têkêne, sanalika têkên mau dadi ula gêdhe, banjur nguntali ula ênggone nyulap para juru sikhir mau, (nganti sirna kabèh).

45. Para juru sikhir banjur padha wêruh yèn mukjizate Nabi Musa iku dudu sikhir, nuli padha anjungkêl sujud.

46. Pangucape: Saiki aku padha pracaya ing Allah, Pangerane wong sajagad.

47. Iya Pangerane Nabi Musa lan Nabi Harun.

--- 2 : 853 ---

48. Raja Phirngon bangêt nêpsune, pangucape: He para juru sikhir, yagene kowe padha wani-wani pracaya marang Nabi Musa durung olèh palilahku. Yèn mangkono Nabi Musa iku panggêdhemu, kang mulang sikhir marang kowe. Sadhela êngkas kowe bakal wêruh kawusanane awakmu.

49. Kowe bakal padha tak jonjang, tak kêthoki tanganmu, sarta tak pênthang utawa tak tanjir.

50. Para juru sikhir banjur padha mangsuli: Pangancam sampeyan makatên punika botên dados punapa. Sanadyan kula pêjaha, têmtu badhe wangsul dhatêng ngarsaning Pangeran kula.

51. Kula ngajêng-ajêng mugi Allah Pangeran kula ngapuraa sakathahipun kalêpatan kula, dene kula dados kawitanipun tiyang pitados ing Allah utawi dhatêng Nabi Musa.

52. Ingsun paring wahyu marang Nabi Musa: He Musa, sira mangkata lunga saka ing Mêsir, ngirida para kawulaningsun wong Bani Srail kabèh.

--- 2 : 854 ---

Sira bakal diburu dening Raja Phirngon sabalane.

53. Barêng Raja Phirngon krungu yèn wong Bani Srail padha lunga, banjur nglumpukake wong ing kutha-kutha sawêwêngkone, padha dijak amburu wong Bani Srail.

54. Dhawuhe: Balaku kabèh aja padha wêdi, wong Bani Srail iku wong sapôntha mung sathithik bangêt.

55. Nanging wong Bani Srail mau padha anggrêgêtake, gawe nêpsuku.

56. Dene balaku wong Mêsir iki padha wong prayitna, gagah prakosa, tur miranti gêgamane.

57. Pangandikaning Allah: Ingsun mêtokake Raja Phirngon sabalane saka ing Mêsir, ninggal palêmahan kang ana kaline mili pating sarèwèh.

58. Lan ninggal gêdhong-gêdhong isi rajabrana apadene palinggihan kang endah.

59. Wis mangkono ênggon Ingsun mêtokake [mêto...]

--- 2 : 855 ---

[...kake] Raja Phirngon. Sasirnane Raja Phirngon sabalane kêlêm ana ing sagara, rajadarbèke Ingsun paringake dadi warisan marang wong Bani Srail, padha dibalèni marang ing Mêsir.

60. Raja Phirngon sabalane mau padha ambêburu wong Bani Srail. Ing wayah wêtuning srêngenge mèh kacandhak ana pinggiring sagara.

61. Barêng wong Bani Srail lan wong Mêsir wis padha wêruhe, kancane Nabi Musa padha matur marang Nabi Musa: Kadospundi kula punika badhe sami kacêpêng.

62. Nabi Musa mangsuli: Ora. Kowe aja padha kuwatir, aku dijangkung dening Allah Pangeranku, kang bakal paring pituduh dalan kaslamêtan marang aku.

63. Ingsun banjur paring wahyu marang Nabi Musa: He Musa, têkênira sira gitikna ing sagara Kuljum. Barêng sagara digitik dening Nabi Musa, banyune banjur piyak dadi rolas lurung, antaraning lurung-lurung mau banyune anggênggêng [anggêng...]

--- 2 : 856 ---

[...gêng] kaya gunung dhuwur.

64. Ingsun anggiring Raja Phirngon sabalane malêbu ing sagara, amburu Nabi Musa sakancane wong Bani Srail.

65. Lan Ingsun paring salamêt marang Nabi Musa sakancane wong Bani Srail kabèh padha bisa mêtu saka ing sagara.

66. Sawise Nabi Musa sakancane padha mêtu saka ing sagara, Raja Phirngon sabalane padha Ingsun tumpês sarana Ingsun tungkêbi banyu sagara.

67. Mungguh tumpêse Raja Phirngon sabalane mau, mêsthi dadi ayat, kanggo lupiya marang para wong sapungkure Raja Phirngon. Wong Mêsir mau, kang mukmin, pracaya ing Allah, ora akèh.

68. Satêmêne Allah Pangeranira iku Mahamulya tur Maha-asih.

69. (He Mukhammad) wong kaphir ing Mêkah iku padha sira wacakna carita lêlakone Nabi Ibrahim.

--- 2 : 857 ---

70. Nalikane matur ing bapakne utawa mituturi marang para umate: Sampeyan punika sami nyêmbah punapa.

71. Bapakne lan para umate padha mangsuli: Aku padha nyembah brahala ing salawas- lawase.

72. Nabi Ibrahim matur: Mênawi sampeyan matur punapa-punapa dhatêng brahala, punapa brahala wau sagêd mirêng.

73. Utawi punapa sagêd mikantuki punapadene mlarati dhatêng sampeyan.

74. Bapakne Nabi Ibrahim lan para umate padha mangsuli: Ora bisa, nanging para lêluhurku biyèn iya padha nyêmbah brahala kaya aku iki.

75. Nabi Ibrahim matur manèh: Punapa sampun sampeyan galih sayêktos anggèn sampeyan nyêmbah brahala punika.

76. Sampeyan piyambak lan para lêluhur sampeyan ing kina.

77. Brahala punika mênawi kula sêmbah

--- 2 : 858 ---

benjing wontên ing akhirat dados satru kula. Namung Allah Pangeranipun tiyang sajagad, punika kula sêmbah botên badhe dados satru.

78. Allah punika ingkang adamêl awak kula punika, sarta nêdahakên margi kawilujêngan dhatêng kula.

79. Allah punika ingkang paring têdha sarta ombèn-ombèn dhatêng kula.

80. Mênawi kula nandhang sakit, Allah punika nyarasakên dhatêng kula.

81. Sarta ingkang badhe mêjahi kula, sasampuning pêjah, benjing dintên kiyamat anggêsangakên dhatêng kula.

82. Allah punika ingkang kula ajêng-ajêng ngapura kalêpatan kula benjing dintên kiyamat.

83. Dhuh Allah Pangeran kawula, Tuwan mugi paringa kawicaksanan dhumatêng kawula, kawula mugi Tuwan ewokakên tiyang sae.

--- 2 : 859 ---

84. Kawula punika mugi Tuwan dadosakên pangalêman saha têtuladanipun tiyang agami sapêngkêr kawula.

85. Saha kawula mugi Tuwan dadosakên aliwaris, ingkang badhe tampi panduman sawarga Nangim.

86. Makatên malih bapa kawula punika ewonipun tiyang kêsasar, punika mugi Tuwan karsakakên tobat, salajêngipun Tuwan apura kalêpatanipun.

87. Ing benjing dintên kiyamat, dintên tanginipun tiyang pêjah, Tuwan mugi sampun mêlèh-mêlèhakên awon kawula.

88. (Pangandikaning Allah): Ing dina kiyamat iku ora ana bôndha utawa anak bisa migunani.

89. Kajaba wong kang seba ana pangayunaning Allah kanthi ati kang slamêt, (ora maro tingal) iku kang migunani.

89. Ing dina iku suwarga dicêdhakake marang wong kang padha wêdi ing Allah.

--- 2 : 860 ---

91. Dene Naraka Jakhim ditontonake marang para wong kaphir.

92. Wong kaphir padha didangu: Endi rupane brahala kang padha sira sêmbah biyèn.

93. Sira milaur nyêmbah liyane Allah, brahala mau apa bisa nulungi sira, utawa nulungi awake dhewe, murungake siksaning Allah.

94. Sakèhing brahala nuli padha dijungkêlake, dicêmplungake naraka karo para wong kaphir.

95. Lan para balane iblis kabèh.

96. Wong kaphir mau ana sajroning naraka padha padu rame lan brahala. Pangucape wong kaphir:

97. Dêmi Allah, satêmêne aku iki têtela wong kêsasar saka dalan kaslamêtan.

98. Marga ênggonku nyêmbah marang kowe, tak padha lan Allah lan Pangerane wong sajagad.

--- 2 : 861 ---

99. Dene kang anjalomprongake aku iki, ora ana manèh mung para setan.

100. Saiki ora ana wong kang bisa têtulung apa-apa marang aku.

101. Lan aku ora duwe mitra kang bela susah nulungi aku.

102. Upama aku diparêngake bali marang ing dunya, aku saguh dadi wong mukmin, nglakoni apa lakune wong mukmin.

103. Dene carita kang wis kasêbut mau dadi wêwulang tumrap wong kang ngrasak-ngrasakake. Ewadene manungsa ora akèh kang pracaya.

104. Satêmêne Allah Pangeranira iku Mahamulya tur Maha-asih.

105. Para umate Nabi Nuh padha maido para rasul.

106. Nabi Nuh mau lan para umate isih sanak. Dhèk samana Nabi Nuh dhawuh marang para umate: Yagene kowe têka [tê...]

--- 2 : 862 ---

[...ka] padha ora wêdi ing Allah.

107. Satêmêne aku iki utusaning Allah kang mitayani ênggonku andhawuhake lugune dhawuhing Allah, ora muwuhi ora ngurangi lan ora ngowahi.

108. Kowe padha wêdia ing Allah, lan ngèstokna pituturku.

109. Enggonku ngundhangake dhawuhing Allah iki ora pisan amrih pituwas apa-apa saka ing kowe, dene kang bakal maringi ganjaran marang aku, ora ana manèh mung Allah Pangerane wong sajagad.

110. Kowe padha wêdia ing Allah lan ngèstokna pituturku.

111. Para umate Nabi Nuh padha mangsuli: Kenging punapa kula manut ing sampeyan, tiyang ingkang sami manut ing sampeyan punika sami tiyang urakan sadaya.

112. Nabi Nuh mangsuli marang para umate: Prakara asoring pagawean ora tak pikir, aku mung diutus murih pracayane manungsa ing Allah, ora susah mêruhi luguning panganggêpe kang dibatin.

--- 2 : 863 ---

113. Mênawa kowe wêruh kang mêngkono mau, mêsthi ora nacad asoring pagawean, dene panimbange panganggêp kang dibatin iku ana ngastaning Allah Pangeranku.

114. Aku ora kêna nulak sadhengah wong kang pracaya ing Allah.

115. Aku iki ora liya mung mêmêdèni siksaning Allah kalawan têrang, lan ora mawang wong.

116. Para umate Nabi Nuh padha kaku atine, pangucape: He Nabi Nuh, anggèn sampeyan munasika dhatêng kula punika mênawi botên sampeyan mantuni, sampeyan mêsthi kula bênturi ing sela.

117. Nabi Nuh banjur munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, para umat kawula sami maibên dhatêng kawula.

118. Mila Tuwan mugi kaparênga andhawahakên lêlêrêsan tumrap anggèn kawula pasulayan kalihan para umat kawula wau, punapadene Tuwan mugi paringa wilujêng

--- 2 : 864 ---

dhumatêng kawula sakônca kawula para tiyang mukmin.

119. Ingsun paring slamêt marang Nabi Nuh sakancane para wong mukmin, ana ing prau kang kêbak isi wong lan sawarnaning khewan dharatan.

120. Sawise mangkono, para umate Nabi Nuh liya-liyane padha Ingsun tumpês kabèh, sarana Ingsun kêlêm.

121. Carita lêlakone Nabi Nuh lan para umate mau, satêmêne dadi wêwulang tumrap wong kang ngrasak-ngrasakake, ewadene manungsa ora akèh kang pracaya.

122. Satêmêne Allah Pangeranira iku Mahamulya tur Maha-asih.

123. Wong Ngad uga padha maido para rasul.

124. Sadulure wong Ngad kang aran Nabi Hud, mituturi marang wong Ngad mau: Yagene kowe padha ora wêdi ing Allah.

125. Satêmêne aku iki utusaning [utusa...]

--- 2 : 865 ---

[...ning] Allah, ênggonku ngundhangake dhawuhing Allah: Mitayani. Aku diutus mituturi marang kowe kabèh.

126. Kowe padha wêdia ing Allah lan ngèstokna pituturku.

127. Enggonku ngundhangake dhawuhing Allah iki ora pisan amrih pituwas apa-apa saka ing kowe. Dene kang bakal maringi ganjaran marang aku, ora ana manèh mung Allah Pangerane wong sajagad.

128. Yagene kowe padha angêdêgake pagupon ana ing ngêndi-êndi panggonan kang gênêng, kanggo dolanan ngiras dadi têtêngêre wong mlaku.

129. Apadene kowe padha gawe balumbang utawa sêgaran, pangarêp-arêpmu kowe langgênga urip, aja mati-mati.

130. Mangkono manèh kowe butêng sarta cêngkiling, mênawa kowe mara tangan, siya- siya.

131. Kowe padha wêdia ing Allah

--- 2 : 866 ---

sarta ngèstokna pituturku.

132. Padha wêdia ing Pangeran kang paring kabungahan marang kowe, kaya kang wis padha kowêruhi.

133. Allah wis maringi kabungahan marang kowe rupa rajakaya lan anak putu.

134. Apadene palêmahan lan kali pirang- pirang.

135. Satêmêne yèn kowe êmoh pituturku, aku kuwatir, ora wurung kowe bakal nandhang siksaning Allah, ana ing dunya lan ing akhirat.

136. Wong Ngad padha mangsuli: He Nabi Hud, kula sampeyan wulang makatên punika kalihan botên, sami kemawon, botên badhe maèlu dhatêng wêwulang sampeyan.

137. Sayêktosipun, wulang ingkang sampeyan angge ngajrih-ajrihi dhatêng kula kados ngajrih-ajrihi lare alit, punika botên liya damêl-damêlipun para tiyang kina.

--- 2 : 867 ---

138. Sampun botên kemawon kula badhe sami nandhang siksa.

139. Wong Ngad padha maido marang Nabi Hud, mulane banjur Ingsun tumpês. Kang mangkono mau satêmêne dadi lupiya tumrap wong kang ngrasak-ngrasakake, ewadene manungsa ora akèh kang pracaya.

140. Satêmêne Allah Pangeranira iku Mahamulya tur Maha-asih.

141. Wong Samud uga padha maido para rasul.

142. Dhèk samana sanake wong Samud kang aran Nabi Salèh mituturi marang wong Samud: He para sanakku, yagene kowe têka padha ora wêdi ing Allah.

143. Satêmêne aku iki utusaning Allah, ênggonku mratakake dhawuhing Allah mitayani.

144. Kowe padha wêdia ing Allah, ngèstokna pituturku.

145. Enggonku mratakake dhawuhing

--- 2 : 868 ---

Allah iki, aku ora amrih pituwas apa-apa saka ing kowe. Dene kang bakal maringi ganjaran marang aku, ora liya mung Allah Pangerane wong sajagad.

146. Apa kowe padha duwe kira yèn ênggonmu urip iku diumbar bae, têntrêm salawase, ora ana apa-apa, (luput pangiramu).

147. Saiki kowe duwe palêmahan akèh lan kali-kali.

148. Lan duwe tanduran gandum lan wit kurma kang dangune lêmês.

149. Lan padha gawe guwa ana ing gunung-gunung kanggo omah, pancèn padha baut.

150. Kowe padha wêdia ing Allah, lan ngèstokna pituturku.

151. Lan aja padha manut laku jantrane wong kaphir.

152. Kang padha gawe rusak ana ing bumi sarana panganiaya, ora gawe bêcik sarana ngadil lan pracaya ing Allah.

--- 2 : 869 ---

153. Wong Samud padha mangsuli: Sampeyan punika mêsthi tiyang kenging ing sikhir.

154. Botên liya sampeyan punika inggih tiyang kados kula kemawon, dede malaikat. Wangsulan sampeyan ngakên utusaning Allah, mênawi dhasar têmên, cobi sampeyan angwontênakên tôndha yêkti.

155. Nabi Salèh mangsuli: Tôndha yêktine, mara dêlêngên. Iki unta pêparinging Allah, mêtu saka ing watu. Kaya carane unta lair saka biyunge, têtêp kaya panjalukmu. Unta iki duwe pêpancèn ngombe ing sêndhang iki, kowe uga padha duwe pêpancèn, giliran sadina edhing. Kowe aja padha nyahak giliraning unta mau.

156. Lan kowe aja padha nandukake piala marang unta iki, yèn kowe nandukake piala, mêsthi bakal nandhang siksaning Allah kang abot, ana ing dina kang anggêgirisi.

--- 2 : 870 ---

157. Wong Samud banjur padha ambêlèh unta mau, barêng padha andêlêng bakal têkaning siksa, padha bangêt gêtun lan kaduwunge.

158. Wong Samud banjur tumpês tinêmpuh ing siksaning Allah, kaya pangancame Nabi Salèh. Kang mangkono mau mêsthi dadi lupiya lan wêwulang tumrap wong kang ngrasak-ngrasakake. Ewadene manungsa ora akèh kang pracaya.

159. Satêmêne Allah Pangeranira iku Mahamulya tur Maha-asih.

160. Para umate Nabi Lut uga padha maido para rasul.

161. Dhèk samana sanake kang aran Nabi Lut mituturi mangkene: Yagene kowe padha ora wêdi ing Allah.

162. Satêmêne aku iki utusaning Allah, ênggonku mratakake dhawuhing Allah marang kowe mitayani.

163. Kowe padha wêdia ing Allah. Lan ngèstokna pituturku.

--- 2 : 871 ---

164. Enggonku mratakake dhawuhing Allah iki, aku ora amrih pituwas apa-apa saka ing kowe. Dene kang bakal maringi ganjaran marang aku, ora liya mung Allah Pangerane wong sajagad.

165. Yagene kowe têka padha milih cumbana padha wong lanang, kang môngka ora kurang wong wadon.

166. Kowe padha nampik pawadonane rabimu, kang wis dicawisake lan diwênangake dening Allah Pangeranmu marang kowe (sanadyan rabimu iya kocumbana saka ing buri). Dadi kowe iku têtêp wong kabangêtên. Nampik barang kang diwênangake, milih kalarangan.

167. Para umate Nabi Lut padha mangsuli: He Nabi Lut, mênawi botên sampeyan mantuni anggèn sampeyan munasika dhatêng kula punika, sampeyan mêsthi kula tundhung saking ngriki.

168. Nabi Lut gênti mangsuli: Sakarêpmu,

--- 2 : 872 ---

satêmêne aku gêthing bangêt lan ora sudi marang lakumu kang mangkono iku.

169. (Nabi Lut munjuk ing Allah): Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi paringa wilujêng dhumatêng kawula sakônca kawula, saking siksa patrapanipun kalêpatan, ingkang dipun lampahi dening para umat kawula.

170. (Pangandikaning Allah): Ingsun paring slamêt marang Nabi Lut sakancane kabèh.

171. Mung wong wadon tuwa rabine Nabi Lut, iku katut Ingsun siksa, marga biyantu marang para umate Nabi Lut.

172. Para umate Nabi Lut liya-liyane banjur Ingsun tumpês.

173. Para umate Nabi Lut mau Ingsun udani watu lan walirang murub, sabanjure Ingsun walik bumine. Ala têmên udan siksane wong kaphir kang wis diwêwêdèni mêksa wangkot.

174. Lêlakoning para umate Nabi Lut mau, satêmêne dadi lupiya lan wêwulang [wêwu...]

--- 2 : 873 ---

[...lang] tumrap wong kang ngrasak-ngrasakake, ewadene manungsa akèh kang ora pracaya.

175. Satêmêne Allah Pangeranira iku Mahamulya tur Maha-asih.

176. Wong ing Madyan kang padha duwe palêmahan loh isi têtanduran, padha maido para rasul.

177. Dhèk samana Nabi Sungèb mituturi marang wong ing Madyan mau: Yagene kowe padha ora wêdi ing Allah.

178. Satêmêne aku iki utusaning Allah, dikarsakake mituturi marang kowe, ênggonku mratakake dhawuhing Allah: Mitayani.

179. Kowe padha wêdia ing Allah lan ngèstokna pituturku.

180. Enggonku ngundhangake dhawuhing Allah iki, aku ora amrih pituwas apa-apa saka ing kowe. Dene kang bakal maringi ganjaran marang aku

--- 2 : 874 ---

ora liya mung Allah Pangerane wong sajagad.

181. Kowe padha anggênêpana takên,takêr. aja ambalithuk, gawe kapitunaning wong.

182. Lan padha nrajua nganggo traju kang jêjêg.

183. Lan aja padha gawe suda ajine dhuwiting wong, lan aja padha rusuh gawe rusak ana ing bumi.

184. Padha wêdia ing Allah kang gawe awakmu, lan gawe para umat ing jaman kuna.

185. Wong ing Madyan padha mangsuli, he Nabi Sungèb, sampeyan punika mêsthi tiyang kenging ing sikhir.

186. Sampeyan punika botên liya inggih tiyang kados kula kemawon, dede malaikat. Sayêktosipun, pamanggih kula sampeyan ngakên utusaning Allah punika dora.

187. Mênawi sampeyan têmên, yêktos utusaning Allah, cobi kula sampeyan turuni siksa jawah gêgêmpalaning [gêgêmpala...]

--- 2 : 875 ---

[...ning] langit.

188. Nabi Sungèb mangsuli: Allah Pangeranku mêsthi nguningani samubarang kang padha kolakoni.

189. Wong ing Madyan padha kabanjur-banjur ênggone maido Nabi Sungêb, mulane banjur tinêmpuh siksaning Allah ana ing dina eyub, iya iku siksa ing dina kang anggêgirisi. (Dina eyub iku katêrangane mangkene: Allah mêngakake lawanging naraka Jahanam. Ing dina iku ing bumi banjur bangêt panase, wong ing Madyan banjur padha ngeyub malêbu ing omahe, nanging mêksa ora bêtah panase, banjur padha mêtu. Ing jaba ana eyub wêwayanganing mega, wong ing Madyan padha ngungsi ngeyub ing kono. Ana ing kono banjur diudani gêni, wong ing Madyan tumpês sirna dadi awu).

190. Lêlakone wong ing Madyan mau satêmêne dadi lupiya lan wêwulang tumrap wong kang

--- 2 : 876 ---

ngrasak-ngrasakake, ewadene manungsa ora akèh kang pracaya.

191. Satêmêne Allah Pangeranira iku Mahamulya tur Maha-asih.

192. Satêmêne Kuran iku tinurunake dening Allah Pangerane wong sajagad.

193. Kang dituduh andhawuhake Kuran mau Malaikat Jabarail, kang pinracaya dening Allah.

194. Didhawuhake marang atinira Mukhammad, supaya sira ênggo mêmêdèni lan ambêbungah marang manungsa.

195. Têtêmbunganing Kuran mau têmbung Ngarab kang patitis.

196. Dene anane Kuran iki wis diwêca ana ing kitab kang kuna-kuna.

197. Yagene wong kaphir ing Mêkah têka padha nyelaki tôndha yêktine yèn Kuran iku têmên dhawuhing

--- 2 : 877 ---

Allah, iya iku ênggone wis kasêbut ana ing kitab-kitab kuna, sarta wis diwêruhi dening para pandhita Bani Srail.

198. Upama Kuran iku Ingsun dhawuhake marang sawênèhe wong Ngajam, (iya iku liyane wong Ngarab).

199. Wong Ngajam iku banjur diwacakake Kuran, amêsthi wong Ngajam mau ora pracaya marang Kuran.

200. Kaya mangkono uga atine para wong kaphir padha Ingsun panjingi pamaido marang Kuran.

201. Dadi padha ora pracaya ing Kuran, nganti tumêka ênggone padha andêlêng siksa naraka kang nglarani.

202. Barêng wis têkan mangsane, siksa naraka mau banjur nêmpuh marang wong kaphir, têkane ngagètake, wong kaphir ora ngira pisan-pisan yèn bakal katêkan siksa.

203. Wong kaphir banjur padha munjuk ing Allah: Punapa kawula kaparêng nyuwun dipun [dipu...]

--- 2 : 878 ---

[...n] sarantosakên sakêdhap kemawon, kawula badhe pitados ing Tuwan.

204. Wong kaphir banjur tômpa dhawuh: Ora kêna, yagene kowe padha andhandhang lan anggege têkaning siksa.

205. (He Mukhammad) mara sira pikira, wong kaphir iku Ingsun bungahake sawatara taun lawase.

206. Barêng wis têkan ing wêwangên, banjur padha tinêmpuh ing siksa kang maune wis diancamake.

207. Kabungahane sawatara taun mau apa bisa murungake utawa mayarake siksa, (mêsthi ora bisa).

208. Ingsun ora pisan numpês wong ing padesan, kajaba yèn ing kono wis ana utusaningsun kang mêmêdèni lan nyurup-nyurupake.

209. Apadene mêmulang marang wong ing padesan mau, nanging tansah dipaido, Ingsun ora niksa kalawan panganiaya. [pangani...]

--- 2 : 879 ---

[...aya.]

210. Kang nurunake Kuran iku dudu setan.

211. Amarga setan iku mênawa arêp nginjên, ngrungok-ngrungokake gunêming malaikat, banjur dibalangi kalawan sihab (lintang alihan).

213. (He Mukhammad) manungsa iku ênggone mangeran ing Allah aja karo mangeran liyane Allah, bakal padha disiksa.

214. Para kancanira luwih manèh kang isih kalêbu sanak, padha sira wêdènana kang mangkono mau.

215. Sawise sira wêdèni, sira ngrêpèpèha, ngajèni para wong mukmin kang padha manut ing sira.

216. Mênawa para sanakira padha suthik manut ing sira, sira dhawuha: Aku wisuh, ora milu-milu ênggonmu padha nglakoni nyêmbah liyane Allah.

--- 2 : 880 ---

217. Sira pasraha ing Allah kang Mahamulya tur Maha-asih.

218. Kang mirsani sira nalikane sira ngadêg sêmbayang.

219. Lan mirsani tandangira nglakoni sêmbayang, sujud rukuk sapanunggalane.

220. Satêmêne Allah iku miyarsa tur nguningani samubarang.

221. (He wong kaphir ing Mêkah) apa sira Ingsun têrangake wong kang diwisik ing setan.

222. Setan iku misik marang sarupane wong kang dhêmên goroh lan duraka.

223. Biyèn para setan iku padha ngrungok-ngrungokake gunêmane para malaikat, banjur diwisikake marang para juru mêthèk. Dene pamêthèke para juru mêthèk iku kang akèh goroh.

224. Para wong bodho kang kêsasar saka dalan kaslamêtan padha manut [manu...]

--- 2 : 881 ---

[...t] marang para juru nganggit têmbang, calathu goroh, ngarani yèn Kuran iku têmbang.

225. Apa sira ora andêlêng yèn para juru nganggit têmbang iku, kang padha ambawur rasaning têtêmbungan.

226. Lan manèh padha ngaku nglakoni kabêcikan kang satêmêne ora dilakoni.

227. Kajaba para juru nganggit têmbang kang padha mukmin, lan padha nglakoni panggawe bêcik, lan padha akèh ênggone nyêbut asmaning Allah utawa maca Kuran.

228. Apadene padha dikaniaya dening wong kaphir sarta diala-ala. Dene wong kaphir kang padha nganiaya mau, ing têmbe bakal wêruh kawusanane ana ing akhirat.

Surat Namli (sêmut)

Tinurunake ana nagara Mêkah, sangang puluh lima ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah [Maha...]

--- 2 : 882 ---

[...murah] tur kang Maha- asih.

1. Ta, Sin, iku padha aksara Ngarab. Allah ênggone ngandika mangkono mau, kang têrang têgêse mung Allah piyambak. Ayat-ayate Surat Namli iki ayating Kuran, iya kitabing Allah kang cêtha ênggone nêrangake ala lan bêcik.

2. Minôngka pituduh lan bêbungah marang sarupane wong mukmin.

3. Kang padha nglakoni sêmbayang lan padha bayar zakat, apadene padha wêruh têrang yèn ing têmbe bakal ana dina kiyamat lan akhirat.

4. Sarupane wong kang ora ngandêl bakal ananing akhirat, iku padha Ingsun pêsthi dhêmên marang lakune kang ala, mulane banjur padha bingung.

5. Wong kang mangkono mau padha olèh panduman siksa kang abot, ana ing dunya, dene besuk ana ing akhirat, padha cilaka bangêt.

--- 2 : 883 ---

6. (He Mukhammad) sira wis diparingi Kuran saka ngarsaning Allah kang wicaksana tur nguningani samubarang.

7. Sira nyaritakna lêlakone Nabi Musa, nalika ana ing alas wayah wêngi, tutur marang rabine: Aku wêruh gêni, kowe lèrèna ing kene bae, aku tak marani gêni kae, bokmênawa baliku olèh warta pituduh dalan, utawa olèh obor kang murub, supaya kêna koênggo totor.

8. Barêng Nabi Musa wis têkan ing panggonaning gêni, Nabi Musa didhawuhi dening Allah pangandikane: Barkahing Allah dhumawuha marang Musa kang ana sajroning gêni, lan marang para malaikat kang ana sakiwa têngêning gêni, Allah Pangerane wong sajagad iku Mahasuci.

9. He Musa, wruhanira, Ingsun iki Allah kang Mahamulya tur wicaksana.

--- 2 : 884 ---

10. Têkênira iku sira uncalna, barêng Nabi Musa nguncalake têkêne, kagèt lan gumêtêr andêlêng têkêne dadi ula kang galak. Nabi Musa mungkur lumayu tanpa nolih. Allah ngandika: He Musa, sira aja wêdi, para utusan Ingsun ana ngarsaningsun tanpa kuwatir lan ora wêdi apa-apa.

11. Kajaba wong kang duraka nanging banjur tobat, sarta banjur nglironi alane kalawan kabêcikan, iku nalikane rumôngsa kaluputan, duwe wêdi. Satêmêne Ingsun iki ngapura dosa tur Maha-asih.

12. Epèk-èpèkira sira lêbokna ing kulambinira, nuli sira wêtokna, amêsthi dadi putih, dudu putihing bêlang, nanging mancorong ambalêrêngi, ngungkuli srêngenge. Saiki sira mangkata, nêmonana lan nyurup-nyurupna Raja Phirngon sabalane, kanthi tôndha yêkti kaelokan sangang warna kalêbu loro iki.

--- 2 : 885 ---

Awit Raja Phirngon sabalane iku padha wong duraka.

12. Raja Phirngon sabalane barêng katêkan tôndha yêktiningsun têrang kasat mata, banjur padha ngucap mangkene: Kaelokan iki têtela sikhir.

14.Seharusnya 13 dan seterusnya. Lan padha maido tôndha yêkti mau, tur ing batin awake wis wêruh têrang yèn kaelokan iku têmên saka ing Allah. Pamaidone mau saking dening gumêdhe suthik manut, ngantêpi ênggone kaphir, mara sira dêlênga kapriye kawusanane wong kang padha gawe rusak.

15. Ingsun wis maringi kawruh pangadilan sarta pamêngkuning wong cilik marang Nabi Dawud lan Nabi Suleman, sakarone mau padha mêmuji mangkene: Sakathahing pêpuji punika konjuk ing Allah, ingkang sampun paring kaluwihan dhumatêng kawula, ngungkuli para kawulanipun pintên-pintên ingkang sami mukmin. [mu...]

--- 2 : 886 ---

[...kmin.]

16. Nabi Suleman anggêntèni karatone Nabi Dawud lan kanabiane apadene kawruhe, dumunung waris, Nabi Suleman pitutur mangkene: He para manungsa, aku iki têtela tômpa kanugrahaning Allah, iya iku kajaba aku anggêntèni karaton lan kanabiane bapa, aku diparingi kawruh ngêrti basaning manuk lan khewan liya-liyane, lan uga diparingi samubarang kang diparingake marang para nabi lan para ratu.

17. Nalikane Nabi Suleman papara, wadyabalane: jin, manungsa, manuk lan liya-liyane padha dikalumpukake, anggarêbêg ênggone papara, sarta ditata ing panggêdhene dhewe-dhewe.

18. Barêng Nabi Suleman têkan ing jurang nagaraning sêmut, ing kono ratuning sêmut kang aran Raja Jurma angundhangi para sêmut: He para sêmut, kowe padha

--- 2 : 887 ---

malêbua ing lèngmu dhewe-dhewe, aja nganti kêpidak ing Nabi Suleman utawa para wadyabalane, awit dene saking cilike awakmu, kang ngidak ing kowe nganti ora krasa.

19. Nabi Suleman krungu undhange Raja Jurma mau mèsêm, banjur munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, kawula mugi Tuwan polahakên sukur dhatêng pêparing Tuwan kabingahan dhumatêng kawula, utawi dhumatêng bapa biyung kawula, punapadene mugi Tuwan polahakên anglampahi pandamêl sae, kados ingkang dados parêngipun karsa Tuwan, saha mugi Tuwan ewokakên para kawula Tuwan ingkang sami sae. Tuwuh saking sih palimarma Tuwan.

20. Ing sawiji dina Nabi Suleman anggolèki manuk platuk bawang nanging ora kêtêmu, banjur takon marang kang padha seba, yagene wis sawatara dina aku [a...]

--- 2 : 888 ---

[...ku] ora andêlêng klangênaku manuk platuk bawang, patute apa miruda.

21. Mara padha golèkana, yèn katêmu bakal tak patrapi kang abot, utawa bakal tak bêlèh, kajaba yèn ngaturake sabab ênggone lunga mau.

22. Ora antara suwe manuk platuk bawang mau têka, seba ing Nabi Suleman, ature: Kesah kula punika angsal pawartos ingkang sampeyan dèrèng wuninga, kula dhatêng saking nagari ing Saba, angsal pawartos ingkang nyata.

23. Wontên ing Saba kula sumêrêp ratu èstri, endah ing warni, nama Sang Ratu Bulkis, punika ngratoni tiyang saisining nagari Saba, gadhah samukawis kabêtahaning ratu, sarta gadhah ngaras agêng palênggahaning ratu.

24. Kula sumêrêp, Sang Ratu Bulkis sawadyanipun wau sami mangeran sanèsipun Allah, inggih punika sami nyêmbah surya. Setan anggodha dhatêng Sang Ratu Bulkis sawadyabalanipun, [sa...]

--- 2 : 889 ---

[...wadyabalanipun,] mila sami rêmên anglampahi awon, wusana sami kapêpêtan margining kawilujêngan. Dados sami botên angsal pitêdah.

25. Mila setan wau anggodha, supados Sang Ratu Bulkis wau sabalanipun, sampun ngantos sujud ing Allah, ingkang mêdalakên sêsimpênan ingkang wontên ing bumi, kalihan ingkang wontên ing langit, sarta nguningani samukawis ingkang dipun êdhèng utawi dipun kikibi dening manungsa.

26. Botên wontên sêsêmbahan kalayan lêrês kajawi namung Allah Pangeraning ngaras ingkang agêng.

27. Nabi Suleman mangsuli: Iya, aku bakal andêlêng nyatane aturmu iku, apa têmên apa goroh.

28. Saiki kowe mangkata mênyang nagara Saba, mundhi layangku iki, wèhna marang Ratu Bulkis lan wadyabalane, yèn wis ditampani, nuli nyalimpêta, ngrungokna [ngrungo...]

--- 2 : 890 ---

[...kna] ênggone bakal mangsuli. (Manuk platuk bawang ngèstokake dhawuh).

29. Sang Ratu Bulkis barêng wêruh ana layang ditibakake ing manuk, banjur dhawuh: He para punggawa, iki aku tômpa layang tiban, kang nganggo cap (iki rupane, mara padha dêlêngên).

30. Barêng layang mau dibukak, têmbunge mangkene: Pèngêt iki layang saka Kangjêng Nabi Suleman, (tumêkaa marang Sang Ratu Bulkis ing nagara Saba). Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

31. Liring layang, he Ratu Bulkis, kowe aja ngaku luhur, suthik ngèstokake marang aku. Mulane satampamu layang iki, kowe banjur sebaa marang aku malêbu agama Islam, sawadyabalamu.

32. Sang Ratu Bulkis barêng krungu têmbunging layang mau banjur dhawuh: He para punggawa, kapriye kang padha dadi rêmbugmu prakara lêlakon [lêla...]

--- 2 : 891 ---

[...kon] iki. Aku ora namtokake kang bakal tak lakoni, ngêntèni panimbangmu.

33. Para punggawa padha matur: Kula punika sami gagah prakosa, sugih bala, mirantos ing dêdamêl, tur sami kêndêl, sakarsanipun sang ratu kula sandika nglampahi, botên langkung sami cumadhong dhawuh.

34. Sang Ratu Bulkis dhawuh: Para ratu iku mênawa nglurug, nganti malêbu ing nagara, mêsthi ngrusakake nagara. Sarta para panggêdhening nagara kono padha digawe asor, wis mangkono adating para ratu.

35. Saiki karêpku mangkene bae, aku tak utusan nyaosi pisungsung marang Nabi Suleman, lan aku ngêntèni baline utusan mau, (kapriye katêrangane, pisungsung mau apa ditampani apa ditampik).

36. (Manuk platuk bawang barêng wis wêruh mangkate utusan, banjur mibêr mulih, nyaosi [nya...]

--- 2 : 892 ---

[...osi] pirsa marang Nabi Suleman), barêng utusane Sang Ratu Bulkis wis seba ing Nabi Suleman, nyaosake pisungsung, Nabi Suleman dhawuh: He kongkonane Ratu Bulkis, yagene gustimu têka kudu ngurugi bôndha marang aku, (iku dudu karêpku) gustimu mêsthi gêdhe atine dene bisa ngurugi bôndha. Wruhanamu pêparing Allah marang aku luwih bêcik lan luwih akèh, ngungkuli pisungsunge gustimu tikêl pirang.pirang-pirang.

37. He kongkonan, kowe muliha, pisungsunge gustimu gawanên bali, lan matura gustimu, yèn kêsuwèn ênggone seba mrene malêbu agama Islam, mêsthi tak lurugi wadyabala kang tanpa wilangan, wong ing Saba môngsa kêlara nanggulangi. Dene gustimu lan wong saisine nagara ing Saba, bakal tak tundhungi lan tak siya-siya, para panggêdhene tak lungsuri dadi wong cilik. (Satêkane utusan ing Saba, ngaturake olèh-olèhe [olèh-o...]

--- 2 : 893 ---

[...lèhe] ênggone diutus. Sang Ratu Bulkis banjur dandan mangkat seba marang Nabi Suleman).

38. Sapungkure utusan ing Saba, Nabi Suleman dhawuh: He para punggawa, apa kowe bisa anjupuk ngarase Ratu Bulkis mrene, sadurunge Ratu Bulkis seba mrene malêbu agama Islam. Sapa kang bisa matura.

39. Punggawa jin kang aran Dakuwan, matur: Kula punika gagah prakosa tur mitadosi, kula sagah andhatêngakên ngarasipun Ratu Bulkis mriki, sadèrèngipun sang nata jêngkar saking pasewakan (Nabi Suleman mangsuli: Iku isih kêsuwèn).

40. Pêpatihe Nabi Suleman, aran Asap, putrane Barkiya, iku kadunungan kawruh ghaib saka ing Lohmahphul, matur mangkene: Kula sagah andhatêngakên ngarasipun Ratu Bulkis mriki sadèrèngipun sang nata kêdhèp. Sanalika Nabi Suleman mirsani ngarase Ratu Bulkis wis ana [a...]

--- 2 : 894 ---

[...na] ngarsane. Banjur dhawuh: Kang mangkene iki têtela saka sih kanugrahaning Allah Pangeranku, kanggo nyoba marang aku, apa aku sukur ing Allah, apa aku sukur ing Allah'apa aku sukur ing Allah' tidak perlu dibaca. apa ambaèkake. Dene sing sapa sukur, pahalane bakal katêmu awake dhewe, nanging sing sapa ambaèkake, iku wêruha yèn Allah ora butuh marang sukuring kawulane, tur mulya, ora bakal mêpêt pêparinge marang wong kang ambaèkake.

41. Nabi Suleman dhawuh: Ngarase Ratu Bulkis iku owah ana pamasange, coba kapriye, Ratu Bulkis apa wêruh apa ora.

42. Barêng Ratu Bulkis wis seba, banjur didangu dening Nabi Suleman: He Ratu Bulkis, ngarasmu apa kaya ngaras iki. Ature Ratu Bulkis: Inggih kados makatên. Sadèrèngipun kula sumêrêp mukjizatipun sang nata ingkang kula manoni sapunika, [sapu...]

--- 2 : 895 ---

[...nika,] kula ugi sampun sumêrêp bilih sang nata punika nabi sayêktos, mila sapunika kula malêbêt agama Islam, ngèstokakên dhawuhipun sang nata.

43. Nabi Suleman dhawuh marèni ênggone Ratu Bulkis nyêmbah liyane Allah, iya iku nyêmbah srêngenge, satêmêne Sang Ratu Bulkis ing dina iku isih kalêbu wong kaphir.

44. Ratu Bulkis banjur didhawuhi: He Ratu Bulkis, saiki malêbua ing balekambang, (sabrangane marang balekambang mau tinutup ing kaca, nanging ora katara), panyanane Ratu Bulkis, sabrangan mau banyu kang sawatara jêrone, ora wêruh yèn ana tutupe kaca. Ratu Bulkis banjur cincing dhuwur nganti katon kempole loro pisan (tuhu nêngsêmake). Nabi Suleman dhawuh: He Ratu Bulkis, iku karêtêg kaca, kowe ora susah cincing.

45. Barêng wis têkan ing balekambang, Sang Ratu [Ra...]

--- 2 : 896 ---

[...tu] Bulkis munjuk ing Allah: Dhuh Allah Pangeran kawula, kawula punika tiyang nandhang dosa, nganiaya awak kawula piyambak, awit anggèn kawula nyêmbah srêngenge, sapunika kawula Islam, nunggil agaminipun Nabi Suleman, ngèstokakên dhawuhing Allah Pangeranipun tiyang sajagad. (Ratu Bulkis banjur kagarwa ing Nabi Suleman).

46. Ingsun wis ngutus Nabi Salèh andhawuhi para sanake, iya iku wong Samud, dhawuhe Nabi Salèh: He para wong Samud, kowe padha nyêmbaha ing Allah. Ing kono wong Samud dadi rong golongan. Kang sagolongan ngèstokake, kang sagolongan padha kaphir, maido marang Nabi Salèh, mulane padha diya- diniya.

47. Nabi Salèh takon: He para sanakku, yagene kowe têka padha nantang têkaning siksa, ora malah ngarêp-arêp sih piwêlasing Allah. Yagene

--- 2 : 897 ---

kowe ora padha nyuwun pangapuraning Allah ênggonmu padha maro tingal, supaya kowe padha olèh sih piwêlasing Allah.

48. Wong Samud padha mangsuli: Kula sampun nandhang sangsara jalaran saking sampeyan sakônca sampeyan, kabêthatan jawah lajêng pailan. Nabi Salèh nyurup-nyurupake: Sangsaramu iku saka karsaning Allah, minôngka patrapaning laku kang-kangkang. ala. Wruhanamu, kowe iku dicoba dening Allah.

49. Sajroning nagara Khijir kono ana wong lanang sanga padha nekad duraka, gawe rusak ana ing bumi, ora pisan gawe kabêcikan.

50. Wong sanga mau padha antêp-antêpan kanthi supata nyêbut asmaning Allah, prasêtyane, aku mêsthi matèni Nabi Salèh sakancane, tak cidra ing wayah wêngi, lan aku bakal muni marang ali warise

--- 2 : 898 ---

têmên ora wêruh prakara matine Nabi Salèh sakancane.

51. (Pangandikaning Allah): Wong sanga mau banjur padha nglêksanani nêja nandukake paekan kaya kang wis dirantam mau, nanging ora bisa kalêksanan. Ingsun uga banjur ngêncèngi siksa kang ngagètake marang wong sanga mau, kabèh ora nyana tinêmpuh ing siksa.

52. Mara sira rasakna, kapriye kawusanane wong sanga mau. Satêmêne Ingsun numpês wong sanga mau dalah kang padha ambiyantoni kabèh.

53. Apadene omahe wong sanga mau padha ambruk dening pêtaking malaikat, marga ênggone padha nandukake panganiaya. Kang mangkono mau tumrap wong kang wêruh kawasaningsun, mêsthi dadi tôndha yêkti lan wêwulang.

54. Sarupane wong mukmin kang padha ngèstokake parentah Ingsun, padha

--- 2 : 899 ---

Ingsun paringi salamêt, banjur lêstari ênggone padha wêdi marang Ingsun.

55. Lan sira nyaritakna lêlakone Nabi Lut, nalikane dhawuh marang para umate: Yagene kowe padha nglakoni ala cumbana padha wong lanang, tur kowe wis padha wêruh yèn iku ala.

56. Yagene kowe padha dhêmên cumbana padha wong lanang, nampik marang wong wadon, dadi kowe padha têtêp wong ala.