Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

Jus kaping rongpuluh

57. Para umate Nabi Lut tanpa mangsuli apa-apa, mung ngucap: Nabi Lut iku sakancane, padha tundhungên saka ing desa kene, awit iku padha wong suci.

58. Wasana para umate Nabi Lut mau Ingsun tumpês. Nabi Lut sakancane padha Ingsun paringi slamêt, mung rabine Nabi Lut Ingsun tamtokake kakari, kari. [ka...]

--- 2 : 900 ---

[...kari,] milu tumpês.

59. Ingsun ngudani watu marang para umate Nabi Lut, (sabanjure, bumine Ingsun walik), ala têmên udane wong kang wis diwêwêdèni nanging ora praduli.

60. (He Mukhammad) sira mêmujia, sakèhing pêpuji iku konjuk ing Allah, Allah muga paringa salamêt marang para kawulane kang pêpilihan. Bêcik êndi Allah lan brahala kang padha diênggo maro tingal dening wong musrik, (Mêsthi bêcik Allah).

61. Brahala mau bêcik êndi karo Pangeran kang gawe bumi lan langit sarta maringi banyu udan saka ing langit marang kowe. Pangandikaning Allah: Banyu udan mau Ingsun ênggo nukulake lan anggêdhèkake wit-witaning palêmahan kang dipagêri kang asri dinêlêng. Kowe padha ora bisa nukulake kêkayoning palêmahan mau, (saiki kapriye panêmumu), apa ana Pangeran kang ngêmbari Allah, (môngsa anaa). [a...]

--- 2 : 901 ---

[...naa).] Saiki wong kaphir ing Mêkah iku têtêp wong maro tingal.

62. Bêcik êndi brahala karo Pangeran kang ngrata bumi kanggo panggonaning manungsa, sarta ngilèkake kali-kali ana têngahing bumi mau, apadene andokoki gunung-gunung sarta misahake sagara loro, asin lan tawa. (Saiki kapriye panêmumu) apa ana Pangeran kang ngêmbari Allah, (môngsa anaa) nanging wowong. kaphir ing Mêkah kang akèh padha ora wêruh.

63. Bêcik êndi brahala karo Pangeran kang nêmbadani panyuwune wong kang nêmu pakewuh sêsambat ing Allah, lan kawasa ambengkas pakewuh mau, apadene amanggonake kowe ana ing bumi, anggêntèni para lêluhurmu. (Saiki kapriye panêmumu). Apa ana Pangeran kang ngêmbari Allah, (môngsa anaa), ewadene wong kaphir ing Mêkah sathithik kang padha eling kang mangkokonomangkono. [mangko...]

--- 2 : 902 ---

[...kono] mau.

64. Bêcik êndi brahala karo Pangeran kang paring pituduh dalan marang kowe ana pêpêtêng dharatan lan pêpêtênging sagara, sarana lintang lan têtêngêr liya-liyane, apadene ngididake angin dadi cêcalaning udan, kanggo ambêbungah ing kowe (saiki kapriye panêmumu) apa ana Pangeran kang ngêmbari Allah (môngsa anaa). Allah iku Mahaluhur, adoh bangêt yèn kaya brahala kang diênggo maro tingal dening wong kaphir ing Mêkah.

65. Bêcik êndi brahala karo Pangeran kang murwani gawe sarupane kang dumadi, sawise dadi banjur dibalèkake kaya maune (sirna) apadene paringan marang kowe mêtu saka ing bumi lan saka ing langit (saiki kapriye panêmumu) apa ana Pangeran kang ngêmbari Allah, (môngsa anaa). Mênawa pangucapmu ana Pangeran kang ngêmbari Allah iku têmên,

--- 2 : 903 ---

mara nêkakna tôndha yêkti.

66. (He Mukhammad) sira dhawuha: Saisining bumi lan langit iki ora ana kang wêruh ing barang kang samar-samar, mung Allah piyambak kang nguningani, isining bumi lan langit mau padha ora wêruh.

67. Besuk apa ênggone padha ditangèkake saka ing pati.

68. Saiki wong kaphir padha mamang bakal anane akhirat, malah prasasat picak, ora wêruh babar pisan, nanging besuk yèn wis ana ing akhirat, mêsthi nusuli wêruh yèn akhirat iku nyata kalêksanan.

69. Wong kaphir padha ngucap mangkene: Besuk yèn aku wis padha dadi lêmah, apadene para lêluhurku kang saiki wis dadi lêmah, apa nyata bakal padha urip manèh mêtu saka ing pakuburan.

70. Dhawuh bakal uripe wong kang

--- 2 : 904 ---

wis mati iki, aku wis didhawuhi dening Nabi Mukhammad, apadene para lêluhurku biyèn, iya wis didhawuhi dening para rasul. (Nanging panêmuku, iku nglêngkara). Ora liwat, iku mung gawe-gawene para wong kuna bae.

71. (He Mukhammad) sira dhawuha: Yèn kowe padha maido, mara padha anjajaha ing bumi, andêlênga sakèhing patilasan, lupiyane wong kuna kang padha dirusak dening Allah, marga ênggone maido para rasul, kapriye kadadiane wong wangkot maido marang para rasul.

72. Sira aja susah dening ngrasakake para wong kaphir ing Mêkah dumèh ora gêlêm pracaya, lan aja kuwatir yèn dipaeka, Ingsun mêsthi nulungi sira.

73. Para wong kaphir ing Mêkah padha matur ing Kangjêng Rasul: Manawi cariyos sampeyan punika têmên, benjing punapa kalampahanipun siksa ingkang dipun ancamakên [a...]

--- 2 : 905 ---

[...ncamakên] punika.

74. (He Mukhammad) sira dhawuha: Siksa kang koajap iku iya ana sawatara kang wus cêdhak mangsane tumêmpuh ing kowe.

75. Satêmêne Allah Pangeranira iku kagungan sih palimarma marang manungsa, ewadene manungsa mau kang akèh padha ora sukur ing Allah.

76. Lan satêmêne Pangeranira iku nguningani samubarang kang mung dibatin bae dening wong kaphir, padha bae lan kang kawêtu ing pangucape.

77. Samubarang kang luwih dening samar ana ing bumi lan ana ing langit, iku kabèh mêsthi tinulisan ana ing Lohmahphul, ora ana kang kècèr.

78. Satêmêne Kuran iki nêrang-nêrangake marang para turune Israil pirang-pirang prakara bab agama kang padha dadi pasulayan.

79. Lan satêmêne Kuran iku [i...]

--- 2 : 906 ---

[...ku] pituduh lan dadi rahmat tumrap para wong mukmin.

80. Satêmêne ing besuk dina kiyamat, Allah Pangeranira mancasi prakarane wong kang padha pasulayan prakara agama, dipancas kalawan adiling Allah, Allah iku mulya, mênang tur nguningani samubarang.

81. Sira ngandêla lan pasraha ing Allah bae, awit sira iku wis têrang nglungguhi bênêr.

82. Satêmêne wêwulangira ora bisa tumama marang wong kang atine mati, iya iku wong kaphir, apadene pangundangira ora bisa tumama marang wong budhêg kang mungkur lan malengos.

83. Lan manèh sira ora bisa nuduhake dalan bênêr marang wong kang atine picak supaya nyingkirana panasaran. Bisane tumama wêwulangira mung tumrap marang wong kang ngandêl ing Kuran ayat Ingsun, dadi wong mau padha Islam.

84. Ing besuk nalikane dhawuh bêbênduning [bê...]

--- 2 : 907 ---

[...bênduning] Allah wis diwajibake marang para wong kaphir, Ingsun mêtokake khewan kang anggêgirisi, mêtu saka ing bumi. Khewan mau nyalathoni marang wong mangkene: Pangandikaning Allah: Wong kaphir iku padha ora ngandêl marang Kuran ayat Ingsun.

85. (He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane Ingsun anglumpukake wong kang padha maido ayat Ingsun, siji-sijining umat dadi sapôntha-sapôntha. Kabèh padha ora kêna lunga, kang têka dhisik kudu ngêntèni kang kari.

86. Barêng wis têka ngalumpuk kabèh, Allah ngandika: Yagene sira padha wani-wani maido ayat Ingsun, tanpa sira pikir, sira ora wêruh katêrangane apa bênêr apa luput. Saiki êndi parentah Ingsun kang padha sira lakoni.

87. Ing kono dhawuhing Allah namtokake siksane tumiba marang para wong kaphir mau, marga ênggone duraka [du...]

--- 2 : 908 ---

[...raka] kaphir, dadi kabèh banjur padha ora bisa calathu sakêcap.

88. Yagene wong kaphir têka padha ora andêlêng ênggon Ingsun gawe wêngi kanggo wayahing wong padha lèrèn, sarta gawe rina kanggo wayahing wong mêlèk andêlêng barang-barang.

Kang mangkono iku tumrap para wong mukmin, dadi tôndha yêkti sampurnaning kawasaningsun.

89. Lan nyaritakna nalikane Malaikat Israphil andamu sêmpronge, ing kono saisining bumi lan saisining langit padha giris kabèh, wusana padha mati, mung sapa kang diparêngake dening Allah, iku ora wêdi. Kabèh mau barêng wis padha ditangèkake saka ing pati, banjur padha seba ing ngarsaning Allah, sarta padha cilik atine.

90. Nalika iku sira andêlêng gunung saking dening gêdhene, sira kira mênêng bae, nanging satêmêne gunung mau mlaku

--- 2 : 909 ---

rikat, kaya lakuning mega ginawa angin. Kang mangkono iku pandamêle Allah kang nindakake obah osiking samubarang nêtêpi apa bênêre. Satêmêne Allah iku waspada marang panggawene para kawulane.

91. Sing sapa nglakoni kabêcikan, (ngucap: la ilaha illallah) wong iku ana ing akhirat, olèh ganjaran kang luwih bêcik tinimbang lan kabêcikan kang dilakoni. Sarta ana ing dina kiyamat, slamêt saka samubarang kang diwêdèni.

92. Dene sing sapa nglakoni ala, (kaphir, maro tingal) wong mau raine dijungkêlake ing naraka. Malaikat kang jaga naraka nyalathoni: Siksa mangkene iki wêwalêsing apa ta, ora liya iya wêwalêsing ala kang padha kolakoni biyèn.

93. (He Mukhammad) sira dhawuha: Aku mêsthi diparentahi nêmbah ing Allah Pangeraning nagara Mêkah kang dimulyakake [dimulyaka...]

--- 2 : 910 ---

[...ke] iki, samubarang iku kabèh kagunganing Allah, lan aku didhawuhi nglakoni agama Islam.

94. Lan manèh aku didhawuhi tabêri macakake Kuran marang kowe wong Mêkah kabèh, apadene ngajak pracaya ing Allah. Sing sapa olèh pituduh, banjur pracaya ing Allah, pahalane pituduh mau makolèhi marang awake dhewe. Dene sing sapa kêsasar, suthik pracaya ing Allah (iku sangsarane ora bakal anglèpèti marang aku) wajibku ora liya mung ngundhangake dhawuh, mêmêdèni siksaning Allah.

95. Lan sira dhawuha: Sakèhing pêpuji iku kabèh konjuk ing Allah, Allah bakal nontonake ayat marang kowe, (ana papêrangan ing Badar) kanggo tôndha yêkti kawasaning Allah, kowe bakal padha wêruh tôndha yêkti mau. Allah Pangeranmu ora pisan kasupèn samubarang [sa...]

--- 2 : 911 ---

[...mubarang] kang padha kolakoni.

Surat Kasas, (carita)

Tinurunake ana nagara Mêkah, wolung puluh wolu ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Ta, Sin, Mim, iku kabèh araning aksara Ngarab. Allah ênggone ngandika mangkono iku, mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan surasane. Ayate surat iki ayating Kitab Kuran, kang nêrangake bênêr lan luput.

2. (He Mukhammad) Ingsun nyaritakake lêlakone Nabi Musa lan Raja Phirngon marang sira. Carita iku têmên, migunani marang para wong mukmin.

3. Raja Phirngon iku lumuhur-luhur ana ing bumi Mêsir, (sarupaning wong ora kêna ngukuhi nyawane dhewe, [dhe...]

--- 2 : 912 ---

[...we,] pati uripe gumantung sakarêpe Raja Phirngon), wong ing Mêsir digawe rong warna, kang sagolongan bôngsa Kibti, iku bôngsa luhur, kang sagolongan manèh bôngsa Bani Israpil, iku bôngsa asor. (Dhèk samana ana juru nujum mêmêca yèn ing Mêsir bakal ana bayi lair mêtu lanang, iku ing têmbe bakal nyirnakake karatone Raja Phirngon), Raja Phirngon banjur dhawuh ambêlèhi bayi kang mêtu lanang, dene kang mêtu wadon padha diuripi. Raja Phirngon iku wong gawe rusak.

4. Ingsun kaparêng nulungi bôngsa Bani Srail kang digawe asor lan kalah ana ing bumi Mêsir. Bôngsa Bani Srail mau, Ingsun dadèkake panutan lan Ingsun dadèkake aliwaris, padha olèh panduman karatone Raja Phirngon, (sawise tumpês sabalane ana ing sagara).

5. Ingsun nguja Raja Phirngon sabalane, Ingsun umbar ana ing bumi Mêsir, wusana Raja

--- 2 : 913 ---

Phirngon lan patihe aran Aman, sabalane padha Ingsun tontonake barang kang maune dikuwatirake, (iya iku pamêthèke juru nujum: Ing têmbe bakal ana bocah lanang kang bakal nyirnakake karatone Raja Phirngon).

6. Ingsun andhawuhi marang biyunge Nabi Musa: (He Yukhanid), sira nusonana anakira. Mênawa sira kuwatir ênggonira rumêksa anakira, sira wadhahana ing pêthi, banjur sira kèlèkna ing bêngawan Nil bae. Sira aja kuwatir lan susah prakara anakira, ing têmbe Ingsun balèkake marang sira, sarta anakira mau bakal Ingsun piji dadi utusan Ingsun.

7. Barêng Nabi Musa wis dikèlèkake ing bêngawan Nil, banjur ditêmu dening Asiyah pramèswarine Raja Phirngon. Nanging wêkasane, Nabi Musa mau dadi satru nusahake Raja Phirngon sabalane. Satêmêne Raja Phirngon lan patih [pa...]

--- 2 : 914 ---

[...tih] Aman sabalane mau padha duraka, lan ora wêruh yèn Nabi Musa iku ing têmbe dadi satru kang bakal nyirnakake karatone Raja Phirngon.

8. Raja Phirngon banjur arêp matèni marang Nabi Musa. Pramèswarine Raja Phirngon banjur matur: Lare punika kula rêmên, tumrap ing kula utawi ing sampeyan, lare punika dados têtêping paningal, mila sampun têka badhe sampeyan pêjahi. Lare punika kula pêndhêt anak, pangajêng-ajêng kula ing têmbe migunanana dhatêng kula. Raja Phirngon sabalane kêtaman mêmanising têmbung, nurut sapanjaluke Asiyah. Bayi banjur dijênêngake: Musa. Raja Phirngon sabalane ora pisan nyana yèn bayi iku babare kang diwêca ing juru nujum.

9. Biyunge Nabi Musa barêng krungu yèn anake ditêmu Raja Phirngon, bangêt bingunge, upama atine ora

--- 2 : 915 ---

Ingsun talèni kalawan Ingsun paringi sabar lan têguh têtêp, supaya dadia wong pracaya marang prasêtyaningsun, mèh bae anjêrit masajakake yèn bayi iku anake.

10. Yukhanid ngatag marang Miryam bak ayune Nabi Musa: He Miryam, adhimu kodholên, supaya kowe wêruha kapriye kadadiane. Miryam banjur ngodhol saka ing kadohan bae. Sakèhing wong padha ora nyana yèn iku sadulure bayi kang tinêmu mau.

11. Saka kawasaningsun, Nabi Musa sadurunge têka biyunge, ora arêp disusoni sapa-sapa, Asiyah bangêt susahe. Ing kono Miryam nyêdhak sarta matur marang pramèswari Asiyah: Punapa sampeyan karsa kula têdahakên tiyang ingkang dados inya sarta ngopèni dhatêng bayi punika kalayan têmên-têmên. (Asiyah miturut saature Miryam, Miryam banjur ngundang biyunge.

--- 2 : 916 ---

Barêng Nabi Musa disusoni biyunge dhewe: arêp).

12. Ing dina iku Nabi Musa Ingsun balèkake marang tangane biyunge, supaya biyunge têtêpa pandêlênge, lan ilang susahe, sarta wêruha yèn prasêtyaning Allah iku nyata. Wong akèh padha ora wêruh yèn Yukhanid iku biyunge Nabi Musa olèh prasêtyaning Allah. (Ing sawiji dina Nabi Musa kaluputan marang Raja Phirngon, nganti ditundhung, Nabi Musa banjur lunga adoh).

13. Barêng Nabi Musa wis diwasa lan wis wayah mêmpêng, Ingsun paringi kawicaksanan lan kawruh. Kaya mangkono uga Ingsun angganjar marang para wong mukmin kang padha nglakoni kabêcikan.

14. Nabi Musa banjur malêbu ing talatah nagara Mêsir, karêpe sêsingidan, aja nganti wêruh wong ing Mêsir, dumadakan Nabi Musa wêruh wong loro padha kêrêngan, kang siji santanane [sa...]

--- 2 : 917 ---

[...ntanane] Nabi Musa wong Bani Srail, sijine satrune Nabi Musa wong Kibti. Santanane Nabi Musa sêsambat anjaluk tulung marang Nabi Musa, supaya ucula saka siya-siyane wong Kibti mau. Nabi Musa banjur nêpsu, wong Kibti dijotos, niba kapisanan, banjur dipêndhêm ing wêdhèn. Nabi Musa calathu: Kang mangkene iki têtela satru kang gawene nasarake.

15. Nabi Musa munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, sayêktosipun kawula punika lêpat, nganiaya dhatêng badan kawula piyambak, Tuwan mugi ngapuraa dhumatêng kawula. Allah banjur ngapura marang Nabi Musa. Satêmêne Allah iku kaparêng ngapura tur Maha-asih.

16. Nabi Musa munjuk manèh: Dhuh Pangeran kawula, sarèhne Tuwan sampun ngapura saha nutupi kawula, kawula botên badhe têtulung dhatêng tiyang kaphir.

17. Nabi Musa sawise matèni wong Kibti, ana ing Mêsir tansah ngandhut kuwatir, [kuwa...]

--- 2 : 918 ---

[...tir,] mulane bangêt prayitna bokmênawa nêmu pakewuh. Dumadakan wong Bani Srail kang mêntas ditulungi dhèk wingi, kêrêngan lan wong Kibti manèh, sêsambat anjaluk tulung marang Nabi Musa, Nabi Musa srêngên marang wong Bani Srail mau: Kowe iku têtela wong nakal. (Dhèk wingi aku nganti kêlakon matèni wong Kibti marga nulungi kowe, saiki kowe sêsambat anjaluk tulung manèh).

18. Nabi Musa banjur tumandang arêp anjotos marang wong Kibti mungsuhe wong Bani Srail mau, lan uga satrune Nabi Musa. Panyanane wong Bani Srail, Nabi Musa mau arêp anjotos marang awake, mulane banjur matur: He Nabi Musa, punapa sampeyan badhe mêjahi kula, kados anggèn sampeyan mêjahi tiyang Kibti kalawingi. (Nabi Musa barêng krungu calathune wong Bani Srail mau, sangsaya [sangsa...]

--- 2 : 919 ---

[...ya] bangêt kuwatire).

19. Ing Mêsir ana wong lanang kang trêsna marang Nabi Musa, mlayu-mlayu saka sajroning nagara, nêmoni Nabi Musa banjur matur: He Nabi Musa, punggawa ing Mêsir sami ngupadosi sampeyan, badhe mêjahi dhatêng sampeyan, mila sapunika enggal sampeyan kesah saking ngriki. Kula punika pitutur murih sae sayêktos dhatêng sampeyan.

20. Nabi Musa banjur lunga saka ing Mêsir, ana ing dalan tansah kuwatir lan prayitna, lan munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, kawula nyuwun wilujêng saking piawonipun tiyang kaphir ing Mêsir ingkang sami nganiaya.

21. Lungane Nabi Musa sumêdya marang desa Madyan. Nabi Musa munjuk ing Allah, dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi nêdahna margi lêrês dhumatêng kawula.

22. Barêng lakune Nabi Musa têkan ing

--- 2 : 920 ---

sumure wong Madyan, ing pinggir sumur kono ana wong akèh padha ngombèni khewane.

23. Liyane wong lanang akèh mau, ana bocah wadon loro ora milu ngombèni wêdhuse. Nabi Musa takon marang bocah wadon loro mau: Yagene kowe têka ora milu ngombèni wêdhusmu. Bocah wadon mangsuli: Anggèn kula ngombèni menda kula ngêntosi mênawi para tiyang jalêr punika sampun rampung. Kula lare èstri kêpêksa ngombèni menda, awit bapa kula sampun sêpuh tur pikun.

24. Nabi Musa banjur mitulungi marang bocah wadon loro mau, wêdhuse diombèni (ing sumur liya sandhinge sumur kang diênggo ing wong akèh mau, nanging sumur mau ditutupi watu gêdhe, ora kêlar diobahake wong satus, iku dibrengkal ing Nabi Musa dhewe). Nabi Musa sawise ngombèni wêdhus,

--- 2 : 921 ---

banjur ngeyub ana ngisor kêkayon, sarta munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, kawula punika ngajêng-ajêng pêparing Tuwan, kathah utawi sakêdhik, (bocah wadon loro mau banjur padha mulih anggiring wêdhuse).

25. Ora antara suwe bocah wadon loro mau kang siji bali marang panggonane Nabi Musa, ênggone mlaku kudhung kulambine sêmu isin. Bocah wadon mau matur marang Nabi Musa: Sampeyan dipun aturi bapa kula dhatêng griyanipun. Bapa kula badhe malês kasaenan sampeyan anggèn sampeyan ngombèni menda kula. Nabi Musa banjur tut buri bocah wadon mau. Barêng têkan ing ngomahe bapakne aran Nabi Sungèb, Nabi Musa banjur ngandharake lêlakone, wiwitan têkan ing wêkasan. Nabi Sungèb banjur pitutur: Enggèr, kowe aja kuwatir, Allah mêsthi paring salamêt marang kowe saka

--- 2 : 922 ---

pialane wong kaphir nganiaya.

26. Bocah wadon loro mau kang siji matur marang bapakne: Dhuh bapak, Nabi Musa punika mugi sampeyan dadosakên Pangeran kemawon, awit punika prayogi, gagah prakosa tur mitadosi.

27. Nabi Sungèb mituruti, têmbunge marang Nabi Musa: He Nabi Musa, anakku wadon loro iki salah sijine bakal tak dhaupake lan kowe, nanging kowe kudu dadi pangonku dhisik, lawase wolung taun, dene yèn kowe gêlêm nutugake nganti sapuluh taun saka karêpmu dhewe, iya bangêt trimaku, aku ora nêja gawe rêkasamu, mara ta lakonana, mênawa diparêngake dening Allah, ing têmbe kowe bakal wêruh bêcik kadadiane.

28. Nabi Musa mangsuli: Makatên punika prajanjian sampeyan kalihan kula, wondene wêwangên sampeyan kalih warni,

--- 2 : 923 ---

wolung taun kalihan sadasa taun wau, salah satunggalipun, kula botên badhe awrat anglampahi. Allah ingkang nguningani kasagahan kula punika.

29. Barêng Nabi Musa ênggone nglakoni dadi pangon wis pundhat wêwangêne, (banjur didhaupake lan anake Nabi Sungèb kang ênom, aran Sapurah, barêng wis antara lawas) Nabi Musa mangkat mulih mênyang nagara Mêsir sarimbitan lan rabine. Kocapa, ana ing dalan ing wayah wêngi kang pêtêng, Nabi Musa andêlêng ing gunung Tursina ana gêni murub. Banjur calathu marang rabine, kowe anaa ing kene bae, aku arêp marani gêni kae, bokmênawi baliku olèh pituduh dalan utawa bisa anggawa ooborobor. supaya kêna koênggo totor.

30. Barêng wis têkan ing panggonaning gêni, katêrangane kang murub mau kêkayon ijo [i...]

--- 2 : 924 ---

[...jo] lan sêgêr, ana ing palêmahan kang binarkahan dening Allah, prênah pinggiring jurang kang ana têngêne Nabi Musa. Ing kono Nabi Musa tômpa dhawuh pangandikaning Allah, saka ing gêni mau, pangandikane: He Musa, satêmêne Ingsun iki Allah Pangerane wong sajagad.

31. Têkênira iku sira uncalna. Nabi Musa banjur nguncalake têkêne, sanalika têkên mau dadi ula gêdhe, lakune rikat kaya ula cilik. Barêng Nabi Musa wêruh, banjur mungkur mlayu tanpa nolih. Nabi Musa nuli ditimbali ing Allah: He Musa, sira madhêpa lan aja wêdi, sira ora bakal kêna pialaning ula.

32. Epèk-èpèkira sira lêbokna ing kulambinira, nuli sira wêtokna, (Nabi Musa nuli nglêbokake èpèk-èpèke ing kulambine, barêng diwêtokake)

--- 2 : 925 ---

èpèk-èpèke Nabi Musa malih warna putih dudu putihing bêlang, (nanging mancorong ambalêrêngi, ngungkuli srêngenge) mênawa sira wêdi kaananing tanganira, nuli sira lêbokna ing kulambinira manèh, mêsthi bali kaya mau-maune. Loro iku padha tôndha yêkti saka Allah Pangeranira, kanggo wêwaton nyurup-nyurupake marang Raja Phirngon sapunggawane (saiki sira mangkata, nyurup-nyurupna Raja Phirngon sapunggawane) awit kabèh iku padha wong duraka kaphir.

33. Nabi Musa munjuk: Dhuh Pangeran kawula, kawula punika sampun mêjahi tiyang Kibti, panunggilanipun wadya Raja Phirngon, mila kawula kuwatos mênawi Raja Phirngon lajêng mêjahi dhatêng kawula.

34. Kakang kawula pun Harun punika langkung tètèh patitis wicantênipun, ngungkuli kawula, mila mugi wontêna karsa Tuwan ngutus pun Harun wau dados kônca [kô...]

--- 2 : 926 ---

[...nca] kawula, supados nêksèni yèn kawula têmên dados utusan Tuwan, awit kawula kuwatos bokmênawi Raja Phirngon maibên dhumatêng kawula.

35. Allah ngandika: Lêngênira bakal Ingsun santosakake sarana biyantune kakangira Harun, lan sira wong loro lan Harun, Ingsun paringi prabawa, dadi pialane Raja Phirngon sabalane ora bisa tumama marang sira wong loro, marga dening mukjijat tôndha yêkti saka Ingsun. Sira lan wong kang padha manut marang sira, iku kabèh padha mênang.

36. Barêng Nabi Musa wis têkan ing pasewakane Raja Phirngon, mratelakake ênggone diutus ing Allah lan anggêlarake mukjijat kaelokan, minôngka tôndha yêkti, Raja Phirngon sapunggawane padha ngucap: Kaelokan iki ora liya sikhir, diawadake tôndha yêkti saka [sa...]

--- 2 : 927 ---

[...ka] Allah. Aku ora krungu caritane yèn para lêluhurku biyèn padha didhawuhi nyêmbah ing Allah kaya kandhane Nabi Musa iki.

37. Nabi Musa mangsuli: Pangeran kula tamtu nguningani dhumatêng tiyang ingkang ngundhangakên pitêdah lêrês, têrang saking Allah, sarta dhumatêng tiyang ingkang benjing wontên ing akhirat angsal pangalêmbana. Tiyang kaphir tamtu botên sagêd bêgja.

38. Raja Phirngon dhawuh: He para punggawa, aku ora wêruh yèn kowe duwe Pangeran liyane aku. He Aman, saiki parentaha gawe bata. Aku yasakna panggung kang luwih dening dhuwur, supaya aku bisa wêruh marang Pangerane Nabi Musa, satêmêne panêmuku, kandhane Nabi Musa iku kabèh goroh.

39. Raja Phirngon sabalane padha gumêdhe ana ing bumi Mêsir, tur dudu bênêre gêdhe. Pangrasane: Ing têmbe ora [o...]

--- 2 : 928 ---

[...ra] bakal dibalèkake marang ngarsaningsun, ditimbang ala lan bêcike.

40. Mulane ing wêkasan, Raja Phirngon sabalane mau Ingsun tumpês sarana Ingsun tungkêpi banyu ana ing sagara Kuljum. Mara sira dêlênga, kapriye kadadiane wong kang padha duraka kaphir.

41. Raja Phirngon sabalane mau padha Ingsun dadèkake pangarêp kang nuntun wong malêbu ing naraka. Ing besuk dina kiyamat, ora pisan olèh pitulung.

42. Sajrone ana ing dunya iki, Raja Phirngon sabalane wong kaphir kabèh, padha Ingsun tungkêpi siksa, dene besuk dina kiyamat, padha Ingsun dokoki têtêngêr ala.

43. Sawise Ingsun numpês para umat kang kuna-kuna, (kaya ta para umate Nabi Nuh, wong Ngad, wong Samud lan liya-liyane) kanggo lupiya ditonton ing wong akèh, supaya padha olèha

--- 2 : 929 ---

pituduh bênêr, lan minôngka rahmat marang wong kang padha pracaya ing Allah, Ingsun banjur maringi Kitab Torèt marang Nabi Musa, supaya para umate padha elinga lan ngrasak-ngrasakake sakèhing pitutur kang kasêbut ing Kitab Torèt mau.

44. (He Mukhammad) nalikane Ingsun imbal pangandika lan Nabi Musa ana ing gunung Tursina, ênggone Nabi Musa Ingsun piji dadi utusaningsun, dhèk samana sira ora ana ing kulone Nabi Musa, lan ora manoni ênggon Ingsun imbal pangandika mau.

45. Sapungkure Nabi Musa, Ingsun nitahake manungsa pirang-pirang kang padha dawa ngumure, nganti pirang-pirang atus taun lawase. Mangkono manèh sira ora omah têtanggan lan wong ing Madyan, ing panggonane Nabi Sungèb biyèn, puruita marang wong ing kono bab carita lêlakone Nabi Sungèb, (murwate sira ora wêruh

--- 2 : 930 ---

lêlakone Nabi Musa lan Nabi Sungèb mau), ewadene sarèhne Ingsun ngutus marang sira, dadi sira Ingsun wêruhake carita lêlakone Nabi Musa lan Nabi Sungèb mau.

46. Mangkono uga nalikane Nabi Musa Ingsun timbali nampani Kitab Torèt ana ing gunung Tursina, sira iya ora ana ing gunung kono, ewadene sira Ingsun wêruhake caritane, minôngka rahmat saka Pangeranira, supaya sira ênggo mêmulang marang wong ing Mêkah sapungkure Nabi Ngisa, bokmênawa padha ngèstokake parentah Ingsun.

47. Lan supaya wong kaphir ing Mêkah mau mênawa ing têmbe tinêmpuh ing siksa marga saka kaluputan kang wis dijarag dhewe, aja nganti sêsambat mangkene: Dhuh Allah, kenging punapa Tuwan têka botên karsa utusan Rasul anyêrêp-nyêrêpakên dhumatêng kawula. Upami Tuwan karsa utusan, kawula tamtu ngèstokakên dhawuh Tuwan, sarta kawula [ka...]

--- 2 : 931 ---

[...wula] lajêng sami pitados ing Tuwan.

48. Barêng wong kaphir ing Mêkah katêkan utusan kang nyata têrang saka Ingsun, banjur padha madoni: Kenging punapa Nabi Mukhammad botên dipun paringi dening Allah kados pêparingipun dhatêng Nabi Musa rumiyin. (He Mukhammad, sira mangsulana): Wong kaphir apa ora maido marang dhawuhe Nabi Musa biyèn, malah saiki padha ngucap: Kuran lan Torèt iku loro pisan sikhir kabèh kang padha sabiyantu. Mulane loro pisan aku maido.

49. (He Mukhammad) sira dhawuha: Mênawa pangucapmu iku têmên lan bênêr, mara nêkakna kitab kang têrang saka Allah, kang ngungkuli Kuran lan Torèt ênggone nuduhake dalan kaslamêtan, aku bakal manut.

50. Mênawa wong kaphir ing Mêkah ora bisa ngarani kang dadi panjalukira, iku sira [si...]

--- 2 : 932 ---

[...ra] wêruha yèn wong kaphir ing Mêkah mau satêmêne mung bêrkunung nuruti karêpe dhewe bae. Ora ana wong kêsasar bangêt ngungkuli wong kang bêrkunung nuruti karêpe dhewe, tanpa pituduh saka ing Allah. Satêmêne Allah ora karsa paring pituduh dalan kaslamêtan marang para wong kaphir.

51. Ingsun wis nêrang-nêrangake Kuran pangandikaningsun marang para wong kaphir ing Mêkah kabèh, supaya padha ngèstokake marang Ingsun.

52. (He Mukhammad) wong kang padha Ingsun paringi cêcêkêlan kitab kuna, (iya iku Ngabdullah anake Salam, sakancane wong patang puluh) kang saiki banjur padha pracaya lan ngèstokake dhawuhing Kuran.

53. Lan nalika diwacakake Kuran, banjur padha ngucap: Kula pitados sarta ngèstokakên dhatêng Kuran,

--- 2 : 933 ---

awit Kuran punika nyata, têrang saking Allah Pangeran kula, malah sadèrèngipun Kuran punika dhumawuh, kula sampun pitados dhatêng Kuran, (awit sampun dipun wêca wontên ing kitab cacêpêngan kula).

54. Ngabdullah anake Salam sakancane wong patang puluh mau, mêsthi padha diparingi ganjaran rong prakara, (kang siji ganjaran ênggone pracaya marang cêcêkêlane kitab lawas, sijine ganjaran ênggone pracaya marang Kuran) mulane padha diganjar rong prakara mau, awit ênggone padha têguh atine, ngèstokake kitab loro mau, lan padha nyirnakake alane kalawan kabêcikan, apadene padha mèwèhake rijêki pêparing Ingsun, marang kancane padha wong Islam.

55. Lan manèh wong patang puluh mau

--- 2 : 934 ---

mênawa krungu unèn-unèn ala saka wong kaphir, pisuh sapêpadhane, padha malengos, pangucape: Lakuku bakal makolèhi marang aku dhewe, dene lakumu, kadadiane iya bakal tumrap marang kowe. Aku lan kowe andum salamêt bae, aku suthik kêkancan lan wong bodho, ora wêruh marang agama kang bênêr.

56. (He Mukhammad) sira môngsa bisa anuduhake dalan kaslamêtan marang wong kang sira dhêmêni, nanging Allah kang kawasa paring pituduh dalan kaslamêtan marang wong kang dadi parênging karsane. Allah mêsthi nguningani marang wong kang gêlêm nampani pituduhing Allah.

57. Para turune Kurès padha ngucap: He Nabi Mukhammad (kula sumêrêp sayêktos yèn sampeyan punika sanyata utusaning Allah, sarta agama Islam ingkang sampeyan gêlarakên punika nyata têrang saking Allah, ananging) manawi [mana...]

--- 2 : 935 ---

[...wi] kula manut pitêdahing agama Islam wau kula kuwatos, botên wande kula dipun cuthat dening tiyang Ngarab saking nagari Mêkah ngriki, (pangandikaning Allah): Turuning Kurès apa ora wis Ingsun wênangake manggon ana ing Mêkah bumi kharam kalawan têntrêm, ora ana pangarubiru. Pira-pira wowohan kang warna-warna padha têka marang Mêkah, minôngka pêparing Ingsun rijêki, ewadene wong Kurès kang akèh padha ora wêruh kang mangkono mau.

58. Pira bae kèhe wong padesan kang padha kumêd, ora pisan sukur ing Allah ênggone diparingi sugih bôndha. Wong dalah desane Ingsun rusak. Dene patilasane saprene isih. Sapungkure si kumêd mau ora ana wong gêlêm manggon ing kono, kajaba mung kanggo palèrènane wong malaku sawatara suwene. Dene panggonan mau ing saiki aku iya olèh warisan milu

--- 2 : 936 ---

lèrèn ana ing kono.

59. Pangeranira ora karsa numpês wong ing padesan marga saka dosane, kajaba yèn wis ngutus rasul ana ing baboning desa mau, ngundhangake dhawuh Ingsun marang wong-wong ing desa kono, kang môngka wong ing kono ora praduli. Ingsun ora karsa numpês wong ing padesan, kajaba yèn wong ing kono padha duraka, maido marang utusan Ingsun.

60. Sadhengah kabungahan kang diparingake marang sira, iku ora liya kabungahan lan rêrênggan ing dunya, kang mung sawatara suwene banjur sirna. Dene ganjaran ana ngarsaning Allah, iku luwih bêcik tur langgêng. Apa sira ngêrti yèn barang kang langgêng iku luwih bêcik, ngungkuli barang kang bakal sirna.

61. Wong kang Ingsun paringi prasêtya, bêcik bakal ginanjar suwarga, iku mêsthi kalêksanan olèh ganjaran suwarga têmênan. Apa iku padha bae lan wong kang Ingsun [Ing...]

--- 2 : 937 ---

[...sun] lulu, Ingsun paringi kabungahan ing dunya, ing besuk ana ing akhirat bakal padha dicêmplungake ing naraka.

62. (He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane Allah malèh-malèh marang para wong maro tingal, pangandikane: Endi rupane brahala kang padha sira anggêp dadi têtimbangan Ingsun.

63. Para pangarêpe wong kaphir kang wis padha dipancas dening pangandikaning Allah malêbu ing naraka, padha munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, para tiyang kaphir punika tiyang ingkang sami kawula sasarakên rumiyin. Kêsasaripun sami kemawon kalihan kêsasar kawula, sapunika kawula wisuh, awit para tiyang kaphir punika botên namung manut dhumatêng kawula, sajatinipun manut dhatêng manahipun piyambak-piyambak.

64. Wong kaphir padha didhawuhi dening malaikat: Mara padha ngundanga brahala [braha...]

--- 2 : 938 ---

[...la] kang padha kosêmbah biyèn, koênggo maro tingal ênggonmu mangeran marang Allah, supaya murungna ênggonmu bakal padha disiksa. Wong kaphir banjur padha ngundang brahalane, nanging brahalane padha ora mangsuli apa-apa. Wong kaphir padha andêlêng siksa naraka, êntèk atine. Upama wong kaphir mau nalika ana ing dunya manut pituduh agama Islam, mêsthi ora andêlêng siksa naraka.

65. (He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane Allah andangu marang para wong kaphir, pangandikane: Kapriye aturira nalika sira didhawuhi dening para rasul.

66. Sanalika wong kaphir padha ilang pikire, ora bisa mangsuli pangandikaning Allah, lan ora bisa takon-tinakokan padha kancane.

67. Dene wong kaphir kang banjur tobat nalika ana ing dunya, lan banjur pracaya [pra...]

--- 2 : 939 ---

[...caya] ing Allah, apadene banjur nglakoni panggawe bêcik, iku kêna diarêp-arêp, cêpak dadine wong bêgja.

68. Allah Pangeranira iku gawe samubarang kang dadi parênging karsane, lan milih wong kang dadi parênging karsane, dikarsakake sêtya tuhu ngabêkti ing Allah, para kawula ora bisa duwe pamilih apa-apa kang nganti kalêksanan, kajaba kalawan parênging Allah. Allah iku Mahasuci lan Mahaluhur, adoh bangêt yèn kayaa panêmune wong kang maro tingal.

69. Pangeranira nguningani samubarang kang mung dibatin ana sajroning ati dening wong kaphir, lan barang kang kawêtu ing pangucape.

70. Iya iku Allah, ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah, sakèhing puji ana ing dunya lan ana ing akhirat, iku kabèh konjuk ing Allah. Allah iku kawasa mancas [manca...]

--- 2 : 940 ---

[...s] prakaraning para kawula kabèh. Ing têmbe para kawula mau diimpun marang ngarsaning Allah.

71. (He Mukhammad) sira dhawuha: Kapriye, upama kaparênging Allah môngsa iki digawe awan kabèh ing salawas-lawase, nganti têkan dina kiyamat, tanpa ana wêngine. Sapa Pangeran kang bisa nêkakake wêngi, kang bakal koênggo palerenan, kajaba mung Allah. Apa kowe ora padha rumasa ing kaluputanmu ênggonmu padha maro tingal.

73. Allah gawe rina lan wêngi agênta-gênti, kabèh mau migunani marang kowe, supaya wêngi mau koênggo palerenan, lan rina mau koênggo mangsane ngupajiwa ngupaya sih pêparinging Allah, lan supaya kowe padha sukur ing Allah marang kowe.

74. (He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane Allah

--- 2 : 941 ---

nimbali para wong kaphir, banjur padha didangu: Endi rupane brahala kang padha sira adêgake Pangeran, sira kira bakal têtulung marang sira.

75. Ingsun banjur ngajokake para nabi, padha ngaturake umate dhewe-dhewe, kang manut lan kang ora manut. Ingsun banjur andangu marang para wong kaphir êndi tôndha yêktine yèn bênêr ênggonira maro tingal, lan ênggonira padha ambangkang parentahing rasul. Ing kono wong kaphir banjur padha wêruh yèn sêsêmbahan kang bênêr iku mung Allah piyambak. Enggone padha gawe-gawe ngarani yèn Allah iku ana kang madhani, ing dina iku têtela cidra.

76. Karun iku kalêbu umate Nabi Musa, malah isih prênah nak-sanak, anaking pamane Nabi Musa saka ing biyung. Karun mau gumêdhe, ngrèmèhake marang para umate Nabi Musa liya-liyane, [li...]

--- 2 : 942 ---

[...ya-liyane,] ngêndêl-êndêlake ênggone Ingsun paringi kasugihan kang tanpa upama, sogoking gêdhong bae saking dening akèhe, ora kêlar dipikul wong patang puluh kang padha rosa. Dhèk samana para umate Nabi Musa padha mituturi marang Karun: Sampeyan punika sampun têka bingah-bingah, awit Allah botên rêmên dhatêng tiyang ingkang kalimput ing kabingahan.

77. Pêparinging Allah kasugihan dhatêng sampeyan punika prayoginipun sampeyan angge ngangkah kabêgjan ing akhirat, (sarana kadamêl mitulungi tiyang ingkang sami kamlaratan) nanging inggih sampun ngantos ngapintêni dhatêng kabêtahan sampeyan piyambak, ing sacêkapipun. Sampeyan nyaenana para kawulaning Allah, kadosdene Allah anggènipun nyaèni dhatêng sampeyan, [sa...]

--- 2 : 943 ---

[...mpeyan,] lan sampun rêmên damêl risak, duraka wontên ing bumi, awit Allah botên rêmên dhatêng tiyang ingkang sami damêl risak.

78. Karun mangsuli: Enggonku diparingi kasugihan dening Allah samene iki, marga akèh kawruhku, dadi ora maligi pêparinging Allah. (Pangandikaning Allah): Karun mau apa ora wêruh caritane dhèk biyèn Allah wis tau numpês wong kang luwih dening santosa lan akèh kancane, ngungkuli Karun mau. Para wong kaphir wis ora susah ditakoni dosane, awit wis mêsthi malêbu ing naraka.

79. Ing sawiji dina Karun mêtu dolan-dolan, liwat ing omahe para umate Nabi Musa, ginarubyug ing wong akèh padha nganggo-anggo kang sarwa endah, ing kono para wong mukmin kang padha kapengin kabungahan ing dunya padha ngucap mangkene: Adhuh, bok aku [a...]

--- 2 : 944 ---

[...ku] iki diparingdiparingi. dening Allah kaya pêparinge marang Karun iku. Karun iku têtela wong olèh panduman gêdhe.

80. Para umate Nabi Musa kang padha kadunungan kawruh padha mangsuli: He, cilaka têmên kowe. Wruhanamu, ganjaraning Allah marang wong kang pracaya marang sarirane, sarta padha nglakoni panggawe bêcik, iku luwih dening endah, ngungkuli pêparinge marang Karun iku, ewadene ora ana wong kêlar nglakoni mangkono mau kajaba wong kang têguh atine ênggone nyingkiri duraka lan ênggone ngabêkti ing Allah.

81. Saka karsaningsun, Karun mau dalah omahe lan bandhane diuntal ing bumi, mulane ora ana kang bisa nulungi marang Karun mau, kajaba mung Allah kang bisa nulungi. Dadi Karun mau, têtêp wong ora olèh pitulung.

82. Para wong kang maune padha kapengin [kape...]

--- 2 : 945 ---

[...ngin] sugih kaya Karun, padha gêtun, pangucape: Aku wêruh yèn Allah iku paring rijêki akèh marang kawulane kang dadi parênging karsane, lan ana uga kang mung dicumpi bae. Upama aku ora diparingi pitulung dening Allah kadunungan iman, kaya-kaya aku milu diuntal ing bumi kaya Karun. Aku wêruh têmênan yèn para wong kaphir iku ora bakal bêgja.

83. Kabêgjan ing akhirat iku Ingsun paringake marang wong kang ora kumudu luhur ana ing bumi, ngrèmèhake marang wong liyane, lan ora gawe rusak kalawan duraka. Dene wêkasan bêcik iku tinamtokake marang wong kang padha wêdi ing Allah.

84. Sing sapa nglakoni panggawe bêcik, iku ganjarane luwih bêcik, lan tikêl sapuluh tinimbang lan murwating kabêcikane. Dene sing sapa nglakoni [ngl...]

--- 2 : 946 ---

[...akoni] panggawe ala, iku patrapane mung samurwating piala kang dilakoni bae. 85. (He Mukhammad) Allah kang namtokake marang sira ngundhangake Kuran lan ngèstokake, mêsthi bakal ambalèkake sira marang bumi wutah gêtihira ing Mêkah. Sira dhawuha: Pangeranku nguningani marang wong kang ngundhangake pituduh bênêr, lan marang wong kang têtela kêsasar.

86. Sira ora duwe pangarêp-arêp supaya Kuran iku didhawuhake lantaran sira, ewadene Allah andhawuhake Kuran lantaran sira, iku ora liya minôngka sih kamurahane Pangeranira marang sira, mulane sira aja pisan ngrojongi marang para wong kaphir.

87. (He Mukhammad) sawise Kuran didhawuhake marang sira, wong Islam dipadha mantêp sungkême, pangucape wong kaphir aja pisan makewuhi marang wong Islam [Isla...]

--- 2 : 947 ---

[...m] ênggone ngèstokake Kuran ayating Allah, manungsa padha sira tuntuna ngabêkti ing Allah, aja padha maro tingal.

88. Aja ngarani yèn ana sêsêmbahan kalawan bênêr liyane Allah. Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah piyambak. Samubarang kang dumadi iku kabèh bakal sirna, mung sarirane Allah langgêng tan kêna owah. Allah iku kuwasa mancas prakarane para titah kabèh. Besuk ana ing akhirat, titah mau bakal padha bali marang ngarsaning Allah, sarta padha dirampungi prakarane.

Surat Ngan Kabut, (kêmlandhingan, khewan)

Tinurunake ana nagara Mêkah, sawidak sanga ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Alif, Lam, Mim, iku kabèh

--- 2 : 948 ---

araning araksaraaksara. Ngarab, Allah ênggone ngandika mangkono mau, mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan karêpe. Manungsa apa duwe kira yèn wis ngucap: Aku pracaya ing Allah, lan marang Rasulullah, iku banjur ditogake bae, tanpa dicoba dinyatakake kapracayane kang wis diakoni mau, (luput pangirane).

2. Para umat ing jaman kuna sadurunge umat Mukhammad iki wis padha Ingsun coba. Allah banjur wuninga kalawan gumêlar marang wong kang padha sêtya tuhu, lan nguningani uga marang wong kang padha goroh.

3. Wong kang padha nglakoni panggawe ala, maremaro. tingal utawa duraka liyane, apa padha duwe kira bakal anglancangi marang aku sakancaku wong Islam, (têgêse aku ora bisa nglarani marang awake) ala têmên panêmune wong mau.

4. Sing sapa pracaya yèn ing têmbe bakal [baka...]

--- 2 : 949 ---

[...l] seba ana ngarsaning Allah, (banjur ngarêp- arêp sihing Allah lan wêdi siksaning Allah) iku padha sadhiyaa bae, awit wêwangêning Allah bakal sebane para kawulane mêsthi kalêksanan. Allah iku miyarsa tur nguningani samubarang.

5. Sing sapa pêrang, ganjarane ênggone pêrang mau tumrap marang awake dhewe. Satêmêne Allah iku ora butuh marang jagad iki saisine.

6. Sarupane wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, sakèhing pialane padha Ingsun apura. Lan bakal Ingsun ganjar kang luwih bêcik tinimbang lan murwate kang dilakoni.

7. Parentah Ingsun marang manungsa, padha ngajènana lan ngabêktia marang wong tuwane loro, ewadene mênawa wong tuwanira loro mau, mêksa marang sira dipurih maro tingal ênggonira mangeran marang Ingsun,

--- 2 : 950 ---

nyêmbah brahala kang sira ora wêruh tôndha yêktine yèn iku Pangeran, iku sira aja manut. Sira iku ora wurung bakal padha bali marang ngarsaningsun. Ing kono Ingsun anjalèntrèhake samubarang kang wis padha sira lakoni.

8. Sarupane wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, iku padha Ingsun golongake para wong bêcik, para nabi sapanunggalane.

9. Sawênèhing manungsa ana kang ngucap: Aku pracaya ing Allah, nanging mênawa dialani dening wong kaphir marga ênggone pracaya ing Allah, wêdine marang pialaning manungsa digawe padha lan wêdine marang siksaning Allah, wusana banjur manut marang wong kaphir, dene yèn ana pitulunging Pangeranira marang wong mukmin, aku iki kancamu padha wong mukmin. (Pangandikaning Allah): Allah iku

--- 2 : 951 ---

apa ora wuninga marang sakarêntêging atine wong sajagad.

10. Allah mêsthi wuninga wong kang sêtya tuhu ênggone pracaya ing sarirane, lan wuninga marang wong kang ambalik, ninggal agama Islam nalikane nêmu pakewuh.

11. Wong kaphir padha calathu marang wong mukmin: Kowe padha manuta agamaku iki, aku tanggung, mênawa kowe kaluputan ênggonmu manut aku, aku kang nyôngga patrapane. Calathune wong kaphir kaduga tanggung iku goroh wong kaphir ora bisa tanggung kaluputane wong kang manut ing awake sathithik-thithika.

12. Wong kaphir mau bakal mikul dosa kang dilakoni dhewe ênggone kaphir, lan dosa ênggone nasarake wong ing besuk dina kiyamat, bakal padha didangu ênggone padha gawe-gawe.

--- 2 : 952 ---

13. Ingsun ngutus Nabi Nuh nyurup-nyurupake marang para umate, Nabi Nuh ênggone nyurup-nyurupake para umate nganti sèwu taun kurang sèkêt taun tansah dipadoni bae, barêng wis tita para umate padha maido, para umate Nabi Nuh banjur tinumpês, sarana kinêlêm ing banyu tophan, kabèh padha mati kaphir.

14. Nabi Nuh sakancane kang padha ana prau, padha Ingsun paringi salamêt, ora milu tumpês. Praune Nabi Nuh Ingsun dadèkake lupiya, dinêlêng marang wong sajagad, nganggrang ana pucuking gunung, nganti pirang-pirang taun lawase.

15. Dhèk samana Nabi Ibrahim pitutur marang para umate: Kowe padha nêmbaha ing Allah, lan wêdia ing Allah, wruhanamu, iku luwih dening bêcik tumrap ing kowe.

16. Kowe iku padha nyêmbah liyane

--- 2 : 953 ---

Allah, iya iku brahala, sarta padha gawe-gawe, calathu goroh, ngarani brahala iku Pangeran ngêmbari Allah. Barang liyane Allah kang kosêmbah iku, ora duwe rijêki kang padha kopangan iku. (Rijêki iku kagunganing Allah). Mulane padha nyuwuna rijêki ing Allah, lan nêmbaha ing Allah, sarta sukura ing Allah. Ing têmbe kowe bakal padha bali marang ngarsaning Allah.

17. (Nabi Mukamad pitutur: He wong Mêkah) mênawa kowe padha maido marang aku, iku tumrap ing aku ora dadi apa, awit para umat kuna sadurunge kowe biyèn, uga padha maido marang rasule. Wajibing rasul, ora liya mung ngundhangake dhawuh lan nyurup- nyurupake.

18. (Pangandikaning Allah): Wong kaphir apa ora padha andêlêng Allah [A...]

--- 2 : 954 ---

[...llah] ênggone murwani nganakake sarupane kang dumadi. Besuk ana ing akhirat banjur padha dibalèkake marang ngarsaning Allah. Kang mangkono mau mungguhing Allah gampang bae.

19. (He Mukhammad) sira dhawuha marang wong kang padha maido bakal tangine wong kang wis padha mati, mara padha anjajaha ing bumi, andêlênga sarupaning patilasan, lan mikira, Allah ênggone nganakake sarupane kang dumadi kang samono akèhe, sawise padha dirusak, ing têmbe Allah nguripake marang kang wis padha mati. Satêmêne Allah iku kawasa nganakake samubarang.

20. Allah niksa marang wong kang dadi parênging karsane, lan asih marang wong kang dadi parênging karsane. Kabèh [Ka...]

--- 2 : 955 ---

[...bèh] mau padha dibalèkake marang ngarsaning Allah.

21. Kowe kabèh sanadyan ana ing bumi utawa ana ing langit, padha ora bisa ngoncati pangadilaning Allah, lan ora ana kang nguwasani marang kowe utawa kang bisa nulungi marang kowe, kajaba mung Allah piyambak.

22. (Pangandikaning Allah): Sarupane wong kang padha maido ing Kuran ayating Allah, lan maido bakal tangine wong kang wis padha mati, disebakake marang ngarsaning Allah, iku kabèh padha adoh saka suwarganingsun, sarta padha dipatrapi siksa kang nglarani.

23. Para umate Nabi Ibrahim tanpa mangsuli apa-apa, mung padha ngucap mangkene: Nabi Ibrahim iku patènana bae, utawa obongên, (wusana Nabi Ibrahim [Ibrahi...]

--- 2 : 956 ---

[...m] kêlakon diobong) nanging Nabi Ibrahim Ingsun paringi salamêt, saka ing gêni, (gêni mau tumrap ing Nabi Ibrahim, dadi anyêb) kang mangkono mau tumrap wong kang pracaya ing Allah, mêsthi dadi tôndha yêkti kawasaning Allah.

24. Nabi Ibrahim pitutur marang para umate: Kowe iku padha mangeran liyane Allah, iya iku brahala, kanggo lantaran ênggonmu sih-sinihan lan para kancamu ana ing dunya iki. Nanging kowe wêruha, besuk ing dina kiyamat, wong kang dadi panuntun nyêmbah brahala iku, bakal nyelaki marang kang dituntun. Apadene wong kang dituntun banjur manut, iya bakal nyelaki marang wong kang nuntun. Ora wurung panggonanmu bakal ana ing naraka, sarta ora ana kang bakal bisa nulungi marang kowe.

25. Nabi Lut barêng wêruh yèn Nabi Ibrahim [I...]

--- 2 : 957 ---

[...brahim] diobong ora pasah, banjur pracaya marang Nabi Ibrahim, pangucape Nabi Ibrahim: Aku iki nglungani, ninggal para umatku, andhèrèk marang Allah Pangeranku. Satêmêne Allah iku Mahamulya tur wicaksana.

26. Nabi Ibrahim sawise duwe anak Nabi Ismangil, Ingsun paringi anak manèh aran Nabi Iskak, Nabi Iskak banjur duwe anak aran Nabi Yakub. Para nabi sauwise Nabi Ibrahim, Ingsun tamtokake padha turune Nabi Ibrahim, lan padha Ingsun paringi cêcêkêlan kitab. Nabi Ibrahim Ingsun paringi ganjaran ana ing dunya, iya iku diaji-aji lan dialêmbana dening para wong agama. Dene ana ing akhirat, Ingsun golongake wong bêcik ana ing suwarga.

27. (He Mukhammad) sira nyaritakna lêlakone Nabi Lut, nalikane pitutur lan nyurup-nyurupake marang para

--- 2 : 958 ---

umate, kowe iku padha nglakoni panggawe ala, cumbana padha wong lanang. Wong kuna-kuna ing jagad iki durung tau ana sawijining wong kang nglakoni ala kaya mangkono iku.

28. Yagene kowe têka cumbana padha wong lanang, sarta padha ambegal ana ing dêdalan, apadene padha nglakoni panggawe ala ana ing pakumpulanmu, para umate Nabi Lut wangsulane ora ana manèh mung mangkene: He Nabi Lut, mênawi pitutur sampeyan punika lêrês sarta têmên, cobi sampeyan andhatêngakên siksaning Allah kajêngipun nêmpuh dhatêng kula.

29. Nabi Lut munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi nulungana dhumatêng kawula, ngawonakên para tiyang ingkang sami damêl risak punika. (Para umate Nabi Lut banjur diudani watu sarta diwalik bumine). [bumi...]

--- 2 : 959 ---

[...ne).] 30. Para malaikat utusan Ingsun sadurunge numpês para umate Nabi Lut, mampir ing omahe Nabi Ibrahim, ambêbungah marang Nabi Ibrahim bakal duwe anak lanang. Kajaba iku para malaikat mau wêwarah mangkene: Kula punika badhe numpês para tiyang ing Sadum, umatipun Nabi Lut, awit tiyang ing Sadum punika sami duraka kaphir.

31. Nabi Ibrahim matur marang malaikat utusan: Ing Sadum punika wontên tiyangipun sae, inggih punika Nabi Lut. Kadospundi yèn punika ngantos katut tumpês. Malaikat mangsuli: Kula sampun sumêrêp para tiyang sae ingkang sami wontên ing Sadum. Nabi Lut dalah para kancanipun tamtu kula wilujêngakên, botên tumut tumpês, namung rabinipun Nabi Lut, [Lu...]

--- 2 : 960 ---

[...t,] sarèhning punika ngrojongi tiyang awon, mila pinêsthi kantun, tumut tumpês.

32. Para malaikat utusan Ingsun mau, barêng têkan ing omahe Nabi Lut, Nabi Lut sêdhih lan bingung, (marga kadhayohan wong bagus-bagus, kuwatir ora wurung digarêjêg dicumbana ing para umate, malaikat banjur pasaja yèn utusaning Allah, diutus numpês wong ing Sadum). Pangucape: He Nabi Lut, sampeyan sampun susah utawi kuwatos, sampeyan dalah para kônca sampeyan sami kula wilujêngakên, namung rabi sampeyan, punika pinêsthi kantun, tumut tumpês (awit punika ngrojongi tiyang awon).

33. (Sapunika sampeyan sumingkir têbih saking ngriki) kula lajêng nurunakên siksa jawah sela saking langit, dhatêng para tiyang Sadum punika, (sarta lajêng kula walik buminipun) margi anggènipun sami duraka. [dura...]

--- 2 : 961 ---

[...ka.] 34. Dene patilasane wong ing Sadum kang wis tumpês mau, têkan saiki Ingsun isihake, minôngka tôndha yêkti kang têrang, kanggo lupiya tumrap wong kang padha ana ngakale.

35. Lan manèh Ingsun wis ngutus Nabi Sungèb, Ingsun karsakke mêmulang lan nyurup-nyurupake marang para sanake, iya iku wong ing Madyan, Nabi Sungèb pitutur mangkene: He para sanakku kabèh, kowe padha nêmbaha ing Allah, wêdia bakal têkane dina kiyamat. Aja padha gawe rusak ana ing bumi.

36. Wong ing Madyan padha maido marang Nabi Sungèb, wusana wong ing Madyan padha tumpês dening pêtake Malaikat Jabarail, padha mati ing ngênggon, ana bumine ing Madyan.

--- 2 : 962 ---

37. Lan manèh Ingsun wis numpês wong Ngad lan wong Samud, sira wis padha wêruh têrang patilasan panggonane. Setan anggodha marang wong Ngad lan wong Samud mau, dadi padha dhêmên marang lakune dhewe ênggone duraka lan kaphir. Setan nasarake marang wong Ngad lan wong Samud mau, dadi banjur padha nyimpang saka dalan kaslamêtan, tur wong Ngad lan wong Samud mau padha wong pêpak ngakale.

38. Lan manèh Ingsun wis numpês Karun lan Raja Phirngon sarta patih Aman, kabèh mau sadurunge Ingsun tumpês, wis disurup-surupake dening Nabi Musa, kanthi tôndha yêkti pirang-pirang, nanging mêksa padha wangkot lan padha gumêdhe ana ing bumi. Kabèh padha ora bisa ngoncati siksaningsun.

39. Siji-sijine wong kaphir kang wis kasêbut mau kabèh, padha Ingsun patrapi siksa marga saka dosane, sawênèh ana kang Ingsun udani watu, lan ana [a...]

--- 2 : 963 ---

[...na]

kang tumêpêstumpês. dening pêtake malaikat, lan ana kang diuntal ing bumi, lan ana kang Ingsun kêlêm ing banyu tophan. Allah ora pisan nganiaya marang wong kaphir mau, nanging si kaphir kang nganiaya marang awake dhewe.

40. Sanepane wong kang padha mangeran marang liyane Allah, iku kaya upamane khewan kêmlandhingan gawe omah. Wruhanira, omah kang asor lan ringkih dhewe iku omah kêmlandhingan.

41. Satêmêne Allah iku nguningani brahala kang padha disêmbah dening wong kaphir, ora nêmbah ing Allah, iku dudu barang kang bisa makolèhi utawa mlarati. Allah iku mulya tur wicaksana.

42. Upama-upama kang padha kasêbut ing Kuran iki, Ingsun têrang-têrangake marang para wong kaphir ing Mêkah, ewadene ora ana kang ngêrti, kajaba wong kang kadunungan kawruh [ka...]

--- 2 : 964 ---

[...wruh] saka Allah.

43. Allah nganakake bumi lan langit kalawan nyata akèh paidahe, kang mangkono mau tumrap para wong mukmin, mêsthi dadi tôndha yêkti kasampurnaning Allah.

44. (He Mukhammad) sira lan para umatira disarêgêp maca Kuran kang wis didhawuhake marang sira, sarta nglakonana sêmbayang, awit sêmbayang iku ngalang-alangi laku ala lan duraka. Eling ing Allah iku luwih dening gêdhe ganjarane, ngungkuli kabêcikan liya-liyane. Allah iku nguningani samubarang kang padha sira lakoni, ala utawa bêcik.