Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

Kuran Jilid ôngka 3

--- 3 : 965 ---

Jus kaping salikur

45. Sira aja padha padu karo wong kaphir kang padha duwe cêcêkêlan kitab, kajaba yèn padunira luwih bêcik, iya iku nganggo wêwaton Kuran. Ewadene mênawa wong kaphir mau ana kang nglawan pêrang, iya banjur sira ayonana, dene wong kaphir kang wis manut pranatane wong Islam, sira waraha mangkene: Aku pracaya marang Kuran kang wis didhawuhake marang aku, lan uga pracaya marang kitab kuna kang wis didhawuhake marang kowe, Pangeranku tunggal karo Pangeranmu, iya iku Allah kang Esa, aku kabèh padha ngabêkti marang Allah.

46. Mangkono uga Ingsun nurunake Kitab Kuran marang sira Mukhammad, dene wong kang padha Ingsun paringi cêcêkêlan Kitab Torèt, (kaya ta Ngabdullah bin Salam, lan liya-liyane) padha ngèstokake ing Kuran. Dene kang maido ayat Ingsun, iku ora ana manèh kajaba wong kaphir.

--- 3 : 966 ---

47. Sira ora pisan maca kitab kuna sadurunge Kuran, lan uga ora nulis Kuran kalawan tanganira. Upama sira bisa maca lan nulis, patut wong Yahudi kang padha maido iku mamang marang Kuran.

48. Kuran iku tôndha yêkti kang têrang, tumrap ana ing atine para wong mukmin kang padha pinaringan kawruh. Dene wong maido Kuran, iku ora ana manèh kajaba wong kaphir, iku têtêp wong nganiaya awake dhewe.

49. Wong kaphir ing Mêkah padha ngucap mangkene: Yagene Nabi Mukhammad têka ora diparingi tôndha yêkti kaelokan dening Pangerane kaya nabi kang kuna-kuna. (He Mukhammad) sira dhawuha: Kaelokan iku ana ngastaning Allah, diturunake manut saka parênging Allah. Wajibku ora ana manèh mung mêmêdèni lan nyurup-nyurupake.

50. Apa ora wis cukup Ingsun nurunake Kitab Kuran marang sira Mukhammad, sabanjure wong ing Mêkah padha diwacakake Kuran mau, satêmêne [sa...]

--- 3 : 967 ---

[...têmêne] Kuran iku isi rahmat lan wêwulang marang para wong mukmin.

51. (He Mukhammad) sira dhawuha mangkene: Prakara ênggonku pasulayan lan kowe, cukup disaksèni dening Allah piyambak.

52. Allah nguningani samubarang isining bumi lan langit. Dene sarupane wong kang pracaya marang barang kang luput, nyêmbah liyane Allah, sarta maido ing Allah iku têtêp wong kapitunan lan cilaka.

53. Wong kaphir padha nantang marang sira Mukhammad, anggege têkane siksaningsun, upama ora wis têtêp wêwangêne kang pinêsthi, wong kaphir mau mêsthi kêlakon katêkan siksa padha sanalika, sarta têkaning siksa mau ngagètake, nganti wong kaphir padha ora nglêgewa.

54. Wong kaphir padha nantang marang sira Mukhammad, anggege siksa ana ing dunya, satêmêne besuk dina kiyamat, Naraka Jahanam iku nungkêbi marang para wong kaphir.

55. Ing dina kiyamat iku, siksa naraka

--- 3 : 968 ---

nêmpuh marang para wong kaphir saka ing dhuwur lan saka ngisor. Allah ngandika: He wong kaphir, sira padha ngrasakna wêwalêse barang kang wis padha sira lakoni biyèn.

56. He para kawulaningsun kang padha mukmin, buminingsun iku jêmbar, mulane padha nêmbaha marang Ingsun.

57. Sarupane awak kang urip iku mêsthi padha ngrasakake mati, sawise mati banjur padha dibalèkake marang ngarsaningsun.

58. Dene sarupane wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, mêsthi Ingsun ênggonake ana ing panggonan kang luhur ana sajroning suwarga, kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, langgêng ana ing suwarga. Bêcik têmên ganjarane wong kang padha nglakoni ngabêkti ing Allah.

59. Iya iku wong kang padha têguh atine ênggone kataman pialane wong kaphir, sarta padha pasrah ing Allah Pangerane. [Pange...]

--- 3 : 969 ---

[...rane.]

60. Pira bae kewan kang ora anggawa rijêkine, nanging Allah paring rijêki marang kewan mau, apa manèh marang sira. Allah iku miyarsa tur nguningani.

61. Mênawa sira takon marang para wong kaphir mau: Sapa kang gawe bumi lan langit, lan sapa kang marentah srêngenge lan rêmbulan, wong kaphir mau mêsthi padha mangsuli: Inggih Allah. Yèn mêngkono, apa ta kang makewuhi ênggone arêp pracaya ing Allah.

62. Allah iku paring rijêki akèh marang para kawulane êndi kang dadi parênging karsane, lan ana uga kang diparingi rijêki kurang, satêmêne Allah iku nguningani samubarang.

63. Mênawa sira takon marang wong kaphir: Sapa kang nurunake banyu udan saka ing langit, banjur diênggo nguripake bumi kang wis mati (bêra). Wong kaphir mau mêsthi padha mangsuli: Inggih Allah. Sira banjur [ba...]

--- 3 : 970 ---

[...njur] dhawuha, sakèhing puji iku konjuk ing Allah, aku bungah dene kowe padha wêruh kawasaning Allah, ewadene wong kaphir iku kang akèh ora duwe pikir kang mangkono mau.

64. Kauripan ing dunya iki dudu barang-barang, nanging saking ênggone gêlis ilang, kêna dibasakake dolanan lan barang kang tanpa guna, mênawa manungsa padha wêruh, satêmêne besuk ana ing akhirat, uriping manungsa iku langgêng, ora kêna ing pati.

65. Wong kaphir ing Mêkah nalikane nunggang prau ana satêngahing sagara, bangêt kuwatire yèn kèrêm, banjur padha sumungkêm nyuwun salamêt ing Allah, kaya wong mukmin kang suci atine, ênggone nglakoni agama konjêm ing Allah. Barêng Allah wis paring salamêt têkan ing dharatan, wong kaphir mau banjur bali kaphir manèh.

66. Wusana wong kaphir ing Mêkah mau padha tanpa panarima ênggone Ingsun paring kabungahan, lan padha bungah- bungah ênggone pakumpulan [paku...]

--- 3 : 971 ---

[...mpulan] nyêmbah brahala. Ing têmbe mêsthi padha wêruh kawusananing awake.

67. Wong kaphir ing Mêkah apa padha ora wêruh yèn nagarane ing Mêkah Ingsun dadèkake nagara santosa lan tata têntrêm. Nagara kiwa têngêne padha dahuru, wonge padha dipatèni utawa diboyong. Yagene wong kaphir ing Mêkah têka padha sumungkêm marang setan, mangeran marang Pangeran tiron, iya iku brahala, sarta padha maido marang Nabi Mukhammad, kang minôngka pêparinging Allah kabungahan.

68. Ora ana wong kang luwih duraka tinimbang lan wong kang gawe-gawe, calathu goroh diawatke têrang saka dhawuhing Allah, utawa tinimbang lan wong kang maido barang kang nyata bênêr, (iya iku Nabi Mukhammad lan Kuran) pamaidone mau sawise didhawuhake dening Nabi Mukhammad. Panggonane wong kaphir apa ora ana ing Naraka Jahanam, (mêsthi ana ing kono).

69. Sarupane wong kang padha mangsah pêrang,

--- 3 : 972 ---

karana nglakoni parentah Ingsun, mêsthi padha Ingsun tuduhake dalan Ingsun marang kaslamêtan. Satêmêne Allah iku anjangkung wong kang padha nglakoni kabêcikan.

Surat Rum (wong Rum)

Têgêse wong turune Rum. Dene Rum iku putrane Isao, Isao putrane Nabi Iskak. Tinurunake ana nagara Mêkah, sawidak ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Aliph, Lam, Mim, iku kabèh arane aksara Ngarab, Allah ênggone ngandika mangkono mau, mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan karêpe, ing dina iki wong Rum kalah pêrange mungsuh lan wong Pèrsi.

2. Enggone pêrang ana ing bumine kang cêdhak dhewe lan tanah Pèrsi. Wong Rum mau sawise kalah pêrang, ing têmbe bakal mênang,

--- 3 : 973 ---

ngalahake wong Pèrsi.

3. Mênange besuk yèn wis pitung taun. Sadurunge wong Rum mênang lan sawise, samubarang prakara iku kagunganing Allah, ing dina mênange wong Rum, wong mukmin padha bungah.

4. Mênange wong Rum mau kalawan olèh pitulunging Allah. Allah iku paring pitulung marang wong kang dadi parênging karsane, Allah iku Mahamulya tur Maha-asih.

5. Allah wis prasêtya bakal paring pitulung marang wong Rum, Allah ora pisan nyidrani janjine. Ewadene wong kaphir ing Mêkah, kang akèh padha ora wêruh prasêtyane Allah mau.

6. Kang padha diwêruhi mung gumêlare ing lair prakara kabungahan ing dunya. Dene marang prakara akhirat, wong kaphir mau padha ora mikir.

7. Yagene wong kaphir ing Mêkah têka ora padha ngrasak-ngrasakake kaananing awake, Allah ênggone gawe bumi lan langit lan saisine kabèh, iku ora dolanan,

--- 3 : 974 ---

nanging nyata akèh paidahe lan ana karsane, apadene ana wêwangêne kang tinamtokake bakal sirnane bumi lan langit mau. Nanging manungsa mau kang akèh padha maido yèn ing besuk sawise mati bakal padha disebakake ing ngarsane Pangerane.

8. Yagene wong kaphir ing Mêkah padha ora anjajah ing bumi, upama anjajaha, mêsthi padha wêruh patilasan pirang-pirang lan wêruh kapriye kadadiane para wong kuna sadurunge wong Mêkah mau. Wong kuna mau gagah prakosane ngungkuli wong ing Mêkah. Sarta padha ngolah bumi, gawe gêmah arjaning nagara luwih akèh, ngungkuli wong ing Mêkah, wusana wong kuna mau disurup-surupake dening para rasule, kanthi tôndha yêkti mukjijat kaelokan pirang-pirang (nanging wong kuna padha wangkot, mulane banjur padha dirusak dening Allah), dene Allah ênggone ngrusak mau, dudu panganiaya, nanging wong kuna kang ngrusak tata, nganiaya marang awake dhewe.

--- 3 : 975 ---

9. Sabanjure naraka iku diênggo matrapi wong kang padha nglakoni panggawe ala, maido Kuran pangandikaning Allah, sarta padha anggêguyu Kuran.

10. Allah iku murwani nganakake manungsa, sawise padha mati, banjur diuripake manèh, sabanjure padha dibalèkake marang ngarsaning Allah.

11. Besuk dina kiyamat, wong kaphir padha thilêk-thilêk.

12. Brahala kang padha disêmbah ora ana siji-sijia kang bisa nulungi, malah padha nyelaki marang wong kaphir mau.

13. Lan manèh besuk dina kiyamat, wong kaphir padha pisah lan pilah karo wong Islam.

14. Sarupane wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, iku padha bungah-bungah ana ing suwarga.

15. Dene sarupane wong kaphir kang padha maido Kuran ayat Ingsun, lan maido bakal anane [a...]

--- 3 : 976 ---

[...nane] akhirat, iku padha lêstari disiksa.

16. Sira padha sêmbayanga lan nyêbuta Mahasuci ing Allah, ing wayah Subuh lan wayah Mahrib.

17. Apadene ing wayah Ngasar lan wayah Luhur. Saisining bumi lan langit, padha mêmuji ing Allah.

18. Allah iku mêtokake barang kang urip saka barang kang ora urip, lan mêtokake barang kang ora urip saka barang kang urip, apadene nguripake palêmahan kang bêra, mangkono uga sira iya bakal diwêtokake saka ing pati, banjur urip manèh.

19. Lan ana manèh tôndha yêkti kang mracihnani kawasa lan kapangerananing Allah, iya iku Allah ênggone gawe awakira saka ing lêmah, sabanjure sira dadi manungsa kang babranahan ngêbaki bumi.

20. Lan ana manèh tôndha yêkti kang mracihnani kawasaning Allah, iya iku

--- 3 : 977 ---

Allah ênggone anggawèkake bojo marang sira, digawe saka ing awakira dhewe, supaya sira trêsnaa marang lakinira, sarta andadèkake sira iku sih-sinihan lan rabinira. Kang mangkono iku tumrap wong kang gêlêm ngrasak-ngrasakake, mêsthi dadi tôndha yêkti kawasaning Allah.

21. Lan ana manèh tôndha yêkti kang mracihnani kawasaning Allah, iya iku Allah ênggone yasa bumi lan langit, lan ênggène gawe beda-beda têtêmbunganira lan warna-warnaning kêkulitanira. Kang mangkono iku tumrap wong kang ana ngakale lan ana kawruhe, mêsthi dadi tôndha yêkti kawasaning Allah.

22. Lan ana manèh tôndha yêkti kang mracihnani kawasaning Allah, iya iku ênggonira padha turu ing wayah wêngi, lan ênggonira padha ngupa jiwa ing wayah awan, ngupaya pêparinging Allah rijêki. Kang mangkono iku tumrap wong kang ngrungokake lan ngrasak-ngrasakake pitutur, mêsthi dadi tôndha yêkti kawasaning Allah.

--- 3 : 978 ---

23. Lan ana manèh tôndha yêkti kang mracihnani kawasaning Allah, iya iku ênggonira ditontonake kilat dening Allah, wong kang pinuju mlaku banjur kuwatir yèn ana balêdhèg, wong kang ana ngomah banjur ngarêp-arêp tumuruning udan. Apadene Allah ênggone nurunake banyu udan saka ing langit, banjur diênggo nguripake palêmahan kang bêra. Kang mangkono mau, tumrap wong kang ana ngakale, mêsthi dadi tôndha yêkti kawasaning Allah.

24. Lan ana manèh tôndha yêkti kang mracihnani kawasaning Allah, iya iku adêging bumi lan langit, maligi saka parentahing Allah, tanpa cagak. Ing besuk nalikane Allah nimbali marang sira, sira banjur pating jarêdhul mêtu saka ing pakuburanira.

25. Samubarang isining bumi lan langit, malaikat lan manungsa lan liya-liyane, iku kabèh kagunganing Allah, kabèh padha ngèstokake parentahing Allah.

26. Allah iku kang murwani gawe manungsa,

--- 3 : 979 ---

sawise padha mati, banjur padha dibalèkake urip manèh. Dene ênggone nguripake wong kang wis mati iku luwih gampang tinimbang lan ênggone murwani gawe. Allah iku kagungan sipat luhur ana ing bumi lan ana ing langit. Allah iku Mahamulya tur wicaksana.

27. Allah anggêlar upama marang sira, kang diênggo upama iya awakira dhewe, upama kawulanira tukon kang kadarbe ing tanganira, milu anduwèni barang darbèkira kang wus Ingsun paringake marang sira, dadi kawula mau ênggone andarbèni barang padha bae lan sira. Kang mangkono mau sira mêsthi ora narima, padha bae lan ênggonira ora narima manawa ana sapêpadhaning wong mardika kudu milu anduwèni rajadarbèkira, (sarèhning sira ora narima mênawa kawulanira mêmadhani marang sira, yagene têka sira wani-wani anjunjung brahala, brahala iku kawulaning Allah, sira junjung amadhani Allah). Kaya mangkono iku ênggon Ingsun nêrangake ayat Ingsun [Ing...]

--- 3 : 980 ---

[...sun] marang wong kang padha ana ngakale.

28. Nanging wong kaphir padha gugu karêpe dhewe, tanpa kawruh kang nyata. Dene wong kang dikarsakake kêsasar dening Allah, sapa kang kaconggah nuduhake dalan marang kaslamêtan, sarta ora ana kang bisa nulungi.

29. (He Mukhammad) sira ditêmên ênggonira nglakoni agama, sumungkêm maligi konjuk ing Allah, nêtêpana agamaning Allah, Allah nitahake manungsa nêtêpi agama mau, manungsa ora kêna ngowahi agamaning Allah iya iku agama kang bênêr. Ewadene manungsa iku kang akèh padha ora bênêr.

30. Sira lan para umatira ênggonira nglakoni agama, dipadha sumungkêm seba ngabêkti ing Allah, lan padha wêdia ing Allah, apadene padha nglakonana sêmbayang, lan aja padha dadi wong kaphir.

31. Kang agamane beda-beda, nurut sadhêmêne dhewe-dhewe, nganti dadi pirang-pirang golongan, sabên sagolongan,

--- 3 : 981 ---

padha bungah atine ênggone nglakoni agama kang disungkêmi.

32. Wong kaphir ing Mêkah iku mênawa kambah ing rêribêd, banjur padha eling nyuwun marang Pangerane, luwara saka rêribêd mau. Sawise luwar, mênawa diparingi kabungahan dening Allah, banjur ana wong sagolongan padha maro tingal.

33. Iya ta, padha nyelakana ênggon Ingsun paring kabungahan, lan padha bungah-bungaha, ing têmbe ora wurung padha wêruh kadadiane awake.

34. Apa Ingsun nurunake kitab lan tôndha yêkti marang wong kaphir maro tingal. Ora wurung kitab mau muni lan mratelakake prakara kang marakake kaphir wong mau.

35. Wong kaphir ing Mêkah iku mênawa Ingsun paringi kabungahan, banjur padha lêga atine, nanging munyal-munyal. Dene yèn kasandhung barang kang ala, marga saka panggawe kang wis dilakoni dhewe, ing kono banjur padha mutung, ora duwe pangarêp-arêp marang rahmating Allah.

36. Wong kaphir ing Mêkah mau, apa ora padha [pa...]

--- 3 : 982 ---

[...dha] andêlêng yèn Allah iku paring rijêki akèh marang wong kang dadi parênging karsane, lan uga ana wong kang diparingi rijêki mung cumpèn bae. Kang mangkono iku tumrap para wong mukmin, dadi tôndha yêkti kawasaning Allah.

37. Mulane sira mèwèhana marang para sanakira, minôngka tôndha sih katrêsnan, apadene marang para wong miskin lan wong kang mlaku ana ing dêdalan, iku sira wèhana apa bênêre. Kang mangkono iku tumrap wong kang ngarêp-arêp ganjaraning Allah, luwih dening bêcik. Wong kang mangkono mau bakal padha bêgja.

38. Dene ênggonira padha wèwèh marang wong mawa pamrih, supaya diwalêsa kang luwih saka pawèwèhira, iku iya kêna, nanging sira têtêp nêja nèthèli bandhaning wong, mulane kang wèwèh ora bakal diganjar dening Allah. Dene yèn sira wèwèh marang wong, karêpira maligi ngèstokake dhawuhing Allah, iku sira bakal olèh ganjaran tikêl pirang-pirang.

--- 3 : 983 ---

39. He wong kaphir ing Mêkah, Allah iku kang gawe awakira, sawise dadi, banjur paring rijêki marang sira, yèn wis têkan mangsane, banjur matèni marang sira, besuk dina kiyamat, nguripake marang sira. Brahala kang padha sira ênggo têtimbanganing Allah, apa ana kang bisa mangkono mau, (môngsa anaa). Allah iku Mahasuci lan Mahaluhur, adoh bangêt yèn kayaa panganggêpe wong maro tingal.

40. Ing bumi kang cêngkar lan kang loh têtela padha karusakan, larang udan, tanduran arang kang urip, marga saka durakaning manungsa. Wusana manungsa padha kêpêksa ngrasakake patrapan sawatara, iya iku pailan, wêwalêse duraka kang wis padha dilakoni, supaya padha tobatangtobata. ing Allah.

41. (He Mukhammad) sira dhawuha marang wong kaphir ing Mêkah, mara padha anjajaha ing bumi, andêlênga patilasane para wong kuna sadurunge kowe, kapriye kadadiane, padha dirusak dening Allah, awit wong kuna mau akèh [a...]

--- 3 : 984 ---

[...kèh] kang padha maro tingal.

42. (He Mukhammad) sira lan para umatira masranamasrahna. awak, nêja ngèstokake agama Islam, iya iikuiku. agama kang bênêr, mupung durung têkan dina kiyamat, ing kono dhawuhing Allah wis ora kêna diundurake, lan ing dina iku para manungsa padha sewangan, ana kang mênyang suwarga lan ana kang mênyang naraka.

43. Sing sapa kaphir, bakal nyôngga patrapane ênggone kaphir. Dene sing sapa mukmin, iku ganjarane tumrap marang awake dhewe, sarta bakal padha manggon ana ing suwarga.

44. Iku kanugrahaning Allah, tumônja ganjaran marang wong kang padha pracaya ing Allah sarta nglakoni panggawe bêcik, satêmêne Allah iku ora rêmên wong kang padha kaphir, mulane padha disiksa.

45. Lan ana manèh tôndha yêkti kang mratandhani kawasaning Allah, iya iku Allah ênggone ngididake angin, ambêbungah marang sira bakal têkaning udan, sabanjure sira diparingi wêruh rasaning rahmating Allah murah pangan, mangkonoHalaman 985, 986 teks dicoret. [mang...]

--- 3 : 987 ---

[...kono] manèh lakune angin mau, kanggo nglakokake prau ana ing sagara kalawan parentahing Allah, supaya sira padha bisaa laku dagang ngupaya pêparinging Allah rijêki. He wong kaphir ing Mêkah, kabèh mau karsaning Allah supaya kowe padha sukur ing Allah.

46. Biyèn sadurunge sira, Ingsun wis ngutus para rasul, mêmulang lan nyurup-nyurupake marang para umate. Enggone mêmulang kanthi tôndha yêkti pirang-pirang, sarupane wong kang maido marang rasul, padha Ingsun tumpês, awit wis bênêre Ingsun kudu nulungi para wong mukmin, ngalahake para wong kaphir.

47. Allah iku kang ngididake angin, angin mau banjur mratakake mega, Allah banjur anggêlar mega ana sangisoring langit, ana kang kandêl ana kang tipis, manut sakarsaning Allah. Mega mau banjur didadèkake mêndhung. Sira banjur andêlêng banyu udan, mêtu saka têngahing mêndhung mau. Samôngsa mêndhung mau nyiram marang para kawulaning Allah kang dadi parênge karsane [karsa...]

--- 3 : 988 ---

[...ne] para kawula mau banjur padha bungah.

48. Para kawula mau sadurunge dituruni udan, wis bosên pangarêp-arêpe udan.

49. Mara sira dêlênga labête rahmating Allah kang rupa udan, Allah nguripake bumi kang wis mati, (bêra) banjur thukul kêkayone kang padha awoh. Pangeran kang kawasa nguripake bumi kang wis mati mau, mêsthi kawasa nguripake manungsa kang wis padha mati. Allah iku nguwasani samubarang.

50. Mênawa Ingsun ngididake angin kang dadi wisaning têtanduran, manungsa banjur andêlêng têtandurane padha kuning, ing kono pêparing Ingsun kabungahan kang wis kalakon, padha digawe sirna tanpa gawe.

51. (He Mukhammad) sira aja sêdhih dipaido dening wong kaphir, awit sira ora bisa andokoki pangrungu marang wong kang atine mati, lan ora bisa andokoki pangrungu marang wong budhêg kang malengos mungkur.

52. Lan sira ora bisa nuduhake dalan bênêr marang wong kang atine picak, supaya [supa...]

--- 3 : 989 ---

[...ya] marèni ênggone kêsasar. Ora ana wong bisa krungu lan ngêrti pitutur bêcik, kajaba wong kang ngandêl ing Kuran ayat Ingsun, iya iku wong Islam, awit iku padha ngèstokake parentahing Allah.

53. Allah iku kang gawe awakira saka barang kang apês, (iya iku mani) barang apês mau banjur didadèkake kuwat, (dadi manungsa) sawise kuwat banjur didadèkake apês manèh sarta pikun. Allah kuwasa gawe barang kang dadi parênging karsane, Allah iku nguningani samubarang tur kuwasa.

54. Besuk dina kiyamat, para wong kaphir padha supata.

55. Pangakune, ênggone urip ana ing dunya utawa ênggone ana ing kubur ora luwih saka sajam, para wong kaphir padha dipaido pangakune mau. Kaya ênggone padha maido bakal tangine wong kang wis mati, nalika ana ing dunya.

56. Dene kang padha diparingi iman lan kawruh nyata, [nya...]

--- 3 : 990 ---

[...ta,] iya iku para malaikat lan para nabi, padha mangsuli: Kang kasêbut ing kitabing Allah, katulis ana ing Lohmaphul, ênggonmu padha ana ing dunya utawa ana ing kubur, wis lawas bangêt, nganti têkan dina tangine wong kang wis mati, iya iki dina tangine wong kang wis padha mati, nanging nalika ana ing dunya, kowe padha ora wêruh.

57. Ing dina iku para wong kaphir ênggone murih ampanging kaluputan, wis tanpa gawe, panyuwune bali marang dunya, saguh ngèstokake dhawuhing Allah, ora pisan diparêngake.

58. Ana sajroning Kuran iki Ingsun anggêlar sakèhing upama marang manungsa. (He Mukhammad) upama sira nganani tôndha yêkti kaelokan, wong kaphir ing Mêkah mêsthi padha calathu mangkene: Sampeyan lan para sakabat sampeyan punika tiyang lêpat.

59. Allah ngêcap atine wong kaphir ing Mêkah, padha karo ênggone ngêcap atine wong kang padha ora wêruh yèn Allah iku Esa.

60. (He Mukhammad) ditêguh atinira, awit [awi...]

--- 3 : 991 ---

[...t] prasêtyaning Allah iku têmên, ora cidra. Aja kêmba marga digodha dening wong kang padha ora ngandêl bakal tangine wong kang wis padha mati.

Surat Lukman

(Lukman iku wong utama, malah ana kang ngarani nabi).

Tinurunake ana nagara Mêkah, têlung puluh papat ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Aliph, Lam, Mim, iku kabèh araning aksara Ngarab. Allah ênggone ngandika mangkono mau, mung Allah piyambak kang uninga têgêse lan karêpe. Ayate surat iki iya ayating Kitab Kuran, kang isi kawicaksanan.

2. Iya iku pituduh minôngka rahmating Allah marang wong kang nglakoni panggawe bêcik.

3. Kang padha nglakoni sêmbayang lan padha bayar jakat, sarta ngandêl bakal ana akhirat.

4. Wong mangkono mau padha nêtêpi pituduhing [pitu...]

--- 3 : 992 ---

[...duhing] Pangerane, mulane wong mangkono mau padha bêgja.

5. Sawênèhing wong Mêkah ana kang milih carita kang dilagokake, tur têmbunge nêngsêmake, diênggo nasarake wong liyane saka dalaning Allah agama Islam. Pamilihe mau ngawur bae, tanpa katêrangan bênêr lan lupute. Ayating Allah banjur diênggo gêguyon, wong mangkono mau bakal padha dipatrapi siksa kang ngrèmèhake.

6. Wong mangkono mau manawa diwacakake Kuran ayat Ingsun, banjur malengos lan gumêdhe, api-api ora krungu, kupinge kaya disumpêli banjur budhêg, wong mangkono mau sira surup-surupna yèn bakal dipatrapi siksa kang nglarani.

7. Dene sarupane wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, iku bakal padha diganjar Suwarga Nangim.

8. Enggone ana ing suwarga padha langgêng, nètèsi prasêtyaning Allah kang dituhoni kalawan [kala...]

--- 3 : 993 ---

[...wan] nyata. Allah iku Mahamulya tur Wicaksana.

9. Allah gawe langit nganggrang ana ing dhuwur tanpa cagak, kaya kang sira dêlêng iku, lan andokoki gunung pirang-pirang ana ing bumi, supaya bumi mau gonjang- ganjing ngobah-obah sira, sarta andokoki sawarnaning khewan kang gumrayah ana ing bumi, apadene Ingsun nurunake banyu udan saka ing langit, sabanjure bumi mau Ingsun wêtokake thêthukulane warna-warna kang becik-bêcik.

10. Kang wis kasêbut iki kabèh gêgaweaning Allah, (He wong kaphir) mara Ingsun tuduhna, brahala kang padha sira aku Pangeran liyane Allah iku, êndi gêgaweane. Wong kaphir iku têtela wong kêsasar.

11. Ingsun wus paring kawicaksanan marang Lukman, dhawuh Ingsun: (He Lukman) sira sukura ing Allah marga ênggonira diparingi kawicaksanan. Sing sapa sukur ing Allah, iku ganjarane tumrap marang awake dhewe. Dene sing sapa ora ngendahake pêparinging Allah, iku wêruh- [wêruh...]

--- 3 : 994 ---

[...-] a yèn Allah iku ora butuh marang titahe, tur pantês ingalêmbana.

12. (He Mukhammad) sira nyaritakna Lukman nalika mêmulang lan mituturi marang anake. He anakku, kowe aja pisan maro tingal ênggonmu mangeran ing Allah, awit maro tingal iku duraka gêdhe.

13. Ingsun dhawuh marang manungsa, padha ngabêktia marang wong tuwane loro, awit nalika ana sajroning wêtêngan, biyunge nandhang rêribêd, saya tuwa wêtêngane, awake sangsaya abot. Sawise lair jabang bayi, ênggone nusoni nganti lawas, panyapihe nganti umur rong taun. He manungsa, sira padha sukura marang Ingsun lan marang wong tuwanira loro. Ing têmbe sira bakal bali disebakake marang ngarsaningsun.

14. Ewadene mênawa wong tuwanira loro mau akon maro tingal marang sira, nyêmbah marang barang kang sira ora wêruh katêrangane yèn iku Pangeran, iku sira

--- 3 : 995 ---

aja manut marang wong tuwanira loro mau. Dene liyane bab agama, sira dadia kancane wong tuwanira loro ana ing dunya kalawan bêcik, sira manuta laku jantrane wong kang sêtya tuhu ngabêkti marang Ingsun. Ing têmbe sira bakal bali, disebakake marang Ingsun. Ingsun bakal anjalèntrèhake samubarang kang padha sira lakoni.

15. Wêwulange Lukman: He anakku, panggawe ala iku sanajan mung saboboting wiji sawi siji, sarta panggonane ana sajroning watu kang diancik-anciki sapi kang nyôngga bumi, utawa ana ing langit, utawa ana ing bumi, mêsthi ditêkakake dening Allah, sarta banjur ditimbang, Allah iku alus tur waspada.

16. He anakku, kowe nglakonana sêmbayang, lan ajak-ajaka nglakoni panggawe bêcik lan mênginga nglakoni panggawe ala, lan ditêtêg atimu kêtaman piala kang tumanduk ing kowe, awit kang mangkono iku prakara kang diwajibake dening Allah tumrap ing

--- 3 : 996 ---

kowe.

17. Lan aja mlengosake pipimu marang manungsa, gumêdhe, rupa ngrèmèhake marang wong, lan yèn malaku ana ing bumi aja gêmbelengan, awit Allah iku ora rêmên wong kang mlaku gêmbelengan, ngrèmèhake marang wong.

18. Enggonmu mlaku, mlakua kang prasaja lan sêdhêngan, lan yèn kowe nyuwara, nyuwaraa kang alon lan aris, awit suwara kang kasar iku suwaraning kimar.

19. (Pangandikaning Allah): He wong kaphir, sira apa ora padha andêlêng Allah ênggone maringake isèn-isèning langit marang sira, (kaya ta srêngenge, rêmbulan lan lintang) apadene isèn-isèning bumi, (kaya ta: sagara, khewan, wowohan lan liya-liyane) lan manèh Allah paring kabungahan kang sampurna lair batin marang sira. Ewadene sawênèhing wong Mêkah ana kang madoni bab kaananing Allah, awur-awuran bae, tanpa wêwaton kawruh lan tanpa wêwaton pituduhing rasul, lan tanpa wêwaton [wê...]

--- 3 : 997 ---

[...waton] kitab kang têrang.

20. Wong kaphir mau mênawa didhawuhi: Kowe padha ngèstokna samubarang kang wis didhawuhake dening Allah. Wangsulane: Kula kêdah nglêluri samukawis ingkang sampun lampahidipun lampahi. para lêluhur kula. Pangandikaning Allah: Apa sanajan setan iku ngajak malêbu ing Naraka Sangir, si kaphir mêksa manut bae.

21. Sing sapa ngadhêpake awake ngabêkti ing Allah, sarta nglakoni panggawe bêcik, iku wis cêkcêdhak. lan tali kang kukuh lan miyatani. Samubarang prakara iku karampungane ana ngastaning Allah.

22. (He Mukhammad) sira aja sêdhih marga dening wong Mêkah padha puguh kaphir, awit kabèh iku ing têmbe bakal padha bali disebakake marang ngarsaningsun, Ingsun bakal mêlèhake samubarang kang wis padha dilakoni. Allah iku nguningani sakarêntêging ati.

23. Ingsun paring kabungahan marang wong

--- 3 : 998 ---

kaphir mung sawatara suwene, iya iku mung sajrone ana ing dunya bae, ing têmbe ana ing akhirat, wong kaphir mau padha Ingsun pêksa malêbu ing naraka, siksa kang abot.

24. Mênawa sira takon marang wong kaphir mau, sapa kang gawe bumi lan langit. Wong kaphir mêsthi padha mangsuli, ingkang damêl inggih Allah, ing kono sira gênti mangsulana: Sakèhing puji iku konjuk ing Allah, aku bungah dene kowe wêruh kang mangkono mau, nanging cuwa dene wong kaphir padha ora wêruh wajibe kang tumrap ing awake.

25. Samubarang isine langit lan bumi iki kabèh kagunganing Allah. Satêmêne Allah iku sugih tur wis bênêre kudu ingalêmbana.

26. Upama isining bumi iki kang rupa kayu digawe kalam, dene banyu sagara kang samono kèhe iku wujud mangsi, diênggo nulisi pangandikaning Allah lan kawruhing Allah, êntèking banyu sagara diwuwuhi sagara mangsi pitung mono êngkas, mêsthi

--- 3 : 999 ---

ora paja-paja ngêntèkake pangandikaning Allah lan kawruhing Allah. Satêmêne Allah iku Mahamulya tur wicaksana.

27. (He manungsa) Allah ênggone gawe awakira lan ênggone nguripake saka ing pati marang sira wong sajagad kalawan barêng, iku ora kangelan, mung kaya gawe lan nguripake wong siji bae. Allah iku miyarsa tur mirsani samubarang.

28. Apa sira ora andêlêng Allah ênggone nglojokake wêngi marang awan sarta nglojokake awan marang wêngi, apadene ênggone marentah srêngenge lan rêmbulan, loro pisan padha mlaku ana ing sacakralanesacakrawalane. dhewe-dhewe, nganti têkan ing wangên kang tinamtokake, iya iku dina kiyamat. Satêmêne Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni.

29. Mulane mangkono, awit Allah iku langgêng tan kêna owah, sarta bênêre kudu disêmbah, dene brahala kang padha diaku Pangeran liyane Allah, iku ora

--- 3 : 1000 ---

bênêr. Satêmêne Allah iku Mahaluhur lan Maha-agung.

30. Sira apa ora andêlêng prau ênggone mlaku ana ing sagara sarana angin, minôngka pêparinging Allah kabungahan, iku ayating Allah kaelokan, ditontonake marang sira. Kaelokan mau tumrap wong kang têguh atine, sarta sukur ing Allah, mêsthi dadi tôndha yêkti kawasaning Allah.

31. Wong kaphir nalikane tinêmpuh ing angin ribut ana ing sagara, ombake molak-malik, gêdhe sagunung-gunung, banjur padha nyênyuwun salamêt ing Allah, kaya wong suci atine sumungkêm marang agama. Barêng Allah wis paring slamêt têkan ing dharatan, wong mau iya ana kang lêstari pracaya ing Allah. Dene wong kang maido ayat Ingsun, iku ora ana manèh kajaba wong kang cidra lan kaphir.

32. He manungsa, sira padha wêdia ing Allah Pangeranira, lan wêdia dina kiyamat, ing kono bapa ora praduli marang anake,

--- 3 : 1001 ---

sarta anak iya ora praduli marang bapakne, ora bisa mitulungi sathithik-thithika.

33. Prasêtyaning Allah bakal nguripake wong kang wis mati lan angganjar apadene niksa, iku kabèh bakal kalêksanan têmênan. Sira dingati-ati, aja nganti kajalomprong dening kabungahan ing dunya, lan sungkêmira ing Allah, aja nganti dijalomprongake ing setan.

34. Allah iku nguninguningani. besuk apa kêlakone dina kiyamat, lan mêngko apa tumuruning udan, sarta nguningani bayabayi. kang ana ing wêtêngan, lanang lan wadone. Dene wong ora ana kang wêruh apa kang bakal dilakoni ing dina sesuk, lan uga ora wêruh ênggone bakal mati ana ing bumi ngêndi. Satêmêne Allah iku nguningani tur waspada samubarang.

Surat Sajadah (Sujud).

Tinurunake ana nagara Mêkah, têlung puluh ayat.

--- 3 : 1002 ---

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Aliph, Lam, Mim, iku kabèh araning aksara Ngarab, Allah ênggone ngandika mangkono mau, mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan karêpe. Ora sumêlang yèn tumurune Kitab Kuran iku saka Allah Pangeraning jagad saisine.

2. Wong kaphir padha calathu: Kuran iki gawe-gawene Nabi Mukhammad dhewe. Calathune wong kaphir mau goroh. Kuran iku nyata saka Allah Pangeranira, supaya sira ênggo mêmêdèni wong Mêkah, murih wong Mêkah mau padha olèha pituduh bênêr. Sadurunge sira, wong Mêkah mau ora ana kang mêmêdèni.

3. Allah iku kang gawe bumi lan langit, sarta barang kang ana antarane bumi lan langit, lawase mung nêm dina rampung, sawise dadi, Allah banjur jumênêng ana dhuwuring ngaras, (ênggone jumênêng mau ora kêna digagas). Sira ora duwe andêl-andêl liyane Allah, kang bakal mitulungi utawa anggênêpi kakuranganira, [kakurangani...]

--- 3 : 1003 ---

[...ra,] murungake siksaning Allah. He wong Mêkah yagene sira padha ora ngrasak-ngrasakake kang mangkono mau.

4. Allah nindakake lan niti pariksa samubarang prakara ing bumi lan ing langit, besuk dina kiyamat, samubarang prakara mau konjuk ing Allah, dina kiyamat iku dina kang dawane padha lan sèwu taun ing dunya.

5. Allah iku nguningani samubarang kang samar-samar, apa manèh barang kang kasat mata, tur Mahamulya lan Maha-asih.

6. Allah iku kang ambêcikake wangune samubarang dêdamêlane, sarta murwani gawe manungsa, iya iku Nabi Adam, digawe saka ing êndhut.

7. Sawise Nabi Adam dadi, banjur gawe turune, iya iku sarupaning manungsa, digawe saka gêtih kênthêl, kang kadadian saka banyu kang limprêk-limprêk, iya iku mani.

8. Allah gawe Nabi Adam rupa manungsa, lan banjur dipanjingi roh ing Allah, wusana banjur urip, sarta sira kabèh padha diparingi pangrungu lan pandêlêng, apadene pikir, ewadene sira iku

--- 3 : 1004 ---

kang sukur ing Allah têka mung sathithik.

9. Wong kang padha maido dina kiyamat, padha ngucap: Besuk yèn aku wis ajur dadi lêmah, apa nyata ing besuk aku bakal diuripake manèh dadi titah anyar.

10. Wong mangkono mau têtêp padha maido ênggone bakal diuripake saka ing pati. Lan disebakake ing ngarsaning Pangerane.

11. (He Mukhammad) sira dhawuha marang para wong kaphir, malaikat pati kang tinanggênah dening Allah, bakal anglolos nyawamu, wusana ing têmbe kowe bakal padha bali disebakake ana ngarsaning Allah Pangeranmu.

12. (He manungsa) besuk dina kiyamat, sira bakal andêlêng para wong kaphir padha anjungkêl ana ngarsaning Pangerane, tumungkul, sarta padha munjuk ing Allah, dhuh Pangeran kawula, sapunika kawula sampun sumêrêp piyambak kalampahanipun dintên kiyamat, saha sampun mirêng piyambak dhawuh Tuwan bab têmênipun [têmêni...]

--- 3 : 1005 ---

[...pun] para rasul. Sapunika panyuwun kawula, mugi wontêna kaparêng Tuwan mangsulakên kawula dhatêng ing dunya malih, kawula sanggêm badhe nglampahi pandamêl sae wontên ing dunya, sapunika kawula ngandêl sayêktos dhatêng para rasul.

13. Upama ana parênge karsaningsun, manungsa iku kabèh Ingsun paringi pituduh bênêr, mêsthi kêlakon ora ana wong kaphir, nanging karsaningsun ora mangkono. Pangandikaningsun: Naraka Jahanam iku bakal Ingsun kêbaki isi jin lan manungsa, iku mêsthi kêlakon, ora cidra.

14. Nalikane wong kaphir padha dicêmplungake ing naraka, malaikat kang jaga naraka ngucap: Mara pêpadhapadha. ngrasakna siksa, patrapane ênggonmu padha ora praduli lan ora pracaya anane akhirat iki, aku uga ora praduli marang kowe. Saiki padha ngrasakna siksa langgêng, patrapane ênggonmu padha nglakoni kaphir.

15. Kang mêsthi ngandêl marang Kuran ayat Ingsun, iku mung wong kang yèn dipituturi kalawan surasaning Kuran, banjur sumungkêm sujud ing Allah,

--- 3 : 1006 ---

sarta nyêbut Mahasuci ing Allah kalawan mêmuji ing Allah Pangerane, apadene ora gumêdhe.

16. Ing wayah wêngi padha nglilir, ambênggang awake saka ing paturone, banjur sêmbayang lan nyênyuwun ing Pangerane, wêdi siksane lan kapengin ganjarane, apadene padha dhangan mèwèhake rijêki pêparing Ingsun.

17. Siji-sijining wong kang wis kasêbut mau, ora ana kang wêruh kanugrahan apa kang isih disamar dening Allah, bakal diparingake marang wong mau, minôngka ganjaraning pangabêkti kang wis dilakoni.

18. Wong kang pracaya lan ngèstokake ing Allah, kawusanane apa padha bae karo wong kang duraka kaphir, mêsthi ora padha.

19. Dene wong padha pracaya ing Allah, sarta padha nglakoni panggawe bêcik, iku bakal padha olèh ganjaran Suwarga Makwa (kang disadhiyakake marang dhayohing Allah) minôngka ganjaraning pangabêkti kang wis padha dilakoni.

--- 3 : 1007 ---

20. Dene wong kang duraka kaphir, iku panggonane ana ing naraka, sabên arêp mêtu saka ing naraka, dibalèkake ana ing panggonane ing naraka, malah padha didhawuhi, sira padha ngrasakna siksa naraka, kang padha sira paido biyèn.

21. Wong kaphir mau ana ing dunya Ingsun wêruhake rasaning siksa kang mayar, (iya iku diboyang lan pailan sapêpadhane) sadurunge Ingsun wêruhake rasaning siksa kang gêdhe ana ing akhirat, kang mangkono mau supaya padha marènana ênggone kaphir.

22. Ora ana wong kang luwih duraka tinimbang lan wong kang dipituturi kalawan surasaning Kuran, ayating Pangerane, nanging banjur malengos marang Kuran, satêmêne Ingsun mêsthi niksa para wong kaphir.

23. Ingsun wis maringi kitab Torèt marang Nabi Musa. Sira aja sumêlang ênggonira patêmon lan Nabi Musa. (Nalikane sira Ingsun timbali munggah marang langit). Nabi Musa mau Ingsun dadèkake

--- 3 : 1008 ---

panuduh dalan bênêr marang para turune Israil.

24. Wong Bani Israil iya ana kang Ingsun dadèkake pangarêping manungsa, iya iku para nabi, padha nuduhake wong akèh, ngèstokake parentah Ingsun, awit para nabi mau padha têguh atine, sarta ngandêl yèn ayat Ingsun iku têrang saka Ingsun.

25. Satêmêne Pangeranira iku bakal mancas prakara pasulayane para nabi mau lan para umate kang padha maido besuk dina kiyamat.

26. Wong kaphir ing Mêkah apa ora wis dituduhake dening Allah, pira bae kèhe para umat kuna sadurunge wong kaphir ing Mêkah mau, kang padha Ingsun tumpês marga ênggone kaphir. Wong kaphir ing Mêkah padha mlaku andêlêng patilasane umat kang tumpês mau. Kang mangkono iku mêsthi dadi tôndha yêkti. Yagene wong kaphir ing Mêkah padha ora ngrungokake lan ngrasak-ngrasakake.

27. Wong kaphir ing Mêkah apa ora padha andêlêng [andê...]

--- 3 : 1009 ---

[...lêng] ênggon Ingsun ngilèkake banyu marang palêmahan kang bêra, banjur Ingsun ênggo nukulake têtanduran ana ing palêmahan mau, wusana banjur dadi pangane wong Mêkah dalah ingon-ingone, wong kaphir ing Mêkah apa ora padha andêlêng kang mangkono mau.

28. Wong kaphir ing Mêkah padha calathu marang wong mukmin: Yèn kandhamu iku têmên, mara besuk apa bêdhahe nagara Mêkah iki, prakara pasulayanmu lan aku besuk apa dipancas dening Allah.

29. (He Mukhammad) sira dhawuha: Dina bakal bêdhahe nagara Mêkah utawa dina kiyamat, iku Allah piyambak kang wuninga. Ing kono tobate wong kaphir, saguh pracaya ing Allah, wis ora migunani, sarta wis ora disrantèkake manèh paniksane.

30. Mulane sira malengosa marang wong kaphir, ngêntènana sarta ngarêp-arêpa pitulunging Allah, wong kaphir uga ngarêp-arêp [ngarêp-a...]

--- 3 : 1010 ---

[...rêp] mênange.

Surat Ahzab (bala gêgolongan).

Tinurunake ana nagara Madinah, pitung puluh têlu ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. He nabi kang ngundhangake parentah Ingsun, sira tulusa ênggonira wêdi ing Allah, aja manut marang para wong kaphir lan wong maro tingal. Satêmêne Allah iku nguningani samubarang tur wicaksana.

2. Sira manuta Kuran kang wis didhawuhake dening Pangeranira marang sira. Satêmêne Allah iku waspada marang samubarang kang padha dilakoni.

3. Sira pasraha ing Allah, samubarang prakaranira, awit wis cukup Allah piyambak kang ngrêksa ing sira.

4. Allah ora andokoki ati

--- 3 : 1011 ---

loro ana ing wêtênge wong lanang siji, lan ora nêtêpake rabinira kang sira liari lairi. (sira èmpêrake biyungira) iku dadi biyungira, apadene ora andadèkake anakira angkat dadi anakira têmên. He wong Yahudi, kang nêtêpake dadi anak iku mung pangucaping cangkêmira, iku luput. Dene pangandikaning Allah iku têmên lan nyata. Allah iku paring pituduh dalan kang bênêr.

5. Sira padha ngaranana sadhengah wong anaking bapakne têmên, (ora anaking bapa angkat) iku mungguh Allah luwih dening bênêr, dene yèn sira ora wêruh bapakne têmên, sira akua mitra utawa sadulur tunggal agama (yèn wong iku Islam) dene sadurunge ana pêpacak iki, ênggonira ngarani wong anake bapakne angkat, iku ora dadi apa, nanging sawise ana pêpacak iki, ênggonira ngarani wong anaking bapa angkat, kalawan jaragan, iku sira kaluputan, Allah iku kaparêng [kapa...]

--- 3 : 1012 ---

[...rêng] ngapura dosa tur Maha-asih.

6. Nabi Mukhammad iku nguwasani marang para wong mukmin ing prakara dunya lan prakara agama, ngungkuli wong mukmin ênggone nguwasani marang awake dhewe, dalah para rabine Nabi Mukhammad iku manjing dadi biyunge para wong mukmin kabèh, dene para sanake wong mukmin, iku siji-sijining sanak ênggone nguwasani marang wong mukmin mau ngungkuli sanak liyane bab ênggone olèh panduman waris, mawa-mawa doh cêdhake. Kasêbut ing kukuming kitab, ngungkuli waris para wong mukmin lan para sakabat kang andhèrèk ngalih marang Madinah, iku kajaba yèn sira nêja gawe kabêcikan, wasiyat marang wong kang sira sihi kang ora kalêbu aliwaris, iku kêna. Pranatan kang mangkono iku wis tinulis ana ing Lohmahphul.

7. (He Mukhammad) sira nyaritakna ênggon Ingsun mundhut sêsanggêmane para nabi (nalikane padha mêtu saka lêmpènge Nabi Adam, kaya sêmut kang cilik) sira, Nabi Nuh, Nabi Ibrahim, [Ibra...]

--- 3 : 1013 ---

[...him,] Nabi Musa lan Nabi Ngisa anake Maryam, kabèh padha ngaturake sêsanggêmane, sarta padha Ingsun ugêri kukuh sêsanggêmane.

8. Ing têmbe Allah bakal andangu para rasul bab têmêne, ênggone wis ngundhangake parentahing Allah, Allah ngancam siksa naraka kang nglarani para wong kaphir.

9. He para wong mukmin, sira padha elinga pêparinging Allah kabungahan marang sira (iya iku nalika pêrang ing Khandak) sira tinêmpuh ing mungsuh kang gêgolongan. Ingsun banjur ngididake angin, kanthi bala malaikat kang tanpa wilangan, nanging sira ora wêruh, Allah iku mirsani samubarang kang sira lakoni.

10. Dhèk samana mungsuh nêmpuh ing sira, saka dhuwuring jurang lan saka jurang kang ngisor. Sira kinêpung ing mungsuh, marêp ing ngêndi bae andêlêng mungsuh, saking bangêting kuwatir, atining wong kaya manjuluk têkan ing tênggok, panyananing wong marang Allah warna-warna, ana kang nyipta olèh pitulung, lan ana kang nyipta bilai.

--- 3 : 1014 ---

11. Ing kono para wong mukmin padha dicoba dening Allah, para wong mukmin saka bangêting kuwatir polahe warna-warna.

12. Lan manèh sira nyaritakna nalikane para wong maro tingal sarta wong kang atine ana lêlarane, lara kêndho kapracayane, padha calathu mangkene: Prasêtyaning Allah lan Rasulullah aku baku bakal mênang pêrang iku ora liya mung lalawora.

13. Apadene nalikane wong maro tingal sapôntha padha calathu, he wong Madinah, kowe padha muliha mênyang ngomahmu ing Madinah bae, awit ana ing paprangan kana saking akèhing mungsuh, kowe wis ora duwe panggonan. Ing kono banjur ana wong sapôntha padha nyuwun pamit marang Nabi Mukhammad. Ature: Kula nyuwun pamit mantuk, amargi griya kula botên santosa, sakalangkung anguwatosi, nanging satêmêne omahe wong mau ora kurang santosa, dene ênggone matur mangkono mau, karêpe ora liya mung mingkuh ora [o...]

--- 3 : 1015 ---

[...ra] gêlêm andhèrèk pêrang.

14. Manawa wong kang padha mingkuh pêrang mau nagarane dilêboni ing mungsuh saka ing kiwa têngên. Banjur dipêksa dadi kaphir, mêsthi nurut dadi kaphir, nanging ênggone têntrêm iya ora nganti lawas. Banjur nêmahi rusak.

15. Sadurunge kêlakon pêrang ing Khandak, wong mau padha wis prasêtya ing Allah, ora bakal malayu saka ing paprangan, kang môngka wong prasêtya ing Allah iku bakal didangu, apa wis nuhoni prasêtyane apa cidra.

16. (He Mukhammad) sira dhawuha, mênawa kowe mlayu nêja nguncati pati utawa kêsambut ing paprangan, iku ora pisan migunani, ênggonmu urip mung sawatara môngsa bae.

17. (He Mukhammad) sira dhawuha: Mênawa Allah ngarsakake ala marang kowe, sapa kang bisa ngrêksa awakmu, utawa yèn Allah karsa paring rahmat marang kowe, sapa kang bisa murungake rahmat mau, manungsa ora bisa olèh andêl-andêl liyane Allah kang bisa murungake [murunga...]

--- 3 : 1016 ---

[...ke] siksaning Allah.

18. Allah nguningani wong kang padha ambêbujuk wong Islam, pangucape marang para kancane, padha marenea, aja mèlu pêrang Nabi Mukhammad, wong mau iya ana kang mèlu pêrang, nanging pamrihe mung golèk alêm.

19. Padha kumêt: Suthik mêtokake bandhane kanggo mragadi pêrang, nalikane katêkan kuwatir, padha andêlêng ing sira, matane julalatan kaya wong sêkarat arêp mati. Barêng wis ilang kuwatire, mênang ênggone pêrang, banjur padha ngladaki ing sira kalawan pangucap kang tanpa kering. Padha suthik, nglakoni kabêcikan. Satêmêne wong mau padha ora pracaya ing Allah, mulane Allah ora nganggêp ênggone rewa-rewa nglakoni kabêcikan. Allah tanpa pakewuh ênggone nyirnakake kabêcikane wong mau.

20. Mungsuh kang nêmpuh marang wong Islam mau wis padha kêplayu, nanging wong munaphèk saking dening jêrihe, rumasane mungsuh mau durung kêplayu, barêng wêruh yèn mungsuh wis kêplayu rantamane: Upama mungsuh

--- 3 : 1017 ---

mau bali nêmpuh manèh wong munapèk nêja nyalimpêti mênyang alas. Mêrtakake kaananira saka ing alas. Upama wong munaphèk mau isih awor lan sira, gêlême mangsah pêrang iya mung murih dialêm.

21. (He wong Madinah) satêmêne sira iku duwe panutan bêcik, iya iku Rasulullah, iku bêcik tumrap wong kang ngarêp-arêp ganjaraning Allah, sarta wêdi siksane dina kiyamat, apadene wong kang akèh elinge ing Allah.

22. Wong mukmin barêng padha andêlêng mungsuh banjur padha ngucap: Baya iki kanyataaning prasêtyaning Allah lan Rasulullah, aku bakal tinêmpuh ing mungsuh, nanging ora dadi apa, awit prasêtyaning Allah lan Rasulullah, aku bakal ditulungi, mêsthi têmên. Têkaning mungsuh mau malah muwuhi pracayane para wong mukmin lan pasraha marang Allah.

23. Sawênèhe wong mukmin ana kang sêtya tuhu, nêtêpi sêsanggêmane marang Allah, dene wong kang sêtya tuhu ana kang banjur mati ana [a...]

--- 3 : 1018 ---

[...na] ing paprangan, lan ana uga kang isih ngêntèni lan ngarêp-arêp: Besuk apa ênggone mati pêrang, ora ana kang ambalik ngudhari sêsanggêmane.

24. Allah bakal angganjar wong kang padha sêtya tuhu, marga ênggone sêtya tuhu, sarta niksa marang para wong lamis, utawa ngapura marang wong mau, manut apa parênging karsane. Satêmêne Allah iku kaparêng ngapura tur Maha-asih.

25. Allah anjugarake pamrihe para mungsuh kaphir mau, kang urip padha mundur kalawan muring-muring, ora pisan mênang pêrange, Allah nulungi para wong mukmin ana ing paprangan. Allah iku santosa tur mulya.

26. Allah ngudhunake para wong kaphir kang padha duwe cêcêkêlan kitab, kang padha biyantu marang para mungsuh kaphir mau, diudhunake saka lotèng pandhêlikane, sarta padha didunungi ati giris, wong mau kang sagolongan padha mati, lan kang sagolongan manèh padha dadi boyongan.

27. Sawise mangkono, Allah ngêdumi warisan marang sira rupa palêmahan lan omah

--- 3 : 1019 ---

apadene bôndha, têlas darbèke wong kaphir mau, mangkono manèh palêmahan kang durung sira ambah ing têmbe bakal sira rêbut kalawan pêrang, Allah iku nguwasani samubarang.

28. He Nabi Mukhammad, sira dhawuha marang para rabinira mênawa kowe dhêmên kabungahan ing dunya, lan rêrênggane ing dunya, mara padha mrenea, tak wèhi apa kang dadi panjalukmu, nanging kowe padha tak pêgat kalawan bêcik.

29. Dene yèn kowe padha dhêmên ing Allah, lan dhêmên marang Rasulullah, apadene dhêmên ganjaran suwarga ana ing akhirat, kowe padha wêruha, Allah wis nyawisi marang kowe, êndi kang pracaya ing Allah sarta nglakoni panggawe bêcik, padha dicawisi ganjaran gêdhe iya iku suwarga.

30. (Pangandikaning Allah) he para rabine Nabi Mukhammad, sira iku sing sapa nglakoni ala jina kang têtela, iku siksane tikêl tinimbang lan wong wadon liyane, kang mangkono mau ingatase Allah gampang bangêt kêlakone.