Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

--- 3 : 1020 ---

Jus kaping rolikur

31. Sira kabèh sing sapa manut miturut ing Allah lan marang Rasulullah sarta nglakoni panggawe bêcik, Ingsun paringi ganjaran tikêl tinimbang wong wadon liyane, apadene Ingsun sadhiyani rijêki kang mulya ana ing suwarga.

32. He para rabine Nabi Mukhammad, sira iku ora mung padha bae lan para wong wadon kang dudu rabine Nabi Mukhammad, mênawa sira wêdi ing Allah, aja nandukake gandês luwêse pangucapira marang wong lanang liya. Yèn sira nandukake sêdhêp luwêsing pangucap, wong kang atine ana lêlarane lamis, mundhak padha kapencut marang sira, ora liwat sira mung ngucapa kang aris bae, ora susah sêdhêp lan luwês.

33. Lan padha ngandhap dhingkêla ana ing omahira, aja niru kalakuane wong buda biyèn, ênggone padha ngadi busana ngêdhèng marang wong lanang liya. Sira padha nglakonana sêmbayang lan padha bayara jakat, sarta padha manut mituruta [mitu...]

--- 3 : 1021 ---

[...ruta] ing Allah lan marang Rasulullah. He wong isining omahe Nabi Mukhammad, satêmêne karsaning Allah iku murih sira iku padha rêsika saka ing dosa, lan kudu nucèkake marang sira.

34. Lan padha elinga surasaning Kuran ayating Allah, lan kawicaksanan kang wis diwaca ana ing omahira, satêmêne Allah iku wêlas asih marang para kêkasihe sarta waspada saparipolahe.

35. Satêmêne para wong lanang Islam, wong wadon Islam, wong lanang mukmin, wong wadon mukmin, wong lanang manut dhawuhing Allah, wong wadon manut dhawuhing Allah, wong lanang sêtya tuhu pracayane ing Allah, wong wadon sêtya tuhu pracayane ing Allah, wong lanang têguh antêpe ênggone ngabêkti ing Allah, wong wadon têguh antêpe ênggone ngabêkti ing Allah, wong lanang sumungkêm ing Allah, wong wadon sumungkêm ing Allah, wong lanang dhêmên sidêkah, wong wadon dhêmên sidêkah, wong lanang dhêmên puwasa, wong wadon dhêmên puwasa, wong lanang bisa rumêksa durakaning kawirangan, [kawi...]

--- 3 : 1022 ---

[...rangan,] wong wadon bisa rumêksa durakaning kawirangan, wong lanang nêmên nyêbut asmaning Allah, lan wong wadon nêmên nyêbut asmaning Allah. Allah prasêtya bakal ngapura lan maringi ganjaran gêdhe marang wong kang wis kisêbutkasêbut. mau kabèh.

36. Wong lanang mukmin lan wong wadon mukmin, mênawa ditamtokake dening Allah lan Rasulullah kudu nglakoni sawijining prakara, ora kêna mingkuh nganggo sakarêpe dhewe. Sing sapa ambangkang parentahing Allah lan Rasulullah, têtela wong mau kêsasar têmênan.

37. (He Mukhammad) sira nyaritakna nalikane sira dhawuh marang wong kang diparingi kabungahan dening Allah dadi wong Islam, sarta sira wèhi kabungahan dadi wong mardika, iya iku Jahèd,Zaèd. anakira angkat: Kowe mêngkua rabimu Jaenab, lan wêdia ing Allah, aja mêgat bojomu. (He Mukhammad) sira nyimpên wadi ana ing atinira, Allah ora bakal mêdharake wadi mau. Mangkono manèh sira isin marang manungsa, diarani ngrabèni mantunira dhewe. Bênêre [Bênêr...]

--- 3 : 1023 ---

[...e] sira luwih wêdi ing Allah, ngungkuli wêdinira marang manungsa. Barêng Zaèd wis katêkan karêpe marang rabine, sarta rabine wis dipêgat lan wis kaliwat ngidahe, sira Ingsun dhaupake olèh Zaenab randhane Zaèd mau, supaya para wong mukmin aja duwe pakewuh ngrabèni randhaning anak angkat kang wis atut. Parentahing Allah iku kudu dilakoni.

38. Nabi Mukhammad ora pakewuh nindakake barang kang wis diparentahake dening Allah. Para nabi ing jaman kuna biyèn, uga ora pakewuh nindakake samubarang kang wis diparentahake dening Allah. Parentahing Allah wis pinasthi lan tinamtokake.

39. Para nabi iku wong kang diutus dening Allah ngundhangake parentahing Allah, kabèh padha wêdi ing Allah, ora wêdi marang sapa-sapa, mung wêdi ing Allah. Wis cukup Allah piyambak kang nyathêti lakune para manungsa, sarta nimbang ala lan bêcike.

40. Nabi Mukhammad iku sajatine dudu

--- 3 : 1024 ---

bapakne wong lanang panunggalanira, nanging sajatine Nabi Mukhammad iku utusaning Allah lan panutuping para nabi kabèh. Allah iku nguningani samubarang.

41. He para wong mukmin, sira padha nêmêna nyêbut asmaning Allah, lan padha nyêbuta Mahasuci ing Allah, ing wayah esuk lan sore.

42. Allah iku kang wêlas asih marang sira, para malaikate Allah iya padha nyuwunake sih piwêlasing Allah tumrap marang sira, supaya Allah mêtokake marang sira saka pêpêtênging duraka marang padhanging pangabêkti. Allah iku wêlas asih marang para wong mukmin.

43. Kurmating Allah marang para wong mukmin nalika padha seba ana ngarsaning Allah, iku (ambagèkake) sira padha slamêt. Allah nyadhiyani ganjaran suwarga kang mulya marang para wong mukmin.

44. He Nabi Mukhammad, Ingsun ngutus sira nêksèni têmêne para rasul ing jaman kuna, lan nêksèni ala bêcike para titahing

- -- 3 : 1025 ---

Allah kabèh, apadene ambêbungah marang para wong mukmin bakal padha olèh ganjaran suwarga, sarta mêmêdèni marang wong kang padha maido dhawuhing Allah bakal padha disiksa ana ing naraka.

45. Lan ngajak-ajak ngèstokake parentahing Allah kalawan kaparênging Allah, lan minôngka obor kang madhangi ana dêdalaning Allah.

46. (He Mukhammad) sira ambêbungaha para wong mukmin, ing têmbe bakal padha diparingi kanugrahan kang gêdhe dening Allah.

47. Sira aja kèlu marang wong kaphir ing Mêkah, lan para wong miskin ing Madinah, ditêguh atinira, aja malês pialane wong kaphir mau, sira mung pasraha ing Allah bae. Wis cukup Allah bae kang rumêksa ing sira.

48. He para wong mukmin, mênawa sira ngrabèni wong wadon mukmin, banjur sira pêgat sadurunge atut, iku sira ora kêna mangêni môngsa ênggone bakal laki wong wadon mau, banjur kêna laki padha sanalika.

--- 3 : 1026 ---

Dene wong wadon kang sira pêgat sadurunge atut mau, sira wèhana bêbungah samurwate, iya iku kang aran matak, lan sira pêgata kalawan bêcik. 49. He Nabi Mukammad, Ingsun wis marêngake marang sira, sarêsmi lan para rabinira, kang wis sira bayar maskawine, apadene wong wadon kawula kang kadarbe ing tanganira, kang wis diparingake dening Allah marang sira dadi boyongan. Mangkono manèh anake wadon pamanira saka bapa, anake wadon bibèkira saka bapa, anake wadon pamanira saka biyung, anake wadon bibèkira saka biyung, kang padha milu ngalih marang Madinah, sarta wong wadon mukmin kang nyaosake awake marang sira, narima ora olèh maskawin, kang môngka sira iya condhong ngrabèni wong wadon mau tanpa maskawin. Mung sira dhewe Ingsun parêngake ngrabèni wong wadon kalawan mèwèhake awake tur tanpa maskawin. Wong mukmin liya-liyane ora Ingsun parêngake.

50. Ingsun wis nguningani kang wis Ingsun tamtokake [tamto...]

--- 3 : 1027 ---

[...kake] dadi wajibe para wong lanang mukmin tumrap ing para rabine, lan tumrap wong wadon kawula kang kadarbe ing tangane, supaya sira aja pakewuh nglakoni kang wis Ingsun wênangake. Allah iku kaparêng ngapura tur Maha-asih.

51. (He Mukammad) sira kêna nglowongake gilirane rabinira kang sira karêpake, lan kêna awor turu lan rabinira kang sira karêpake. Dene rabinira kang wis sira lowongi mau, mênawa banjur sira karêpake, iya ora ana pakewuhe. Kang mangkono mau akèh lèrège dadi bêcik, para rabinira padha têntrêm atine, ora susah, kabèh padha narima ing pandumira. Allah iku nguningani sakarêntêge atinira. Allah iku nguningani luguning atinira, tur ora kêsusu niksa.

52. (He Mukhammad) sawise sira rabi wong wadon sanga iki, ora kêna rabi wong wadon manèh, lan ora kêna mêgat salah sijine rabinira banjur sira salini bojo [bo...]

--- 3 : 1028 ---

[...jo] wong wadon liyane, sanadyan sira kapencut marang ayune wong wadon mau. Kajaba wong wadon kawula kang kadarbe ing tanganira, iku kêna. Allah iku nyathêti samubarang.

53. He para wong mukmin, sira aja malêbu ngomahe Nabi Mukhammad, kajaba yèn sira dililani malêbu bakal disuguh panganan, sarta ora kêna tanpa ngêntèni wêtuning sêsuguh, nanging yèn sira diundang, banjur padha malêbua, mênawa sira wis mangan sêsuguh, banjur padha bubara, aja banjur jênak linggih cêcaturan lan padha kancanira, awit kang mangkono mau makewuhi marang Nabi Mukhammad, Nabi Mukhammad rikuh yèn nundhunga ing sira, nanging Allah ora pakewuh andhawuhake barang kang bênêr. Dene manawa sira arêp takon utawa anjaluk apa-apa marang rabine Nabi Mukhammad, sira takona utawa anjaluka saka jabaning warana bae. Kang mangkono iku suci bangêt tumrap marang atinira lan atine para rabine Nabi Mukhammad. Sira kabèh ora kêna gawe sêrike Nabi MukhamadMukhammad (dan di tempat lain). Rasulullah, apadene ing têmbe sapungkure Rasulullah, sira ora kêna ngrabèni [ngra...]

--- 3 : 1029 ---

[...bèni] randhane ing salawase, kang mangkono iku mungguhing Allah, prakara gêdhe.

54. Mênawa sira gawe sêrike Rasulullah kalawan dhêdhêmitan, apa manèh sira dhèng, iku Allah ora kêsamaran, Allah iku nguningani samubarang.

55. Para rabine Nabi Mukhammad, ora ana pakewuhe takon-tinakon tanpa warana, tumrap marang bapakne dhewe. Anake, para sadulure lanang, para anaking sadulur lanang, para anaking sadulur wadon, para wong wadon Islam, lan para wong wadon kawula kang kadarbe ing tangane, (kabèh mau kêna takon-tinakon lan rabine Nabi Mukhammad tanpa warana) para rabine Nabi Mukhammad padha wêdia ing Allah, satêmêne Allah iku mirsani samubarang, ora pisan kêsamaran.

56. Satêmêne Allah iku paring rahmat marang Nabi Mukhammad, para malaikating Allah uga padha nyuwunake rahmat, he para wong mukmin kabèh, sira padha macaa salawat, nyuwunake rahmating Allah marang Nabi Mukhammad, lan padha nyuwuna salaming Allah marang Nabi Mukhammad.

--- 3 : 1030 ---

57. Sarupane wong kang nyêrikake ing Allah lan Rasulullah, (iya iku wong kaphir, padha ngarani kang ora bêcik marang Allah, lan maido marang Rasulullah) iku padha kêna bêbênduning Allah, ana ing dunya lan ing akhirat, lan padha diancam siksa naraka kang ngrèmèhake.

58. Sarupane wong kang nyêrikake wong lanang mukmin lan wong wadon mukmin, nêrka ala kang satêmêne ora, iku têtela padha mikul dosa goroh lan têtela padha duraka.

59. He Nabi Mukhammad, sira dhawuha marang para rabinira lan para anakira wadon, apadene marang para rabine wong mukmin, padha nutupana raine lawan mêkêna, iku luwih prayoga tinimbang umbar-umbaran bae dinêlêng ing wong, dadi ora dicacad ing wong. Allah iku ngapura tur Maha- asih.

60. Wong kang padha lamis, lan wong kang atine ana lêlarane dhêmên jina. Apadene wong Madinah kang padha mratak-mratakake pawarta ala tur goroh, iku bakal padha Ingsun ulungake marang kawasanira. Sawise mangkono, wong mau kang isih lêstari awor lan sira ana ing Madinah, mung sathithik.

--- 3 : 1031 ---

61. Ana ing ngêndi bae wong mau padha kêna bêbênduning Allah, padha dicêkêl lan dipatèni.

62. Kang mangkono mau wis dadi pranataning Allah tumrap para nabi ing jaman kuna biyèn lan para umate. Pranataning Allah ora ana kang bisa ngowahi.

63. Akèh wong padha takon marang sira Mukhammad, nakokake besuk apa kêlakone dina kiyamat. Iku sira wangsulana: Kang nguningani bakal kêlakone dina kiyamat iku mung Allah piyambak. Sapa ta: kang bisa nêrangake marang kowe. Nanging wajibing wong mung ngati-ati, bokmênawa dina kiyamat iku wis cêdhak kêlakone.

64. Satêmêne Allah iku ambêndoni marang para wong kaphir, sarta ngancam bakal niksa wong kaphir ana ing Naraka Sangir.

65. Wong kaphir mau ana ing Naraka Sangir padha langgêng salawase, ora bisa olèh andêl-andêl utawa kang nulungi bisa murungake siksa mau.

66. Ing dina iku raine para wong kaphir padha dijungkêl- jungkêlake ana ing naraka, sêsambate: Adhuh, bok iya aku saiki diparêngake ngabêkti ing Allah,

--- 3 : 1032 ---

lan manut miturut marang para rasul.

67. Wong kaphir mau padha munjuk ing Allah, dhuh Pangeran kawula, kawula punika manut dhatêng para pangagêng, ingkang dados pangajêng kawula, wusana para pangajêng wau sami nasarakên dhumatêng kawula saking margi ingkang lêrês.

68. Dhuh Pangeran kawula, para pangajêng wau mugi Tuwan patrapi siksa tikêl kalih tinimbang kalihan kawula, sarta mugi Tuwan dhawahi bêbêndu ingkang langkung dening agêng.

69. He para wong mukmin, sira aja padha kaya Karun sakancane kang padha nêrka ala, nyêrik-nyêrikake marang Nabi Musa. Allah banjur anggêlarake tôndha yêkti rêsike Nabi Musa saka panêrkane Karun sakancane mau. Nabi Musa mau ana ngarsaning Allah pangkate gêdhe.

70. He para wong mukmin, sira padha wêdia ing Allah, lan padha calathua kang têmên lan bênêr.

71. Allah bakal nganggêp lan angganjar lakunira kang bêcik, sarta ngapura kaluputanira. Sing sapa manut miturut ing Allah lan marang Rasulullah, iku têtêp wong olèh kabêgjan gêdhe.

--- 3 : 1033 ---

72. Ingsun nawakake titipan, (sêsanggêman, iya iku ngèstokake sabarang parentahing Allah, sarta nyirik sabarang laranganing Allah, sing sapa sêtya tuhu nêtêpi sêsanggêmane, bakal Ingsun ganjar, kosokbaline, sing sapa cidra marang sêsanggêmane, bakal Ingsun siksa), Ingsun tawakake marang bumi lan langit, apadene marang gunung-gunung, nanging kabèh mau padha ora sanggêm nampani, padha kuwatir bokmênawa ora bisa nêtêpi sêsanggêmane. Ewadene titipan mau banjur disanggêmi ing manungsa, iya iku Nabi Adam. Dadi manungsa iku têtêp nganiaya marang awake dhewe, awit ênggone wani nyanggêmi mikul barang kang awake ora kêlar, sarta têtêp bodho, ora wêruh bakal wêkasane.

73. Enggone nawakake titipan mau, karsaning Allah diênggo urusan ênggone bakal niksa wong lanang kang padha lamis lan wong wadon kang padha lamis, apadene wong lanang kang padha maro tingal lan wong wadon kang padha maro tingal, mangkono uga ênggone bakal ngapura marang [ma...]

--- 3 : 1034 ---

[...rang] wong lanang mukmin lan wong wadon mukmin. Allah iku kaparêng ngapura tur Maha-asih.

Surat Saba

(Saba iku araning nagara ing tanah Yaman, ratune wadon, aran Ratu Bulkis, nagara Saba mau kagawa saka araning wong kang nurunake wong ing kono).

Tinurunake ana nagara Mêkah, sèkêt papat ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Sakèhing puji iku konjuk ing Allah, kang kagungan samubarang isining bumi lan langit. Besuk ana ing akhirat, Allah uga kagungan sakèhing puji, ora beda kaya ana ing dunya. Allah iku Wicaksana tur Waspada.

2. Allah iku nguningani samubarang kang malêbu marang bumi sarana dipêndhêm utawa liyane, lan barang kang mêtu saka ing bumi sarana thukul utawa [u...]

--- 3 : 1035 ---

[...tawa] liyane, apadene barang kang tumurun saka ing langit, kaya ta udan, lan barang kang munggah marang langit, kaya ta lakuning para kawulaning Allah lan liya -liyane. Allah iku Maha-asih tur kaparêng ngapura.

3. Wong kaphir padha calathu: Dina kiyamat iku môngsa kêlakona (he Mukhammad) sira mangsulana: Iya, dêmi Pangeranku, kang nguningani barang kang samar-samar, ora pisan kasamaran saboboting sêmut kang cilik dhewe, ana ing bumi lan ana ing langit, apadene barang kang luwih cilik utawa luwih gêdhe tinimbang lan sêmut mau, uga ora kasamaran. Kabèh wis tinulisan ana ing Lohmahphul, dina kiyamat mêsthi kêlakon têka ing kowe.

4. Kalakone dina kiyamat mau, Allah bakal angganjar para wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, kabèh padha diapura kaluputane lan diparingi rijêkangrijêki. kang mulya, iya iku suwarga.

5. Sarupane wong kang tumandang ngarah jugare [jugar...]

--- 3 : 1036 ---

[...e] Kuran ayat Ingsun, ngira yèn Ingsun iki apês, ora bisa niksa. Wong mangkono mau bakal padha Ingsun patrapi siksa kang ala dhewe tur nglarani.

6. Wong mukmin kang padha pinaringan kawruh surasane kitab kuna, padha wêruh yèn Kuran kang didhawuhake dening Pangeranira marang sira iku nyata têmên, lan dadi pituduh marang dalaning Pangeran kang Mahamulya tur pinuji.

7. Wong kaphir padha calathu marang kancane padha wong kaphir, mara kowe tak tuduhake sawijining lanang, iya iku Nabi Mukhammad kang pitutur marang kowe, ing besuk yèn kowe wis mati ajur dadi lêmah, ing têmbe kowe bakal diuripake manèh dadi titah anyar.

8. Nabi Mukhammad têka pitutur mangkono mau, apa pancèn jaragan, gawe-gawe, calathu goroh diawadake têrang saka Allah, lan apa duwe lara owah. (Nabi Mukhammad ora gawe-gawe lan ora owah), nanging wong kang padha ora ngandêl bakal anane [a...]

--- 3 : 1037 ---

[...nane] akhirat, iku wong kêsasar bangêt, ing têmbe bakal padha dipatrapi siksa.

9. Yagene wong kaphir mau padha ora andêlêng bumi lan langit, kang ana ing ngarêpe lan ing burine, iku kabèh kagungan Ingsun. Mênawa ana parênge karsaningsun, wong kaphir mau diuntal ing bumi kaya Si Karun biyèn, utawa Ingsun udani gêmpalaning langit, mêsthi kêlakon. Kang mangkono mau tumrap kawulaningsun kang sumungkêm marang Ingsun, mêsthi dadi tôndha yêktine kawasaningsun.

10. Ingsun wis maringi kaluwihan marang Nabi Dawud (pangandikaningsun): He gunung-gunung lan manuk kabèh, sira padha milua Nabi Dawud nyêbut Mahasuci marang Ingsun. Lan manèh Ingsun anglêmêsake wêsi ana ing tangane Nabi Dawud. (He Dawud) sira gawea kulambi kêre wêsi, trancangane kêre mau kang rapêt. Sira lan kancanira padha nglakonana panggawe bêcik. Ingsun iki mirsani samubarang kang padha sira lakoni.

11. Ingsun maringi bala angin marang Nabi Suleman, lakune angin mau satêngah dina wiwit esuk,

--- 3 : 1038 ---

padha lan lêlakon sêsasi, awit têngange têkan surup uga lêlakon sêsasi. Lan manèh Ingsun dalèdèkake têmbaga, mili saka pêlikane kaya kali, kanggo butuhe Nabi Suleman. Apadene Nabi Suleman Ingsun wênangake marentah sarupaning jin, sawênèhing jin mau ana kang nyambut gawe nglakoni parentahe Nabi Suleman, kalawan idining Pangerane, jin mau sing sapa suthik anglakoni parentah Ingsun, ambangkang parentahe Nabi Suleman, banjur Ingsun wêruhake rasane siksa Naraka Sangir.

12. Jin mau padha ngèstokake dhawuhe Nabi Suleman, anggawèkake masjid pirang- pirang, rêca pirang-pirang, balumbang pirang-pirang, lan kêndhil gêdhe bangêt, nganti ora kêna diêlih. He para kulawargane Nabi Dawud, sira padha nglakonana sukur ing Allah, para kawulaningsun kang sukur mung sathithik.

13. Barêng Nabi Suleman wus Ingsun karsakake mati, (ana ing Baitul Mukadas, matine Nabi Suleman kalawan ngadêg, leyangan têkêne, lawase [lawa...]

--- 3 : 1039 ---

[...se] nganti sataun, ora ana kang wêruh yèn Nabi Suleman iku wis mati) konangane yèn Nabi Suleman wis mati, awit têkêne dipangan ing rayap. Barêng têkêne tugêl, Nabi Suleman ambruk. Ing kono jin kang ngaku wêruh barang kang gaib, têtela goroh, awit upama jin wêruha barang kang gaib, mêsthi wêruh yèn Nabi Suleman wis mati, lan banjur ora gêlêm anglakoni pagawean kang abot, prasasat ana sajroning siksa kang ngrèmèhake.

14. Palêmahan ing tanah Yaman kang diênggoni para turune Kyai Saba, ana tôndha yêkti kang mracihnani kawasaning Allah. Ing kono ana palêmahan rong panggonan, kang siji ana sisih têngên, sijine ana sisih kiwa, wong ing kono padha didhawuhi dening nabine têrang saka Allah, kowe padha mangana rijêki pêparinging Allah Pangeranmu, lan padha sukura ing Pangeranmu. Nagara Yaman iki nagara bêcik, (eman yèn nganti rusak marga dening kaluputanmu). Allah iku Pangeran kang ngapura dosa.

--- 3 : 1040 ---

15. Wong ing kono padha malengos, suthik sukur ing Allah, mulane banjur Ingsun têkani banjir saka udan gêdhe lan bêdhahing bêndungan gaweaning Ratu Bulkis, palêmahane kang loh rong panggonan mau, Ingsun dadèkake palêmahan cêngkar kang mêtokake wowohan pait, lan woh atsal, apadene widara mung sathithik.

16. Kang mangkono mau Ingsun ênggo matrapi para turune Saba, marga ênggone padha kaphir. Sapa ta kang Ingsun patrapi mangkono kajaba para wong kaphir.

17. Ingsun andokoki desa pirang-pirang kang urut-urutan, ana antarane desa panggonane wong turun Saba lan nagara kang Ingsun barkahi, iya iku nagara Sam. Doh cêdhake siji-sijining desa lan liyane, watara sapalèrènane wong malaku. He para turune Saba, sira padha mlakua ana ing dalan iku pirang-pirang dina lan pirang-pirang wêngi kalawan têntrêm.

18. Wong Saba banjur padha munjuk ing Allah. Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi nêbihna lêlampahan [lêlampah...]

--- 3 : 1041 ---

[...an] kawula punika, wong Saba mau padha nganiaya awake dhewe kalawan kaphir, mulane banjur Ingsun buyarake, dadi padha pating balêsar marang nagara liyan, lêlakone Ingsun dadèkake lupiya tumrap wong-wong sapungkure. Kang mangkono iku tumrap wong kang têguh atine sarta sukur ing Allah, mêsthi dadi tôndha yêktining kawasaningsun.

19. Iblis wis gawe kanyataan, têtela kaya panyanane wong Saba. Wong Saba banjur padha manut laku jantrane iblis, kajaba mung wong mukmin sathithik kang ora manut iblis.

20. Iblis ênggone Ingsun gadhuhi pangawasa bisa anggodha manungsa, iku ora liya mung supaya Ingsun bisa nguningani kalawan gumêlar, sapa kang têmên pracaya bakal ananing akhirat, lan sapa kang atine mamang bakal anane akhirat mau. Allah Pangeranira iku nyathêti samubarang.

21. (He Mukhammad) sira dhawuha marang wong kaphir ing Mêkah: Mara padha anjêjaluka marang brahala kang padha koanggêp Pangeran liyane Allah, brahala mau ora duwe isining bumi lan langit, [la...]

--- 3 : 1042 ---

[...ngit,] saboboting sêmut bae, milu duwe bae ora. Allah ênggone yasa samubarang kang dumadi, tanpa pitulunganing brahala.

22. Sarupaning paturan ana ngarsaning Allah kang makolèhake sawijining wong, ora ana kang migunani, kajaba paturaning wong kang wis diparêngake dening Allah, malah besuk yèn wong kang arêp duwe paturan mau wis ilang wêdine lan girising ati, banjur padha takon-tinakon: Allah Pangeran sampeyan ngandika punapa, kang tinakonan mangsuli: Allah ngandika kalayan nyata, sampun marêngakên kula sami darbe paturan. Allah punika Mahaluhur tur Maha-agung.

23. (He Mukhammad) sira dhawuha: Sapa kang awèh rijêki marang kowe, rupa banyu udan saka ing langit, lan rupa thêthukulan saka ing bumi, wong kaphir mêsthi ora mangsuli. Sira banjur dhawuha: Kang paring rijêki iku Allah, dene aku lan kowe iki, salah siji olèh pituduh bênêr, sijine kêsasar têmênan.

24. Sira dhawuha manèh: Kowe ora bakal [ba...]

--- 3 : 1043 ---

[...kal] didangu dening Allah bab kaluputanku, aku iya ora bakal didangu prakara kang wis padha kolakoni.

25. Lan sira dhawuha manèh: Besuk dina kiyamat, Pangeranku ambètèhake aku lan kowe, banjur ngrampungi prakaraku lan kowe kalawan bênêr. Allah iku kang kawasa ngrampungi prakara tur nguningani kang diagêm mancas prakara.

26. (He Mukhammad) sira dhawuha: Mara aku tuduhna barang kang padha kogolongake ing Allah kanggo maro tingal, ora ta, wis ora bae yèn padha lan Allah, Allah iku Mahamulya, mênang dhewe, ora ana kang madhani tur wicaksana.

27. Enggon Ingsun ngutus sira Mukammad, sumarambah marang manungsa sajagad, ambêbungah kalawan olèh ganjaran suwarga, sarta mêmêdèni bakal disiksa ana naraka. Ewadene manungsa iku kang akèh padha ora wêruh.

28. Wong kaphir ing Mêkah padha calathu: Mênawi dhawuh

--- 3 : 1044 ---

sampeyan punika têmên, benjing punapa kalampahanipun siksa naraka ingkang dipun ancamakên punika.

29. Sira dhawuha marang wong kaphir ing Mêkah, kowe wis padha diwangêni ing dina bakal matimu, ora bisa maju utawa mundur sajam bae.

30. Wong kaphir ing Mêkah padha ngucap: Aku ora ngandêl unine Kuran iki, lan unine kitab-kitab sadurunge Kuran, kang padha mratelakake dina kiyamat lan kaanane Nabi Mukhammad. (He Mukhammad) besuk ana ing akhirat, sira andêlêng para wong kaphir nalikane padha dijèjèr ana ngarsaning Pangerane, siji-sijining wong padha tutuh-tinutuh lan kancane. Panutuhe kang cilik marang panggêdhene: Aku ajaa kojak kaphir, mêsthi ngandêl ing Allah lan Rasulullah.

31. Para panggêdhene mangsuli panutuhing wong cilik: Apa aku nyêgah ênggonmu arêp anglakoni pituduh bênêr sawise kowe didhawuhi ing rasul (aku ora rumasa) nanging kowe padha kaphir saka karêpmu dhewe.

--- 3 : 1045 ---

32. Calathune wong cilik marang panggêdhene: Kang nyêgah ênggonku arêp anglakoni pituduh bênêr pambujukmu marang aku tanpa kêndhat, rina lan wêngi aku tansah kopurih maido ing Allah kopurih nyêmbah brahala, mangeran liyane Allah, ewadene wong kaphir mau nalikane padha andêlêng siksa, padha nutupi kaduwunge. Gulune wong kaphir padha Ingsun balênggu. Kang mangkono iku dudu panganiaya, mung tumônja patrapaning kaluputan kang wis padha dilakoni nalika ana ing dunya.

33. Mênawa Ingsun ngutus rasul ana sawijining desa, panggêdhene ing desa kono mêsthi calathu: Parentah ingkang sampeyan dhawuhakên punika, kula maibên.

34. Wong kaphir padha ngucap: Kula sami sugih bôndha sarta sugih anak, punika tôndha yèn lampah kula punika sampun dipun parêngakên dening Pangeran, sampun botên kemawon kula badhe dipun siksa.

35. (He Mukhammad) sira mangsulana: Iku dudu tôndha yêkti, satêmêne Allah Pangeranku

--- 3 : 1046 ---

iku paring rijêki akèh marang wong kang dadi parênging karsane, lan ana uga kang diparingi mung cumpèn bae, ewadene wong kaphir ing Mêkah, iku kang akèh padha ora wêruh.

36. Kang nyêdhakake sira marang Ingsun iku dudu bandhanira lan dudu para anakira, kajaba wong kang pracaya marang Ingsun lan anglakoni panggawe bêcik, iku bakal padha olèh ganjaran tikêl tinimbang lan murwating kabêcikan kang wis padha dilakoni, wong mau ana ing suwarga padha têntrêm atine.

37. Sarupane wong kang tumandang ngarah jugare Kuran ayat Ingsun, ngira yèn Ingsun iki apês, ora bisa niksa marang wong mau, wong mau ing têmbe bakal diajokake marang naraka, panggonaning siksa.

38. (He Mukhammad) sira dhawuha: Satêmêne Allah Pangeranku paring rijêki akèh marang para kawulane. Endi kang dadi parênging karsane, lan ana uga kang mung dicumpèni bae. Samubarang kang kowèwèhake marang wong, Allah bakal paring lirune barang mau. Allah iku bêcik-bêcike kang paring [pa...]

--- 3 : 1047 ---

[...ring] rijêki.

39. Lan sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane Ingsun ngimpun para wong kaphir, padha nglumpuk dadi siji, Allah banjur andangu marang para malaikat: Wong kaphir iku apa dhapadha. nyêmbah marang sira.

40. Para malaikat padha munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan punika Mahasuci. Tujuning manah kawula punika dhatêng Tuwan, botên dhatêng tiyang kaphir punika. Saèstunipun tiyang kaphir punika sami nyêmbah setan, tiyang kaphir punika ingkang kathah sami ngandêl dhatêng setan.

41. Ing dina iku ora ana wong bisa makolèhake utawa maeka marang liyane. Lan Ingsun dhawuh marang wong kaphir: Mara padha ngrasakna siksa naraka, kang padha sira paido biyèn.

42. Wong kaphir mau mênawa diwacakake Kuran ayat Ingsun, kalawan cêtha têrang, banjur padha ngucap: Nabi Mukhammad iki ora liwat mung wong lanang sumêja ngalang-alangi ênggonmu padha nyêmbah brahala sêsêmbahane para lêluhurmu biyèn. Kuran iki ora liwat [li...]

--- 3 : 1048 ---

[...wat] mung ngucap goroh lan gawe-gawe, wong kaphir mau nalikane didhawuhi Kuran kang nyata bênêr padha ngucap: Kuran kang diawadake têmên lan bênêr iki, ora liwat mung sikhir kang wis têtela.

43. Wong kaphir ing Mêkah ora Ingsun paringi kitab wêwacan kang mratelakake yèn maremaro. tingal iku bênêr, lan Ingsun ora ngutus nabi sadurunge sira, kang andhawuhake yèn maro tingal iku bênêr.

44. Para umat ing jaman kuna sadurunge wong kaphir ing Mêkah iku, iya padha maido para rasul. Pêparing Ingsun marang wong kaphir ing Mêkah durung madhani sapara sapuluhe pêparing Ingsun marang para umat ing jaman kuna, bab dawaning umure, sugihe bôndha lan sugihe anak, nanging para umat ing jaman kuna padha maido utusan Ingsun. Kapriye ta dêdukaningsun marang wong mau, mêsthi padha Ingsun siksa kang bangêt.

45. (He Mukhammad) sira dhawuha: Enggonku pitutur marang kowe mung saprakara bae, iya iku, saiki padha mundura saka ing kene, nanging banjur padha marsudia kang bênêr mungguhing [mungguh...]

--- 3 : 1049 ---

[...ing] Allah, rêrêmbugana wong loro utawa mikir ijèn. Sawise olèh panêmu, banjur pakumpulana, mupakat bab ênggonmu ngarani yèn Nabi Mukhammad iku duwe lara owah, kapriye katêrangane. Mêsthi ora nyata. Nabi Mukhammad iku nabi kang mêmêdèni marang kowe ana ngarêping siksa kang abot.

46. (He Mukhammad) sira dhawuha: Enggonku ngundhangake dhawuhing Allah iki, aku ora anjaluk pituwas apa-apa marang kowe, kang mêsthi paring ganjaran marang aku mung Allah piyambak. Allah iku mirsani samubarang.

47. (He Mukhammad) sira dhawuha: Satêmêne Allah Pangeranku andhawuhake parentah kang bênêr tur nguningani samubarang kang samar- samar.

48. (He Mukhammad) sira dhawuha: Saiki Kuran kang anggêlarake agama Islam, wis dhumawuh. Dene barang kang luput, saiki sirna lan ora bakal thukul manèh.

49. (He Mukhammad) sira dhawuha: Mênawa aku nasar, sangsarane mêsthi mlarati marang awakku dhewe,

--- 3 : 1050 ---

dene yèn aku nêtêpi pituduh bênêr, iku marga saka Kuran kang wis didhawuhake dening Allah Pangeranku marang aku. Satêmêne Allah iku miyarsa tur cêdhak.

50. (He Mukhammad) mênawa sira andêlêng nalikane wong kaphir padha giris wêruh siksa naraka, iku sira wêruh prakara gêdhe. Wong kaphir wis ora bisa mlayu ngoncati siksa. Wong kaphir padha kapikut saka panggonan kang cêdhak.

51. Wong kaphir padha ngucap: Sapunika kula ngandêl dhatêng Nabi Mukhammad, saha dhatêng Kuran, pangucape mangkono mau tanpa gawe. Kapriye bisane katarima tobate saka panggonan kang adohe tanpa wangênan, (têgêse katarimane tobat iku ana ing dunya, kang môngka wong kaphir mau wis ana ing akhirat).

52. Sadurunge andêlêng siksa, wong kaphir wis padha maido Kuran lan Nabi Mukhammad, apadene padha nandukake pangala-ala marang Nabi Mukhammad nganggo barang kang gaib, (calathune: ora ana suwarga lan naraka). Calathune mangkono mau, [ma...]

--- 3 : 1051 ---

[...u,] adoh bangêt yèn wêruha katêrangane.

53. Wong kaphir mau padha dialing-alingi, ora bisa kêlakon samubarang kang dipengini, kaya ta iman, katarima tobate, bali marang ing dunya lan sapanunggalane.

54. Wong kaphir padha ditindakake kaya kônca-kancane wong kaphir ing jaman kuna, ora ditarima tobate, awit padha mamang marang rasul lan anane dina kiyamat.

Surat Malaikat.

Tinurunake ana nagara Mêkah, patang puluh lima ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Sakèhing puji iku konjuk ing Allah, kang gawe bumi lan langit, sarta kang ngutus para malaikat, para malaikat mau padha mawa suwiwi, ana kang ngloro, nêlu lan mapat, lan ana kang diwuwuhi suwiwi manèh saka parênge karsaning Allah. Satêmêne Allah iku nguwasani samubarang.

--- 3 : 1052 ---

2. Sadhengah rahmat kang diparingake dening Allah marang manungsa, (kaya ta rijêki, banyu udan lan sapêpadhane) iku ora ana kang bisa ngalang-alangi. Dene mênawa Allah karsa mêpêt rahmat, mêsthi ora ana kang bisa nulungake rahmat mau. Allah iku Mahamulya tur Wicaksana.

3. He para manungsa, sira padha elinga pêparinging Allah kabungahan marang sira. Apa ana ta, liyane Allah kang bisa gawe utawa nganakake barang-barang kang dumadi, utawa awèh rijêki marang sira saka ing langit utawa saka thêthukulaning bumi, (môngsa anaa) ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah, lah kapriye ênggonira nyelaki.

4. Mênawa wong kaphir padha maido marang sira, iku ora andhèwèki, para rasul sadurunge sira, iya dipaido dening para umate. Samubarang prakara iku, besuk ana ing akhirat, dibalèkake konjuk ing Allah, Allah kang kawasa ngrampungi.

5. He para manungsa, prasêtyaning Allah bakal anane dina kiyamat, iku mêsthi kêlakon têmênan, [têmêna...]

--- 3 : 1053 ---

[...n,] mulane sira aja kajalomprong dening kasêngsêm kabungahan ing dunya, lan aja kajalomprong manut panggodhaning setan, nglirwakake parentahing Allah.

6. Satêmêne setan iku satrunira, mulane iya sira satrua, kang mêsthi setan mau ngajak-ajak wong kang dikumpuli, supaya dadia isèn-isène Naraka Sangir.

7. Sarupane wong kaphir iku bakal padha dipatrapi siksa kang abot.

8. Dene sarupane wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, iku bakal padha olèh pangapura kaluputane lan olèh ganjaran gêdhe.

9. Wong kang kêna panggodhaning setan, banjur kasêngsêm marang lakune kang ala, pangrasane iku prayoga, (wong mangkono mau apa padha bae lan wong kang olèh pituduh bênêr, mêsthi beda) satêmêne Allah iku nasarake wong kang dadi parênging karsane, lan uga paring pituduh marang wong kang dadi parênging karsane,

--- 3 : 1054 ---

mulane sira dingati-ati, aja nganti karusakan awakira dening cilaka. Satêmêne Allah iku nguningani samubarang kang padha dilakoni dening manungsa.

10. Allah iku kang ngididake angin, ngimpun mega kang banjur dadi udan. Udan mau Ingsun siramake marang nagara utawa palêmahan kang mati (bêra) iku Ingsun ênggo nguripake palêmahan kang maune bêra. Besuk ênggon Ingsun nguripake wong kang wis padha mati, iya kaya mangkono.

11. Sing sapa kapengin mulya, nyuwuna kamulyan ing Allah, awit kamulyan iku kabèh kagunganing Allah. Dene pangucap kang bêcik, (iya iku la ilaha illah)illallah. iku konjuk ing Allah, pangucap bêcik mau ngunjukake kabêcikan ing Allah, dene sarupane wong kang nglakoni panggawe ala, iku bakal padha dipatrapi siksa kang abot, pialane wong mau ana ing akhirat bakal jugar.

12. Allah iku kang gawe lêluhurira Nabi

--- 3 : 1055 ---

Adam, saka ing lêmah, banjur gawe awakira saka ing mani, sira iku digawe warna-warna, lanang lan wadon, dene wong wadon ênggone mêtêng lan ênggone nglairake bayi, iku mêsthi tètès lan kawruhe Allah, dene umure siji-sijining wong, lan suda wuwuhing umure, iku mêsthi tinulis ana ing Lohmahphul, kang mangkono mau ingatasing Allah gampang bae.

13. Sagara loro tawa lan asin, iku ora padha, mara ta sira dêlênga, iki banyu tawa kang bêning, sêgêr diombe. Dene iki banyu asin kang lêtih, sira bisa olèh pangan iwak loh saka siji-sijining sagara mau. Lan uga bisa olèh rajapèni kanggo rêrênggan, kaya ta mutyara lan mrêjan sapêpadhane. Mangkono manèh sira andêlêng prau padha mlaku ana ing sagara, sira ênggo laku dagang, ngupaya sih pêparinging Allah rijêki, iku supaya sira padha sukur ing Allah.

14. Allah iku nglojokake wêngi marang awan, sarta nglojokake awan marang wêngi,

--- 3 : 1056 ---

apadene marentah srêngenge lan rêmbulan, kabèh padha mlaku ana ing cakrawalane, nganti têkan dina kiyamat, iya iku Allah Pangeranira kang kagungan karaton. Dene brahala kang padha sira anggêp Pangeran liyane Allah, iku ora duwe apa-apa, sanajan mung klamudaning isi bae iya ora duwe.

15. Brahala mau mênawa sira undang, ora bisa krungu pangundangira, ing besuk dina kiyamat, brahala mau padha nyelaki ênggonira maro tingal nyêmbah brahala mau. Apadene ora bisa pitutur apa-apa marang sira. Ora kaya Allah kang waspada marang samubarang.

16. He manungsa, sira iku butuh marang kabêcikaning Allah. Dene Allah ora pisan butuh apa-apa marang liyane. Wis bênêre Allah ingalêmbana kabêcikane.

17. Mênawa ana parênge karsaning Allah sira iku disirnakake kabèh, Allah banjur nganakake titah anyar mêsthi kêlakon.

18. Kêlakone kang mangkono mau mungguhing [mungguh...]

--- 3 : 1057 ---

[...ing] Allah ora angèl.

19. Besuk dina kiyamat, siji-sijining wong mung mikul dosane dhewe-dhewe, ora mikul dosaning liyan. Mênawa ana wong kabotan mikul dosane dhewe, banjur anjaluk tulung marang wong lanang liyane, supaya direwangana mikul, sanajan kang dijaluki tulung mau kalêbu sanak sadulure, mêsthi ora gêlêm angrewangi mikul sathithik-thithika (he Mukhammad) wong kang wêdi sira wêwêdèni mangkene iki, mung wong kang wêdi ing Allah Pangerane, sanadyan siksane ora katon, sarta padha nglakoni sêmbayang. Dene sing sapa ngarah suci kalawan ngabêkti ing Allah, iku nucèkake awake dhewe, ing besuk manungsa iki padha bali marang ngarsaning Allah.

20. Wong picak lan wong andêlêng mêsthi ora padha, padhang lan pêtêng iya ora padha, apadene eyub lan panas iya môngsa padhaa.

21. Wong urip lan wong mati mêsthi ora padha, (kaya mangkono sanepane wong mukmin,

--- 3 : 1060 ---

mêsthi beda lan wong kaphir, he Mukhammad) satêmêne Allah iku gawe pangrungune wong kang dadi parênging karsane, nanging sira ora bisa gawe pangrungune wong kang ana sajroning kubur. Sira iku ora liwat mung nyurup-nyurupake lan mêmêdèni siksaningsun.

22. Satêmêne ênggon Ingsun ngutus sira iki pêrlune mêmêdèni siksaningsun lan ngêbang-êbang kalawan ganjaran Ingsun. Dene sarupaning umat ing jaman kuna biyèn, wis mêsthi ana nabine dhewe-dhewe kang nyurup-nyurupake.

23. Mênawa wong Mêkah padha maido ing sira Mukhammad, iku ora andhèwèki. Para umat sadurunge wong Mêkah iku biyèn, uga padha maido marang rasule, tur para rasule ênggone andhawuhake kitab, ora kurang têrang sarta kanthi mukjijat kaelokan.

24. Ingsun banjur niksa marang wong kaphir kang padha maido mau, mara ta kapriye bêbênduningsun marang wong kaphir mau.

25. Apa sira ora andêlêng Allah ênggone

--- 3 : 1061 ---

nurunake banyu udan saka ing langit, banyu udan mau banjur Ingsun ênggo mêtokake wowohan kang warnane beda-beda. Dene dalan kang pating jalarèh ana ing gunung, iku uga warna-warna, ana kang putih lan ana kang abang lan ana uga kang irêng bangêt, mangkono uga manungsa lan gêgrêmêtan, apadene rajakaya iya warna-warna, dene para kawulaning Allah kang mêsthi wêdi ing Allah iku mung para ngulama. Satêmêne Allah iku Mahamulya tur ngapura dosa.

26. Sarupane wong kang tabêri maca Kuran kitabing Allah lan anglakoni sêmbayang, apadene mèwèh pêparing Ingsun rijêki marang wong mau, kalawan wêruh wong akèh utawa ora, iku padha ngarêp-arêp mungguh lakune kang mangkono mau dadia dagangan kang ora kêna tuna.

27. Supaya Allah maringana ganjaran marang wong mau, lan muwuhana sih kanugrahan. Satêmêne Allah iku ngapura dosa tur paring sukur.

28. Kitab Kuran kang wis Ingsun dhawuhake marang sira Mukhammad, iku nyata bênêr, cocog lan [la...]

--- 3 : 1062 ---

[...n] surasane kitab kuna cêcêkêlane wong Yahudi. Satêmêne Allah iku mirsani tur waspada marang para kawulane.

29. Ingsun banjur andhawuhake kitab Kuran marang para kawulaningsun kang pilihan, iya iku umat Mukhammad, ewadene umat Mukhammad mau ana kang nganiaya awake dhewe, iya iku wong kang sêmbrana ênggone ngèstokake dhawuh, lan ana uga kang akèh sêtya tuhune, apadene ana kang kaduk kabêcikane, ora pisan anglakoni ala, iku kalawan idining Allah, kang mangkono mau aran kanugrahan gêdhe.

30. Wong têlung warna mau besuk padha malêbu ing Suwarga Ngadan, ana ing kono padha dianggon-anggoni gêlang mas lan mutyara, dene sandhangan sarwa sutra.

31. Wong ing suwarga padha mêmuji ing Allah: Sakèhing puji iku konjuk ing Allah, kang wis ngalangake kasusahanku, satêmêne Allah Pangeranku iku ngapura dosa tur paring sukur.

32. Kang wis mrênahake marang aku manggon ana [a...]

--- 3 : 1063 ---

[...na] ing suwarga aku ora tau kangelan, lan ora tau sayah, iya iku kanugrahaning Allah.

33. Dene para wong kaphir iku padha dipatrapi siksa Naraka Jahanam, ora dipungkasi sarana mati, lan ora diparingi kamayaran siksane, sarupane wong kaphir iya padha Ingsun patrapi kaya mangkono uga.

34. Wong kaphir ana ing naraka padha ngadhuh-adhuh, sêsambate: Dhuh Allah Pangeran kawula, kawula mugi Tuwan êntasakên saking naraka, kawula sagah nglampahi pandamêl sae, botên malih-malih badhe nglampahi pandamêl awon kados ingkang sampun kawula lampahi rumiyin. (Allah banjur mêlèhake): Ingsun apa ora wis maringi umur dawa marang sira, kang cukup diênggo eling dening wong kang gêlêm eling, sarta sira wis tômpa dhawuhing nabi.

35. Mulane saiki padha ngrasakna siksa, wong kaphir môngsa duwea andêl-andêl, kang bisa murungake siksaningsun.

36. Satêmêne Allah iku nguningani kang samar-samar [samar-sa...]

--- 3 : 1064 ---

[...mar] ana ing bumi lan langit. Satêmêne Allah iku nguningani sakarêntêking ati.

37. (He wong Mêkah) Allah iku kang paring panggonan marang sira ana ing bumi, anggêntèni wong kang wis padha mati. Sing sapa kaphir, iku patrapane ênggone kaphir bakal disôngga dhewe. Enggone kaphir mau mung bakal muwuhi siksa marang awake ana ngarsaning Pangerane, lan manèh ênggone kaphir mau bakal muwuhi kapitunan marang awake.

38. (He Mukhammad) sira dhawuha marang wong kaphir ing Mêkah, apa kowe wis padha andêlêng brahala kang koanggêp Pangeran liyane Allah. Mara aku tuduhna isèn-isèning bumi iki kang gêgaweaning brahala kang êndi. Utawa apa brahala mau diparingi cêcêkêlan kitab kang mratelakake yèn brahala mau milu jumênêng Pangeran lan Allah. (Mokal yèn mangkonoa) wong kaphir padha golong lan kancane, ngarani yèn brahala iku bakal bisa ambombong prakara ana ngarsanig Allah, iku luput.

--- 3 : 1065 ---

39. Allah iku ngukuhake adêging bumi lan langit, kalawan kuwasane, dadi ora pisan bisa rubuh utawa anjomplang, upama bumi lan langit iku rubuh utawa anjomplang, mêsthi ora ana kang bisa ngukuhake liyane Allah. Satêmêne Allah iku wêlas asih tur ngapura dosa.

40. Wong kaphir ing Mêkah padha supata pathênthêngan, nyêbut asmaning Allah, sanggêm mênawa ana rusulrasul. têka mêmulang marang wong mau, mêsthi bakal nêtêpi pituduh bênêr, ngungkuli wong Yahudi lan wong Nasara. Ewadene barêng padha ditêkani Rasul Nabi Mukhammad, wong Mêkah malah padha mundhak munyal-munyale.

41. Padha gumêdhe ana ing bumi sarta padha anglakoni panggawe ala, maeka marang Rasulullah, nanging paekane ora pisan malarati marang Rasulullah, malah mlarati marang awake dhewe lan marang para wangsane. Wong kaphir ing Mêkah mau mung ngêntèni siksaning Allah, kaya kang wis ditindakake marang para umat ing jaman kuna, awit sira wis wêruh yèn pranataning Allah ora kêna diowahi.

--- 3 : 1066 ---

42. Lan sira uga wis wêruh yèn siksaning Allah iku ora kêna dilironi wong.

43. Wong kaphir ing Mêkah apa ora anjajah ing bumi, sarèhne wis padha anjajah ing bumi, wis wêruh patilasane wong kuna pirang-pirang, sadurunge wong Mêkah, kang padha ditumpês dening Allah marga ênggone maido rasule, tur wong kuna mau gagah prakosane ngungkuli wong Mêkah. Isèn-isèning bumi lan langit ora ana kang bisa ngapêsake Allah, murungake ênggone niksa wong kang dadi parênging karsane. Satêmêne Allah iku nguningani samubarang tur kuwasa.

44. Upama Allah matrapi manungsa kalawan sabênêring kaluputan kang wis padha dilakoni, amêsthi ora ana gêgrêmêtan ana lumahing bumi kang kêliwatan, kabèh sirna. Ewadene karsaning Allah ora mangkono, paniksaning manungsa disarantèkake têkan ing wêwangên kang tinamtokake. Iya iku besuk dina kiyamat.

45. Ing besuk manawa wis têkan wangêne, Allah mêsthi mirsani para kawulane, sapa kang bênêre disiksa [disi...]

--- 3 : 1067 ---

[...ksa] lan sapa kang bênêre diganjar.

Surat Yasin

Tinurunake ana nagara Mêkah, wolung puluh têlu ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha- asih.

1. Ya, Sin, iku kabèh araning aksara Ngarab, Allah ênggone ngandika mangkono iku mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan karêpe. Dêmi Kuran kang isi kawicaksanan.

2. (He Mukhammad) sira iku ewone para utusan Ingsun.

3. Nêtêpi lan mêmulang dalan kang bênêr.

4. Iya iku Kuran, kang wis didhawuhake dening Allah kang Mahamulya lan Maha-asih.

5. Supaya sira mêmêdènana marang wong akèh kalawan siksaning Allah. Para luhure biyèn, salowonge para nabi, ora ana kang mêmêdèni, mulane padha lali ngabêkti ing Allah.

--- 3 : 1068 ---

6. Wong mau kang akèh padha tinamtokake nandhang siksa awit wong mau padha ora iman.

7. Gulune wong mau padha Ingsun trapi balênggu têkan ing uwang, mulane wong mau padha andhangak.

8. Ing ngarêpe lan ing burine wong mau Ingsun dokoki tutup kang mêpêti ênggone arêp ngandêl ing Allah pandêlênge, Ingsun gawe pêtêng, mulane padha ora andêlêng dalan kang bênêr.

9. Wong mangkono mau sanadyan sira wêwêdèni siksa utawa ora, padha bae, mêsthi ora gêlêm pracaya ing Allah.

10. Enggonira mêmêdèni manungsa iku, kang mêsthi tumama lan migunani mung tumrap marang wong kang ngèstokake dhawuhing Kuran, sarta wêdi ing Pangeran kang Mahamurah, sanadyan ana ing pasêpèn, wong mangkono mau sira bêbungaha bakal olèh pangapuraning Allah lan olèh ganjaran mulya iya iku suwarga.

11. Ingsun iki kang ing besuk bakal nguripake [nguripa...]

--- 3 : 1069 ---

[...ke]

sarupane wong kang wis padha mati, sarta nyathêti laku ala lan bêcik kang wis padha dilakoni dening wong mau, apadene lêlabêtane wong mau. Samubarang iku kabèh Ingsun cacahake gêmêt,mêmêt. lan Ingsun têrangake, tinulisan ana ing Lohmahphul.

12. Lan sira anggêlara upama marang para umatira, kang sira ênggo upama, wong ing nagara Intakiyah, nalikane ditêkani para kongkonane Nabi Ngisa.

13. Dhèk samana Ingsun ngutus wong loro, aran: Yokhana lan Baulus, nyurup-nyurupake marang wong ing Intakiyah. Wong ing kono padha maido marang utusan Ingsun loro mau, mulane Ingsun banjur ngutus wong siji manèh aran Simngon, dadi wong têlu. Wong têlu mau banjur padha pratela marang wong ing Intakiyah, aku iki utusaning Allah, dikarsakake mêmulang marang kowe kabèh.

14. Wong Intakiyah padha mangsuli: Pamanggih kula, sampeyan punika inggih tiyang kados kula [ku...]

--- 3 : 1070 ---

[...la] kemawon, Pangeran ingkang Maha-asih botên dhawuh punapa-punapa, dados sampeyan punika têtela dora.

15. Rasul têlu padha mangsuli: Sanajan kowe padha maido, nanging Allah Pangeranku nguningani ênggonku têmên diutus ing Allah nyurup-nyurupake marang kowe.

16. Wajibku ora ana manèh mung andhawuhake parentahing Allah.

17. Wong Intakiyah padha mangsuli: Sapunika kula sami kenging wêwêlak kabêthatan jawah jalaran saking pandamêl sampeyan. Mila mênawi botên sampeyan mantuni anggèn sampeyan makatên punika, sampeyan mêsthi kula balangi ing sela ngantos pêjah, sarta mêsthi kula sakiti.

18. Rasul têlu padha mangsuli: Wruhanamu, ênggonmu padha kêna ing wêwêlak, iku marga saka awakmu dhewe, iya iku ênggonmu padha kaphir, ora saka ênggonmu tak elingake tak jak Islam, nanging kowe iku pancèn kêbangêtên ênggonmu [êng...]

--- 3 : 1071 ---

[...gonmu] duraka.

19. Dumadakan ana wong lanang aran Kabibunajar, iku barêng krungu yèn wong Intakiyah padha maido marang rasul, banjur gêgancangan mlayu saka panggonane ing watêsing nagara Intakiyah. Têkan ing kono banjur calathu: He para kancaku wong Intakiyah, kowe padha ngèstokna para rasul iku.

20. Padha manuta bae marang wong kang ora amrih pituwas saka ing kowe, rasul têlu iku têtela nêtêpi pituduh bênêr.

21. Yagene aku ora nyêmbah marang Pangeran kang gawe awakku. Ing têmbe yèn kowe wis padha mati, mêsthi padha bali marang ngarsaning Allah.

22. Apa aku ngadêgake Pangeran liyane Allah, iya iku brahala, (môngsa gêlêma) manawa Allah Pangeran kang Mahamurah ngarsakake kamlaratan marang aku, brahala kang kokira bisa nyupangati iku môngsa migunanana apa-apa marang aku, lan môngsa bisa agawe slamêt marang aku.

23. Mênawa aku nganti mangkono têtela

--- 3 : 1072 ---

aku iki wong kêsasar.

24. (Dhuh para rasul) mugi sampeyan sêksèni, kula punika pitados dhatêng Allah Pangeran sampeyan.

25. (Wong mau banjur dipatèni dening wong Intakiyah, barêng wis mati) wong mau tômpa dhawuh: He sira malêbua ing suwarga. Wong mau banjur calathu: Para kancaku wong Intakiyah, sapungkurku muga padha wêruha.

26. Allah ênggone wis ngapura marang aku, lan ênggone wis andadèkake aku ewone wong mulya.