Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

Jus kaping têlulikur

27. Sawise mati Khabibunajar, Ingsun numpês wong Intakiyah tanpa nurunake bala malaikat saka ing langit, mulane Ingsun iya ora nurunake malaikat.

28. Panumpêse wong Intakiyah mung sarana pêtake Malaikat Jabarail sapisan bae [ba...]

--- 3 : 1073 ---

[...e] wong Intakiyah wis mati kabèh.

29. He para kawulaning Allah kang gêtun sajêge, marga sabên katêkan rasul, mêsthi padha anggêguyu marang rasul mau.

30. Wong Mêkah apa padha ora andêlêng, pira bae kèhe para umat ing jaman kuna, sadurunge wong Mêkah iku kang padha Ingsun tumpês.

31. Wong kang wis Ingsun tumpês mau ora pisan bali marang dunya katêmu lan wong Mêkah.

32. Sarupane kang dumadi sawise sirna, ora banjur tulus sirnane, nanging kabèh mau ing têmbe bakal padha diimpun marang ngarsaningsun.

33. Wong Mêkah duwe tôndha yêkti yèn wong kang wis padha mati bakal padha diuripake manèh. Iya iku bumi kang mati, (bêra) Ingsun uripake sarta Ingsun wêtokake pamêtune, wiji kang padha dipangan dening para wong Mêkah.

34. Bumi mau Ingsun dèkèki pakêbonan kang isi wit kurma lan anggur, sarta Ingsun wêtokake sumbêrane pirang-pirang.

35. Supaya wong Mêkah padha mangana wohe wit kurma [kur...]

--- 3 : 1074 ---

[...ma] sapanunggalane, tur wong Mêkah ora gawe wowohan mau. Yagene wong Mêkah têka gêlêm mangan wowohan, nanging ora gêlêm sukur ing Allah.

36. Mahasuci Allah kang wis gawe sakèhing thêthukulan ing bumi warna-warna, lan uga wis gawe awake manungsa kabèh, warna-warna, lanang lan wadon, apadene wis gawe samubarang kang wong ora wêruh.

37. Wong Mêkah duwe tôndha yêkti manèh, kang mratandhani yèn kawasaning Allah iku sampurna, iya iku ananing wêngi Ingsun ênggo nyalini awan, ing kono wong ing Mêkah padha kapêtêngan.

38. Lan manèh srêngenge ênggone lumaku têkan panggonane kang têtêp, iya iku katoge ênggone munggah lan mudhun ana ing môngsa têrangan lan rêndhêng, kalakone mangkono mau, saka kawasaning Allah kang Mahamulya tur nguningani samubarang.

39. Lan manèh rêmbulan Ingsun tamtokake mlaku ana ing manajil (iya iku sapara wolulikuring buwêngan dalaning rêmbulan) nganti bali wangune kaya mancunging kurma kang wis tuwa lan garing.

--- 3 : 1075 ---

40. Srêngenge ora bisa nututi rêmbulan banjur kumpul ing wayah wêngi, mangkono manèh wêngi ora bisa nêngah-nêngahi awan. Dene srêngenge, rêmbulan lintang-lintang, iku padha lumaku kalangan ana ing cakrawalane dhewe-dhewe.

41. Lan manèh wong Mêkah duwe tôndha yêktining kawasaningsun, iya iku ênggon Ingsun ngêmot para lêluhure ana ing prau kang kêbak, dhèk jamane Nabi Nuh biyèn.

42. Wong Mêkah Ingsun gawèkake têtunggangan kang ngèmpêri praune Nabi Nuh, kaya ta prau-prau ing jaman saiki, lan jaran sapêpadhane.

43. Mênawa ana parênging karsaningsun, wong Mêkah Ingsun kêlêm ana ing sagara, mêsthi kêlakon, sarta ora ana kang bisa nulungi. Wong mau ora bisa slamêt.

44. Kajaba marga saka rahmat Ingsun, lan Ingsun paringi kabungahan nganti têkan wêwangêning patine.

45. Wong Mêkah nalikane padha didhawuhi mangkene: Sira padha wêdia patrapaning dosa kang ana ngarêpira, iya iku patrapan kêncengan,

--- 3 : 1076 ---

ana ing dunya, lan patrapan kang ana ing burinira, iya iku patrapan besuk ana ing akhirat, supaya sira padha olèh sihing Allah.

46. (Wong Mêkah padha maido) wong Mêkah sabên didhawuhi ayat pangandikaning Pangerane, mêsthi padha malengos.

47. Wong Mêkah nalikane didhawuhi mangkene: Kowe padha mèwèhna rijêki kang wis diparingake dening Allah marang kowe. Wong Mêkah kang padha kaphir banjur padha mangsuli marang wong mukmin, yagene aku awèh pangan marang sawijining wong, kang mênawa ana parênge karsaning Allah, Allah paring rijêki marang wong mau, ênggonmu akon wèwèh marang wong mau, têtela kêsasar.

48. Wong kaphir padha calathu marang wong mukmin: Mênawa kandhamu yèn wong kang wis padha mati bakal padha diuripake manèh iku têmên, mara besuk apa kêlakone.

49. Wong kaphir mau ora liwat mung ngêntèni pêtake Malaikat Israphil, pêtak kang sapisan bae wong saisining jagad mati kabèh. Wong kaphir ora [o...]

--- 3 : 1077 ---

[...ra] nglêgewa, kêtungkul ênggone padha garêjêgan ênggone padha nyambut gawe.

50. Mulane padha ora bisa mêmêksa apa -apa, lan sawise mati padha ora bisa bali marang dunya katêmu lan sanak sadulure.

51. Sawise wong sajagad padha mati, Malaikat Israphil banjur andamu sêmpronge kang isi nyawane para manungsa, ing kono wong kang wis mati padha tangi kabèh, mêtu saka ing pakuburane, padha digiring seba ing pangayunaning Pangerane.

52. Wong kaphir banjur padha calathu, adhuh cilaka têmên aku, sapa kang nangèkake aku saka ênggonku turu, baya iki kang diprasêtyakake dening Pangeran kang Mahamurah, saiki têtela pangandikaning para rasul biyèn têmên, saiki kanyataan.

53. Pandamune sêmprong Malaikat Israphil mau mung sakêmpusan bae. Sarupaning manungsa têka kabèh padha seba ing ngarsaningsun.

54. Ing dina iku ora ana wong dinakali sathik-thithika,sathithik-thithika. lan sira ora diwalês apa-apa, [a...]

--- 3 : 1078 ---

[...pa-apa,] kajaba diwalês samubarang kang wis padha sira lakoni.

55. Ing dina iku wong ing suwarga padha mangun suka.

56. Wong ing suwarga kabèh dalah para rabine padha linggih sèndhèn ing rêsban, kang ana ing eyuban.

57. Ana ing suwarga padha duwe sawarnaning wowohan, sarta kêtêkan samubarang kang dipengini.

58. Wong ing suwarga padha dibagèkake salamêt, kalawan pangandikaning Pangeran kang Maha-asih.

59. He wong kaphir kabèh, ing dina iki sira andhewea, aja amor lan para wong mukmin.

60. He para turune Adam, Ingsun apa ora wis macuhi marang sira, aja padha nyêmbah setan, awit setan iku wis têtela satrunira.

61. Lan Ingsun parentahi: Sira padha nyêmbah Ingsun, iki dalan kang bênêr.

62. Setan iku wis nasarake wong akèh panunggalanira, yagene sira padha ora mikir, kang mangkono mau.

63. Iki Naraka Jahanam, kang diancamake

--- 3 : 1079 ---

marang sira biyèn.

64. Ing dina iki sira padha nyêmplunga ing Naraka Jahanam, minôngka patrapane ênggonira padha maido marang Ingsun.

65. Ing dina iku Ingsun ngunci cangkême wong kaphir kabèh, (dadi padha ora bisa matur selak), dene tangane padha munjuk marang Ingsun, sarta sikile padha nêksèni anjalèntrèhake samubarang kang wis padha dilakoni nalika ana ing dunya.

66. Upama ana parênging karsaningsun, wong kaphir mau padha Ingsun cuplaki matane, iya kêlakon, ing kono banjur padha mlaku ana ing dalan, kapriye ênggone bisa wêruh ing dalan.

67. Lan upama ana parênge karsaningsun, wong kaphir mau Ingsun salini rupa dadi kêthèk, utawa cèlèng apadene dadi watu, iya mêsthi kêlakon, ing kono banjur padha ora bisa mlaku utawa bali dadi wong manèh.

68. Sing sapa Ingsun paringi dawa ngumure, sawise katog karosane lan samubarange, banjur Ingsun balèkake dadi kaya bocah manèh.

--- 3 : 1080 ---

Yagene wong kaphir têka padha ora anggagas yèn Ingsun kawasa nguripake wong kang wis padha mati.

69. Ingsun ora mulang têmbang marang Nabi Mukhammad, sarta Nabi Mukhammad ora bisa nganggit têmbang. Dene kang didhawuhake iki dudu têmbang, nanging kitab saka ing langit, aran Kuran, isi dhawuhing Allah marang manungsa.

70. Kanggo mêmêdèni wong kang ngakale urip, lan majibake siksa marang wong kang atine mati, iya iku para wong kaphir.

71. Wong kaphir apa padha ora andêlêng yèn sarupane rajakaya iku gêgaweaningsun dhewe, môngka Ingsun paringake migunani marang manungsa. Manungsa banjur padha andarbèni rajakaya mau.

72. Rajakaya mau Ingsun gawe manut miturut marang manungsa, malah ana kang dadi têtungganganing manungsa, lan ana kang dibêlèh, daginge dipangan ing manungsa.

73. Peranganing rajakaya akèh kang migunani marang manungsa, kaya ta wulune kêna ginawe sandhangan, puwane dadi èmbèn-ombèn,ombèn-ombèn.

lan sapanunggalane, yagene manungsa têka padha ora sukur [su...]

--- 3 : 1081 ---

[...kur] ing Allah.

74. Wong kaphir padha ngadêgake Pangeran liyane Allah. Iya iku brahala, padha ngarêp-arêp ing têmbe olèh pitulunging brahala, murungake siksaning Allah.

75. Brahala mau ing têmbe ora bisa têtulung marang wong kaphir, ing besuk ana ing akhirat, wong kaphir padha digiring marang naraka, ngêtutake brahala, mèmpêr kaya balaning brahala.

76. (He Mukhammad) sira aja sêdhih utawa miris dening sêsumbaring wong kaphir ing Mêkah, Ingsun nguningani samubarang kang padha dibatin utawa dilairake dening wong kaphir ing Mêkah mau.

77. Manungsa apa padha ora andêlêng ênggon Ingsun gawe manungsa mau saka ing mani. Barêng wis dadi manungsa têka banjur têtela padha madoni dhawuh Ingsun.

78. Wong kaphir lali kawitane, ênggone Ingsun dadèkake manungsa, malah padha anggêlar upama ênggone maido yèn ing têmbe bakal Ingsun tangèkake saka ing pati. Pangucape: [P...]

--- 3 : 1082 ---

[...angucape:] sapa kang bisa nguripake balung kang wis ajur, dadi wong manèh.

79. (He Mukhammad) sira dhawuha: Kang bakal nguripake balung kang wis ajur, dadi wong manèh, iku Pangeran kang murwani gawe balung mau, diuripake dadi wong. Pangeran kang mangkono mau nguningani samubarang kang dumadi.

80. Kang mêtokake gêni, migunani marang kowe, diwêtokake saka kayu kang têlês tur ijo, ing kono kowe banjur padha ngurubake gêni mau.

81. Pangeran kang gawe bumi lan langit kang samene gêdhene, apa ora kuwasa gawe barang kang cilik bae, (iya iku manungsa). Iya kuwasa bangêt. Allah iku kang gawe samubarang kang dumadi, tur nguningani samubarang.

82. Kanyataaning Allah, mênawa karsa gawe sadhengah barang, mung ngandika bae, sira anaa. Sanalika banjur ana barang, tètès lan karsaning Allah.

83. Allah iku Mahasuci, panguwasane samubarang [samu...]

--- 3 : 1083 ---

[...barang] iku kawêngku ing Allah. Ing besuk ana ing akhirat, samubarang iku padha bali marang ngarsaning Allah.

Surat Saphphat (Têgêse, malaikat padha baris sap-sapan)

Tinurunake ana nagara Mêkah, satus wolung puluh loro ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Dêmi para malaikat kang padha baris sap-sapan.

2. Dêmi para malaikat kang padha ngimpun mega.

3. Dêmi kang padha maca Kuran, kalawan eling.

4. (He wong Mêkah) sêsêmbahanira kalawan bênêr iku mung siji Allah.

5. Iya iku Pangeraning bumi lan langit, lan samubarang kang ana antaraning bumi lan langit, sarta Pangeraning panggonan malêthèke lan suruping srêngenge.

6. Ingsun angrêngga-ngrêngga langit dunya, iya iku

--- 3 : 1084 ---

langit kang ngisor dhewe, kalawan lintang pirang-pirang kang padha sumorot.

7. Lan manèh Ingsun angrêksa langit dunya mau, aja nganti kalêbon setan, Ingsun rêksa kalawan sihab, iya iku gêni, kang lumrahe diarani lintang alihan, kanggo ambalangi setan.

8. Dadi setan mau padha ora bisa ngrungokake gunême para malaikat, kang ana ing langit dhuwur, awit padha dibalangi kalawan sihab, saka ing ngêndi-êndi panggonan ing langit.

9. Bêbalang sihab mau ngêdohake setan, ing têmbe ana ing akhirat, setan mau dipatrapi siksa kang langgêng.

10. Kajaba setan sawatara bisa ngrungokake sakêcap rong kêcap, kalawan rêrikatan, ewadene banjur ditungka balang sihab kang mubyar-mubyar lan natoni.

11. Mara takona marang wong kaphir ing Mêkah, Allah ênggone gawe wong kaphir ing Mêkah, angèl êndi karo ênggone gawe bumi

--- 3 : 1085 ---

lan langit, malaikat lan sapanunggalane. Enggon Ingsun gawe wong kaphir ing Mêkah mung saka êndhut kang lumèng bae.

12. Balik sira Mukhammad, banjur gumun, têka wong kaphir ing Mêkah ora bisêbisa. nêrangake, mung anggêguyu.

13. Mênawa padha dipituturi surasaning Kuran, ora manut.

14. Mênawa padha andêlêng tôndha yêkti kaelokan, kaya ta sigaring rêmbulan, padha anggêguyu.

15. Pangucape: Iki apa ta, ora liwat mung têtela sikir.

16. Apa nyata besuk yèn aku wis mati sarta wis dadi lêmah lan dadi balung, aku bakal diuripake dadi wong manèh.

17. Apa para lêluhurku ing jaman kuna biyèn uga padha diuripake kabèh.

18. (He Mukhammad) sira dhawuha: Iya padha diuripake kabèh, dene kowe bakal padha asor bangêt.

19. Dene tangine wonge kang wis padha mati [ma...]

--- 3 : 1086 ---

[...ti] iku, mung sarana pêtake Malaikat IsraphisanIsraphil sapisan. bae. Wong kang wis padha mati urip kabèh. Sarta andêlêng ala bêcike lakune.

20. Wong kaphir padha ngucap: Adhuh cilaka têmên aku. Banjur ana malaikat dhawuh: Iki kakanyataanekanyataane. dina kiyamat.

21. Iya iki dina pancasaning prakara, kang padha kopaido biyèn.

22. (Malaikat banjur padha tômpa dhawuh): Sarupane wong kaphir dalah para setan kang dadi panuntun, apadene brahala kang padha disêmbah iku padha sira kalumpukna kabèh.

23. Wong kaphir padha nyêmbah liyane Allah, iku padha sira giringa marang dalan kang anjog marang Naraka Jakhim.

24. Kabèh padha sira dhawuhana ngadêg ana pinggiring naraka, pêrlu bakal padha ditakoni samubarang kang wis padha dilakoni.

25. Malaikat kang rumêksa naraka banjur takon: Yagene kowe ora padha tulung-tinulung lan kancamu.

--- 3 : 1087 ---

26. Ing dina iku wong kaphir padha ora mangsuli, mung asrah bongkokan.

27. Wong kaphir padha pandêng-pinandêng lan tutuh-tinutuh padha kancane.

28. Panutuhe wong manut marang kang dinut: Enggonku manut marang kowe biyèn, marga ênggonmu ambujuk marang aku, kobandhani supata.

29. Wong kang dinut mangsuli: Iya bênêr, nanging kowe ora pracaya marang rasul, saka karêpmu dhewe, upama kowe pracaya marang rasul, aku ora bisa nyêgah marang kowe. Dadi têtela kowe kêsasar saka karêpmu dhewe.

30. Dadi saiki aku lan kowe kêpêksa padha ngrasakake siksa kang wis diancamake biyèn, têtêp kaya pangandikaning Allah Pangeranku.

31. Aku nasarake marang kowe, nanging aku dhewe iya kêsasar uga.

32. (Pangandikaning Allah): Dadi ing dina iku wong kaphir mau kang manut lan kang dinut, kabèh padha disiksa.

33. Kaya mangkono ênggon Ingsun nindakke

--- 3 : 1088 ---

pangadilan marang para wong kaphir.

34. Wong kang padha nyêmbah brahala mau, mênawa krungu pangucap: La ilaha illallah, têgêse: Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah, banjur padha gumêdhe.

35. Pangucape: Apa aku padha marèni nyêmbah Pangeran kabrahala,brahala. mung marga manut marang juru nganggit têmbang edan (la môngsa gêlêma).

36. (Pangandikaning Allah): Nabi Mukhammad iku andhawuhake barang kang nyata, têmên saka Ingsun, cocog lan kang didhawuhake dening para rasul kang kuna-kuna.

37. (He wong kaphir): Sira kabèh ora wurung bakal padha ngrasakake siksa kang nglarani.

38. Ora liwat kang mangkono mau tumônja patrapane kaluputan kang wis padha sira lakoni.

39. Kajaba para kawulaning Allah kang rêsik maligi pracaya ing Allah.

40. Iku ana ing suwarga padha olèh rijêki

--- 3 : 1089 ---

kang tinamtokake.

41. Iya iku woh-wohan pirang-pirang lan nyênyamikan. Wong mukmin mau padha kajèn bangêt.

42. Ana ing Suwarga Nangim.

43. Padha linggih ana ing risban adhêp-adhêpan.

44. Padha dilarihi gêlas isi sajêng.

45. Rupane putih, diombe enak bangêt.

46. Sajêng mau ora marakake ngêlu, wong ing suwarga ora mêndêm marga ngombe sajêng mau.

47. Wong ing suwarga padha marêm andêlêng rabine, saking dening endah rupane, matane ômba lan kocak, kêkulitane putih sêmu kuning, mèmpêr êndhog suwari, kêtutupan ing wulune.

48. Wong ing suwarga pandêng-pinandêng lan takon-tinakon padha kancane, bab lêlakone nalika ana ing dunya.

49. Ing kono ana kang calathu mangkene: Kala wontên ing dunya kula gadhah kônca, maibên bab badhe tanginipun tiyang ingkang sampun sami pêjah.

50. Wicantên: Apa kowe ngandêl bakal tangine wong kang wis padha mati.

--- 3 : 1090 ---

51. Besuk yèn aku wis mati, sarta wis dadi lêmah lan balung apa nyata aku bakal tômpa ganjaran utawa nandhang siksa, (layak ora).

52. Wong ing suwarga mau calathu marang kancane: Punapa kula kalihan sampeyan kenging sami angyêktosakên, badhe sumêrêp kawontênanipun tiyang ingkang maibên wau dhatêng ing naraka, kabèh padha mangsuli: Kados botên kenging.

53. Wong ing suwarga banjur ngungak ing jandhelaning suwarga, ing kono banjur andêlêng wong kang maido mau ana têlênging Naraka Jakhim.

54. Wong ing suwarga banjur calathu: Dêmi Allah, upama aku kênaa kobujuk, kojalomprongake, mêsthi aku kêcêmplung ing naraka kaya kowe.

56. Wong ing suwarga mau calathu marang kancane: Punapa kula punika badhe pêjah malih.

57. Kajawi pêjah sapisan ingkang sampun kula lampahi rumiyin, punapa kula botên badhe dipun siksa.

58. Banjur ana malaikat dhawuh: Sampeyan botên [bo...]

--- 3 : 1091 ---

[...tên] badhe pêjah malih, langgêng wontên ing suwarga. Punika kabêgjan agêng.

59. Wong kang padha nglakoni kabêcikan, dimantêp, murih olèha kabêgjan kang mangkene iki.

60. Sêsuguhing Allah suwarga mangkono mau, bêcik êndi lan sêsuguh woh Zakkum, iya iku wowohan ing naraka.

61. Woh Zakkum mau Ingsun sadhiyakake kanggo matrapi para wong kaphir.

62. Kayu Zakkum iku thukul ana têlênging Naraka Jakhim.

63. Mancunge Zakkum mau mèmpêr êndhasing setan, dadi anggigokake.

64. Wong kaphir padha kêpêksa mangan woh Zakkum mau, nganti kêbak wêtênge.

65. Sawise mangan woh Zakkum, banjur ngêlak bangêt, nuli padha ngombe wedang kang luwih dening panas, wedang mau ana ing wêtêng awor lan woh Zakkum.

66. Sawise mangan kang mangkono mau, banjur padha [pa...]

--- 3 : 1092 ---

[...dha] bali marang panggonane lawas, ana ing Naraka Jakhim.

67. Wong kaphir mau padha katêmu lan para lêluhure, kang uga padha kêsasar.

68. Wong kaphir mau ênggone manut para lêluhure kalawan rêrikatan, tanpa dipikir.

69. Para wong kuna sadurunge wong kaphir mau, kang akèh padha kêsasar.

70. Tur Ingsun wis ngutus para nabi, nyurup-nyurupake lan mêmêdèni marang para wong kaphir mau nanging ora dipaèlu.

71. Mara sira dêlênga, kapriye kadadiane wong kaphir kang wis diwêwêdèni mêksa ora maèlu.

72. Kajaba para kawulaning Allah kang mukmin lan rêsik atine, iku kalis saka ing siksa.

73. Nabi Nuh wis matur marang Ingsun, nyuwunake patrapaning para umate kang padha maido. Ingsun iki kang marêngake panyuwun, kang bêcik dhewe.

74. Ingsun paring slamêt marang Nabi Nuh dalah para wargane, slamêt saka kasusahan gêdhe.

--- 3 : 1093 ---

75. Ingsun andadèkake turune Nabi Nuh iku wong kang kari (isih urip ana ing dunya, liyane turune Nabi Nuh tumpês kêlêm ing banjir topan).

76. Ingsun anglêstarèkake jênênge Nabi Nuh lan kautamane, ingalêmbana dening para nabi lan para umat kang kari-kari.

77. Saisining alam kabèh padha mêmuji, Allah muga paringa salamêt marang Nabi Nuh.

78. Kaya mangkono ênggon Ingsun malês marang wong kang padha gawe kabêcikan.

79. Nabi Nuh iku ewone para kawulaningsun kang padha pracaya marang Ingsun.

80. Liyane Nabi Nuh dalah para wargane, kabèh padha Ingsun tumpês sarana banjir topan.

81. Dene kang kalêbu nglêluri uwiting agamane Nabi Nuh, iku Nabi Ibrahim.

82. Awit Nabi Ibrahim iku madhêp ing Pangerane kalawan ati kang mulus, ora kaworan maro tingal.

83. Dhèk samana Nabi Ibrahim matur marang bapakne [ba...]

--- 3 : 1094 ---

[...pakne] lan pitutur marang para umate, sampeyan punika sami nyêmbah punapa.

84. Kenging punapa sampeyan anjarag wicantên dora, nyêmbah sanèsipun Allah, inggih punika brahala.

85. Kadospundi pangintên sampeyan, punapa Pangeraning jagad punika badhe kèndêl kemawon, botên niksa dhatêng sampeyan.

86. Nabi Ibrahim banjur andêlêng lintang, karêpe supaya dinyana yèn nyatakake barang kang gaib saka ing kawruh palintangan.

87. Sawise andêlêng lintang, nuli calathu: Kula punika badhe sakit ingkang nênulari.

88. Para umate Nabi Ibrahim banjur padha ninggal lunga, ngungkurake Nabi Ibrahim.

89. Nabi Ibrahim nuli nolih marang brahala sêsêmbahaning para umate, kang padha disajèni pêpanganan, sarta nyalathoni: Yagene kowe padha ora gêlêm mêmangan.

90. Yagene kowe padha ora tau calathu.

--- 3 : 1095 ---

91. Nabi Ibrahim nuli anggêbug sêru marang brahala, nganti pêcah.

92. Para umate Nabi Ibrahim banjur padha bali rêrikatan, ngarêpake lan nudingi marang Nabi Ibrahim, marga ana kang wadul.

93. Nabi Ibrahim calathu: Yagene kowe têka padha nyêmbah brahala, gêgaweane tanganmu dhewe.

94. Allah iku kang gawe awakmu lan samubarang gêgaweanmu.

95. Para umate Nabi Ibrahim calathu, sarèhne Nabi Ibrahim iku makewuhi ênggonku padha nyêmbah brahala, saiki gawèkna pancaka, nuli cêmplungna ing gêni.

96. Karêpe para umate Nabi Ibrahim, gêni mau diênggo maeka Nabi Ibrahim, nanging para umat mau wêkasane Ingsun dadèkake asor, paekane ora tumama, gêni dadi anyêb, Nabi Ibrahim mêtu saka ing gêni kalawan salamêt.

97. Sawise mêtu saka ing gêni, Nabi Ibrahim [Ibra...]

--- 3 : 1096 ---

[...him] calathu: Aku mlayu marang ngarsaning Allah Pangeranku. Ing têmbe Allah paring pituduh dalan bênêr marang aku.

98. Dhuh Allah Pangeran kawula, Tuwan mugi paringa anak sae dhumatêng kawula.

99. Ingsun banjur ambêbungah marang Nabi Ibrahim, Ingsun paringi wêruh yèn bakal duwe anak lanang kang bêcik kalakuane, aran Ismangil, bêkti marang wong tuwane tur wêlasan.

100. Barêng Nabi Ismangil wisawis bisa. mlaku andhêdhèrèk marang Nabi Ibrahim.

101. Nabi Ibrahim tutur marang Nabi Ismangil. He anakku, wruhanamu aku tômpa dhawuhing Allah ana ing pangimpèn. Aku ingandikakake ambêlèh kowe. Mara kapriye panêmumu.

102. Nabi Ismangil matur: Dhuh bapak, prayoginipun lajêng sampeyan èstokakên dhawuhing Allah wau, amragat kula. Manawi Allah marêngakên, sampeyan badhe sumêrêp têtêkipun manah kula nglampahi sampeyan pragat.

103. Barêng Nabi Ibrahim lan Nabi Ismangil wis padha nyumanggakake apa sakarsaning Allah, sarta

--- 3 : 1097 ---

Nabi Ibrahim wis nurokake miring Nabi Ismangil, abantal pipine, apadene wis namakake lading ing gulune Nabi Ismangil, nanging ora têdhas.

104. Ingsun banjur nimbali Nabi Ibrahim: He Ibrahim.

105. Têmên sira wis ngèstokake parentah Ingsun kang Ingsun dhawuhake ana ing pangimpènira. Mangkono uga sarupane wong kang nglakoni kabêcikan, ngèstokake parentah Ingsun, iya padha Ingsun paringi ganjaran.

106. Parentah Ingsun kang mangkono iki, têtela coba kang gêdhe.

107. Nabi Ismangil kang mêsthi kudu dibêlèh, banjur Ingsun lironi wêdhus gêdhe, dadi wis cukup ambêlèh wêdhus mau.

108. Ingsun anglêstarèkake jênênge Nabi Ibrahim lan kautamane, ingalêmbana dening para nabi lan para umat kang kari-kari.

109. Kabèh padha mêmuji: Allah muga paringa salamêt marang Nabi Ibrahim.

--- 3 : 1098 ---

110. Kaya mangkono ênggon Ingsun malês marang wong kang padha gawe kabêcikan.

111. Satêmêne Nabi Ibrahim iku ewone kawulaningsun kang padha pracaya marang Ingsun.

112. Ingsun ambêbungah Nabi Ibrahim, Ingsun paringi wêruh yèn anake kang aran Iskak, Ingsun junjung dadi nabi, kalêbu ewone wong bêcik.

113. Ingsun ambarkahi Nabi Ibrahim, turune Ingsun gawe bêbranahan, lan uga ambarkahi Nabi Iskak, para nabi iku kang akèh padha turune Nabi Iskak. Turune nabi loro mau, ana kang bêcik, pracaya marang Ingsun, lan ana kang kaphir, têtela nganiaya marang awake dhewe.

114. Lan manèh Ingsun wis paring kabungahan marang Nabi Musa lan Nabi Harun, sakarone Ingsun junjung dadi nabi.

115. Ingsun paring salamêt marang Nabi Musa lan Nabi Harun, apadene marang wong Bani Srail, sanake Nabi Musa lan Nabi Harun mau, padha kalis saka pakewuh gêdhe. Iya iku luwar saka pangawulan marang Raja Phirngon.

--- 3 : 1099 ---

116. Ingsun nulungi wong Bani Srail kabèh, ngalahake pêrange Raja Phirngon sabalane.

117. Lan Ingsun maringi Kitab Torèt kang luwih dening cêtha marang Nabi Musa lan Nabi Harun.

118. Lan Ingsun paring pituduh dalan bênêr marang Nabi Musa lan Nabi Harun.

119. Lan Ingsun anglêstarèkake jênênge Nabi Musa lan Nabi Harun, lan kautamane ingalêmbana dening para nabi lan para umat kang kari-kari.

120. Kabèh padha mêmuji: Allah mugi paringa salamêt marang Nabi Musa lan Nabi Harun.

121. Kaya mangkono ênggon Ingsun malês marang wong kang padha gawe kabêcikan.

122. Satêmêne Nabi Musa lan Nabi Harun mau ewone para kawulaningsun kang pracaya marang Ingsun.

123. Lan satêmêne Nabi Ilyas iku ewone para utusan Ingsun.

124. Iku sira caritakna lêlakone, nalikane pitutur marang para umate, yagene kowe ora padha wêdi ing Allah.

--- 3 : 1100 ---

125. Yagene kowe padha nyêmbah brahala kang aran Ba'al, ora gêlêm nyêmbah Pangeran kang gawe sarupane kang dumadi kalawan sampurna, ngungkuli kang padha gêgawean kabèh.

126. Iya iku Allah Pangeranmu lan Pangerane para lêluhurmu ing jaman kuna.

127. Para umat mau padha maido marang Nabi Ilyas, mulane ing têmbe bakal padha dicêmplungake ing naraka.

128. Mung para kawulaning Allah kang padha rêsik atine, pracaya ing Allah, iku padha slamêt saka siksa naraka.

129. Ingsun anglêstarèkake jênênge Nabi Ilyas, lan kautamane: Ingalêmbana dening para nabi lan para umat kang kari-kari.

130. Kabèh padha mêmuji: Allah muga paringa slamêt marang Nabi Ilyas lan para wargane.

131. Kaya mangkono ênggon Ingsun malês marang wong kang padha gawe kabêcikan.

132. Satêmêne Nabi Ilyas iku ewone kawulaningsun kang padha pracaya marang Ingsun.

--- 3 : 1101 ---

133. Lan manèh Nabi Lut iku ewone para utusan Ingsun.

134. Sira nyaritakna lêlakone Nabi Lut, nalikane Ingsun paringi slamêt dalah para wargane kabèh. Kalis saka siksaningsun.

135. Kajaba wong wadon tuwa rabine Nabi Lut, iku kari, milu nandhang siksa.

136. Ingsun nuli numpês para umate Nabi Lut liya-liyane.

137. (He wong Mêkah) sira mêsthi wis padha andêlêng patilasane para umate Nabi Lut mau nalikane sira mlaku ngliwati panggonan mau ing wayah awan.

138. Lan ing wayah wêngi. Yagene sira padha ora anggagas.

139. Lan satêmêne Nabi Yunus iku eewoneewone. para utusan Ingsun.

140. Dhèk samana Nabi Yunus mutung, marga dipaido ing umate, banjur lunga saka panggonane (ing nagara Ninuwe) lakune pêlayaran, nunggang prau kang kêbak momotan.

141. Ana ing sagara katêmpuh ing angin ribut,

--- 3 : 1102 ---

wong ing prau padha diundhèni, sapa kang kabênêr dicêmplungake ing sagara, Nabi Yunus kêtiban undhi, banjur dicêmplungake ing sagara.

142. Nuli ana iwak Nun nguntal Nabi Yunus, minôngka matrapi Nabi Yunus ênggone mutung, lunga tanpa idining Pangerane.

143. Upama Nabi Yunus mau ora banjur eling, nêbut Mahasuci ing Allah.

144. Mêsthi tulus ana ing wêtênge iwak Nun, nganti têkan dina kiyamat.

145. Tujune Nabi Yunus eling, nêbut Mahasuci ing Pangerane, mulane banjur Ingsun wêtokake saka wêtênging iwak Nun, diisingake ana ing gisiking sagara, awake Nabi Yunus ngalumpruk.

146. Ingsun banjur nukulake wit yagtin (waluh) kanggo ngeyubi Nabi Yunus, lan banjur ana kidang têka sabên esuk lan sore, nusoni Nabi Yunus.

147. Nabi Yunus nuli Ingsun dhawuhi mulih marang nagara Ninuwe, mêmulang lan nyurupake marang wong Ninuwe kang cacahe sakêthi utawa luwih.

--- 3 : 1103 ---

148. Wong ing Ninuwe banjur padha ngèstokake dhawuhing Allah kang diêmban ing Nabi Yunus, mulane padha Ingsun paringi kabungahan nganti têkan ing matine.

149. (He Mukhammad) sira andangua marang wong ing Mêkah: Apa iya, Pangeranmu pêputra putri lan kowe padha duwe anak lanang.

150. Apa nyata Ingsun gawe malaikat wadon, sarta wong Mêkah padha andêlêng dhewe ênggon Ingsun gawe malaikat wadon mau.

151. Wêwatone wong Mêkah mung goroh, awit saka iku, wong Mêkah padha ngucap.

152. Allah iku apêputra. Pangucape mangkono iku goroh.

153. Yagene wong Mêkah padha milih anak wadon, ngungkuli anak lanang.

154. Yagene kowe padha nganggêp barang kang ora bênêr mau.

155. Yagene kowe padha ora ngèstokake pitutur bênêr.

156. Apa kowe padha duwe tôndha yêkti kang

--- 3 : 1104 ---

cêtha, ênggone mratandhani yèn Allah iku pêputra.

157. Yèn dhasar bênêr panêmumu iku, mara êndi kitabmu kang mratelakake kaya panêmumu mau.

158. Wong kaphir padha nganggêp yèn Allah lan malaikat iku tunggal bôngsa, para malaikat wis padha wêruh yèn wong kaphir iku ing têmbe padha dicêmplungake naraka.

159. Allah iku Mahasuci, adoh bangêt yèn kayaa panganggêpe wong kaphir.

160. Kajaba para kawulaning Allah kang padha rêsik atine ênggone pracaya ing Allah, iku ora dicêmplungake ing naraka.

161. (He wong Mêkah) kowe lan brahala sêsêmbahanmu.

162. Kowe kabèh padha ora bisa anjalomprongake sawijining wong.

163. Kajaba wong kang wis pinasthi kêcêmplung ing naraka.

164. (Pangucape malaikat) siji-sijining kancaku malaikat iki, mêsthi duwe panggonan [pang...]

--- 3 : 1105 ---

[...gonan] ana ing langit kang tinamtokake, kanggo ngabêkti ing Allah.

165. Aku iki padha ngadêg sap-sapan, ngabêkti ing Allah.

166. Aku iki padha nêbut Mahasuci ing Allah.

167. Sanadyan wong kaphir turun Kurès ing sadurunge jumênêng Kangjêng Rasul, padha calathu mangkene.

168. Upama aku nyêkêla kitabe para nabi ing jaman kuna.

169. Amêsthi aku dadi kawulaning Allah kang ngabêkti ing Allah kalawan ati rêsik.

170. Wong kaphir mau banjur padha maido Kuran, mulane ing têmbe bakal padha wêruh kadadiane awake.

171. Pêpêsthèn Ingsun tumrap marang kawulaningsun kang padha dadi utusan Ingsun, wis têtêp.

172. Para utusan Ingsun mau bakal padha ditulungi ing Allah.

173. Dene wadyabalaningsun iku bakal padha mênang.

174. Mulane wong kaphir ing Mêkah iku sira

--- 3 : 1106 ---

togna bae, nganti ana dhawuh Ingsun pêrang.

175. Wong kaphir mau sira dêlênga bae nalikane padha tinêmpuh siksa. Si kaphir uga padha andêlêng kawusananing awake.

176. Yagene wong kaphir padha nantang panêmpuhe siksaningsun.

177. Nalikane siksa nêmpuh marang si kaphir, ing dina iku dina sangar, ala bangêt, tumrap para wong kaphir kang wis diwêwêdèni siksa nanging ora nglêgewa.

178. Saiki wong kaphir sira togna bae, nganti ana dhawuh Ingsun pêrang.

179. Ing têmbe yèn tinêmpuh ing siksa, sira dêlênga bae. Si kaphir uga andêlêng kawusanane awake.

180. Allah Pangeranira kang kagungan kamulyan, iku Mahasuci, adoh bangêt yèn kayaa panganggêpe para wong kaphir.

181. Para utusaning Allah muga padha diparingana slamêt.

182. Sakèhing puji iku konjuk ing Allah

--- 3 : 1107 - --

Pangerane ngalam kabèh.

Surat Sod (araning aksara Ngarab)

Tinurunake ana nagara Mêkah, wolung puluh wolu ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Sod iku araning aksara Ngarab, Allah ênggone ngandika mangkono mau, mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan karêpe. Dêmi Kuran kang têrang lan mulya, tur kang nyata, ora kaya pangucape wong kaphir ênggone nganggêp Pangeran iku ora mung siji bae, wong kaphir ing Mêkah iku gumêdhe, nyulayani ing Allah lan Rasulullah.

2. Pira bae kèhe umat ing jaman kuna, sadurunge wong kaphir ing Mêkah iku, padha Ingsun tumpês marga saka dosane. Nalika tumêmpuh ing siksa, para umat mau padha sêsambat: Saiki ora ana pangungsèn.

3. Wong kaphir ing Mêkah padha gumun lan jègèg,

--- 3 : 1108 ---

dene têka ana kancane padha wong Mêkah ngaku utusaning Allah, mêmêdèni bakal ana siksa naraka, pangucape wong kaphir mangkene: Nabi Mukhammad iku juru sikir kang goroh.

4. Yagene panêmune Nabi Mukhammad, Pangeran iku têka mung siji bae. Prakara iki anggumunake bangêt.

5. Panggêdhene wong Ngarab banjur padha nglungani Nabi Mukhammad, pangucape: Ayo wis padha bubaran bae, ora liwat, kowe dipadha mantêp ênggonmu padha sumungkêm marang Pangeranmu brahala. Panêmune Nabi Mukhammad iki wis karsaning Pangeran. Ora ana manèh kang prayoga kajaba mung dikêncêngi ênggonku padha mantêp.

6. Agama kang kari dhewe iki, iya iku agamane Nabi Ngisa, aku ora krungu yèn mulangake kang kaya mangkono. Ora liwat Nabi Mukhammad iku goroh.

7. Apa Nabi Mukhammad iku diparingi Kuran dening Allah, kang môngka Nabi Mukhammad iku mung sapapake wong Ngarab bae, pangandikaning Allah: Wong

--- 3 : 1109 ---

Mêkah iku padha mamang marang Kuran kang Ingsun dhawuhake, apa dupèh durung ngrasakake siksaningsun.

8. Apa wong Mêkah iku nyêkêl gêdhong pasimpênane rahmating Pangeranira kang mênang tur wênang pêparing marang wong kang dadi parênging karsane.

9. Apa wong kaphir ing Mêkah iku duwe karaton bumi lan langit, nguwasani barang kang ana antarane bumi lan langit, (mêsthi ora) yèn padha ngaku duwe karaton bumi lan langit, mara padha munggaha ing ôndha mênyang langit, banjur dhawuha sakarêpe.

10. Wong Mêkah iku kawula kang asor, ana ing kana bakal kalah jurite.

11. Biyèn sadurunge wong Mêkah iku, akèh umat padha maido ing rasul, umate Nabi Nuh maido ing Nabi Nuh, wong Ngad maido ing Nabi Hud, Raja Phirngon kang duwe pamênthangan maido ing Nabi Musa.

12. Lan wong Samud maido ing Nabi Salèh, umate Nabi Lut maido ing Nabi Lut, wong ing Aikah maido ing Nabi Sungèb. Kabèh kang

--- 3 : 1110 ---

kasêbut mau padha bala akèh.

13. Siji-sijine umat samono mau padha maido para rasul, mulane wis bênêre ngrasakake siksaningsun.

14. Wong kaphir ing Mêkah iku padha ngêntèni pêtake malaikat sapisan besuk dina kiyamat, banjur mati, ora bisa bali marang dunya.

15. Wong kaphir ing Mêkah padha anggêguyu, pangucape: Dhuh Pangeran kawula, sêrat cathêtanipun awon sae kawula mugi Tuwan paringakên dhumatêng kawula sapunika kalayan enggal, (wontên ing dunya) sadèrèngipun dintên kiyamat.

16. (Pangandikaning Allah: He Mukhammad) pangucape wong kaphir ing Mêkah iku sira togna bae, saiki sira nyaritakna lêlakone kawulaningsun Nabi Dawud, kang rosa ênggone ngabêkti marang Ingsun. Satêmêne Nabi Dawud mau sêtya tuhu ênggone murih kaparêng Ingsun.

17. Sarupaning gunung Ingsun sungkêmake marang Nabi Dawud, padha milu nêbut Mahasuci marang Ingsun ing wayah esuk lan sore.

--- 3 : 1111 ---

18. Apadene manuk, padha ngalumpuk milu Nabi Dawud, mêmuji ing Allah, kabèh padha murih kaparênging Allah.

19. Ingsun nyantosakake karatone Nabi Dawud, lan Ingsun paringi pangkat nabi, sarta kabênêran samubarang kang dilakoni, apadene Ingsun paringi kawêruh bisa ngrampungi pasulayaning wong.

20. (He Mukhammad) sira apa wis wêruh carita lêlakone Nabi Dawud, nalikane ana malaikat loro, mindha-mindha wong prakaran, munggah ing panggung panêpène Nabi Dawud.

21. Dhèk samana wong prakaran mau padha malêbu ing panggungane Nabi Dawud. Nabi Dawud wêdi dene têka ana wong bisa malêbu ing panggungan saka ing dhuwur, kang môngka ing ngisor dijaga ing wong, wong mau padha matur: He Nabi Dawud, sampeyan sampun ajrih, kula punika tiyang pasulayan, ingkang satunggal nandukakên panganiaya dhatêng satunggalipun, sampeyan mugi andhawuhna karampunganing pangadilan, dhatêng kula, kalayan lêrês,

--- 3 : 1112 ---

sampun ngantos malèncèng saking lêrês, kula mugi sampeyan têdahakên margi ingkang lêrês, (dhèk samana Nabi Dawud mêntas anglakoni kang kurang prayoga, iya iku Nabi Dawud wis duwe bojo sangang puluh sanga. Punggawane Nabi Dawud, aran Oriya, duwe bojo mung siji endah warnane, Nabi Dawud wêruh ing gaib, bakal duwe anak Nabi Suleman, patutan saka bojone Oriya mau. Banjur murih supaya olèha bojo rabine Oriya mau, nganti kêlakon ngrabèni bojone Oriya).

22. Sayêktos sadhèrèk kula punika gadhah menda sangang dasa sanga, kula namung gadhah menda satunggal. Pundi wontên menda kula satunggal wau tansah dipun dhih-dhih, wicantênipun: Wêdhusmu siji iku takpèke bae, panêdhanipun anggujêg, kula kawon, menda lajêng dipun bêkta. Dene wong kang digugat ngaku kaya ature kang anggugat mau.

23. Nabi Dawud nibakake bêbênêran: He wong kang anggugat, sadulurmu iku nakal,

--- 3 : 1113 ---

nganiaya marang kowe, iya iku ênggone makiklik nuruti budi murka, anjaluk wêdhusmu kang mung siji, kudu dikumpulake lan wêdhuse sangang puluh sanga. Wong bathon ngêmorake bandhane, ingkang akèh ana kang nakal, kajaba wong kang pracaya ing Allah, sarta nglakoni panggawe bêcik, iku ora nakal, nanging wong kang mangkono mau arang-arang. Nabi Dawud banjur kelingan ênggone ngêpèk rabine Oriya, sarta rumasa kêna ing cobaningsun, sanalika Nabi Dawud anjungkêl, rukuk lan sujud, tobat ing Allah nganti patang puluh dina lawase.

24. Ingsun banjur ngapura kaluputane Nabi Dawud, kajaba pangapura, besuk dina kiyamat, Nabi Dawud Ingsun paringi panggonan ing suwarga, sarta cêdhak lan Ingsun, iya iku kawusanan bêcik.

25. He Dawud, sira iku Ingsun dadèkake sêsulih Ingsun ana ing bumi, mulane sira nindakna khukum ngadil marang manungsa. Aja mung nuruti karêpira dhewe. Awit karêpira iku nasarake sira saka dalaning Allah, sarupane wong

--- 3 : 1114 - --

kêsasar saka dalaning Allah, iku bakal padha dipatrapi siksa kang abot, marga ênggone padha lali, ora praduli dina kiyamat.

26. Enggon Ingsun gawe bumi lan langit, apadene samubarang kang ana antarane bumi lan langit, iku ora dolanan. Panêmune wong kaphir mung dolanan bae, wong kaphir iku padha cilaka, marga bakal padha kacêmplung ing naraka.

27. Para wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, iku apa Ingsun gawe padha bae lan wong kang padha gawe rusak ana ing bumi kalawan kaphir. Apa wong kang padha wêdi ing Ingsun, iku Ingsun gawe padha bae lan wong ala, panêmune wong kaphir iku mèmpêr bae ora.

28. Kuran iki kitab kang Ingsun dhawuhake marang sira Mukhammad, bêcike lan pigunane akèh. Supaya manungsa padha ngrasak-ngrasakna surasaning ayate, wong kang duwe ngakal padha ngèstokna.

29. Nabi Dawud Ingsun paringi anak lanang aran Nabi Suleman, kawulaning Allah kang bêcik iku iya Nabi Suleman. Awit bangêt sumungkême

--- 3 : 1115 ---

ing Allah.

30. Dhèk samana nuju wayah lingsir kulon, Nabi Suleman mariksa jaran jarahan saka nagara Dimaski, cacah sèwu, padha jaran bêcik kabèh, yèn mênêng, mênêng antêng, yèn malayu luwih dening rikat, (Nabi Suleman mau kêtungkul ênggone mariksa jaran, nganti surup srêngenge, kêlalèn ora sêmbayang Ngasar, ênggone mariksa lagi olèh sangang atus jaran).

31. Nabi Suleman bangêt nalôngsa ing Pangeran, pangucape: Aku iki arêp dhêmên jaran, nganti kêlimput elingku ing Pangeranku. Ora sêmbayang Ngasar nganti surup srêngenge.

32. Nuli ana malaikat dhawuh: He Nabi Suleman, kapal ingkang sampun kêlajêng sampeyan pariksa ngantos nyupèkakên salat Ngasar, punika enggal sampeyan wangsulakên. Sampeyan saosakên ing Allah. Nabi Suleman nuli ambêlèh jaran sangang atus mau, sarta dikêthoki sikile, minôngka kurban. Srêngenge kang wis surup, nuli dibalèkake, dadi [da...]

--- 3 : 1116 ---

[...di] awan manèh, Nabi Suleman nuli sêmbayang Ngasar nêtêpi wêktune.

33. Ingsun nyoba marang Nabi Suleman, (marga ênggone ngrabèni wong wadon aran: Jaradah, nêmbah brahala ana ing kadhatone, Nabi Suleman ora wêruh, Nabi Suleman banjur kelangan pusakane ali-ali mamlukat, kang marakake disungkêmi sarupaning dumadi. Ali-ali mau tiba ana tangane Jin Sakhar). Sakhar mau banjur rupa Nabi Suleman, lungguh ana dhampare Nabi Suleman (sineba ing para ratu, para punggawa jin lan manungsa manuk lan khewan liya-liyane. Barêng Nabi Suleman mêtu, wêruh Jin SakhaShakar. mau linggih ana ing dhampare, banjur dhawuh marang kang padha seba. Aku iki Nabi Suleman, ing kono sarupane kang seba padha selak marang Nabi Suleman. Nabi Suleman Ingsun lungsur saka karatone, banjur lunga sawatara dina, barêng ali-ali mamlukat mau wis tiba ana tangane Nabi Suleman manèh), Nabi Suleman banjur bali marang karatone linggih ana ing dhampare. [dhampar...]

--- 3 : 1117 ---

[...e.]

34. Nabi Suleman nalôngsa munjuk ing Allah, dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi ngapuraa dhumatêng kawula, saha paringa karaton agêng dhumatêng kawula, ingkang ing têmbe sapêngkêr kawula botên wontên satunggaling tiyang gadhah karaton ingkang samantên agêngipun. Saèstunipun Tuwan punika kawasa pêparing.

35. Ingsun banjur nyungkêmake angin marang Nabi Suleman, angin mau mlaku ngidid, ngèstokake saparentahe Nabi Suleman.

36. Sarupaning setan padha ngèstokake saparentahe Nabi Suleman.Satu baris ini tidak perlu dibaca.

36. Sarupaning setan padha ngèstokake parentahe Nabi Suleman, ana kang dikon gawe sarupaning yêyasan, lan ana kang dikon salulup ing sagara golèk mutyara.

37. Lan ana manèh setan liya-liyane padha dibalênggu ana ing bêlokan.

28.38. He Suleman, iki pêparing Ingsun marang sira kang tanpa kira-kira, sira kêna pêparing marang wong kang

--- 3 : 1118 ---

sira karêpake. Lan kêna uga ora pêparing.

39. Besuk dina kiyamat, Nabi Suleman Ingsun paringi panggonan ing suwarga, cêdhak lan Ingsun, iya iku kawusanan bêcik.

40. (He Mukhammad), sira nyaritakna lêlakone kawulaningsun Nabi Ayub, nalikane munjuk ing Pangerane. (Dhuh Allah Pangeran kawula) kawula punika dipun paeka ing setan, gêsang kawula sarwa rêkaos, saha badan kawula sakit.

41. (Pangandikaning Allah: He Ayub) sira anggêjugna sikilira ing lêmah. Barêng Nabi Ayub anggêjugake sikile ing lêmah, nuli dadi sumbêr kang ngêtuk banyu, (pangandikaning Allah) iki banyu anyêp, sadhiyan sira ênggo adus lan ngombe. Nabi Ayub nuli adus lan ngombe, ing kono Nabi Ayub larane banjur waras padha sanalika.

42. Anake Nabi Ayub, cacah nênêm, kang wis padha mati, Ingsun paringake marang Nabi Ayub, padha urip manèh, lan Ingsun wuwuhi samono manèh, minôngka rahmat saka Ingsun, lan kang mangkono mau dadia wêwulang marang wong kang ana ngakale. [nga...]

--- 3 : 1119 ---

[...kale.]

43. Nalikane Nabi Ayub nandhang lêlara, nadzar kalawan supata, samôngsa larane waras, bakal anggitik rabine kalawan satus gitik. Barêng Nabi Ayub wis waras, Allah ngandika: He Ayub, sira anjupuka sukêt satêkêm, nuli sira gitikna ing rabinira, minôngka ngluwari nadzarira kanthi supata. Sira aja nyidrani nadzar lan aja nrajang supata. Nabi Ayub ngèstokake dhawuhing Allah. Pangandikaning Allah: Ingsun nguningani nyata yèn Nabi Ayub iku wong sabar têmênan.

44. Kawula kang bêcik iku iya Nabi Ayub, awit bangêt ênggone murih kaparêng Ingsun.

45. (He Mukhammad) sira nyaritakna kasabarane para kawulaningsun, Nabi Ibrahim lan Nabi Iskak, apadene Nabi Yakkub, kang padha rosa ênggone ngabêkti marang Ingsun lair batin.

46. Ingsun ngrêsikake atine Nabi têlu mau, maligi marang prakara eling akhirat.

47. Nabi têlu mau mungguhe Ingsun, kalêbu wong pilihan, kang suci saka rêrêgêd.

--- 3 : 1120 ---

48. Lan sira nyaritakna kasabaran lan kautamane Nabi Ismangil lan Nabi Ilyasak, apadene Nabi Dzulkiphil, para nabi kang wis kasêbut mau kabèh kalêbu wong pêpilihan Ingsun.

49. Kang wis kasêbut iki carita isi wêwulang bêcik, sarupane wong kang wêdi ing Allah, iku bakal bêcik wêkasane.

50. Iya iku bakal olèh ganjaran Suwarga Ngadan, kang lawang-lawange padha mênga, nyadhiyani malêbune wong kang padha wêdi ing Allah.

51. Wong mau ana ing suwarga padha linggih sèndhèn, tur padha diladèni sawarnaning wowohan akèh sarta ombèn-ombèn.

52. Sarta padha nyandhing bejobojo. widadari pirang-pirang, kang padha endah warnane, rampak ênome, kabèh wayah umur têlung puluh têlu taun. Widadari mau tansah padha nyawang marang wong kang padha olèh ganjaran suwarga mau.

53. Iya iki ganjaran kang wis dijanjèkake dening Allah bakal diparingake marang sira besuk dina kiyamat.

--- 3 : 1121 ---

54. Isining suwarga iki rijêki pêparing Ingsun kang ora bisa êntèk.

55. Kang wis kasêbut mau ganjaran marang para wong mukmin. Dene wong kaphir iku kabèh bakal ana wêkasane.

56. Iya iku bakal padha kacêmplung ing Naraka Jahanam, iya iku panggonan kang ala bangêt.

57. Wong kaphir padha ngrasakna wedang panas kang mlonyohake iki, sarta nanah iki.

58. Apadene siksa liya-liyane warna-warna sapêpadhane.

59. Ing kono ana dhawuh: Iki wong akèh, uga padha dicêmplungake ing naraka, barêng lan kowe. Para pangarêpe wong kaphir padha calathu: Saiki wong iku ora olèh papan kang ombèr, wis mêsthi padha dicêmplungake ing naraka.

60. Wong kang manut dadi kaphir padha mangsuli: Kowe saiki kang ora olèh papan ombèr, kowe andhisiki kaphir, aku kang kari, saiki panggonanmu lan panggonanku ala bangêt.

61. Wong kang manut mau banjur padha munjuk ing

--- 3 : 1122 ---

Allah: Dhuh Pangeran kawula, tiyang ingkang mêmarahi kawula dados kaphir punika siksanipun wontên ing naraka, mugi Tuwan wêwahi tikêl katimbang kalihan kawula.

62. Pangarêpe wong kaphir ing Mêkah, ana ing naraka padha calathu: Yagene aku ana ing kene têka ora wêruh wong lanang kang nalika ana ing dunya padha tak anggêp wong ala lan asor, iya iku para sakhabate Nabi Mukhammad.

63. Dhèk ana ing dunya, wong mau tak ênggo gêguyon. Saiki wong mau apa ora ana ing naraka kene, apa iya ana ing kene, nanging pandêlêngku kêtilapan, dadi ora wêruh.

64. Kang wis kasêbut bab padune wong ing naraka mau dhasar nyata.

65. (He Mukhammad) sira dhawuha marang wong kaphir ing Mêkah: Aku iki mêmêdèni marang kowe ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah kang Esa tur Misesa.

66. Iya iku Pangerane bumi lan langit lan samubarang kang ana antaraning bumi lan langit. Kang

--- 3 : 1123 ---

mênang tur kaparêng ngapura dosa.

67. Sira dhawuha: Kuran iki carita gêdhe.

68. Ewadene kowe padha malengos marang Kuran.

69. Aku ora manoni ngalam dhuwur nalikane para malaikat padha diya-diniya prakara Nabi Adam biyèn.

70. Ewadene aku bisa nyaritakake jalèntrèh, iku saka apa, kajaba saka olèh dhawuhing Allah, aku iki nabi têmênan, nabi kang diutus mêmêdèni marang kowe.

71. Para malaikat ênggone padha diya-diniya mau caritane mangkene: Dhawuhing Allah: Dhèk samana Pangeranira ngandika marang para malaikat, Ingsun gawe manungsa saka ing êndhut.

72. Barêng ênggon Ingsun gawe manungsa wis dadi, sarta wis Ingsun panjingi roh Ingsun, manungsa banjur urip, Ingsun banjur dhawuh marang para malaikat, sira padha sumungkêma sujud marang manungsa, (Nabi Adam).

73. Para malaikat kabèh banjur padha sumungkêm,

--- 3 : 1124 ---

sujud marang Nabi Adam.

74. Kajaba mung iblis, iku gumêdhe, mopo sujud, banjur dadi kaphir.

75. Allah duka, pangandikane: He iblis, apa sababe dene sira têka mopo sujud marang manungsa, kang Ingsun gawe kalawan astaningsun pribadi.

76. Sira rumasa gêdhe, apa sira iku luhur, ngungkuli liyane sira.

77. Iblis munjuk: Kawula punika langkung sae, ngungkuli manungsa, awit Tuwan andadosakên kawula saking latu, wangsul anggèn Tuwan andadosakên manungsa saking êndhut.

78. Allah ngandika: He iblis, sira lungaa saka ing langit, sira kêna dêdukaningsun.

79. Lan sira kêna bêbênduningsun, sanadyan têkan dina kiyamat, sira bakal nandhang siksaningsun.

80. Iblis munjuk: Dhuh Pangeran kawula, kawula mugi Tuwan sarantosakên dumugi dintên kiyamat.

--- 3 : 1125 ---

81. Allah ngandika: Iya, sira Ingsun sarantèkake.

82. Nganti têkan dina kiyamat, kang wis tinamtokake.

83. Iblis munjuk: Dêmi kamulyan Tuwan, kawula mêsthi anggodha dhatêng Adam saturun-turunipun sadaya.

84. Kajawi para kawula Tuwan ingkang sami rêsik manahipun, anggènipun pitados ing Tuwan.

85. Allah ngandika: Pangandikaningsun yêkti têmên. Sira lan wong kang padha manut ing sira bakal Ingsun ênggo ngêbaki Naraka Jahanam.

86. (He Mukhammad) sira dhawuha: Enggonku ngundhangake dhawuhing Allah iki, aku ora amrih pituwas apa-apa saka ing kowe, lan aku ora gawe-gawe.

87. Kuran iku dudu barang-barang, nanging pitutur bêcik marang wong sajagad.

88. Dene caritaning Kuran iki, ing têmbe sira bakal wêruh kanyataane sawise môngsa iki.

--- 3 : 1126 ---

Surat Zumar (Têgêse pêpanthan)

Tinurunake ana nagara Mêkah, pitung puluh lima ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Tumuruning kitab Kuran iku têrang saka Allah kang Mulya tur Wicaksana.

2. (He Mukhammad) Ingsun andhawuhake Kitab Kuran kalawan nyata marang sira, mulane sira nêmbaha lan ngèstokna ing Allah kalawan ati rêsik, nglakoni agama sumungkêm ing Allah.

3. Agama Islam kang rêsik, iku apa dudu kagunganing Allah, (mêsthi kagunganing Allah).

4. Sarupaning wong kang ngadêgake Pangeran liyane Allah, iya iku brahala, pangucape: Enggonku nyêmbah brahala iki, karêpku ora liwat, supaya dadia jalarane ênggonku kacêdhak ing Allah. Ing têmbe Allah bakal mancas pasulayane wong nyêmbah brahala lan wong Islam.

5. Satêmêne Allah ora karsa paring pituduh marang wong kang goroh tur kaphir.

--- 3 : 1127 ---

6. Saupama Allah iku karsa pêputra, lan upama ora mokhal,mokal (dan di tempat lain). amêsthi Allah milih dêdamêlane kang dadi parênging karsane, (Ora saka pamilihing wong mangkono. Nanging Allah pêputra iku mokhal) Allah iku Mahasuci. Iya iku Allah kang Esa tur Misesa.

7. Allah iku nyata gawe bumi lan langit, sarta kang nglojokake wêngi marang awan lan anglojokake awan marang wêngi, apadene nyungkêmake srêngenge lan rêmbulan, padha ngèstokake karsaning Allah, kabèh padha mlaku ana cakrawalane dhewe-dhewe, nganti têkan wêwangên kang tinamtokake, iya iku têkan dina kiyamat. Pangeran kang mangkono iku apa dudu Pangeran kang mênang tur wênang ngapura dosa.

8. Allah gawe awakira, wite saka awak siji bae, (iya iku Nabi Adam) banjur gawe jodhone Nabi Adam mau, kang digawe iya perangane Nabi Adam, (igane wêkas) sarta gawe rajakaya maidahi ing sira, cacah wolu, lanang lan wadon,

--- 3 : 1128 ---

Allah gawe awakira ana guwa garbane biyungira, dadi titah sawise dadi titah liyane, ana ing pêpêtêng têlung warna. Pangeran kang kaya mangkono kuwasane iku Allah Pangeranira kang kagungan karaton. Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah. Sawise ditêrangake mangkene iki, manungsa kapriye ênggone arêp nyimpang saka dalan kang bênêr.

9. Mênawa sira padha kaphir, iku tumraping Allah ora dadi apa. Awit Allah ora butuh marang sira, ewadene Allah ora parêng yèn para kawulane padha kaphir. Dene yèn sira padha sukur, ngèstokake parentahing Allah, Allah kaparêng marang sira. Wong kang nandhang dosa, iku kang mêsthi disôngga patrapane, iya mung dosane dhewe, ora bakal nyôngga dosane wong liyane. Besuk ana ing akhirat, sira bakal padha bali marang ngarsaning Allah Pangeranira. Ing kono Allah bakal anjalèntrèhake samubarang kang wis padha sira lakoni, ala lan bêcik.

--- 3 : 1129 ---

10. Satêmêne Allah iku nguningani sakarêntêking ati.

11. Manungsa iku manawa pinuju kambah ing rêribêt, banjur nyênyuwun ing Allah Pangerane, manthêng panyuwune, sawise mangkono, mênawa banjur diparingi kabungahan saka Pangerane, banjur lali ênggone konjêm nyênyuwun ing Allah mau, lan banjur ngadêgake Pangeran brahala, ginawe ngêmbari Allah, dadi banjur nasarake wong saka dalaning Allah (he Mukhammad) sira dhawuha marang wong kang mangkono mau, iya ta padha bungah-bungaha ênggonmu padha kaphir sadhela. Besuk ana ing akhirat, kowe iku padha dadi wong ing naraka.

12. Wong kang ngabêkti ing Allah ana ing wayah wêngi, ngadêg lan sujud (sêmbayang) saking dening wêdi marang akhirat, anyênyadhang rahmating Pangerane, iku apa padha bae lan wong kang duraka kaphir, (mêsthi beda bangêt) sira andangua, wong kang padha duwe kawruh iku apa padha bae lan wong kang padha ora duwe kawruh, (mêsthi beda [be...]

--- 3 : 1130 ---

[...da] bangêt). Sira andangua, wong kang padha duwe kawruh iku apa padha bae lan wong kang padha ora duwe kawruh, (mêsthi beda bangêt) dene wong kang kêtaman piwulang iki banjur eling, iku mung wong kang pêpak ngakale.

13. (He Mukhammad) sira dhawuha: Pangandikaning Allah mangkene: He para kawulaningsun, sira padha wêdia ing Allah Pangeranira, sarupane wong kang padha nglakoni panggawe bêcik ana ing dunya iki, besuk ana ing akhirat iya olèh bêcik, diganjar suwarga. Bumining Allah iku jêmbar, sing sapa ora bisa gawe bêcik ana ing panggonane, ngaliha marang panggonan liyane: Wong kang têguh atine mêsthi diparingi ganjaran kang tanpa kira-kira.

14. Sira dhawuha: Aku iki didhawuhi dening Allah, ingandikakake nêmbah ing Allah nglakoni agama Islam kalawan ati rêsik, maligi nglakoni parentahing Allah. Apadene aku didhawuhi dadia kawitane para wong Islam.

--- 3 : 1131 ---

15. Sira dhawuha: Mênawa aku duraka ing Allah Pangeranku, aku wêdi patrapaning Allah besuk dina kiyamat.

16. Sira dhawuha: Aku iki nêmbah ing Allah, nglakoni agamaku Islam kalawan ati rêsik, konjuk ing Allah.

17. Iya ta, padha nyêmbaha liyane Allah sakarêpmu, (he Mukhammad) sira dhawuha: Wong kang padha kapitunan kang nêmaha gawe kapitunaning awake dhewe lan para batihe besuk dina kiyamat, iku apa ora wis têtela kapitunan têmênan.

18. Besuk ana ing akhirat, ing dhuwure lan ing ngisore wong mau ana gêni kang tumpa-tumpa, Allah mêmêdèni marang para kawulane kalawan gêni mau, pangandikane: He para kawulaningsun, mulane sira padha wêdia marang Ingsun.

19. Sarupaning wong kang nyingkiri godhaning setan, suthik nyêmbah brahala, mung sumungkêm nêmbah ing Allah, wong mangkono mau padha dibêbungah bakal olèh ganjaran suwarga. (He Mukhammad) sira ambêbungaha para kawulaningsun kang padha

--- 3 : 1132 ---

ngrungokake dhawuhing Kuran, banjur milih nglakoni dhawuh kang utama dhewe, iya iku rupane wong kang padha diparingi pituduh bênêr dening Allah. Wong kang mangkono mau têtêp wong kang ana ngakale.

20. Wong kang wis dirampungi kabênêr nandhang patrapan siksa, apa sira bisa minangkani slamête ngluwari wong kang ana sajroning naraka.

21. Nanging sarupane wong kang wêdi ing Pangerane, iku duwe panggonan mulya ana ing swarga, kang ing dhuwure ana panggonan manèh. Ing ngisore panggonan mau ana bêngawane mili. Kang mangkono mau, wis diprasêtyakake dening Allah. Allah ora pisan nyidrani janjine.

22. Apa sira ora andêlêng ênggone Allah anurunake banyu udan saka ing langit, banjur nglakokake banyu mau, wusana dadi tuk pirang-pirang ana ing bumi, iku banjur diênggo lantaran uriping têtanduran utawa wit-witan kang beda-beda warnane lan wohe. Sawise tuwa, nuli sira dêlêng warnane malih kuning, [ku...]

--- 3 : 1133 ---

[...ning,] ora antara suwe nuli runtuh saka ing wit, kang mangkono mau, tumrap wong kang ana ngakale, mêsthi dadi wêwulang bêcik.

23. (Manungsa iku apa padha bae, mêsthi beda) wong kang diparingi padhang atine dening Allah dhangan anglakoni agama Islam, iku têtela wong ngambah pêpadhang saka Pangerane, nanging wong kang atine wangkot, ora eling ing Allah, suthik ngèstokake Kuran, iku têtela wong cilaka, sarta têtela kêsasar saka dalan kang bênêr.

24. Allah iku andhawuhake carita bêcik, iya iku Kitab Kuran, kang rampak bêcike, sarta siji-sijining carita, wêwulang, pangancam, pangêbang, lan sapanunggalane, nganggo dipindhoni utawa diping têloni. Wong kang padha wêdi ing Pangerane, manawa ngrungokake pangancam, padha mangkirig githok lan nyabe kulite, dene yèn ngrungokake pangêbang, kulite padha pulih lêmês, sarta eling atine ing Allah, Kuran iku pituduhing Allah,

--- 3 : 1134 ---

kanggo nuduhake dalan bênêr marang wong kang dadi parênging karsane. Dene sing sapa dikarsakake kêsasar dening Allah, mêsthi ora ana kang bisa nuduhake dalan bênêr marang wong iku.

25. Wong kang ing besuk dina kiyamat raine disugokake marang siksa naraka kang abot, (apa padha bae lan wong kang salamêt saka siksa, mêsthi beda bangêt), wong kaphir ing Mêkah bakal padha didhawuhi: Mara padha rasakna patrapane kaluputan kang padha sira lakoni biyèn.

26. Para wong kuna sadurunge wong kaphir ing Mêkah, iku padha maido para rasul, banjur padha tinêmpuh ing siksa kang ngagètake, ora kanyanan.

27. Wong kaphir mau padha diparingi wêruh rasaning siksa dening Allah kêncengan ana ing dunya. Dene siksane besuk ana ing akhirat, luwih abot manèh, upama wong kaphir wêruh kang mangkono mau, kaya-kaya ora gêlêm maido.

28. Ingsun wis anggêlar sakèhing upama marang

--- 3 : 1135 ---

manungsa, ing bab Kuran iki, supaya manungsa mau padha elinga, ngèstokake dhawuhing Kuran.

29. Iya iku Kuran basa Ngarab, surasane ora ana kang cêngkah, supaya manungsa padha wêdia ing Allah.

30. Allah anggêlar upama tumrap wong maro tingal lan wong mukmin mangkene: Ana wong lanang duwe kônca akèh kang padha diya-diniya, (siji-sijining kônca anjaluk dirakêti ijèn, ora gêlêm dimaru lan liyane, barêng wong lanang mau nandhang rêribêd, kônca mau selak kabèh, ora ana kang gêlêm têtulung) lan ana manèh wong lanang duwe kônca mung siji. Wong lanang loro mau apa padha bae. Sakèhing puji iku konjuk ing Allah piyambak, (wong lanang loro mau mêsthi beda), ewadene wong ing Mêkah kang akèh padha ora wêruh kang mangkono mau.

31. (He Mukhammad) sira iku bakal mati, wong kaphir iku uga bakal padha mati.

32. (He manungsa), sawise mangkono besuk dina kiyamat, sira bakal paprakaran.