Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

--- 3 : 1136 ---

Jus kaping patlikur

33. Ora ana wong kang luwih duraka, nganiaya awake dhewe, tinimbang lan wong kang goroh, ngarani utawa nganggêp yèn Allah iku ana kang ngêmbari, apadene mênawa didhawuhi barang kang mêsthi têmên, iya iku surasaning Kuran, banjur maido. Panggonane wong kaphir apa ora ana ing Naraka Jahanam, (mêsthi ana ing Naraka Jahanam).

34. Nabi Mukhammad kang andhawuhake Kuran kang mêsthi têmên, lan wong kang padha pracaya sarta ngèstokake dhawuhing Kuran, iku kabèh wong wêdi ing Allah.

35. Wong mangkono mau bakal padha tômpa ganjaran suwarga ana ngarsaning Pangerane. Ana ing kono katutugan samubarang kang dikarêpake. Iya iku ganjarane wong kang padha gawe bêcik marang awake dhewe

--- 3 : 1137 ---

sarana pracaya ing Allah.

36. Allah paring pitulung marang wong mau, dhangan anglakoni panggawe bêcik, wêkasan Allah nutupi ênggone wong mau nglakoni sakèhing piala, sarta angganjar lakune kang bêcik, kalawan ganjarnganjaran. kang luwih saka takêring kabêcikane.

37. Allah apa ora wis paring pitulung marang Nabi Mukhammad kawulane, kalis saka pialaning satrune, (iya wis paring pitulung) dalasan saka pangancame para wong kaphir sira diwêca bakal kêna sêsikuning brahala, (iku sira uga dirêksa dening Allah). Dene sing sapa dipêsthi kêsasar dening Allah, ora ana kang bisa nuduhake dalan bênêr marang wong iku.

38. Dene sing sapa dipêsthi dening Allah olèh pituduh bênêr, iku ora ana kang bisa nasarake. Yèn ora mangkono, apa Allah iku dudu Pangeran kang mênang tur kawasa niksa.

39. Upama sira andangu marang para wong kaphir iku: Sapa kang gawe bumi lan langit iki, para wong kaphir mau mêsthi padha matur, ingkang damêl inggih Allah. [A...]

--- 3 : 1138 ---

[...llah.] Sira dhawuha: Saiki kapriye mungguh panêmumu, barang liyane Allah kang padha kosêmbah, iya iku brahala, manawa aku diparingi rêribêt dening Allah, brahala apa bisa nyingkirake rêribêt mau. Utawa mênawa aku diparingi kabungahan dening Allah, brahala apa bisa murungake kabungahan mau, (mêsthi ora bisa) he Mukhammad, sira dhawuha: Kang nyukupi aku mung Allah piyambak, wong kang padha ngandêl mêsthi padha nyumanggakake sakarsaning Allah.

40. (He Mukhammad) sira dhawuha: He para umatku, iya ta, padha banjur-banjurna ênggonmu padha nglakoni kaphir, aku uga nglêstarèkake ênggonku nglakoni agama Islam. Ing têmbe kowe mêsthi padha wêruh.

41. Pangeran kang nêkakake siksa kang ngrèmèhake marang wong kaphir, si kaphir bakal manggon ana ing siksa kang langgêng.

42. Ingsun nurunake Kitab Kuran marang sira Mukhammad, kalawan nyata, kanggo nyurup-nyurupake marang manungsa, sing sapa olèh pituduh bênêr, [bê...]

--- 3 : 1139 ---

[...nêr,] ngèstokake Kuran, iku pakolèhe tumrap marang awake dhewe. Dene sing sapa milih kêsasar, iku patrapane iya tumrap marang awake dhewe. Sira ora kawajiban nanggung manut miturut ing para umatira.

43. Allah iku nglolos nyawa, nalika matine kang duwe nyawa mau, dene tumrap wong kang durung wayahe mati, ênggone nglolos nalikane turu, Allah banjur nyimpêni nyawane wong kang wis dikarsakake mati, dene wong kang durung dikarsakake mati, nyawane dibalèkake manèh, nganti têkan wêwangên kang tinamtokake matine. Kang mangkono mau tumrap wong kang ngêmpakake pikire, mêsthi dadi tôndha yêkti kawasaning Allah.

44. Wong kaphir padha ngadêgake Pangeran liyane Allah, iya iku brahala, dikira ing têmbe bisa mitulungi ana ngarsaning Allah. (He Mukhammad) sira dhawuha: Apa nyata brahala iku padha bisa mitulungi, sanadyan [sanadya...]

--- 3 : 1140 ---

[...n] ora duwe barang-barang lan ora duwe ngakal.

45. Sira dhawuha: Pitulung iku kabèh kang kagungan mung Allah piyambak. Allah kagungan karaton bumi lan langit. Ing têmbe kowe bakal padha diimpun bali marang ngarsaning Allah.

46. Mênawa asmaning Allah piyambak disêbut, tanpa nyêbut brahala, ing kono wong kang padha ora ngandêl bakal anane akhirat, atine padha ewa, dene yèn liyane Allah kang disêbut, wong mau padha bungah.

47. (He Mukhammad) sira munjuka marang Ingsun mangkene: Dhuh Allah ingkang damêl bumi kalihan langit, tur ingkang nguningani samukawis ingkang samar saha kasat mata. Tuwan punika ingkang kawasa ngrampungi prakawisipun para kawula Tuwan, anggènipun sami pasulayan.

48. Ing besuk dina kiyamat, nalikane wong kaphir padha andêlêng siksaning Allah kang ora pisan dikira bakal ana siksa kang mangkono, upama wong kaphir mau duwea [du...]

--- 3 : 1141 ---

[...wea] barang saisining bumi iki, sarta duwe barang samene êngkas, mêsthi kaduga ngulungake, diênggo nêbusi awake, supaya aja nganti kacêmplung ing siksa kang samono abote.

49. Ing dina iku wong kaphir padha wêruh alane barang kang wis padha dilakoni nalika ana ing dunya, sarta tinêmpuh ing siksa kang padha digêguyu nalika ana ing dunya.

50. Manungsa iku manawa kambah ing rêribêd, banjur sumungkêm nyênyuwun marang Ingsun, barêng wis luwar saka ing rêribêd mau, sarta banjur Ingsun paringi kabungahan, manungsa mau banjur ngucap: Enggonku olèh kabungahan iki marga aku wis diparingi kawruh dening Allah, dadi wis bênêre aku olèh kabungahan. Pangucap mangkono mau ewoning coba, ewadene manungsa iku kang akèh padha ora krasa yèn pêparinging Allah kabungahan iku panglulu.

51. Kang ngucap mangkono mau para umat kuna,

--- 3 : 1142 ---

sadurunge wong kaphir ing Mêkah, (iya iku Karun sakancane) bôndha kang dikalumpuka ora bisa murungake siksa.

52. Karun sakancane mau banjur padha tinêmpuh siksa, patrapaning piala kang wis padha dilakoni, dene wong turun Kurès kang padha kaphir, uga bakal padha tinêmpuh ing siksa, patrapaning piala kang wis padha dilakoni, ora ana kang bisa ngoncati siksaningsun.

53. Wong kaphir apa padha ora wêruh yèn Allah iku paring rijêki akèh marang wong kang dadi parênging karsane, lan ana uga wong kang diparingi rijêki sathithik, mung cumpèn bae. Kang mangkono mau tumrap wong kang padha pracaya ing Allah, mêsthi dadi tôndha yêkti kawasaning Allah.

54. (He Mukhammad) sira dhawuha: Pangandikaning Allah mangkene: He para kawulaningsun, kang wis padha kabangêtên ênggone nglakoni panggawe ala, sira aja padha mutung, ora ngarêp-arêp rahmating Allah, satêmêne Allah iku kawasa ngapura dosa kabèh. Allah iku kaparêng [ka...]

--- 3 : 1143 ---

[...parêng] ngapura dosa tur Maha-asih.

55. Sira padha balia marang ngarsaning Allah Pangeranira kalawan tobat, manut mituruta dhawuhing Allah kalawan ati rêsik, mupung durung katêkan siksa, yèn nganti kasèp tobatira, sira bakal ora olèh pitulung.

56. Sira padha nglakonana dhawuhing Kuran kang tinurunake marang sira saka Allah Pangeranira, sira piliha kang bêcik dhewe, mupung sira durung kêtêkan siksa kalawan ngagètake, sira padha ora nyana têkaning siksa mau.

57. Supaya aja ana wong sêsambat mangkene: Adhuh cilaka têmên aku, marga ênggonku kainan, ora ngèstokake dhawuhing Allah, biyèn aku mung padha anggêguyu bae.

58. Utawa ngucap mangkene: Upama Allah iku paring pituduh bênêr marang aku, mêsthi aku kalêbu ewone wong kang padha wêdi ing Allah.

59. Utawa barêng andêlêng siksa, banjur ngucap mangkene: Upama aku diparêngake bali marang dunya, mêsthi aku kalêbu golongane [golonga...]

--- 3 : 1144 ---

[...ne] wong kang padha nglakoni panggawe bêcik.

60. Ing kono banjur ana dhawuhing Allah mangkene: Iya, sira wis kawaratan Kuran ayat Ingsun, nanging sira maido ayat Ingsun, sarta gumêdhe, suthik pracaya. Sira banjur dadi golongane wong kaphir.

61. Ing besuk dina kiyamat, sira andêlêng sarupane wong kang calathu goroh ngarani Allah iku ana kang ngêmbari, raine padha irêng. Panggonane wong kang padha gumêdhe, apa ora ana ing Naraka Jahanam.

61.62. Allah paring salamêt marang para wong wêdi ing Allah. Marga saka bêgjane dadi ora kambah ing barang kang ala, (siksa) sarta ora ana kang kasusahan.

63. Allah iku kang agawe samubarang, iya kang ngrêksa samubarang lan nindakake sakarsa-karsane. Allah iku kang ngasta soroge gêdhong pasimpênan ing bumi lan langit. Dene sarupane wong kang maido ayating Allah, iku têtêp wong kapitunan.

--- 3 : 1145 ---

64. (He Mukhammad) sira dhawuha: He para wong bodho, apa kowe padha murih marang aku supaya aku nyêmbah liyane Allah, (la môngsa gêlêma).

65. Sira lan para umat sadurunge sira wis padha diparingi dhawuh: Mênawa sira maro tingal, lakunira kang bêcik sirna larut kabèh, sira mêsthi dadi wong kapitunan.

66. Balik sira mung nêmbaha ing Allah bae, lan sira kalêbua ewone wong kang padha sukur.

67. Manungsa ora bisa ngluhurake lan ngagungake ing Allah kang kêplok lan sayêktine luhuring Allah. Bumi iki kabèh besuk dina kiyamat, katêkêm ana pangawasaning Allah, langit iku digulung kalawan pangawasaning Allah. Allah iku Mahasuci lan Mahaluhur, adoh bangêt yèn kayaa panêmune para wong maro tingal.

68. Besuk dina kiyamat, sêmpronge Malaikat Israphil didamu, ing kono saisining bumi lan langit banjur padha mati kabèh, kajaba kang dikarsakake [dikarsaka...]

--- 3 : 1146 ---

[...ke] dening Allah ora mati, kaya ta, widadari sapanunggalane. Sawise mangkono sêmpronge Malaikat Israphil didamu manèh, ing kono kang wis padha mati mau banjur padha tangi urip manèh, lan padha andêlêng kaanane ing kono.

69. Salumahing bumi banjur padhang dening cahyaning Pangerane. Sarupaning wong banjur padha diparingi tulisan, cathêtane barang kang wis padha dilakoni nalika ana ing dunya. Nabi Mukhammad lan para umate banjur ditêkakake, padha nêksèni yèn para nabi ing jaman kuna wis ngundhangake dhawuhing Allah marang para umate. Manungsa banjur padha dirampungi prakarane kalawan ngadil, ora ana kang nandhang panganiaya.

70. Siji- sijining wong padha diparingi wêwalês, pituwase barang kang wis dilakoni nalika ana ing dunya, ala utawa bêcik. Allah iku nguningani barang kang wis dilakoni ing manungsa nalika ana ing dunya.

71. Para wong kaphir padha dituntun marang Naraka Jahanam [Ja...]

--- 3 : 1147 ---

[...hanam] agêgolongan. Barêng têkan pinggiring naraka, lawanging naraka dibukak. Ing kono malaikat kang rumêksa naraka takon marang wong kaphir mau: Apa kowe biyèn ora kêtêkan rasul, pêthilan saka kancamu, kang ngundhangake ayat dhawuhing Allah marang kowe, sarta mêmêdèni marang kowe, bakal kêlakone dina kiyamat iki. Para wong kaphir banjur padha mangsuli: Inggih sampun kadhatêngan rasul, nanging kula paibên, mila sampun lêrês pangandikaning Allah namtokakên siksa naraka dhatêng para tiyang kaphir.

72. Para wong kaphir banjur padha didhawuhi: He, sira padha malêbua lawanging Naraka Jahanam. Sira ana ing naraka langgêng salawase. Ala têmên panggonane wong kaphir kang padha gumêdhe.

73. Dene wong kang padha wêdi ing Allah Pangerane, padha diirid marang suwarga apanthan-panthan, barêng wis têkan pinggiring suwarga, lawanging suwarga diwêngakake. Malaikat kang rumêksa suwarga banjur ambagèkake: Sampeyan sami sugênga, bêgja [bê...]

--- 3 : 1148 ---

[...gja] têmên sampeyan punika, sumôngga sampeyan sami malêbêta ing suwarga, wontên ing ngriku langgêng salaminipun.

74. Wong kang padha wêdi ing Allah mau sawise padha malêbu ing suwarga, banjur padha mêmuji, sakèhing puji iku konjuk ing Allah, kang prasêtyane biyèn, saiki wis kanyataan têmên. Allah wis paring panduman bumi suwarga marang aku, saiki aku manggon ana ing suwarga sakarêp-karêpku. Bêcik têmên suwarga ganjarane wong kang padha ngèstokake dhawuhing Allah.

75. (He Mukhammad lan sarupane wong mukmin) besuk sira andêlêng para malaikat padha baris ana kiwa têngêning ngaras, padha nyêbut Mahasuci mêmuji ing Allah. Sarupaning titah padha dirampungi prakarane kalawan ngadil, diparingi wêwalês, pituwasing lakune dhewe-dhewe, ala utawa bêcik. Wong ing suwarga padha mêmuji ing Allah, têmbunge: Sakèhing puji iku konjuk ing Allah, Pangerane ngalam kabèh.

Surat Mukmin.

Tinurunake ana nagara Mêkah, [Mê...]

--- 3 : 1149 ---

[...kah,] wolung puluh lima ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Kha lan Mim iku araning aksara Ngarab. Allah ênggone ngandika mangkono mau, mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan karêpe. Tumurune Kuran iki têrang saka Allah kang Mahamulya tur nguningani samubarang.

2. Kang kawasa ngapura dosa, lan kang kaparêng narima tobat, tur kang siksane abot.

3. Kang kagungan kasugihan tur kaparêng paring kabungahan warna-warna. Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah piyambak. Samubarang iki ing têmbe padha bali marang ngarsane Allah.

4. Ora ana wong madoni Kuran ayating Allah, kajaba wong kang padha kaphir, mulane sira aja kêlorop marga andêlêng wong kaphir mau ênggone sêmpulur ana ing ngêndi-êndi nagara (awit iku panglulu).

5. Biyèn sadurunge wong kaphir ing Mêkah

--- 3 : 1150 ---

iku, para umate Nabi Nuh padha maido marang Nabi Nuh, lan para pakumpulan sawise Nabi Nuh iya padha maido marang rasule, siji-sijining para umat mau padha nêdya ngrok matèni marang rasule, lan padha madoni kalawan padu nasar, murih sirnane agama kang bênêr. Wusana para umat mau padha Ingsun tumpês. Mara sira pikira, kapriye kaanane siksaningsun.

6. Wis mangkono pangandikaning Allah Pangeranira, namtokake sarupane wong kaphir padha dadi isèn-isèning Naraka Jahanam.

7. Para malaikat kang padha mikul ngaras lan kang padha baris kupêng ana kiwa têngêning ngaras, kabèh padha nêbut Mahasuci amêmuji ing Allah Pangerane, padha sêtya tuhu pracaya ing Allah, sarta padha nyuwunake pangapura kaluputane wong kang padha pracaya ing Allah, têmbunge: Dhuh Allah Pangeran kawula, pangawikan saha rahmat Tuwan langkung dening jêmbar, maradini samukawis, Tuwan mugi ngapuraa kalêpatanipun para kawula Tuwan ingkang sami tobat, sarta sami manut anglampahi

--- 3 : 1151 ---

agimi agami. Tuwan Islam. Sadaya wau mugi Tuwan rêksaa sampun ngantos kacêmplung ing Naraka Jakhim.

8. Dhuh Pangeran kawula, para tiyang mukmin punika dalah para lêluhuripun, bojonipun saha para turunipun ingkang sami sae, mugi sami Tuwan parêngakên malêbêt ing suwarga, ingkang sampun Tuwan prasêtyakakên, badhe Tuwan paringakên dhumatêng para tiyang mukmin. Tuwan punika Mahamulya tur Wicaksana.

9. Para lêluhuripun tiyang mukmin, para turunipun saha para bojonipun wau mugi Tuwan rêksa sampun ngantos kenging patrapanipun tiyang nglampahi awon, patrapan ing dintên punika, sintên ingkang ngatos-atos, botên anglampahi piawon, tamtu angsal sihipun. Makatên punika nama kabêgjan agêng.

10. Besuk dina kiyamat, sarupane wong kaphir padha dicêmplungake ing naraka, padha didhawuhi mangkene: Siksaning Allah marang kowe, luwih abot tinimbang ênggonmu niksa marang awakmu dhewe, awit biyèn, kowe didhawuhi pracaya [praca...]

--- 3 : 1152 ---

[...ya] ing Allah, nanging kowe padha maido.

11. Wong kaphir banjur padha matur: Dhuh Pangeran kawula, kawula punika Tuwan pêjahi rambah kaping kalih, sarta Tuwan gêsangakên ugi kaping kalih, sapunika kawula ngakêni kalêpatan kawula sadaya. Punapa kaparêng kawula sapunika nyuwun mêdal saking naraka, lajêng wangsul dhatêng ing dunya. Kawula sagah ngèstokakên dhawuh Tuwan.

12. Anane siksa kang mangkono mau, amarga manawa Allah piyambak disêbut, tanpa nyêbut brahala, sira padha maido, nanging manawa ênggone nyêbut Allah mau diwori nyêbut brahala, sira padha pracaya. Dene khukum siksa iku ana pangawasaning Allah kang Mahaluhur tur Maha-agung.

13. Allah iku kang nontonake sira, ditontonake tôndha yêkti pirang-pirang, kang padha mracihnani yèn Pangeran iku mung siji Allah, sarta Allah nurunake rijêki saka ing langit. Dene kang ngèstokake pitutur iki ora ana manèh kajaba wong kang suthik maro tingal.

14. Sira padha nêmbaha ing Allah, ênggonira nglakoni [nglako...]

--- 3 : 1153 ---

[...ni] agama Islam kalawan ati suci, ora maro tingal. Sanadyan wong kaphir padha gêthing, iya karêbèn.

15. Allah iku kang anjunjung darajate wong mukmin ana ing suwarga, tur kang yasa ngaras, kang nurunake wahyu pangandikaning Allah marang para kawulane, êndi kang dadi parênging karsane, supaya kang diparingi wahyu mau banjur mêmêdèni marang manungsa, diwêdèni bakal kêlakone dina kiyamat.

16. Iya iku dina nalikane wong kang wis mati padha tangi, mêtu saka ing pakuburane, ing kono Allah ora kêsamaran sathithik-thithika marang wong kang padha tangi saka ing kubur mau. Ing dina iku sapa ta kang jumênêng ratu. Ora liya mung Allah kang Esa tur Misesa.

17. Ing dina iku sarupaning wong padha diwalês, miturut apa kang wis dilakènidilakoni. nalika ana ing dunya, ala utawa bêcik. Ing dina iku ora ana wong kinaniaya. Satêmêne Allah iku rikat panimbange.

18. Manungsa iku padha sira wêdènana dina

--- 3 : 1154 ---

kiyamat, nalikane wong atine padha manjuluk têkan ing gulu saking dening wêdine. Sakèhing wong padha nêkêm gulune.

19. Sarupane wong kaphir ora duwe mitra, lan ora duwe andêl-andêl kang makolèhake marang si kaphir tur dianggêp paturane ing Allah.

20. Allah iku nguningani dalèrènging ulat andêlêng laranganing Allah, lan nguningani karêntêking ati.

21. Allah iku ngukumi kalawan ngadil, dene brahala kang disêmbah dening wong kaphir, iku ora bisa ngukumi apa-apa, satêmêne Allah iku miyarsa tur ningali saparipolahe lan pangucape si kaphir.

22. Apa wong kaphir iku padha ora anjajah ing bumi, yèn anjajah mêsthi wêruh patilasane wong kuna pirang-pirang, kang padha dirusak dening Allah marga saka dosane, kapriye ta wêkasane para umat ing jaman kuna sadurunge wong Mêkah iku, tur wong kuna mau gagah prakosane ngungkuli wong Mêkah iku, lan padha duwe gêdhong panggung apadene balumbang, ewadene [ewa...]

--- 3 : 1155 ---

[...dene] Allah ngrusak marang wong mau marga saka dosane, wong kaphir tanpa daya, lan ora duwe mitra, kang ngrêksa awake nulak siksaning Allah.

23. Anane siksa mangkono mau, awit para umat kuna katêkan rasule kanthi tôndha yêkti pirang -pirang, nanging para umat mau padha maido, mulane Allah ngrusak marang para umat mau. Satêmêne Allah iku santosa sarta siksane abot.

24. Ingsun têmên wis ngutus Nabi Musa kanthi tôndha yêkti pirang-pirang saka Ingsun lan wêwaton kang nyata.

25. Ingsun utus nyurup-nyurupake marang Raja Phirngon lan Patih Aman, apadene marang Si Karun, nanging kabèh mau pangucape: Nabi Musa iku juru sikhir, pangucape iku kabèh goroh.

26. Barêng Nabi Musa nganani tôndha yêkti saka ngarsaningsun, Raja Phirngon lan Patih Aman mau banjur padha parentah marang balane. Sarupane wong kang padha pracaya marang Nabi Musa iku, anake lanang padha patènana, nanging anake wadon aja, karêbèn padha urip, ewadene paekane wong kaphir mau tanpa gawe.

--- 3 : 1156 ---

27. Raja Phirngon dhawuh: Aku togna bae, Nabi Musa iku tak patènane, iya sambata marang Pangerane, aku môngsa wêdia, awit aku kuwatir bokmanawa Nabi Musa iku bakal nyalini agamamu, utawa bokmanawa gawe rusak ana ing bumi.

28. Nabi Musa wêwarah marang wong Bani Srail. Aku iki ngungsi Allah Pangeranku lan Pangeranmu, supaya aja nganti kêna paekane wong kang padha gumêdhe, tur ora pracaya marang anane dina kiyamat.

29. Ing kono ana wong lanang mukmin, kalêbu santanane Raja Phirngon, pracaya Allah kalawan dhêdhêmitan, iku matur marang Raja Phirngon, punapa sampeyan badhe mêjahi tiyang jalêr dupèh wicantên: Pangeranku Allah, kang môngka sowanipun Nabi Musa ing sampeyan, kanthi tôndha yêkti kaelokan pintên-pintên saking Pangeran sampeyan. Manawi Nabi Musa wau dora, tamtu badhe tinêmpuh ing siksa, patrapanipun anggènipun dora, dene manawi Nabi Musa [Mu...]

--- 3 : 1157 ---

[...sa] wau têmên, kang môngka sampeyan paibên, punika sampeyan badhe tinêmpuh ing siksa, ingkang dipun ancamakên dening Allah utawi Nabi Musa. Sayêktosipun, Allah punika botên karsa nêdahakên margi ingkang lêrês, dhatêng tiyang ingkang kêsangêtên anggènipun maibên dhatêng Allah.

30. He para sadhèrèk, ing dintên punika sampeyan sami luhur, mênang wontên bumi ing Mêsir. Kaluhuran saha kamênangan ingkang samantên wau, mugi sampun sampeyan risak piyambak, bokmanawi kadhatêngan siksaning Allah, sintên ingkang kuwawi têtulung dhatêng kula. Raja Phirngon mangsuli: He para santanaku, ênggonku anggêlarake rêmbug marang kowe iki, mêtu saka pamikir kang bêning, Nabi Musa bêcik dipatèni bae, rêmbugku kang mangkono mau, aku ora nasarake, nanging nuduhake dalan bênêr.

31. Wong mukmin mau calathu: He para sadhèrèk, kula kuwatos bokmanawi sampeyan tinêmpuh siksa kados para umat kina rumiyin.

32. Kados siksaning para umatipun Nabi Nuh lan tiyang Ngad, punapadene siksanipun [siksani...]

--- 3 : 1158 ---

[...pun] tiyang Samud rumiyin.

33. Sarta siksanipun para tiyang kaphir sasampunipun, umat kina ingkang kasêbut wau, Allah punika botên pisan rêmên nganiaya para kawulanipun.

34. He para sadhèrèk, kula punika nguwatosakên dhatêng sampeyan, kadospundi polah sampeyan benjing dintên kiyamat.

35. Nalikanipun sampeyan mundur saking tampi karampunganing Allah, nuntên dipun cêmplungakên ing naraka, sampeyan botên gadhah andêl-andêl ingkang nulak siksaning Allah. Sintên ingkang dipun pêsthi kêsasar dening Allah, mêsthi botên wontên ingkang sagêd nêdahakên margi lêrês.

36. Kala rumiyin sampeyan sampun kadhatêngan rasul nama Nabi Yusup, kanthi tôndha yêkti pintên-pintên, nanging sampeyan namung maibên thok, dhatêng dhawuhipun Nabi Yusup wau, sarêng Nabi Yusup sampun seda, sampeyan sami wicantên: Sanadyan sapungkure Nabi Yusup, Allah iya ora bakal ngutus rasul. Inggih makatên punika Allah [A...]

--- 3 : 1159 ---

[...llah] anggènipun nasarakên tiyang ingkang kasangêtên anggènipun mamang dhatêng agama.

37. Inggih punika tiyang ingkang sami mabêni ayating Allah tanpa wêwaton tôndha yêkti pêparinging Allah. Pabênipun ingkang makatên wau, mênggahing Allah utawi mênggahing para tiyang mukmin, badhe agêng siksanipun. Kados makatên punika Allah anggènipun mêsthi dhatêng manahipun para tiyang gumêdhe sadaya.

38. Raja Phirngon banjur dhawuh: He Aman, aku gawèkna panggung kang dhuwur, supaya aku bisa munggah têkan lawang pirang-pirang.

39. Iya iku lawang-lawanging langit, bokmanawa aku bisa katêmu lan Pangerane Nabi Musa, nanging kiraku kandhane Nabi Musa iku goroh.

40. Wis mangkono karsaning Allah, Raja Phirngon kêna ing godha, dhêmên bangêt anglêstarèkake ênggone nglakoni panggawe ala, Raja Phirngon disasarake saka ing dalan bênêr. Lêkase Raja Phirngon ênggone ngarah sirnane agamane Nabi Musa, iku tanpa gawe, nanging malah tumiba ing kapitunan.

--- 3 : 1160 ---

41. Wong kang pracaya marang Nabi Musa mau calathu: He para sadhèrèk, sampeyan manut dhatêng kula, sampeyan kula têdahakên margi ingkang lêrês.

42. He para sadhèrèk, gêsang wontên ing dunya punika kabingahan namung sawatawis môngsa, dene gêsang wontên ing akhirat punika panggenan ingkang têtêp sayêktos.

43. Sintên ingkang nglampahi awon, patrapanipun botên langkung samurwating kalêpatanipun. Nanging sintên ingkang nglampahi kasaenan, jalêra, èstria, ugêripun tiyang mukmin, mêsthi malêbêt ing suwarga, wontên ing ngriku sami dipun paringi rijêki tanpa kintên-kintên.

44. He para sadhèrèk, sampeyan sami kula jak wilujêng, kenging punapa sampeyan sami ngajak kula dhatêng naraka.

45. Sampeyan sami ngajak-ajak dhatêng kula supados kula dados kaphir, maibên dhatêng Allah sarta malih tingal ing Allah, nyêmbah brahala ingkang kula botên sumêrêp katêranganipun yèn punika Pangeran, kang môngka kula ngajak-ajak [nga...]

--- 3 : 1161 ---

[...jak-ajak] dhatêng sampeyan supados sumungkêm nêmbah ing Allah, ingkang Mahamulya tur ngapura dosa.

46. Sampun mêsthi kemawon anggèn sampeyan ngajak kula nyêmbah brahala punika tanpa guna, awit pun brahala punika wontên ing dunya botên nêdha dipun sêmbah, wontên ing akhirat badhe nyelaki panyêmbah sampeyan. Ing benjing kula lan sampeyan punika sami badhe wangsul dhatêng ngarsaning Allah. Dene para tiyang kaphir sami dipun cêmplungakên ing naraka.

47. Benjing yèn sampeyan sampun ningali naraka, mêsthi kèngêtan atur kula dhatêng sampeyan punika. Kula nyumanggakakên kawontênanipun badan kula punika dhatêng Allah. Sayêktosipun Allah punika mirsani dhatêng para kawulanipun.

48. Allah ngrêksa marang wong lanang mukmin mau, kalis saka pialane Raja Phirngon ênggone ngancam arêp matèni. Raja Phirngon sabalane padha tinêmpuh ing siksa kang ala.

--- 3 : 1162 ---

49. (Pangandikaning Allah): Raja Phirngon sabalane sawise padha mati, sabên esuk lan sore padha dikon ngicipi siksa naraka, nganti têkan dina kiyamat. Ing besuk dina kiyamat ana dhawuhing Allah: Raja Phirngon sabalane iku padha cêmplungna ing naraka siksa kang luwih dening abot.

50. (He Mukhammad) sira nyaritakna ananing akhirat, nalikane wong naraka padha garêjêgan lan padha kancane. Wong kang mung ila-ilu bae padha calathu marang wong kang padha gumêdhe: Enggonku kaphir biyèn mung manut marang kowe bae. Saiki kapriye, apa kowe bisa nulak naraka iki, aja nglarani marang aku.

51. Wong kang gumêdhe padha mangsuli: Apa kang koucap. Kowe wêruh dhewe, aku lan kowe padha ana ing naraka. Satêmêne Allah wis nindakake bêbênêran marang para kawulane.

52. Wong kang ana ing naraka padha matur marang para malaikat kang rumêksa naraka, kula mugi sampeyan suwunakên dhatêng Pangeran sampeyan,

--- 3 : 1163 ---

supados kula dipun paringana mayar sadintên kemawon, kula botên kuwawi awrating siksa punika.

53. Para malaikat mau padha mangsuli: Apa biyèn kowe ora disurup-surupake dening rasulmu kanthi tôndha yêkti pirang-pirang. Wong kaphir padha mangsuli: Inggih sampun dipun sêrêp-sêrêpakên, nanging kula maibên. Malaikat mangsuli: Yèn mangkono, padha nyuwuna dhewe-dhewe ing Allah, aku ora wani nyuwunake wong kaphir, nanging panyuwune wong kaphir ora bakal diparêngake.

54. (Pangandikaning Allah): Ingsun paring pitulung marang para utusan Ingsun lan marang para wong mukmin ana ing dunya iki lan besuk ana ing akhirat.

55. Iya iku dina nalikane para wong kaphir padha ora dianggêp ênggone ngaturake sabab kang murih wurunge utawa ènthènging siksa, wong kaphir padha kêna bêbênduning Allah, lan padha dicêmplungake ing naraka, iya iku panggonan kang ala dhewe.

56. Ingsun wis paring pituduh bênêr marang Nabi

--- 3 : 1164 ---

Musa, iya iku Kitab Torèt, lan kaelokan. Sapungkure Nabi Musa, wong Bani Srail padha Ingsun parêngake lêstari nganggo wêwaton Kitab Torèt, minôngka pituduh bênêr lan dadi wêwulang tumrap wong kang ana akale.

57. (He Mukhammad), sira sabara bae, prasêtyane Allah bakal paring pitulung marang para kêkasihe, iku têmên. Sira mung nyuwuna pangapuraning dosanira, lan nyêbuta Mahasuci mêmuji ing Pangeranira ing wayah esuk lan sore.

58. Sarupane wong kang padha madoni ayating Allah, tanpa tôndha yêkti pêparinging Allah, wong mangkono mau atine mêsthi kisèn gumêdhe kumudu ngungkuli sira, nanging môngsa kêlakona ngungkuli. Sira banjur ngungsia ing Allah, nyuwuna dikalisake saka pialane wong gumêdhe mau. Allah iku miyarsa tur mirsani.

59. Gawe bumi lan langit kang samono gêdhene iku luwih angèl tinimbang gawe manungsa [ma...]

--- 3 : 1165 ---

[...nungsa] utawa nguripake manungsa kang wis mati, ewadene Allah kalêksanan gawe bumi lan langit. Dadi mêsthi kuwasa nguripake wong kang wis mati. Nanging akèh-akèhing wong, ora wêruh kang mangkono mau.

60. Wong picak lan wong awas mêsthi ora padha, mangkono manèh wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, iya ora padha lan wong ala. Ewadene wong kang pasah dening pitutur iki sathithik bangêt.

61. Dina kiyamat iku enggal lawas mêsthi kêlakon, ora sumêlang bakal kalêksanane, ewadene akèh wong kang ora ngandêl.

62. Allah Pangeranira ngandika: Sira padha nyênyuwuna marang Ingsun, Ingsun bakal marêngake panyuwunira. Sarupane wong kang gumêdhe, suthik nêmbah marang Ingsun, iku bakal dicêmplungake ing Naraka Jahanam tanpa aji.

63. Allah iku kang nganakake wêngi, kanggo palerenan, sarta nganakake awan padhang, kanggo nindakake sabarang panggawean. [panggawe...]

--- 3 : 1166 ---

[...an.] Allah iku paring kanugrahan marang manungsa, ewadene akèh wong kang ora sukur ing Allah.

64. Kang mangkono iku Allah Pangeranira, iya iku kang gawe samubarang iki kabèh. Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah, kapriye ênggonira arêp suthik nêmbah ing Allah.

65. Mangkono manèh wong kang padha maido ayating Allah iya padha disingkirake saka rahmating Allah.

66. Allah iku kang nganakake bumi, kanggo papan panggonanira, apadene nganakake langit prasasat dadi payon. Allah wis nganakake sira, sarta gawe bêcik rupanira, mangkomangkono. manèh paring rijêki panganan kang enak-enak marang sira. Kang mangkono iku Allah Pangeranira. Allah Pangerane ngalam kabèh iku Mahaluhur.

67. Allah iku kang gêsang, ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah, sira padha nêmbaha lan nyênyuwuna ing Allah, nglakonana agama [a...]

--- 3 : 1167 ---

[...gama] maligi konjuk ing Allah, Pangeraning ngalam kabèh.

68. (He Mukhammad) sira dhawuha: Sawise aku diparingi tôndha yêkti yèn Allah iku mung siji, aku dilarangi nyêmbah liyane Allah, iya iku brahala kang padha kosêmbah, lan aku didhawuhi manut ing Allah, Pangeraning ngalam kabèh.

69. Allah iku kang gawe awakira saka ing lêmah, iya iku ênggone gawe lêluhurira Nabi Adam, nuli gawe awakira saka ing mani, mani mau nuli dadi gêtih kênthêl, nuli mêtokake sira dadi bayi. Bayi mau banjur dadi wong tuwa. Sawênèhing wong ana uga kang mati sadurunge tuwa. Mulane ditindakake mangkono. Supaya sira têkan ing titimôngsa kang tinamtokake patinira. Kang mangkono mau, supaya sira padha ngrasakake.

70. Allah iku kang nguripi lan matèni. Manawa Allah ngarsakake kêlakone sawijining prakara, Allah mung ngandika: Sira anaa. Sanalika

--- 3 : 1168 ---

barang kang dikarsakake banjur ana.

71. Apa sira ora andêlêng wong kang padha madoni Kuran ayating Allah, kapriye ênggone padha sumingkir saka agama kang bênêr.

72. Kang padha maido Kitab Kuran, lan maido barang kang didhawuhake dening para utusan Ingsun, ing têmbe wong mau bakal wêruh patrapane ênggone padha maido.

73. Ing besuk, balêngguning Allah ana ing gulune wong kaphir, dene rante sinambung lan balênggu mau, ana ing Naraka Jahanam, banjur diurubake ana ing naraka.

74. Wong kaphir mau banjur padha didhawuhi: Endi rupane barang liyane Allah kang sira ênggo maro tingal biyèn. Wong kaphir padha mangsuli, sami botên katingal, malah kala rumiyin, kula botên rumaos nyêmbah punapa-punapa, kaya mangkono uga Allah nasarake marang para wong kaphir.

75. Siksa mangkono mau, amarga sira padha bungah-bungah kalawan barang kang ora bênêr ana-anaana. [ana-...]

--- 3 : 1169 ---

[...ana] ing bumi, lan marga ênggonira padha bangêt bungah nglakoni duraka.

76. Mara padha malêbua lawanging Naraka Jahanam, sira padha langgêng ana ing kono. Ala têmên panggonane wong kang padha gumêdhe.

77. (He Mukhammad) sira sabara, prasêtya lan pangancaming Allah iku mêsthi nyata. Têrkadhang sawênèhe kang wis Ingsun ancamake mau, ana uga kang Ingsun tontonake marang sira, lan ana uga kang Ingsun tindakake sadurunge. Besuk dina kiyamat, wong kaphir padha diimpun bali marang ngarsaningsun.

78. Sadurunge sira, Ingsun têmên wis ngutus rasul pirang-pirang, rasul mau ana kang Ingsun kandhakake marang sira, lan ana uga kang ora Ingsun kandhakake marang sira. Siji-sijining rasul mau, ora gêlêm andhawuhake ayat, kajaba yèn wis olèh dhawuhing Allah. Pasulayaning rasul lan kang maido, banjur dirampungi kalawan bênêr. Pangandikaning Allah: Para wong kang maido iku, têtela padha kapitunan.

--- 3 : 1170 ---

79. Allah iku kang anggawèkake rajakaya marang sira, supaya sira tunggangi, lan kêna sira pangan daginge.

80. Rajakaya mau paidahe akèh tumraping sira, iya iku kêna sira anggo nêkani kêkarêpanira kang ana ing atinira, kaya ta anggawa barang kang abot marang nagara liya, sira bisa nunggang rajakaya ana ing dharatan, utawa nunggang prau ana ing sagara.

81. Allah nontonake ayate marang sira, kang nuduhake yèn Allah iku mung siji, lah ta êndi ayating Allah kang sira paido.

82. Manungsa apa ora padha anjajah ing bumi, banjur padha andêlêng patilasane wong kuna pirang- pirang. Kapriye wêkasane wong kang padha duraka kaphir biyèn. Tur iku luwih akèh cacahe, lan luwih gagah prakosa, apadene luwih akèh gêgaweane, ewadene dirusak dening Allah, gêgaweane ora bisa nulak siksaning Allah.

83. Barêng wong kaphir mau katêkan rasul, kanthi [ka...]

--- 3 : 1171 ---

[...nthi] mukjizat kaelokan, banjur padha bungah, nanging bungahe bungah anggêguyu kawruhe rasul mau. Banjur tinêmpuh ing siksa ênggone padha anggêguyu.

84. Barêng wong kaphir padha wêruh siksaningsun, banjur ngucap mangkene: Kula sapunika ngandêl ing Allah piyambak, sarta maibên dhatêng brahala ingkang sami kula angge malih tingal.

85. Sarèhne wong kaphir mau wis andêlêng siksaningsun, mulane pangandêle marang Ingsun wis ora migunani apa-apa. Iya iku pranataning Allah kang wis tumindak marang para kawulane kuna-kumuna. Ing kono wong kaphir padha kapitunan.

Surat Phussilat (Têgêse diwijang-wijang)

Tinurunake ana nagara Mêkah, sèkêt papat ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Kha lan Mim iku padha araning aksara Ngarab. Allah ênggone ngandika mangkono mau, mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan karêpe. Kuran iki [i...]

--- 3 : 1172 ---

[...ki] diturunake saka ngarsaning Allah kang Mahamurah tur Maha-asih.

2. Iki Kuran têmbung Ngarab, iya iku kitab kang ayate diwijang-wijang tumrap wong kang padha wêruh têgêse, iya iku wong Ngarab.

3. Surasaning Kuran iku ambêbungah marang wong ngabêkti ing Allah, sarta mêmêdèni wong kang duraka. Wong Arab kang akèh padha malengos, mulane padha ora kêtaman surasaning Kuran.

4. Wong Arab padha matur: Manah kula punika wontên tutupipun, tumrap tekad ingkang sampeyan dhawuhakên dhatêng kula punika, sarta kuping kula punika awrat. Makatên malih antawis kula kalihan sampeyan punika wontên aling-aling, mila prayoginipun, sampeyan anglampahana agami sampeyan, kula ugi nglampahi agami kula piyambak.

5. (He Mukhammad) sira dhawuha: Satêmêne aku iki manungsa, padha bae lan kowe, nanging aku diparingi wahyu dening Allah, mratelakake yèn Pangeranmu [Pa...]

--- 3 : 1173 ---

[...ngeranmu] iku mung siji, Allah, mulane kowe padha madhêpa ing Allah, lan nyuwuna pangapuraning Allah, cilaka bangêt wong maro tingal iku.

6. Kang padha ora gêlêm bayar zakat, sarta padha maido bakal ananing akhirat.

7. Dene wong kang padha pracaya ing Allah, sarta padha nglakoni panggawe bêcik, iku padha diparingi ganjaran kang langgêng tanpa pêdhot.

8. (He Mukhammad) sira dhawuha: Apa kowe padha maido ing Allah kang wis gawe bumi iki mung rong dina bae rampung. Kowe padha ngadêgake brahala koênggo têtimbanganing Allah. Allah iku Pangeraning ngalam kabèh.

9. Allah andokokake gunung pirang-pirang ana ing dhuwuring bumi, lan ambarkahi bumi, diakèhake banyune. Khewane lan thêthukulane, lan ngêdum wulu wêtuning bumi marang manungsa lan khewan, têkan ganêpe patang dina. Wangsulan iki padha bae tumrap wong kang padha têtakon kadadianing bumi.

10. Allah banjur yasa langit, kang dianggo

--- 3 : 1174 ---

kukusing banyu, barêng wis dadi, Allah dhawuh marang bumi lan marang langit: Sira nglakonana barang kang Ingsun parentahake marang sira, kalawan miturut utawa kalawan pêksan. Bumi lan langit padha munjuk ing Allah: Inggih kawula sandika nglampahi kalayan miturut.

11. Langit banjur digawe sap pitu, ing dalêm rong dina rampung, Allah paring wahyu ana siji-sijining langit pitu mau, marang para malaikat kang manggon ing kono, padha dikarsakake ngabêkti nêmbah ing Allah, (pangandikaning Allah): Ingsun angrêngga langit dunya kalawan pirang-pirang, lan Ingsun ngrêksa langit mau. Kang mangkono iku pêpêsthèning Allah kang Mahamulya tur nguningani samubarang.

12. Sawise ditêrangake mangkene iki, manawa wong kaphir ing Mêkah padha malengos, sira banjur dhawuha: Kowe wêdia siksaning Allah kang bakal numpês marang kowe, kaya siksa kang diênggo numpês wong Ngad lan wong Samud biyèn.

13. Nalikane wong Ngad lan wong Samud mau katêkan para rasul saka ngarêp lan saka buri, dhawuhe: [dha...]

--- 3 : 1175 ---

[...wuhe:] Kowe aja padha nyêmbah apa-apa, kajaba nêmbah ing Allah. Wong Ngad lan wong Samud padha mangsuli: Manawi makatên punika sayêktos parentahing Pangeran kula, Allah tamtu ngutus malaikat, botên ngutus sampeyan makatên. Sayêktosipun, sampeyan ngakên utusaning Allah punika, kula sami maibên.

14. Wong Ngad iku padha gumêdhe ana ing bumi, padha nglakoni kang ora bênêr, pangucape: Sapa ta kang gagah prakosane ngungkuli aku. Wong Ngad mau padha ora andêlêng yèn Allah iku kang gawe ing awake, kang mêsthi Allah iku gagah prakosane ngungkuli wong Ngad tikêl pira bae. Wong Ngad puguh padha maido ayat Ingsun.

15. Wong Ngad mau banjur Ingsun têmpuh ing angin kang adhêm anjêkut, ana ing dina kang sangar, supaya ngicipana siksa kang ngrèmèhake ana ing dunya, dene siksane besuk ana ing akhirat, luwih abot manèh. Wong Ngad mau bakal ora olèh pitulung saka sapa-sapa.

16. Dene para wong Samud, iku padha Ingsun gêlar [gê...]

--- 3 : 1176 ---

[...lar] ing dalan pituduh bênêr, mulane banjur padha dipulung dening siksa kang ngrèmèhake, marga saka lakune dhewe.

17. Para wong mukmin padha Ingsun paringi slamêt. Wong mukmin mau padha wêdi ing Allah.

18. Lan sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane para satruning Allah padha digiring marang naraka, wong kaphir mau padha diglandhang.

19. Barêng wis têkan pinggiring naraka, pangrungune lan pandêlênge apadene kulite wong kaphir mau, padha mêlèhake ênggone padha nglakoni dosa nalika ana ing dunya.

20. Wong kaphir padha takon marang kulite: Yagene kowe padha mêlèh-mêlèhake ênggonku nglakoni dosa. Kulit mau padha mangsuli: Pangucapku iki kang ngucapake Allah kang kuwasa ngucapake samubarang. Allah iku kang gawe awakmu iku. Allah iku kang biyèn gawe awakmu, saiki kowe padha bali marang ngarsaning Allah.

21. (He manungsa) sira kabèh ora ana [a...]

--- 3 : 1177 ---

[...na] bisa nutupi ênggonira nglakoni panggawe ala, mêsthi diwêlèhake dening pangrungunira lan pandêlêngira, apadene kulitira. Nanging nalikane sira salinthutan, duwe panyana yèn Allah iku ora nguningani sampurna marang samubarang kang sira lakoni.

22. Mangkono iku luguning panyananira, ênggonira nyana marang Pangeranira, iku andadèkake karusakanira, mulane sira dadi wong kapitunan.

23. Mênawa wong kaphir mau wis narima, panggonane banjur ana ing naraka, dene yèn nyuwun pangapura, wong kaphir ora olèh pangapura.

24. Ingsun nyadhiyani setan pirang-pirang, pêpadha anggodha wong kaphir, setan mau banjur padha nandukake panggodhane, ngiming- imingi kabungahan kang ana ing dunya, apadene prakara akhirat, kaya ta ora ana dina kiyamat, lan ora ana panimbang ala lan bêcik. Pangandikaning Allah bakal niksa wong kaphir iku

--- 3 : 1178 ---

mêsthi nyata. Wong kaphir mau kalêbu golongane para umat kuna, jin lan manungsa kang wis padha dirusak kalawan siksa biyèn, sadurunge wong kaphir iku. Kabèh iku padha kapitunan.

25. Wong kaphir padha ngucap: Aja padha anggugu unine Kuran iki, padhakna unine wong ngame bae, supaya kowe padha mênang.

26. Para wong kaphir bakal Ingsun wêruhake rasane siksa kang abot.

27. Lan Ingsun bakal patrapi patrapaning kaluputan kang wis padha dilakoni, kang ala dhewe.

28. Kang mangkono iku wêwalês marang para satruning Allah, kabèh padha dicêmplungake ing naraka, iya iku panggonan siksa kang langgêng tumônja wêwalêse ênggone padha maido ayat Ingsun.

29. Para wong kaphir padha munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, kawula mugi Tuwan sumêrêpakên jin kalihan manungsa ingkang sami anjalomprongakên dhumatêng kawula rumiyin, badhe kawula

--- 3 : 1179 ---

ênciki wontên sangandhaping suku kawula wontên ing naraka ngriki, supados sami dados tiyang asor, nandhang siksa langkung awrat.

30. Sarupane wong mukmin kang padha ngucap: Pangeranku Allah, kajaba iku padha sêtya tuhu ênggone nêtêpi kawajibane, wong mangkono iku nalikane mati dirawuhi para malaikat. Dhawuhe: Sampeyan sampun ajrih pêjah, sarta sampun sêdhih nilar karêmênan sampeyan wontên ing dunya, sampeyan bingah badhe malêbêt ing suwarga, ingkang sampun dipun prasêtyakakên dening Allah dhatêng sampeyan.

31. Kula punika mitra sampeyan wiwit wontên ing dunya lêstantun dumugi ing akhirat, sampeyan wontên ing akhirat badhe kadumugèn samukawis ingkang sampeyan pengini, sarta samukawis ingkang sampeyan karsakakên, mêsthi botên kacuwan.

32. Sadaya punika pêparingipun Pangeran ingkang sipat Ngapura tur Maha-asih.

33. Ora ana wong kang luwih bêcik pangucapangucape.

--- 3 : 1180 ---

ngungkuli wong kang adan, ngajak sêmbayang nêmbah ing Allah, sarta nglakoni panggawe bêcik, pangucape aku iki ewone wong Islam.

34. Ala lan bêcik iku ora padha, mêsthi ana undha-usuke. Sira nampika barang kang ala, miliha barang kang luwih bêcik, nanging têrkadhang ana satrunira iku rakêt bangêt lan sira, kaya sadulur sinarawèdi.

35. Ora ana wong bisa nampik barang kang ala, milih kang luwih bêcik, kajaba wong kang padha sabar, têtêk atine, lan ora ana wong bisa mangkono mau kajaba wong kang duwe pulung munggah ing suwarga kang agung.

36. Mênawa setan anggodha ing sira, ngajak anglirwakake pitutur murih nampik kang ala lan milih barang kang luwih bêcik, iku sira ngungsia ing Allah, nyuwun pitulunge, Allah iku miyarsa tur nguningani samubarang.

37. Raina lan wêngi, apadene sêrngenge lan rêmbulan, iku kalêbu ayating Allah, kang mratandhani yèn Allah iku mung siji, tur kuwasa samubarang. [sa...]

--- 3 : 1181 ---

[...mubarang.] Manawa sira Islam, nêmbah ing Allah, sira aja padha sujut marang srêngenge utawa rêmbulan, nanging padha sujuda ing Allah, kang gawe srêngenge lan rêmbulan mau.

38. Manawa manungsa padha gumêdhe, suthik sujud ing Allah, iku ora dadi apa, awit para malaikat kang ana ngarsaning Allah Pangeranira, padha nyêbut Mahasuci mêmuji ing Allah ing wayah raina lan wêngi tanpa kêndhat.

39. Lan ana manèh kang kalêbu ayating Allah, iya iku sira andêlêng bumi iku garing, barêng Ingsun turuni banyu udan, banjur obah, lêmahe mandhukul. Pangeran kang wis nguripake bumi mangkono mau, mêsthi kuwasa nguripake wong kang wis padha mati. Satêmêne Allah iku nguwasani samubarang.

40. Sarupane wong kang padha maido ayat Ingsun, iku Ingsun ora pisan kasamaran, ing têmbe mêsthi padha Ingsun walês sapatute. Wong kang dicêmplungake ing naraka bêcik êndi lan wong kang slamêt besuk dina

--- 3 : 1182 ---

kiyamat. Sarèhne wis Ingsun têtêrangake,têrangake. mulane manungsa padha nglakonana apa sakarêpe. Satêmêne Allah iku mirsani samubarang kang padha sira lakoni.

41. Sarupane wong kang katêkan Kuran banjur maido, iku bakal Ingsun patrapi siksa, awit Kuran iku kitab kang mulya.

42. Sadurunge Kuran iki durung tau ana kitab kang mêmêca anggorohake Kuran, lan sawise Kuran iki, iya ora bakal ana kitab kang maido Kuran iki, Kuran iki tinurunake saka ngarsaning Pangeran kang wicaksana, pantês pinuji.

43. (He Mukhammad) samubarang kang tinakokake marang sira, iku wis mêsthi tau ditakokake marang para rasul sadurunge sira. Satêmêne Allah Pangeranira iku ngapura kaluputane para wong mukmin, lan niksa marang para wong kaphir, kalawan siksa kang nglarani.

44. Upama Kuran iki Ingsun gawe têmbung Ngajam, (dudu têmbung Ngarab) wong kaphir ing Mêkah mêsthi calathu: [cala...]

--- 3 : 1183 ---

[...thu:] Yagene Kuran iku têka ora ditêrangake têmbunge. Yagene nabi Ngarab têka anggêlarake Kuran dudu têmbung Ngarab, (he Mukhammad) sira dhawuha: Kuran iku tumrap wong mukmin, pituduh kang bênêr. Lan dadi tambaning lara bodho. Wong kang padha ora ngandêl Kuran, iku kupinge abot. Kuran mau tumrap wong kaphir prasasat pêpêtêng, wong kaphir mau prasasat diundang saka panggonan kang adoh, ora krungu lan ora wêruh.

45. Ingsun têmên wis paring Kitab Torèt marang Nabi Musa, para umate banjur padha sulaya, ana kang ngandêl, lan ana kang maido, ora beda lan Kuran iki. Upama aja wis ana pangandikaning Allah Pangeranira, kang surasane Allah bakal nyarantèkake siksa, wong Bani Srail mêsthi wis dirampungi prakarane ana ing dunya, satêmêne wong Bani Srail padha mamang sumêlang marang Kitab Torèt.

46. Sing sapa nglakoni panggawe bêcik, ganjarane bakal ditampani dhewe. Dene sing sapa nglakoni panggawe ala, patrapane iya bakal disôngga dhewe. Allah Pangeranira ora pisan [pisa...]

--- 3 : 1184 ---

[...n] nganiaya marang para kawulane.