Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

Jus kaping salawe

47. Kawruh bakal kêlakone dina kiyamat iku disumanggakake ing Allah, mangkono manèh babaring wowohan saka ing kêmbange lan enggal lawase wêtêngane wong wadon, apadene dina lairing bêbayi, iku kabèh Allah mêsthi nguningani, ing besuk dina kiyamat, Allah andangu marang para wong maro tingal: Endi rupane brahala kang jarene dadi têtimbanganku. Wong kaphir padha munjuk: Unjuk kawula: Kawula sadaya botên sami mastani bilih Tuwan punika wontên ingkang nimbangi.

48. Sarupane brahala kang padha disêmbah dening wong kaphir biyèn, nalika ana ing dunya, padha ora ana, ing kono wong kaphir padha rumasa ora bisa mlayu.

49. Para manungsa tansah nyênyuwun kabêgjan, manawa kambah ing rêribêd, banjur sirna pangapangarêp-arêpe.

--- 3 : 1185 ---

50. Manungsa iku mênawa mêntas nandhang sangsara, banjur Ingsun paringi wêruh rasaning kabêgjan saka Ingsun, banjur ngucap: Iki wis bênêre bubuhanku. Aku ora ngandêl yèn dina kiyamat iku bakal kêlakon. Mênawa aku diimpun marang ngarsane Pangeranku, bubuhanku ana ngarsaning Pangeranku, mêsthi mung bêcik. (Pangandikaning Allah): Para wong kaphir mêsthi bakal Ingsun wêlèh-wêlèhake ênggone padha nglakoni panggawe ala ana ing dunya, lan bakal Ingsun paringi wêruh rasaning siksa kang abot.

51. Nalikane Ingsun paring kabungahan maring manungsa, manungsa mau ora gêdhe panrimane, malah suthik sukur marang Ingsun, mung gumêdhe, kabungahan mau diaku duwèke dhewe. Dene manawa manungsa mau kambah ing rêribêd, banjur nyênyuwun ing Allah kalawan akèh-akèh.

52. (He Mukhammad) sira dhawuha: Mara padha pikirên, mênawa Kuran iku têmên têrang saka ngarsaning Allah, kang môngka kowe padha maido Kuran, sapa kang luwih kêsasar, tinimbang lan [la...]

--- 3 : 1186 ---

[...n] kowe. Awit kalêbu wong kang nulayani bangêt marang bênêr.

53. Ingsun bakal nontonake marang wong kaphir ing Mêkah, ayat Ingsun pirang-pirang kang ana salumahing bumi, lan kang ana awake dhewe, nganti têrang gamblang-gamblang yèn Kuran iku têmên saka Allah. Mungguh Pangeranira ênggone mirsani samubarang, iku bae apa ora wis cukup kanggo tôndha.

54. Wong kaphir ing Mêkah apa ora bangêt ênggone mamang yèn ing têmbe bakal disowanake ana ngarsaning Allah Pangerane. Kawruhing Allah apa ora nglimputi samubarang.

Surat Syura (Têgêse rêrêmbugan).

Tinurunake ana nagara Mêkah, sèkêt têlu ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Kha, Mim, Ngain, Sin, Kaph. Iku kabèh araning aksara Ngarab, Allah ênggone ngandika mangkono iku, mung Allah piyambak [piya...]

--- 3 : 1187 ---

[...mbak] kang wuninga têgêse lan karêpe. Mangkono uga Allah kang Mahamulya tur Wicaksana paring dhawuh marang sira lan marang para rasul sadurunge sira.

2. Allah iku kagungan saisining bumi lan langit, Allah iku Mahaluhur tur Maha-agung.

3. Langit pitu mèh bae ngêbruki bumi pitu saking wêdine ing Allah. Para malaikat padha nêbut Mahasuci, mêmuji ing Allah Pangerane, lan padha nyuwunake pangapura kaluputane para wong mukmin kang ana ing bumi. Allah iku apa ora ngapura dosa lan Maha-asih.

4. Sarupane wong kang padha ngadêgake Pangeran brahala, dudu Allah, iku têtêp wong kêsasar, Allah mèngêti laku-lakune wong kaphir mau, sira mung wajib mêmêdèni ora wajib tanggung marang wong mangkono mau.

5. Mangkono uga Ingsun paring dhawuh Kuran têmbung Ngarab marang sira, supaya sira ênggo mêmêdèni marang wong Mêkah lan sakiwa têngêne, sira wêdènana bakal kêlakone dina kiyamat,

--- 3 : 1188 ---

nalikane wong padha diimpun marang ngarsane Allah, dina kiyamat mau bakal kêlakone ora sumêlang. Manungsa iki kêna diperang dadi loro, kang saperangan munggah ing suwarga, kang saperangan manèh kacêmplung ing naraka.

6. UpaUpama. ana parênge karsaning Allah manungsa iki dikarsakake guyub anglakoni agama siji Islam thok, iya mêsthi kêlakon, nanging karsaning Allah ora mangko,mangkono. Allah ngunggahake ing swarga marang wong kang dadi parênging karsane, iya iku Allah Pangeranku, sabarang prakara tak sumanggakake ing Allah, ing têmbe aku bakal bali marang ngarsaning Allah.

9. Allah iku kang gawe bumi lan langit, Allah gawe jodhonira saka ing awakira dhewe, rajakaya iku iya digawe jodhon-jodhon, kowe didadèkake bêbranahan marga ênggonira jêjodhon. Samubarang liyaning Allah ora ana kang madhani Allah, Allah iku miyarsa tur mirsani samubarang.

--- 3 : 1189 ---

10. Allah iku ngasta soroge gêdhong ing bumi lan langit, paring rijêki akèh marang wong kang dadi parênging karsane, lan nyumpèni rijêki marang wong kang dadi parênging karsane. Allah iku nguningani samubarang.

11. (He para umate Nabi Mukhammad) Allah andhawuhake nglakoni agama Islam marang sira, iya iku kang uga didhawuhake marang Nabi Nuh biyèn. Dene kang Ingsun dhawuhake marang sira Mukhammad, lan marang Nabi Ibrahim, apadene marang Nabi Musa lan Nabi Ngisa, cêkake: Sira padha nglakonana agama Islam, aja padha pasulayan prakara agama. Dhawuh kang mangkono mau, tumrap para wong kang maro tingal, abot bangêt.

12. Enggonira ngajak marang wong Mêkah nglakoni agama Is,Islam.

iku Allah milih wong kang dadi parênging karsane gêlêm anglakoni agama Islam, sarta nuduhake dalan bênêr marang wong kang dadi parênging karsane, iya iku wong kang maju ngabêkti ing Allah.

--- 3 : 1190 ---

13. Wong mau ênggone kêlakon pasulayan prakara agama, sawise katên katêkan. kawruh agama wulange nabine, banjur padha rêbut unggul, upama durung ana dhawuhing Pangeranira, patrapaning dosa disarantèkake têkan dina kiyamat, mêsthi dituruni siksa sanalika. Dene wong kang padha nyêkêl kitab kuna, sapungkure nabine, iku padha mamang marang Nabi Mukhammad.

14. (He Mukhammad) awit saka iku, sira ajak-ajaka manungsa nglakoni agama Islam, kaya kang wis didhawuhake marang sira. Manungsa aja padha nglakoni sakarêp-karêpe dhewe. Lan sira dhawuha: Iku iki pracaya marang Kitab Kuran kang wis didhawuhake dening Allah, sarta aku didhawuhi ngadil ênggonku nibakake khukum marang kowe kabèh. Allah iku Pangeranku lan Pangeranmu, pituwase lakuku tumrap ing aku dhewe, mangkono uga pituwasing lakumu iya tumrap ing kowe dhewe, aku lan kowe

--- 3 : 1191 ---

ora kêna parapadu, aku lan kowe ora kêna parapadu, 'aku lan kowe ora kêna parapadu' tidak perlu dibaca. aku lan kowe ing têmbe bakal padha diimpun marang ngarsaning Allah.

15. Sarupane wong kang madoni ing sira prakara agamaning Allah, sawise padha nyanggêmi agama mau, padune wong mau ana ngarsaning Pangerane, luput. Wong mau padha kêna bêbênduning Allah, sarta padha dipatrapi siksa kang abot.

16. Allah iku kang andhawuhake Kitab Kuran kalawan nyata, sarta andhawuhake khukum ngadil. Ora ana kang bisa nêrangake ing sira doh cêdhake dina kiyamat, kajaba dhawuhing Allah.

17. Wong kang padha ora pracaya marang dina kiyamat, padha anggege kêlakone dina kiyamat, batine anggêguyu. Dene wong kang padha ngandêl bakal kêlakone dina kiyamat, bangêt wêdine marang dina kiyamat, batine padha wêruh yèn dina kiyamat iku mêsthi kêlakon. Sarupane wong kang padha madoni bakal kêlakone dina

--- 3 : 1192 ---

kiyamat, iku kêsasar bangêt.

18. Allah iku wêlas asih marang para kawulane, sarta paring rijêki akèh marang wong kang dadi parênging karsane, Allah iku Santosa tur Mahamulya.

19. Sing sapa nglakoni kabêcikan, karêpe supaya panèn ganjaran ana ing akhirat, iku panène ganjaran bakal Ingsun paringi tikêl-matikêl. Mangkono uga sing sapa nglakoni kabêcikan, karêpe supaya panèn ana ing dunya, iya Ingsun paringi pituwase ana ing dunya, nanging besuk ana ing akhirat, ora olèh panduman apa-apa.

20. Wong kaphir ing Mêkah iku apa duwe kônca setan, kang padha nglakoni agama panasaran, kang ora diparêngake dening Allah. UpaUpama. durung ana dhawuhing Allah pamisah, kang namtokake ganjaran lan siksa iku disarantèkake besuk ana ing akhirat, amêsthi wong kaphir mau dituruni siksa ana ing dunya. Ing besuk ana

--- 3 : 1193 ---

ing akhirat, wong kaphir mau padha dipatrapi siksa kang nglarani.

21. Besuk dina kiyamat, sira andêlêng para wong kaphir padha kuwatir ênggone wis padha nglakoni panggawe ala ana ing dunya. Patrapane panggawe ala mau wis mêsthi tumiba marang kang nglakoni. Dene sarupane wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, iku padha ana ing suwarga ing panggonan kang mulya dhewe, wong mukmin mau ana ing ngarsane Pangerane katutugan apa kang dikarêpake. Mangkono iku kanugrahan agung saka ing Allah.

22. Mangkono iku Allah ênggone ambêbungah marang para kawulane mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik. (He Mukhammad) sira dhawuha: Enggonku andhawuhake pangandikaning Allah iki, aku ora anjaluk pituwas apa-apa marang kowe, mung ngajak sih-sinihan, marga isih padha sanak. (Pangandikaning Allah): Sing sapa nglakoni panggawe bêcik, ganjarane bakal Ingsun paringi tikêl pirang-pirang. [pirang-...]

--- 3 : 1194 ---

[...pirang.] Satêmêne Allah iku ngapura dosa tur ngajèni pangabêktining wong.

23. Wong kaphir ing Mêkah malah padha ngucap: Kuran iku goroh, gawe-gawene Nabi Mukhammad, diawadake pangandikaning Allah. (Pangandikaning Allah): Mênawa ana pangarêngekaparênge. karsaning Allah. Allah ngunci atinira Mukhammad, sabar marang pialane wong kaphir, lan manèh Allah ambubrah prakara kang luput, kang diucapake dening wong kaphir mau, sarta nêtêpake barang kang bênêr, kalawan pangandikaning Allah. Satêmêne Allah iku nguningani sakarêntêging ati.

24. Allah iku kang nampani sarta nganggêp tobate para kawulane, apadene muwung ngapura alane para kawula mau, lan nguningani samubarang kang padha sira lakoni.

25. Lan marêngake panyuwune para wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, malah maringi luwih saka panyuwune, tuwuh saka sih kanugrahane. Dene sarupane wong kaphir

--- 3 : 1195 ---

padha dipatrapi siksa kang abot.

26. Upama Allah paring rijêki akèh marang para kawulane kabèh tanpa beda, para kawula mau mêsthi padha balela kabèh ana ing bumi, mulane Allah ênggone paring rijêki nganggo dipangkat-pangkat, apa sakarsaning Allah. Satêmêne Allah iku mirsani tur waspada marang para kawulane.

27. Allah iku kang nurunake banyu udan sawise bêthatan udan, sarta anggêlar rahmate, anurunake udan akèh. Allah iku kang gawe bêcik marang para wong mukmin, tur pantês ingalêmbana.

28. Allah ênggone gawe bumi lan langit, lan samubarang kang gumêlar ana ing bumi lan langit, lan samubarang kang gumêlar ana ing bumi lan langit, 'lan samubarang kang gumêlar ana ing bumi lan langit' tidak perlu dibaca. kaya ta khewan-khewan, iku kalêbu tôndha yêkti kang mratandhani kuwasaning Allah. Samôngsa ana parênging karsane, Allah kuwasa ngimpun isèn-isèning bumi lan langit mau.

29. (He para wong mukmin) manawa Allah

--- 3 : 1196 ---

paring pakewuh marang sira, iku ora liwat marga saka ênggonira nglakoni kaluputan, ewadene Allah ngapura kaluputanira kang akèh.

30. (He wong kang padha maro tingal) sira kabèh padha ora bisa mlayu ngoncati siksaning Allah ana ing bumi, ngapêsake Allah, sira padha ora duwe andêl-andêl kang bisa nulak siksaning Allah nulungi marang sira liyane Allah piyambak.

31. Prau ana ing sagara kang gêdhene prasasat gunung, iku iya ewone tôndha yêktine kuwasaning Allah, manawa ana parênge karsaning Allah ngandhêg angin, prau mau lèrèn, ora mlaku mung kumambang ana ing banyu bae. Kang mangkono iku tumrap wong sabar sarta sukur ing Allah, dadi tôndha yêkti gêdhe.

32. Utawa manawa Allah karsa ngèrêmake prau mau marga saka kaluputane kang padha nunggang, iya mêsthi kêlakon, utawa manawa Allah karsa ngapura sakèhe kaluputane kang nunggang, iya kêlakon salamêt.

33. Wong kang padha madoni Kuran ayat Ingsun,

--- 3 : 1197 ---

banjur padha wêruh ênggone padha ora bisa ngoncati siksaningsun.

34. Dadi samubarang kang diparingake dening Allah marang sira, iku kabèh kabungahan ing dunya kang bakal rusak, dene ganjaran ana ngarsaning Allah iku luwih bêcik sarta langgêng salawase tumrap para wong mukmin, kang padha nyumanggakake awake ing Allah.

35. Lan sarupane wong kang nyingkiri dosa gêdhe lan ala gêdhe, lan nalikane ditanduki ala banjur ngapura.

36. Lan sarupane wong kang padha ngèstokake parentahing Allah Pangerane, lan anglakoni sêmbayang, apadene ing samubarang lêlakone padha rêrêmbugan lan kancane, lan mèwèhake rijêki kang Ingsun paringake.

37. Lan sarupane wong kang mênawi ditanduki panganiaya banjur padha malês samurwate piala mau.

38. Dene wêwalêse piala iku, iya piala samurwate, sing sapa ora malês piala, mung ngapura [nga...]

--- 3 : 1198 ---

[...pura] lan ngajak bêcik, iku ganjarane, Allah piyambak kang maringi. Satêmêne Allah iku ora rêmên wong kang padha nganiaya.

39. Wong kang sawise ditanduki piala banjur malês samurwating pialane, iku wis bênêre. Ora kêna diwalês pialane manèh.

40. Kêna malês ala iku, mung marang wong kang nganiaya manungsa, lan wong kang ambalela ana ing bumi, nglakoni kang ora bênêr. Wong mangkono mau bakal dipatrapi siksa kang nglarani.

41. Wong kang têtêg atine, ditanduki ala ora malês ala, mung ngapura bae. Kasabaran kang mangkono mau, kalêbu prakara kang pêrlu.

42. Dene sing sapa disasarake dening Allah, iku sawise kêlakon kêsasar, ora duwe andêl-andêl kang bisa nuduhake dalan kaslamêtan. Besuk dina kiyamat, sira andêlêng wong kang padha nganiaya.

43. Nalikane padha andêlêng siksa naraka, padha ngucap: Apa ana dalane aku bisa [bi...]

--- 3 : 1199 ---

[...sa] bali marang dunya manèh.

44. Lan sira andêlêng para wong nganiaya padha digiring marang naraka, sarèhne bangêt asore, mulane wong nganiaya mau wêdi bangêt, sarta padha nglirik marang naraka, wong mukmin padha ngucap: Satêmêne kang têtêp wong kapitunan iku wong kang gawe kapitunane awake dhewe, sarta kapitunane para sanake ana ing dina kiyamat. Para wong kaphir apa ora padha manggon ing naraka, siksa kang langgêng salawas-lawase.

45. Wong kaphir mau padha ora duwe andêl-andêl kang bisa têtulung marang awake, liyane Allah piyambak. Dene sing sapa dikarsakake kêsasar dening Allah, iku ora duwe dalan marang bênêr.

46. Sira padha ngèstokna dhawuhing Pangeranira, mupung durung têkan dina kiyamat, iya iku dina kang ora ana wong bisa ambalèkake. Sanadyan Allah iya ora karsa ambalèkake. Ing dina iku sira padha ora duwe pangungsèn, lan sira ora bisa nyelaki kaluputanira. [kalupu...]

--- 3 : 1200 ---

[...tanira.]

47. Mênawa wong Mêkah padha malengos, suthik ngèstokake, sira sumurupa, ênggon Ingsun ngutus marang sira iki, sira ora Ingsun wajibake rumêksa utawa tanggung, kawajibanira mung maratakake dhawuh, lan manèh Ingsun mênawa paring wêruh rasaning rahmat marang manungsa, manungsa mau mêsthi bungah, nanging manawa manungsa mau kambah ing rêribêd, marga saka kaluputane kang wis dilakoni, bangêt ênggone ora ngunjuka panuwun.

48. Karaton bumi lan langit iku kagunganing Allah, Allah gawe samubarang kang dadi parênging karsane, paring anak wadon thok marang wong kang dadi parênging karsane, lan paring anak lanang thok marang wong kang dadi parênging karsane.

49. Utawa anjodhok-jodhokake para kawulane, banjur padha duwe anak lanang lan wadon, sawênèhing wong kang dadi parênging karsane, ana uga kang dikarsakake gabug. Satêmêne Allah iku nguningani samubarang tur kuwasa.

50. Manusa iku ora ana kang dikarsakake [dikarsaka...]

--- 3 : 1201 ---

[...ke] imbal pangandika lan Allah, kajaba diparingi wahyu, utawa imbal pangandika kang mawa aling-aling.

51. Utawa Allah ngutus malaikat, malaikat mau banjur andhawuhake apa karsaning Allah, kalawan kaparênging Allah, satêmêne Allah iku Mahaluhur tur Wicaksana.

52. (He Mukhammad) mangkono uga Ingsun paring wahyu Kuran marang sira, iya iku parentah Ingsun. Sadurunge sira Ingsun paringi wahyu, sira ora wêruh Kuran iku apa, lan laku-lakuning pracaya iku kapriye. Ewadene Kuran iki Ingsun dadèkake pêpadhang, Ingsun ênggo nuduhake dalan kaslamêtan marang para kawulaningsun kang dadi parênge karsaningsun, lan sira uga nuduhake dalan bênêr sarana Kuran.

53. Iya iku dêdalaning Allah kang kagungan saisining bumi lan langit, samubarang prakara ing wêkasane apa ora bali konjuk ing Allah.

--- 3 : 1202 ---

Surat Zuhruph (rêrênggan)

Tinurunake ana nagara Mêkah, wolung puluh sanga ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Kha lan Mim, iku loro pisan araning aksara Ngarab, Allah ênggone ngandika mangkono mau, mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan karêpe. Dêmi Kitab Kuran kang anggêlarake pituduh bênêr.

2. Kuran iku Ingsun pacak kitab têmbung Arab, supaya sira padha ngêrti karêpe.

3. Kuran mau wis dipacak ana baboning kitab, iya iku Lohmahphul kang ana ngarsaningsun, Kuran mau luhur, ngungkuli kitab kang kuna-kuna, tur isi kawicaksanan.

4. Apa Ingsun ora paring wahyu apa-apa marang sira, dupèh sira padha kaphir. (Karsaningsun ora mangkono).

5. Ing jaman kuna biyèn, Ingsun wis ngutus nabi pirang-pirang.

--- 3 : 1203 ---

6. Para umat kuna manawa katêkan utusan Ingsun nabi, mêsthi padha anggêguyu.

7. Wong kuna kang gagah prakosane ngungkuli wong kaphir ing Mêkah, padha Ingsun rusak kalawan siksa, kaya ta kang wis kasêbut ing ngarêp.

8. Manawa sira takon marang para wong kaphir ing Mêkah: Sapa kang gawe bumi lan langit iki, mêsthi padha mangsuli: Ingkang damêl inginggih. Allah ingkang Mahamulya tur nguningani samukawis.

9. Allah iku kang andadèkake bumi iki panggonanira, sarta gawe dalan pirang-pirang ana ing bumi, supaya sira wêruh ing ngêndi panggonan kang sira sêdya.

10. Lan kang nurunake banyu udan saka ing langit, sacukupe kabutuhanira. Banyu udan mau banjur Ingsun ênggo ngrêjakake palêmahan kang bêra. Dene ing besuk ênggonira ditangèkake saka ing kubur, iya kaya mangkono pratingkahe.

11. Lan kang gawe barang warna-warna kabèh, lan gawe têtungganganira, rupa prau lan rajakaya. [raja...]

--- 3 : 1204 ---

[...kaya.]

12. Wêkasan sira padha nunggang kapenak ana ing gêgêre rajakaya mau, banjur eling ênggonira diparingi kabungahan ing Pangeranira, sarta nalikane sira nunggang rajakaya mau, mêmuji mangkene: Mahasuci Allah kang wis nyungkêmake rajakaya kang samene prakosane iki marang aku, upama tanpa pitulunging Allah, aku rumasa ora kaconggah nyêmbadani khewan kang samene iki.

13. Dene aku iki ing têmbe mêsthi bali marang ngarsaning Allah Pangeranku.

14. Panganggêpe para wong kaphir ing Mêkah, ana kawulaning Allah kang kalêbu pêperanganing Allah, iya iku para malaikat, dianggêp putraning Allah putri. Wong kang duwe panganggêp mangkono mau, têtela wong kaphir.

15. Yagene wong Mêkah têka duwe panêmu yèn malaikat gêgaweaning Allah iku putraning Allah putri. Sarta awake dhewe milih anak lanang.

--- 3 : 1205 ---

16. Mênawa ana kang duwe anak mêtu wadon, madhani ênggone nganggêp marang Allah kagungan putra putri. Wong mau ulate banjur pêtêng, lan susah bangêt.

17. Yagene wong Mêkah padha nêtêpake sipat cacad marang Allah, lan ngaku sipat kang prayoga tumrap ing awake dhewe, kang môngka padune wong mau ora ana katrangane.

18. Wong Mêkah padha nganggêp malaikat kawulaning Allah iku wadon. Wong Mêkah mau apa padha andêlêng dhewe yèn malaikat iku nyata wadon. Enggone nganggêp utawa nêksèni mau bakal dicathêti, lan besuk ana ing akhirat bakal ditakoni.

19. Wong Mêkah padha calathu: Upama karsaning Allah aku ora kaparêng nyêmbah malaikat, aku môngsa kêlakona nyêmbah malaikat. Enggone calathu mangkono mau ora wêruh katêrangane bênêr utawa luput, dadi calathu mau mung goroh lugu.

--- 3 : 1206 ---

20. Apa sadurunge ana Kuran, wong mau padha Ingsun paringi kitab kang nêrangake kêna nyêmbah liyane Allah, kang banjur dièstokake têkan saprene.

21. Wong Mêkah mung padha calathu: Aku mung nglêluri para lêluhurku biyèn padha nglakoni agama iki, nyêmbah liyane Allah. Aku ngarêp-arêp olèh pituduh bênêr, sarana ênggonku manut para lêluhurku.

22. Mangkono uga biyèn, sabên Ingsun ngutus nabi, nyurup-nyurupake wong ing padesan, panggêdhening padesan mau mêsthi banjur padha mangsuli: Kula punika namung nglêluri para lêluhur kula sami anglampahi agami satunggal punika. Kula namung manut agaminipun para lêluhur kula wau.

23. (He Mukhammad) sira dhawuha: Apa sanadyan aku nyurup-nyurupake marang kowe kang luwih dening bênêr, ngungkuli panêmune para lêluhurmu biyèn, kowe iya suthik manut. Wong kaphir padha mangsuli: Dhawuh ingkang

--- 3 : 1207 ---

sampeyan waradinakên punika, kula sami maibên.

24. Wong kaphir mau banjur padha Ingsun turuni siksa. Mara sira dêlênga, kapriye kadadiane wong kang padha maido dhawuhing Allah kang diêmban ing para rasul.

25. (He Mukhammad) sira nyaritakna Nabi Ibrahim, nalikane matur marang bapakne, lan pitutur marang para umate, têmbunge: Aku ora milu-milu ênggonmu padha nyêmbah brahala.

26. Kajaba mung nêmbah ing Allah kang gawe awakku, iku kang nuduhake dalan kaslamêtan marang aku.

27. Nabi Ibrahim namtokake pituture mau dadi têtêmbungan kang linuri-luri saturun-turune. Pangarêp-arêpe, sarupane wong maro tingal padha ambalika, manut marang Nabi Ibrahim.

28. (Pangandikaning Allah): Wong kaphir ing Mêkah lan para lêluhure malah padha Ingsun paringi kabungahan kang sêmpulur, nganti katêkan Kuran dhawuhing [dhawuh...]

--- 3 : 1208 ---

[...ing] Allah, lan katêkan rasul kang nyata, iya iku Nabi Mukhamad.

29. Barêng katêkan dhawuhing Allah Kuran, wong kaphir ing Mêkah padha calathu: Kuran iki sikhir, yèn diawadake dhawuhing Allah, aku padha maido.

30. Pangucape: Yèn Kuran iku nyata dhawuhing Allah, yagene têka ora didhawuhake mêtu wong lanang kang dadi panggêdhening desa loro, ing Mêkah lan ing Taiph.

31. (Pangandikaning Allah): Wong Mêkah têka ngucap mangkono, apa wong Mêkah mau andum rahmating Allah Pangeranira. (Ora). Ingsun kang mêsthi andum kabêgjan marang wong Mêkah ana ing dunya, lan anjunjung darajate sawijining wong Mêkah, ngungkuli liya-liyane, wêkasan sawênèhe wong Mêkah bisa marentah wong Mêkah liyane. Dene rahmate Allah Pangeranira iku luwih bêcik, tinimbang bôndha kang dikalumpukake dening para wong Mêkah.

32. Upama ora nguwatirake bokmanawa [bokmana...]

--- 3 : 1209 ---

[...wa] manungsa iku grembyang dadi kaphir kabèh, marga saka kapengin andêlêng kabêgjane para wong kaphir kang sêmpulur, amêsthi omahe para wong kaphir kang maido ing Pangeran kang Mahamurah iku Ingsun paringi payon salaka, lan undhak-undhakan utawa ôndha salaka, wong kaphir banjur padha munggah mudhun ing ôndha salaka mau.

33. Lan omahe wong kaphir mau Ingsun dokoki lawang salaka, sarta Ingsun paringi rêsban salaka, dadi wong kaphir banjur padha sèndhèn ing rêsban salaka mau.

34. Lan malah Ingsun paringi rêrênggan mas, kabèh iku ora liya kabungahan ing dunya. Dene ganjaran ing akhirat ana ngarsaning Pangeranira, wong kaphir ora milu duwe, mung tinamtokake marang wong kang padha wêdi ing Allah.

35. Sing sapa nyulayani Kuran, dhawuhing Pangeran kang Mahamurah, iku banjur Ingsun paringi setan, setan iku banjur dadi kancane wong mau.

36. Setan mau padha mênging ngambah dalaning pituduh [pitu...]

--- 3 : 1210 ---

[...duh] bênêr marang wong kang padha nyulayani Kuran. Dene wong kang nyulayani Kuran mau, ênggone suthik ngambah dalan pituduh bênêr, panêmune wis olèh pituduh bênêr.

37. Ing besuk dina kiyamat, mênawa wong kang nyulayani Kuran mau wis seba ana ngarsaningsun kanthi kancane setan, banjur calathu marang setan: Adhuh, muga-muga aku didohna saka ing kowe, dohe saka panggonan palêthèking srêngenge, têkan panggonan suruping srêngenge, kônca kowe iku tumrap ing aku ala têmên.

38. (He wong kang padha nyulayani Kuran) ing dina iki pangarêp-arêpira wis ora migunani, marga sira wis têtela wong nganiaya awakira dhewe. Sira lan setan kancanira mêsthi padha disiksa.

39. (He Mukhammad) apa sira bisa andokoki pangrungu marang wong budhêg, utawa mêruhake marang wong picak, utawa nuduhake dalan bênêr marang wong kang wis dipêpêsthi mati kêsasar

--- 3 : 1211 ---

(môngsa bisaa).

40. Mênawa sira Ingsun pundhut dhisik, sapungkurira Ingsun mêsthi niksa wong kang padha nulayani Kuran iku.

41. Utawa kêna uga sira Ingsun tontonake kêlakoning siksa kang Ingsun ancamake marang wong kang padha nulayani Kuran. Ingsun kuwasa niksa wong kang padha nulayani Kuran iku.

42. Saiki sira mung ngugêmana pangandikaningsun kang wis didhawuhake marang sira. Sira iku ngambah dalan kang bênêr.

43. Kuran iku kamulyan gêdhe tumrap ing sira lan para umatira wong turun Kurès. Ing têmbe manungsa bakal padha didangu ênggone ngèstokake dhawuhing Kuran.

44. Mara sira takona para rasul kang padha Ingsun utus sadurunge sira, apa iya Ingsun ngadêgake Pangeran kang sinêmbah liyane Allah kang Mahamurah.

45. Biyèn Ingsun wis ngutus Nabi Musa, kanthi tôndha yêkti kaelokan pirang-pirang,

--- 3 : 1212 ---

saka Ingsun, Ingsun utus nyurup-nyurupake marang Raja Phirngon sabalane, dhawuhe: Aku iku utusaning Allah, Pangerane wong ngalam kabèh.

46. Barêng Nabi Musa wis têka, anggêlarake tôndha yêkti kaelokan pirang-pirang ana ngarêpe Raja Phirngon, Raja Phirngon sabalane padha anggêguyu.

47. Enggon Ingsun nontonake siji-sijining tôndha yêkti kaelokan marang Raja Phirngon sabalane, mêsthi luwih gêdhe lan anggêgirisi tinimbang lan kaelokan kang wis Ingsun tontonake. Raja Phirngon sabalane padha Ingsun siksa, supaya padha marènana ênggone kaphir.

48. Raja Phirngon sabalane padha calathu: He Nabi Musa juru sikhir, kula mugi sampeyan suwunakên dhatêng Pangeran sampeyan, nêtêpi prasêtyaning Allah dhatêng sampeyan. Inggih punika manawi kula purun pitados dhatêng sampeyan, badhe kaparingan luwar saking bêbaya punika. Sapunika kula pitados dhatêng sampeyan. [sampe...]

--- 3 : 1213 ---

[...yan.]

49. Barêng Raja Phirngon Ingsun paringi luwar saka ing siksa, banjur padha nyidrani kasaguhane pracaya.

50. Raja Phirngon dhawuh marang para kawulane, pangucape: He para kawulaku, karaton nagara Mêsir iki apa dudu kagunganku. Mara padha dêlêngên, bêngawan Nil iki mili ana ngisoring panggunganku, ngèstokake parentahku.

51. Dadi aku iki luwih bêcik tinimbang lan Nabi Musa iki, kang wis têtela wong asor.

52. Calathune cedhal, mèh ora ana wong ngêrti.

53. Mênawa Nabi Musa mau têmên utusaning Pangeran, yagene têka ora digêlangi mas dening Pangeran, utawa ora diiring dening para malaikat kang padha nêksèni yèn iku utusaning Pangeran.

54. Raja Phirngon ambêbujuk para kawulane, kalawan disurup-surupake. Para kawulane banjur padha ngèstokake Raja Phirngon, [Phir...]

--- 3 : 1214 ---

[...ngon,] mulane banjur padha dadi wong duraka.

55. Cêkake, barêng Raja Phirngon sabalane padha gawe durakaningsun, banjur padha Ingsun siksa, mulane padha Ingsun kêlêm kabèh ana ing sagara Kuljum.

56. Raja Phirngon sabalane mau padha Ingsun dadèkake lupiya lan upama, tumrap marang para umat kang kari.

57. (He Mukhammad) barêng Nabi Ngisa anake Maryam diênggo paribasan, ênggone disêmbah dening para wong Nasara, ing kono para wong turun Kurès padha bungah.

58. Pangucape: Nabi Mukhammad iki larape kudu mundhut tak sêmbah kaya panyêmbahe wong Nasara marang Nabi Ngisa. Bêcik êndi ta Nabi Mukhammad lan Nabi Ngisa. (He Mukhammad) para umatira ênggone anggêlar paribasan lan upama marang sira mau, pêrlune ora liwat mung madoni. Para umatira kang mangkono mau têtêp wong madoni wêwaton barang kang ora bênêr.

59. Nabi Ngisa iku dudu barang-barang, mung kawulaningsun [kawula...]

--- 3 : 1215 ---

[...ningsun] kang Ingsun paringi kabungahan dadi nabi, sarta Ingsun ênggo umpama, tumrap para turuning Israil ênggone dadi tanpa bapa.

60. (He turune Kurès) upama ana parênge karsaningsun, sira padha Ingsun sirnakake, banjur Ingsun salini para malaikat padha manggon ana ing bumi, mêsthi kalakon mangkono.

61. Tumurune Nabi Ngisa iku dadi têtêngêr dina kiyamat wis cêdhak, sira aja padha mamang bakal têkane dina kiyamat mau, sira mung ngèstokna parentah Ingsun. Iki dalan kang bênêr.

62. Sira aja kêna panggodhaning setan, awit setan iku têtela satrunira.

63. Barêng Nabi Ngisa wis diutus dening Allah, kanthi tôndha yêkti kaelokan pirang-pirang, dhawuhe: Têkaku iki andhawuhake Kitab Injil kang isi kawicaksanan, pêrlu nêrangake ênggonmu padha pasulayan, bab surasaning Kitab Torèt. Kowe padha wêdia ing Allah, manuta marang aku.

64. Satêmêne Allah iku Pangeranku lan Pangeranmu, [Pa...]

--- 3 : 1216 ---

[...ngeranmu,] mulane padha nêmbaha ing Allah. Iki dalan kang bênêr.

65. Sapungkure Nabi Ngisa munggah marang langit, wong Nasara padha pasulayan, ing bab panêmu. Cilaka bangêt wong Nasara kang panêmune banjur dadi kaphir, awit ing besuk dina kiyamat, bakal kacêmplung ing siksa kang nglarani.

66. Wong mangkono mau mung ngêntèni dina kiyamat, kang têkane bakal ngagètake, ora kanyanan pisan-pisan.

67. Ing dina iku sarupane pakumpulan duraka, wonge padha sêsatron, mung wong kang padha wêdi ing Allah, iku ora sêsatron, malah padha paguyuban.

68. He para wong Islam, kang padha ngèstokake dhawuhing Kuran ayat Ingsun.

70. Sira lan rabinira padha malêbua ing suwarga kalawan bungah lan diaji-aji.

71. Ana ing suwarga padha dilarihi pêpanganan kang wadhahe êmas, lan ombèn-ombèn winadhahan ing gêlas, wadhah êmas mau isi [i...]

--- 3 : 1217 ---

[...si] pêpanganan kang menginake ing ati, lan ngrêsêpake dinêlêng. Sira ana ing suwarga padha langgêng salawas-lawase.

72. Iya iku suwarga pandumanira, saka cawisane wong kaphir, diparingake marang sira, marga ênggonira padha nglakoni panggawe bêcik.

73. Ana ing suwarga sira padha duwe wowohan pirang-pirang, sira padha mangan wowohan mau, êndi kang sira pengini.

74. Sarupane wong kaphir padha disiksa ana ing Naraka Jahanam, langgêng salawas-lawase.

75. Tanpa kêndhat lan tanpa olèh kamayaran, ana ing naraka wong kaphir mau padha mênêng dening wis sirna pangarêp-arêpe kamayaran.

76. Ingsun ora pisan nganiaya marang wong kaphir mau, nanging si kaphir kang nganiaya marang awake dhewe.

77. Wong kaphir mau padha matur: Dhuh Malaikat Malik, ingkang nguwasani naraka, sampeyan munjuk ing Allah Pangeran sampeyan, kula punika bok inggih dipun pêjahi[1218].

--- 3 : 1118 ---

kemawon, Malaikat Malik mangsuli: Karsaning Allah, kowe iku disiksa langgêng salawas-lawase, tanpa mati.

78. (He wong Mêkah) Ingsun wis ngundhangake parentah bênêr marang sira, nanging sira iku kang akèh sêngit marang bênêr.

79. Apa wong kaphir ing Mêkah nyantosani ênggone nêja ngrusak Nabi Mukhammad. Iya ta, Ingsun iya nyantosani ngrusak marang wong kaphir ing Mêkah.

80. Apa wong kaphir ing Mêkah padha ngira yèn Ingsun ora mirêng pangucape kang mung dibatin lan kang dilairake, Ingsun mirêng lan nguningani têrang, malah utusan Ingsun para malaikat, padha nulisi.

81. (He Mukhammad) sira dhawuha: Upama nyata Allah kang Mahamurah iku kagungan putra, mêsthi aku dadi kawitane wong nêmbah putraning Allah mau. Sarèhne ora nyata kagungan putra, mulane aku mung nêmbah ing Allah bae.[1219].

--- 3 : 1119 ---

82. Allah iku Mahasuci, Pangeraning bumi lan langit, uga Pangeraning ngaras, adoh bangêt yèn kayaa panêmune para wong kaphir.

83. Mulane wong kaphir ing Mêkah mau padha nêngna bae, karêbèn padha kêbanjur-banjur ênggone ngêncêngi barang kang luput. Enggone ana ing dunya tanpa guna, nganti têkan dina kiyamat kang diancamake dening Allah.

84. Allah iku kang sinêmbah kalawan bênêr ana ing bumi lan langit. Allah iku wicaksana tur nguningani samubarang.

85. Allah iku Mahaluhur, kang kagungan karaton bumi lan langit, lan kagungan barang kang ana antarane bumi lan langit, kawruh bakal kêlakone dina kiyamat iku ana ngastaning Allah piyambak. Ing têmbe sira bakal padha bali disebakake ana ngarsaning Allah.

86. Barang liyane Allah kang padha disêmbah dening wong kaphir iku ora duwe saphangat, ora wênang nyuwunake pakolèh tumrap marang liyane, kajaba ngucap: Ora ana sêsêmbahan [sêsêmbah...]

--- 3 : 1220 ---

[...an] kalawan bênêr kajaba mung Allah, sarta nganggêp lan wêruh surane, surasane. kaya ta Nabi Ngisa, Nabi Ngujèr lan para malaikat.

87. Manawa sira takon marang wong maro tingal: Sapa kang gawe para wong maro tingal lan brahalane iku. Mêsthi padha mangsuli: Ingkang damêl inggih Allah. Sawise calathu mangkono, kapriye ênggone selak nêmbah ing Allah.

88. Lan manèh Allah nguningani unjuke Nabi Mukhammad: Dhuh Pangeran kawula, tiyang kaphir punika sami botên pitados ing Tuwan.

89. (Dhawuhing Allah: He Mukhammad) sira mung malengosa marang wong kaphir ing Mêkah, sarta ngucapa: Aku dhasar slamêt. Ing têmbe wong kaphir bakal padha wêruh kadadianing awake.

Surat Dukhan (kêbul).

Tinurunake ana nagara Mêkah, sèkêt sanga ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

--- 3 : 1221 ---

1. Kha lan Mim iku padha araning aksara Ngarab, Allah ênggone ngandika mangkono mau, mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan karêpe. Dêmi Kitab Kuran kang nêrangake khukum khalal, kharam lan sapanunggalane.

2. Ingsun nurunake Kitab Kuran mau ana ing wêngi kang binarkahan, iya iku Lailatul Kadar, Ingsun mêmêdèni manungsa kalawan Kuran.

3. Sarupaning prakara kang tinamtokake padha dipilah -pilah ana ing wêngi mau.

4. Dipilah-pilah têrang saka Ingsun, Ingsun kang ngutus para rasul.

5. Minôngka sih piwêlasing Pangeranira, satêmêne Allah iku mirêng tur nguningani samubarang.

6. Katrangane bumi lan langit, lan samubarang kang ana antarane bumi lan langit. (He wong Mêkah) manawa sira wis têrang yèn Allah iku ratuning bumi lan langit, sumurupa yèn Nabi Mukhammad iku utusaning Allah.

7. Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba [ka...]

--- 3 : 1222 ---

[...jaba] mung Allah, kang nguripi lan kang matèni, iya iku Pangeranira lan Pangerane para lêluhurira ing jaman kuna biyèn.

8. (He Mukhammad) wong kaphir iku padha mamang bakal uripe wong kang wis padha mati, sarta anggêguyu marang sira.

9. Sira mung ngêntènana dina kiyamat, nalikane langit mêtokake kêbul ngêbaki antarane langit lan bumi.

10. Kêbul mau nampêk ing manungsa, sêsambating manungsa: Adhuh iki siksa kang nglarani.

11. Manungsa mau banjur padha munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi ngluwarana kawula saking siksa punika. Sapunika kawula sami pitados ing Tuwan, ngèstokakên dhawuhipun utusan Tuwan.

12. Manungsa wis padha didhawuhi têrang dening rasul, mulane nalika turuning siksa panalangsane ora migunani.

13. Wong kaphir banjur padha malengos marang Nabi Mukhammad, pangucape: Iku rak muride bocah

--- 3 : 1223 ---

Ngajam kae, iku wong edan.

14. (Pangandikaning Allah): Iya ta, Ingsun êntas saka ing siksa sawatara, nanging sira iya banjur bali kaphir manèh, nganti têkan pêrang ing Badar.

15. Ing kono Ingsun niksa marang wong kaphir sarana nandukake gêgaman kalawan sêngit.

16. Biyèn, sadurunge wong Mêkah iku, Ingsun nyoba Raja Phirngon sabalane, padha katêkan rasul kang mulya, iya iku Nabi Musa lan Nabi Harun.

17. (Dhawuhe Nabi Musa): He para kawulaning Allah, aku iki utusaning Pangeran, pinitaya dikarsakake nyurup-nyurupake marang kowe, mulane padha mituruta marang aku, pracaya ing Allah.

18. Lan kowe aja padha lumuhur-luhur, suthik ngèstokake parentahing Allah, têkaku iki kanthi tôndha yêkti kang têrang, mratandhani yèn aku iki utusaning Allah.

19. Aku nyuwun pitulunging Allah Pangeranku lan Pangeranmu. Aja nganti padha kobalangi watu.

--- 3 : 1224 ---

20. Manawa kowe padha ora ngandêl marang aku, mung aja nandukake piala bae marang aku.

21. Nabi Musa banjur munjuk ing Pangerane: Mratelakake yèn Raja Phirngon sabalane padha puguh ênggone kaphir, muga ditindakna apa kang dadi bênêre.

22. (Dhawuhing Allah: He Musa) sira lan para kawulaningsun wong Bani Srail, padha lungaa saka nagara Mêsir, mangkata ing wayah wêngi, sira bakal padha diburu dening Raja Phirngon sabalane.

23. (Mênawa sira têkan ing sagara Kulzum, sagara mau sira gitika kalawan têkênira, banyune mêsthi piyak, sagara banjur asat kaya dalan gêdhe. Sira sakancanira banjur lumakua ing kono. Yèn wis mêntas saka ing sagara) sagara mau sira nêngna bae. (Raja Phirngon sabalane karêbèn amburu malêbu ing sagara mau) Raja Phirngon sabalane bakal Ingsun tungkêbi banyu ana satêngahing sagara. (Dhawuhing Allah mau iya kêlakon kaya mangkono, Raja Phirngon sabalane kabèh padha tumpês ana satêngahing [satêngah...]

--- 3 : 1225 ---

[...ing] sagara).

24. Raja Phirngon ninggal palêmahan lan kali pirang-pirang kang mili ana ing Mêsir.

25. Lan tinggal têtanduran gêdhong pirang-pirang kang endah- endah.

26. Lan tinggal bôndha pirang-pirang, kang maune padha diênggo kabungahan.

27. Wis mangkono karsaningsun, têtinggalane Raja Phirngon sabalane mau, Ingsun paringake dadi warisan marang wong liyane, iya iku para para wong Bani Srail.

28. Bumi lan langit ora nangisi kasangsarane Raja Phirngon sabalane, tumpês tanpa disarantèkake manèh.

29. Wong Bani Srail wis padha Ingsun paringi salamêt, saka siksa lan siya-siya.

30. Saka panggawene Raja Phirngon, Raja Phirngon mau wong kêbangêtên ênggone gumêdhe.

31. Wong Bani Srail mau padha Ingsun pilih, Ingsun paringi kawruh lan kapintêran akèh,

--- 3 : 1226 ---

ngungkuli wong sajagad ing môngsa iku.

32. Lan padha Ingsun gêlari mukjizat kaelokan pirang-pirang, kang têtela dadi coba.

33. Wong turun Kurès kang padha kaphir iku padha ngucap:

34. Enggonku mati mêsthi mung mati sapisan bae, sawise aku mati, ora bakal diuripake manèh.

35. (He wong kang padha ngarani yèn wong kang wis mati iku bakal padha diuripake manèh) yèn pangucapmu iku têmên, mara uripna para lêluhurku kang wis padha mati.

36. (Pangandikaning Allah): Wong kaphir turun Kurès iku gagah prakosa êndi lan sugih êndi karo para umate Nabi Tubbak.

37. Lan gagah prakosa êndi karo para umat kuna sadurunge wong kaphir turun Kurès iku, ewadene kabèh padha Ingsun tumpês, awit kabèh padha kaphir.

38. Enggon Ingsun yasa bumi lan langit, apadene barang kang ana antarane bumi lan langit, [la...]

--- 3 : 1227 ---

[...ngit,] iku ora dolanan tanpa gawe.

39. Enggon Ingsun yasa bumi lan langit mau wis mêsthi ana paidahe, nanging wong kaphir ing Mêkah kang akèh padha ora wêruh paidahe.

40. Satêmêne besuk dina kiyamat, nalikane para kawulaning Allah padha dipilah-pilah, iku dina karampungane para kawula kabèh.

41. Iya iku dina nalikane para sanak utawa mitra padha ora bisa tulung-tinulung apa-apa, ora ana bisa nulak siksaning Allah.

42. Kajaba wong kang disihi dening Allah, iya iku para wong mukmin, iku padha bisa tulung-tinulung, satêmêne Allah iku Mahamulya tur Maha-asih.

43. Satêmêne wit Jakum.

44. Iku dadi pangane wong duraka.

45. Rupane wohe kaya jêlantah kang irêng, yèn dipangan, ana sajroning wêtêng umob.

--- 3 : 1228 ---

46. Kayadene umobing wedang.

47. (He naraka) wong kaphir iku sira cêkêla, banjur sira laraka marang têngahing Naraka Jakhim.

48. Nuli padha sira garujuga ing wedang siksa saka dhuwuring êndhase.

49. (He wong kaphir) mara rasakna siksaningsun, awit sira iku Mahamulya tur Wicaksana.

50. Siksa iki kang padha sira paido biyèn.

51. Sarupane wong kang padha wêdi ing Allah, iku ana ing panggonan têntrêm.

52. Iya iku ana ing suwarga kang ana bêngawane mili.

53. Padha nganggo sandhangan sutra tipis lan sutra kandêl, sarta padha patêmon lan para kancane.

54. Wis mangkono karsaningsun, wong mukmin padha Ingsun paringi jodho widadari kang matane blalak-blalak.

55. Wong mukmin mau ana ing suwarga padha anjaluk wowohan warna-warna marang kang padha ngladèni. Wowohan mau, ora bisa êntèk.

--- 3 : 1229 ---

56. Wong ing suwarga ora bakal anglakoni mati salawas-lawase, kajaba mati sapisan kang wis dilakoni ana ing dunya. Allah ngrêksa marang para wong mukmin, ora kacêmplung ing siksa Naraka Jakhim.

57. Iku minôngka sih kanugrahane Pangeranira. Kang mangkono mau, aran kabêgjan gêdhe.

58. Surasaning Kuran iki Ingsun gampangake, nganggo têmbungira Mukhammad, têmbung Ngarab, supaya wong Mêkah padha nampani pitutur.

59. Sira ngêntènana pitulunging Pangeranira, wong kaphir iya padha ngarêp-arêp rusakira.

Surat Jatsiyah (jèngkèng).

Tinurunake ana nagara Mêkah, têlung puluh nêm ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Kha lan Mim, iku padha araning aksara Ngarab. Allah ênggone ngandika mangkono mau, mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan karêpe.

--- 3 : 1230 ---

Tumurune Kuran iki têrang saka Allah kang Mahamulya tur Wicaksana.

2. Samubarang isèn-isèning bumi lan langit iki tumrap para wong mukmin, mêsthi dadi tôndha yêkti gêdhe, kang mratandhani kawasaning Allah.

3. Dene ênggonira padha dumadi lan sarupaning khewan kang gumêlar gumrêmêt ana ing bumi, iku tumrap wong kang padha ngandêl bakal kêlakone dina kiyamat, uga dadi tôndha yêkti.

4. Dene beda-bedane raina lan wêngi, lan anane udan kang nuwuhake rijêki, kang diturunake dening Allah saka ing langit, banjur diênggo nguripake bumi kang wis bêra, apadene lakuning angin mangalor mangidul, lan mangetan mangulon, iku tumrap wong kang ana pikire, uga dadi tôndha yêkti gêdhe.

5. Ayat kang wis kasêbut mau tôndha yêktining Allah, Ingsun gêlarake kalawan nyata marang sira. Yèn wong kaphir ing Mêkah mêksa padha maido, banjur arêp ngandêl apa, liyane dhawuh lan tôndha yêktining Allah.

--- 3 : 1231 ---

6. Cilaka têmên sarupane tukang maido, tur akèh dosane.

7. Diwacakake sarta krungu Kuran ayating Allah, nanging banjur puguh wangkot lan gumêdhe, suthik ngèstokake, padha bae lan ora krungu, wong mangkono mau, sira surup-surupna, ing têmbe bakal dipatrapi siksa kang nglarani.

8. Dene mênawa sira wêruh sathithik, yèn Kuran iku ayat Ingsun, banjur diênggo gêguyon. Wong mangkono iku mêsthi dipatrapi siksa kang ngrèmèhake.

9. Wong kaphir ana ing dunya iku, prasasat wis ngarêkengarêpake. Naraka Jahanam. Samubarang kang dilakoni dening wong kaphir, apadene ênggone mangeran marang liyane Allah, iya iku brahala, iku ora bisa murungake siksa. Wong kaphir mêsthi padha dipatrapi siksa gêdhe.

10. Kuran iki pituduh bênêr, dene sarupaning wong kaphir kang maido ayating Pangerane, iku bakal dipatrapi siksa kang nglarani.

11. Allah iku kang nêlukake sagara marang sira, [si...]

--- 3 : 1232 ---

[...ra,] mulane prau bisa mlaku ana ing sagara kalawan parentahing Allah, lan sira bisa ngupaya sih kanugrahaning Allah rijêki sarana dagang palayaran, supaya sira padha sukur ing Allah.

12. Lan manèh Allah nêlukake isèn-isèning bumi lan langit kabèh marang sira, kang mangkono iku, tumrap wong kang gêlêm ngêmpakake pikire, iya dadi tôndha yêkti gêdhe.

13. (He Mukhammad) sira dhawuha marang para wong mukmin, padha muwunga marang wong kaphir, kang padha ora wêdi dinaning Allah, iya iku dina orêg-orêgan. Karsaning Allah bakal angganjar marang para wong mukmin, ênggone padha sabar, muwung wong kaphir.

14. Sing sapa nglakoni panggawe bêcik, iku ganjarane bakal ditampani dhewe, dene sing sapa nglakoni piala, iku patrapane iya bakal disôngga dhewe. Ing besuk dina kiyamat, sira kabèh padha bali disebakake marang ngarsaning Pangeranira.

--- 3 : 1233 ---

15. Ingsun wis maringi kitab Torèt marang para turuning Israil, lan Ingsun wênangake ngukumi pasulayaning manungsa, nganggo wêwaton Kitab Torèt mau, apadene Nabi Musa lan Nabi Harun, padha Ingsun paringi pangkat nabi. Wong Bani Srail padha Ingsun paringi rijêki kang ngrêsêpake, sarta Ingsun gawe punjul, ngungkuli wong sajagad liya-liyane, ing môngsa iku.

16. Wong Bani Srail mau padha Ingsun paringi katêrangan pirang-pirang prakara agama, apadene wêca bakal jumênênge Rasul Nabi Mukhammad. Kasêbut ing Kitab Torèt mau, dadi ênggone padha pasulayan wong Bani Srail bab jumênênge Rasul Nabi Mukhammad, iku lugune wis padha kadunungan kawruh, nanging atine balela, drêngki marang Nabi Mukhammad. Ing besuk dina kiyamat, Pangeranira, Allah ngadili ênggone padha pasulayan wong Bani Srail mau.

17. (He Mukhammad) sira banjur Ingsun karsakake mêngku sarengat dhewe, bab laku-lakuning agama Islam, sira manuta agama Islam,

--- 3 : 1234 -- -

aja manut karêping wong kang ora wêruh.

18. Wong kaphir mau padha ora bisa nulak siksaning Allah marang sira sathithik-thithika, sarupane wong kaphir iku mêmitran lan kancane padha kaphir ana ing dunya. Dene Allah iku paring pitulung marang para wong mukmin, ana ing dunya lan ing akhirat.

19. Kuran iki isi kawruh lan pituduh marang manungsa, lan dadi rahmat tumrap wong kang padha ngandêl bakal uripe wong kang wis padha mati.

20. Wong kang padha nglakoni piala apa duwe kira yèn bakal Ingsun gawe padha lan para wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, uripe ana ing dunya iki dikira bakal padha bae lan besuk yèn wis mati, (luput panêmune) ala têmên panêmune wong kaphir mau.

21. Allah gawe bumi lan langit nyata gêdhe paidahe, iku supaya patitis tumanduking wêwalês marang siji-sijining awak, mawa-mawa lakune, ala utawa bêcik, lan ing kono ora ana wong kêna ing panganiaya.

22. Mara kapriye panêmunira, mungguh wong kang

--- 3 : 1235 ---

mangeran marang karêpe dhewe, sarta dikarsakake sasar dening Allah, wong mau wis diwuningani dening Allah sadurunge dadi yèn bakal dadi wong kêsasar. Pangrungune lan atine wis dikunci dening Allah, ora krungu lan ora wêruh pituduh bênêr. Pandêlênge dipêtêngake dening Allah, dadi ora wêruh dalan kang bênêr. Sarèhning disasarake dening Allah, sapa ta kang kaconggah nuduhake dalan bênêr. Apa padha ora bisa olèh wulang saka ayat iki.

23. Wong kang padha maido bakal uripe wong kang wis padha mati padha ngucap mangkene: Urip iku iya mung uripku ana ing dunya iki, ing têmbe aku bakal mati, nanging iya ana wong kang lair, nyambungi uripe wong kang wis mati, dadi kang ngrusak aku iki ora ana manèh kajaba lawase môngsa. Pangucape wong kaphir mangkono mau tanpa wêwaton apa-apa, mung saka gagasane bae.

24. Wong kaphir mau manawa diwacakake [diwacaka...]

--- 3 : 1236 ---

[...ke] Kuran ayat Ingsun, kalawan cêtha, padune ora ana manèh mung ngucap mangkene: Yèn kandhamu wong kang wis mati bakal urip manèh iku têmên, mara uripna para lêluhurku kang wis padha mati.

25. (He Mukhammad) sira dhawuha: Nalikane kowe isih dadi mani, banjur diuripake dening Allah dadi manungsa. Ing besuk yèn wis têkan mangsane, ora sumêlang kowe banjur dipatèni dening Allah. Ing besuk dina kiyamat, kowe bakal padha diuripake sarta padha diimpun, disebakake marang ngarsaning Allah. Pangeran kang kuwasa nguripake mani, mêsthi kuwasa nguripake kowe sawise mati. Ewadene manungsa akèh kang ora wêruh mangkono mau.

26. Karaton bumi lan langit iku kagunganing Allah, ing besuk dina kiyamat, wong kaphir bakal padha kapitunan.

27. Ing dina iku sira andêlêng sarupaning umat padha jèngkèng, ngêntèni karampunganing prakarane. Sarupaning umat mau padha dikon andêlêng layang

--- 3 : 1237 ---

cathêtaning lakune dhewe-dhewe, nalika ana ing dunya, lan padha didhawuhi: Ing dina iki sira padha tômpa wêwalêse samubarang kang wis padha sira lakoni ana ing dunya, ala utawa bêcik.

28. Iki layang Ingsun cathêtan, dadi sêksi nyata, anggêlarake samubarang kang wis padha sira lakoni ana ing dunya kalawan lugu, Ingsun nêtêpake barang kang wis padha sira lakoni.

29. Dene sarupaning wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, iku karsaning Pangerane, padha dilêbokake ing panggonan rahmate, iya iku suwarga, kang mangkono iku têtela kabêgjan gêdhe.

30. Dene sarupaning wong kaphir iku padha didangu: Apa sira ora didhawuhi lan diwacakake Kuran ayat Ingsun. Sira wis diwacakake Kuran, nanging sira padha gumêdhe, suthik ngèstokake, mulane sira padha dadi kaphir.

31. (He wong kaphir) mênawa sira dipituturri: [dipitutur...]

--- 3 : 1238 ---

[...ri:] Janjine Allah bakal nguripake wong kang wis padha mati, iku nyata, dene kêlakone dina kiyamat iku, ora sumêlang. Sira banjur mangsuli: Embuh, aku ora wêruh, dina kiyamat iku apa, manawa aku gêlêm nyana, iya mung nyana bae, ora wêruh nyatane, dadi tanpa gawe.

32. Ing kono têtela, kang dilakoni dening wong kaphir iku ala kabèh, dene patrapane ênggone padha anggêguyu Kuran, nêmpuh marang si kaphir.

33. Wong kaphir padha didhawuhi: Ing dina iki Ingsun ora praduli marang sira kaya ênggonira ora praduli nglakoni kabêcikan kang bakal maidahi ing dina kiyamat iki, saiki panggonanira mêsthi ana naraka, ora ana kang bisa nulungi sira.

34. Mangkono mau marga ênggonira padha anggêguyu Kuran, ayating Allah, sira padha kêlorop dening ngrasakake kabungahan ing dunya, ing dina iki wong kaphir padha ora [o...]

--- 3 : 1239 ---

[...ra] bisa mêtu saka ing naraka, lan wis ora dipurih tobat.

35. Sakèhing puji iku konjuk ing Allah, Pangeraning bumi lan Pangeraning langit, lan Pangeraning ngalam kabèh.

36. Allah iku ngagêm sipat kaagungan ana ing bumi lan langit, Allah iku Mahamulya tur Wicaksana.