Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

Jus kaping pitu likur

31. Nabi Ibrahim takon: Kajawi saking punika, sampeyan dipun utus punapa.

32. Para malaikat padha mangsuli: Kula dipun utus numpês para tiyang kaphir umatipun Nabi Lut.

33. Kula kakarsakakên anjawahi sela utawi banon dhatêng tiyang kaphir wau.

34. Sela wau sampun dipun cirèni dening Pangeran sampeyan, kasêrat namanipun satunggal-tunggaling tiyang kaphir ingkang badhe kêtaman sela wau.

35. Sapunika kula pêrlu nyingkirakên para tiyang mukmin ingkang sami wontên ing ngriku.

--- 3 : 1292 ---

36. Salêbêtipun kitha Sadum ngriku, griya ingkang dipun ênggèni tiyang Islam, namung satunggal, griyanipun Nabi Lut.

37. Kula lajêng nilar têtilas, wontên ing ngriku, supados dadosa ayat, tôndha yêktosipun anggèn kula numpês para umatipun Nabi Lut, dadosa pèngêt dhumatêng para tiyang ingkang ajrih siksa ingkang nyakiti.

38. Dene carita lêlakone Nabi Musa, iku uga dadi tôndha yêkti manèh. Iya iku ênggone Nabi Musa Ingsun utus nyurup-nyurupake marang Raja Phirngon, kanthi tôndha yêkti kang cêtha, iya iku mukjizat kaelokan.

39. Raja Phirngon sabalane padha maido, pangucape: Nabi Musa iku yèn dudu juru sikhir, iya wong edan.

40. Raja Phirngon sabalane mau padha Ingsun tumpês, sarana Ingsun silêpake ana ing sagara. Raja Phirngon dadi kawêlèh ênggone ngaku Pangeran maido rasul.

41. Lan manèh lêlakone wong Ngad, iku uga [u...]

--- 3 : 1293 ---

[...ga] dadi tôndha yêkti, iya iku nalikane Ingsun têkani angin kang ora ana bêcike.

42. Angin mau manawa narajang wong Ngad utawa rajadarbèke, êndi kang katrajang, mêsthi katiwasan.

43. Carita tumpêse wong Samud, iya dadi tôndha yêkti, iya iku sawise padha ambêlèh untaning Allah, banjur didhawuhi: Iya padha bungah-bungaha mupung isih urip, têlung dina êngkas puputing uripmu.

44. Wong Samud mau wis kêbanjur gumêdhe, suthik ngèstokake parentahing Pangerane, mulane banjur tumpês dening pêtake Malaikat Jabarail. Kabèh padha andêlêng siksa kasat mata.

45. Sawise katêkan siksa, wong Samud ora bisa ngadêg utawa mlaku, dadi ora ana kang kêtulungan, kabèh tumpês.

46. Lan manèh sadurunge iku, Ingsun numpês para umate Nabi Nuh mau padha duraka kaphir.

47. Langit iku Ingsun dêgake kalawan kawasaningsun, Ingsun iki kawasa, langit Ingsun gawe

--- 3 : 1294 ---

jêmbar.

48. Dene bumi iku Ingsun gêlar, Ingsun iki bêcik-bêcike kang anggêlar.

49. Samubarang kang dumadi iku akèh kang Ingsun gawe jodhon, kaya ta: Lanang lan wadon, srêngenge lan rêmbulan, bumi lan langit sapêpadhane, iku supaya sira wruha yèn Allah iku mung siji.

50. Mulane padha mlayua, ngèstokake parentahing Allah, ninggala manut ing setan. Ingsun iki ngelingake kalawan cêtha, têrang saka Allah.

51. Lan aja padha maro tingal, mangeran liyane Allah, aku iki ngelingake kalawan cêtha, têrang saka Allah.

52. Mangkono uga wong kuna, sadurunge wong kaphir ing Mêkah iku, sabên katêkan rasul mêsthi ngucap: Kang ngaku rasul iku yèn ora juru sikhir iya wong edan.

53. Apa wong kaphir mau padha mêmêkas marang anak putune, padha dikon ngucap ala marang rasul. [rasu...]

--- 3 : 1295 ---

[...l.] Wong ngucap mangkono iku têtêp wong padha kêsasar.

54. Mulane sira malengosa marang wong mangkono mau, sira wis ora kainan, awit wis mratakake dhawuh.

55. Lan sira mêmulanga marang wong kang pracaya ing Allah, awit wêwulang iku migunani marang para wong mukmin.

56. Enggon Ingsun gawe jin lan manungsa kang mukmin, iku karsaningsun, supaya padha nêmbaha ing Ingsun.

57. Jin lan manungsa mau, ora Ingsun karsakake golèk rijêki konjuk ing Ingsun utawa kanggo pangane dhewe, lan ora Ingsun karsakake ngingoni Ingsun utawa awake dhewe.

58. Satêmêne Allah iku paring rijêki tur prakosa bangêt.

59. Sarupane wong kang nganiaya awake dhewe sarana dadi kaphir, iku padha duwe bubuhan siksa kaya bubuhane

--- 3 : 1296 ---

kancane, iya iku wong kaphir kuna kang wis padha tumpês, dadi wis ora anggege siksa.

60. Siksa kang abot iku patrapane para wong kaphir besuk dina kiyamat kang wis ditamtokake dening Allah.

Surat Tur (gunung Tursina).

Tinurunake ana nagara Mêkah, patang puluh sanga ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Dêmi gunung Tursina.

2. Dêmi Kitab Kuran kang tinulis.

3. Ana ing papan kang gumêlar.

4. Dêmi Baitul Makmur, iya iku omah kang dimulyakake ana ing langit kang kaping pitu.

5. Dêmi payon kang dhuwur, iya iku langit.

6. Dêmi sagara kang banyune agung.

7. Siksaning Allah Pangeranira iku kêlakon têmênan.

--- 3 : 1297 ---

8. Siksa mau ora ana kang bisa nulak.

9. Kalakone siksa mau besuk dina kiyamat, nalikane langit obah lan mubêng.

10. Lan gunung-gunung padha malaku.

11. Ing dina iku siksa kang abot dadi patrapane wong kang padha maido para rasul

12. Kang padha kêtungkul anglakoni barang kang luput.

13. Iya iku nalikane wong kaphir padha dijorogake marang Naraka Jahanam.

14. Sarta didhawuhi: Iki naraka kang padha sira paido biyèn.

15. Apa naraka iki sikhir, utawa apa pandêlêngira rusak, dadi ora wêruh.

16. Mara padha rasakna, kapriye rasane, sira bêtah panase utawa ora, iku padha bae, kang dipatrapi siksa naraka iku, kaluputan kang wis padha sira lakoni biyèn.

17. Sarupane wong kang wêdi ing Allah, iku padha ana ing suwarga panggonan kapenak.

18. Padha ngenak-enak, nampani ganjaran [ganjar...]

--- 3 : 1298 ---

[...an] pêparinging Pangeran, sarta dirêksa dening Pangerane, ora kacêmplung ing Naraka Jakhim.

19. Padha tômpa dhawuh: Sira padha mangana lan ngombea kalawan enak, ana ing suwarga, iya iku ganjarane panggawe bêcik kang wis padha sira lakoni biyèn.

20. Wong ing suwarga padha linggih sèndhèn ing rêsban, kang tinata sap-sapan, lan padha Ingsun dhaupake widadari kang matane blalak-blalak.

21. Sarupane wong pracaya ing Allah, kang anake lêluri manut pracaya, iku anak mau Ingsun ewokakeelokake. bapakne, Ingsun ganjar padha lan ganjaraning bapa, tanpa Ingsun suda sathithik-thithika. Sarupaning wong iku dadi gadhèn, mawa-mawa kang dilakoni nalika ana ing dunya.

22. Wong ing suwarga padha Ingsun paringi wuwuh wowohan lan daging kang dipengini.

23. Ana ing suwarga padha ngombe sajêng ing gêlas, nanging tanpa mêndêm lan ora ana

--- 3 : 1299 ---

pasulayan, apadene ênggone ngombe ora duraka.

24. Wong ing suwarga padha diidêri ing punakawane kang rupane bagus-bagus, kaya mutyara kang isih ana ing cangkoke.

25. Wong ing suwarga padha adhêp-adhêpan, takon-tinakon lan kancane.

26. Pangucape: Kala kula wontên ing dunya rumiyin, ajrih sangêt dhatêng siksaning Allah.

27. Allah nuntên paring pitulung dhatêng kula, kula dipun rêksa botên kacêmplung ing siksa naraka.

28. Rumiyin kala kula wontên ing dunya nêmbah ing Allah, sayêktosipun, Allah punika damêl sae tur Maha- asih.

29. Sira ditabêri nyurup-nyurupake wong kang padha maro tingal, aja mundur dupèh diarani guru pagorohan, utawa edan, sira dudu guru pagorohan lan dudu wong edan, nanging diparingi kabungahan ing Pangeranira dadi nabi.

--- 3 : 1300 ---

30. Wong maro tingal malah padha calathu: Nabi Mukhammad iku baut nganggit têmbang, iya ta tak êntènane orêging jagad kang kaya wêcane Nabi Mukhammad.

31. Sira dhawuha: Iya padha ngêntènana, aku uga ngêntèni karo kowe.

32. Wong maro tingal ênggone calathu mangkono mau, thukul saka akale kang nasar, utawa saka kabangêtên ênggone dhêmên padu.

33. Wong maro tingal malah padha calathu: Kuran iku ênggone gawe-gawe Nabi Mukhammad dhewe, wong maro tingal iku têtêp wong gumêdhe, suthik pracaya marang Nabi Mukhammad.

34. Manawa pangucape iku têmên, mara padha gawea kitab kang madhani Kuran têrange lan brêgase.

35. Apa wong maro tingal iku padha digawe nanging ora ana kang gawe, utawa apa wong maro tingal iku gawe awake dhewe (iku mokhal).mokal (dan di tempat lain).

--- 3 : 1301 ---

36. Apa wong maro tingal iku padha gawe bumi lan langit (anèh).

37. Apa wong maro tingal mau nyêkêl gêdhong pasimpênane Pangeranira, utawa apa mênang dhewe, sabarang karêpe dadi (iku mokal).

38. Apa wong maro tingal mau duwe ôndha piranti munggah marang langit, ngrungokake gunême para malaikat. Yèn mangkono, mara wong kang ngaku ngrungokake iku ngananana tôndha yêkti kang cêtha.

39. Apa nyata Allah iku pêputra putri, wong maro tingal padha manak lanang. (Iku mokhal).

40. Apa ênggonira ngundhangake parentah Ingsun, nganggo anjaluk pituwas marang wong Mêkah, dadi wong Mêkah padha abot ênggone nganakake pituwas.

41. Apa wong maro tingal mau padha kadunungan kawruh gaib, wêruh samubarang kang samar, kawruh mau padha ditulisi, kêna diênggo [di...]

--- 3 : 1202 ---

[...ênggo] madoni nabi (ora).

42. Apa wong maro tingal mau nêja maeka marang sira, paekane malah bakal ambalik marang si kaphir kabèh.

43. Apa wong maro tingal mau ngaku duwe Pangeran liyaning Allah. Allah iku Mahasuci, adoh bangêt yèn kayaa panêmune wong maro tingal.

44. Manawa wong kaphir mau padha andêlêng gêgêmpalaning langit runtuh, iya ora mari ênggone kaphir, malah padha ngucap: Lah iki mega kang tumpa-tumpa, bakal dadi udan.

45. Mulane wong kaphir mau padha sira togna bae, nganti têkan ing dina ênggone padha mati.

46. Iya iku dina kang paekane si kaphir ora migunani marang awake sathithik-thithika, lan ora ana kang bisa nulungi si kaphir nulak siksaning Allah.

47. Satêmêne wong kaphir iku padha duwe bubuhan siksa sadurunge mati,

--- 3 : 1303 ---

ewadene wong kaphir mau, kang akèh padha ora wêruh.

48. Sira narimaa pranataning Pangeranira, awit sira iku tansah Ingsun uningani bae, lan sira nêbuta Mahasuci, mêmuji ing Pangeranira, nalikane sira ngadêg sêmbayang.

49. Lan ing wayah wêngi, apadene ing wayah suruping lintang, sira iya nêbuta Mahasuci ing Allah.

Surat Najêmi (lintang wuluh).

Tinurunake ana nagara Mêkah, sawidak loro ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Dêmi lintang wuluh nalikane surup.

2. Kancanira Nabi Mukhammad iku ora pisan kêsasar lan ora ngawur.

3. NabaNabi. Mukhammad iku ora calathu sakarêp-karêpe dhewe.

--- 3 : 1304 ---

4. Samubarang kang didhawuhake Nabi Mukhammad, iku mêsthi wahyu, têrang saka Ingsun.

5. Kang Ingsun utus andhawuhake wahyu marang Nabi Mukhammad mau, Malaikat Jabarail kang gagah prakosa bangêt.

6. Malaikat Jabarail mau prakosa lair batine, têtêp ana ing panggonane.

7. Nabi Mukhammad nalika mikraj, andêlêng warnane Malaikat Jabarail kang sajati, ana ing panggonan malêthèking srêngenge, ngêbaki jagad.

8. Malaikat Jabarail banjur nyêdhak marang Nabi Mukhammad, dadi sangsaya cêdhak.

9. Cêdhake nganti padha karo came loro gandhewa siji, utawa luwih cêdhak manèh.

10. Allah andhawuhake wahyu marang Malaikat Jabarail, kawulane, iya iku kang didhawuhake dening Malaikat Jabarail marang Nabi Mukhammad.

11. Atine Nabi Mukhammad ora maido warnane Malaikat Jabarail kang sajati kang wis [wi...]

--- 3 : 1305 ---

[...s] didêlêng.

12. He wong maro tingal, yagene sira padha madoni Nabi Mukhammad, ênggone andêlêng Malaikat Jabarail.

13. Nabi Mukhammad malah andêlêng Malaikat Jabarail manèh sapisan.

14. Ana ing Sidratulmuntaha, iya iku wit widara ana têlênging ngaras.

15. Ing kono panggonane suwarga Makwa.

16. Nabi Mukhammad ênggone andêlêng Malaikat Jabarail mau, nalikane Sidratulmuntaha mau ana kang nutupi.

17. Pandêlênge Nabi Mukhammad, ora luput lan ora kêsasar.

18. Nabi Mukhammad wis andêlêng ayat gêdhe, ayating Pangerane.

19. Mara padha kôndhaa, kapriye panêmunira mungguh brahala kang aran Latawalnguza.

20. Lan brahala têlu liyane, apa iya padha duwe kawasa kaya kawasaning Allah, (ora).

21. Apa nyata, sarupane bocah lanang iku [i...]

--- 3 : 1306 ---

[...ku] anakira, dene bocah wadon iku putraning Allah.

22. Pangêdum kang mangkono iku luput bangêt, ora ngadil.

23. Kabèh kang wis kasêbut mau, mung jênêng, sira ênggo anjênêngake brahala, kang anjênêngake sira lan para lêluhurira. Allah ora andhawuhake nyêmbah brahala mau, lan ora ana tôndha yêktine yèn brahala iku sêsêmbahan. Enggonira padha nyêmbah brahala iku mung nuruti panyana lan karêping ati kang kêna panggodhaning setan. Tur wong Mêkah wis padha digêlari pituduh dening Allah Pangerane.

24. Pangarêp-arêpe wong nyêmbah brahala, ing têmbe brahala iku, bisa amitulungi awake, iku ora bakal kalêksanan.

25. Kalakone samubarang ana ing dunya lan ing akhirat, iku ana kawasaning Allah.

--- 3 : 1307 ---

26. Pira bae kèhe malaikat ing langit, kang saphangate ora migunani apa-apa.

27. Kajaba yèn wis diidzini lan dililani nyaphangati wong kang dadi parênging Allah.

28. Sarupane wong kang ora ngandêl bakal ananing akhirat, iku padha ngarani yèn malaikat iku putraning Allah putri.

29. Enggone padha ngarani yèn malaikat iku putraning Allah putri, iku mung saka panyana bae, ora têrang saka dhawuhing Allah, kang môngka panyana iku ora bisa nyirnakake kang têmên sathithik-thithika.

30. Mulane sira malengosa marang wong kang ngorakake Kuran Ingsun, karêpe mung golèk kabungahan ing dunya.

31. Iya iku katoging kawruhe. Satêmêne Allah iku nguningani wong kang kêsasar, nyimpang saka dalaning Allah, lan uga nguningani wong kang ngambah pituduh bênêr. Kabèh bakal padha diparingi pituwase.

--- 3 : 1308 ---

32. Isèn-isèning bumi lan langit, iku kabèh kagunganing Allah, Allah bakal matrapi wong kang lakune ala, sarta angganjar suwarga marang wong kang padha nglakoni panggawe bêcik.

33. Iya iku wong kang padha nyingkiri dosa gêdhe lan panggawe ala, kajaba dosa cilik kang mung sathithik. Satêmêne Allah Pangeranira iku pangapurane gêdhe, Allah iku nguningani marang sira. Sanadyan nalikane gawe lêluhurira Nabi Adam saka ing lêmah, lan nalikane gawe awakira, dadi bayi ana ing wêtêngane biyungira, Allah iya nguningani marang sira, mulane sira aja padha sumuci-suci. Allah iku nguningani wong kang wêdi ing sarirane.

34. Kapriye panêmunira mungguh Si Walid bin Mughirah, kang ambalik dadi kaphir, manut pambujuking wong.

35. Lan mèwèhake bandhane sawatara, marang kang ambujuk, marga nanggung siksaning

--- 3 : 1309 ---

Allah, patrapan ênggone ambalik dadi kaphir, nanging bandhane kang durung diwèhake dikukuhi.

36. Apa Si Walid mau wêruh barang kang samar-samar, wêruh têrang yèn tanggungane wong kang ambujuk mau mitayani têmênan.

37. Si Walid mau têtela durung olèh wêwulang kang kasêbut ing kitabe Nabi Musa.

38. Lan kitabe Nabi Ibrahim, kang wis didhawuhake lan dilakoni.

39. Iya iku siji-sijining wong ora bakal nandhang patrapan saka dosaning liyan.

40. Lan manungsa iku ora bakal tômpa pituwas, kajaba pituwase laku kang wis dilakoni dhewe, ala utawa bêcik.

41. Lan lakune mau ala utawa bêcik, besuk ana ing akhirat, bakal katon.

42. Banjur diparingi pituwas kang sampurna, murwat lan kang wis dilakoni.

43. Lan satêmêne, barang-barang iku, wêkasane [wê...]

--- 3 : 1310 ---

[...kasane] bali marang ngarsaning Allah.

44. Lan sartêmênesatêmêne. Allah iku paring bungah kang andadèkake lêga lan gumuyu, sarta paring susah kang andadèkake nangis.

45. Lan satêmêne Allah iku kang gawe pati lan urip.

46. Lan satêmêne Allah iku kang gawe jêjodhon, lanang lan wadon.

47. Kang digawe wong lanang lan wadon mau mani kang tumama ing pranakan.

48. Lan satêmêne Allah bakal nguripake wong kang wis padha mati.

49. Lan satêmêne Allah iku kang paring sugih lan anggombal.

50. Lan satêmêne Allah iku Pangeraning lintang Sikra, kang dipangeran dening para wong kuna, iya iku lintang bocah kêmbar.

51. Lan satêmêne Allah iku kang numpês wong Ngad ing jaman kuna.

52. Lan uga numpês wong Ngad, nganti anaora ana. kang kari.

--- 3 : 1311 ---

53. Lan numpês para umate Nabi Nuh sadurunge wong Ngad mau. Satêmêne para umate Nabi Nuh mau, ênggone nindakake panganiaya lan nasar, ngungkuli wong Ngad lan wong Samud.

54. Lan manèh panggonan kang diênggoni para umate Nabi Lut, diwalik dening Allah.

55. Nuli diurugi kalawan udan watu.

56. Mulane êndi ta paringe Allah kabungahan marang sira kang sira isih mamang.

57. Nabi Mukhammad iki nabi kang mêmêdèni para umate, padha lan para rasul ing jaman kuna.

58. Saiki dina kiyamat wis cêdhak, liyane Allah ora ana kang bisa mêdharake titimôngsa kêlakone dina kiyamat mau.

59. Kuran iki apa ana kang sira gumuni kalawan maido.

60. Lan sira gêguyu, apadene sira ora nangis dening krungu pangancame.

--- 3 : 1312 ---

61. Lan sira padha ora praduli.

62. Mulane sira padha sujuda lan nêmbaha ing Allah.

Surat Kamar (rêmbulan).

Tinurunake ana nagara Mêkah, sèkêt lima ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Saiki dina kiyamat wis cêdhak, lan rêmbulan sigar dadi loro.

2. Para wong kaphir turun Kurès manawa andêlêng ayat kaelokane Nabi Mukhammad, padha malengos, suthik pracaya, pangucape: Iki sikhir linuwih.

3. Wong kaphir turun Kurès padha maido Nabi Mukhammad, lan padha nganggo karêpe dhewe. Samubarang prakara, ala utawa bêcik, iku pituwase bakal têtêp disôngga dening kang nglakoni.

4. Wong kaphir turun Kurès wis padha digêlari [digê...]

--- 3 : 1313 ---

[...lari] ayat, lupiyane para wong kuna, kang padha ditumpês dening Allah marga ênggone padha maido para rasul, lan samubarang pitutur pamênging kaphir.

5. Ayat mau kawicaksanan kang bênêr bangêt. Barang apa ta, kang bisa sampurna bêcik tanpa wêwulange para rasul.

6. Mulane sira malengosa marang para wong kaphir mau. Besuk dina kiyamat, nalikane Malaikat Israphil andamu sêmpronge sarta nguwuh-uwuh marang barang kang dipaido dening wong akèh.

7. Pandêlênge padha konjêm. Dene manungsa padha mêtu saka ing kubure, mèmpêr walang kang bingung, ora karuwan kang diparani.

8. Padha rêbut dhucung marani Malaikat Israphil kang nguwuh-uwuh, wong kang kaphir pangucape: Iki dina kang rêkasa.

9. Sadurunge wong kaphir turun Kurès iku, para umate Nabi Nuh biyèn iya padha maido marang kawulaningsun Nabi Nuh, pangucape: [pangu...]

--- 3 : 1314 ---

[...cape:] Nabi Nuh iku wong edan, lan padha nguya-nguya Nabi Nuh.

10. Barêng wis lawas, Nabi Nuh banjur nyênyuwun ing Pangerane, dhuh Pangeran kawula, kawula punika kawon kalihan para umat kawula, mila Tuwan mugi mitulungana dhumatêng kawula.

11. Ingsun banjur ambukak lawanging langit, nuli mêtu banyu kang sok-sokan.

12. Apadene bumi Ingsun karsakake macothot ngudalake tuk kang tanpa wilangan, banyu kang saka ing dhuwur banjur têmpuk lan banyu kang saka ngisor, nêtêpi parentah Ingsun kang wis pinasthi.

13. Nabi Nuh sakancane padha Ingsun tunggangake ing prau kang ginawe saka blabag nganggo dipaku.

14. Mlaku ana ngarsaningsun, iki ganjaraning Pangeran, pitulung marang Nabi Nuh kang dipaido ing para umate.

15. Prau mau Ingsun lêstarèkake

--- 3 : 1315 ---

nganti lawas, minôngka tôndha yêkti lan kupiya, mulane wong kang kari padha elinga marang lêlakon mau.

16. Mulane kapriye ta kaanane wêwêdèn lan siksaningsun.

17. Saiki Ingsun wis anggêlarake Kuran, gampang diapalake lan diwêruhi surasane, mulane wong padha ngapalna lan ngèstokna.

18. Biyèn wong Ngad padha maido ing rasule, kapriye ta, kaanane wêwêdèn lan siksaningsun marang wong Ngad.

19. Ingsun anglakeanglakokake. angin upas kang gumrubug, nêmpuh marang wong Ngad mau, ana ing dina sangar kang lêstari sangar salawase.

20. Angin mau mawa upas, numpês wong Ngad kabèh, nganti anggêlasah kaya wit kurma padha rungkad.

21. Kapriye ta, kaanane wêwêdèn lan siksaningsun.

22. Saiki Ingsun wis anggêlarake Kuran, gampang diapalake lan diwêruhi surasane, [surasa...]

--- 3 : 1316 ---

[...ne,] mulane wong padha ngapalna lan ngèstokna.

23. Biyèn wong Samud uga padha maido wêwulange Nabi Salèh.

24. Pangucape: Yagene aku têka gêlêm manut marang wong mung siji tur wong panunggalanku, yèn mangkono aku rak kacêmplung ing panasaran lan diarani wong edan.

25. Apa dhawuhing Allah mung didhawuhake marang wong siji Nabi Salèh bae, wong liya-liyane iki ora diparingi dhawuh, têtela Nabi Salèh iku tukang goroh lan gumêdhe.

26. Besuk ana ing akhirat, wong Samud bakal wêruh nyatane, sapa kang gumêdhe lan tukang goroh, iya wong Samud dhewe.

27. Ingsun mêtokake unta saka ing watu, minôngka tôndha yêkti lan panyoba marang wong Samud. Pangandikaning Allah: He Salèh, saiki sira narimaa bae. Nitènana kapriye anane wong Samud iku.

--- 3 : 1317 ---

28. Wong Samud padha sira dhawuhana, anane banyu iku didumake marang unta lan wong Samud. Sadina dadi duwèke wong Samud, kabèh kêna padha ngangsu, lan sadina manèh gilir dadi duwèke unta, kabèh padha diombèkake.

29. Wong Samud banjur padha sayuk lan kancane, nêdya matèni unta mau, padha nyêkêl pêdhang, banjur padha matèni unta mau.

30. Kapriye ta, kaanane wêwêdèn lan siksaningsun.

31. Ingsun banjur ngutus Malaikat Jabarail pêtak sapisan, wong Samud banjur tumpês padha sanalika, ambruk kaya kayu garing wis mopol.

32. Saiki Ingsun wis anggêlarake Kuran, gampang diapalake lan diwêruhi surasane, mulane wong padha ngapalna lan ngèstokna.

33. Biyèn para umate Nabi Lut iya padha maido wêwulange Nabi

--- 3 : 1318 ---

Lut.

34. Para umate Nabi Lut mau padha Ingsun udani watu, tumpês kabèh, mung Nabi Lut sakancane padha Ingsun paringi salamêt ing wayah esuk.

35. Iya iku pêparing Ingsun kabungahan, kaya mangkono wêwalês Ingsun marang wong kang sukur.

36. Nabi Lut wis mêmêdèni siksaningsun marang para umate, nanging para umat mau padha madoni lan maido wêwulange Nabi Lut.

37. Para umate Nabi Lut mau nêdya anggarêjêg dhayohe Nabi Lut, arêp digêmblak, mulane banjur Ingsun picakake matane. Mara sira padha ngrasakna siksa lan kalakone ênggon Ingsun mêmêdèni.

38. Ing wayah esuk, para umate Nabi Lut tinêmpuh ing siksa kang lêstari salawase, nganti sampungrampung. lan siksa ing akhirat.

39. Mara padha ngrasakna siksaningsun lan kalakone wêwêdèn Ingsun.

40. Saiki Ingsun wis anggêlarake Kuran,

--- 3 : 1319 ---

gampang diapalake lan diwêruhi surasane, mulane padha ngapalna lan ngèstokna.

41. Para rasul wis padha têka nyurup-nyurupake Raja Phirngon sabalane.

42. Nanging Raja Phirngon sabalane padha maido tôndha yêkti kaelokan Ingsun sangang warna kabèh, mulane padha Ingsun tumpês kalawan siksaning Pangeran kang Mahamulya tur Kawasa.

43. He wong Mêkah, apa kancanira wong kaphir iku sira kira luwih bêcik tinimbang lan Raja Phirngon sabalane, utawa apa sira iku wis kasêbut ana ing kitab kang kuna-kuna bakal luput saka ing siksa.

44. Wong Mêkah padha ngucap: Aku iki pakumpulan kang ditulungi ing Allah.

45. Ing têmbe pakumpulane wong Mêkah iku kêplayu, wonge padha lumayu sasaran.

46. Besuk dina kiyamat bakal kêlakone pangancam marang wong kaphir, siksaning dina kiyamat iku ambêbayani bangêt, lan luwih dening pait, ngungkuli siksa ing dunya.

--- 3 : 1320 ---

47. Sarupane wong kaphir iku ana ing dunya nandhang siksa, dipatèni dening kalah pêrang, ana ing akhirat bakal dicêmplungake ing naraka.

48. Iya iku nalikane wong kaphir padha diungsêb- ungsêbake raine ana ing naraka. Pangandikaning Allah: Mara padha ngrasakna tumindaking siksa Naraka Sakar.

49. Têgêse samubarang kang dumadi iku Ingsun gawe kanthi pêpasthèn.

50. Enggon Ingsun nganakake barang-barang iku mung dhawuh sapisan bae, suwene mung sadêlèrènging pandêlêng.

51. Biyèn Ingsun wis numpês para wong kaphir kang kaya sira, mulane sira padha elinga lan ngèstokna parentah Ingsun.

52. Samubarang kang dilakoni dening wong sajagad, iku padha dicathêti ana ing bukune malaikat.

53. Kabêcikan utawa piala iku, gêdhea, cilika, mêsthi ditulisi ana

--- 3 : 1321 ---

ing Lohmahphul.

54. Sarupane wong kang wêdi ing Allah, iku padha ana ing suwarga kang ana bêngawane.

55. Ana ing palungguhan kang nyata endah, ana ngarsaning Allah ratu kang Kuwasa.

Surat Rahman (Pangeran kang Mahamurah).

Tinurunake ana nagara Mêkah, pitung puluh wolu ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Pangeran kang Mahamurah iku mulang Kuran.

2. Agawe manungsa.

3. Mulang calathu marang manungsa.

4. Srêngenge lan rêmbulan iku padha mlaku ajêg, ana ing cakrawalane dhewe-dhewe, cocog lan petungan.

5. Thêthukulan kang nalosor lan kêkayon, iku padha sujud ing Allah.

6. Allah iku andhuwurake langit,

--- 3 : 1322 ---

lan andhawuhake jêjêg yèn nraju.

7. Supaya sira aja nakal ênggonira nraju.

8. Lan dijêjêg ênggonira padha nraju kalawan bênêr, aja padha ngurangi bobot.

7.9. Lan manèh Allah ngrata bumi, kanggo panggonane jin lan manungsa.

10. Isi wowohan warna-warna, dene kurma iku ana mancunge.

11. Lan isi wiji kang ana mêrange, lan isi têlasih.

12. He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

13. Allah gawe manungsa Nabi Adam saka ing lêmah garing kang kumlinthing, mèmpêr lêmah kang wis diobong.

14. Lan gawe jan, iya iku iblis, saka urubing gêni.

15. He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungankabungahan.

Pangeranira kang padha sira paido.

--- 3 : 1323 ---

16. Allah iku Pangeraning masrik loro, kang sisih lor lan sisih kidul. (Kang aran masrik iku panggonan mêtuning srêngenge).

17. Lan uga Pangeraning Mahrib loro, kang sisih lor lan sisih kidul. (Mahrib iku panggonan suruping srêngenge).

18. He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

19. Allah iku nitahake sagara loro, tawa lan asin, dinêngake bae, awor sisih-sisihan, ora bisa carub, mung kaya banyu lan lênga.

20. Antarane sagara loro mau ana aling-aling kawasaning Allah, ora kasat mata, mulane sagara loro mau ora bisa carub.

21. He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

22. Sagara loro mau padha mêtu

--- 3 : 1324 ---

mutyara lan marjan.

23. He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

24. Allah iku kagungan prau pirang-pirang gêgaweaning manungsa, kumambang ana ing sagara, gêdhene kaya gunung.

25. He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

26. Samubarang kang gumêlar ana ing bumi, iku wêkasane rusak.

27. Nanging sarirane Pangeranira, Allah kang sipat agung, lan karsa ngajèni para wong mukmin, iku langgêng tan kêna rusak.

28. He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

29. Saisining bumi lan langit, kabèh padha nyênyuwun ing Allah. Sabên dina Allah nindakake lêstarine samubarang kang wis [wi...]

--- 3 : 1325 ---

[...s] pinasthi ing jaman azali.

30. He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

31. He para jin lan manungsa, ing têmbe sira padha Ingsun timbang ala lan bêcikira.

32. He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungankabungahan. Pangeranira kang padha sira paido.

33. He para jin lan manungsa, kang padha ora narima pêpasthèn Ingsun, manawa sira bisa lunga saka têlatahing bumi lan langit, mara padha lungaa. Nanging sira môngsa bisaa lunga, kajaba yèn sira kuwasa.

34. He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

35. He jin lan manungsa, ing têmbe nalikane sira padha mêtu saka ing kuburira, padha tinêmpuh ing urubing gêni lan kukus kang tanpa gêni, padha anggiring sira marang ara-ara Mahsar, sira padha ora bisa ngundurake.

36. He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge

--- 3 : 1326 ---

kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

41. Para wong kaphir padha kêtitik kalawan têtêngêre rai irêng, banjur padha dijambak kuncunge, dicêmplungake ing naraka.

42. He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

43. Dhawuhing malaikat: He wong kaphir, iki Naraka Jahanam, kang dipaido dening sarupane wong kaphir biyèn.

44. Wong kaphir padha mlaku pating bilulung ana antarane naraka gêni lan naraka wedang.

45. He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

46. Dene wong kang nalika ana ing dunya wêdi jumênênging Pangeran ênggone bakal mancas ala bêciking kawulane, iku padha diparingi ganjaran suwarga loro, suwarganing jin lan suwarganing [suwarga...]

--- 3 : 1327 ---

[...ning] manungsa.

47. He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

48. Suwarga loro mau ana kêkayone angrêmbaka.

49. He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

50. Suwarga loro mau padha ana bêngawane mili.

51. He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

52. Suwarga loro mau isi sarupane wowohan warna loro, garing lan têlês.

53. He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

54. Wong kang wêdi ing Allah mau padha sèndhèn ana ing palungguhan kang lèmèke ing jêro sutra ijo, dene wowohane ing suwarga loro mau

--- 3 : 1328 ---

cêndhèk-cêndhèk.

55. He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

56. Suwarga loro mau isi widadari kang endah-endah warnane, sadurunge diwêngku ing wong suwarga mau, durung tau winasesa ing rêsmi dening jin utawa manungsa.

57. He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

58. Para widadari mau endahe padha lan intên utawa mutyara.

59. He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

60. Pituwasing laku bêcik, iya ora liya olèh bêcik.

61. He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

62. Sosorane suwarga loro mau, ana suwarga loro manèh.

63. He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge

--- 3 : 1329 ---

kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

64. Suwarga loro mau kêkayone ijo bangêt, nganti katon irêng.

65. He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungankabungahan. Pangeranira kang padha sira paido.

66. Sajrone suwarga loro mau ana bêngawane loro, padha mili ajêg, tanpa suda banyune.

67. He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

68. Sajrone suwarga loro mau ana wowohane akèh, apadene ana wite kurma lan dalima.

69. He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

70. Suwarga loro mau dalah isèn-isène, kabèh sarwa bêcik.

71. He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge [pêparing...]

--- 3 : 1330 ---

[...e] kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

72. Para widadari mau padha endah warnane, piningit ana sajroning gêdhong kang ginawe saka mutyara.

73. He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

74. Para widadari mau sadurunge diwêngku ing wong suwarga, durung tau winasesa ing rêsmi dening jin utawa manungsa.

75. He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

76. Wong ing suwarga padha sèndhèn ing bantal sutra ijo kang endah warnane.

77. He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan PangeraPangeranira. kang padha sira paido.

78. Mahaluhur asmane Pangeranira, Allah kang kagungan sipat agung lan karsa ngajèni para wong mukmin.

--- 3 : 1331 ---

Surat Wakingah (dina kiyamat).

Tinurunake ana nagara Mêkah, sangang puluh nêm ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Besuk nalikane dina kiyamat kêlakon.

2. Pawarta bakal kalakone dina kiyamat iku ora goroh.

3. Ing dina kiyamat iku kanyataan wong kaphir padha kêcêmplung ing naraka, sarta wong mukmin padha munggah ing suwarga.

4. Ing dina iku ana lindhu gêdhe, bumi gonjang-ganjing.

5. Sakèhing gunung nganti padha ajur kabèh.

6. Nganti dadi balêdug kang mabul-mabul.

7. Ing kono sira diperang dadi têlung warna.

8. Kang sapisan, iku wong kang cathêtane lakune diulungake saka ing têngêne, [tê...]

--- 3 : 1332 ---

[...ngêne,] iku wong bêgja bangêt.

9. Kapindho wong kang cathêtaning lakune diulungake saka ing kiwane, iku wong cilaka bangêt.

10. Kaping têlu wong kang dhisik dhewe ênggone nglakoni bêcik, iya iku para nabi.

11. Iya iku wong kang padha kacêdhak ing Allah.

12. Bakal padha diganjar Suwarga Nangim.

13. Wong mangkono mau kang akèh umate para nabi ing jaman kuna.

14. Dene umat ing jaman wêkasan iki mung sathithik.

15. Ana ing suwarga padha linggih ing kursi kang nam-namane êmas.

16. Padha sèndhèn ing kursi mau, adhêp-adhêpan lan para kancane.

17. Padha diladèni ing para wildan, iya iku punakawan ing suwarga, padha wayah bocah sêdhêngan, ora bisa tuwa utawa mati.

--- 3 : 1333 ---

18. Padha ngladèkake hèr gêlèk lan gêlas, apadene sloki isi sajêng.

19. Wong ing suwarga ênggone ngombe sajêng mung enak, tanpa mêndêm utawa ngêlu.

20. Lan angladèkake wowohan akèh tur warna-warna, wong ing suwarga bisa milih sakarêpe.

21. Lan uga ngladèkake daging manuk, wong ing suwarga bisa milih kang dipengini.

22. Ing suwarga mau akèh widadari, matane padha kocak, endah ing warna kaya mutyara kang lagi mêtu sakingsaka. ing cangkoke.

23. Iku tumônja ganjaraning kabêcikan kang wis padha dilakoni.

24. Ana ing suwarga ora tau krungu calathu ala, utawa kang andadèkake dosa.

25. Mung krungu pangucap, wilujêng, wilujêng, sapêpadhane kang ngrêsêpake.

26. Dene wong kang cathêtaning lakune

--- 3 : 1334 ---

diulungake saka ing tangane, iku bêgja bangêt.

27. Manggon ana ing suwarga kang ana wite widara tanpa êri.

28. Lan ana wite gêdhang tanpa kadêbog.

29. Lan eyub salawase.

30. Lan ana banyune umbul angêt salawase.

31. Lan ana wowohane akèh tur warna-warna.

32. Ora tau têlagtêlad. lan ora susah tuku.

33. Ana lèmèke endah ginêlar ana sadhuwuring kanthil. Ana widadarine.

34. Ingsun gawe sarupaning widadari mau tanpa lair saka guwa garbaning biyung.

35. Para widadari mau padha Ingsun dadèkake prawan salawase, sanadyan wis sarêsmi iya isih prawan bae.

36. Padha asih trêsna marang lakine, nome [no...]

--- 3 : 1335 ---

[...me] rampak, murwate lagi padha umur nêlung puluh têlu taun.

37. Padha Ingsun paringake dadi jodhone wong kang cathêtaning lakune ditulungakediulungake. saka ing têngên mau.

38. Umate para nabi ing jaman kuna.

39. Lan para umat kang wêkasan iki.

40. Dene wong kang cathêtaning lakune diulungake saka ing kiwa, iku cilaka bangêt.

41. Padha kêcêmplung ing naraka wisa, lan naraka wedang.

42. Lan ana ing pêpêtêng saka kukus kang irêng bangêt.

43. Ora pisan adhêm lan ora andhêmênake.

44. Nalika ana ing dunya, wong kaphir iku padha ngenak-enak.

45. Lan padha andaluya ênggone nglakoni dosa gêdhe.

46. Lan padha ngucap: [n...]

--- 3 : 1336 ---

[...gucap:]

47. Apa nyata besuk yèn aku wis mati sarta wis dadi lêmah lan wis dadi balung, jare bakal diuripake manèh, layak ora.

48. Apadene para lêluhurku ing jaman kuna, apa iya padha diuripake, layak goroh.

49. (He Mukhammad) sira dhawuha: Para lêluhurmu ing jaman kuna, lan para turunmu kang saiki durung ana.

50. Besuk dina kiyamat kang wis tinamtokake dening Allah, bakal padha dikalumpukake ana ing ara-ara Mahsar.

51. He wong kang padha kêsasar dening maido pangandikaning Allah, sawise mangkono sira padha.

52. Mangan wohe kayu zakkum, kêkayon ing naraka.

53. Nganti padha kêbak wêtênge.

54. Sawise warêg, nuli padha ngombe wedang kang panase anggêgirisi.

--- 3 : 1337 ---

55. Enggone ngombe kaya unta kang ngêlak bangêt.

56. Iki pangancaming Allah marang para wong kaphir, kalakone besuk dina kiyamat.

57. Ingsun iki kang gawe awakira. Yagene sira têka padha ora ngandêl.

58. Kapriye panêmunira, bab ênggonira padha mêtokake mani, marang pranakane wong wadon, banjur dadi bayi.

59. Kang gawe bayi saka mani mau sira apa Ingsun.

60. Ingsun namtokake mati marang sira kabèh, Ingsun kawasa, ora ana kang bisa murungake karsaningsun.

61. Sanadyan Ingsun karsa gawe wong kang rupane cèplês lan sira, sarta sira Ingsun salini rupa sadhengah rupa kang sira ora wêruh, iya mêsthi kalêksanan.

62. Sira wis wêruh bakale manungsa kang kawitan, iya iku lêmah, utawa daging, utawa mani. Yagene sira têka ora wêruh yèn Ingsun iki kawasa.

--- 3 : 1338 ---

63. Kapriye panêmunira bab ênggonira padha têtanèn.

64. Kang nukulake wiji iku sira apa Ingsun.

65. Kang nukulake wiji mau Ingsun. Tandhane, upama ana parênge karsaningsun, mêtuning woh Ingsun gawe gabug, mêsthi kêlakon, sira banjur gêtun lan ngungun.

66. Pangucapira: Aku iki kapitunan, aku iki dipêpêt rijêkiku.

67. Kapriye panêmunira bab banyu udan kang padha sira ombe.

68. Kang nurunake banyu udan saka ing mega, iku sira apa Ingsun.

69. Kang nurunake mêsthi Ingsun. Tandhane upama ana parênge karsaningsun, banyu udan Ingsun dadèkake asin, mêsthi kêlakon. Yagene têka ora gêdhe panuwunira.

70. Kapriye panêmunira, mungguh gêni ênggonira padha ngagar.

--- 3 : 1339 ---

71. Kang nganakake kayu kang diagar iku sira apa Ingsun.

72. Gêni ing dunya iku Ingsun ênggo sasmitaning gêni naraka, lan Ingsun ênggo kabungahaning wong kang padha mlaku, lan liya-liyane.

73. Mulane sira nêbuta Mahasuci asmaning Pangeranira kang Maha-agung.

74. Ingsun supata kalawan panggonan mêtune lan suruping lintang.

75. Manawa sira padha wêruh, supata kalawan panggonan mêtune lan suruping lintang, iku supata gêdhe.

76. Kang didhawuhake marang sira, iku Kuran kang mulya.

77. Tinulis ana ing Lohmahphul kang rinêksa.

78. Ora kêna anggêpok Kuran, kajaba wong kang padha suci saka khadas gêdhe lan cilik.

--- 3 : 1340 ---

79. Diturunake Allah Pangerane wong sajagad.

80. Apa sira padha ngrèmèhake utawa maido Kuran iki.

81. Lan ênggonira padha maido Kuran, sira anjingake sukur marang pêparinging Allah udan kang nuwuhake rijêki.

82. (He wong kang nunggoni wong lêlaku) yagene nalika nyawane mayit lagi têkan ing gurung.

83. Ing kono sira mung padha andêlêng marang mayit.

84. Ingsun luwih cêdhak marang wong lêlaku mau tinimbang lan sira, ewadene sira ora padha wêruh.

85. Yagene yèn sira ngaku ora kawêngku wasesaning Allah.

86. Têka ora bisa ambalèkake nyawa marang wadhage, yènayèn. ngakunira iku têmên, mara sira balèkna nyawa iku.

87. Mênawa mayit mau ewone wong

--- 3 : 1341 ---

kacêdhak ing Allah.

88. Matine mêsthi kapenak kanthi bungah lan olèh ganjaran Suwarga Nangim.

89. Dene yèn kalêbu ewone wong kang cathêtaning lakune diulungake saka têngên.

90. Wong mau mêsthi slamêt, ora disiksa, marga cathêtaning lakune diulungake saka têngên.

91. Dene yèn ewone wong maido pangandikaning Allah.

92. Kang padha kêsasar.

93. Mêsthi kacêmplung ing naraka wedang kang wis diancamake.

94. Lan kacêmplung ing naraka gêdhe, Naraka Jakhim.

95. Kang kasêbut ing Surat Wakingah iki, nyata têmênan.

96. Mulane sira nêbuta Mahasuci asmaning Pangeranira kang Maha-agung.

--- 3 : 1342 ---

Surat Khadid (wêsi)

Tinurunake ana nagara Madinah, lan ana kang ngarani tinurunake ana nagara Mêkah, sanga likur ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Isèn-isèning bumi lan langit, kabèh padha nêbut Mahasuci ing Allah, Allah iku Mahamulya tur Wicaksana.

2. Karaton bumi lan langit iku kagunganing Allah, Allah iku kang gawe pati lan urip, Allah iku nguwasani samubarang.

3. Allah iku kang dhisik tanpa kawitan, lan kari tanpa wêkasan, têtela gêdhe kuwasane, kalawan tôndha yêkti pirang-pirang, lan ora tinêmpuh ing pôncadriya. Allah iku nguningani samubarang.

4. Allah iku kang gawe bumi lan langit, lawase mung nêm dina rampung, banjur jumênêng ana ing ngaras. Allah iku nguningani barang kang malêbu ing bumi lan kang mêtu saka ing bumi, [bu...]

--- 3 : 1343 ---

[...mi,] apadene barang kang tumurun saka ing langit, lan kang munggah marang langit, ing ngêndi panggonanira, Allah iku kanthinira. Allah iku mirsani samubarang kang padha sira lakoni.

5. Karaton bumi lan langit iku kagunganing Allah, samubarang prakara iku wêkasane bali marang Allah.

6. Allah iku nglojokake wêngi marang awan, sarta nglojokake awan marang wêngi, Allah iku nguningani sakarêntêking ati.

7. (He para wong turun Kurès) sira padha pracayaa ing Allah lan marang Rasulullah, dene bôndha oncêlang kang gumilir, ana ing tanganira, iku sira wêtokna ginawe wragad pêrang Sabilullah, kancanira kang padha pracaya ing Allah, ngèstokake parentahe Rasulullah, iku ing têmbe bakal padha tômpa ganjaran gêdhe, iya iku suwarga.

8. Kapriye panêmunira, têka ora [o...]

--- 3 : 1344 ---

[...ra] pracaya ing Allah, ora ngèstokake parentahe Rasulullah, kang ngajak- ajak marang sira pracaya ing Allah Pangeranira, Allah wis ngasta ugêranira sanggêm pracaya, nalika sira ngarêpake lair saka ing guwa garba, manawa sira gêlêm pracaya, nuli sira lakonana saiki.

9. Allah iku kang nurunake tôndha yêkti kang cêtha pirang-pirang marang kawulane, kanggo mêtokake sira saka pêpêtênging kaphir, marang pêpadhanging iman. Kang mangkono iku têtela sih piwêlasing Allah marang sira.

10. Manawa sira wis pracaya, yagene têka ora gêlêm mêtokake bôndha kanggo wragade pêrang Sabilullah, kang môngka isèn-isèning bumi lan langit iki kabèh kagunganing Allah, yèn karsaning Allah diagêm waragad pêrang, sapa kang bisa malangi, nanging wong kang gêlêm mragadi pêrang lan gêlêm mangsah pêrang sadurunge nagara Mêkah bêdhah,

--- 3 : 1345 ---

iku darajate luwih gêdhe, tinimbang lan wong kang ênggone gêlêm mragadi pêrang lan gêlêm mangmangsah. pêrang sawise nagara Mêkah bêdhah, tur wong rong warna mau, iya padha olèh prasêtyaning Allah, bakal padha diparingi ganjaran suwarga. Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni.

11. Sapa kang potang kabêcikan marang Allah, sarana mêtokake bandhane ginawe mragadi pêrang Sabilullah, ing têmbe Allah nyaur marang wong mau, nganti têtikêl pitung atus, kajaba iku Allah angganjar suwarga kang mulya marang wong mau.

12. (He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane sira andêlêng para wong mukmin, lanang lan wadon, cahyane padha mancur ana ing ngarêpe lan ing kiwa têngêne, sarta padha tômpa dhawuh: He bêgja têmên sira ing dina [di...]

--- 3 : 1346 ---

[...na] iki, padha malêbu ing suwarga, kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, sarta padha langgêng ana ing suwarga salawas-lawase. Iya iku têtêp kabêgjan gêdhe.

13. Iya iku nalikane wong lamis lanang wadon padha calathu marang para wong mukmin: Sampeyan mirsanana dhatêng kula, kula badhe nular cahya sampeyan punika. Para wong lamis mau banjur didhawuhi dening malaikat: Kowe padha balia marang dunya bae, ana ing kana nyuwuna cahya ing Allah, awit cahya iki ora kêna kotular, nuli dialing-alingi pagêr kang ana lawange, sajroning pagêr isi rahmat, ing jaba kêbak siksa. Wong lamis padha nguwuh-uwuh saka ing jaba, kala wontên ing dunya, kula punika punapa dede kônca sampeyan. Wong mukmin padha mangsuli: Iya bênêr, nanging kowe maeka awakmu dhewe sarana lamis,

--- 3 : 1347 ---

lan ngarêp-arêp cilakane para wong mukmin, apadene mamang marang agama Islam, lan kowe kêjlomprong dening pangôngsa-ôngsa, nganti têkan wêwangêning pati kang wis pinasthi dening Allah, saiki kowe wis dijalomprongake ing setan, ora pracaya ing Allah.

14. Ing dina iki têtêbusan saka ing kowe lan saka para wong kaphir, padha tinampik kabèh, panggonanmu mêsthi ana ing naraka, naraka iku kalulutmu. Ala têmên kawusananmu iku.

15. Saiki apa ora wis mangsane para wong mukmin patine padha wêdi lan eling ing Allah lan marang Kuran, kang wis tumurun, tur nyata bênêr. Ora kaya wong kaphir kang duwe wêwaton kitkitab. sadurunge Kuran, nganti lawas ênggone ngêntèni rasul kang jumênêng, atine banjur padha wangkot, kang akèh wong mau padha duraka, ora manut marang rasul kang maune

--- 3 : 1348 ---

diarêp-arêp.

16. (He para wong mukmin) sira padha wêruha, yèn Allah iku nguripake bumi kang wis mati, Ingsun wis nêrang-nêrangake tôndha yêkti pirang-pirang kang mracihnani kawasaningsun, supaya sira padha mikira.

17. Wong lanang lan wadon kang padha sêtya tuhu, mragadi pêrang Sabilullah, lan potang kabêcikan ing Allah, iku bakal padha diparingi pêpulih nganti tikêl pitung atus, kajaba pêpulih mau uga diparingi ganjaran suwarga kang mulya.

18. Sarupane wong kang pracaya ing Allah lan ngèstokake utusaning Allah, iku têtêp wong sêtya tuhu, lan bakal dadi saksi ana ngarsaning Pangeran, mêruhi wong kang padha maido pangandikaning Allah, padha olèh ganjaran lan olèh cahya, kaya ganjaran lan cahyane wong kang padha sêtya tuhu. Dene sarupane wong kaphir lan wong maido ayat Ingsun, [Ing...]

--- 3 : 1349 ---

[...sun,] iku kabèh isèn-isèning Naraka Jakhim.

19. Sira padha wêruha yèn kabungahan ing dunya iku mung dolanan, nglalèkake kabungahan ing akhirat, lan rêrênggan kang mêsthi rusak, apadene môngkogake ati, sugih bôndha lan sugih anak, padhane udan, iku andadèkake gumune para wong kaphir tani, ênggone bisa minangkani thukule thêthukulan. Sawise ijo banjur sira dêlêng kuning, banjur padha gogrog. Besuk ana ing akhirat, wong kang uripe kaya thêthukulan mangkono mau, padha dipatrapi siksa kang abot.

20. Wong kang ora kêna labêt ing dunya kang mangkono mau olèh pangapura lan karilaning Allah, kabungahan ing dunya iku, ora liwat mung kabungahan kang anjalomprongake.

21. Sira padha rêbut dhucunga anggayuh pangapuraning [pa...]

--- 3 : 1350 ---

[...ngapuraning] Pangeranira, lan anggayuh suwarga kang jêmbare padha langit lan bumi, iku disadhiyakake ganjaran marang sarupane wong kang pracaya ing Allah sarta ngèstokake para utusaning Allah. Iya iku kanugrahaning Allah, diparingake marang wong kang dadi parênging karsane, Allah iku kagungan kanugrahan gêdhe.

22. Sadhengah pakewuh kang tumiba ana ing bumi utawa ing awakira, iku kabèh wis pinasthi tinulis ana ing Lohmahphul, wiwit Ingsun durung nitahake barang-barang biyèn. Kang mangkono iku ingatase Allah bae.

23. Supaya sira aja padha sêdhih anggêtuni barang dunya kang sira kêtilapan, lan aja padha bungah nganti lali, marga katêkan karêpira. Allah iku ora rêmên wong kang gumêdhe marga olèh

--- 3 : 1351 ---

dunya akèh.

24. Kang padha kumêd, ngumêdi barang kang wis wajibe kudu diwèhake, lan ajak-ajak kumêd marang manungsa. Dene sing sapa mogok nguwèhake barang kang wajib, iku patrapane bakal disôngga dhewe, Allah iku ora butuh marang liyane, tur pantês pinuji kabêcikane.

25. Ingsun wis ngutus utusan Ingsun malaikat, andhawuhi para nabi, kanthi maringake tôndha yêkti pirang-pirang, sarta maringake kitab lan andhawuhake ngadil, supaya manungsa padha nêtêpana bênêr. Apadene Ingsun nurunake wêsi, duwe kakuwatan kang santosa, lan akèh gunane kanggo pirantining manungsa lan piranti pêrang, supaya Allah wuninga kalawan gumêlar, marang wong kang ditulungi dening Allah, mênang pêrang nganggo piranti wêsi, sarta nguningani para utusane kalawan [kala...]

--- 3 : 1352 ---

[...wan] ghaib, ênggone padha pêrang nganggo piranti wêsi. Satêmêne Allah iku Santosa tur Mahamulya.

26. Ingsun wis ngutus Nabi Nuh lan Nabi Ibrahim, turune nabi loro mau Ingsun paringi pangkat nabi lan kitab, lan ana kang olèh pituduh bênêr, ewadene akèh kang padha duraka.

27. Sapungkure Nabi Nuh lan Nabi Ibrahim, apadene nabi liya-liyane, banjur Ingsun sambung para rasul manèh, lan Ingsun sambungi Nabi Ngisa anake Maryam, lan Ingsun paringi Kitab Injil. Para wong kang manut Nabi Ngisa padha Ingsun paringi budi sih-sinihan lan guyub, apadene budi mandhita, ora Ingsun wajibake apa-apa, kajaba mung murih kaparênging Allah, ewadene wong mau padha ora sêtya tuhu marang sêsanggêmane, dene kang sêtya tuhu marang sêsanggêmane, pracaya ing Allah lan nêtêpi [nêtê...]

--- 3 : 1353 ---

[...pi] manut miturut marang wêwulange Nabi Ngisa, nganti manut marang Nabi Mukhammad, iku padha Ingsun paringi ganjaran suwarga, nanging kang akèh banjur padha kaphir.

28. He para wong mukmin, sira padha wêdia ing Allah, lan padha ngèstokna Nabi Mukhammad utusaning Allah, Allah bakal angganjar rahmat rong warna marang sira, sarta bakal maringi pêpadhang marang sira, kêna sira anggo malaku nguwot ana sadhuwuring naraka, apadene Allah ngapura kaluputanira. Allah iku kaparêng ngapura, tur Maha-asih.

29. Sira Ingsun wêruhake mangkono mau, supaya para wong kaphir kang nyêkêl wêwaton kitab, padha wêruha yèn ora ana kang bisa nguwasani sih kanugrahaning Allah, kanugrahan mau mung ana ngastaning Allah piyambak, diparingake marang wong kang dadi parênging karsane, Allah iku kagungan kanugrahan gêdhe.