Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

--- 3 : 1354 ---

Jus kaping wolu likur

Surat Mujadalah (padu)

Tinurunake ana nagara Madinah, rolikur ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. (He Mukhammad) Allah wis marêngake panyuwune wong wadon kang matur ing sira, prakara lakine kang madhakake awake karo biyunge, wong wadon mau sêsambat ing Allah, Allah wis marêngake pasambatira wong sakaloron. Satêmêne Allah iku miyarsa tur mirsani.

2. Sarupane wong lanang kang madhakake rabine karo biyunge, rabine mau têrang dudu biyunge, dene biyunge si lanang kang têmênan, iku ora liya mung wong wadon kang padha nganakake si lanang mau, dadi ênggone madhakake rabi karo biyung mau, têtela

--- 3 : 1355 ---

pangucap goroh, ora cundhuk karo pathokaning sarak.

3. Satêmêne Allah iku karsa ngapura lan muwung kang mangkono mau.

4. Sarupane wong kang madhakake rabine karo biyunge, kang môngka banjur anjabêl pangucape, ênggone madhakake mau, iku kêna ing patrapan, mardikakake kawula, dilakonana sadurunge sarêsmi. Patrapan mangkono mau, tanjane sira dikapokake, aja manèh-manèh sira ngucap kang kaya mangkono. Allah iku waspada marang sadhengah kang padha sira lakoni.

5. Dene sing sapa ora olèh kawula, iku kudu puwasa rong sasi kang tanpa pêdhot, dilakonana sadurunge sarêsmi, manawa ora kêlar puwasa, wajibe kudu awèh pangan wong miskin sawidak, kalawan pangan kang lumrah ing kono, siji-sijining wong Samud. Iku supaya sira padha pracaya

- -- 3 : 1356 ---

ing Allah lan ngèstokake Rasulullah, patrapan mangkono mau têrang saka Allah, mulane sing sapa maido, bakal dipatrapi siksa kang nglarani.

6. Sarupane wong kang nyulayani Allah lan Rasulullah, iku bakal dirèmèhake kaya umat sadurunge wong mau. Ingsun wis nurunake tôndha yêkti pirang-pirang, kang mratandhani têmêne para rasul. Wong kang maido tôndha yêkti mau bakal dipatrapi siksa kang ngrèmèhake.

7. Iya iku ana ing dina kiyamat, nalikane Allah nguripake wong kang wis padha mati kabèh, Allah banjur anjalèntrèhake lan mêlèhake sarupaning laku ala kang wis padha dilakoni dening wong kang padha nyulayani Allah, Allah nacahake sarupaning laku ala lawan rêsik, ora ana kang kècèr, nanging wong kang nyulayani Allah padha lali barang kang wis dilakoni saking dening [de...]

--- 3 : 1357 ---

[...ning] akèh bangêt. Allah iku mirsani samubarang.

8. Apa sira ora andêlêng yèn Allah iku nguningani isèn-isèning bumi lan langit, ora ana kang kècèr, sabên ana wong têlu pating kalêsik caturan wadi, mêsthi papate iku Allah, manawa kang caturan mau wong lima, nênême mêsthi Allah, mangkono uga manawa kang caturan mau luwih sathithik utawa luwih akèh, Allah mêsthi anjênêngi, ana ing ngêndi bae panggonane. Ing besuk dina kiyamat, Allah anjalèntrèhake barang laku marang kang padha nglakoni. Satêmêne Allah iku nguningani samubarang.

9. Apa sira ora andêlêng marang wong Yahudi kang padha dipênging calumikan nyatur ala marang wong mukmin, iya manut, nanging banjur bali nglakoni kang wis dipênging mau, padha nyatur ala kang marakake sêsatron lan dadi dosa, apadene duraka marang Rasulullah,Seharusnya hlm. 1358 dan seterusnya. [Ra...]

--- 3 : 1378 ---

[...sulullah,] manawa wong Yahudi mau seba marang sira, padha uluk salam marang sira, nanging ora kaya salaming Allah, surasane ngupatani, sajroning atine ngucap: Yagene ênggonku ngucap mangkene iki têka ora dituruni siksa dening Allah, wong Yahudi mau kaluputane cukup dicêmplungake ing Naraka Jahanam bae. Ala têmên kawusanane wong Yahudi iku.

10. He para wong mukmin, mênawa sira rasan,rêrasan. aja padha rêrasan kang marakake sêsatron utawa dadi dosa, apadene duraka marang Rasulullah, nanging padha rêrasana kang nuntun panggawe bêcik, lan wêdi ing Allah, sira padha wêdia ing Allah, ing têmbe sira padha dikalumpukake marang pangayunaning Allah.

11. Nyatur ala iku winihe saka setan, pamrihe supaya wong mukmin padha susaha, nanging iya ora bisa ambêbayani [ambê...]

--- 3 : 1379 ---

[...bayani] marang wong mukmin sathithik-thithika, kajaba kalawan kaparênging Allah, mulane para wong mukmin mung padha pasraha ing Allah bae.

12. He para wong mukmin, manawa sira ana ing palinggihan ditanduki têmbung: Mingsêra, aku jaluk ênggon, sira enggal mingsêra, Allah bakal maringi panggonan jêmbar marang sira ana ing suwarga. Dene yèn ditanduki têmbung: Ngadêga, aku jaluk ênggon, iya enggal ngadêga, Allah bakal anjunjung para wong mukmin kancanira, sarta anjunjung darajate wong kang padha sinung kawruh, ana ing suwarga. Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni.

13. He para wong mukmin, manawa sira matur marang Rasulullah, sadurunge matur, nyadhiyakna sidêkah dhisik, iku bêcik bangêt tumrap ing sira, lan ngrêsikake dosanira, manawa sira ora duwe barang kang digawe sidêkah, iya uwis, Allah ngapura ênggonira [ênggo...]

--- 3 : 1380 ---

[...nira] matur marang Rasulullah, tur Maha-asih marang sira.

14. Apa sira wêdi nyadhiyakake sidêkah sadurunge matur ing Rasulullah, manawa ora sira lakoni, kang môngka Allah wis ngapura marang sira, iku banjur sira susulana nglakoni sêmbayang lan bayar jakat, apadene padha manut mituruta dhawuhing Allah lan parentahe Rasulullah, Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni.

15. Apa sira ora andêlêng wong lamis kang padha malengos marang wong kang kêna bêbênduning Allah, iya iku wong Yahudi, wong lamis mau satêmêne ora manut agamanira, lan ora manut agamane wong Yahudi, padha wani supata goroh, ngaku manut agamanira, tur wêruh yèn supatane iku goroh.

16. Allah ngancam siksa kang abot marang wong lamis mau. Ala têmên barang kang dilakoni dening wong lamis iku.

--- 3 : 1381 ---

17. Enggone supata mau kanggo ngaling-alingi awake lan bandhane, aja nganti dipatèni utawa dirayah dening wong Islam, dadi supatane mau bisa nulak panêmpuhe pêrang wong Islam, mulane wong lamis mau ing têmbe mêsthi dipatrapi siksa kang ngrèmèhake.

18. Bandhane lan para anake wong lamis mau ora bisa nulak siksaning Allah sathithik-thithika, wong lamis mau bakal dadi isèn-isèning naraka, ing kono padha langgêng.

19. Besuk dina kiyamat, nalikane Allah nguripake wong lamis kang wis padha mati kabèh, wong lamis mau padha munjuk ing Allah kanthi supata, kaya ênggone supata marang sira saiki, ciptane ênggone supata iku migunani uga, Allah wis wuninga bangêt yèn supatane wong lamis iku goroh kabèh.

20. Wong lamis mau padha kêna panggodhaning

--- 3 : 1382 ---

setan, dadi banjur padha lali ing Allah, lugune wong lamis mau balaning setan, mara ta, balaning setan iku rak wong kapitunan têmênan.

21. Sarupane wong kang nyulayani Allah lan Rasulullah, iku golongane wong kang padha kalah, Allah wis namtokake tinulis ana ing Lohmahphul: Ingsun lan para utusan Ingsun mêsthi ngalahake wong mau. Satêmêne Allah iku Santosa tur Mahamulya.

22. Sira ora bisa olèh wong kang pracaya ing Allah, lan ngandêl anane dina kiyamat, iku supêkêt lan wong kang padha nyulayani Allah lan Rasulullah, sanadyan kalêbu lêluhure utawa anak putune, apadene sadulure utawa pakumpulane, Allah nulisi iman ana ing atine wong kang ora supêkêt lan wong kang padha nyulayani Allah mau, lan ngukuhake sêtya tuhune, kalawan roh saka Allah, wong mangkono mau ing têmbe dilêbokake ing suwarga kang ana [a...]

--- 3 : 1383 ---

[...na] bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, ana ing kono padha langgêng. Allah kaparêng nampani pangabêktine. Wong mau padha lêga atine tômpa ganjaran. Wong mau dadi balaning Allah, mara ta, balaning Allah iku rak padha bêgja.

Surat Khashar (ngalumpuk)

Tinurunake ana nagara Madinah, patlikur ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Isèn-isèning bumi lan langit padha nêbut Mahasuci ing Allah, Allah iku Mahamulya tur Wicaksana.

2. Allah iku kang mêtokake para wong kaphir kang padha duwe wêwaton kitab, saka ing omahe ing nagara Madinah marang tanah Sam. He para wong mukmin, sira ora ngira yèn wong kaphir mau kêlakon mêtu saka ing Madinah. Panyananira,

--- 3 : 1384 ---

omahe si kaphir iku sarèhning padha santosa, kaya-kaya bisa nulak siksaning Allah, nanging nyatane ora, siksaning Allah nêkani si kaphir mau ora kênyanan. Allah anggêtêrake atine si kaphir mau, dadi banjur padha wêdi bangêt, marga pangarêpe kang aran Kangab bin Asraph, mati pêrang lan wong Islam, wong kaphir mahamau. padha nutup omahe, nanging dirusak dening wong Islam saka ing jaba, wong kaphir uga ngrusak omahe saka ing jêro. He para wong kang ganêp pikire, mara padha ngrasakna lêlakon iki.

3. Allah wis namtokake kalawan pêpêsthèn, wong kaphir mau kêlakon lunga saka ing omahe, upama ora mangkono, Allah mêsthi niksa wong kaphir mau ana ing dunya, ing besuk ana ing akhirat, wong kaphir mau padha dipatrapi siksa naraka.

4. Kang mangkono iku, marga wong kaphir

--- 3 : 1385 ---

mau padha nyulayani Allah lan Rasulullah, sing sapa nyulayani Allah, iku dipatrapi siksa, Allah iku siksane abot.

5. He para wong Islam, yèn sira nêgor wit kurma, utawa kurma mau sira nêngake bae, isih ngadêg kaya mau-maune. Rong prakara iku kalawan idining Allah. Enggone paring idin nêgor mau, supaya wong kaphir katona rèmèh bae.

6. Bôndha kang wis dibalèkake dening Allah marang utusane saka tangane wong Yahudi turune Nulèr iku kowe ora padha wadal kangelan nunggang jaran utawa unta, nanging Allah piyambak ngunggulake utusane, mênang karo wong kang dikarsakake kalah dening Allah. Allah iku nguwasani samubarang.

7. Dene barang kang wis diparingake bali dening Allah marang utusane saka tangane wong padesan, iku dadi kagunganing Allah, wajib ditindakake apa saparentahing [sapare...]

--- 3 : 1386 ---

[...ntahing] Allah, lan dadi kagungane Rasulullah, lan dadi duwèke para santanane Rasulullah, lan dadi duwèke para bocah yatim, lan para wong miskin, apadene dadi duwèke wong kang ana paran. Supaya barang jarahan mau aja mung tiba ing tangane kancamu kang padha sugih bae. Samubarang kang diparingake dening Rasulullah marang kowe, iku tampanana, dene barang kang Rasulullah ora parêng, iku padha narimaa. Kowe padha wêdia ing Allah, awit Allah iku siksane abot.

8. Barang mau dadi duwèke para sakhabat pêkir kang padha andhèrèk ngalih Rasulullah saka Mêkah marang Madinah, kang padha diusir dening wong kaphir saka ngomahe, ninggal rajadarbèke, mung ngarêp-arêp sih kanugrahan lan karilaning Allah, lan padha biyantu ing Allah lan Rasulullah, iya iku kang têtêp wong têmên-têmên pasuwitane ing Allah.

9. Dene para sakhabat kang wis manggon ana [a...]

--- 3 : 1387 ---

[...na] ing Madinah, sadurunge rawuh Rasulullah, iku padha pracaya ing Allah, lan padha asih marang para sakhabat kang andhèrèk ngalih marang Madinah, atine ora mèri ênggone para sakhabat kang andhèrèk ngalih padha diparingi panduman marang jarahan mau, malah padha ngalah bab samubarang, sanadyan awake dhewe butuh iya ngalah. Sing sapa bisa nyingkiri panggrangsang, iku têtêp wong bêgja.

10. Dene para sakhabat kang padha têka anyar, sawise sakhabat kang padha andhèrèk ngalih marang Madinah, padha munjuk ing Allah mangkene: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi ngapuraa dhumatêng kawula, saha para sadhèrèk kawula, ingkang anggènipun pracaya ing Tuwan, ngrumiyini kawula, punapadene Tuwan mugi sampun nêbihakên manah kawula dhatêng para tiyang mukmin. Dhuh Pangeran kawula, Tuwan punika wêlas asih.

11. (He Mukhammad) sira apa ora andêlêng wong lamis, padha nyalathoni

--- 3 : 1388 ---

para sadulure, wong kaphir kang padha duwe wêwaton kitab: Manawa kowe nganti kèngsêr saka ing Madinah kene, aku mêsthi milu lunga, aku salawase môngsa gêlêma milu nyulayani kowe, manawa kowe arêp dipatèni, aku ngrewangi kowe. Allah nêksèni lan namtokake, calathune wong lamis mangkono mau bakal cidra.

12. Manawa wong kaphir kang duwe wêwaton kitab mau ditundhung, saka ing Madinah, wong lamis mêsthi ora gêlêm milu, lan manawa dipatèni, wong lamis mêsthi ora gêlêm ngrewangi. Dene manawa padha ngrewangi, mêsthi padha kalah lan kêplayu, wêkasan ora ana kang bisa nulungi wong lamis mau.

13. Wong lamis mau atine wêdi bangêt marang sira, ngungkuli wêdine ing Allah, ênggone mangkono mau, marga wong lamis ora wêruh kawasaning Allah.

14. Wong Yahudi kabèh bae ora ana kang wani pêrang, nglawan sira, kajaba yèn ana [a...]

--- 3 : 1389 ---

[...na] ing padesan kang santosa utawa mawa bètèng, awit wong Yahudi padha diya-diniya, ora rukun. Pangiranira padha golong dadi siji, satêmêne, atine wong Yahudi lan wong lamis, padha sulaya. Kang mangkono mau, marga kabèh bae padha wong kurang ngakale.

15. Iku padha lan lêlakone wong Mêkah kang maro tingal, kang padha mati dhèk pêrang Badar, sadurunge wong Yahudi iku, saprene durung lawas, padha ngrasakake wêwêlake lakune dhewe. Barêng ana ing akhirat, uga dipatrapi siksa kang nglarani.

16. Kaya upamane setan anggodha marang manungsa, calathune: Kowe kaphira, barêng manungsa mau nurut kaphir, setan calathu: Aku ora milu-milu ênggonmu kaphir, aku wêdi ing Allah Pangeraning ngalam kabèh.

17. Wêkasane setan lan wong kêna ing panggodha, loro pisan padha disiksa ana ing naraka, sarta padha langgêng ana ing naraka, iya

--- 3 : 1390 ---

iku patrapane wong kaphir.

18. He para wong mukmin, sira padha wêdia ing Allah, siji-sijining awak padha andêlênga dina kiyamat kang bakal kêlakon ing dina sesuk, padha wêdia ing Allah, satêmêne Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni.

19. Aja kaya wong kang padha lali ora ngabêkti ing Allah, dadi iya lali ênggone murih bêcik marang awake dhewe, wong mangkono iku kabèh padha duraka.

20. Wong ing naraka lan wong ing suwarga iku ora padha, wong ing suwarga iku kabèh padha bêgja.

21. Upama gunung iku duwe pangêrti, sarta Ingsun dhawuhi Kuran iki, mêsthi sira andêlêng gunung mau konjêm, manggut-manggut saking wêdine ing Allah. Upama mangkono mau Ingsun trapake marang manungsa, supaya manungsa padha mikira agunging Allah.

22. Iya iku Allah, ora ana sasêmbahan [sasê...]

--- 3 : 1391 ---

[...mbahan] kalawan bênêr kajaba mung Allah, nguningani samubarang kang samar sarta barang kang kasat mata, iya iku Allah kang Mahamurah tur Maha-asih.

23. Iya iku Allah, ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah, ratu kang Mahasuci, kang paring slamêt, kang paring tôndha yêkti kaelokan marang utusane, kang nguningani sabarang lakuning kawula, kang Mahamulya kang Misesa, tur kang Maha-agung, Allah iku Mahasuci, adoh bangêt yèn kayaa panêmune wong maro tingal.

24. Iya iku Allah, kang wegawe. samubarang iki kabèh, kang murwani samubarang, kang gawe sarupaning wangun, kang kagungan asma bêcik sangang puluh sanga. Isèn-isèning bumi lan langit padha nêbut Mahasuci ing Allah, Allah iku Mahamulya tur Wicaksana.

Surat Mumtakhinah (panyoba)

Tinurunake ana nagara Madinah, têlulas ayat.

--- 3 : 1392 ---

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. He wong kang padha pracaya ing Allah, sira aja padha asih marang satruningsun lan uga satrunira, iya iku para wong kaphir ing Mêkah, aja nibakake katrêsnan marang wong kaphir mau. Wong kaphir mau padha maido agama Islam, lan Kuran kang wis didhawuhake marang sira, sarta padha ngusir Rasulullah lan marang sira saka Mêkah, marga sira padha pracaya ing Allah Pangeranira. Manawa sira padha mêtoni pêrang, nêtêpi agamaningsun, aja asih marang wong kaphir mau, aja mêdharake wadine Rasulullah marang wong kaphir kalawan bisik-bisik marga saka trêsna marang si kaphir. Ingsun nguninguningani. samubarang kang sira samar lan sira êdhèng. Sing sapa bisik-bisik mangkono mau, têtela wong kêsasar saka agamaningsun.

2. Mênawa wong kaphir mau api-api ngrakêti marang sira, iku wusanane dadi satrunira, tangane tumandang gawe malaratira, cangkême nyatur

--- 3 : 1393 ---

ala marang sira, pangarêp-arêpe sira iku dadia kaphir.

3. Para sanakira lan anakira kang ngajak duraka marang sira, iku ora migunani marang sira. Besuk dina kiyamat, Allah misahake sira lan sanakira mau, Allah iku mirsani samubarang kang padha sira lakoni.

4. Sira wis duwe panutan bêcik, iya iku Nabi Ibrahim lan para sakhabate, awit Nabi Ibrahim sasakhabate padha mituturi marang para umate kang kaphir. Aku padha selak marang kowe lan marang sêsêmbahanmu liyane Allah iku, aku padha maido marang kowe. Saiki têtela aku lan kowe dadi satru lan gêgêthingan ing salawas-lawase, kajaba yèn kowe banjur padha pracaya ing Allah piyambak. Nanging Nabi Ibrahim matur marang bapakne: Sampeyan kula suwunakên pangapuraning Allah, awit kula botên sagêd nguwasani punapa-punapa dhatêng sampeyan, manawi badhe [ba...]

--- 3 : 1394 ---

[...dhe] dipun siksa utawi dipun ganjar, punika namung kumambang wontên karsaning Allah. Dhuh Pangeran kawula, kawula nyumanggakakên punapa sakarsa Tuwan, kawula madhêp ing Tuwan, kawusananipun samukawis punika, wangsul ing ngarsa Tuwan.

5. Dhuh Pangeran kawula, kawula mugi sampun Tuwan kawonakên kalihan tiyang kaphir, mindhak sangsaya dados panasaran tumrap pun kaphir. Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi ngapuraa dhumatêng kawula, sayêktosipun Tuwan punika Mahamulya tur Wicaksana.

6. He para umate Nabi Mukhammad, sira wis duwe panutan bêcik, iya iku Nabi Ibrahim sasakhabate mau, dadi panutane wong kang padha wêdi ing Allah lan wêdi dina kiyamat, dene sing sapa asih trêsna marang para wong kaphir, iku ora makewuhi apa-apa marang Allah, awit Allah ora butuh apa-apa marang kawulane tur pantês ingalêmbana.

--- 3 : 1395 ---

7. Allah muga marêngna wong kaphir ing Mêkah kang padha nyatru ing sira, iku kabèh dadi Islam, sabanjure padha sih-sinihan lan sira, Allah iku kuwasa, Allah iku kaparêng ngapura tur Maha-asih.

8. Allah ora nglarangi marang sira, gawe bêcik lan nindakake ngadil utawa têpa marang para wong kaphir kang ora pêrang anglawan sira prakara rêbut agama, lan ora ngusir sira saka ing omahira. Satêmêne Allah iku rêmên wong kang padha nindakake têpa utawa ngadil.

9. Kang mêsthi dilarangi dening Allah iku, mênawa sira asih utawa gawe bêcik marang wong kaphir kang pêrang anglawan sira prakara rêbut agama, utawa ngusir sira saka ing omahira, ênggone ngusir mau ngêdhèng tanpa kering, sing sapa asih utawa gawe bêcik marang wong kaphir mau, iku têtêp wong nganiaya awake dhewe.

10. He para wong mukmin, sawise wong Islam [I...]

--- 3 : 1396 ---

[...slam] rukun lan wong kaphir ana ing Khudebiyah, kalawan prajanji yèn ana wong kaphir arêp milu wong Islam, kudu ditulak, iku manawa ana wong wadon ngaku Islam, lunga saka panggonane wong kaphir, kudu milu marang wong Islam, iku sira cobaa kalawan disumpah, têmên mung nêja dhêmên agama Islam, ora mung sêngit marang lakine kaphir, lan ora mung dhêmên marang wong lanang Islam. Allah nguningani têmên lan gorohe ênggone ngaku pracaya ing Allah. Dene manawa sira ngira yèn Islam têmênan marga gêlêm sumpah, iku aja sira tulak, sira balèkake marang wong kaphir, wong wadon mau ora wênang dadi rabine wong kaphir, wong kaphir iya ora wênang duwe rabi wong wadon mau. Dene maskawin kang wis dibayar dening wong kaphir iku, sira balèkna. Mênawa sira arêp ningkah wong wadon mau, ora ana pakewuhe yèn sira bayar maskawine, sira aja mêngku rabi wong wadon kaphir, [ka...]

--- 3 : 1397 ---

[...phir,] lan sira nagiha maskawine rabinira kang wis sira bayar, mênawa rabinira mau dadi kaphir. Mangkono manèh wong kaphir manawa rabine dadi Islam, iya nagiha maskawine kang wis dibayar. Mangkono iku khukuming Allah, kanggo ngadili marang sira kabèh. Allah iku Nguningani tur Wicaksana.

11. Mênawa sira ora bisa nagih maskawine rabinira kang dadi kaphir marang wong kaphir, kang môngka sira banjur mênang pêrang nglawan wong kaphir mau, iku wong kang rabine lunga dadi kaphir mau, sira paringana panduman jarahan, sapira kèhe maskawin kang wis dibayar, sira padha wêdia ing Allah kang sira pracaya.

12. He Nabi Mukhammad, mênawa sira katêkan wong mukmin wadon, prasêtya ing sira, ora bakal maro tingal pracayane ing Allah, lan ora bakal nyênyolong, lan ora bakal anglakoni [angla...]

--- 3 : 1398 ---

[...koni] jina, lan ora bakal matèni anake, lan ora bakal gawe-gawe, ngaku anak bocah kang satêmêne dudu anake, diawadake anak patutan saka lakine, marga wêdi yèn dipêgat jalaran ora manak, lan ora bakal anglirwakake panggawe bêcik kang sira parentahake. Iku sira tampanana prasêtyane mau, sarta sira suwuna pangapuraning Allah. Satêmêne Allah iku kaparêng Ngapura tur Maha-asih.

13. He para wong mukmin, sira aja padha asih trêsna marang wong kang padha dibêndoni ing Allah, awit wong mau padha ora olèh bêgja ana ing akhirat, padha lan wong kaphir kang wis ana ing kubur, iya ora olèh bêgja ing akhirat.

Surat Saph (sap-sapan)

Tinurunake ana nagara Madinah patbêlas ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, [Mahamu...]

--- 3 : 1399 ---

[...rah,] tur kang Maha-asih.

1. Isèn-isène bumi lan langit padha nêbut Mahasuci ing Allah, Allah iku Mahamulya tur Wicaksana.

2. He para wong mukmin, yagene sira padha kôndha nglakoni kabêcikan kang satêmêne ora sira lakoni.

3. Gêdhe-gêdhening siksa ana ngarsaning Allah, iku manawa sira kôndha nglakoni kabêcikan kang satêmêne ora sira lakoni.

4. Satêmêne Allah iku rêmên marang wong Islam kang padha mangsah pêrang nglakoni dalaning Allah, tataning baris sap-sapan, kaya pagêr bata kang santosa.

5. (He Mukhammad) sira nyaritakna Nabi Musa, nalikane pitutur marang para umate: He para umatku, yagene kowe padha nglarakake atiku, kang môngka kowe wis padha wêruh yèn aku iki utusaning Allah marang kowe. Barêng para umat mau padha puguh nyimpang saka ing bênêr, Allah

--- 3 : 1400 -- -

banjur nyimpangake atine para umat mau. Allah iku ora karsa nuduhake wong kang padha duraka.

6. Lan nyaritakna Nabi Ngisa anake Maryam, biyèn pitutur mangkene: He para turune Israil, aku iki utusaning Allah marang kowe, nêtêpake Kitab Torèt kang ana ngarêpku lan kitabe para nabi kang kuna-kuna, iku têmên kabèh bênêr. Sarta aku mêmêca, ing têmbe bakal ana utusaning Allah kang jumênêng sapungkurku, namane Ahmad. Barêng Nabi Mukhammad jumênêng, kanthi tôndha yêkti kaelokan pirang-pirang, wong Bani Srail padha calathu: Tôndha yêkti iki têtela sikhir.

7. Ora ana wong kang luwih nganiaya marang awake dhewe, tinimbang lan wong kang gawe-gawe, calathu goroh, ngarani marang Allah kang ora patut, kang môngka wong mau wis tômpa dhawuh, dipurih nglakoni agama Islam. Allah iku ora karsa paring pituduh bênêr marang para wong kaphir.

--- 3 : 1401 ---

8. Karêpe wong kaphir mau, kudu matèni cahyaning Allah sarana pangucape, nanging Allah nyampurnakake cahyane, sanadyan wong kaphir padha ora dhêmên, iya karêbèn.

9. Allah iku ngutus rasule, amratakake pituduh bênêr, iya iku agama Islam, dikarsakake ngundhangake, supaya ngalahake agama liya-liyane kabèh, sanadyan wong maro tingal padha ora dhêmên, iya karêbèn.

10. He para wong mukmin, apa sira Ingsun tuduhake dagangan kang nylamêtake sira saka siksa kang nglarani.

11. Iya iku sira kudu pracaya ing Allah lan marang Rasulullah, lan kudu mangsah pêrang Sabilullah, kalawan wadal bôndha lan nyawanira, wruhanira mangkono iku bêcik bangêt tumrap ing sira, manawa iku sira lakoni.

12. Allah ngapura sakèhe kaluputanira, [kalupu...]

--- 3 : 1402 ---

[...tanira,] lan anglêbokake sira ana ing suwarga, kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, lan ana ing omah kang luwih dening endah rêrênggane, dumunung ana sajroning suwarga Ngadan. Kang mangkono iku arakaran. kabêgjan gêdhe.

13. Lan ana manèh bakal pêparinge Allah kang sira dhêmêni, iya iku pitulunging Allah lan bêdhahe nagara Mêkah dening tanganira kalawan tumuli, iku sira ênggoa ambêbungah marang para wong mukmin.

14. He para wong mukmin, sira padha dadia wong biyantu marang agamaning Allah, kaya sakhabate Nabi Ngisa wong rolas, kang padha aran sakhabat Khawari, dhèk samana Nabi Isa dhawuh marang sakhabat Khawari, sapa kang kaduga biyantu marang aku madhêp marang pitulunging Allah. Para sakhabat Khawari padha matur: Kula tamtu sami biyantu dhatêng agamaning Allah. Ing kono wong Bani Srail, ana kang pracaya lan ana kang maido marang Nabi Ngisa, wong rong pôntha [pô...]

--- 3 : 1403 ---

[...ntha] mau banjur padha pêrangan. Dene wong kang pracaya marang Nabi Ngisa padha Ingsun santosakake, wusana mênang pêrange, ngalahake satrune.

Surat Jumngah (dina Jumungah)

Tinurunake ana nagara Madinah, sawêlas ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha- asih.

1. Isèn-isèning bumi lan langit padha nêbut Mahasuci ing Allah, ratu kang Mahasuci, kang Mahamulya tur Wicaksana.

2. Allah iku kang ngutus rasul Nabi Mukhammad, dikarsakake nyurup-nyurupake marang wong bodho, iya iku wong Arab, Nabi Mukhammad mau iya pêthilan saka wong Arab, banjur andhawuhake Kuran ayating Allah marang wong Arab mau, lan ngrêsikake atine wong Arab saka maro tingal. Sarta mêmulang Kitab Kuran kang isi khukuming Allah, sanadyan sadurunge iku,

--- 3 : 1404 ---

wong Arab têtela padha kêsasar, iya kudu disurup-surupake.

3. Lan nyurup-nyurupake marang para umat liya-liyane kang ora mênangi jamane wong Arab mau, Allah iku Mahamulya tur Wicaksana.

4. Kang mangkono iku sih kanugrahaning Allah, diparingake marang wong kang dadi parênging karsane, Allah iku kagungan kanugrahan agung.

5. Sarupane wong kang wis didhawuhi ngèstokake Kitab Torèt, wusana banjur ora gêlêm ngèstokake manut marang Nabi Mukhammad, iku upamane kaya khimar anggawa kitab gêdhe. Ala têmên salokane wong kang padha maido Kuran ayating Allah. Allah iku ora karsa paring pituduh bênêr marang para wong kaphir.

6. (He Mukhammad) sira dhawuha: He wong kang padha nyungkêmi agama Yahudi, manawa kowe padha ngaku kêkasihing Allah, ora susah lantaran manungsa Nabi Mukhammad, manawa têmên mangkono, mara padha nyuwuna mati ing Allah. [A...]

--- 3 : 1405 ---

[...llah.]

7. Salawase, wong Yahudi mau ora pisan ngarêp-arêp mati, marga wis rumôngsa nglakoni dadi kaphir, Allah iku nguningani marang wong kang padha kaphir.

8. (He Mukhammad) sira dhawuha: Pati kang padha kosingkiri iku, enggal lawas mêsthi kalêksanan ing awakmu, kowe banjur padha dibalèkake marang ngarsaning Pangeran kang nguningani barang kang samar-samar lan barang kang kasat mata, ing kono Pangeran banjur anjalèntrèhake samubarang kang wis padha kolakoni.

9. He para wong mukmin, manawa sira padha diundang sêmbayang dina Jumungah, enggal padha mangkata mênyang masjid sêmbayang, eling marang Allah, adol tuku padha sira tinggala, mangkono iku luwih bêcik tumrap ing sira, manawa sira wis wêruh, sira lakonana.

10. Manawa sêmbayang Jumungah wis rampung, sira kêbanjur mlaku-mlaku ana ing bumi ngupajiwa, murih olèh rijêki pêparinging Allah, lan diakèh [dia...]

--- 3 : 1406 ---

[...kèh] elingira ing Allah, supaya sira padha bêgja.

11. (He Mukhammad) wong Islam manawa wêruh ana dagangan utawa tabuhan, banjur padha bubar ênggone sêmbayang Jumungah, marani dagangan utawa tabuhan mau, sira ditinggal ngadêg. Iku sira dhawuha: Ganjaran ana ngarsaning Allah iku luwih bêcik, tinimbang tabuhan lan dagangan, Allah iku bêcik-bêcike kang awèh rijêki.

Surat Munaphikin (para wong lamis)

Tinurunake ana nagara Madinah, sawêlas ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. (He Mukhammad) manawa wong lamis padha seba ing sira, matur: Kula sami nêksèni sampeyan punika têmên utusaning Allah, iku Allah nêksèni yèn calathune [calathu...]

--- 3 : 1407 ---

[...ne] wong lamis mau satêmêne goroh Allah nguningani yèn sira iku têmên utusaning Allah.

2. Wong lamis mau padha wani supata, diênggo ngaling-alingi bandhane lan nyawane, satêmêne ing sabisa-bisa kudu makewuhi tumindake agama Islam, dalaning Allah, wong lamis mau ala têmên kang padha dilakoni.

3. Enggone ala mau marga padha pracaya ing Allah, nanging banjur ambalik dadi kaphir, wusana atine wong lamis mau banjur dikancing ora bisa kalêbon iman. Wong lamis mau dadi ora ngêrti iman.

4. Mênawa sira andêlêng wong lamis mau, gumun dening awake padha bêcik-bêcik. Manawa sira krungu calathune, gumun dening patitis têtêmbungane. Saking gêdhening awake sarta ora gêlêm ngrasakake wêwulang, prasasat balok sumendhe ing pagêr tembok. Wong lamis mau saking wêdine, [wêdi...]

--- 3 : 1408 ---

[...ne,] sadhengah suwara dikira bakal mêlarati ing awake. Wong lamis mau satru mungging cangklakan. Sira diprayitna. Allah bakal nyirnakake wong lamis mau. Anggumunake têka padha suthik pracaya ing Allah, tur wis kurugan tôndha yêkti pirang- pirang.

5. Manawa wong lamis mau padha ditimbali: Padha marenea, Rasulullah bakal nyuwunake pangapuraning Allah marang kowe. Wong lamis mau gèdhèg bae. Sira dêlêng padha malengos, atine gumêdhe.

6. Wong lamis mau sanadyan sira suwunake pangapura utawa ora, padha bae, Allah ora karsa ngapura marang para wong lamis mau. Satêmêne Allah iku ora karsa nuduhake dalan bênêr marang wong kaphir.

7. Iya iku wong kang padha ngucap mangkene: Aja padha wèwèh marang wong kang dadi kancane Rasulullah, kajaba yèn wis pisah karo Rasulullah. Gêdhong pasimpênan ing bumi lan langit iku kagunganing Allah, nanging [na...]

--- 3 : 1409 ---

[...nging] para wong lamis padha ora ngêrti.

8. Wong lamis mau uga padha calathu: Manawa aku gêlêm bali marang Madinah, wong kang mulya kaya aku iki bakal kawalik dadi wong asor kaya wong mukmin iku. Wruhanira, kamulyan lan kamênangan iku kagunganing Allah lan Rasulullah, apadene para wong mukmin. Nanging mangkono iku, wong lamis padha ora wêruh.

9. He para wong mukmin, ênggonira ngopèni bandhanira utawa anakira, aja nganti ngalahake ênggonira eling ing Allah. Sing sapa nglakoni mangkono mau, (lali ing Allah) iku têtêp wong kapitunan.

10. Lan padha mèwèhna barang kang wis Ingsun paringake marang sira, mupung sira durung mati, yèn nganti têkan mangsane mati, sira mêsthi munjuk: Dhuh Pangeran kawula, bok inggih kawula punika Tuwan sarantosakên sakêdhap kemawon, kawula badhe mèwèhakên bôndha kawula, saha badhe dados [da...]

--- 3 : 1410 ---

[...dos] tiyang sae.

11. Allah ora karsa nyarantèkake wong kang wis têkan wêwangêning patine. Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni.

Surat Taghabun (kapitunan)

Tinurunake ana nagara Mêkah, wolulas ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Isèn-isèning bumi lan langit, padha nêbut Mahasuci ing Allah, Allah iku kagungan karaton lan kagungan sakèhing puji, Allah iku nguwasani samubarang.

2. Allah iku kang gawe awakira, dene sira iku ana kang pinêsthi kaphir lan ana uga kang pinêsthi mukmin. Allah iku mirsani samubarang kang padha sira lakoni.

3. Allah gawe bumi langit kalawan nyata, lan mangun sarta ambêcika ambêciki. rupanira, ing têmbe

--- 3 : 1411 ---

barang-barang iku bali marang Allah.

4. Allah iku nguningani isèn-isèning bumi lan langit, lan nguningani barang kang padha sira umpêtake lan sira êdhèng, Allah iku nguningani sakarêntêking ati.

5. (He wong kaphir ing Mêkah) apa sira durung padha wêruh caritane para wong kaphir sadurunge sira, wêkasan padha ngrasakake patrapan ênggone padha kaphir, ana ing dunya ing besuk ana ing akhirat, uga padha dipatrapi siksa kang nglarani.

6. Enggone mangkono iku, marga wong kaphir mau didhawuhi dening para rasule kanthi tôndha yêkti pirang-pirang, wangsulane, apa manungsa iku bisa nuduhake dalan bênêr marang aku. Wong mau banjur padha kaphir lan malengos, suthik pracaya. Allah têtela ora butuh marang pracayane si kaphir. Allah iku ora butuh marang apa-apa, tur pantês ingalêmbana.

7. Panêmune para wong kaphir ing Mêkah, ing

--- 3 : 1412 ---

têmbe ora bakal ditangèkake saka ing pati (he Mukhammad) sira dhawuha: Ora mangkono, dêmi Pangeranku, ing besuk dina kiyamat, kowe mêsthi padha ditangèkake saka ing pati, banjur padha dijalèntrèhi samubarang kang wis padha dilakoni ana ing dunya, kang mangkono mau mungguhing Allah, sapele, gampang bae.

8. Mulane padha pracaya ing Allah lan marang Rasulullah, lan pracayaa marang Kuran, iya iku pêpadhang kang wis Ingsun dhawuhake. Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni.

9. (He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane Allah ngalumpukake sira kabèh, ana ing dina pakumpulan, iya iku dina kapitunan, ing kono sing sapa pracaya ing Allah nalika ana ing dunya, sarta nglakoni panggawe bêcik, Allah muwung sakèhe lakune kang ala wong mau, sarta dilêbokake ing suwarga, kang ana bêngawane mili ana sangisoring [sangi...]

--- 3 : 1413 ---

[...soring] kêkayon, ana ing kono langgêng salawas-lawase, kang mangkono mau aran kabêgjan gêdhe.

9.10. Dene para wong kaphir, kang padha maido Kuran ayat Ingsun, iku padha ana ing naraka, sarta langgêng ana ing kono. Ala têmên kawusanan kang mangkono iku.

11. Sadhengah prakara kang kêlakon, iku ora ana kang tanpa idining Allah. Dene sing sapa pracaya ing Allah, Allah nuduhake atine wong mau marang dalan bênêr, Allah iku nguningani samubarang.

12. Sira padha ngabêktia ing Allah, lan manut mituruta ing Rasulullah. Dene yèn sira padha malengos, suthik nurut, iku tumraping Rasulullah ora dadi apa. Wajibe utusan Ingsun mung ngundhangake dhawuh kang cêtha.

13. Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah, para wong mukmin padha nyumanggakna samubarange ing Allah.

--- 3 : 1414 ---

14. He para wong mukmin, para rabinira lan anak-anakira, iku ana kang dadi satrunira. Mulane padha sira prayitnanana. Dene yèn sira muwung lan ngapura, tanpa sêngên, iku luwih bêcik, satêmêne Allah iku kaparêng ngapura tur Maha-asih.

15. Sakèhe bandhanira lan anak-anakira, iku kabèh ora liwat mung dadi godha, mulane aja padha tinggal ngabêkti ing Allah jalaran ngopèni bôndha utawa anak. Allah bakal maringi ganjaran gêdhe marang sira.

16. Ing sabisa-bisa sira padha wêdia ing Allah, padha ngrungokna lan nampanana dhawuhing Allah, padha ngèstokna parentahing Allah, lan padha wèwèha dumunung ngabêkti ing Allah, iku bêcik bangêt tumrap ing awakira. Sing sapa nyingkiri budi lumuh gawe bêcik, iku têtêp wong bêgja.

17. Manawa sira potang bêcik ing Allah, Allah bakal malês bêcik marang sira tikêl sapuluh [sa...]

--- 3 : 1415 ---

[...puluh] nganti tikêl pitung atus, lan ngapura marang sira. Allah iku ora ngilangake kabêcikaning kawula, tur ora age-age niksa.

18. Nguningani barang kang samar-samar lan kasat mata, kang Mahamulya tur Wicaksana.

Surat Talak (pêgatan)

Tinurunake ana nagara Madinah, rolas ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. He Nabi Mukhammad, manawa sira arêp mêgat wong wadon, rabinira, iku sira pêgata nalikane suci (ora khèl) supaya banjur tumindak ngidahe, ngidah mau sira cathêtana kang têrang. Sira wêdia ing Allah Pangeranira. Wadon kang sira pêgat mau sadurunge pundhat ngidahe, aja sira tundhung saka ing omahe, si wadon iya aja kudu lunga saka ing omahe, [o...]

--- 3 : 1416 ---

[...mahe,] kajaba yèn si wadon mau banjur nglakoni jina, iku kêna banjur ditundhung, kang mangkono iku pranataning Allah, dene sing sapa nêrak pranataning Allah, iku têtêp wong nganiaya awake dhewe. Sira môngsa wêruha, bokmanawa sawise pêgatan, Allah nganakake sabab liya, sarasarana. banjur kudu balèn.

2. Dene yèn wis cêdhak wêwangên ngidah, sarta talake durung êntèk tur tanpa pamancal, iku sira kêna ambalèni mêngku wong wadon mau kalawan bêcik, utawa nglêstarèkake pêgate kalawan bêcik, lan anêksèkna marang kancanira wong loro kang padha ngadil. Manawa sira dadi saksi, nêksènana sumurup ngèstokake parentahing Allah, aja karana apa-apa. Pitutur iki tumrap marang wong kang pracaya ing Allah, lan ngandêl bakal kêlakone dina-dina kiyamat. Sing sapa wêdi ing Allah, Allah paring luwar wong mau saka kasusahan ing dunya lan ing akhirat, sarta paring [pa...]

--- 3 : 1417 ---

[...ring] rijêki kang tanpa kira marang wong mau.

3. Sing sapa pasrah ing Allah, Allah paring cukup marang wong mau, satêmêne sabarang karsaning Allah iku mêsthi kêlakon, Allah namtokake samubarang iku ana wêwatêsane.

4. Sarupane wong wadon kancanira kang wis luwas gêtih lan kang kêdhi, manawa sira mamang khukume, iku ngidahe padha nêlung sasi. Dene wong wadon kang mêtêng, iku ngidahe manawa wis lair wêtêngane. Sing sapa wêdi ing Allah, Allah paring gampang sabarang prakarane wong mau.

5. Mangkono iku parentahing Allah, didhawuhake marang sira. Sing sapa wêdi ing Allah, Allah muwung sakèhe alane mau, lan anggêdhèkake ganjarane wong mau.

6. Wong wadon kang wis sira pêgat mau sira ênggona ing omah duwèkira, kang murwat lan sugih miskinira, aja sira wori barang

--- 3 : 1418 ---

kang makewuhi, murih ora krasane, dene yèn wong wadon mau mêtêng, iku sira ingonana têkan lairing wêtêngane. Apadene mênawa wong wadon mau nusoni anakira, iku sira bayara opahane nusoni, kèh sathithiking opahan, sira mupakatna ing wong sawatara kalawan bêcik. Dene yèn angèl golonge, bayi sira inyakna ing wong liya bae.

7. Supaya wong kang sugih mragadana samurwating sugihe, dene sing sapa rijêkine mung cumpèn, iku mragadana samurwate pêparinging Allah marang wong iku, Allah ora mêksa marang wong, kajaba mung samurwate pêparinging Allah marang wong mau. Allah bakal paring gampang sawise anglakoni kangelan.

8. Pira bae kèhe wong padesan, kang padha duraka ora ngèstokake parentahing Allah Pangerane lan parentahe utusaning Allah, wusana Ingsun timbang abot, lan padha Ingsun patrapi siksa

--- 3 : 1419 ---

naraka kang anggêgirisi.

9. Banjur padha ngrasakake patrapaning kaluputane, dadi wêkasane kapitunan.

10. Allah ngancam siksa kang abot marang wong mau, mulane sira padha wêdia ing Allah. He wong kang duwe ngakal.

11. Kang padha pracaya ing Allah, Allah wis andhawuhake pitutur, iya iku Kuran, lan ngutus rasul kang ngundhangake ayating Allah kang cêtha marang sira, kanggo mêtokake para wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, saka pêpêtênging bodho marang pêpadhanging kawruh utawa iman. Dene sing sapa pracaya ing Allah lan anglakoni panggawe bêcik, Allah bakal anglêbokake wong mau marang suwarga kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, ana ing suwarga padha langgêng salawas-lawase. Allah paring rijêki bêcik marang wong mau.

12. Allah iku kang gawe langit sap pitu, lan gawe bumi uga sap pitu padha [pa...]

--- 3 : 1420 ---

[...dha] lan langit, Malaikat Jabarail nurunake wahyu ana antarane bumi lan langit, supaya sira padha wêruha yèn Allah iku nguwasani samubarang, lan satêmêne kawruhing Allah iku nglimputi samubarang.

Surat Tahrim (ngaramake)

Tinurunake ana nagara Madinah, rolas ayat

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. He Nabi Mukhammad, yagene sira têka ngaramake barang kang wis diwênangake dening Allah marang sira, iya iku amatira Mariyah, mung murih lêgane atine para rabinira bae. Allah iku kaparêng ngapura tur Maha-asih.

2. Allah wis nindakake udhare supatanira ênggonira ngaramake amatira Mariyah, sarana kapharat mardikakake kawula. Allah iku bêndaranira, Allah iku Nguningani tur Wicaksana.

--- 3 : 1421 ---

3. Nalikane Nabi Mukhammad bisik-bisik marang rabine kang aran Khaphsah, awèh wêruh ênggone ngaramake amate kang aran Mariyah, Khaphsah banjur kôndha prakara iku marang Ngaisah, uga rabine Nabi Mukhammad. Allah banjur misik marang Nabi Mukhammad bab ênggone kôndha Khaphsah marang Ngaisah mau, kang diwisikake mung sawatara, ana uga kang ora diwisikake. Barêng Nabi Mukhammad mêlèhake lan anyrêngêni marang Khaphsah ênggone mêdharake wadi, Khaphsah matur: Sintên ingkang nyaosi pirsa ing sampeyan bab anggèn kula cariyos dhatêng Ngaisah punika. Nabi Mukhammad mangsuli: Allah kang nguningani lan waspada marang samubarang, iku kang paring pirsa marang aku.

4. He Khaphsah lan Ngaisah, manawa sira padha tobat marang Allah, marèni atinira ênggone dhêmên lungane Mariyah, Allah nglêstarèkake tobatira. Dene yèn sira padha sabiyantu murih lungane Mariyah, iku

--- 3 : 1422 ---

tumraping Rasulullah ora dadi apa, awit Allah lan Malaikat Jabarail, apadene para wong mukmin kang bêcik, padha nulungi Rasulullah, sawise iku, para malaikat uga padha nulungi Rasulullah.

5. Upama kêlakon Nabi Mukhammad mêgat ing sira kabèh, Pangerane Nabi Mukhammad bakal paring liru bojo akèh kang bêcike padha ngungkuli sira, iya iku wong wadon Islam, pracaya ing Allah, sumungkêm ing Allah, tobat nêja marèni kaluputane, nêmbah ing Allah, dhêmên puwasa, ana kang lanjar lan ana kang prawan.

6. He para wong mukmin, sira padha anjagaa awakira lan para warganira, aja nganti kacêmplung ing naraka, kang urub-urube manungsa lan watu, kang jaga ing kono para malaikat kang padha gêdhe dhuwur lan gagah prakosa, ora tau nglirwakake parentahing Allah, padha nglakoni sabarang dhawuhing Allah.

--- 3 : 1423 ---

7. He para wong kaphir, ing dina kiyamat iki, sira aja nganggo madoni, mratelakake sabab-sabsabab-sabab. ênggonira padha nglakoni duraka, anane sira disiksa iku, mung wêwalêse piala kang wis padha sira lakoni nalika ana ing dunya.

8. He para wong mukmin, sira padha tobata ing Allah kang têmên. Allah muga ngapuraa lan muwunga alanira, lan muga nglêbokna sira ing suwarga kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, kalakone mangkono mau besuk dina kiyamat, ing kono Allah ora ngasorake Nabi Mukhammad lan para kancane kang padha mukmin, cahyane padha mancorong, madhangi ing ngarêpe lan ing kiwa têngêne. Padha munjuk ing Allah, dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi nyampurnakna cahya kawula, lan muga ngapuraa dhumatêng kawula, Tuwan punika nguwasani samukawis.

9. He Nabi Mukhammad, sira pêranga, nglawan para [pa...]

--- 3 : 1424 ---

[...ra] wong kaphir lan para wong lamis. Kabèh padha sira santosanana. Besuk ana ing akhirat, wong kaphir mau padha ana ing Naraka Jahanam. Ala têmên kawusanan kang mangkono iku.

10. Allah anggêlar upama tumrap wong kang padha kaphir, kang diênggo upama, rabine Nabi Nuh lan rabine Nabi Lut, wong wadon loro mau padha dadi rabine kawulaningsun wong loro, padha wong bêcik, nanging wong wadon loro mau padha cidra marang lakine. Nabi Nuh lan Nabi Lut padha ora bisa ngayomi sathithik-thithika, marang rabine, nyuwunake wurung siksaning Allah. Wong wadon loro mau padha tômpa dhawuh: Sira padha malêbua ing naraka, awor wong kang padha malêbu ing naraka.

11. Lan manèh Allah anggêlar upama, tumrap wong kang padha pracaya ing Allah, kang diênggo upama, rabine Raja Phirngon, [Phir...]

--- 3 : 1425 ---

[...ngon,] munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi andamêlna griya kawula wontên ing suwarga, kawula mugi Tuwan paringi wilujêng, kalis saking Raja Phirngon lan saking piawonipun, saha mugi Tuwan paringi wilujêng saking piawonipun para tiyang kaphir.

12. Lan kang diênggo upama manèh Dèwi Maryam anake Ngimran, kang têmên-têmên ênggone rumêksa pawadonane, mulane Ingsun panjingi roh Ingsun, banjur mêtêng nglairake Nabi Ngisa, Dèwi Maryam mau ngèstokake dhawuhing Allah Pangerane lan pracaya ing kitabe Allah, sarta ngabêkti ing Allah.