Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

Jus kaping sanga likur

Surat Muluk (karaton)

Tinurunake ana nagara Mêkah, têlung puluh ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, [Maha...]

--- 3 : 1426 ---

[...murah,] tur kang Maha-asih.

1. Allah iku Mahasuci, angasta karaton. Allah iku nguwasani samubarang.

2. Kang gawe pati lan gawe urip, kang nyoba marang sira kabèh, êndi kang lakune luwih bêcik. Allah iku Mahamulya tur kaparêng ngapura.

3. Kang gawe bumi lan langit sap pitu, pandêlêngira gêgaweaning Pangeran kang Mahamurah iku, ora ana kang ora prayoga. Mara sira tumêngaa, andêlênga ing langit. Apa sira wêruh langit iku ana kang bêngkah.

4. Mara banjur tumênga manèh, mêsthi pandêlêngira ambalik, konjêm, ora bisa wêruh cacade gêgaweaning Pangeran.

5. Ingsun angrêngga langit dunya (langit kang ngisor dhewe) kalawan lintang pirang-pirang, lintang mau Ingsun ênggo balang, ambalangi para setan, dene setan mau padha Ingsun ancam siksa Naraka Sangir.

6. Sarupane wong kang maido ing Allah [A...]

--- 3 : 1427 ---

[...llah] Pangerane, iku padha dipatrapi siksa Naraka Jahanam. Ala têmên kawusanan kang mangkono iku.

7. Nalikane wong kaphir padha dicêmplungake ing naraka, panjêrite karungu, naraka mau umob mumpal-mumpal.

8. Saking nêpsuning naraka, wong kaphir mèh mrotholi, sabên ana wong kaphir sagolongan dicêmplungake ing naraka, ditakoni dening malaikat kang rumêksa naraka, apa biyèn kowe ora diwêwêdèni naraka iki dening rasul.

9. Wong kaphir mau padha mangsuli, inggih, kula sampun dipun ajrih-ajrihi dening rasul, nanging kula maibên, wangsulan kula: Allah botên andhawuhakên punapa-punapa, sampeyan punika têtela kêsasar sangêt.

10. Wong kaphir mau padha ngucap: UpaUpama. aku biyèn ngèstokake dhawuh utawa mikir, kaya-kaya ora kacêmplung ing Naraka Sangir.

11. Dadi wong kaphir mau wis padha ngaku

--- 3 : 1428 ---

dosane, ênggone maido para rasul, mulane wong ing Naraka Sangir mau padha didohake saka rahmating Allah.

12. Sarupane wong kang padha wêdi ing Allah Pangerane ana ing pasêpèn, iku padha olèh pangapuraning Allah, lan diparingi ganjaran gêdhe.

13. Mara padha calathua lirih utawa sêru, iku ingatase Allah padha bae, awit Allah iku nguningani sakarêntêking ati.

14. Allah kang gawe pangucap lirih, apa ora nguningani calathunira kang lirih, Allah iku alus tur waspada.

15. Allah iku kang andadèkake bumi iki gampang diênggo malaku, sira padha mlakua ana lumahing bumi, lan padha mangana rijêkining Allah, kang wis dicawisake dening Pangeranira. Ing têmbe manungsa iki padha digêlar ana ngarsaning Allah.

16. Apa sira nyana yèn Allah kang kagungan karaton langit iku ngarsakake sira diuntal ing bumi kaya Si Karun biyèn, nyatane

--- 3 : 1429 ---

ora, bumi iku mubêng, sira ora tiba.

17. Apa sira nyana yèn Allah kang kagungan karaton langit iku karsa ngudani watu marang sira, nyatane ora, nanging ing têmbe sira mêsthi wêruh nyatane kang Ingsun ênggo mêmêdèni sira.

18. Para umat sadurunge wong kaphir ing Mêkah iku, biyèn uga padha maido marang rasule, wusana kapriye ta nyatane ênggon Ingsun nyulayani, para umat mau padha Ingsun turuni siksa têmênan.

19. Wong kaphir apa padha ora andêlêng manuk kang padha matur ing dhuwure, sadhela ngêgarake suwiwi, lan sadhela ngingkupake suwiwi, kang rumêksa manuk mau ora nganti tiba, ora ana manèh kajaba mung Allah kang Mahamurah, satêmêne Allah iku mirsani samubarang.

20. Apa brahala iki kang sira kira dadi kancanira, bakal bisa nulungira,nulungi sira. bisa murungake siksaning Allah, kang bisa nulungi dudu Pangeran kang Mahamurah. Panêmune wong kaphir iku têtela kajalomprong.

--- 3 : 1430 ---

21. Manawa Allah ora kaparêng paring rijêki marang sira, apa brahala iki awèh rijêki marang sira. Wong kaphir malah saya andadra ênggone gumêdhe lan nasar.

22. Wong picak, mlaku tumungkul, iku luwih wêruh ing dalan kang bênêr, ngungkuli wong kang ora picak kang ênggone mlaku jêjêg.

23. (He Mukhammad) sira dhawuha: Allah iku kang gawe awakira, sarta maringi pangrungu lan pandêlêng apadene pikiran marang sira, ewadene sira iku kang ngunjukake panuwun mung sathithik.

24. (He Mukhammad) sira dhawuha: Allah iku kang gawe awakira, sarta paring panggonan ana ing bumi, ing têmbe sira padha dikalumpukake marang ngarsaning Allah.

25. Wong kaphir ing Mêkah padha matur: Manawi pangandika sampeyan punika yêktos, benjing punapa kalampahanipun manungsa dipun kalêmpakakên punika.

26. (He Mukhammad) sira dhawuha: Dina kiyamat [ki...]

--- 3 : 1431 ---

[...yamat] iku, mung Allah piyambak kang wuninga titimangsane. Aku iki ora liwat mung mêmêdèni kang cêtha.

27. Sawise dikalumpukake, barêng manungsa padha andêlêng siksa wis cêdhak, wong kaphir padha pucêt raine, banjur padha didhawuhi: siksa saiki kang padha sira paido biyèn. Sira ngarani ora bakal ditangèkake saka ing pati.

28. (He Mukhammad) sira dhawuha: Upama Allah numpês marang aku sakancaku para wong Islam, kaya pangarêp-arêpmu, utawa asih marang aku, iku ora maidahi apa-apa marang kowe. Sawise mangkono kapriye, sapa kang nylamêtake kowe saka siksa kang nglarani, kajaba mung Allah.

29. Sira dhawuha manèh: Allah iku Pangeran kang Mahamurah, aku pracaya lan nyumanggakake samubarangku ing Allah. Ing têmbe kowe bakal padha wêruh wong kang kêsasar iku apa aku apa kowe.

--- 3 : 1432 ---

30. Sira dhawuha manèh: Mênawa banyu iki asat kabèh, kapriye panêmumu, sapa kang bakal nêkakake banyu kang mlapar-mlapar, kajaba mung Allah.

Surat Kalam (Kalam)

Tinurunake ana nagara Mêkah, sèkêt loro ayat

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha- asih.

1. Nun, iku araning aksara Ngarab, Allah ênggone ngandika mangkono mau, mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan karêpe. Dêmi kalam kang nulis ana ing Lohmahphul, lan dêmi têtulisane para malaikat.

2. (He Mukhammad) sira iku ora edan, marga tômpa kabungahan pêparinge Pangeranira, kaya panêrkane wong kaphir.

3. Satêmêne sira iku tômpa ganjaran kang tanpa kêndhat salawas-lawase.

4. Lan satêmêne sira iku nêtêpi agama [aga...]

--- 3 : 1433 ---

[...ma] gêdhe.

5. Sadhela êngkas sira andêlêng kanyataan, wong kaphir ing Mêkah uga padha andêlêng.

6. Sapa kang nyata edan, sira apa para wong kaphir ing Mêkah.

7. Satêmêne Pangeranira nguningani wong kang kêsasar saka dalaning Allah, lan uga nguningani wong kang padha nêtêpi pituduh bênêr.

8. Mulane sira aja manut wong kang padha maido Kuran.

9. Karêpe wong kaphir mau, sira iku lêmêsa lan asiha, aja ngarubiru ênggone padha maro tingal, wong kaphir uga banjur padha lêmês lan asih, ora nglarani marang sira.

10. Aja manut wong kang dhêmên supata goroh, pikire ala.

11. Dhêmên nacad wong lan tumbak cucukan.

12. Mênging gawe kabêcikan, dhêmên nganiaya lan duraka.

13. Wangkot lan dablêg sarta ngaku bêcik.

14. Aja dumèh wong kang mangkono mau [ma...]

--- 3 : 1434 ---

[...u] sugih bôndha lan anak.

15. Manawa diwacakake Kuran ayat Ingsun, calathune: Iku gawe-gawene para wong kuna.

16. Wong mangkono iku, Ingsun dokoki têngêr salawase urip, nalika pêrang ing Badar Ingsun pruthul irunge.

17. Ingsun paring coba marang wong Mêkah kalawan larang pangan kang bangêt, padha lan ênggon Ingsun nyoba marang wong ing Sarwan tanah Yaman, kang padha duwe palêmahan, warisan saka bapakne, awit padha supata, tandurane mêsthi padha diundhuhi ing wayah Subuh (bangun esuk) supaya aja dijaluki wong miskin.

18. Supatane tanpa sumendhe ing karsaning Allah.

19. Ing kono wong kang duwe tanduran mau lagi padha turu, Pangeranira nurunake gêni, ngobong tandurane, êntèk dadi awu.

20. Barêng wayah bangun esuk, tanduran [tandur...]

--- 3 : 1435 ---

[...an] mau wis rupa irêng kabèh, kaya wêngi kang pêtêng andhêdhêt.

21. Ing wayah bangun esuk, kang padha duwe tanduran padha ajak-ajakan ngundhuhi tandurane.

22. Mara padha tilikana tanduranmu manawa kowe arêp ngundhuhi.

23. Kang duwe tanduran banjur padha niliki tandurane, sarta padha rêrasan pating kalêsik.

24. Awit dina iki palêmahan iki aja nganti kalêbon wong miskin.

25. Ing wayah esuk, wong mau padha mangkat, nêja anjaga palêmahane, rumasa bisa nguwasani tandurane.

26. Barêng andêlêng tandurane wis dadi awu, banjur padha ngucap: Satêmêne aku kang luput.

27. Saiki aku ora bisa mangan wohe tanduranku, marga ênggonku kumêd marang wong miskin.

28. Wong mau kang bêcik, calathu mangkene: Aku rak wis pitutur marang kowe,

- -- 3 : 1436 ---

kang kolakoni iku, Allah ora parêng, yagene kowe têka ora tobat, banjur nêbut Mahasuci ing Allah.

29. Wong kang duwe palêmahan banjur padha ngucap: Dhuh Allah Pangeran kawula, Tuwan punika Mahasuci, kawula sampun ngakêni kalêpatan kawula, anggèn kula kumêd dhatêng tiyang miskin.

30. Wong mau siji lan sijine banjur padha tutuh-tinutuh.

31. Padha ngucap: Adhuh cilaka têmên aku, aku wis rumasa luput, kapriye yèn ora olèh pangapura.

32. Allah Pangeranku muga paringa liru marang aku, kang luwih bêcik tinimbang lan tanduranku kang wis kobong dadi awu, aku ngarêp-arêp bangêt, muga tobatku iki ditarima ing Pangeranku. Allah narima tobate wong mau, palêmahane kang kobong mau banjur diputêr dening Malaikat Jabarail, diêlih mênyang tanah Sam, dilironi palêmahan kang bêcik saka ing

--- 3 : 1437 ---

tanah Sam.

33. Kang mangkono iku ewoning siksa ing dunya, manawa wong kaphir iku wêruha yèn siksa ing akhirat iku luwih abot manèh, mêsthi ora gêlêm anglakoni dosa.

34. Para wong wêdi ing Allah iku ana ing ngarsaning Pangerane padha olèh ganjaran Suwarga Nangim.

35. Para wong Islam apa Ingsun padha bae karo wong kaphir iku, ora.

36. Yagene sira wong kaphir padha nganggêp padha bae.

37. Apa sira padha duwe wêwaton kitabing Allah kang padha sira waca.

38. Mratelakake sira kêna nglakoni sakarêp- karêpira.

39. Apa sira nyêkêl sêsanggêman Ingsun mawa supata, kukuh ora bisa udhar nganti têkan dina kiyamat. Dadi ênggonira ngaku wong bêcik, mulya ana ngarsaning Allah, iku nyata.

--- 3 : 1438 ---

40. Wong kaphir padha sira takonana, sapa kang tanggung kêlakone ênggonira ngaku besuk ana ing akhirat, bakal ngungkuli para wong mukmin.

41. Apa wong kaphir mau padha duwe kônca kang tunggal panêmu, nanggung panêmune mau bakal kalêksanan, manawa têmên mangkono, mara padha nêkakna kancane kang nanggung mau.

42. Sira nyaritakna dina kiyamat, ing kono parentahing Allah kêncêng lan abot. Sarupane wong kaphir padha dicoba, dikarsakake sujud, nanging padha ora bisa sujud, marga gêgêre padha kaku, ora bisa andhingkluk, dadi padha têtela kaphir ora tau sujud.

43. Wong kaphir padha konjêm tumungkul andêlêng mangisor, padha rumasa asor, nalika ana ing dunya wis padha didhawuhi sujud sêmbayang, nanging padha nglirwakake.

44. Wong kaphir mau ênggone ora maèlu marang Ingsun, sira togna bae, awit sing

--- 3 : 1439 ---

sapa maido caritaning Kuran iki, mêsthi Ingsun lorod kabêgjane saka sathithik, nganti padha ora krasa.

45. Ingsun nyarantèkake paniksane wong kaphir mau, pangluluningsun mêsthi kalêksanan.

46. Apa sira kudu anjaluk pituwas marang wong kaphir ênggonira mratakake dhawuh, si kaphir kabotan ênggone bayar pituwas marang sira. Yèn mangkono, dadi si kaphir bakal ora pracaya marang sira.

47. Apa wong kaphir iku padha kanggonan kawruh marang barang kang samar-samar, dadi sabarang kang diucapake iku turunan saka kawruh kang samar-samar mau.

48. Sira mung narimaa, nglakoni sakarsane Pangeranira, aja kêsusu kaya Nabi Yunus kang diuntal ing iwak biyèn, ana sajronêngsajroning. wêtêng sêsambat ing Allah, bangêt susahe.

49. Upama Nabi Yunus mau ora kêtungka olèh pêparinging Allah kabungahan,

--- 3 : 1440 ---

iya iku ditarima tobate, amêsthi diwêtokake saka wêtênging iwak ana ing ara-ara, tur dicacad dening Allah.

50. Nabi Yunus banjur dipilih dening Pangerane, didadèkake ewone wong bêcik.

51. Satêmêne para wong kaphir iku, barêng krungu wêwulanging Kuran, matane mèh molor saking bangête ênggone manthêlêng, pangucape: Nabi Mukhammad iku edan.

52. Kuran iku ora liwat mung wêwulang tumrap saisining jagad kabèh.

Surat Khakkah (nyata)

Tinurunake ana nagara Mêkah, sèkêt loro ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Dina kiyamat kang mêsthi kalakon iku.

--- 3 : 1441 ---

2. Apa kang aran dina kiyamat mau.

3. Lan sapa kang awèh wêruh marang sira bab kaanane kiyamat mau.

4. Wong Samud lan wong Ngad biyèn padha maido dina kiyamat, kang ênggone anggêgirisi andhodhog ati.

5. Wong Samud mau padha disirnakake dening Allah sarana pêtake Malaikat Jabarail.

6. Dene wong Ngad iku padha disirnakake sarana prahara gêdhe kang suwarane anggêgirisi.

7. Angin mau nêmpuh marang wong Ngad, lawase nganti wolung dina pitung bêngi kang tumaruntun, ing kono wong Ngad padha mati, anggêlasah kaya wit kurma padha rungkad.

8. Apa sira wêruh wong Ngad mau ana kang kari, isih urip, ora.

9. Raja Phirngon lan para umat kaphir sadurunge Raja Phirngon, apadene wong muktaphikat, iya iku para umate Nabi Lut, kabèh [ka...]

--- 3 : 1442 ---

[...bèh] padha nglakoni kaluputan.

10. Padha duraka ora manut utusane Pangerane, Nabi Musa lan Nabi Lut sapanunggalane, mulane padha dituruni siksa dening Allah kang luwih dening bangêt.

11. Nalika bêna tophan, barêng banyu wis munggah, lêluhurira Ingsun tunggangake prau.

13.12. Kang mangkono iku Ingsun ênggo wêwulang, supaya dieling-elinga dening wong kang duwe kuping pangrungu bisa ngèlingi.

13. Besuk nalika sêmpronge Malaikat Israphil didamu sapisan

14. Bumi lan gunung-gununge padha digulung lan dijunjung, ing kono bumi sagununge mau padha ajur dadi êndhêk-êndhêk amun-amun.

15. Ing dina iku dina kiyamat kêlakon

16. Langit banjur bêngkah, ing dina iku langit mari santosa.

17. Para malaikat padha nisih ing kiwa têngêne kang bêngkah, ing dina iku ana malaikat wolu padha mikul ngarase Pangeranira ana [a...]

--- 3 : 1443 ---

[...na] ing dhuwure para malaikat kang padha nisih mau.

18. Ing dina iku sira padha diajokake marang pangayunaning Allah, ditimbang ala lan bêcikira, Allah ora kasamarakasamaran. samubarang kang padha sira singidake nalika ana ing dunya.

19. Sing sapa diulungi layang cathêtaning lêlakone saka ing têngên, iku saking dening bungahe, banjur calathu marang kônca-kancane, mara padha wacanên layang cathêtaning lêlakonku.

20. Nalika ana ing dunya aku namtokake, ala bêcikku bakal ditimbang ana ing akherat.

21. Dadi wong iku uripe nêtêpi kaparênging Allah.

22. Manggon ana ing suwarga kang luhur.

23. Wowohane cêndhèk-cêndhèk.

24. He wong ing suwarga, sira padha mangana lan ngombea ana ing suwarga kalawan enak, iku ganjaraning kabêcikan kang padha sira lakoni biyèn, pirang-pirang dina ana ing dunya.

25. Dene wong kang diulungi layang cathêtaning [cathêta...]

--- 3 : 1444 ---

[...ning] lêlakone saka ing kiwa, iku padha ngucap: Adhuh, aku bok aja diulungi layang cathêtaning lêlakonku bae.

26. Aku ora wêruh kapriye panimbange ala bêcikku.

27. Adhuh, bok iya ênggonku mati ana ing dunya iku wis rampung, ora diuripake manèh.

28. Bandhaku ora pisan bisa mradikakake aku.

29. Kasantosanku wis sirna kabèh.

30. Dhawuhing Allah: He malaikat kang jaga Naraka Jahanam. Wong kaphir iku sira cêkêla, nuli sira balênggua.

31. Nuli sira cêmplungna ing Naraka Jakhim.

32. Nuli sira lêbokna ing naraka rante kang dawane pitung puluh asta. Astaning malaikat.

33. Awit wong kaphir iku ora pracaya ing Allah kang Maha-agung.

34. Lan ora gêlêm têtulung nguluri pangan marang wong miskin.

--- 3 : 1445 ---

35. Mulane ing dina iki ora duwe sanak kang kêna dieyubi

36. Lan ora duwe panganan kajaba nanahe wong ing naraka.

37. Ora ana kang mangan nanah mau kajaba para wong kaluputan kaphir.

38. Ingsun supata kalawan barang kang kasat mata ing sira.

39. Lan barang kang ora kasat mata ing sira.

40. Satêmêne Kuran iku pangucape utusaning Allah kang mulya, iya iku Malaikat Jabarail.

41. Dudu pangucape wong nêmbang, nanging sira padha ora ngandêl.

42. Lan dudu pangucape wong mêmêthèk, nanging sira ora padha mangan wuruk.

43. Kuran iku dhawuh têrang saka Allah, Pangeraning ngalam kabèh.

44. Manawa Nabi Mukhammad wani gawe-gawe, andhawuhake kang dudu pangandikaningsun, diawadake têrang saka Ingsun.

--- 3 : 1446 ---

45. Mêsthi Ingsun patrapi siksa têmênan.

46. Nuli Ingsun tugêl gantilaning atine.

47. Sira kabèh ora ana kang bisa nulak siksaningsun marang Nabi Mukhammad.

48. Satêmêne Kuran iku wêwulang marang para wong wêdi ing Allah.

49. Satêmêne Ingsun nguningani yèn sira iku ana kang maido Kuran.

50. Satêmêne Kuran iku bakal andadèkake gêtune para wong kaphir, ênggone padha maido Kuran.

51. Satêmêne Kuran iku maligi nyata.

52. Mulane sira nêbuta MahasuMahasuci. ing Allah, kalawan ngucapake asmane Pangeranira kang Maha-agung.

Surat Mangarij (unggah-unggahan)

Tinurunake ana nagara Mêkah, patang puluh papat ayat.

--- 3 : 1447 ---

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Kyai Nalar bin Kharêt, anggêdhag têkaning siksa.

2. Marang para wong kaphir, kang dipratelakake, ora ana kang bisa nulak.

3. Siksa saka Allah kang kagungan langit, iya iku panggonan munggahe para malaikat.

4. Para malaikat lan roh, iya iku Malaikat Jabarail, padha munggah marang panggonan tumurune parentahing Allah. Kalakone siksa mau tinamtokake ana ing dina kiyamat, iya iku dina kang dawane padha lan sèkêt èwu taun.

5. (He Mukhammad) sira sabara kalawan têntrêm.

6. Pangrasane si kaphir, siksa iku isih lawas bangêt kalakone, utawa mokhal kalakone.

7. Nanging Ingsun ngarani wis cêdhak lan mêsthi kalakon. [kala...]

--- 3 : 1448 ---

[...kon.]

8. Ing dina kiyamat iku, warnaning langit kaya jèr-jèran salaka.

9. Dene gunung-gunung iku kaya kapuk diwusoni.

10. Lan ora ana wong têtakon marang sanake, saking dening wêdine.

11. Para wong mau padha andêlêng marang sanake, nanging ora wani têtakon, pangarêp-arêpe wong kaphir, siksa ing dina kiyamat iku wurunga sarana si kaphir mau nyaosake anak-anake.

12. Lan nyaosake rabine lan sadulure.

13. Lan nyaosake batihe kang dadi wêwêngkone.

14. Upama wong kaphir mau duwea saisining bumi, kaduga nyaosake kabèh, panyuwune mung dislamêtna saka ing siksa.

15. Allah ora kaparêng, satêmêne siksa naraka iku Naraka Ladza arane.

--- 3 : 1449 ---

16. Nglonyomake kulit.

17. Naraka mau ngundang-undang wong kaphir, kang mungkur suthik pracaya ing Allah, lan malengos marang bênêr.

18. Lan ngalumpukake bôndha mung disimpên ing kanthong bae, suthik bayar jakat.

19. Satêmêne manungsa iku dititahake murka.

20. Lire, mênawa kambah ing lara ngêrsula.

21. Lan mênawa kambah ing bêcik, nêmu kabêgjan, banjur kumêd.

22. Kajaba para wong mukmin.

23. Kang padha nêtêpi sêmbayang.

24. Lan kang padha bayar jakating bandhane, apa bênêre kang ditamtokake.

25. Dibayarake marang wong kang gêlêm anjaluk, lan kang ora gêlêm anjaluk.

26. Lan kang padha ngandêl bakal anane dina kiyamat.

27. Lan kang padha wêdi siksaning Pangerane.

28. Awit ora ana wong kawasa, mêsthi kalis [ka...]

--- 3 : 1450 ---

[...lis] saka siksaning Pangerane.

29. Lan kang padha ngati-ati ênggone rumêksa pêrjine (kawirangane).

30. Kajaba tumrap marang bojone dhewe, utawa wong kang dadi darbèke, iku dudu larangan.

31. Dene sing sapa narajang cumbana lan liyane rong prakara iku, têtêp wong nampik barang kang khalal, milih kang kharam.

32. Lan kang padha tuhu, ora nyidrani sêsanggêmane lan rumêksa barang titipan.

33. Lan kang padha nêksèni ana ing pangadilan kalawan satêmêne bae.

34. Lan kang padha nglakoni sêmbayang têtêp ana ing waktune.

35. Wong mangkono mau bakal padha manggon ana ing suwarga lan diaji-aji.

36. Wong kaphir padha rêbut dhucung ngrungokake pituturira, iku apa gunane, têka ora makolèhi awake.

37. Padha krompolan ngrungokake

--- 3 : 1451 ---

pituturira, ana ing kiwanira lan têngênira.

38. Apa siji-sijine wong kaphir mau padha kapengin dilêbokake ing Suwarga Nangim.

39. Tangèh yèn kêlakona, manungsa padha Ingsun gawe saka mani, manungsa iya wis padha wêruh. Iku dudu bênêre duwe pangarêp-arêp malêbu ing suwarga, kajaba yèn wêdi ing Allah.

40. Ingsun supata, dêmi Pangeraning panggonan surupe sakèhing lintang, lan dêmi Pangeraning panggonan mêtune lintang kabèh, Ingsun iki kawasa têmênan.

41. Bisa gawe manungsa liya, kang bêciking ngungkuli wong kaphir iku, manut miturut parentahing Allah, gagah prakosa bandhu-bôndha, mokhal yèn Ingsun ora bisa.

42. Mulane wong kaphir iku sira togna bae, karêbèn padha salulup ana ing panasaran, lan karêbèn padha tutug ênggone padha girang-girang, nganti têkan dina kiyamat, wêwangêne ênggone padha diancam siksa naraka.

43. Iya iku dina nalikane wong kaphir padha [pa...]

--- 3 : 1452 ---

[...dha] mêtu saka ing kubure, padha rêrikatan marani malaikat kang ngundang-undang, kaya ênggone rêrikatan marani brahala sêsêmbahane.

44. Pandêlênge padha tumungkul saking dening asore. Dina iku dina kiyamat, kang diancamake marang para wong kaphir nalika ana ing dunya.

Surat Nuh (Nabi Nuh)

Tinurunake ana nagara Mêkah, sangalikur ayat.

Awit ingkang asma Allah ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Ingsun wis ngutus Nabi Nuh, nyurup-nyurupake marang para umate: He Nuh, sira mêmêdènana marang para umatira, padha nglakonana panggawe bêcik, mupung durung katêkan siksaning Allah kang nglarani, ana ing dunya lan ing akhirat.

2. Dhawuhe Nabi Nuh: He para umatku, aku iki nyurup-nyurupake lan mêmêdèni marang kowe.

3. Kowe padha nêmbaha lan wêdia ing

--- 3 : 1453 ---

Allah, apadene padha manut mituruta marang pituturku.

4. Allah bakal ngapura sakèhe dosamu, lan bakal nyarantèkake kowe nganti têkan wêwangên kang wis tinamtokake, iya iku têkan ing pati. Manawa kowe padha wêruh, wêwangêning Allah iku yèn wis pundhat, ora kêna disarantèkake manèh. Nanging para umat mau padha maido.

5. Nabi Nuh munjuk ing Allah, dhuh Pangeran kawula, kawula punika ing rintên dalu tansah ngajak-ajak para umat kawula, kawula ajak pitados ing Tuwan. Nanging pangajak kawula wau namung mêwahi girasipun para umat kawula, sami botên purun manut.

6. Kawula punika sabên ngajak-ajak pitados ing Tuwan dhumatêng para umat kawula supados Tuwan ngapura dhumatêng para umat kawula, para umat wau lajêng sami nutupi kupingipun mawi darijinipun, sarta sirahipun dipun karukub mawi sinjangipun, supados sampun ngantos [nganto...]

--- 3 : 1454 ---

[...s]

mirêng utawi sumêrêp, para umat wau sami puguh anggènipun khaphir sarta sami gumêdhe botên purun pitados ing Tuwan.1

7. Sasampunipun makatên, para umat wau sami kawula pituturi kalayan sora.

8. Lajêng sami kawula pituturi kalayan sora saha kalayan lirih.

9. Dhawuh kawula makatên: He para umatku, kowe padha nyuwuna pangapura ing Allah Pangeranmu, awit Allah iku kaparêng ngapura.

10. Yèn wis paring ngapura, banjur nurunake banyu udan dêrês saka ing langit marang kowe.

11. Apadene paring wuwuh bôndha lan anak marang kowe, lan maringi palêmahan sarta kali kanggo ngoncori palêmahan mau marang kowe.

12. Yagene kowe têka padha ora pracaya ing Allah, ora ngarêp-arêp pêparinging Allah ganjaran ana ing akhirat.

13. Allah wis gawe awakmu pirang-pirang rambahan kang tumaruntun. Dadi mani, nuli dadi

--- 3 : 1455 ---

gêtih kênthêl sabanjure.

14. Apa kowe ora padha andêlêng Allah ênggone gawe langit pitu kang sap-sapan.

15. Lan ênggone andadèkake rêmbulan amadhangi ing langit kabèh, apadene ênggone andadèkake srêngenge minôngka damar.

16. Lan manèh Allah gawe awakmu asal saka ing lêmah.

17. Sawise dadi manungsa, Allah banjur ambalèkake awakmu dadi lêmah manèh, sawise dadi lêmah, Allah nguripake kowe lan diwêtokake saka ing kubur.

18. Apadene Allah andadèkake bumi iki warata, migunani marang kowe.

19. Supaya kowe padha bisa mlaku ana ing dalan kang jêmbar.

20. Nabi Nuh munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, para umat kawula punika sami botên [bo...]

--- 3 : 1456 ---

[...tên] manut miturut dhumatêng parentah kawula, sami manut tiyang ingkang asor budinipun, kasugihanipun arta saha anak, namung badhe andadosakên kacilakan saha kapitunanipun.

21. Para umat wau sami damêl pakèwêd agêng dhumatêng tiyang mukmin.

22. Pangucapipun tiyang asor budinipun dhumatêng para sor-soranipun: Aja padha tinggal nyêmbah sêsêmbahanmu brahala, rêca wad lan rêca suwak, iku aja padha kotogake bae, aku wajib kudu padha nyêmbah.

23. Mangkono uga rêca Yaghut, rêca Yangug, lan rêca Nasêr, iku wajib padha kosêmbah, aja kotogake bae.

24. Tiyang asor ing budi wau, sami nasarakên tiyang kathah, mila panyuwun kawula, tiyang kaphir wau mugi Tuwan tumpês kemawon.

25. Sarèhning para umate Nabi Nuh mau gêdhe kaluputane, mulane padha dikêlêm kalawan banjir topan, ana sajroning

--- 3 : 1457 ---

banyu diobong ing gêni.

26. Liyane Allah ora ana kang bisa nulungi para umat mau.

27. Nabi Nuh munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, tiyang kaphir wau mugi Tuwan têlasakên, sampun ngantos wontên ingkang kantun gêsang wontên ing bumi, manggèn wontên ing griya.

28. Manawi tiyang kaphir wau Tuwan kèndêlakên kemawon, tamtu badhe nasarakên para kawula Tuwan, manawi ing têmbe mêdal anakipun, anak wau tamtu dados tiyang awon utawi kaphir.

29. Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi ngapuraa kalêpatan kawula, saha kalêpatanipun tiyang sêpuh kawula kêkalih, saha dhumatêng tiyang ingkang malêbêt ing griya kawula, punapadene dhumatêng para tiyang mukmin jalêr èstri. Para tiyang kaphir punika mugi Tuwan tumpês kemawon.

Surat Jin

Tinurunake ana nagara Mêkah, wolulikur ayat.

--- 3 : 1458 ---

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. (He Mukhammad) sira dhawuha: Aku tômpa dhawuhing Allah paring pirsa, ana jin sagolongan, padha ngrungokake ênggonku andhawuhake Kuran. Jin mau banjur maratakake Kuran marang para kancane, calathune: Aku krungu ênggone Nabi Mukhammad andhawuhake Kuran kang elok.

2. Kuran mau nuduhake dalan bênêr, kapracayan marang Allah, aku banjur pracaya marang Kuran lan marang Allah, ora pisan maro tingal marang sapa -sapa ênggonku sumungkêm marang Allah Pangeranku.

3. Satêmêne Allah Pangeranku kang Mahaluhur lan Maha-agung, iku tanpa garwa lan ora kagungan putra.

4. Satêmêne kancaku kang bodho ngucap kang ora patut marang Allah, ngarani Allah iku kagungan garwa lan putra.

5. Maune panyanaku, ora ana jin lan manungmanungsa.

--- 3 : 1459 ---

calathu goroh ngarani Allah kang ora patut.

6. Ing jaman kuna akèh wong lanang manawa ana ing panggonan kang dikira angkêr, banjur anjaluk pitulung marang para jin lanang, kang mangkono mau banjur muwuhi kêsasar marang para jin, awit jin kang dijaluki pitulung mau banjur calathu: Aku iki disêbut kang prakosa dhewe, ngungkuli jin liya-liyane, bisa masesa jin liya-liyane.

7. He para wong kaphir ing Mêkah, jin mau kang kaphir uga padha nyana kaya panyanamu, ing têmbe Allah ora bakal nguripake wong siji kang wis mati.

8. Jin mau calathu: Aku nêja munggah marang langit ngrungokake gunême kang padha ana ing kono, barêng mèh têkan ing langit, ing kono kêbak malaikat kang jaga, padha gagah prakosa lan gêdhe dhuwur, apadene akèh lintang kang ginawe balang.

9. Biyèn aku bisa linggih ana ing langit, kang ora ana malaikate jaga, ngrungokake gunême para malaikat

--- 3 : 1460 ---

saiki ora bisa babar pisan, awit kêbak para malaikat jaga. Sing sapa ngrungokake gunêm, mêsthi konangan, banjur dibalang kalawan lintang.

10. Aku ora wêruh mungguh ênggonku ora kaparêng ngrungokake gunême para malaikat mau, tumrape wong kang manggon ana ing bumi, apa bêcik apa ala.

11. Kancaku jin iki sawise padha krungu Kuran, ana kang banjur bêcik, dadi Islam, lan ana kang ora bêcik dadi kaphir, kaananing jin padha beda- beda panêmune.

12. Panêmuku, aku ora bisa ngoncati siksaning Allah ana ing bumi, sanadyan aku oncat saka ing bumi, munggah marang langit, iya ora bisa ngoncati siksa.

13. Aku barêng krungu pituduhing Kuran, banjur ngandêl marang Kuran lan marang Allah, sing sapa pracaya marang Allah Pangerane, mêsthi ora kuwatir suda kabêcikane, lan ora kuwatir wuwuh alane.

--- 3 : 1461 ---

14. Kancaku jin iki ana kang Islam, lan ana kang luput dadi kaphir, sing sapa Islam, iku padha nêja golèk pituduh bênêr.

15. Dene jin kang padha kaphir, iku padha dadi urub-urube Naraka Jahanam.

16. Lan satêmêne, upama wong kaphir iku banjur padha Islam, sarta nêtêpi dalan bênêr kalawan têmên-têmên, mêsthi padha Ingsun turuni banyu udan kang dêrês, lan Ingsun paringi rijêki kang akèh.

17. Iku Ingsun ênggo nyoba apa wong Islam mau padha sukur apa ora, dene sing sapa suthik ngèstokake Kuran dhawuhing Pangerane, iku bakal Ingsun cêmplungake ing naraka, siksa kang abot bangêt.

18. Lan satêmêne sarupaning masjid panggonan sêmbayang, iku kabèh kagunganing Allah, mulane ênggonmu padha nêmbah ing Allah, aja kowori nêmbah liyane.

19. Lan satêmêne, barêng kawulaning Allah Nabi Mukhammad ngadêg nêmbah ing Allah sarta maca Kuran, para jin padha rêbut dhucung mèh tunggang-tinunggang [tunggang-ti...]

--- 3 : 1462 ---

[...nunggang] ênggone nyêdhak kudu ngrungokake Kuran.

20. (He Mukhammad) sira dhawuha: Satêmêne aku iki nêmbah ing Allah Pangeranku, ora pisan tak wori nyêmbah ing Allah.

21. Sira dhawuha: Aku iki ora nguwasani marang kowe, dadi kêsasar utawa dadi bêgja iku atas karsaning Allah.

22. Sira dhawuha manèh: Manawa aku duraka ing Allah, ora ana wong siji kang bisa nulak siksaning Allah marang aku.

23. Lan aku ora olèh pangungsèn, liyane ngungsi marang Allah.

24. Kuwasaku mung maratakake dhawuh saka Allah marang kowe kabèh, nêtêpi anggonku dadi utusan. Sing sapa ambangkang parentahing Allah lan dhawuhe Rasulullah, ora pracaya marang Allah, iku bakal disiksa ana ing Naraka Jahanam, langgêng salawas-lawase.

25. Enggone kaphir mau puguh, nganti padha andêlêng siksa kang diancamake: Wong kaphir mau

--- 3 : 1463 -- -

mêsthi ora lawas bakal padha andêlêng ana papêrangan ing Badar, sapa kang andêl-andêle apês lan sapa kang sathithik balane.

26. Lan sira dhawuha: Aku ora wêruh mungguh siksa kang diancamake marang si kaphir mau, apa wis cêdhak utawa isih lawas kalakone. Allah iku nguningani barang kang samar kang ora diwêruhi ing manungsa, Allah ora karsa mêdharake barang kang samar mau marang sawijining wong.

27. Kajaba rasul kang wus diparêngake dening Allah nyumurupi barang kang samar sawatara, nalikane Allah karsa misikake barang kang samar marang rasul mau, rasul dijaga para malaikat ana ing ngarêp, ing buri lan ing kiwa têngên.

28. Supaya Allah nguningani kalawan gumêlar, yèn para rasul mau têmên wis ngundhangake dhawuhing Allah Pangerane, kawruhing Allah nglimputi kawruhing para rasul kabèh, lan bisa nacahake samubarang.

Surat Muzammil (wong kêkêmul)

Tinurunake

--- 3 : 1464 ---

ana nagara Mêkah, rong puluh ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. He wong kang kêkêmul (Nabi Mukhammad).

2. Sira ngadêga, sêmbayanga ing wayah wêngi, mung kêna lèrèn sadhela kanggo turu.

3. Sêmbayanga satêngah wêngi, utawa sira sudaa sithik, dadi mung sapratêlon wêngi.

4. Utawa sira wuwuhana, dadi rong pratêlon wêngi, sarta macaa Kuran kang patitis wacanira.

5. Ingsun bakal andhawuhake Kuran kang abot marang sira.

6. Awit satêmêne sêmbayang ing wayah wêngi sawise turu, iku êmpaning pôncadriya condhong bangêt lan ati, lan tumraping wêwacan bênêr bangêt.

7. Satêmêne sira ing wayah awan, wis nyambut gawe suwe.

8. Sira nêbuta asmaning Allah Pangeranira, sarta mêlênga ngabêkti ing Pangeranira.

--- 3 : 1465 ---

9. Allah iku Pangeraning panggonan mêtuning srêngenge lan panggonan suruping srêngenge. Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr mung Allah, sira nyumanggakna samubarang prakara marang Allah.

10. Lan sira sabara marang pangucape wong kaphir ing Mêkah ênggone nglarakake ati, padha sira togna bae kalawan bêcik, aja sira walês.

11. Ingsun aja sira pikir, lan wong kaphir turun Kurès kang padha maido tur padha kacukupan, iku iya sira togna bae sadhela, nganti têkan pêrang ing Badar, Ingsun kang bakal nyantosani.

12. Satêmêne Ingsun kagungan dhadhung kang santosa, lan kagungan Naraka Jakhim.

13. Sarta kagungan pêpanganan kang nglêlêgi, lan kagungan siksa kang nglarani.

14. Kalakone mangkono mau besuk dina kiyamat, nalikane bumi lan gunung-gunung padha gonjang-ganjing, gunung-gunung mau padha dadi wêdhi kang mawur- mawur.

--- 3 : 1466 ---

15. (He wong Mêkah kabèh), Ingsun wis ngutus rasul, nyurup-nyurupake marang sira, iku besuk dina kiyamat, bakal nêksèni ala lan bêcikira. Padha lan ênggon Ingsun ngutus rasul Nabi Musa, nyurup-nyurupake marang Raja Phirngon biyèn.

16. Nanging Raja Phirngon ambangkang marang parentahe Rasul Nabi Musa, mulane banjur Ingsun patrapi siksa kang abot.

17. Manawa sira kaphir ana ing dunya iki, kapriye ênggonira arêp nyingkiri siksaning Allah besuk dina kiyamat, nalikane para bocah padha dadi kaki-kaki, saking dening wêdine.

18. Ing dina iku sanadyan langit iya sigar. Kang wus ditamtokake dening Allah, iku mêsthi kalêksanan.

19. Satêmêne ayat iki dadi wêwulang, sing sapa kapengin slamêt, ngèstokna ayat mau, minôngka dalan marang ngarsaning Allah Pangerane.

20. Satêmêne Allah Pangeranira nguningani [nguni...]

--- 3 : 1467 ---

[...ngani] yèn sira sêmbayang kira-kira rong pratêlon wêngi, lan satêngah wêngi apadene sapratêlon wêngi. Lan sakhabatira sagolongan iya padha mangkono. Allah iku namtokake dawa cêndhaking raina lan wêngi, nguningani yèn sira padha ora kêlar sêmbayang samono suwene mau kajaba kalawan rêkasa, mulane Allah muwung marang sira, sarèhne mangkono, sira macaa Kuran sakuwasanira ana sajroning sêmbayang. Allah nguningani yèn sira iku bakal ana kang nandhang lara, dadi banjur rêkasa sêmbayang ing wayah wêngi, lan ana uga kang padha mlaku lêlungan ana ing bumi, ngupa jiwa golèk rijêki-rijêki kanugrahaning Allah, lan ana uga kang padha pêrang Sabilullah, mulane sira padha macaa Kuran sakuwasanira, lan padha nglakonana sêmbayang, lan padha bayara jakat, apadene padha motangna bêcik marang Allah. Samubarang kabêcikan kang padha sira lakoni, iku sira bakal nêmu ganjarane bêcik ana ngarsaning Allah, ngungkuli ganjarane kabêcikan [kabêci...]

--- 3 : 1468 ---

[...kan] kang sira lakoni ing buri, sarta ganjarane mau luwih gêdhe. Lan sira padha nyuwuna pangapuraning Allah, satêmêne Allah iku karsa ngapura tur Maha-asih.

Surat Muddatsir (wong kang mujung)

Tinurunake ana nagara Mêkah, sèkêt lima ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha- asih.

1. He wong kang mujung (Nabi Mukhammad).

2. Sira ngadêga, mêmêdènana marang para wong ing Mêkah.

3. Lan nêbuta Maha-agung ing Allah Pangeranira.

4. Jaritira sira sucènana.

5. Lan tulus salawase ênggonira nyingkiri brahala.

6. Lan aja wèwèh kalawan murih wêwalês kang luwih akèh.

7. Lan sabara karana nglakoni parentahe [parentah...]

--- 3 : 1469 ---

[...e] Pangeranira.

8. Ing besuk dina kiyamat, nalika Malaikat Israphil andamu sêmpronge.

9. Ing dina iku kêna diarani dina rêkasa.

10. Tumrap ingatase para wong kaphir ora pisan gampang.

11. Ingsun lan wong kang Ingsun gawe pribadi, iya iku Walid, anake Mugirah, sira togna bae.

12. Ingsun maringi bôndha kang sêmpulur marang Walid mau.

13. Lan uga Ingsun paringi anak lanang akèh padha ngalumpuk.

14. Walid mau Ingsun paringi sêmpulur bandhane, ngumure lan anak-anake.

15. Walid mau ngôngsa, ngarêp-arêp Ingsun wuwuh ana manèh.

16. Luput pangarêp-arêpe, awit Walit mau madoni Kuran ayat Ingsun.

17. Ing têmbe Ingsun pêksa ngrasakake siksa kang abot.

--- 3 : 1470 ---

18. Walid mau anggagas ênggone ngrungokake Kuran.

19. Mulane Walid mau disiksa ana ing dunya, têtêp kaya gagasane.

20. Sawise mati, banjur disiksa manèh, têtêp kaya gagasane.

21. Banjur mêrês budi ênggone arêp nacad lan nampik Kuran.

22. Banjur marêngut lan biyas ulate.

23. Banjur ngungkurake kapracayan, diajak pracaya ing Kuran, suthik lan gumêdhe.

24. Pangucape: Kuran iki ora liya ukara kang ditular saka juru sikhir.

25. Kuran iki ora liya mung pangucaping manungsa bae, dudu dhawuh Allah têmênan.

26. Ing têmbe Walid iku Ingsun cêmplungake ing Naraka Sakar.

27. Kapriye panêmunira, apa kang aran Sakar iku.

28. Naraka Sakar mau ora ngawètake, sadhengah kang kacêmplung ing kono

--- 3 : 1471 ---

mêsthi rusak.

29. Tur anggosongake kulit.

30. Kang anjaga naraka Sakar mau, malaikat sangalas.

31. Ingsun ora matah jaga naraka kajaba malaikat, dene cacahe mung sangalas iku, nyêngkolong marang para wong kaphir, supaya wong kaphir kang padha nganggo wêwaton Kitab Torèt, padha sumurupa yèn Kuran iku têrang saka Ingsun, dene cocog lan kang kasêbut ing Kitab Torèt utawa Injil, lan supaya wong mau kang wis Islam padha wuwuha pracayane.

32. Lan supaya wong mukmin lan wong kang padha duwe wêwaton Kitab Injil, aja padha mamang.

33. Lan supaya para wong kaphir ing Mêkah lan wong kaphir kang atine ana lêlarane, mamang, calathu mangkene: Apa karsaning Allah têka gawe upama cacah sangalas iki.

34. Sarèhne wong kang maido cacah sangalas iku kêsasar, dadi wong kang ngandêl iku

--- 3 : 1472 ---

olèh pituduh bênêr, Allah ênggone mratelakake cacah sangalas mau, kanggo nasarake wong kang dadi parênging karsane, lan kanggo nuduhake dalan bênêr marang wong kang dadi parênging karsane. Ora ana wong kang wêruh cacahe malaikat balaning Allah Pangeranira, kajaba mung Allah piyambak kang wuninga. Enggone mratelakake malaikat kang jaga naraka sangalas iku, kanggo wêwulang marang manungsa.

35. Dêmi rêmbulan, wong Mêkah ora pisan ngèstokake wêwulanging Kuran.

36. Dêmi wêngi nalikane mungkur.

37. Dêmi wayah Subuh nalikane padhang.

38. Têmên Naraka Sakar iku ewone bêbaya kang gêdhe.

39. Kanggo mêmêdèni marang manungsa.

40. Tumrap wong kancanira kang arêp maju pracaya marang Kuran, utawa mundur ora pracaya.

41. Sarupaning awak iku dadi gadhèn kalawan barang kang wis dilakoni, mung wong kang têtulisane diulungake saka ing têngên, iku

--- 3 : 1473 ---

ora dadi gadhèn.

42. Padha manggon ana ing suwarga, padha takon-tinakon, ngrasani lêlakone para wong kaphir, sawise wong Islam kang dosa padha diwêtokake saka ing naraka.

43. Kang ditakoni mangsuli: Kula takèn dhatêng tiyang kaphir: Yagene Allah nyêmplungake kowe ana ing Naraka Sakar.

44. Tiyang kaphir sami mangsuli, awit kula punika dede tiyang nglampahi sêmbayang.

45. Lan kula botên purun nyukani têdha dhatêng tiyang kamlaratan.

46. Lan malih kula punika nglampahi awon, kalihan tiyang ingkang sami nglampahi awon.

47. Sarta kula punika maibên badhe kalampahanipun dintên kiyamat.

48. Ngantos kula pêjah.

49. Pangandikaning Allah: Mulane saphangate sapa-sapa, ora migunani marang wong kang maido Kuran mau.

50. Apa pakolèhe ênggone wong mau [ma...]

--- 3 : 1474 ---

[...u] padha lumuh ngèstokake wêwulanging Kuran.

51. Padha lan khimar alasan, mlayu wêdi macan.

52. Malah panjaluke wong mau, siji-sijining wong padha tômpaa layang dhewe-dhewe, saka ing Allah, mratelakake yèn Nabi Mukhammad iku, têmên utusaning Allah, sarupaning wong padha dikarsakake manut. Yèn kalakon mangkono, wong mau saguh ngèstokake Kuran.

53. Ora bakal dipituruti panjaluke wong mau, malah wong mau têtêp padha ora kapengin kabêgjan ing akhirat.

54. Têmên Kuran iku wêwulang gêdhe, sing sapa gêlêm, iya ngèstokna.

55. Ewadene wong kang ngèstokake Kuran, iku mung wong kang dadi parênge karsaning Allah, Allah iku wis bênêre dièstokake parentahe, lan wis bênêre ngapura dosane wong kang ngèstokake.

--- 3 : 1475 ---

Surat Kiyamah (dina kiyamat)

Tinurunake ana nagara Mêkah, patang puluh ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Ingsun supata: Dêmi dina kiyamat.

2. Lan uga supata, dêmi nêpsu luwamah.

3. Yagene wong kaphir padha nyana yèn Ingsun ora bisa ngalumpukake balunge kang wis pisah-pisah sawise mati, sabanjure Ingsun uripake manèh.

4. Luput panyanane wong kaphir, Ingsun kawasa ngalumpukake balunge, malah kawasa mulihake sakèhing darijine, kaya mau-maune.

5. Karêpe wong kaphir mau, mung kudu maido dina kiyamat.

6. Pitakone besuk apa ta dina kiyamat iku.

7. Ing besuk nalika wong kaphir bingung dening andêlêng barang kang maune dipaido.

8. Lan rêmbulan ilang pancoronge.

--- 3 : 1476 ---

9. Apadene srêngenge lan rêmbulan padha mêtu saka kulon.

10. Ing kono pangucape wong kaphir: Ing dina iki aku mlayu ngungsi marang ngêndi.

11. Môngsa olèha pangungsèn, ing dina iku ora ana pangungsèn.

12. Ing dina iku panggonaning mahluk kumambang ana karsaning Allah Pangeranira, ana ing suwarga utawa ing naraka.

13. Ing dina iku manungsa padha dijalèntrèhi barang kang wis dilakoni nalika ana ing dunya, lan kang ora dilakoni.

14. Siji-sijining manungsa padha wêruh lakune dhewe-dhewe.

15. Sanadyan manungsa mau anggêlar sarupaning alangan ênggone ora ngèstokake parentah, iya tanpa gawe.

16. Lesanira aja kumêcap ngunèkake Kuran sadurunge rampung pamacane Malaikat Jabarail, murih gêlis apal Kuran mau.

--- 3 : 1477 ---

17. Marga Ingsun kang bakal ngalumpukake Kuran mau ana ing atinira, dalah sawacane pisan.

18. Nalikane Ingsun macakake Kuran marang sira, lantaran Malaikat Jabarail, aja sira barêngi, nanging yèn wis rampung, nuli sira macaa, nuruta wacane Malaikat Jabarail mau.

19. Sawise mangkono, Ingsun kang mêsthi paring mangêrti surasaning Kuran marang sira.

20. Têmên sira wong kaphir ing Mêkah padha dhêmên kabêgjan kêncengan ana ing dunya.

21. Lan suthik kangelan murih kabêgjan ing akhirat.

22. Ing dina iku, akèh wong kang raine bagus lan manis.

23. Padha andêlêng ing Allah Pangerane.

24. Lan uga akèh rai ala tur biyas.

25. Sira mêsthèkake wong kang biyas mau bakal dipatrapi siksa gêdhe kang anggêgirisi. [anggê...]

--- 3 : 1478 ---

[...girisi.]

26. Têmên nalika roh tinarik têkan ing gurung.

27. Wong kang ana ing kiwa têngêne, calathu: Sapa kang bisa mantrani murih warase.

28. Wong kang tinarik rohe mau masthèkake oncat saka ing dunya.

29. Sikile kang siji dhèmpèt lan sikil sijine.

30. Ing dina iku wayahe ditonton marang ngarsaning Pangeranira.

31. Wis ora bisa pracaya ing nabi lan Kuran, lan ora bisa sêmbayang kang migunani.

32. Nanging tulus nêtêpi kang wis dilakoni ana ing dunya. Maido Kuran lan suthik pracaya ing Allah.

33. Banjur mênyang ngomahe sanake, lakune gambelengan.

34. Ala têmên, tur rambah-rambah, tumrap sira wong kaphir.

35. Nuli ala têmên, tur rambah-rambah, tumrap sira wong kaphir.

--- 3 : 1479 ---

37.36. Apa manungsa iku dudu mani kang malêbu ing pranakan.

38. Ana ing pranakan banjur dadi gêtih kênthêl, sawise dadi gêtih kênthêl banjur didadèkake manungsa.

39. Allah nuli andadèkake manungsa mau jodhon-jodhon, têgêse ana kang lanang, lan ana kang wadon.

40. Pangeran kang pintêr mangkono mau, apa ora kawasa mung nguripake wong kang wis padha mati bae (kawasa bangêt).

Surat Insan (manungsa)

Tinurunake ana nagara Mêkah, têlung puluh siji ayat

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Manungsa (Nabi Adam) sadurunge dipanjingi roh, arupa êndhut, lawase patang puluh taun, êndhut mau dudu barang kang dicaritakake.

--- 3 : 1480 ---

2. Ingsun gawe manungsa, turune Nabi Adam, saka ing mani woworan manine wong lanang lan wong wadon, bakal Ingsun coba ngèstokake parentah Ingsun, mulane Ingsun paringi bisa ngrungu lan bisa andêlêng.

3. Manungsa mau Ingsun tuduhake dalan bênêr, ewadene ana kang pracaya lan ana uga kang maido.

4. Ingsun nyadhiyani rante lan balênggu marang para wong kaphir, apadene Ingsun sadhiyani Naraka Sangir.

5. Sarupane wong kang padha ngèstokake dhawuhing Allah, iku ana ing suwarga, padha ngombe sajêng ing gêlas, arum gandane kaya kaphur.

6. Para kêkasihing Allah padha ngombe banyu sumbêr, kang diilèkake kalawan gampang.

7. Mulane tômpa ganjaran samono, awit para kêkasih mau, padha nêtêpi kawajibane ngabêkti ing Allah, lan padha wêdi dina kiyamat, kang wartane ngorêgake bumi lan langit.

--- 3 : 1481 ---

8. Lan padha mèwèhake panganan marang wong miskin lan bocah yatim, apadene marang wong kang kinunjara. Tur awake dhewe dhêmên marang pêpanganan iku.

9. Para kêkasih mau upama kawêtua, calathune mangkene: Enggonku awèh pangan marang kowe iki, mung murih ganjaraning Allah, ora pisan ngarêp- arêp wêwalês utawi panarima saka ing kowe.

10. Aku wêdi ing Allah Pangeranku, besuk ing dina kiyamat kang anggêgirisi, ambiyasake ulat.

11. Mulane Allah ngrêksa para kêkasihe mau, didohake saka sarupane ala ing dina kiyamat, padha diparingi rupa bagus, lan ulat bingar, apadene ati bungah.

12. Lan manèh Allah angganjar suwarga lan panganggo sutra marang para kêkasihe, marga ênggone padha têtêg lan kukuh atine ora nglakoni duraka.

13. Ana ing suwarga padha linggih sèndhèn ing

--- 3 : 1482 ---

risban, ora krasa panas lan adhêm, padhang tanpa srêngenge lan rêmbulan.

14. Kêkayoning suwarga padha cêndhèk-cêndhèk, wohe gampang bangêt dipêthik.

15. Para kêkasihing Allah padha dilarihi wadhah salaka lan kêndhi gogok utawa hèr gêlèk.

16. Hèr gêlèk salaka kang bêning kaya gêlas. Panakawan kang nglarihake bisa duga-duga sêgêre kang ngombe.

17. Lan padha dilarihi sajêng kang kaya diwori jae.

18. Kang rasa kaya jae mau banyu sumbêr sajroning suwarga, arane Salsabil.

19. Para kêkasihing Allah padha diladèni ing para wildan, iya iku panakawan ing suwarga, wantèg ora mundhak tuwa, warnane bagus-bagus, pandêlêngira marang para wildan mau saking dening bagus-baguse, prasasat mutyara durung dironce.

20. ManawiManawa. sira andêlêng suwarga, iya andêlêng

--- 3 : 1483 ---

sarupaning kabungahan lan karaton gêdhe.

21. Ing dhuwur ana panganggo sutra tipis lan kandêl, ijo, para kêkasihing Allah padha dirêngga kalawan gêlang salaka, sarta padha diparingi inuman sajêng kang suci dening Pangerane.

22. Dhawuhing Allah: Suwarga saisine iki diparingake marang sira, minôngka pituwase kangèlanira, dene lakunira kang bêcik, wis ditarima.

23. Ingsun wis andhawuhake Kuran marang sira.

24. Mulane sira narimaa khukume Pangeranira, lan aja manut marang wong duraka utawa wong kaphir.

25. Lan nêbuta asmaning Allah Pangeranira, ana sajroning sêmbayang wayah esuk lan sore.

26. Lan ing wayah wêngi sêmbayanga lan sujuda ing Allah, apadene nêbuta Mahasuci ing Allah, ana ing wayah wêngi kang dawa.

27. Awit satêmêne wong kaphir iku padha dhêmên olèh kabungahan kêncengan, lan ora pêrduli dina kiyamat, kang bakal kêlakon ing buri, kacarita akèh pakewuh kang abot.

--- 3 : 1484 ---

28. Ingsun wis gawe wong kaphir mau, sarta awake Ingsun gawe gagah prakosa, nanging manawa ana parênge karsaningsun, wong kaphir mau Ingsun gawèkake tandhing kang dadi mungsuhe, kang timbang gagah prakosane, bakal numpês wong kaphir mau.

29. Surat iki dadi wêwulang, sing sapa dhêmên, wulang mau diênggoa wêwaton ngabêkti ing Allah Pangerane.

30. Wong kaphir padha ora gêlêm anglakoni wêwulang mau, kajaba yèn dikarsakake dening Allah gêlêm anglakoni, satêmêne Allah iku nguningani tur wicaksana.

31. Allah angganjar wong kang dadi parênging karsane, dilêbokake ing suwarga rahmating Allah, lan angancam siksa kang nglarani marang para wong kaphir.

Surat Mursalat (angin kang tanpa pêdhot)

Tinurunake ana nagara Mêkah, sèkêt ayat.

--- 3 : 1485 ---

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Dêmi angin kang tanpa pêdhot.

2. Dêmi prahara kang gumarubug.

3. Dêmi angin kang maratakake mega kang dadi udan.

4. Dêmi ayating Kuran kang ambedakake bênêr lan luput.

5. Dêmi malaikat kang nurunake wahyu marang para nabi lan para rasul, kang padha andhawuhake wahyu marang para umat.

6. Ngapura marang wong tobat, lan mêmêdèni marang wong kaphir.

7. Siksa kang diancamake marang para wong kaphir iku mêsthi kêlakon.

8. Besuk nalikane lintang padha ilang cahyane.

9. Lan nalikane langit sigar.

10. Lan nalikane gunung padha manculat.

11. Lan nalikane para rasul padha dikalumpukake, ing môngsa kang tinamtokake.

12. Dina apa ênggone tinamtokake

--- 3 : 1486 ---

mau.

13. Enggone tinamtokake ana ing dina kiyamat, ing kono kêlakon para mahluk padha dipancasi prakarane.

14. Kapriye panêmumu, dina pancasan iku apa.

15. Ing dina iku para wong kaphir kang padha maido Kuran, cilaka bangêt.

16. Apa Ingsun ora wis numpês para wong kaphir ing jaman kuna.

17. Wong kaphir ing jaman wêkasan uga bakal padha Ingsun belakake.

18. Ing têmbe sarupane wong kaphir uga bakal padha Ingsun tindakake kaya mangkono.

19. Ing dina kiyamat iku wong kaphir kang padha maimaido. Kuran, cilaka bangêt.

20. Apa Ingsun ora wis gawe awakira, saka banyu kang limprêk-limprêk, iya iku mani.

21. Mani mau Ingsun dokokake ing wadhah kang prêmati, iya iku ana ing pranakane wong wadon.

--- 3 : 1487 ---

22. Nganti têkan titimôngsa kang tinamtokake laire jabang bayi.

23. Kang namtokake titimôngsa laire mau, Ingsun pribadi, bêcik-bêcike kang namtokake iku Ingsun.

24. Ing dina kiyamat iku wong kaphir kang padha maido Kuran, cilaka bangêt.

25. Ingsun apa ora wis gawe bumi iki dadi wadhah.

26. Wadhahe wong urip lan wong mati.

27. Bumi mau Ingsun dokoki gunung kang dhuwur-dhuwur, lan sira padha Ingsun paringi ombèn-ombèn banyu tawa.

28. Ing dina kiyamat iku wong kaphir kang padha maido Kuran, cilaka bangêt.

29. Padha didhawuhi: Sira padha nyêmplunga ing naraka, siksa kang padha sira paido biyèn.

30. Sira padha nyêmplunga ing kukuse Naraka Jahanam, kang êpang têlu.

31. Kukus mau ora pisan bisa ngeyubi saka panase dina iku, lan ora bisa nyuda

--- 3 : 1488 ---

panase gêni naraka.

32. Urube gêni naraka mau mulad-mulad dhuwure padha omah.

33. Akèhe lan warnane kaya dhadhung ing prau, irêng sêmu kuning.

34. Ing dina kiyamat iku wong kaphir kang padha maido Kuran, cilaka bangêt.

35. Dina kiyamat iki wong kaphir padha ora bisa calathu ana sawênèhing panggonan.

36. Lan ora ana kang diparêngake ngaturake sabab kaluputan, dadi ora ana wong ngaturake sababing kaluputan.

37. Ing dina kiyamat iku wong kaphir kang padha maido Kuran, cilaka bangêt.

38. Dina kiyamat iki dina pancasaning prakara, sira lan para wong kuna padha Ingsun kalumpukake.

39. Manawa sira bêsilat, nyingkiri siksa mau, mara padha bêsilata.

40. Ing dina kiyamat iku wong kaphir kang padha maido Kuran, cilaka bangêt.

--- 3 : 1489 ---

41. Sarupane wong wêdi ing Allah, iku padha ana ing eyuban ing suwarga, kang ana kaline mili.

42. Lan ana wowohane akèh tur warna-warna, kang menginake lan enak.

43. Lan padha tômpa dhawuh, mara padha mangana lan ngombea kang enak, minôngka ganjaraning pangabêkti kang wis padha sira lakoni biyèn.

44. Ingsun paring ganjaran marang wong kang padha nglakoni panggawe bêcik, padha lan ganjarane wong wêdi ing Allah.

45. Ing dina kiyamat iku wong kaphir kang padha maido Kuran, cilaka bangêt.

46. He para wong kaphir, sira padha mangana lan bungah-bungaha sadhela ana ing dunya iki. Besuk ana ing akhirat bakal cilaka, awit sira padha kaphir.

47. Ing dina kiyamat iku wong kaphir kang padha maido Kuran, cilaka bangêt.

48. Nalikane padha didhawuhi: Sira padha sêmbayanga, padha mopo ora gêlêm sêmbayang. [sê...]

--- 3 : 1490 ---

[...mbayang.]

49. Ing dina kiyamat iku wong kaphir kang padha maido Kuran, cilaka bangêt.

50. Para wong kaphir pracaya marang carita apa liyane Kuran iki.