Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30)

Katalog:Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885
Sambung:
1.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 01). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #843.
2.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 02). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #845.
3.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 03). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #846.
4.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 04). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #847.
5.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 05) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #848.
6.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 06). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #849.
7.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 07) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #850.
8.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 08) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #851.
9.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 09). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #852.
10.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 10). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #854.
11.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 11) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #855.
12.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 12) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #856.
13.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 13) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #857.
14.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 14) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #858.
15.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 15) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #859.
16.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 16) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #860.
17.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 17). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #861.
18.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 18). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #862.
19.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 19) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #863.
20.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 20). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #864.
21.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 21). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #865.
22.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 22). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #866.
23.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 23) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #867.
24.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 24) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #868.
25.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 25). Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #869.
26.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 26) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #1612.
27.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 27) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #870.
28.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 28) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #871.
29.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 29) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #872.
30.Kuran Jawi, Bagus Ngarpah, 1905, #1885 (Bagian 30) . Agama dan Kepercayaan | Kitab Suci #873.

Jus kaping têlung puluh

Surat Naba (pawarta)

Tinurunake ana nagara Mêkah, patang puluh siji ayat

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Para wong kaphir ing Mêkah padha takon-tinakon bab apa.

2. Padha takon-tinakon bab pawarta gêdhe, iya iku Kuran kang mratelakake bakal tangine wong kang wis padha mati.

3. Para wong kaphir ing Mêkah panêmune bab pawarta mau beda-beda.

4. Panêmune wong kang padha pasulayan mau, luput [lu...]

--- 3 : 1491 ---

[...put] kabèh, besuk dina kiyamat, wong mau bakal padha wêruh dhewe nyatane.

5. Panêmune wong kang padha pasulayan mau luput têmênan, besuk dina kiyamat, wong mau mêsthi wêruh dhewe nyatane.

6. Ingsun apa ora wis gawe bumi dadi panggonan.

7. Lan gunung-gunung padha dadi ugêr- ugêr.

8. Lan Ingsun gawe awakira jodhon-jodhon.

9. Lan Ingsun andadèkake ênggonira turu kapenak.

10. Lan Ingsun andadèkake wêngi iku minôngka tutup, nutupi samubarang, marga saka pêtênge.

11. Lan Ingsun andadèkake awan iku wayahe ngupa jiwa.

12. Lan Ingsun ngêdêgake langit sap pitu luwih dening santosa ana ing dhuwurira.

13. Lan Ingsun gawe cahya kang madhangi lan panas, iya iku srêngenge.

--- 3 : 1492 ---

14. Lan Ingsun nurunake banyu udan kang dêrês, saka ing mêndhung.

15. Ingsun ênggo nukulake thêthukulan sarta nganakake woh lan wiji.

16. Apadene palêmahan kang kêbak têtanduran.

17. Dina pancasaning prakara iku wayahe maringi ganjaran lan matrapi siksa.

18. Dina pancasaning prakara iku nalikane Malaikat Israphil andamu sêmpronge, sira banjur padha têka panthan- panthan.

19. Langit padha sigar, banjur dadi lawang pirang-pirang.

20. Sarupaning gunung padha mlaku, ènthènge kaya êndhêk-êndhêk amun-amun.

21. Naraka Jahanam iku disadhiyakake.

22. Dadi panggonan têtêp tumrap para wong kaphir.

23. Wong kaphir padha manggon ana ing naraka, têtaunan tanpa wêkasan.

--- 3 : 1493 ---

24. Ana ing naraka padha ora wêruh rasane turu utawa ngombe.

25. Kajaba ngombe wedang kang luwih dening panas, lan nanah.

26. Iku patrapan kang murwat lan kaluputane.

27. Amarga wong kaphir mau padha maido bakal kêlakone dina kiyamat, dadi ora pisan wêdi bakal ditimbang ala lan bêcike.

28. Wong kaphir mau padha maido Kuran ayat Ingsun.

29. Samubarang lêlakoning manungsa, Ingsun cacahake gênêp, tinulisan ana ing Lohmahphul.

30. Mulane para wong kaphir padha ngrasakna siksa, sira ora bakal Ingsun wuwuhi apa-apa, mung Ingsun wuwuhi siksa.

31. Para wong wêdi ing Allah padha olèh panggonan kabêgjan.

32. Iya iku palêmahan lan wit anggur pirang-pirang.

33. Lan widadari pirang-pirang kang padha nêdhênge birai. [bi...]

--- 3 : 1494 ---

[...rai.]

34. Apadene gêlas kang kêbak isi sajêng.

35. Ana ing suwarga ora tau krungu pangucap ala utawa pamaido.

36. Iku sumurup ganjaran saka Pangeranira, murwat lan pangabêktinira.

37. Allah Pangeranira iku Pangeraning bumi lan langit, lan kang ana antarane bumi lan langit, Pangeran kang Mahamurah, ora ana kang wênang munjuk ing Allah yèn ora dadi parênging karsane.

38. Ing dina kiyamat, nalikane Malaikat Jabarail lan para malaikat liya-liyane padha ngadêg sap-sapan, iku padha ora wani munjuk ing Allah, kajaba kang diparêngake dening Pangeran kang Mahamurah, lan unjuke ing Allah kalawan bênêr.

39. Iya iku dina kiyamat kang mêsthi kêlakone, sing sapa gêlêm, ngabêktia ing Allah Pangerane, supaya ora disiksa.

40. Ingsun wis mêmêdèni marang sira, kalawan siksa [si...]

--- 3 : 1495 ---

[...ksa] kang wis cêdhak.

41. Ing dina kiyamat nalikane wong padha andêlêng barang kang wis padha dilakoni nalika ana ing dunya, ala utawa bêcik, ing kono pangucape wong kaphir: Dhuh bok iya aku iki dadi lêmah bae.

Surat Nazingat (malaikat kang mêthoti nyawane wong kaphir)

Tinurunake ana nagara Mêkah, patang puluh nêm ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Dêmi para malaikat kang mêthoti nyawane para wong kaphir kalawan siya.

2. Dêmi para malaikat kang padha nglolosi nyawane para wong mukmin kalawan alon.

3. Dêmi para malaikat kang tumurun saka ing langit, arêp anglolosi nyawane para wong mukmin.

4. Dêmi para malaikat kang anggawa nyawane para

--- 3 : 1496 ---

wong mukmin, marang ing suwarga.

5. Dêmi para malaikat kang padha ngopèni kaananing dunya. He para wong kaphir ing Mêkah, sira mêsthi Ingsun tangèkake saka ing pati.

6. Besuk dina orêg-orêgan, pandamune sêmprong Malaikat Israphil kang sapisan, iku matèni samubarang ing dunya.

7. Nuli ditungka orêg-orêgan manèh, pandamune sêmprong Malaikat Israphil kang kapindho, samubarang kang wis mati urip manèh.

8. Ing kono atine wong kang padha maido dina kiyamat, padha têrataban.

9. Pandêlênge padha konjêm, wêdi kang didêlêng.

10. Padha calathu: Apa aku iki dibalèkake urip manèh.

11. Apa aku iki sawise dadi balung kang pisah- pisah, urip manèh.

12. Wong kang maido dina kiyamat padha calathu: Yèn nyata mangkono, baliku urip manèh iku bali kapitunan.

--- 3 : 1497 ---

13. Pandamuning sêmprong kang nguripake wong mati, iku ingatase Allah gampang bangêt, sapisan bae cukup.

14. Sanalika saisining jagad urip kabèh.

15. (He Mukhammad) sira wis Ingsun têrangake caritane Nabi Musa.

16. Nalikane dipangandikani ing Pangerane ana ing jurang kang aran tuwa.

17. Sira lungaa marang panggonane Raja Phirngon, awit Raja Phirngon iku kêbangêtên ênggone kaphir.

18. Raja Phirngon sira dhawuhana mangkene: Punapa sampeyan kaparêng rêsik ing panggalih, botên malih tingal.

19. Sarta sampeyan kula saosi pitêdah, sumêrêp dhatêng Pangeran sampeyan, salajêngipun sampeyan tamtu ajrih ing Allah.

20. Sawise dhawuh mangkono, Nabi Musa nuli anggêlarake mukjijat kaelokan gêdhe.

21. Raja Phirngon maido marang Nabi Musa lan duraka ing Allah.

--- 3 : 1498 ---

22. Banjur mungkur suthik pracaya, malah gawe rusak ana ing bumi.

23. Banjur ngalumpukake juru sikhir, nuli dhawuh:

24. Calathune: Aku iki Pangeranmu kang Mahaluhur.

25. Allah banjur numpês Raja Phirngon kabalabag ana ing sagara, iku siksa ing dunya, lan dicêmplungake ing naraka, iku siksa ing akhirat.

26. Lêlakone Raja Phirngon kang wis kasêbut mau, mêsthi dadi wêwulang tumrap wong kang wêdi ing Allah.

27. He wong kaphir ing Mêkah, apa Allah ênggone nguripake sira saka ing pati iku luwih angèl tinimbang ênggone yasa lan ngadêgake langit.

28. Allah andhuwurake payoning langit, banjur dadi warata tanpa cacad.

29. Lan agawe pêtêng wayahe wêngi, sarta gawe padhang wayahe awan.

30. Sawise mangkono, Allah anggêlar bumi.

31. Allah mêtokake banyu lan thêthukulan [thêthu...]

--- 3 : 1499 ---

[...kulan] saka ing bumi.

32. Lan ngukuhake gunung ana ing bumi.

33. Kabèh iku dadi bêbungah marang sira lan marang ingon-ingonira rajakaya.

34. Ing besuk têkaning orêg-orêgan gêdhe, iya iku pandamuning sêmprong Malaikat Israphil kang kapindho.

35. Nalikane manungsa padha eling barang kang wis padha dilakoni, nalika ana ing dunya, ala utawa bêcik.

36. Lan Naraka Jakhim ditontonake marang wong kang andêlêng.

37. Ing kono sing sapa kaphir.

38. Lan nguja kabungahan ing dunya kang kharam.

39. Iku panggonane ana ing Naraka Jakhim.

40. Dene sing sapa wêdi ênggone bakal seba ana ngarsaning Pangerane, pêrlu dipancasi prakarane, nêpak awake, aja nganti nglakoni kêkarêpane kang ala.

41. Iku panggonane ana ing suwarga.

42. (He Mukhammad) wong kaphir ing Mêkah padha

--- 3 : 1500 ---

takon ing sira, besuk apa kêlakone dina kiyamat.

43. Prakara iku sira ora wêruh sathithik-thithika.

44. Katoge mung Allah Pangeranira, kang nguningani titimôngsa kêlakone dina kiyamat.

45. Enggonira mêmêdèni dina kiyamat iku, kang migunani mung tumrap wong kang wêdi dina kiyamat.

46. Wong kaphir nalikane andêlêng dina kiyamat, pangrasane ênggone ana ing dunya, prasasat mung sasore utawa sakesuk.

Surat Ngabasa (marêngut)

Tinurunake ana nagara Mêkah, patang puluh loro ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Nabi Mukhammad marêngut lan malengos.

2. Amarga katêkan wong picak, aran Ngabdullah Ibnu Umi Maktum.

3. Saka apa sira wêruh karêpe si picak mau,

--- 3 : 1501 ---

bokmanawa bakal suci atine, marga krungu wêwulang, kêna uga mangkono.

4. Utawa nganggêp wêwulang, dadi wêwulang mau migunani.

5. Dene wong kang sugih bôndha.

6. Sira rêsêp marang wong mau.

7. Wong kang sugih bôndha mau ênggone ora rêsik atine, ora makewuhi apa-apa marang sira.

8. Dene wong picak kang gêgancangan seba marang sira.

9. Iku wong wêdi ing Alah.Allah.

10. Sira têka klewa-klewa marang wong picak mau.

11. Aja mangkono ta, surat iku wêwulang marang para kang dumadi.

12. Sing sapa gêlêm, nyathêtana lan ngèstokna.

13. Kasêbut ana ing Kitab Kuran kang mulya.

14. Kang diluhurake, tur suci ora digêpok ing setan.

15. Dicêkêl ing para malaikat kang mulya tur wêdi ing Allah, kang padha nurut kitab mau saka Lohmahphul. [Loh...]

--- 3 : 1502 ---

[...mahphul.]

16. Wong kang maido Kuran iku anggumunake, mêsthi kêna bêbênduning Allah.

17. Allah ênggone gawe manungsa mau, bakale saka apa ta.

18. Bakale saka mani.

19. Allah ênggone gawe manungsa nganti pirang-pirang rambahan, dadi mani, nuli dadi gêtih kênthêl, nuli dadi daging sabanjure.

20. Allah banjur paring gampang mêtune bayi saka guwa garbaning biyung.

21. Sawise dadi manungsa, Allah banjur matèni manungsa mau, nuli dipêndhêm ing pakuburan.

22. Ing têmbe mênawa Allah wis ngarsakake, banjur nguripake wong kang wis mati mau.

23. Têmên wong kaphir iku padha ora ngèstokake parentahing Allah.

24. Manungsa padha andêlêng pêpanganane kang padha dipangan.

25. Ingsun ngêsokake banyu udan saka ing mega.

--- 3 : 1503 ---

26. Sawise udan tumurun, bumi banjur padha pêcah mêtu thêthukulane.

27. Ingsun banjur nukulake wiji ana ing bumi.

28. Lan anggur, lan anggur garing.

29. Lan uwit jaitun, apadene wit kurma.

30. Lan palêmahan kang ana kêkayone gêdhe.

31. Lan wowohan warna-warna, lan sukêt panganing rajakaya.

32. Iku kabèh dadi bêbungah, panganira lan pangane rajakayanira.

33. Ing besuk nalika têka pêtaking dina kiyamat, iya iku pandamune sêmprong Malaikat Israphil kang kapindho.

34. Nalikane wong padha mlayu, suthik cêdhak sadulure.

35. Lan ngêdohi bapa biyunge.

36. Lan ngêdohi bojone, apadene anak putune.

36.37. Ing dina iku siji-sijining wong padha golèk salamête awake dhewe-dhewe, ora mikir marang liyane.

--- 3 : 1504 ---

38. Ing dina iku, uga akèh rai kang mancorong cahyane.

39. Gumuyu tur katon bungah, iya iku para wong mukmin.

40. Lan ing dina iku uga akèh rai kang kaya galuprut lêmah.

41. Saking dening irêng lan pêtênging ulate.

42. Iya iku wong kang padha kaphir lan anglakoni panggawe ala.

Surat Takhwir (nglêmpit)

Tinurunake ana nagara Mêkah, têlung puluh nêmsanga likur. ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha- asih.

1. Ing besuk dina kiyamat, nalikane srêngenge dilêmpit.

2. Nalikane lintang padha coplok, runtuh ing bumi.

3. Lan nalikane gunung padha manut, dadi êndhêg -êndhêg amun-amun.

--- 3 : 1505 ---

4. Lan nalikane unta mêtêng padha ditinggal, tanpa dingon.

5. Lan nalikane khewan dharatan padha dikalumpukake.

6. Lan nalikane sagara digênèni, banjur dadi gêni.

7. Lan nalikane nyawa dibalèkake marang wadhage.

8. Lan nalikane wong wadon kang dipatèni sarana dipêndhêm urip-uripan, padha didangu.

9. Dosa apa ênggone dipatèni mau.

10. Lan nalikane buku cathêtan lêlakone siji-sijining wong ginêlar.

11. Lan nalikane langit disingkirake.

12. Lan nalikane Naraka Jakhim diurubake.

13. Lan nalikane suwarga dicêpakake.

14. Ing kono siji-sijining wong padha wêruh barang kang wis padha dilakoni, ala lan bêcik.

15. Ingsun supata: Dêmi lintang Durari kang lakune kalangan.

16. Kang mlaku banjur surup.

--- 3 : 1506 ---

17. Dêmi wêngi nalikane ngarêpake utawa ngungkurake pêtêng.

18. Dêmi wayah bangun nalika tumarontong padhange.

19. Kuran iku pangucape rasul kang mulya, ngêmban timbalaning Allah, lantaran saka Malaikat Jabarail.

20. Gagah prakosa, mungguhing Allah kang kagungan ngaras, pinaringan pangkat luhur.

21. Kèdhêp dening para malaikat ing langit, tur pinracaya nurunake wahyu.

22. Kancanira Nabi Mukhammad iku dudu wong edan kaya panêrkanira.

23. Nabi Mukhammad andêlêng rupane Malaikat Jabarail kang sayêkti, ana sikiling langit kang wetan, cêtha wela-wela.

24. Nabi Mukhammad mau ora gawe angèl mêdharake wahyu.

25. Kuran iku dudu pangucaping setan kang patut dibalangi.

26. Marang ngêndi ênggonira arêp maido Kuran. [Kur...]

--- 3 : 1507 ---

[...an.]

27. Ora liwat Kuran iku wêwulang marang isining jagad.

28. Tumrap marang kancanira kang gêlêm manut agama bênêr.

29. Ewadene manungsa padha suthik manut, kajaba yèn wis dadi parênge karsaning Allah Pangeraning alam kabèh.

Surat Inphitar (sigar)

Tinurunake ana nagara Mêkah, sangalas ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Besuk dina kiyamat, nalikane langit iku sigar.

2. Lan nalikane lintang padha coplok, runtuh marang bumi.

3. Lan nalikane sagara iku kumpul dadi siji.

4. Lan nalikane pakuburan iku winalik.

5. Ing kono siji-sijining wong padha wêruh barang

--- 3 : 1508 ---

kang wis dilakoni lan kang bakal dilakoni.

6. He manungsa kaphir, sapa kang anjalomprongake sira, nganti duraka ing Pangeranira kang mulya.

7. Kang wis gawe awakira, gênêp, waras lan patut.

8. Allah namtokake rupanira, miturut sakarsane.

9. He wong kaphir ing Mêkah, aja padha kajalomprong, sira têka padha maido yèn laku iku ana wêwalêse.

10. Satêmêne ana malaikat kang nyathêti ala lan bêcikira.

11. Malaikat Mahamulya mungguhing Allah, padha nulisi lakunira.

12. Padha wêruh samubarang kang padha sira lakoni.

13. Satêmêne para wong mukmin iku padha ana ing Suwarga Nangim.

14. Dene para wong kaphir, iku padha ana ing naranaraka. Jakim. Jakhim.

15. Besuk dina kiyamat, wong kaphir padha nyêmplung ing naraka mau.

--- 3 : 1509 ---

16. Enggone ana ing naraka langgêng, ora mêtu salawas-lawase.

17. Sapa kang mêruhake sira, dina kiyamat iku apa.

18. Gêdhe têmên dina kiyamat iku, sapa kang mêruhake sira, dina kiyamat iku apa.

19. Dina kiyamat iku ora ana wong bisa makolèhake wong liyane, ing dina iku sarupaning prakara kagunganing Allah.

Surat MutaphphinMutaphiphin.

(wong cidra ênggone nakêr utawi nraju)

Tinurunake ana nagara Mêkah, têlung puluh nêm ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha- asih.

1. Cilaka têmên wong kang padha cidra ênggone nraju utawa nakêr.

2. Kang manawa nakêr barang kang saka manungsa liya, bakal ditampani, ênggone nakêr kêbak.

3. Dene manawa nakêr utawa nraju barang bakal [baka...]

--- 3 : 1510 ---

[...l] ditampakake ing wong liya, panakêre utawa panrajune dikurangi. Dadi gawe kapitunan.

4. Wong mangkono mau apa padha ora duwe kira yèn ing têmbe bakal diuripake saka ing pati.

5. Besuk dina gêdhe kiyamat.

6. Iya iku nalikane manungsa padha mêtu saka ing kubure, disebakake ana ngarsaning Allah, Pangeraning ngalam kabèh.

7. Têmên têtulisan, lakune para wong ala iku ana ing sijin.

8. Sapa kang nuduhake marang sira, apa ta kang aran sijin iku.

9. Sijin iku buku kang diêcap, ora kêna diwêruhi, mratelakake lakune para setan lan wong kaphir.

10. Ing dina iku wong kang padha maido, cilaka bangêt.

11. Kang padha maido dina kiyamat.

--- 3 : 1511 ---

12. Ora ana wong maido dina kiyamat, kajaba wong kang kêbangêtên ênggone duraka.

13. Manawa diwacakake Kuran ayat Ingsun, pangucape: Kuran iku gawe-gawene para wong kuna.

14. Wong kêbangêtên mau môngsa gêlêma pracaya, malah duraka kang dilakoni mau dadi andhêng-andhêng tumrap ing atine.

15. Têmên ing dina kiyamat iku, wong kêbangêtên ênggone duraka mau padha kêtutupan, dadi padha ora wêruh ing Allah.

16. Sawise mangkono, wong mau banjur padha malêbu ing Naraka Jakhim.

17. Banjur didhawuhi: Naraka Jakhim iki kang padha sira paido biyèn.

18. Têmên cathêtan lakune para wong bêcik, mukmin, iku ana ing Ngiliyun.

19. Sapa kang nuduhake sira, apa kang aran Ngiliyun iku.

20. Ngiliyun iku buku kang diêcap, ora [o...]

--- 3 : 1512 ---

[...ra] kêna diwêruhi, mratelakake lakune para malaikat lan para manungsa lan jin kang padha mukmin.

21. Kang mêruhi buku mau mung para malaikat kang padha kacêdhak ing Allah.

22. Sarupane wong bêcik iku padha ana ing Suwarga Nangim.

23. Padha linggih ana ing kanthil, sarta andêlêng ganjaran warna-warna.

24. Sira wêruh raine wong mau, katara wong mêngku kabungahan gêdhe.

25. Padha dilarihi sajêng bêning bangêt, wadhahe diêcap.

26. Pangombene kang wêkasan, anggônda kêsturi, mulane wong kang dhêmên ganjaran iku padha tabêria ngabêkti ing Allah.

27. Woworane sajêng mau, banyu kali Tasnim.

28. Iya iku kali ing suwarga, ombèn-ombène para wong kacêdhak ing Allah.

29. Sarupane wong kaphir, iku padha anggêguyu [anggêgu...]

--- 3 : 1513 ---

[...yu] marang para wong mukmin.

30. Manawa padha mlaku barêngan lan wong mukmin, ênggone anggêguyu sarana ngêjèpi kancane.

31. Manawa bali marang panggonaning kancane, ênggone bali gawe pangeram-eram, nyatur para wong mukmin.

32. Wong kaphir mau manawa andêlêng wong mukmin, pangucape: Wong mukmin iku padha kêsasar.

33. Tur wong kaphir mau ora diutus dening Allah, nyathêti lakune para wong mukmin.

34. Mulane ing dina kiyamat, para wong mukmin padha malês anggêguyu marang para wong kaphir.

35. Linggih ana ing kanthil, andêlêng sangsarane para wong kaphir.

36. Pangandikaning Allah: Wong kaphir ênggone padha anggêguyu biyèn, saiki apa wis tômpa pituwase. Ature wong mukmin: Inggih sampun.

Surat Insikag (pêcah)

Tinurunake ana nagara Mêkah, sanga likursêlawe. ayat.

--- 3 : 1514 ---

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Besuk dina kiyamat, nalikane langit iku pêcah.

2. Ngèstokake karsaning Pangerane, wis bênêre kudu dièstokake.

3. Lan nalikane bumi dirata.

4. Lan mêtokake isèn-isène wong kang wis padha mati, nganti rêsik gêmêt.

5. Bumi ngèstokake karsaning Pangerane, wis bênêre kudu dièstokake. Ing kono manungsa padha wêruh lêlakone dhewe-dhewe.

6. He manungsa, sira iku tansah lumaku seba ing ngarsaning Allah Pangeranira, ing mêngko sira olèh pituwase lakunira, ala lan bêcik.

7. Sing sapa dipasrahi layang cathêtaning lêlakone saka ing têngên, iya iku para wong mukmin.

8. Iku bakal ditimbang kalawan ènthèng.

--- 3 : 1515 ---

9. Lan bali marang panggonaning kancane ana ing suwarga kalawan suka bungah.

10. Dene sing sapa dipasrahi layang cathêtaning lakune saka ing buri, iya iku para wong kaphir.

11. Iku bakal dilokake wong cilaka lan rusak.

12. Lan banjur dicêmplungake ing Naraka Sangir.

13. Wong kaphir mau nalika ana ing dunya bungah-bungah lan kancane.

14. Panyanane ora bakal bali, disebakake ana ngarsaning Allah.

15. Luput panyanane, Allah Pangerane mirsani marang si kaphir.

16. Ingsun supata, dêmi mega abang.

17. Dêmi wêngi, lan barang kang lèrèn ing wêngi.

18. Dêmi rêmbulan nalikane purnama.

19. He manungsa, sira mêsthi nglakoni tingkah kang solan-salin.

20. Yagene manungsa padha ora pracaya ing Allah.

--- 3 : 1516 ---

21. Nalika diwacakake Kuran, padha ora gêlêm sujud.

22. Wong kaphir malah padha maido Kuran.

23. Allah nguningani luguning atine si kaphir ênggone maido.

24. Wong kaphir mangkono iku sira surup-surupna, bakal dipatrapi siksa kang nglarani.

25. Kajaba para wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, iku padha diganjar suwarga salawas-lawase tanpa pêdhot.

Surat Buruj (perangan dalaning srêngenge)

Tinurunake ana nagara Mêkah, rolikur ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Dêmi langit kang ana buruje, buruj iku sapara rolase buwêngan dalaning srêngenge.

2. Dêmi dina kiyamat kang tinamtokake mêsthi kêlakon.

--- 3 : 1517 ---

3. Dêmi sêksi lan kang dèn sêksèni.

4. Wong kang padha duwe jugangan utawa biyantu, padha kêna bêbênduning Allah.

5. Jugangan mau isi gêni murub, kanggo ngobong.

6. Wong kang duwe jugangan lan kang biyantu mau, padha linggih kursi ana saubênging jugangan.

7. Padha nyumurupi ênggone milara lan matèni wong mukmin.

8. Enggone milara mau, dumèh wong mukmin iku padha pracaya ing Allah kang Mahamulya tur pantês pinuji.

9. Kang kagungan karaton langit lan bumi, Allah iku mirsani samubarang.

10. Sarupane wong kang maeka utawa milara wong mukmin, lananga wadona, sarana diobong, kang môngka ora tobat, iku padha dipatrapi siksa ana ing Naraka Jahanam, minôngka patrapan ênggone ngobong wong mukmin.

11. Sarupane wong mukmin kang padha nglakoni

--- 3 : 1518 ---

panggawe bêcik, iku bakal padha tômpa ganjaran suwarga kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon. Kang mangkono iku aran kabêgjan gêdhe.

12. Satêmêne siksaning Allah Pangeranira iku abot.

13. Allah iku kang murwani gawe mahluk, sawise padha dipatèni, Allah banjur nguripake manèh.

14. Allah iku kaparêng ngapura, tur asih marang kawulane.

15. Kang gawe ngaras, tur Mahaluhur.

16. Kang nindakake samubarang kang dadi karsane.

17. Sira wis tômpa dhawuh carita tumpêse bala akèh.

18. Iya iku Raja Phirngon lan Raja Samud sabalane kabèh.

19. Dene para umatira kang padha kaphir, iku siksane marga kaluputan ênggone padha maido Kuran.

20. Allah iku kawruh lan kawasane nglimputi [nglimpu...]

--- 3 : 1519 ---

[...ti] wong kaphir kabèh.

22.21. Kuran iku kitabing Allah kang agung.

22. Katulis ana ing Lohmahphul.

Surat Tarig (lintang wuluh)

Tinurunake ana nagara Mêkah, pitulas ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha- asih.

1. Dêmi langit, dêmi tarig.

2. Sapa kang mêruhake sira, apa kang aran tarig iku.

3. Kang aran tarig iku lintang wuluh.

4. Siji-sijining awak mêsthi ana malaikate kang rumêksa.

5. Manungsa padha mikira, awake iku kadadian saka apa.

6. Awake iku kadadian saka mani kang crut-crutan.

7. Mêtu saka iga wêkase wong lanang lan wong wadon.

--- 3 : 1520 ---

8. Allah kuwasa nguripake manungsa sawise mati.

9. Iya iku besuk dina kiyamat, nalikane iku sarupaning wadi padha kêwiyak.

10. Wong kang maido dina kiyamat, ora kêlar nulak siksa lan ora ana kang bisa nulungi.

11. Dêmi langit kang ana udane.

12. Dêmi bumi kang ambalêdhag mêtu thêthukulane.

13. Têmên Kuran iku pangandikaning Allah, kang ambedakake bênêr lan luput.

14. Dudu sêmbranan lan jalomprongan.

15. Wong kaphir padha nandukake paekan marang Nabi Mukhammad.

16. Ingsun uga malês paekane si kaphir mau.

17. (He Mukhammad) sira kantia, Ingsun uga nyarantèkake sawatara rusake si kaphir mau.

--- 3 : 1521 ---

Surat Akla (Mahaluhur)

Tinurunake ana nagara Mêkah, sangalas ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. (He Mukhammad) sira sakancanira nêbuta Mahasuci tumrap asmaning Allah Pangeranira kang Mahaluhur.

2. Kang wis gawe samubarang kalawan prayoga.

3. Lan amêsthi kaananing samubarang mau, ala lan bêcik, atas karsane pribadi, nuli nuduhake barang kang amrih bêcik.

4. Lan mêtokake sukêt, kanggo panganing rajakaya.

5. Sukêt mau sawise ijo, dikarsakake garing, warnane abang.

6. Ingsun bakal mulang Kuran marang sira Mukhammad, lan sira bakal ora lali unining Kuran.

7. Kajaba yèn ana parênge karsaning Allah, satêmêne Allah iku nguningani panggawe [pangga...]

--- 3 : 1522 ---

[...we] lan pangucap, kang sêru lan kang samar.

8. Lan Ingsun nulungi sira nglakoni dalan kang gampang, iya iku sarengat.

9. Sira mêmulanga Kuran, sanadyan wulang mau migunani utawa ora.

10. Wong kang wêdi ing Allah bakal ngèstokake wulanging Kuran.

11. Dene wong kang cilaka, iya iku wong kaphir, iku padha suthik ngèstokake wulanging Kuran.

12. Iku têtêp wong cilaka, kacêmplung ing naraka gêdhe.

13. Ana ing naraka wong kaphir mau ora mati ora urip.

14. Wong kang rêsik atine pracaya ing Allah iku têtêp wong bêgja.

15. Wong mau nêbut asmaning Pangerane lan anglakoni sêmbayang.

16. (He wong kaphir) sira padha milih kabungahan ing dunya.

17. Kabêgjan ing akhirat iku luwih bêcik, [bê...]

--- 3 : 1523 ---

[...cik,] tur langgêng, ngungkuli kabungahan ing dunya.

18. Wêwulang kang wis kasêbut mau, uga kasêbut ana ing kitab kang kuna-kuna.

19. Kitabe Nabi Ibrahim lan kitabe Nabi Musa.

Surat Gasiyah (dina kiyamat)

Tinurunake ana nagara Mêkah, nêmlikur ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. (He Mukhammad) sira wis tômpa dhawuh bab dina kiyamat.

2. Ing dina iku akèh awak padha konjêm.

3. Padha nglakoni kangelan anjunjung rante lan balênggu ana ing naraka.

4. Padha kacêmplung ing naraka kang panas.

5. Dicangar wedang saka sumbêr ing naraka, kang panase angluwihi.

6. Ora duwe panganan apa-apa, kajaba [kaja...]

--- 3 : 1524 ---

[...ba] mung êri.

7. Ora bisa nglêmoni lan ora marêgi.

8. Ing dina iku uga akèh awak padha kapenak.

9. Padha lêga atine marga ênggone nglakoni panggawe bêcik ana ing dunya.

10. Manggon ana ing suwarga kang luhur.

11. Ana ing suwarga sira ora tau krungu pangucap ala.

12. Ing suwarga ana bêngawane mili.

13. Ing suwarga ana kanthile kang dipasang dhuwur.

14. Lan wadhah kang tinata.

15. Lan bantal kang jinèjèr-jèjèr.

16. Lan risban kang pinasang.

17. Wong kaphir ing Mêkah apa ora padha andêlêng unta, ênggone digawe dening Allah.

18. Lan langit ênggone didhuwurake dening Allah.

19. Lan gunung-gunung ênggone padha didêgake dening Allah.

--- 3 : 1525 ---

20. Lan bumi ênggone digêlar dening Allah.

21. (He Mukhammad) sira Ingsun karsakake mêmulang, mulane sira mêmulanga.

22. Sira ora diwajibake anjiyad wong.

23. Amung wong kang malengos lan maido.

24. Allah bakal niksa marang wong mau kalawan siksa kang gêdhe.

25. Satêmêne manungsa iku kabèh bakal padha bali marang ngarsaningsun.

26. Sawise bali, nuli padha Ingsun timbang ala lan bêcike.

Surat Phajêr (wayah bangun esuk)

Tinurunake ana nagara Mêkah, têlung puluh ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Dêmi wayah bangun esuk ing sabên dina, dêmi malêm tanggal ping sapuluh sabên sasi Bêsar.

2. Dêmi cacah ganêp lan cacah ganjil.

--- 3 : 1526 ---

3. Dêmi wêngi kang kawitan lan kang wêkasan, wong kaphir ing Mêkah iku mêsthi Ingsun siksa.

4. Enggon Ingsun supata mangkono mau, apa iku supatane wong kang ana ngakale. Iya mangkono.

5. (He Mukhammad) sira apa ora andêlêng Allah Pangeranira ênggone numpês wong Ngad.

6. Turune Iram, tur padha gagah prakosa lan gêdhe dhuwur.

7. Wong ing nagara liya-liyane, ora ana kang diparingi gagah prakosa samono.

8. Lan ênggone numpês wong Samud kang padha mecoki watu ana pèrèng-pèrènging gunung ginawe omah.

9. Lan ênggone numpês Raja Phirngon, tur Raja Phirngon mau sugih bala, lan duwe piranti kanggo matrapi wong.

10. Kabèh mau padha gumêdhe ana ing nagara.

11. Bangêt ênggone gawe rusak ana ing nagarane, mêmatèni wong lan liya- liyane.

--- 3 : 1527 ---

12. Allah Pangeranira banjur nurunake siksa warna-warna marang wong kaphir mau.

13. Satêmêne Allah Pangeranira ngulat-ulatake.

14. Wong kaphir iku manawa dicoba dening Pangerane, sarana diparingi kabêgjan lan kabungahan.

15. Banjur ngucap: Pangeranku gawe bêcik marang aku.

16. Dene yèn dicoba sarana dikurangi ênggone paring rijêki.

17. Banjur ngucap: Pangeranku ora gawe bêcik marang aku.

18. Pangucape wong kaphir mau luput, Allah ênggone gawe bêcik, ora sarana paring kabungahan ing dunya, ênggone nginakake ora sarana ngurangi paringe rijêki. Malah sira wong kaphir, iku padha ora gêlêm wêlas marang bocah yatim.

19. Lan ora akon awèh pangan marang wong miskin.

--- 3 : 1528 ---

20. Lan padha ngukup barang tinggalane wong mati kalawan bangêt.

21. Lan padha dhêmên bôndha, dhêmên bangêt.

22. Wong kaphir mau luput, besuk dina kiyamat, nalikane ing bumi lindhu gêdhe, nganti gunung-gunung padha ajur.

23. Parentahe Pangeranira kalêksanan, lan malaikat padha baris sap-sapan.

24. Ing dina iku Naraka Jahanam ditêkakake, ing dina iku wong kaphir padha eling ênggone padha nêmaha maido rasul, lan anglakonana ala, nanging elinge mau ora migunani apa-apa.

25. Pangucape: Adhuh, bok iya biyèn nalika aku urip ana ing dunya, aku nglakoni panggawe bêcik lan pracaya ing Allah, supaya slamêt ênggonku urip ana ing akhirat, ing dina iki ora ana wong bisa nguwasani siksaning Allah.

26. Lan ora ana wong bisa nyantosani kaya Allah ênggone nyantosani.

--- 3 : 1529 ---

27. He awak kang têntrêm.

28. Sira balia seba ing ngarsaning Pangeranira, kalawan lêga tômpa ganjaran, tur karilan marga saka lakunira bêcik.

29. Sira malêbua golongane para kawulaningsun kang bêcik.

30. Lan malêbua ing suwarganingsun.

Surat Balad (nagara)

Tinurunake ana nagara Mêkah, rongpuluh ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Ingsun supata, dêmi nagara Mêkah iki.

2. Sira manggon ing nagara Mêkah iki.

3. Dêmi bapa, iya iku Nabi Adam, dêmi turune Nabi Adam.

4. Ingsun têmên wis gawe manungsa, tansah nglakoni rêkasa.

5. Yagene Abul Asaddèn têka rumasa gagah prakosa, ora ana kang bisa nguwasani

--- 3 : 1530 ---

marang awake.

6. Kawêtu pangucape: Enggonku sêsatron lan Nabi Mukhammad, mêtokake bôndha pirang-pirang.

7. Yagene Abul Asaddèn têka rumasa yèn ora ana kang wêruh bandhane kang diwêtokake, Allah ora kasamaran.

8. Apa Ingsun ora wis maringi mata loro marang Asaddèn.

9. Lan ilat, apadene lambe loro.

10. Lan Ingsun nuduhake dalan bêcik lan ala marang Abul Asaddèn.

11. Yagene têka ora nglakoni dalan bênêr kalawan tumêmên.

12. Sapa kang mêruhake sira, nglakoni dalan bênêr iku kapriye.

13. Nglakoni dalan bênêr iku kaya ta, nguculi wong saka ing pangawulan.

15. Marang bocah yatim kang isih kalêbu sanak.

--- 3 : 1531 ---

16. Utawa marang wong miskin kang prasasat turu ing lêmah.

17. Kajaba iku, wong mau kalêbu wong pracaya ing Allah, padha ajak-ajakan narima lan sih-sinihan.

18. Wong mangkono mau, layang cathêtaning lakune padha diulungake saka têngên.

19. Dene wong kang padha maido Kuran, ayat Ingsun, iku layang cathêtaning lakune padha diulungake saka ing kiwa.

20. Padha disiksa ana ing naraka kang dikunci.

Surat Samsi (srêngenge)

Tinurunake ana nagara Mêkah, nêmbêlaslimalas. ayat.

Awit ingkang asma Allah ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Dêmi srêngenge lan sorote.

2. Dêmi rêmbulan nalikane mancorong sawise srêngenge surup.

3. Dêmi awan nalikane ngatonake srêngesrêngenge.

--- 3 : 1532 ---

kalawan padhange.

4. Dêmi wêngi nalikane nutupi srêngenge kalawan pêtênge.

5. Dêmi langit lan kang ngêdêgake langit.

6. Dêmi bumi lan kang anggêlar bumi.

7. Dêmi awak pirang-pirang lan kang madha rupane.

8. Allah nuli paring pangêrti laku ala lan laku bêcik marang awak mau.

9. Wong kang ngrêsikake awake saka ing dosa, têtêp wong bêgja.

10. Wong kang nacadake awake sarana dosa utawa kaphir, têtêp wong kapitunan.

11. Wong Samud biyèn, saking dening kêsasare, padha maido rasule.

12. Nalikane wong Samud kang cilaka dhewe tumandang arêp êmbêlèh unta.

13. Utusaning Allah Nabi Salèh nuli mituturi marang wong Samud: Aja padha natoni untaning Allah, lan aja ngarubiru pangombene.

14. Wong Samud padha maido Nabi Salèh, nuli padha natoni untaning Allah.

--- 3 : 1533 ---

15. Pangeran nuli numpês marang wong Samud marga saka dosane, wong Samud sirna kabèh.

16. Pangeran ora kuwatir bakal wêkasane.

Surat Laili (wêngi)

Tinurunake ana nagara Mêkah salikur ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Dêmi wêngi, nalikane nutupi awan kalawan pêtênge.

2. Dêmi awan, nalikane lair gumêlar.

3. Dêmi Pangeran kang gawe wong lanang lan wadon.

4. Satêmêne lakunira para manungsa, iku beda-beda.

5. Dene sing sapa ngèstokake parentahing Allah lan wêdi ing Allah.

6. Lan ngandêl surasaning adat loro.

7. Iku Ingsun cawisi suwarga.

--- 3 : 1534 ---

8. Dene sing sapa kumêd, suthik anglakoni parentahing Allah, lan sumugih, ngaku ora butuh marang ganjaraning Allah.

9. Lan maido surasaning sahadat loro.

10. Iku Ingsun cawisi siksa naraka.

11. Wong kang wis kacêmplung ing naraka, iku bandhane ora migunani apa-apa.

12. Ingsun iki wis bênêre kudu nuduhake ala lan bêcik.

13. Satêmêne kabêgjan ing dunya lan ing akhirat iku kagunganingsun.

14. (He wong Mêkah) sira Ingsun wêwêdèni naraka kang murub.

15. Ora ana wong kacêmplung ing naraka sarta langgêng, kajaba wong cilaka.

16. Kang maido Nabi Mukhammad lan suthik pracaya.

17. Dene kang didohake saka ing naraka, iku wong wêdi ing Allah.

18. Kang mèwèhake bandhane kalawan rêsik atine.

--- 3 : 1535 ---

19. Ora ana wong siji kang olèh ganjaran kabungahan ana ngarsaning Allah.

20. Kajaba yèn ênggone nglakoni kabêcikan, murih kaparênge Pangeran kang Mahaluhur.

21. Wong wêdi ing Allah, ing têmbe bakal lêga atine nampani ganjaran.

Surat Dlukha (wayah lingsir wetan)

Tinurunake ana nagara Mêkah, sawêlas ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Dêmi waktu dlukha (wayah lingsir wetan)

2. Dêmi wêngi, nalikane pêtêng.

3. (He Mukhammad) Allah Pangeranira ninggal sira, lan ora duraka marang sira.

4. Tumrap ing sira, akhirat iku luwih bêcik tinimbang lan dunya.

5. Ing têmbe Allah Pangeranira paring ganjaran marang sira, sira iya lêga nampani ganjaran mau.

6. Apa Allah ora wuninga yèn sira iku

--- 3 : 1536 ---

bocah yatim, nuli dikarsakake ngopèni pamanira Abu Talib.

7. Allah nguningani yèn sira iku kêsasar, ora wêruh sarengat, nuli dituduhake sarengat.

8. Lan Allah nguningani yèn sira iku ora duwe, nuli disugihake.

9. Dene bocah yatim iku aja sira kaniaya.

10. Lan yèn ana wong anjêjaluk, aja sira tulak.

11. Pêparinge kabungankabungahan. Pangeranira iku sira kandhak-kandhakna.

Surat Alamnasrah (apa Ingsun ora madhangake)

Tinurunake ana nagara Mêkah, wolung ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. (He Mukhammad) Ingsun apa ora wis [wi...]

--- 3 : 1537 ---

[...s] madhangake atinira.

2. Lan Ingsun wis ngènthèngake gendhonganira kang abot, ênggonira dadi utusan.

3. Kang ngêbot-boti gêgêrira.

4. Lan Ingsun wis anjunjung sira, bab kasêbute jênêngira, samôngsa asmaningsun disêbut, jênêngira uga disêbut.

5. Têmên, sawise nglakoni rêkasa, iku bakal nêmu gampang.

6. Nyata, sawise nglakoni rêkasa, mêsthi nêmu gampang.

7. Samôngsa wis rampung ênggonira sêmbayang, banjur kangèlana nyênyuwun ing Allah.

8. Lan andhap asora marang Allah Pangeranira.

Surat Tin (êlo)

Tinurunake ana nagara Mêkah, wolung ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah

--- 3 : 1538 ---

tur kang Maha-asih.

1. Dêmi woh êlo, dêmi woh zaitun.

2. Dêmi gunung Tursina, kang binarkahan, isi kêkayon kang awoh.

3. Dêmi nagara Mêkah kang tata têntrêm iki.

4. Têmên, Ingsun wis gawe manungsa, warnane lan samubarange sarwa bêcik.

5. Sawise sarwa prayoga, banjur Ingsun balèkake dadi asor bangêt, pikun lan sapêpadhane. Tur ora dicathêti nglakoni panggawe bêcik.

6. Kajaba para wong mukmin lan wong kang padha nglakoni panggawe bêcik, iku padha olèh ganjaran kang tanpa pêdhot.

7. (He wong kaphir) sawise mangkono, apa sababe sira nganti maido siksa lan ganjaran.

8. Allah iku kang ngasta bêbênêran, kang adil dhewe, apa ora mangkono.

Surat Ngalag (gêtih kênthêl)

Tinuru-

--- 3 : 1539 ---

nake ana nagara Mêkah, sangalas ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. (He Mukhammad) sira macaa Kuran wahyuning Allah, winiwitan nêbut asmaning Allah Pangeranira, kang wis gawe sarupane kang dumadi.

2. Wus gawe manungsa saka gêtih kênthêl.

3. Sira ngundhangna Kuran marang para umatira. Allah Pangeranira iku luwih dening mulya.

4. Kang mêruhake patraping nulis nganggo kalam.

5. Kang mêruhake marang manungsa, barang kang maune durung wêruh.

6. Nanging satêmêne manungsa iku kêbangêtên.

7. Dene têka rumasa awake wis cukup, ora butuh apa-apa marang Allah.

8. (He manungsa) sira iku mêsthi bakal bali disebakake ana pangayunaning Allah.

9. Kapriye panêmunira mungguh Abu Jahal kang mênging.

--- 3 : 1540 ---

10. Nabi Mukhammad ênggone sêmbayang.

11. Kapriye panêmunira manawa Nabi Mukhammad mau nglungguhi pituduh bênêr.

12. Utawa ajak-ajak wêdi ing Allah.

13. Kapriye panêmunira manawa Abu Jahal mau maido Nabi Mukhammad, lan malengos suthik pracaya.

14. Apa Abu Jahal mau ora wêruh yèn Allah iku mirsani lakune Abu Jahal.

15. Têmên manawa Abu Jahal ora marèni ênggone kaphir, ing têmbe mêsthi Ingsun candhak kuncunge, Ingsun gêlandhang nyêmplung ing naraka.

16. Kuncunge wong goroh, kuncunge wong luput.

17. Yèn wis mangkono, mara ngundanga kônca- kancane, anjaluka pitulung, nanging malah Ingsun undangake Malaikat Zabaniyah, iya iku malaikat kang nguwasani siksa naraka.

18. (He Mukhammad) Abu Jahal iku luput, sira aja manut Abu Jahal.

--- 3 : 1541 ---

19. Sira lêstarèkna ênggonira sujud sêmbayang, lan nyêdhaka ing Allah kalawan sujud.

Surat Kadar (Lailatul Kadar)

Tinurunake ana nagara Mêkah, limang ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Ingsun nurunake Kuran, wutuh, saka Lohmahpul marang langit dunya, ana ing wêngine Lailatul Kadar.

2. Sapa kang mêruhake sira, Lailatul Kadar iku sapira kautamane.

3. Kautamane Lailatul Kadar iku, sing sapa nglakoni kabêcikan ana ing Lailatul Kadar, ganjarane ngungkuli gawe kabêcikan sèwu sasi.

4. Ing wêngine Lailatul Kadar iku, para malaikat lan Malaikat Jabarail padha tumurun marang dunya, ngèstokake parentahing Allah Pangerane, nindakake

--- 3 : 1542 ---

pêpêsthèning Allah sajroning sataun iku.

5. Lailatul Kadar iku dudu barang-barang, nanging kaslamêtan nganti têkan wayah bangun raina.

Surat Bayinnah (tôndha yêkti)

Tinurunake ana nagara Mêkah, wolung ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Sarupane wong kaphir kang padha duwe waton kitab, lan wong kang padha nyêmbah brahala, iku padha ora gêlêm marèni ênggone kaphir, nganti katêkan tôndha yekti, iya iku Nabi Mukhammad.

2. Nabi Mukhammad iku utusaning Allah, ngundhangake Kuran kang suci, ora ana kang luput, mratelakake khukum kang bênêr lan ngadil.

3. Wong kaphir kang padha duwe wêwaton kitab mau, ênggone padha pasulayan bab pangandêl marang Nabi Mukhammad, sawise katêkan tôndha [tô...]

--- 3 : 1543 ---

[...ndha] yêkti, iya iku jumênênge Nabi Mukhammad.

4. Kang kasêbut ing Kitab Torèt lan Kitab Injil, wong kaphir kang duwe wêwaton kitab mau ora diparentahi apa-apa, kajaba mung diparentahi nêmbah ing Allah, kalawan rêsik atine maligi nêmbah ing Allah, ora nyêmbah liyane, jêjêg anglakoni agamane Nabi Ibrahim, lan agamane Nabi Mukhammad, yèn wis didhawuhake, lan anglakoni sêmbayang apadene bayar zakat, iya iku agama kang bênêr.

5. Sarupane wong kaphir kang padha duwe wêwaton kitab lan wong kang padha nyêmbah brahala, iku ing têmbe disiksa ana ing Naraka Jahanam, ana ing kono langgêng salawas-lawase, awit iku kabèh titahing Allah, kang ala dhewe.

6. Dene sarupane wong mukmin lan wong kang padha nglakoni panggawe bêcik, iku kabèh titahing Allah kang bêcik dhewe.

--- 3 : 1544 ---

7. Ana ngarsaning Pangeran bakal padha diganjar suwarga Ngadan kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, ana ing kono padha langgêng salawas-lawase.

8. Allah kaparêng nganggêp kabêcikane wong mukmin mau, wong mukmin uga padha bungah tômpa ganjaraning Allah, ganjaran mangkono mau diparingake marang wong kang wêdi ing Allah Pangerane.

Surat Zalzalah (lindhu)

Tinurunake ana nagara Mêkah, lan ana kang ngarani tinurunake ana nagara Madinah, wolung ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Besuk dina kiyamat, nalikane ana lindhu gêdhe, bumi bangêt ênggone gonjang- ganjing.

2. Bumi mêtokake isine

--- 3 : 1545 ---

pêndhêman rajabrana, lan wong kang wis padha mati.

3. Manungsa padha ngucap: Yagene têka ana lindhu gêdhe.

4. Ing dina iku wong padha anjalèntrèhake samubarang kang wis padha dilakoni, ala lan bêcik.

5. Amarga Allah Pangeranira dhawuh anjalèntrèhake marang wong mau.

6. Ing dina iku wong padha mundur, mêtu saka panggonaning panimbang, dhewe-dhewe, sing sapa manêngên, lakune marang suwarga, dene kang mangiwa, marang naraka. Kabèh padha diwêruhake pituwasing lakune.

7. Sing sapa nalika ana ing dunya nglakoni kabêcikan, sanadyan mung saboboting sêmut, mêsthi wêruh ganjarane.

8. Dene sing sapa nglakoni ala, sanadyan mung saboboting sêmut, iya mêsthi wêruh patrapane.

Surat Ngadiyat (jaran nyandêr)

Tinurunake

--- 3 : 1546 ---

ana nagara Mêkah, ana kang ngarani tinurunake ana nagara Madinah, sawêlas ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Dêmi jaran kang nyandêr ana ing papêrangan, nganggo nyuwara.

2. Dêmi jaran kang rikat panyandêre, nganti watu kang disandhung mêtu gênine.

3. Dêmi jaran kang diênggo andingkik satru ing wayah bangun.

4. Wusana ing panggonan kono pêtêng dening balêdug.

5. Saking pêtênge, kang andingkik ora wêruh dalan, têkan ana têngahing mungsuh, wusana malah dikêpung ing mungsuh.

6. Satêmêne manungsa kang kaphir iku ora kadunungan panarima marang kabêcikaning Pangerane.

7. Manungsa mau iya nêksèni marang awake [awa...]

--- 3 : 1547 ---

[...ke] dhewe ênggone ora kadunungan panarima.

8. Manungsa mau ênggone dhêmên bôndha, bangêt, mulane banjur kumêd.

9. Apa manungsa mau ora wêruh yèn besuk dina kiyamat, wong kang wis padha mati iku padha diuripake, diwêtokake saka ing pakuburane.

10. Lan diwalèhake alane, kang diumpêtake ana sajroning ati.

11. Ing dina iku Allah Pangerane waspada bangêt marang ala bêciking manungsa.

Surat Karingah (dina kiyamat)

Tinurunake ana nagara Mêkah, wolung ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Dina kiyamat iku anggêgirisi.

2. Sapa kang mêruhake sira, kapriye ênggone anggêgirisi dina kiyamat [kiyama...]

--- 3 : 1548 ---

[...t] iku.

3. Ing dina iku manungsa padha pating bilulung, kaya anak walang sumêbar.

4. Gunung pating panculat kaya kapas diwusoni.

5. Sing sapa bêcike ditraju, bobote ngungkuli alane, wong iku diênggonake ana ing suwarga, andadèkake bungahe.

6. Dene sing sapa boboting bêcike ènthèng, kalah abot lan boboting alane, iku panggonane ana ing Naraka Hawiyah.

7. Sapa kang mêruhake sira, Naraka Hawiyah iku apa ta.

8. Naraka Hawiyah iku naraka kang bangêt panase.

Surat Takasur (sumugih)

Tinurunake ana nagara Mêkah, wolung ayat.

--- 3 : 1549 ---

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Sumugih iku nglalèkake ênggonira ngabêkti ing Allah.

2. Nganti têkan ênggonira ngalih marang kubur.

3. Enggonira sumugih iku luput, ing têmbe sira mêsthi wêruh nyatane.

4. Luput têmênan panêmunira, ing têmbe sira wêruh têmênan nyatane.

5. Têmên, manawa sira wêruh ngèlmu kang nyata, mêsthi ora lali ngabêkti ing Allah.

6. Ing têmbe sira mêsthi andêlêng Naraka Jakhim.

7. Banjur andêlêng Naraka Jakhim kalawan kasat mata.

8. Ing kono sira banjur padha didangu sarupaning kabungahan pêparinging Allah nalika ana ing dunya. Yagene sira ora padha sukur.

Surat Ngasri (wayah Ngasar)

Tinurunake ana nagara Mêkah, têlung ayat.

--- 3 : 1550 ---

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Dêmi wayah Ngasar.

2. Têmên manungsa iku kapitunan.

3. Kajaba wong kang padha pracaya ing Allah, sarta padha nglakoni panggawe bêcik, apadene padha ajak-ajakan pracaya ing Allah, lan padha ajak-ajakan sabar, nglakoni ngabêkti lan nyingkiri duraka.

Surat Humazah (nyatur ala)

Tinurunake ana nagara Mêkah, sangang ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Cilaka têmên sarupane wong kang nacad lan nyatur ala marang Nabi Mukhammad.

2. Kang padha ngalumpukake bôndha, lan milang bandhane ginawe andêl-andêl.

3. Angira yèn bandhane mau bisa nglanggêngake awake luput ing pati.

--- 3 : 1551 ---

4. Luput panêmune, wong mau bakal dicêmplungake ing Naraka Khutamah.

5. Sapa kang mêruhake sira, apa kang jênêng khutamah iku.

6. Khutamah iku naraka kagunganing Allah, kang diurubake.

7. Kang panase têkan ing ati.

8. Naraka Khutamah kanggo niksa wong kang nyatur ala mau, sarta dikunci saka ing jaba.

9. Paniksane wong mau, dicancang ana ing ugêr-ugêr kang diadêgake.

Surat Phil (gajah)

Tinurunake ana nagara Mêkah, limang ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha- asih.

1. Apa sira ora andêlêng, kapriye Allah ênggone numpês marang mungsuh kang têka ing Mêkah padha nunggang gajah (Raja Abrahat sabalane).

--- 3 : 1552 ---

2. Allah namtokake rekadayane Raja Abrahat ênggone kudu ngadêgake agama dhewe lan ngrusak Kakbah, iku kêliru, luput pangarêp-arêpe.

3. Allah ngutus manuk kang aran manuk Ababil, dikarsakake mapagake pêrange Raja Abrahat.

4. Manuk Ababil mau ngrutug Raja Abrahat sabalane kalawan watu sijil.

5. Wusana Raja Abrahat sabalane, dalah gajah-gajahe sirna mati kabèh, êntèk kaya tanduran dipangan ing khewan.

Surat Kurès (wong turun Kurès)

Tinurunake ana nagara Mêkah, patang ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Mulane Raja Abrahat ditumpês, murih para wong turun Kurès padha têntrêm.

2. Enggone padha manggon têtêp ana

--- 3 : 1553 ---

ing padunungane ing môngsa rêndhêng lan padunungan ing môngsa katiga.

3. Mulane para wong turun Kurès, padha nêmbaha ing Allah, Pangeraning Kakbah Baitullah iki, kang paring pangan tambaning luwe marang wong turun Kurès kabèh.

4. Lan paring têntrêm marang para turun Kurès, kalis saka barang kang dikuwatiri.

Surat Mangun (pirantining ngomah)

Tinurunake ana nagara Madinah, pitung ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Apa sira andêlêng wong kang maido agama.

2. Wong kang maido agama iku iya kang nulak panjaluke bocah yatim.

3. Lan ora awèh pangan utawa akon awèh pangan marang wong miskin.

4. Cilaka têmên wong munaphèk kang padha sêmbayang. [sêmba...]

--- 3 : 1554 ---

[...yang.]

5. Kang padha kêlalèn ênggone nglakoni sêmbayang, nganti kêliwat ing wayahe.

6. Kang padha murih pangalêming wong.

7. Lan padha ora gêlêm nyilihi pirantining ngomah marang wong kang nyilih.

Surat Kaotsar (arane bêngawan ing suwarga)

Tinurunake ana nagara Mêkah, têlung ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. (He Mukhammad) Ingsun paring bêngawan kang aran Kaotsar marang sira.

2. Mulane sira sêmbayanga riaya, lan nyêmbêlèha kurban.

3. Satêmêne wong kang sêngit ing sira iku wong pêdhot bêcike.

Surat Kaphirun (para wong kaphir)

Tinurunake ana nagara Mêkah, nêm ayat.

--- 3 : 1555 ---

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. (He Mukhammad) sira dhawuha: He para wong kaphir.

2. Aku ora nyêmbah marang sêsêmbahanmu.

3. Kowe iya ora nêmbah marang sêsêmbahanku.

4. Aku ora bakal nyêmbah marang sêsêmbahanmu.

5. Kowe iya ora bakal nêmbah marang sêsêmbahanku.

6. Kowe bakal olèh pituwase agamamu dhewe. Aku iya mêsthi tômpa ganjarane agamaku dhewe.

Surat Nasri (pitulung)

Tinurunake ana nagara Mêkah, ana kang ngarani tinurunake ana nagara Madinah, têlung ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

--- 3 : 1556 ---

1. Saiki pitulunging Allah wis têka, lan nagara Mêkah wis bêdhah.

2. Sira andêlêng manungsa panthan-panthan padha malêbu agama Islam, agamaning Allah.

3. Mulane sira nêbuta Mahasuci kalawan muji ing Allah Pangeranira, sarta nyuwuna pangapura ing Allah, satêmêne Allah iku kaparêng bangêt ngapura dosa.

Surat TabbatLahab. (tuna)

Tinurunake ana nagara Mêkah, limang ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. Tangane Abu Lahab loro pisan muga tunaa, Abu Lahab iya kapitunan.

2. Bandhane lan anake ora bisa murungake siksaning Allah.

3. Ing têmbe Abu Lahab mau kacêmplung ing naraka murub.

--- 3 : 1557 ---

4. Mangkono uga rabine Abu Lahab mau anggawa kayu êri, ginawe masangi Nabi Mukhammad ana ing dalan.

5. Enggone anggawa kayu êri mau nganggo piranti tali êbasing kurma, tumrap ana ing gulune.

Surat Ihlas (ati rêsik)

Tinurunake ana nagara Mêkah, ana kang ngarani tinurunake ana nagara Madinah, patang ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. (He Mukhammad) sira dhawuha: Allah iku mung siji.

2. Allah iku kang disuwuni samubarang kabutuhan.

3. Ora pêputra lan pinutrakake.

4. Lan ora ana siji-sijia kang madhani Allah.

--- 3 : 1558 ---

Surat Phalag (wayah Subuh)

Tinurunake ana nagara Mêkah, ana kang ngarani tinurunake ana nagara Madinah, limang ayat.

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. (He Mukhammad) sira dhawuha: Aku iki ngungsi marang Allah, Pangeraning wayah Subuh.

2. Muga kinalisna saka pialane kang dumadi kabèh.

3. Lan saka pialaning wêngi nalikane pêtêng, utawa saka pialaning rêmbulan nalikane surup.

4. Lan saka pialane wong kang ngêmpakake sikhir, andamonaandamonana. bundhêlan.

5. Lan saka pialane wong kang drêngki nalikane nandukake drêngkine.

Surat Nas (manungsa)

Tinurunake ana nagara Mêkah, ana kang ngarani tinurunake ana nagara Madinah, nêm ayat.

--- 3 : 1559 ---

Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah, tur kang Maha-asih.

1. (He Mukhammad) sira dhawuha: Aku iki ngungsi marang Allah, Pangeraning manungsa.

2. Ratuning manungsa.

3. Sêsêmbahaning manungsa kalawan bênêr.

4. Muga dikalisna saka pialaning setan kang anggodha.

5. Kang anggodha ana ing atining manungsa.

6. Setan mau rupane jin lan manungsa.

Wus kapariksa tamat

Adipati Sasradiningrat

[11 halaman kosong]