Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Sitijênar, Sasrawidjaja, 1958, #730

Katalog:Sitijênar, Sasrawidjaja, 1958, #730
Sambung:-

SERAT SITIDJENAR

(TÊMBANG)

Nyariyosakên lêlampahan sarta iktikadipun wali Sèh Sitidjênar saha Kyai Kêbokênanga ing Pêngging, anggitanipun swargi RADÈN SASRAWIDJAJA inggih RADÈN PANDJI NATARATA ingkang taksih asli (dèrèng kaewahan).

Penerbit KULAWARGA BRATAKESAWA Yogyakarta.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1] ---

SERAT SITIDJENAR

(TÊMBANG)

Nyariyosakên lêlampahan sarta iktikadipun wali Sèh Sitidjênar saha Kyai Kêbokênanga ing Pêngging, anggitanipun swargi RADÈN SASRAWIDJAJA inggih RADÈN PANDJI NATARATA ingkang taksih asli (dèrèng kaewahan)

CAP-CAPAN I: 1958

Penerbit KULAWARGA BRATAKESAWA Yogyakarta

--- [2] ---

Copyright by KULAWARGA BRATAKESAWA Yogyakarta.

Warnanira ijo biru kuning / maya-maya lir bun têmpuh surya / yèku purbaning para wong / bangsat bajingan kècu / kere ngêmis nglemprak nèng margi / padha lawan narendra / wali nabi jamhur / tan siwah yayah kalpika / kudrat purwa madya wasananing urip / ingkang murba masesa //

(pupuh VIII pada 19)

CAP-CAP I: OKTOBÊR 1958

--- 3 ---

Prasabên

SÊRAT "Sitidjênar" têmbang punika sasumêrêp kita wontên warni 3, urut-urutaning wêkdal pambabaripun kados ing ngandhap punika:

a. Sitidjênar têmbang anggitanipun swargi R. Sasrawidjaja (R. P. Natarata) kawêdalakên dening rêdhaksinipun almênak H. Buning ing Ngayogyakarta, minangka lampiranipun almênak wau wêdalipun taun 1900 langkung wêlasan awal.

b. Sitidjênar têmbang damêlanipun M. Ng. Mangunwidjaja, inggih punika Sitidjênar ayat "a" karingkês lan kaikêt cara Surakarta, awit saking dhawuhipun R. T. Djayèngirawan, kawêdalakên dening Pênêrbit "Widya Pustaka" ing Jakarta, kala taun 1900 langkung wêlasan akir.

c. Sitidjênar têmbang pêthikan saking sêrat "Walisana", ingkang mêthik M. Hardjawidjaja, kawêdalakên dening Penerbit "Tan Khoen Swie" Kêdhiri, cap-capan I ing taun 1900 langkung likuran awal.

Wondene ingkang dipun rêmbag wontên ing sêrat babaran kita "Falsafah Sitidjênar" (gancaran), ingkang salajêngipun kita sagah ngêdalakên wêtahipun ingkang karêmbag punika: Sitidjênar têmbang, ayat "a".

Ananging kawuningana, kasagahan kita wau kapêksa kita sumênèkakên ngantos lami, jalaran naskahipun, ingkang awujud lampiran almênak punika: ical, kita sampun istiyar mrika-mriki botên sagêd angsal malih.

Wusana ing salêbêtipun wulan Agustus 1958, kita angsal naskah Sitidjênar ayat "a" awujud sêratan tangan, inggih punika ingkang kita wêdalakên samangke punika.

Naskah sêratan tangan punika sanggitaning lampahan tuwin wêdharaning ngèlmunipun: sami kemawon kaliyan lampiran almênak kasêbut nginggil, namung ungêl-ungêlanipun kathah ingkang beda. Ananging miturut panaliti kita, kita purun namtokakên bilih naskah sêratan tangan punika ingkang taksih asli, kalêpatan-kalêpatan ingkang pinanggih wontên ing naskah ngriku namung kabêkta saking botên mangêrtosipun ingkang nurun. Dene ingkang wujud lampiran almênak punika kajawi kalêpatan-kalêpatan ingkang botên kêjarag, ugi kathah ingkang pancèn dipun jarag: dipun ewahi dening rêdhaksinipun almênak wau.

Rêdhaksi almênak H. Buning, kêjawi ngewahi ungêl-ungêlanipun, ugi ngewahi pêlampahipun. Wontên ing naskah ingkang kita wêdalakên punika, ingkang guru-ginuru kaliyan Sèh Sitidjênar punika Kyai Kêbokênanga ing Pêngging, wontên ing lampiran almênak: ingkang rama Kyai Kêbokênanga.

Kita rumaos bingah, sagêd nuhoni kasagahan kita, punapa dene malah sagêd ngêdalakên naskah ingkang taksih asli punika.

Salamipun

PENERBIT.

--- 4 ---

1. SinomTeks asli: PUPUH 1: SINOM.

1. Rahadèn Sasrawijaya | atilar tilas ing wuri | nganggit sêrat Sitijênar | kawiwitan kala Kyai | Kêbokênanga Pêngging | nêdya balela mring ratu | pêparêngan kalawan | wontên satunggaling wali | ingkang murtad kasêbut Sèh Sitijênar ||

2. mirêng warta cocok ing tyas | laksitanya Kyagêng Pêngging | sukarda marwata suta | Sèh Lêmahbang yun pêpanggih | gya wisata glis prapti | jujug masjid tata lungguh | kyagêng rinuda paksa | sêsalaman cara santri | rêraupan Sitirêkta pasrangkara ||

3. kyai kula langkung bingah | paduka mangeran budi | ngêningkên sajuga karsa | kagyat kyagêng tanya aris | sintên dika kêkasih | lan ing pundi wismanipun | sumaur kang tinanya | kyai kula Sèh Sitibrit | nguni bangsa sudra mangkya manjing madya ||

4. antuk darajat sêsêngkan | kula dèn wastani wali | sanès lan jênêng paduka | run-tumurun trah narpati | pramodèng tanah Jawi | bangsawan lêluhuripun | ing mangke nêmah papa | dhêdhukuh dadya wong tani | anèng ngriki babad nandur palawija ||

5. amba kumacèlu nêdya | panggih lan paduka kyai | wus lami antaranira | kalêksanan lagya mangkin | pêrlunipun nêdyapti | sumangga ambukak kawruh | samya ngabên sasmita | darêdah timbuling yêkti | yèn sami wong bijaksana boya merang ||

6. botên isin muruita | sukur pêthuk ing panggalih | sarujuk tekad sajuga | ngantêpi ciptaning budi | sanadyan dadya glali | ajur mumur yayah glêpung | kêncêng madhêp tan oncat | labêt ngukuhi pamanggih | lah sumangga mragad ayam babon seta ||

7. kinarya wuduk lêmbaran | Kyagêng Pêngging wus dawuhi | pawèstri olah rasulan | praptèng surup surya mranti | sumaji-saji mori | tigang kacu karya tutup | sinung sadalêm langgar | lênggah nèng ngèmpèr janma dwi | nglairakên pasêmon Buda§ "Buda" ingkang kasêbut wontên ing sêrat ngriki punika botên mêsthi atêgês Buddhismê, ingkang kathah atêgês Hinduismê, têrkadhang atêgês Animismê. lan Islam ||

8. kinarya anganti wayah | Kyagêng Pêngging jarwa ngênting | kabèh kawruh Budawaka | Sèh Sitijênar nampèni | gya ngandhar ngèlmu wali | têrus têrang runtut urut | Kyagêng Pêngging wus tampa | nyipta kabèh tan nalisir | mung basane têmbung Arab lawan Jawa ||

9. dangu wahyaning sajarwa | dupi praptèng lingsir wêngi | saking ngèmpèr manjing langgar | gandhengan asta tyang kalih | mori ginêlar nuli | Sitijênar lunggwèng kidul | mangalèr adhêpira | kyai agêng lênggah mungging | êlèr majêng mangidul ayun-ayunan ||

10. susila adu wadana | Sèh Sitibang tanya kyai | pundi kang murba masesa | Kyagêng Pêngging tan udani | Lêmahbang dèn takoni | pundi

--- 5 ---

palawangan layu | Sitijênar tan wikan | gya anggalih tekad sami | lamun têmbe kyagêng manggih klowong dunya ||

11. Sitijênar kipa-kipa | sarwi ngandika mring kyai | punika salah satus grad | kyagêng pasrangkara malih | punapa malbèng sêpi | yayah duk dèrèng tumuwuh | Sitijênar sru jola | sayêkti salah satus mil | kyagêng nabda lah punapa manjing rahsa ||

12. ingkang jumênêng pribadya | umanjing sir dadya mani | tumrah kunthari-kunthara | sèwu dina mangan gêbing | sidkahe jisim mami | Sitijênar saya jêpluk | têmah kyagêng narima | nuwun bengat mring Sitibrit | sinung jarwa uning unong uning unang ||

13. Kyagêng Pêngging sampun tampa | ananging dèrèng nyanggêmi | maksih kabudi ing driya | Sitibang têtanya pundi | palawanganing pati | Kyagêng Pêngging andumuk | Sitijênar wus tampa | uga ta maksih kabudi | tandya mêdal ambêng wuduk lanlam (ulam = ikan). lêmbaran ||

14. ingkung babon gya pinurak | pinothèng-pothèng mrih wradin | samya mahyakkên sasmita | Sèh Lêmahbang lan Ki Pêngging | Sitijênar angambil | sirah ayam sarwi muwus | iki klowongan dunya | kyagêng ngasta ngadbun dambi | apa iki karatone rasa mulya ||

15. Sèh Jênar nyandhak jêroan | iki apa susuh angin | Kyagêng Pêngging surakatan | asta mubêng mobat-mabit | ngêbuti asta kalih | panjuta mati kakêbut | gumujêng kalihira | sadaya punika silib | uning unong sajati-jatining laya ||

16. tigang ratri tigang dina | Sitijênar anèng Pêngging | kathah dènira jêjarwa | ênting surasaning kawrin | Arab Kabudan yakin | ing sangkan paraning rujuk | dupi wus kasatmata | Sitijênar nulya pamit | kondur maring padhukuhan Krêndhasawa ||

2. AsmaradanaTeks asli: PUPUH II: ASMARANDANA.

1. sasampunnya Kyagêng Pêngging | tampi sasmitèng oliya | wali Lêmahbang wêjange | satêmah satyambêg marta | kawruh mukswaning angga | bangkit jèrèng bangkit ngêjum | têmah sirna marang iya ||

2. iya janma kang kakiki | wujud kak kiyamul kudrat | jumênêng anane dhewe | kawulane dadya suksma | Hyang Suksma dadya nyawa | nyawa sirna manjing suwung | wang-wung ngêbêki bawana ||

3. ananing Allah wit dikir | dikir tan pana dat sipat | asma apêngal Hyang Manon | gumulung dadya antaya | rahsa ing dhèwèkira | iya sira iya ingsun | mosik jumênêng dat mulya ||

4. jroning ngalam kabir sahir | kene kana nora beda | amung manusa anane | Kiyagêng Kêbokênanga | wani nglairakên tekad | Allah majas wujud palsu | kakikine saking asma ||

5. asma manusa linuwih | mêngku sipat kalih dasa | Buda Islam sampun awor | rupa juga loro asma | angèle wus waskitha | gampang kasampar kasandhung | Kyagêng Pêngging wus pratignya ||

6. wong nèng nusapada iki | mung mêngku kalih prakara | ala bêcik loro kuwe | urip jodhone pralaya | gusti lawan kawula | nanging Kyagêng Pêngging tambuh | wong mati tan ngrasa laya ||

--- 6 ---

7. urip datan ngrasa mati | bêcik datan ngrasa ala | lêbdèng jiwa nora manggon | mangkono kawruh bijaksa | midrawèng cakrawala | tan ngupa kamulyan layu | urip sumarah sakarsa ||

8. nguni jarwanya Sèh Abrit | kahanan bumi akasa | sagarardi saisine | cêcukulaning bawana | gumlar hawa maruta | surya candra susup-susup | ananing manusa tama ||

9. Allah dudu johar manik | dudu jisim dudu rahsa | sahadat punika palson | marma kyagêng arda nrima | wêwarah para siswa | kathah wong manca sumungsung | kusung-kusung yun satmata ||

10. sadaya kajarwa yakin | wijang ngêblak blaka suta | sirna wadi tanpa tèdhèng | nora slamêtan rasulan | ulês sêsuci boya | singa mara sinung kawruh | ngèlmu wadining bawana ||

11. nora sadat nora dikir | angajar nyataning pêjah | urip nèng dunya kanthane | lakune kasêdul sadat | pinalsu napi isbat | dikir myang sêmbahyang apus | kajarwakkên mring pra sabat ||

12. mila murid ingkang tampi | marma sami kadariyah | nyirnakkên Allah wujude | nganakakên asmanira | tansah dèn anggêp dora | kabèh-kabèh saka ingsun | saksi saka sapêpadha ||

13. wau kiyagêng ing Pêngging | putus kawruh pramèng dunya | ngakerat dunya ênggone | gusti kawula nèng dunya | swarga nraka nèng dunya | mati urip dunya amung | lah sumangga kagaliha ||

14. mantêp kêncêng budi siji | Kyagêng Pêngging munah laya | wus tan mèngèng satikswèng dom | dènnya mancah pra agama | Buda Islam dupara | gama parasdyaning palsu | rêraton angayawara ||

15. kasêdul sangkaning bayi | praptèng tuwa manut rowang | saka kumpulaning lare | tuwa kumpulaning wrêdawrêdha. | ajarwa asma sunya | wujud ngamandaka palsu | tan wruh wandane gusthika ||

16. tuhu nuksma tyas utami | Kyagêng Pêngging sudibyèng kak | ing gunardika rèh layon | putus kartining pralaya | ing kene kana kêna | sirna pambudine liwung | santosa tyasnya nirmala ||

17. tuhu wicaksana murti | pramana mangulah prana | pancadriya pirantine | paningal ganda pamyarsa | pangucap kumpul juga | tajêm tumêmpuh lir punglu | dera mèt kawruh sutama ||

18. dhasar putus byuha murti | sadaya kahanan jagad | saking manusa asmane | manusa padha manusa | dene ratu lan wadya | ratu rina wêngi bujuk | dora kang tanpa wasana ||

19. marma ratu ing agami | jatine ratuning cidra | wus mangkono salamine | wani ngaku dikir pana | nyatane wong supêna | wruh sarwendah anèng turu | budayaning ciptamaya ||

20. sigêgên kang dibyèng kawrin | warnanên Sultan Bintara | wus asring tampi pawartos | putra pangarsa narendra | Sinuhun Brawijaya | asma Jêng Ratu Pambayun | kagarwa Ki Dayaningrat ||

--- 7 ---

21. apêputra Kyagêng Pêngging | mangkya tan ngidhêp mring Dêmak | malah angirup para wong | kathah samya puruita | kawruh mukswaning angga | nanging pamêdharing ngèlmu | nyulayani pra oliya ||

22. wiji saking Sèh Sitibrit | murtad tekad kadariyah | tan nganggêp Allah kwasane | mrojol saking kitab Kur-an | malah ngaku Pangeran | wong kang têbih-têbih kerup | samya amurang agama ||

23. mangrusak gumlaring dini | Mustapa Nayakaningrat | kang yun kanggo salamine | praptaning ari kiyamat | durung têkan mèh rusak | anyênyampah buka sintru | miyak wadining bawana ||

24. wus gumlar nêmbah Hyang Widi | sarengat Nabi Muchammad | dadya ling-aling kemawon | mangkya Ki Kêbokênanga | migêna gama Islam | maido sarak kang maksus | kangjêng sultan langkung duka ||

25. gya nimbali Dyan Dipati | Wanasalam sêsingidan | lan pangulu kêtibanom | wus prapta sumaos ngarsa | ngandika sri narendra | paran paman wartanipun | ing Pêngging pan ana apa ||

26. kyana patih matur aris | dhuh sinuhun tadhah duka | lêpat dèrèng tampi wartos | kajawi putra paduka | Kyai Kêbokênanga | amrêngkang tan arsa sujud | dhatêng jêng paduka nata ||

27. mung ngantêpi dadya tani | rêmên nanêm palawija | kêdhik sujanamba têmbe | narendra malih ngandika | bênêr aturmu paman | mangke Pêngging anggêguru | mring wali Sèh Sitirêkta ||

28. wusnya tampa wêjang ngèlmi | mangkyambêg durtèng agama | mring kwasèng Allah maido | malah lumrahing pawarta | Ki Pêngging ngaku Allah | tekad kadariyah junun | tinggal sudarsanèng Kur-an ||

29. anyênyampah ngisin-isin | mring mardika wali sanga | jênênging kraton maido | mêmoyok yayah duskarta | masjid minulya arja | narik susilayu patut | ngidhêp dhawuhing dat mulya ||

30. mêngko ki jêbèng ing Pêngging | rumojong arda walepa | culikèng jagad ayune | ngèlmu wus ngambra mindrawa | ing manca desa liya | kondhang kasumbagèng catur | derambêg sêtya parasdya ||

31. hèh patih iku manawi | mindaka karaton mulya | jêr padha warising rajèng | pama gêni arsa ngambra | yogya siniram tirta | sira lan prajurit agung | Pêngging cinêkêl ngayuda ||

32. patih munjuk adhuh gusti | sampun kapukul ngayuda | nistha jênênging karaton | botên mèmpêr satus yuta | punika tyang dhêdhêkah | boya pasang umbul-umbul | mung nglanggar sarak agama ||

33. kalêbêt prakawis sipil | manawi parêng karsendra | katimbalana kemawon | ingkang klayan dhawuh krama | mamrih kerid sumewa | nata rujuk gya dhêdhawuh | mantri kalih lumaksana ||

34. tan kawarna anèng margi | praptèng Pêngging jujug langgar | panggya kyagêng lênggah ijèn | mantri prasaja yèn duta | saking nagri Bintara | kautus ingkang sinuhun | kyai paduka ngandikan ||

--- 8 ---

35. mring Dêmak panggih sang aji | kerida salampah kula | Kyagêng Pêngging manabdalon | hèh duta sakêthi trima | katimbalan narendra | lah punapa pêrlunipun | kula tan darbe prakara ||

36. wontên ngriki nanêm gagi | babad wana ngupajiwa | atas karsaning Hyang Manon | yèn mêdal tanêman kula | jagung kênthang katela | kula têdha lan Hyang Agung | ingkang paring prentah gaga ||

37. tatkala macul lan Gusti | ngundhuh-undhuh lan Pangeran | mangke sapêpadhaning wong | nimbali marang Bintara | ngriki wontên punapa | mung Pangran lan asmanipun | kang boya pisah sarema ||

38. dene kula dèn timbali | yêkti mopo datan arsa | yèn botên lawan kang momong | sanadyan puruna kula | yèn kang kwasa tan arsa | paran gèn kula lumaku | mila tangèh nêdya seba ||

39. andika matur narpati | yèn kawula tinimbalan | Kyagêng Pêngging botên mopo | nanging kang momong tan arsa | tandya duta pamitan | kyagêng manthukmantuk. wus lêstantun | tan lama praptèng Bintara ||

40. nulya sowan sri bupati | mantri dwi matur prasaja | Kyagêng Pêngging wangsulane | ing purwa madya wasana | kagyat sri naranata | pamopone pasang jalu | têrang yèn kyagêng balela ||

41. nulya nimbali kya patih | kerid pinaringan wikan | ngungun mantrimuka ture | pukulun sri naradipa | lamun parêng karsendra | amba priyangga lumaku | panggya lan putra paduka ||

42. amba sandi tiyang alit | nglugas sumbaga lir sudra | bêkta kanthi sapantêse | dadya amba sagêd ngira | punapa kang kinarsan | barès tuwin botênipun | rujuk narendra ngandika ||

43. yèn mangkono patih bêcik | sira dhewe kang kapanggya | cukup sakarampungane | nanging sun paringi paman | pralambang têlung warna | ki jêbèng purihên ngêcup | sandika patih lumaksa ||

44. mung kanthi punakawan tri | wus lêpas tantara prapta | dhukuh Pêngging têtanyalon | mring wong macul anèng latar | tur wruh kyagêng nèng langgar | pêrlu lagya imbal wuwus | lan kang murwèng dhèwèkira ||

45. kagyat kya patih duk myarsi | wangsulane wong kathokan | patitis têmên wuwuse | kya patih laju mring langgar | uluk salam ping tiga | kyagêng minggu tan sumaur | patih nulya malbèng langgar ||

46. kyagêng lênggah tan kaèksi | rèh kaling-kalingan gubah | kang mindha myak klambu dongong | mèksi cahya lir purnama | ngawêngi lir wangkawa | kya patih pasrangkara rum | hèh Allah kula utusan ||

47. dèn utus Hyang Mahasuci | kang mêngku kraton Bintara | panggih lan dika Hyang Manon | kang majênun dhèwèkira | nolèh kyagêng nupiksa | tamu ingkang lagya rawuh | manthuk-manthuk tyas kaduga ||

--- 9 ---

3. DhandhanggulaTeks asli: PUPUH III: DHANDHANGGULA.

1. sêsalaman kyagêng lan kya patih | wusnya samya atur karaharjan | Kyagêng Pêngging wacanalon | hèh duta kula yun wruh | jarwanira gèn dika angling | kodhêng manah kawula | paran têgêsipun | andika ngaku utusan | dèn utus Hyang Mahasuci kang bawani | karaton ing Bintara ||

2. kinèn panggya Hyang Manon ing ngriki | kadi pundi niku jarwanira | patih tanggap gya anjèrèng | makatên têgêsipun | kangjêng sultan sipat kawadis | barang polah sadarma | atas karsanipun | Hyang Mahasuci jro jiwa | artinipun budi punika lwih brêsih | tan rêkasa tan lara ||

3. lajêng praptèng ngriki nglêksanani | nglairakên kang mêngku Bintara | panggih mring dika Hyang Manon | makatên jarwanipun | ngrika ngriki botên salisir | nadyan ingkang dinuta | tan beda jronipun | nadyan sipat anyar karsa | nanging lamun Mahasuci datan apti | raga tanpa budaya ||

4. kyagêng manthuk rèh pêthuk ing galih | wus anyakra duta wong bijaksa | katara sangkêp wuwuse | sumèh netyasmu tangguh | kaduk madu têmbung mlasasih | rumêngkuh tur sumanak | mangkana turipun | dhuh kyagêng atur kawula | nglêganana paduka dipun timbali | pinurih mangun wirya ||

5. rama tuwan jumênêng narpati | darbe pulunan wontên ing desa | ramanta kogêl galihe | mangka ramanta prabu | mangkya mirêng pawarta yakin | paduka ngaku Allah | tur kinarya muruk | mêjang mring wong manca praja | yèn kalantur manawi ngrisak agami | tan yogya linampahan ||

6. para janma ingkang sampun tampi | paring tuwan kawruh ngaku Allah | kathah kasasar tekade | ngrêrêsahi kartayu | têmah ngambra durtèng pakarti | kèh datan ajrih siksa | nrak pêpacak bagus | juti culikarda ngrêbda | Kyagêng Pêngging mangsuli kula tan apti | katimbalan narendra ||

7. kula namung dhukuh nandur pari | palawija saanteronira | de sang nata ganggu gawe | wong mêdharake ngèlmu | kadare wong kang ulah budi | mung kang sênêng kewala | kita anênuntun | boya idêr mrika-mrika | punapa ta ratu nglarangi wong mirid | jêr sênênge priyangga ||

8. lawan malih bumi langit niki | dede darbèke sri naranata | yakti duwèke wong akèh | darbèke ratu amung | pajêg rèhne wus gawe dhuwit | wangsul isining dunya | wong akèh kang dhaku | mila ngong datan kabawah | tan kaprentah kêjaba kita pribadi | sajroku ana Allah ||

9. gih punika kang kula lampahi | rintên ratri rèh dhawuhing manah | kang kula èsthi pakone | jêr yèn budi tan ayun | raga kula tan bangkit mosik | jumangkah kadung tuna | nir budaya suwung | dene yèn kaparêng manah | nadyan cape sayah mring gunung Marapi | sayêkti kalêksanan ||

--- 10 ---

10. sampun ingkang dhatêng Dêmak nagri | yèn wus parêng lan budi kawula | ing Bintara pintên dohe | Mêkah Madinah tutug | lah punika wong dadi abdi | wrat dhawuhing bandara | mopo tan pikantuk | sêdene dhawuhing Allah | lamun cipta tan arsa nora nglakoni | yêkti tan dadi bahya ||

11. marma barang tingkah polah mami | muhung cumadhong dhawuhing manah | wusana dika kinongkon | nimbali maring ulun | nanging manah kula tan apti | yêkti badan lênggana | rêmuk dadya glêpung | boya singlar cipta kula | duta matur yèn makatên karsa kyai | datan yogya pinanggya ||

12. ratu punika ratuning bumi | kinawasa misesa midana | mring wong kang darbe lakwawon | tan wun dadya panuntun | wrata wong tan wêdi Hyang Widi | budi dèn anggêp Allah | kasasar kalantur | bênêr ijèn salah kaprah | kêdah manut kang kaprah lakuning bumi | dados nama mupakat ||

13. kukuh kuwat kathah kumpul budi | santosa dunya praptèng ngakerat | ringkih manusa kang nylênèh | sapintên bangganipun | otot kawat balunga wêsi | kulit waja malela | boya wignya kukuh | kawon kathah marma kula | sangêt matur mugi sowana sang aji | dhasar sudarma tuwan ||

14. dhawuhipun rama padukaji | yèn paduka kêkah ngaku Allah | pinurih mêcah pasêmon | cangkriman warni têlu | salah juga kinèn ngêcupi | sukur tri bangkit buka | kyagêng manthuk-manthuk | angandika kayaparan | pralambange yèn kula sagêd nêgcupingêcupi. | dèn age lairêna ||

15. duta matur pralambang narpati | tigang pasal pinurih ambatang | urip pundi panggonane | kang kaping kalih ngèlmu | lah ta pundi kang aran ngèlmi | pasal kang kaping tiga | ingkang ngajak turu | punika wujud punapa | tandya wau Kyagêng Pêngging mèsêm sarwi | mancas ponang cangkriman ||

16. ingkang aran ngèlmu kawruh mami | ingkang boya katon kasatmata | pami Dêmak saking kene | puniku nama ngèlmu | dene pasal kang kaping kalih | pundi panggenan gêsang | uninong ananung | cangkriman pasal ping tiga | pundi ingkang ngajak nendra jarwa mami | tirta ingkang nirmaya ||

17. banyu kayat têmbunging wong Ngarbi | nguni kang dèn upaya Sang Sena | banyu prawita Budane | mênggah panggenanipun | uning anong uninong aning | sumangga kaaturna | lêrês tuwin luput | kula tan nyuwun katrangan | duta nabda lêrês lêpat bab puniki | kilap karsa narendra ||

18. botên langkung mung angèsthi-èsthi | prapta tuwan dhatêng kitha Dêmak | samya pêpanggihan barès | rèhning sami sadulur | lami enggal tan dèn wangêni | de paduka lênggana | têngga karsèng kalbu | ngantèni dhawuhing cipta | gih punika kawula dahat kuwatir | yèn nata salah tampa ||

19. bokmanawi kagalih ngregoni | gêmpal têntrême nagri Bintara | paduka tanayèng katong | tilase dèrèng alum | botên elok tuwan dadyaji | boya mokal dupara | ing Pêngging rumuhun | mangkya karsa mêdhar rahsa | bokmanawi wontên kang ngadon-adoni | tamtu dadya rubeda ||

--- 11 ---

20. lah makatên kewala jêng kyai | sae mundhut inah tigang warsa | kinarya sêsandi mopo | kawula ingkang nanggung | nanging yèn wus tri warsa nuli | paduka lumaksana | cumundhuk sang prabu | kyagêng mêksa dènnya kêkah | sampun ingkang sakit nadyan praptèng pati | kêncêng madhêp tyas kita ||

21. sajatine kawula wong mati | sabên rintên ratri pati suda | nèng dunya pira lawase | dangu manira idhup | tamtu mulih manira urip | pati sugih duraka | siksa nraka agung | wangsul benjang yèn wus gêsang | tanpa petang langgêng ing salami-lami | kagyat rêkyana patya ||

22. kadipundi sabda dika kyai | sapunika ingaranan laya | benjang urip salamine | puniku têmbung klèru | kyagêng nabda lêrês wong Pêngging | mangkya ingaran gêsang | benjang aran layu | puniku santri musibat | mêndêm tabat ngarêp-arêp durung pêsthi | lah duta ge mundura ||

23. sigra pamit datan dèn wangsuli | palarasan tan cinitrèng marga | prapta Bintara sumaos | ing ngabyantara prabu | kyana patih matur wotsari | dhuh pramodaning jagad | wisatamba sampun | panggya Ki Kêbokênanga | animbali mopo tan purun sumiwi | nata paring pralambang ||

24. tigang pasal tumulya dèn cupi | tumarêcêp cocog tanpa cacad | cêtha cêpêngane cècèg | malah purun andumuk | dhatêng sêngkêraning pra wali | de patrap kalakuan | wus jajah majênun | tan karya sumlanging praja | nanging mangke taksih mopo dèn timbali | amba purih angrêmbag ||

25. kulaturi inah tigang warsi | gya sowana ywa nganti timbalan | sampun sabên dados gawe | saking pamanah ulun | benjang lamun wus praptèng jangji | tri warsa tan sumewa | gampil krenahipun | nata dhangan ing wardaya | sri narendra ngandika hèh patih bêcik | nahên kang winursita ||

26. wontên wali sajugambêg luwih | asal saking wrêjit bangsa sudra | antuk wênganing tyas bolong | tarbukanirèng ngèlmu | Sunan Benang ingkang murwani | tatkala mêjang tekad | muruk mirid kawruh | ring Jêng Sunan Kalijaga | nèng madyaning rawa nitih giyotadi | Sèh Jênar antuk jarwa ||

27. mila mangkya tyasnyarda kalair | umahya tekad kajabariyah | kadariyah mangsuk tyase | andhaku datullahu | budi eling dèn anggêp Gusti | Pangeraning manusa | sinipat rongpuluh | maujud kidam lan baka | mukalapah lil kawadis nyulayani | gumlaring barang anyar ||

28. kudrat iradat jumênêng ngèlmi | kalam samak basar lan kadiran | samingan muridan dene | dwi dasa cacah kaglung | rumakêt ing budi lêstari | têgêse wujud mutlak | dadya dat ranipun | tan wiwitan tan wêkasan | nora sangkan nora paran ngenal yakin | ing tekad sipatullah ||

29. Sèh Lêmahbang manganggêp Hyang Widi | wujud kang nora katon satmata | sarupa yayah dhèwèke | sipat-sipat maujud | lir wujudnya blêgêr tan kèksi | warnarja tanpa ceda | alus lurus têrus | kang nyata tan wujud dora | lirnya kidam dhihin jumênêng tan kèri | saking priyangganira ||

--- 12 ---

30. basa baka langgêng tanpantawis | tan rumakêt ing lara kapenak | jumênêng nèng kana kene | tan ika nora iku | mukalapah lil kawadisi | pradikane prabeda | lan anyar sadarum | barang wujud gumlaring rat | nyulayani sipat santero dumadi | jroning bumi ngakasa ||

31. têmbung kudrat kuwasa pribadi | nora nana kang mirib kang madha | kuwasane tanpa prabot | ngadam praptaning wujud | jaba jêro sebak sawiji | iradat têgêsira | karsa tanpa ngrêmbug | ngèlmu ngawruhi kahanan | ingkang pisah saking pancadriya têbih | ngungkuli punglu tinggar ||

32. kayat urip sarana pribadi | têp-tinêtêp kayunnya pribadya | nora nganggo roh uripe | tan mèlu lara lêsu | susah bungah sirna tan apti | jumnêng sakarsa-karsa | yeka kayat kayun | Sèh Sitijênar waskitha | têtela trang pratistha janma linuwih | marma ngaku Pangeran ||

33. salat limang waktu puji dikir | prastawèng tyas karsanya pribadya | bênêr luput tampa dhewe | sadarpa gung tartamtu | badan alus amunah karsi | ngêndi ana Hyang Suksma | kajaba mung ingsun | midêr dunya cakrawala | luhur langit sapta bumi tan pinanggih | wujudnya dat kang mulya ||

34. ngêndi-êndi têka sêpa sêpi | ngalor ngidul ngulon ngetan têngah | kana-kana mung nèng kene | kene wujudku dudu | ing sajroku awang-wung sunyi | isi daging jêroan | rêrêgêd dalêmku | dudu jantung dudu utak | iya ingkang pisah lir culing jêmparing | Mêkah Madinah kambah ||

35. dudu budi angên-angên ngati | bènèh pikir eling bènèh niyat | hawa barat napas dede | suwung lan wang-wung dudu | wandaningsun iki kawadis | tan wun dadya gusthika | bosok awor lêbu | napasku midrawèng jagad | bumi gêni banyu angin mulih asli | yèku anyar sadaya ||

36. wangsul ingsun dat kang nuksmèng Widi | Pangeranku sipat jalal jamal | nora karsa salat dhewe | nora karsa dhêdhawuh | de wong salat pakoning budi | budi lanat musibat | tan kêna ginugu | solan-salin parentahnya | mencla-mencle tak têmêni nora dadi | tansah ngajak durjana ||

37. jroning salat budiku mêmaling | jroning dikir budi nyidrasmara | têrkadhang melik ngamal kèh | seje datul guyubu | iya ingsun kang Mahasuci | dat maolana nyata | kang layu kayapu | tan kêna kinayangapa | mila Sitijênar budi nuksmèng Widi | ngrusak gama Mustapa ||

38. sadat salat puwasa tan apti | sêdene jakat kaji mring Mêkah | kabèh iku wuwus palson | nora kêna kagugu | sadayèku durjanèng budi | ngapusi liyan titah | sinung swarga besuk | wong bodho anut oliya | tur ta iku padha bae nora uning | seje ingsun Lêmahbang ||

39. datan gugu prentahe ki budi | jêngkang-jêngking nèng masjid ting krêmbyah | ganjarane besuk bae | yèn wis ngapal bathukmu | sajatine nora pinanggih | nèng dunya bae padha | susah sami mikul | lara sangsara tan beda | marma Sitijênar mung ngantêpi siji | Gusti dat maolana ||

--- 13 ---

40. kang sudibya gunardikèng murti | tur kang mêngku sipat kalih dasa | atas sabarang karsane | kawasa murwèng kawruh | jalal jamal kamal kahari | nirmala rupa warna | yayah kwulanipun | wahyèng angga tan katara | sakti murti mumpuni sakèh dumadi | mindrawa ngindraloka ||

41. yeka ingkang dèn anggêp Hyang Widi | Sèh Lêmahbang darmastutèng karsa | sumarah ing rèh dhawuhe | tekad jabriyah kaglung | kadariyah wimbaning lair | madhêp mantêp tur panggah | kuwat ing pangangkuh | kukuh kasmala nirmala | angantêpi urip praptèng laya yakin | tan mangran budi cipta ||

42. ciptaning tyas Sitijênar mèksi | wujudira dèn anggêp Muchammad | mêngku rasul sanyatane | Muchammad sipat kudus | anyar urip padha nganyari | rumakêt pancadriya | sajatine gadhuh | yèn wus pinundhut kang gadhah | dadi lêmah bosok mumur sipat najis | paran dadya gandhulan ||

43. budi pikir angên-angên eling | tunggal wujud ngakal kêna edan | susah bingung lali sare | budyakèh nora jujur | rina wêngi angajak drêngki | mrih arjane pribadya | rusaking lyan sukur | srèi paksa nrak durjana | tur gumunggung umuk têmah tibèng nisthip | ngalani wandanira ||

44. gêtun yèn wus tumiba ing dhiri | seje dat wajibul maolana | mukyaning budyayu kabèh | wandaning janma amung | ana wujud karsa sawiji | iku bae tan bisa | nglakoni satuduh | loro manèh kuwasaa | lah ta pundi pisahên dat lawan budi | supaya janma nrima ||

45. Sèh Lêmahbang rumakêt jatining | êndi sirnaning antayamulya | dat kadimah budayane | dalilnya ramaitu | sah manganil kaos lirnèki | uculing jêmparing plas | gandhewane êmbuh | srengat tarekat kakekat | myang makripat pulastha datan kabudi | datu jatining wanda ||

46. lapal Allah tanpa rupa kèksi | sajatine bingung êmbuh nyata | tan wun jumênêng wit ingong | dadya musamanipun | jati asma nèng jalitani | tajumin kaulina | cukul rèh pamuwus | muchammadan rasulullah | sipat kapir wujud jisim bosok mimir | mumur dadya bantala ||

47. seje kita nuksma dat linuwih | kang sadarpa sakti dibyèng sarak | midrawèng rat Pangran ingong | murba misesa ulun | sipat wahdaniyat sawiji | bisa langgêng ngambara | angungkuli punglu | dudu budi dudu nyawa | dudu urip tanpa sangkan saking pundi | tanpa paraning sêdya ||

48. pan sawiji têmah wujud mami | tan rêkasa kudrat karsanira | mlaya saparan-parane | nora nglak nora lêsu | tanpa lara lapa lan ngêlih | gunardikarjèng kara | adrêng cipta luluh | lêbdane saking jiwangga | tan katara wahyane nora nglabêti | panggya wus anèng kana ||

49. Sitijênar pamêngkuning urip | anèng dunya puniku pralaya | nyipta rintên ratri maot | purwaning kita idhup | ngunandika Pangran Sitibrit | ngungun rumakêt pêjah | kèh nraka karasuk | lara lapa adhêm panas | putêk bingung risi susah jroning pati | seje urip kang nyata ||

50. idhup mulya jumênêng pribadi | nora lêlantaran babu bapa | sabarang karsane dhewe | tan asal angin banyu | bumi gêni kabèh kawadis |

--- 14 ---

ngalap mring karusakan | kèh siksa tinêmu | Allah jumnêng sipat anyar | ngothak-athik ngêtutkên panggawe silib | durjananing agama ||

51. punggung mudha wong kadhadhung budi | cipta iblis lanat kapir setan | angên-angên coba gêdhe | nênuntun marang dudu | wong kang tiba naraka api | saka panggèndhèng driya | ngrakêt napsu catur | irêng abang kuning seta | pira-pira malêksa makêthi-kêthi | rumasuk mring jiwangga ||

52. gêtun têmên uripku ing nguni | têtêp suci tan kacakrabawa | nora arah nora ênggon | irêng bang putih êmbuh | ijo biru dadu lan kuning | apan sun bali marang | uripku rumuhun | wahyèng pati madyapada | kok mangkene rasane wong darbe ati | wong mêngku sipat anyar ||

53. kayun anyar kudrat iradati | ngèlmu samak basar lan ngaliman | ngrêkasa têmên rasane | pancapranawa kudus | kabèh wandaningsun sakalir | jro jaba ora ana | kang ginawa mantuk | kanggo uripku nèng kana | datan kêna kabèh iku wujud najis | jêmbêr tur dadi wisa ||

54. rupa-rupa gumlar jroning pati | pati dunya ngrakêt pancadriya | nganggo kayat kayun kiye | cacah sipat rongpuluh | mèh kapencut dèrèngsun mati | panasaran mayuta | sawarga nraka gung | kabèh iku kêna rusak | wujud bathang rêgêd arus amis bacin | cocog daliling Kur-an ||

55. wa-ama ngalamu jewatuni | gumlaring ngalam dunya gusthika | lah bênêr têmên maknane | mayit pating bilulung | ngalor ngetan ngupa rijêki | baksana wastra mulya | sêsotya mas mancur | datan wruh kabèh gusthika | nunggang kreta siyas bèndi iku mayit | prandene ambêg siya ||

56. wong dèn seba ngêthengkrang nèng kursi | sugih bandha wismadi rinêngga | bungah têmên panganggêpe | apa ta nora wêruh | barang gumlar dunya sakalir | yun pulastha wor kisma | prandene gumunggung | ho-o wlas têmên sun padha | nora wêruh ciri yèn wandane mayit | de arda kumawawa ||

57. drênging cipta Jêng Pangran Sitibrit | kayat kayun mampir raganira | nyipta kasasar parane | dunya naraka agung | mêngku pancadriya kawadis | lumyat gumlaring jagad | surya susup-susup | mulat srining dunya arja | rajabrana dadya panggodhaning pati | marma tekad pulastha ||

4. SinomTeks asli: PUPUH IV: SINOM.

1. derambêg ulah jiwita | Sèh Sitijênar angèsthi | mrêngkang saking wali sanga | ijmak kiyas dalil kadis | tumular nyakrawarti | kasub kasumbagèng catur | budyarda widayaka | gunardika ngatas kawrin | kang cinipta dunya ingaranan laya ||

2. jroning pati swarga nraka | bagya cilaka pinanggih | yèku gumêlaring dunya | cocog dalil Smarakandi | anal mayiti kubri | wayajidu kalibahu | satuhune wong pêjah | rumakêt jiwangga manggih | gêganjaran suwarga lawan naraka ||

3. iya iku sapunika | wus pira-pira nandhani | suprandene wali sanga | kabèh kaliru nampani | mangkya ingaran urip | besuk dèn arani layu | mangka Sèh Lêmahabang | rintên ratri mardi budi | guna dibya ing kawruh mulyaning jiwa ||

--- 15 ---

4. muridnya Jênar sakawan | kang wus bijaksa kakiki | sajuga wasta Bisana | Ki Danabaya ping kalih | Canthula kang kaping tri | Ki Pringgabaya ping catur | puniku kang wus pana | pramanêm tekad sawiji | mantêp têtêp kamulyan ing têmbe gêsang ||

5. dunya ingaranan pêjah | mêngku ala lawan bêcik | lara kapenak lan bagya | cilaka nraka suwargi | têtêp sajroning pati | marma kabèh kang wus gilut | ngrakêt kawruhnya Jênar | rintên ratri minta urip | tan kawawa nglakoni pati nèng dunya ||

6. kathah para siswantara | manca desa manca nagri | ngatas pajaran mulyarja | anom tuwa jalu èstri | rêraton ulah pardi | de wêwêjangane kawruh | Lêmahbang mring sakabat | winruhkên purbaning urip | kaping kalih winruhkên plawangan gêsang ||

7. ping tiga panggonan benjang | urip langgêng tanpantawis | ping catur panggonan pêjah | kang linakonan samangkin | lawan malih paring wrin | jumnêngnya kang Mahaluhur | dadine bumi kasa | para murid ingkang tampi | kathah siswa kang nglalu ngupa prakara ||

8. liwung anèng marga-marga | yayah kunjana ambêg dir | lumaku tan gêlêm nyimpang | nekad nunjang ciptèng galih | mamrih karampog nuli | mantuk mring panggenan idhup | tan bêtah anèng dunya | duhkita cilaka manggih | samya gila sadaya kang sinukarta ||

9. ing pasar gègèr puyêngan | wong nekad ngupa prakawis | jarag laku murang arja | kang cinipta glisa urip | gya konjuk sri bupati | tumulya dhêdhawuh mikut | kêcandhak gya binanda | sakala lumêbèng buwi | nèng kunjara sami anglalu pralaya ||

10. kang mangka durung kapriksa | katrangan sêdyaning kapti | dènira karya ruhara | sri narendra dhawuh malih | kinèn ngupaya murid | Sèh Lêmahbang kang majênun | yun kapriksa ingkang trang | dupyantara ari malih | nuju pasar ana catur sabat Jênar ||

11. karya drêdah murang kaprah | gya pinikut ring pulisi | Bintara wus katalenan | katur ngarsaning narpati | kapriksa paran marmi | murang silaning tumuwuh | mangsuli tanpa krama | mung ngupaya dalan urip | datan kuwat lami nglakoni pralaya ||

12. ingsun murid Pangran Jênar | kang gunardika rèh ngèlmi | putus duga lan watara | têtela ing dunya mati | jlèh bosên sun umèksi | gumlaring bangke ting blulung | mayit sapirang-pirang | ratu pangulu pêpatih | jaksa kabèh susawa têmah gusthika ||

13. pra oliya wali sanga | santri-santri kyai-kyai | bathang kabèh nora wikan | prandene mêksa ambêg dir | kumawawa wong mati | pinardi nêmbah Hyang Agung | wujud kang asma Allah | sajatine dunya iki | nora bisa wruh sipatira Hyang Suksma ||

14. guyub murid Pangran Jênar | murang kramaning utami | èstri priyambêg birawa | marma kèh prakara dadi | darêdah yayah baring | warna-warna ngupa layu | ana ngajak sudukan | tumbak pêdhang ciptèng ati | supayenggal praptaa ing jaman gêsang ||

--- 16 ---

15. murid kang tan nglalu laya | ngumbar wicara tan manis | marang kanan kering tangga | mangkana wuwusnya murid | hèh kanca-kanca mati | andadèkna wruhanamu | sira kênèng pitênah | pambujuking wali mukmin | kang supadya wignya ngrèh wong tanpa bayar ||

16. samana Sultan Bintara | sadarpa ngungun ing galih | dupi kathahing prakara | sabên dntêndintên. tampi warti | ing manca praja dèsi | ana wong liwung rèh dudu | ngrusak arjèng pranatan | ngayun pati lir punagi | pra kunjana muridnya Sèh Sitijênar ||

17. sêdene sri naranata | tampi pratelaning patih | lapurnya pratinggi desa | wontên durkêrtartèng bumi | datan mamrih punapi | mung ngupadi marga layu | sabatnya Pangran Jênar | nata ngandika ring patih | hèh ta paman sira anglakokna duta ||

18. caraka nrang kartibaya | sandi tarèk tlabul ngèlmi | marang dhukuh Krêndhasawa | ring wismèng Pangran Sitibrit | trus lawan slayèng warti | derandum kawruh bêg guru | mahya wêjangan nasar | gèsèh adate lêluri | matur nuwun sandika rêkyana patya ||

19. anuding kalih punggawa | kang ahli rasaning ngèlmi | tur wong gunardi susastra | surtining sêdya winangsit | sandika wisata glis | lêstari prapta ing dhukuh | wus panggya ngataskara | ing rèh lukitaning kapti | Pangran Jênar sigra jarwa tanpa wrana ||

20. kathah panunggilanira | sêsarêngan nampi ngèlmi | dupi caraka wus tampa | pamitan mantuk lêstari | datan kawarnèng margi | praptèng Bintara cumundhuk | ngarsane kyana patya | gya dèn irid manjing puri | konjuk nata matur solahnya dinuta ||

21. ing purwa madya wusana | langkung ngungun sri bupati | ngandika hèh paman patya | paran pamunahmu dadi | srananing brastha wèri | Sitibang ingkang majênun | manawa ngambra-ambra | ambuka wadining bumi | kyana patih matur dhuh gusti sayogya ||

22. sampeyan dalêm pribadya | matur pramodaning wali | wontên durtaning agama | murang pranataning dini | rèhning punika mukmin | tur antuk asma kasêbut | pangeran tandha muktas | kawruh susilaning gami | ngatas karsanira kangjêng wali sanga ||

23. pêthuk narendra busana | rumanti tindak ring masjid | tantra prapta tur pranata | pra wali kurmat sing linggih | gya sêsalaman trampil | gantya-gantya tandya lungguh | parêk lan sri narendra | wus angira ana gati | wali sanga rèh lukita pasang karna ||

24. nulya Sinuhun Bintara | matur ing Benang Sang Yogi | pukulun atur uninga | ing waktu mangke kèh janmi | nglêbur pranatèng dalil | brasta silaning tumuwuh | nyênyamah anukarta | nyuda kêrtarjaning Jawi | praja rêngka gêmpal arjaning wiradya ||

25. pasar-pasar marga-marga | dhusun-dhusun têpis wiring | pundi gèn pangupajiwa | kadhatêngan wran durkarti | mung karêp enggal mulih | dening pulisi pinikut | kula priksa aturnya | pan ngupaya dalan urip | ciptanipun dunya ingaran pralaya ||

--- 17 ---

26. sêsambatnya botên kiyat | kadangon rumakêt pati | tantra bisanambêg darga | yayah kasmala mèt pati | salajêngipun manjing | panjara nèng buwi layu | sampun kathah lêpiya | makatên wahyaning pamrih | dene dhusun sami ayon ngrampog sima ||

27. dadya awuran bujana | datan kêndhat siyang ratri | kula ngupadi kang murwa | wèh kawruh makatên panggih | Jêng Pangeran Sitibrit | kaloka jumênêng guru | kagugu para mudha | têmah murang silèng krami | rèh wijangnya dunya punika gusthika ||

28. kawula lajêng nyundaka | kita purih manjing murid | dwi guna srana bijaksa | sampun kawijang nampèni | punika janmanèki | kang kawula kèn gêguru | dupi sampun matur trang | amba lajêng sowan mriki | ngatas karsa sarèhning bangsa oliya ||

29. lamun kula roda paksa | tindaking nagari krami | pintên bobotnya Sèh Rêkta | Sunan Benang ngandikaris | bênêr jêbèng narpati | kudu wali ingkang ngrêmbug | krana Lêmahbang Pangran | wus jumênêng wali luwih | yèn mangkono sun pribadi kang utusan ||

30. wis sultan sira mundura | têmbe yèn ana pêgandring | jêbèng mêsthi kaaturan | tibaning krampungan wèsthi | sandika sri bupati | gya mundur malbèng kadhatun | ucapên wali sanga | samya gusthi ingkang dadi | sayogyarja mawèh kukum madya tama ||

5. DhandhanggulaTeks asli: PUPUH V: DHANDHANGGULA.

1. Kangjêng Sunan Benang ngandikaris | hèh prikanca mukmin paran sêdya | Pangran Jênar karya dede | mindaka tamèng kawruh | ngèlmu srengat sintruning lair | panetah subkanallah | nyêgah dursilayu | mamrih sampurnaning gêsang | mangkya Sitijênar yun miyak wêwadi | babar wadining jagad ||

2. srengat Nabi Mustapa waradin | midrawèng rat ngluhurkên Pangeran | sarana salat pujine | junjung kraton Hyang Agung | brastha wèri tobat mring masjid | supadya pra widada | idhup praptèng layu | ginantungan swarga nraka | wus biyantu wong Jawa kèh nglêksanani | wirya têntrêm sukarta ||

3. mangke Sitijênar miyak kêlir | maridakên ngèlmu ngrusak sarak | kadipundi sayogyane | lah punapa karampung | punapa ta dipun timbali | tanggap Jêng Kalijaga | rèh prayoganipun | katimbalan ngabên rasa | yèn tan arsa pinaring sasmita gaib | kinèn mancas kang cêtha ||

4. lêrês lêpat pangêcupnya misil | sêsagêd-sagêd kêdah winulang | ywa kalurung ngèlmu anèh | lamun mêksa baguguk | kula miwah sakanca wali | prapta ngampil krampungan | pidananing kukum | de lamun parêng ki lurah | kang kautus murid kawula kêkalih | Pangran Bayat Sèh Dumba ||

5. ngabên rasa sasmita kang gaib | nulya Sunan Benang adhêdhawah | Pangran Bayat wus sumaos | lan Sèh Dumba nèng ngayun | liningan hèh pangran sirèki | sun duta ngataskara | panggya wran majênun | kang dhêdhukuh Krêndhasawa | Sèh Lêmahbang kang arda mindakèng ngèlmi | timbalana mring Dêmak ||

--- 18 ---

6. lamun mopo paringana misil | lambang sasmita patang prakara | konên ngêcup satuhune | lan jarwanana ayu | yun punapa derambêg kingkin | sudarsananing Suksma | dalil Kur-an sung wruh | pira-pira cêcêgahan | lamun mêksa mrêdut silaning agami | enggal nuli balia ||

7. lakunira jêbèng sun kanthèni | Ki Sèh Dumba kalih tur sandika | lumaksana mung wran loro | tan dangu karwa rawuh | dhukuh Krêndhasawa umanjing | bale langgarnya Sèh Bang | salam ngalaekum | pinuju Sèh Jênar lagya | sung jêjarwa murid ingkang anyar manjing | nèng sadalêming langgar ||

8. marma datan opèn tamu prapti | mung marsudi dènira mêmijang | para murid lanang wadon | Pangran Bayat ping têlu | uluk salam tan dèn wangsuli | laju malbu kewala | tandya jajar lungguh | brastha silaning pranata | Sitijênar datan nglêgewa sadêmi | tansah pambengatira ||

9. mugut sabda Pangran Bayat angling | hèh ta anak Jênar praptaningwang | dhapur lumaku sapakon | pra wali sabiyantu | animbali mring sira nuli | kerida laksitèngwang | lerena wuwusmu | rêngên sabda wali sanga | wanti-wanti nora kêna mopo kardi | kagyat Sèh Sitijênar ||

10. hèh paman sira lumakwèng tuding | wali sanga nimbali maringwang | bab iku apa pêrlune | sanadyan wali satus | sun tan arsa rèh dudu abdi | kita datan kaprentah | jêr wali lan ingsun | padha daging wujud bathang | nora suwe padha bosok dadya siti | sumêngguh nganggo ngundang ||

11. sun nèng luhur bumi ngisor langit | darbèk ingong pribadi purwèngwang | surya candra mlaku dhewe | tandhane nguni suwung | nora kantha tan ika iki | dupi ngong praptèng pêjah | nèng dunya dêdulu | sabarang isining jagad | ananingsun anèng kene mèlu darbi | padha lan wali sanga ||

12. nimbalana wong kang mudha pingging | pasthi gêlêm mara dharakalan | saking wong cubluk budine | seje kaya wak ingsun | wus waskitha surtyèng pangèsthi | widyaka mardi guna | tan kêna kasêdul | kapusan wong santri kumpra | sulap palsu ngaku cêdhak Mahasuci | tan wruh wandane bathang ||

13. idêr ngèlmu wong-wong dèn apusi | kinèn sêmbahyang nèng masjid Dêmak | ênggon Allah iku goroh | sun nguni mèlu sujud | praptèng mangkin gêtun kêpati | tan wruh kuwandaningwang | lairnya Hyang Agung | ananing jênêng manira | mangke kêna ngarani kawula gusti | rèh anèng jaman pêjah ||

14. besuk yèn sun wus urip pribadi | tamtu tan ana gusti kawula | mung kang urip ingsun dhewe | langgêng tan ana layu | judhêg nikmat nèng têpêt suci | marmèngsun arda susah | sêdhih mêngku layu | rumakêt swarga naraka | panasaran pira-pira jaman pati | yèku dunya punika ||

15. nora bêtah sun nèng ngriki mati | kapengin mulih mring jaman gêsang | jaba jêro nora duwe | dene kene kêmaru | jawi kalbu kawula gusti | mêngku lara kapenak | sajroningsun layu | hèh paman Bayat nèk sira | nora wikan wuwusku mangkene iki | têtêp sasar satus grad ||

--- 19 ---

16. pasthi bae sênêng jaman pati | kasênêngan sarwa-sarwi ana | pancadriyamu nênonton | kupingmu krungu angklung | jroning ati wruh gêndhing bribil | nadyan ati ngulama | kêthuk kênong ya wruh | rumêsik nuci wadana | esuk sore kicah-kicih saba warih | kinarya mrada raga ||

17. sajatine budimu pranatis | ambalithuk nasarake umat | jêngkang-jêngking esuk sore | jarmu ganjaran besuk | jroning swarga kanthil rukmadi | wong nganti karanjingan | dening ujar palsu | yèn kasèp nêmbah trataban | wus mangkono wong kênèng pambujuk iblis | gebas-gèbès dikirnya ||

18. apa tan wruh yèn wandane daging | otot balung sungsum kênèng rusak | priye lèhmu bêcikake | nadyan salat ping sèwu | sadinane tan wurung mati | awakmu kang kok pulas | bakal dadi lêbu | jêr wandanira gusthika | apa wali mulih bisa gawa daging | paman pêthèkku ora ||

19. lah bok aja dahwèn ring sasami | nimbali Sèh Jênar wong bijaksa | manawa kwiyak wranane | palsune nora payu | lamun nganti akèh janma wrin | jêr wali kabèh krenah | ngapusi wong cubluk | coba sira paman Bayat | sun takoni apa wus wruh Mahasuci | pêthèkku durung pirsa ||

20. aja manèh rupane Hyang Widi | malaekat bae durung wikan | nadyan malaekat èlèk | sirèku durung wêruh | mung bingungmu bae kok pikir | ngupaya Gusti Allah | tan bisa katêmu | kana-kana datan ana | kene dudu têmah budimu kok èsthi | angên-angên Pangeran ||

21. kagyat Pangran Têmbayat nabdaris | myang Sèh Dumba nglairkên panêdya | hèh Sèh Jênar ywa mangkono | paduka sèwu klèntu | dunya iki ingaran pati | ana swarga naraka | iku têmbung luput | nora kaprah ijmak kiyas | dalil kadis sulaya kang sira èsthi | nut pikir kurang arja ||

22. mangkya srengat Arab maratani | tanah Jawa têmah narik tama | kabèh wus ayu budine | mangkya sira manthungul | mabul wrata manca nagari | mêmuruk ngrusak sarak | dunya ngaran layu | ngakir ingaranan gêsang | swarga nraka kapanggih ana ing ngriki | yeka wong nglêbur kaprah ||

23. katampanan wong kang mudha pingging | mangkya arda wong murang krêtarta | awit wijangmu mangkono | lah êndi gandhulanmu | Kur-an apa kadis punapi | dene tan lumrah kathah | Lêmahbang sumambung | ho-o dene sira tuna | dadi wali ora wruh unine tapsir | bêcik dadia bujang ||

24. ambêlayang lowung anggêr urip | yèn tinari mati kipa-kipa | ambêgmu pasrah nyawane | kapundhut siyang dalu | lêga rila wuwusnya kidib | yèn wêruh rêgêjêgan | dijaluk nyawamu | lah iku bedane apa | bujang baujayan karo para wali | bajingan tanpa wisma ||

25. hèh ta paman Bayat sira yun wrin | gandhulanku mamèt kitab apa | he-e bodho têmên kowe | lèhmu ngaji gêguru | wong Samarang prapta ing ngriki | pruwita ngèlmu rasa | suprandene limut | ngèsthi catur ngayawara | dalil Kur-an nora pisan sira budi | mung mèstu swara dora ||

--- 20 ---

26. nora pisan nuksmèng tyas utami | yèn mangkono ciptamu kêsasar | luwih bêcik dadi kadhèt | iku wong dhêmên idhup | nadyan lamis anggêre urip | warokan Pranaraga | kang kaya tekadmu | ngaku wali luwih gampang | suprandene kagèt wruh klakuan mami | mamèt surah musakap ||

27. rungokêna lapale kang muni | kayun daim lamutu abadan | kang mangkono pardikane | basa urip tan layu | langgêng ing salawase urip | marma dunya punika | dudu aran idhup | pratandhane sira pêjah | anèng dunya dunya ingaranan pati | paman mara rasakna ||

28. wal mayitu fingalamil kubri | yajidu kalibahu têgêsnya | wong nèng ngalam kubur olèh | awak-awakan nêmu | marma tampa nraka suwargi | wruhanamu samangkya | Pangran Bayat muwus | lah êndi swarga naraka | sun arsa wruh tuduhna ingsun cathêti | katur ing wali sanga ||

29. Pangran Jênar angandika malih | mring kang paman Pangeran Têmbayat | mangkana pangandikane | hèh paman wruhanamu | swarga nraka wujud kêkalih | tur saking kadadean | kitabmu wis nyêbut | anal jannatu wanara | wujudani maklum lotani lirnèki | al-ana sapunika ||

30. swarga nraka samya wujud kèksi | tur dinadèkakên saking iya | ingsun kiyas planggêrane | kabèh wujud linêbur | tandhanira suwarga mangkin | ngong bengkas babar pisan | suwarga kang luhur | sênêng lan condhonging manah | nora kurang wong nèng kreta mrêbês mili | ojogan ura-ura ||

31. gandhang sindhèn gêndhing jêthikmanis | giyak-giyak nêmbang dhandhanggula | kinanthi mêlung swarane | ywa dumèh wong mêmikul | gendhong nyunggi barang nyênyangking | ojogan mring Samarang | ana swarganipun | rèh sênêng parênging manah | turu koplak bantal dhumpal akèh tinggi | luwih nikmat munpangat ||

32. wong nèng swarga barang sarwa-sarwi | yèn lêlungan kapenak kang badan | bèndi kreta gledhag-glèdhèg | yèn narakane rawuh | mrêbês mili sagarwa siwi | wus pira-pira lupya | mokal sira tan wruh | kadhang nglakoni wis paham | nora susah paman sun jèrèngi malih | paman sun arsa tanya ||

33. dene paman têka dadi wali | saka apa katrimane paman | he-e têka bangêt elok | apa ta saka laku | lah punapa saka ing ngèlmi | apa rêruba arta | ingsun dadi gumun | ah wong iku nora kêna | dudu rasa yèn nonton kêcaping lathi | dahat sèwu dupara ||

34. dene ana wali kaya kuwi | e-e tobil lèhne nganggo srêban | jèbèh samono gêdhene | apa paman tan emut | kala maksih anèng Samawis | ngêdhangkrang sugih sêmat | wusanane kèlu | ilang sêmat gayuh tekad | wêkasane rêmbugmu mung kaya kuwi | sênêng dadya kongkonan ||

35. tekad apa gulanganmu ngèlmi | têka nora ana èmpêrira | dadi kaplêngkang tekade | Bayat nglocitèng kalbu | e kêtanggor awakku iki | upama ngadu sata | Siyêm mungsuhipun | bêcik sun mênêng kewala | anglayani wali tekadan puniki | nabda malih Sèh Jênar ||

--- 21 ---

36. e kok gumun aku nèk ningali | tekade paman Pangran Têmbayat | wali têka wêdi jidhèt | layak ta durung wêruh | yèn wus uning pasthi tan gigrig | wit bakal jumnêng mulya | luhur ing ngaluhur | ingkang mirib nora nana | muktyèng sunan sultan jendral ing Batawi | iku kamuktèn apa ||

37. Sang Sèh Dumba anambungi angling | adhuh Kangjêng Pangran Lêmahabang | bok sampun makatên anggèr | kaprah punika unggul | nadyan lêrês amung sakêdhik | salah mratani jagad | tur sajatinipun | klèntu panampining Kur-an | kalih dene malih jumnêngnya agami | antuk bêbaluh nata ||

6. PangkurTeks asli: PUPUH VI: PANGKUR.

1. Jêng Sultan Adi Bintara | nyantosani Arab kukum agami | sing sapa nacad gêguyu | tamtu antuk siasat | kawon yogya kawon kiyat kawon guyub | srengat wor nagara krama | tan gandra sapintên ngriki ||

2. punapa boya kèngêtan | brastha Majalêngka purwane santri | suprandene sirna larut | katêmpuh sabilullah | tur narendra binathara sugih wadu | angrèh pra bupati arja | tan kuwawi mêngsah santri ||

3. rèh lagya jinurung ing Hyang | gama Arab amratani ing bumi | mangka ing mangke dika yun | mindaka wali sanga | botên wande Krêndhasawa dadi awu | agami rumêksèng praja | agami nênarik yukti ||

4. de paduka mêngku tekad | kang makatên yogya kagêm pribadi | sampun kinarya mêmuruk | ring siswa para mudha | kèh ruhara darêdah dadya majênun | suda widyaning widada | druhaka gêng manjing sêpir ||

5. wontên kang dadya tukaran | tur karampog sinêmpal-sêmpal mati | wong karya ruharèng dlanggung | pasar-pasar sungkawa | dir arda walepa dènnya gilut kawruh | nêdya golèk dalan pulang | nanging panasaran margi ||

6. saru pocapaning wuntat | kondhang catur trah turunirèng wuri | dera wèrining prajagung | kagunggung murang arja | ngrusak karta satruning jagad sawêgung | wong karsa sae ing ngrika | kêdah sae wontên ngriki ||

7. ucapên para sakabat | Sèh Sitibang sakawan kang wus muksis | tan têbih marêk nèng ngriku | kang wasta Ki Canthula | dupi mirêng sabda Sèh Dumba anambung | nabda kaduk manuhara | hèh kakang Dumba prayogi ||

8. atur dika mring jêng pangran | ugi lêrês lêrês dika pribadi | jêr dika sênêng tumuwuh | nèng dunya barang gumlar | sarwa-sarwi boga wastra bagus-bagus | gampang ngrenah adol ucap | sasat buyung saba loji ||

9. wirang isin anggêr gêsang | lamun murid Sitibrit kang wus muksis | mring rêrupan tan kapencut | tan sênêng gumlaring rat | mung angèsthi trusthaning tyas têmbe idhup | mangke jiwaningsun tunggal | lan bathang kang jêjêmbêri ||

--- 22 ---

10. sêsagêd-sagêd kumêdah | ngupa marganirèng sumêdya urip | jiwamba bosên andulu | kanunutan bêbathang | wuda ngêlih sun katêmpuh luru butuh | sanadyan ana Pangeran | nora kêna dèn jaluki ||

11. jaluk bêbêd jaluk sêga | nora olèh katêmpuh sun pribadi | jarik klambi ikêt sabuk | tuku marang prombengan | esuk ngêlih jajan sêga iwak duduh | kapriye gonku mangeran | Allah-Allah kêtan lopis ||

12. pinuji sinêmbah-sêmbah | jêbul ora wignya awèh rijêki | têmah katêmpuh uripku | ngupadi sabên dina | dijaluki marang mayit daging nunut | kang bakal sun tinggal benjang | tan kêna ginawa mulih ||

13. hèh rasakna Ki Sèh Dumba | catur kita lêbokna sanubari | yèn wus trang buwangên sêmprung | rèhne tan sênêng sira | mung anggugu bathangmu kok gawa mantuk | mring akerat gawa bathang | nora wurung mati malih ||

14. jêr ciptanta mring suwarga | kok têmêni gawemu jêngkang-jêngking | kicah-kicih sabèng banyu | yèn wus nuli sêmbahyang | marêp ngulon rèh kulon goning Hyang Agung | nanging kok jaluki sandhang | pangan mêsthi nora olih ||

15. apa iku nora dora | malaekat Kasim andum rijêki | apa ta sira wis tau | dipunjung malaekat | lara panas lara adhêm olèh tulung | rèh rina wêngi kok sêmbah | wèh tamba banyu kênini ||

16. lamun pangajaranira | Sèh Lêmahbang dunya ingaran pati | marma tan ana Hyang Agung | malekat dunya sunya | nanging besuk yèn urip ingsun katêmu | kadhang sun jumênêng Allah | lah ing kono kita muji ||

17. yèn saiki kinèn nêmbah | marang masjid ingsun dudu wong kapir | kapiran Pangeran êmbuh | buh kene êmbuh kana | wus mangkono yèn lakune santri gundhul | gêgandhulan kandhilullah | mêndêm Allah muta tuli ||

18. seje sun murid Sèh Jênar | nora opèn cature para wali | ngukuhi sarengat palsu | awake dhewe tuna | hèh Sèh Dumba pikirên kabèh wuwusku | jro dhadhamu ana Kur-an | rujuk gèsèh pasthi uning ||

19. Pangran Têmbayat ngandika | hèh wis padha mênênga ywa baribin | mung anak Jênar karêpmu | katimbalan mring Dêmak | apa gêlêm apa mopo ngong yun ngrungu | ywa kakehan mêdhar cipta | madu balung tanpa isi ||

20. Pangran Sitibang wacana | ho-o dene ngèyèl têmên sirèki | wong dadi duta mung matur | sun tan gêlêm aseba | nadyan ingkang ajur mumur dadi glêpung | mangsa ingsun undurana | malah sukur praptèng urip ||

21. sun mati sugih druhaka | rina wêngi rumakêt nraka api | lara kapenak tinêmu | bungah susah sun sandhang | seje yèn sun wus mulya saka ing lampus | tumêka urip sampurna | langgêng nora ika iki ||

22. Pangran Têmbayat manabda | hèh anakmas têtêp sira wus bêling | lumuh karèh ambêg liwung | tan singlar lara lapa | yèn mangkana karsanira iya sukur | kajaba iku sun tampa | wêwêlinge Sunan Kali ||

--- 23 ---

23. kinèn maringkên sasmita | patang pasal cupana kang patitis | siji bab kala Hyang Agung | karya gumlaring jagad | prabot apa barang apa bakalipun | loro bab kinèn têtanya | êndi omahnya Hyang Widi ||

24. têlu bab kalonging nyawa | sabên dina nganti êntèk mring êndi | catur bab kang Mahaluhur | rupane kayangapa | Pangran Jênar manthuk-manthuk guyu guguk | iku cangkrimaning bocah | gya ngandika marang murid ||

25. Ki Bisana kang nèng ngarsa | hèh Bisana babarên lambang iki | rèh cangkriman rèmèh cubluk | kowe bae kang mancas | lah majua sira dadi wakil ingsun | matur sandika krêpana | angangsêg kaparèng ngarsi ||

26. matur yayah madubrata | dhuh Jêng Pangran Bayat amba sadarmi | mituhu dhawuhing guru | mancas sasmita tuwan | lamun lêpat sakêthyamba minta ampun | pintên banggi kalêrêsan | kula tiyang dama pingging ||

27. janma sudra turun desa | narakarya kuthung silaning krami | sajêg jumlêg adhêdhukuh | tuna pasang wicara | dèrèng nate wrin pasamuwan janmagung | tamtu kirang yudapraja | wimbaning ling tuna luwih ||

28. tur gumêtêr tarataban | glogap-glagêp gugup kaworan ajrih | jirih jaragan wong dhusun | sampun kirang aksama | budi kêthul kithal grathul maksih blilu | kajibah sumanggêm karya | makili jêng gurunadi ||

29. sêsikuning tuna krama | dadya wuruk kulèsthi jroning ati | kapatuh salaminipun | Pangran Bayat ngandika | sun tarima sadurunging wahyèng wuwus | wus jaragan kowe desa | cingkrang kramaning priyayi ||

30. malah yèn bênêr wuwusta | ingsun gumun mring sira dene titis | luput klèru panggonanmu | lah wis pêcahên mara | Ki Bisana sandika bab kang rumuhun | Allah kala karya jagad | punika sayuta kidib ||

31. jagad rat punika anyar | Gusti Allah botên karya kawadis | dalilnya layaktapkiru | ila mukdis têgêsnya | botên karsa dêdamêlan barang wujud | mênggah dadosnya alam rat | wus yudriku makiyati ||

32. liripun manggih kahanan | ngalam dunya punika la-awali | tan wontên wiwitanipun | kathah yèn kula babar | bokmanawi kêrtas sakêndhang tan cukup | mèt wêwaton saking Kur-an | anyaring alam sakalir ||

33. kang kaping kalih pralambang | tuwan tanya wismanira Hyang Widi | bab punika botên ewuh | Allah manuksma ring dat | dat wajibul wujud pacangkramanipun | lajamana lamakana | munggèng dat wisma kakiki ||

34. kathah manawi kabuka | botên cêkap kêrtas pos pitung kodhi | samantên kewala cukup | gantya lambang ping tiga | longing nyawa rintên ratri ngantya puput | dhatêng pundi sirnanira | e-la dalah langkung gampil ||

--- 24 ---

35. nyawa botên sagêd suda | botên owah gingsir derarsa mulih | saking pêjah dhatêng idhup | langgêng tantara mangsa | yèn kalonga sasat kawadis mathuthuk | gripis lir dèn pangan rayap | panjang yèn kula sêrati ||

36. nadyan kula sudra desa | nanging putus dhatêng parama kawi | krama ngoko nawung kidung | lagu Sangsêkrit têmbang | boya kewran ukara anjèrèng ngêjum | nadyan dede êmpu-jangga | widayaka sawatawis ||

37. cukup silaning disastra | pawiyatan Krêndhasawa angênting | siswa ngataskarèng tuduh | ngajar lwih wibisana | ingkang tampa yayah jamunambêg nyakup | mardi gunardika pasang | karna jiwatma nampèni ||

38. sasmita ping sakawan bab | mundhut pirsa warnanya Mahasuci | kitab Ulumuddin sung wruh | walahu lahir insan | wabatinul insani baitullahu | jarwanya jaba manusa | puniku warnining Widi ||

39. batinnya janma wismèng Hyang | kathah-kathah jarwanya Ulumuddin | yèn kula tur priksa bingung | paduka botên tampa | bokmanawi kula ginalih majênun | wijangipun Sèh Sitibang | kang sampun kula tampèni ||

40. mila yèn namung patanya | kang kadyèka kula wastani gampil | kagulung gilig lir punglu | kabengkas sirna ilang | têmah wang-wung klowonganing jagad suwung | yèn jinèrèng rat kèbêkan | makatên wulang Sèh Abrit ||

41. purwèng manusa kawijang | wijang-wijang gampil siswa nampèni | sora cêtha botên bingung | ing rèh wijang utama | tamèng budi saking layu praptèng idhup | wela-wela kasatmata | ngegla kenging dèn saksèni ||

42. tanpa sintru tanpa lambang | ngêblak blaka suta nora mèt pamrih | sirna panyakraning bujuk | palsu krenah blas ilang | slaya sangêt lawan guru sanèsipun | ting klêsik lir adol dhindhang | tur datan sêpi mèt pamrih ||

43. kula sampun rambah-rambah | puruita winêjang wali mukmin | winruhkên Muchammad Rasul | Allah Pangeran amba | wahyèng sabda nênuntun kawula bingung | kodhêng mirang-miring ngawag | ngawur pêpathokan sêpi ||

44. ngèlmu Arab dados Buda | Buda mukir mamèt waton jêng nabi | amêmati raga gluyur | mubêng ngiras papriman | lamun kawruh Arab sirna tapanipun | kajawi wulan Ramêlan | nyêgah bukti botên apti ||

45. nanging wali taksih Buda | tandhanipun sring manjing dhatêng sêpi | guwa-guwa kayu watu | gunung alas samodra | linêbonan gêntur karsa ngiras laku | mamrih katêmu Hyang Suksma | yeka kadhadhung ijajil ||

46. critaning Arab ambiya | botên wontên kang cêgah pangan bukti | ngluwat mêlèk cêgah turu | puniku boya klampah | kajawi wong Buda badane winasuh | lah sumangga kagaliha | pamancas kawula misil ||

--- 25 ---

7. AsmaradanaTeks asli: PUPUH VII: ASMARANDANA.

1. langkung wagugên ing galih | Jêng Pangran Bayat Sèh Dumba | wruh pamêcahing pasêmon | amung muridnya kewala | panêngran Ki Bisana | makatên pangawruhipun | saiba Sèh Sitirêkta ||

2. ngunandika jroning galih | tuhu mardi guna dibya | Pangran Jênar samuride | trustha budyambêg widagda | ing kene kana kêna | layak bae tega layu | bijaksana kawruh mulya ||

3. samana duta kêkalih | dupi sampun têtela trang | ngèlmu myang kalakuwane | Sitijênar samuridnya | sêdene mêcah lambang | tumulya pamitan mundur | Pangran Bayat lan Sèh Dumba ||

4. nanging datan dèn wangsuli | nuli mundur palarasan | nèng marga grênêngan karo | Sèh Dumba matur jêng pangran | kula biyantu tekad | yèn makatên kang panêmu | karya trimaning wardaya ||

5. para siswa angantêpi | saking judhêg rèh pamardya | Pangran Jênar wijangane | upami kula pruita | balik mèstu sakarsa | nèng ngrikamba yun mituhu | wangsul brangtasmarèng ngèlma ||

6. Pangran Bayat langkung wêngis | ngandika dhatêng Sèh Dumba | hèh Dumba aja mangkono | nguni sira bangsa sudra | ing mangke manjing wasya | kawiryan jênêngmu arum | wus dadya santri suhada ||

7. paran karya malik kapti | mituhu Sèh Lêmahabang | ngèlmune tan lumrah ngakèh | de sirarsa puruita | ing Dêmak kurang apa | barang kawruh nora ewuh | kadibyaning wali sanga ||

8. lah payo padha lumaris | nglaksanani rèh dinuta | tan antara laksitane | praptèng Dêmak nuju pêpak | pra wali lênggah tarap | nèng surambi samya ngantu | mring cundaka dwi kang prapta ||

9. nulya samya kramèng mukmin | sinrêng wigatining sabda | Sunan Benang andikane | hèh jêbèng Bayat kayapa | sun duta ngataskara | katêmu Sèh Lêmahlêmpung | derarda kagila-gila ||

10. umatur duta kêkalih | lêrês pabrataning warta | pra siswa samya rêraton | èstri priya tlabul ngèlma | rèhning ngendrani laya | lêrês tekadipun idhup | dunya ingaran pralaya ||

11. kathah-kathah titi ngênting | ing purwa madya wusana | sêdene wahyèng pasêmon | tumrêcêp kacup sadaya | tur wakil pamêcahnya | muridipun kang kasêbut | Ki Bisana narakarya ||

12. trah dama srawungan dèsi | prandene gunarda krama | yayah caraka kêdhaton | cukat tarampil trangginas | jangkêp susila madya | kuciwa srengat kalêbur | kadariyah jabariyah ||

13. rumakêt kalih tan yukti | mrêngkang saking wali sanga | mulyèng masjid badhe kasor | brastha nêmbah Rabbul-ngalam | yèn pun Jênar kêpanjang | mênggah brama dèrèng murub | prayogi siniram tirta ||

14. manawi têmbe malahi | sayarda ulah pratignya | ngrusak sukarta prajarjèng | wali sanga têmah ina | yèn Jênar tan pulastha | botên wande era-èru | rêrusuh murang krêtarta ||

--- 26 ---

15. yogya nuntên dèn lampahi | sirnane kawruh dupara | wêjangnya Sèh Sitiampo | Sunan Benang angandika | hèh yayi Kalijaga | priye prayoganing laku | pandoning Hyang rèh pidana ||

16. umatur Jêng Sunan Kali | sae nglêmpakakên para | sagung mukmin ngulamakèh | lan malih parlu ngaturan | Sultan Adi Bintara | pêgandring wahyaning kukum | Sitijênar dèn pancaka ||

17. yogi dintên benjing enjing | pinrih rawuh wanci luka | nanging utusana mangke | Jêng Benang nuding sakabat | wus winangsit sakajat | ngaturi ingkang sinuhun | para wadya buwah praja ||

18. patih pangulu jaksadi | kang liningan lumaksana | tanpa ceda wrata kabèh | mukmin ngulama pukaha | kasaput ratri para | wali sêmbahyang mahribu | ngisa subuh tan kawarna ||

19. ing wanci jam wolu enjing | pêpak kang para oliya | munggèng srambi lir adate | satêngah sanga jêng sultan | patih pangulu jaksa | rawuh para wali mêthuk | kurmat tataning ngulama ||

20. gya lênggah sri narapati | pra punggawa tata atap | jajar urut ing lungguhe | mukmin samya jawat asta | mubêng gantya-gumantya | gyaso sawataranipun | Sunan Benang angandika ||

21. hèh jêng sultan marma mami | angaturi siniwaka | nèng srambi gung para rade | yun pêgandring kaladurta | lêrês atur andika | Pangeran Jênar baguguk | migêna tindak agama ||

22. ingsun wus nyundaka mèksi | ngèlmu kalakuanira | dera mulang miridake | têtela ngrusak krêtarta | silaning yudapraja | anênuntun netah dudu | kathah siswa mrih ruhara ||

23. dunya ingaranan pati | têmbe ingaranan gêsang | kajabariyah tekade | kadaryah rumakêt angga | rèh endraning pralaya | sakabat kang tampa bingung | majênun ngrusak widada ||

24. paran yogyaning pambudi | kang utama linakonan | sultan matur kula dhèrèk | biyantu pulasthanira | srana prajurit praja | Pangran Modang sru sumambung | punika kirang sakeca ||

25. yèn rinabasèng ngajurit | punika dede wong ngraman | sae dèn alus kemawon | sanadyan kukum pralaya | saking lêmbat kewala | kawula sakanca rawuh | sapapan nigas lungaya ||

26. Kangjêng Radèn Adipati | Wanasalam nambung sabda | yèn makatên kula mopo | nyulayani tatapraja | tindaknya jangji byuha | nglairakên kukum saru | antuk dhêndhaning bawana ||

27. mêjahi janma tan kenging | mahya saking palacidra | rèh wontên jênênging kraton | kêdah ratu karya prentah | mupakat katimbang rad | katimbalan yèn tan ayun | dadya nawala wasesa ||

28. kenging tinêlasan awit | mogok dhawuhing narendra | punapa margine dados | wus dhawuh ponis prampungan | winasesa sakarsa | ing nata têmbung kalakun | sah tibaning kukum pêjah ||

--- 27 ---

29. rèh punika bangsa wali | kalêbêt agung oliya | tan kenging swiyah sedane | nadyan kang kalêrês ngisas | ingkang sami pangkatnya | makatên piyagêmipun | byakta mèt prajangji byuha ||

30. yèn botên makatên gusti | cingkrang jênênging wiradya | pun patih sadarpa mopo | nistha dunya ngakir siksa | dèn gêguyu bawana | surya candra susup-susup | ngerang-erang adil karta ||

31. lamun yun kacidra nguni | sampun ngaturi narendra | dhêmitan kewala dados | nanging mêksa tan tumindak | manawi waris gugat | sintên mangêntar saèstu | antuk wasesaning praja ||

32. mila prayogamba gusti | paduka paring nawala | wasesa caraning kraton | patih pangulu lan jaksa | samyatur tandhanama | têtêp krampunganing kratun | makatên rèh witaradya ||

33. narendra pêthuk ing galih | sadaya mukmin oliya | mêmuja mantra rumojong | aturnya nayakawaktra | tètès mèt waton byuha | jêng sultan sigra dhêdhawuh | karya nawala wasesa ||

34. juru panitra tinuding | gya manurat waton adat | lêpiyan kuna-kunane | tantara rampung panitra | katur rêkyana patya | nulya konjuk jêng sang prabu | pinriksa têmbayèng sastra ||

35. pèngêt nawalaniraji | Sultan Adi Natagama | Bintara mandhirèng kraton | dhumawuh ing pakênira | Pangeran Sitijênar | ing Krêndhasawa dhêdhukuh | liring srat jênêng manira ||

36. tampi aturing pêgandring | para rad prajèng Bintara | sêdene wus mirêngake | aturaning wali sanga | pakênira mindaka | nglêbur silaning tumuwuh | nyampahi dinil Mustapa ||

37. mangkya karsane para lid | biyantu lan jênêng ingwang | ingsun timbali patêmon | mring Dêmak angadu rasa | barênga dutèng praja | yèn mopo nora umèstu | wasesa tigas lungaya ||

38. gya ngrêmbag ingkang tinuding | kang sayogi dados duta | ngampil parampungan gêdhe | sastra nawala wasesa | Jêng Sunan Kalijaga | umatur prayoginipun | kanca sadaya lumaksa ||

39. angandika Jêng Mahgribi | lêlima bae utama | gawa sabat dhewe-dhewe | yeka Jêbèng Sunan Benang | jêbèng Mlaya kalawan | Pangran Modang Sunan Kudus | Sunan Gêsêng kalimanya ||

40. yogyane jêbèng narpati | prajurit wirautama | konên nganglang esuk sore | rumanti yitnèng prajarja | kangjêng sultan sandika | gya kondur sandika mèstu | patih sampun kadhawuhan ||

41. warata para bupati | kinèn yitnèng kartibaya | Sèh Jênar sabat muride | ucapên gangsal oliya | wau sampun samakta | bêkta santri patang puluh | bidhal dhatêng Krêndhasawa ||

42. elur ngangge sarwa putih | samya nyangkêlit jambeya | gangsal wali ngarsa dhewe | Sunan Benang pangajêngnya | tantara enggal prapta | anèng Krêndhasawa dhukuh | jujug wismèng Pangran Jênar ||

--- 28 ---

43. kaparêng lênggah ing masjid | lagya mulang para sabat | ingkang anyar manjing tarèk | èstri priya jêjêl atap | saha manca nagara | pinuju ingkang cinatur | dadining bumi akasa ||

44. saking tapsir Kaelani | tandya marêk wali gangsal | nèng pante langgar nabdalon | tatakramaning ngulama | kangjêng wali lêlima | sarwi salam ngalaekum | Pangran Jênar tan nglêgewa ||

45. eca dènnya marid ngèlmi | lawan sakabat sakawan | wali-wali têtamune | dera pasrangkara arja | pangran kèndêl kewala | sigra Sunan Benang malbu | buka pintu langgar mênga ||

46. Pangran Jênar tan mrêduli | eca dènira jêjarwa | gya sêrat inguncalake | tibèng pangkonnya Sèh Jênar | mêksa api tan wikan | ponang srat cinandhak gupuh | dening Sunan Kalijaga ||

47. gya winaca sora titi | têmbayèng sastra wasesa | purwa madya wusanane | Pangran Jênar tan miyarsa | Jêng Benang angandika | sarwi ngasta tanganinpuntanganipun. | hèh Jênar kang lagya laya ||

48. sira ywa pijêr mêmarid | gya lèrèn Pangran Lêmahbang | pasang karna mirêngake | dhawuhnya Jêng Sunan Benang | lah mayit praptaningwang | sakanca dinutèng kukum | pangadilan ing Bintara ||

49. kinèn nimbali sirèki | srana nawala wasesa | rampung rukun dina kiye | yèn mopo kênèng pidana | yèn sandika raharja | adu surasaning kawruh | mupakatan wali sanga ||

50. Pangran Lêmahbang lingnyaris | sira Benang ngundang kita | marang Bintara sun lumoh | nora kabawah kaprentah | kajaba jroning manah | kang dhêdhawuh sun mituhu | liya punika tan arsa ||

51. sabab mayit padha mayit | pagene padha pêprentah | wong nora ana bedane | padha tan wêruh Hyang Suksma | tan pae nêmbah asma | de kumawawa kumingsun | dhawuh samining gusthika ||

52. de sira yun ngadu ngèlmi | ngususakên gilut rahsa | payo anèng kene bae | jangji wêwaton musakap | kitab Balal Mubarak | nadyan anggitnya wong layu | ingkang nganggo padha laya ||

53. Pangran Modang nambung angling | hèh ta kakang Pangran Jênar | lah punapa pathokane | dunya ingaran pralaya | benjang nami jiwita | coba manira nêdya wruh | lairna wirayatira ||

54. Pangran Lêmahbang mangsuli | hèh Modang prastawakêna | tandhane urip lapale | kayun daim lamauta | abadan têgêsira | urip jumênêng tan layu | abadan salaminira ||

55. dene mangke jênêng mati | jarwane kitab Talwisan | lah rungokêna lapale | wal mayit ngalamul kubra | yajidu kalibahwa | mayit anèng ngalam kubur | anêmu awak-awakan ||

8. DhandhanggulaTeks asli: PUPUH VIII: DHANDHANGGULA.

1. mula kubur sun gonkên samangkin | awit urip kita nêmu wanda | wujud kawadis mangkene | dene planggêranipun | al ngalamu kumulujuwin | sabên alam kuwanda | de ngong yèn wus idhup | tartamtu

--- 29 ---

tan nêmu angga | yèn manggiha kêna tininggalan mangkin | kusus atur manira ||

2. boya sasar besuk ingsun urip | nora ngawur sapunika pêjah | uripku cangkramèng kene | anêmu jisim wujud | balung sungsum otot lan daging | gêtun kasasar pêjah | panasaran agung | godha rêncana blis setan | pira-pira naraka rumakêt jisim | balênggu rante wedang ||

3. gêtun têmên dene kita mati | nganggo pancadriya sipat anyar | wêtêng jêroan angame | ngêlak ngêlih katêmpuh | lara lapa kajibah mami | gêtih daging nunutan | tan wun dadi lêbu | luru ingon sabên dina | besuk lamun ingsun urip pasthi kèri | nora kêna ginawa ||

4. akèh têmên rêncananing pati | anak bojo bapa biyung sanak | kabèh dadi godha gêdhe | seje karo wong idhup | tanpa raga amung pribadi | nglak ngêlih lêsu nora | mung munpangat nutug | Sunan Gêsêng nambung sabda | hèh jêng pangran iku tan kaprahing urip | bênêr kalah lan lumrah ||

5. kang muk-ayan dalilnya wong mati | nêmu awak benjang nèng ngakerat | kang tampa ganjaran têmbe | swarga nraka sing wujud | kang nampani ganjaran ngakir | èsthimu arda salah | slaya lan pra jamhur | kitab Kur-an tanah Ngajam | praptèng Jawa sinung murad mring musanip | ala besuk kasiksa ||

6. anênarik tyas tamèng dumadi | ywa narajang budi ring kanisthan | masjid dadya kijab gêdhe | manêmbah ing Hyang Agung | ngagungakên karaton Widi | supaya kèh widada | dadining tumuwuh | sirna durtaning agama | rajakaya kewan wana samodrardi | nora karya duraka ||

7. anging janma manusa kang juti | jênêng ala kahananing dunya | kabèh janma saantero | kawiryan uga manus | mangka sira ngantêpi budi | kalurung murang gama | brastha sêmbah sujud | nyênyampah laku utama | wus byawara warata warana Gusti | sumêbar tyas susila ||

8. mangke sira babar kawruh pingging | nyêbarakên wêjang ngèlmu sasar | tamtu kajurang lakune | krana dunya katêmu | katon ala tumular warti | mratani cakrawala | jagad anggêguyu | sumaur Pangran Lêmahbang | bênêr sira jêr sira blubud nèng bumi | seje lan Sitirêkta ||

9. rina wêngi nangis ngolang-ngaling | gêtun têmên lamèngsun kasasar | nèng dunya mati mangkene | manganggo daging balung | nunggang kreta payungan sakit | nèng kasur kinêbutan | awak sarwa kaku | tur wardayaningsun susah | mikir-mikir sarwa kurang kang pinikir | têtêp dunya naraka ||

10. Sunan Kudus pasrangkara aris | hèh paman Pangeran Sitijênar | bênêr mutakadmu dhewe | amung gêdhening luput | sira wani-wani mamirid | mijang ngèlmu kadyèka | wong kang tampa manut | bubrah arjaning pranata | akèh janma ngedan ngupa dalan urip | rèh têmbe nyipta gêsang ||

11. marga-marga pasar-pasar tintrim | muridira sayarda ruhara | kapêthuk wong nekad bae | rèhning dunya na ratu | wênang wajib ngêntar durkarti | kang kadya siswanira | samya kèh kapikut | tinanya jawab tan krama | pinanjara anèng sêpir nglalu mati | wus pirang-pirang janma ||

--- 30 ---

12. marma ingsun lan sakanca prapti | wus kajibah bangsaning oliya | murang tekadmu mangkono | aja kabanjur-banjur | sira mangke dipun timbali | dening Sultan Bintara | iki suratipun | karan nawala wasesa | lamun mopo wus kêna ingsun rampungi | jabut lungayanira ||

13. wasesaning ratu Sang Hyang Widi | rèh wus pêgandring para bijaksa | sarak yudanagri awor | dadya rad juga rêmbug | mutus nalar kadya sirèki | baguguk bangkang karsa | bêbaluhi padu | hawra durtaning prajarja | jaman mulya têmah ruhara wit dening | Jênar klakuanira ||

14. Sunan Kalijaga nabda aris | hèh dhi Jênar sun ringkês kewala | akèh padu tanpa gawe | mung loro laksitèngsun | lah pilihên salah sawiji | urip lawan pralaya | ywa mangro karêpmu | Pangran Lêmahbang sru tanggap | pindho gawe sapa gêlêm pinrih mati | mati sugih druhaka ||

15. ingsun mulih urip kang tan mati | bakin langgêng nora iki ika | nanging yèn ingsun milih moh | nadyan ngong karsa idhup | ya sakarêp ingsun pribadi | tan susah wali sanga | ngulihkên maringsun | kaya dudu wali tama | wong yun urip jaluk tulung mring sasami | lah mara saksènana ||

16. ingsun mulih pribadi ing urip | Sunan Benang sumambung wacana | Jênar kapriye kanthane | apa kang kok go mantuk | lêlantaran dalane êndi | mèsêm Pangran Lêmahbang | kowe wali cubluk | dhêmên gumêlaring dunya | lamun Sitijênar bosên nora apti | wus lantih dalan gêsang ||

17. yèn Si Jênar nutup banyu urip | basa Buda ran tirta nirmaya | banyu kayat cara Rabe | sajratul marifatu | cacah têlu ping têlu iji | gunggung sanga nirmaya | mratani sakojur | kang têlu mumpuni karsa | nomêr juga pêrlu wruh luwih pêrmati | têlu purbaning kudrat ||

18. nomêr loro kudrat dayèng urip | yèn tinutup budayèng suh brastha | nomêr tri têlu cacahe | pandulu myarsa ambu | dayèng tirta kayat murbani | pancadriya sumamar | kumpulnya katutup | uning unong uning unang | pintu têlu kagulung dadi sawiji | jumênêng Suksmantaya ||

19. warnanira ijo biru kuning | maya-maya lir bun têmpuh surya | yèku purbaning para wong | bangsat bajingan kècu | kere ngêmis nglemprak nèng margi | padha lawan narendra | wali nabi jamhur | tan siwah yayah kalpika | kudrat purwa madya wasananing urip | ingkang murba masesa ||

20. dudu ati balung gêtih kulit | dudu êroh dudu napas nyawa | eling angên-angên dede | dan kala kendranipun | saking karsa sakarsa kampir | nêmu wanda manira | pati aranipun | cangkrama wujud gusthika | mung rasa wus yayah rasaning aurip | uninong aning unang ||

21. cacah sanga tumêngkaring dadi | wali sanga dijêjêri nama | dhewe-dhewe kaya kowe | nanging sira buh mau | sun pasthèkkên durung udani | jaba Sèh Maolana | Sunan Benang êmbuh | êmbuh dhèngêr êmbuh ora | Sunan Kali mung rasane bae uwis | astha nora uninga ||

22. jêr iku kang aran uwoh kuldi | Nabi Adam kadukan caluthak | mangan woh kuldi sêdene | nadyan para wong iku | kabèh padha tau

--- 31 ---

ngicipi | têmah kasiku bisa | mahyèng dunya nêmu | suwarga lawan naraka | aran pati lah rasakna para wali | aywa ta bingung padha ||

23. awit kowe wêruhmu mung siji | dene ingsun têlu babar pisan | yeka woh kuldi rasane | banyu kayat ranipun | kang cangkrama murba kawadis | manusa nora bisa | mobah mosik muwus | jumênêngnya pancadriya | saking tirtamaya suryaningrat jisim | gunawan wibisana ||

24. barang apa katibanan mosik | budayèng tirtamaya lwih kuwat | gêtih daging nora bosok | napas jumênêng sungsum | awusana midrawèng jisim | jamaknya dadya tiga | jroning siji têlu | Sunan Benang nambung sabda | hèh ta Jênar jarwakna sawiji-wiji | cocognya lawan kita ||

25. paran dènnya ngracut siji-siji | satêmêne sun durung waskitha | nglaksanani dhewe-dhewe | praptèng têlênging banyu | kudrat sirna panulak sisip | têmah roroku padha | dibyèng kayat banyu | Pangran Jênar mèsêm mojar | layak kowe kalingan budimu santri | nistha datanpa krana ||

26. nadyan bisa mêsthi tuna luwih | luput-luput kerup panasaran | wêruh barang sarwa anèh | sêsotya mas umancur | rajabrana boga mawarni | jêr pangèsthimu salah | wis pira ko gilut | têrkadhang sira supêna | wus mangkono santri gundhul buru pokil | bungah ana sidêkah ||

27. hèh kabèh kang nèng kene pra wali | prastawakna pangracuting uswa | kudrat lawan iradate | aja nganti tumpang suh | akul-mukmin saru yèn mulih | tan wun dadi pocapan | yèn klèru pangukut | marma akèh wong sakarat | kudrat durung sirna angên-angên maksih | purwane jêmpalikan ||

28. ana manèh sakarat macicil | pandirangan jlalatan lir kampak | yèku salah pangracute | tandha wong durung tau | anglakoni rasaning pati | mulane wajib wênang | wong sinau ngunjuk | nginum dhewe nora bisa | wali mêntah nginumi tanggane wasis | poma aja mangkana ||

29. Sunan Gêsêng manambungi angling | sok makatên kakang Sitijênar | kathah kang klèru wong layon | sasar kalantur-lantur | pancadriya taksih rumanti | pêpêk cangkramèng murda | napasnya kagulung | angên-angên wus rumangsa | nêdya oncat banyu kayat dèrèng apti | dadya manggya sarwendah ||

30. tamtu dèn anggèp jannatun nangim | kerut kèrêm angên-angên murtad | kanang budaya moh layon | sênêng dunya tumuwuh | sênêng rahsa rasaning pikir | urip nèng dunya nikmat | punika tyas buruh | bujang kang dhêmên klayaban | tan umaksi têmbe urip nora mati | dunya punika nraka ||

31. lêrês Kyai Jênar kula èsthi | sajar tuwan mutakad mukmin kas | sayogya dados pangilon | tarku masamillahu | dunya campur kawula gusti | kawula nèng suwarga | gusti nèng nrakagung | Pangran Jênar nabda sugal | hus sirèku Cakrajaya mukmin lamis | yèn nyata payo gêsang ||

32. yèn tan gêlêm sira sun jak urip | barêng sadina iki hèh Cakra | gênah yèn budimu rèmèh | gumunggung aran jamhur | waliyullah dèn aji-aji | jinunjung winiwaha | ing wong budi cubluk | yèn gêlêm saiki iya | sun jak urip têtêp mukmin ngilman lahi | têgêse wruh Pangeran ||

--- 32 ---

33. kagyat Kangjêng Sunan Kali mèksi | têtela trang Sunan Gêsêng nêdya | mèstu Jênar mutakade | duka sadalêm kalbu | maring Sunan Gêsêng netrandik | tumungkul Cakrajaya | wrin sêmuning guru | dêduka pasang sasmita | arda gêtun Sunan Gêsêng tobat sarwi | nangis mahya swanita ||

9. SinomTeks asli: PUPUH IX: SINOM.

1. warnanên kang lagya layar | Sèh Sitijênar amusthi | nutup nupus anpas napas | panggulungnya rahsa muksis | ngukut munggèng dimagi | gya kayat kayun munpakun | pêcat yayah cancala | plêng pulastha Sèh Sitibrit | wus tan kêna kinira kacakrabawa ||

2. têtêp pratelaning Kur-an | idaja-a ajalihim | layaktakirun sangatan | têgêse lapal puniki | tatkala praptèng pati | tan darbe karsa samênut | mangkono kudratullah | kang muktas bila-alatin | tan katara Ngijrail angambil nyawa ||

3. gangsal oliya sung salam | Jênar wus datan mangsuli | têtela dadya susawa | Jêng Benang ngandika aris | hèh Kalijaga yayi | bangke bungkusên kang brukut | wali catur tumandang | anggulung sakala tartib | kawuwusa sabat Jênar catur siswa ||

4. kang munggèng sadalêm langgar | samya matur mring pra wali | Ki Bisana pangarsanya | pra wali wruha sun iki | yun labuh guru mami | nèng kene barêngan lampus | nèng kana barêng gêsang | puluh-puluh wus kapasthi | kene kana kumpul urip kumpul juga ||

5. payo santri saksènana | ingsun nutup banyu urip | kita oncat saking bathang | yun wujud sipatul kadim | kang langgêng jênêng urip | lah tirunên panutupku | rèh sira wali majas | lima pisan durung muksis | gêgurua patrapku nganyut kang nyata ||

6. hèh Benang Kudus Sèh Mlaya | Modang Gêsêng kang nastiti | pangukutku awasêna | supaya mirib sathithik | ring Jênar guru mami | kang putus pratamèng idhup | nulya sakabat papat | nêpak made asta kering | ngayuh tirtamarta blas dadya gusthika ||

7. sigra kabungkus sadaya | nganggo wastranya pribadi | dadya bangke cacah lima | Sunan Benang ngandikaris | mring Sèh Mlaya hèh yayi | jinajah gawanên mêtu | bangkene Sitijênar | kewala gawanên mulih | katur naranata lawan wali sanga ||

8. de catur sabat pasrahna | wong kene kang darbe waris | sarta yayi jarwanana | tata silaning agami | Islam mèstu wong Ngarbi | lan mahyakna mukjijatmu | supaya padha nrima | patine wong papat iki | angalangi drêdah timbuling prakara ||

9. de sabatmu kabèh padha | dhawuhana tata mranti | pantesawa dèn go gawa | mayit Jênar marang masjid | sandika Sunan Kali | mahya tata-tata magut | piranti pantesawa | samêkta pangupakardi | bangke Jênar mêdal dinunung bandhosa ||

--- 33 ---

10. Sunan Benang Pangran Modang | Pangran Gêsêng Kudus mijil | saking langgar tandya bidhal | mayit dèn gotong nèng ngarsi | kang wuri samya dikir | samakta caraning layu | Jêng Mlaya taksih têngga | bangke sabatnya Sitibrit | animbali muridnya jalwèstri prapta ||

11. Jêng Sunan Kali ngandika | hèh wong kene jalu èstri | iki mayit tampanana | para warise pribadi | aja gêtun sirèki | pasthi karsaning Hyang Agung | jangji tan kêna owah | saiki têkaning pati | para waris sami asrah karaharjan ||

12. Sunan Kali wruhanira | sun suka datan prihatin | de mangke wus jumnêng gêsang | tan dangu amba nututi | seje budining santri | grêjêgan nyawane jabut | ambêge suka bungah | yèn awake dhewe suthik | trima lothung nèng dunya anggêre gêsang ||

13. nulya bangke tinampanan | mring pra warisira sami | catur pan wus paripurna | tan ana dèn sidêkahi | gugu wêlinge nguni | warnanên layon kang mlaku | binêkta marang Dêmak | tansah pêpujian dikir | wanci surup jujug srambi masjid Dêmak ||

14. pêpak para wali sanga | Sèh Maolana Mahgribi | nabda hèh kanca sadaya | bangke punika prayogi | kadunungna nèng masjid | rèh têngadur wanci dalu | benjang enjang kewala | pinaripurna lir kang wis | wêngi iki lah payo padha rinêksa ||

15. lan ngêntèni jêbèng Mlaya | sigra dèn angkat tumuli | sinung made pangimaman | tabêlanya Sèh Sitibrit | tantra Jêng Sunan Kali | prapta dènira kautus | bakda mahrib satata | wali sanga ngrêksa mayit | Sunan Benang matur dènnya lumaksana ||

16. mangêntar oliya murtad | Sèh Lêmahbang kang wus lalis | matur ing rèh purwa madya- | wasana titi lêstari | Kangjêng Sayid Mahgribi | nglairkên panrimanipun | sarwi alon ngandika | lah ta kanca benjing enjing | angaturi sultan panguburnya Jênar ||

17. ing mangke samya rinêksa | ngiras sunat puji takbir | mangke bakda salat ngisa | sadaya pra wali inggih | lagyeca salat witri | wontên ganda marbuk arum | mêrdu arum rustinah | menyak mlathi rum pawuli | ngambar jroning masjid kagyat wali sanga ||

18. ngandika Sèh Maolana | hèh kabèh sagung wong santri | kang nèng jro masjid mêtua | poma ywana kari siji | kajaba para wali | sawiji tan kêna mêtu | angrêksa mayit Jênar | wusnya bubar para santri | gya tinutup wiwara kinunci kêkah ||

19. wali sanga kantun lênggah | Sèh Maolana nabdaris | lah payo kanca sadaya | iki mayit dèn priksani | paran wadining jisim | dene mawa ganda mêrdu | arum kagila-gila | nulya krêndha dèn ungkabi | duk umriksa kagyat wangke lir candrama ||

20. tur mawa wangkawa liwran | mênuhi sadalêm masjid | kasor wêdaling panjuta | nuksmèng rina bra nêlahi | trangginas para wali | bangke linênggahkên sampun | sadaya wali sanga | manêmbah manguswa mayit | tikswèng jêmpol suku kacucup warata ||

--- 34 ---

21. gantya-gantya pangarasnya | gya manjingkên tabla malih | nanging Jêng Sèh Maolana | kipa-kipa tan marêngi | hèh kanca-kanca mukmin | mangke èngêt anbaamba. tuwuh | yogya mahyakkên srana | ngakal dadya sintru lair | kang supaya ajana wran kèlu cipta ||

22. mring klakuan Sitijênar | mêtu kramatnya linuwih | yogya mahyakna pandhega | dadia conto ing wuri | Si Jênar karsa mami | kinubur ywana lyan wêruh | nèng ngisor pangimaman | mujur ngulon ingkang rêmpit | de jro tabla yogya liniru srênggala ||

23. jêbèng Kudus ngupayaa | kirik gudiggudhig. wêngi iki | sandika Jêng Kudus mentar | wali sanga kang nèng masjid | karya kaluwat dadi | jro jêmbar tandya mèk ukur | tantara Kudus Sunan | pribadi ngupaya anjing | pasang yogya kirik kuru lorèk abang ||

24. sajuga wus kaprajaya | kabêkta manjing jro masjid | katuju kluwat wus dadya | binopong bangke Sitibrit | sadaya para wali | gya nglêbokkên kluwat sampun | ingurug wus sampurna | warnanên kirik kang gudhig | manjing tabla katutup yayah gusthika ||

25. rinêksa sadalu natas | mring wali sanga dupyenjing | bakda subuh pra ngulama | mijil lênggah nèng surambi | prapta sagung wong myarsi | kabar Sitibang kapikut | sumahab pira-pira | rare agung alit prapti | nêdya lumyat pêputusaning prakara ||

26. latar masjid kêbak janma | tumulya Kangjêng Mahgribi | ngandika mring pra oliya | gangsal kang lumaksèng tuding | amundhi nawaladi | wasesa mikut Sèh Lêmpung | rèhning wus kalaksanan | karsanya kinèn umaksi | purwa madya wasana kawikanana ||

27. hèh jêbèng Benang Sèh Mlaya | Pangran Modang Kudus nuli | Gêsêng malbua mring pura | tur uning sri narapati | sandika kang sinung ling | gangsal lumaksana gupuh | tantra praptèng wiwara | ing danapratapa manjing | anujoni kangjêng sultan siniwaka ||

28. punggawa gung alit pêpak | bupati panèwu mantri | tuwanggana kawirêja | kasaru pra wali prapti | dumrojog tanpa wigih | kagyat narendra gya tumrun | saking sanasewaka | ngacarani para wali | samya tata lênggah keringnya pamasa ||

29. sri pratisthèng dhampar rukma | dènnya kramaning pra wali | Jêng Sunan Benang ngandika | hèh jêbèng sri narapati | sun kanca wali uwis | mituhu dhawuhing ratu | ngampil sastra wasesa | mring Sèh Lêmahbang wong musrik | wus sun gawa rèh pinrih arja tan arsa ||

30. têmah mangke dèn bandhosa | samangke wus anèng masjid | dumunung ing pantesawa | dhawuhnya Kangjêng Sèh Mahgrib | sultan enggala prapti | paring kurmat dènnya ngubur | pangluwatnya Sèh Jênar | jêng sultan sêndika nuli | tindak saha pra wadya dhèrèk sang nata ||

31. praptèng natar srambi para | ngulama samya ngurmati | jêng sultan lênggah sawadya | tandya sêsalaman wradin | sawusnya Sèh Mahgribi | ngandika sultan wruhanmu | panguburnya Sitibang | sun pêtak sadina iki | anèng kulon masjid ngumpul pra ngulama ||

--- 35 ---

32. jêng sultan biyantu karsa | tabla gya binêkta mijil | para santri cukat ngangkat | sumèlèh samadyèng srambi | narpati darbya kapti | ambuka yun wrin kang wujud | tutup krêndha dèn angkat | kagyat nata lan pra mukmin | duk umèksi jro tabla bathang srênggala ||

33. kirik gudhig lorèk abang | sadarpa ngungun ing galih | akèh santri têbah jaja | santosane gama Ngarbi | wong mukir dadya kirik | sri narendra gya dhêdhawuh | wêrka jroning tabêla | kinèn gantung madyèng margi | ing prapatan supadya dadya paesan ||

34. nata dhawuh jurucitra | karya undhang-undhang maring | siswantara pulo Jawa | kabar anèng Bramartani | mindrawèng sari-ari | tirah cakrawala kêmput | wus yayah sêtatsêblad | sandika turing jru tulis | tan antara dangu dadya kang panitra ||

35. kanan keringnya katandhan | gambar asta dwi nudingi | mangkana têmbayèng undhang | awit kang asma Jêng Mulki | Sultan Panatagami | Bintara mandhirèng kratun | ing Jawa pulo Sundha | wus myarsa turnya pra mukmin | paring dhawuh sarupaning bangsa umat ||

36. tan kêna nyampah agama | mêmaoni ngisin-isin | kaluhuraning dat mulya | myang panêmbahing Hyang Widi | praptèng kiyamat benjing | tumindak tan kêna lêbur | sing sapa wong kang murang | sarengat Rasulullahi | sira antuk kisas andilingadiling. prajarja ||

37. lan dhêndhaning dat kang mulya | kang sarupa Sèh Sitibrit | duk pralaya jisim dadya | asu abang lorèk gudhig | ingkang kagantung iki | Pangran Jênar wandanipun | titi srat undang-undangundhang-undhang. | katandhan jêng sri bupati | Sultan Adi Panatagama Bintara ||

10. AsmaradanaTeks asli: ASMARANDANA.

1. tumindak karsèng narpati | dènnya gita sêtatsêblad | sona cinancang gulune | nèng luhur marga prapatan | katemplokan srat undhang | supayakèh wong ingkang wruh | dadia kaca bênggala ||

2. ing têmbe ywana kang mirip | klakuan Sèh Sitirêkta | marang sarengat maido | kang gumlar narik sutama | samana wus warata | kasub kasumbagèng catur | Jênar mati dadi sona ||

3. mindrawèngrat nyakrawarti | manca praja desa arga | pra pulisi tampi kabèh | wus dangu antaranira | bathangnya asu abang | mudhun wus kapundhut wangsul | sinung jroning pantesawa ||

4. dhawuh kinubur lir mayit | pratisthèng kulon ngimaman | tanpa kurmat pangubure | samana wus paripurna | kubure Sitijênar | bangke ingkang dadya asu | nèng kulon masjid Bintara ||

5. rampungnya pangupakarti | pangubure sona abang | jêng sultan sapunggawane | patih pangulu lan jaksa | nata nulya ngadhatyan | pra punggawa bubar mantuk | warnanên muridnya Jênar ||

6. sajuga lagyangèn kambing | wasta Ki Lonthangsamarang | mirêng pabrataning wartos | yèn Pangeran Sitijênar | patine dadya sona | kagantung prapatan lurung | pandhegane wali sanga ||

--- 36 ---

7. Ki Lonthang ngartikèng galih | iya talah guruningwang | kinarya tontonan ngakèh | kênèng krenahing musibat | santri gawe kiyanat | supaya ngèlmune payu | ngala-ala kawruh liya ||

8. sajêg jumlêg sun durung wrin | janma mati dadya sona | mung akale santri bohong | ragane dhewe sampurna | mring kerat gawa bathang | ciptane mring suwargagung | nêmu barang kanikmatan ||

9. lumrah bangêt santri nisthip | nistha lakuning pralaya | ginawe mulang muride | têmah sami karanjingan | ngarêp-arêp suwarga | êndi nyatane swargagung | yèn santri samaya benjang ||

10. besuk yèn wus têkèng pati | bisa têmu karo Allah | anèng swarga panggonane | widadari lêksa juga | kang mangkono ngulama | dikon dumuk êmbuh mau | iku mukmin ngamandaka ||

11. yèn saiki durung uning | besuk manèh yèn wêruha | kang ora ana nyatane | ana santri ambêg pana | manggon nèng nur Muchammad | wênèh santri manjing suwung | wang-wung kaya wong anendra ||

12. ana mring ngadêbun dambi | brutune dhewe suwarga | ana manjing jagad kiye | kang wrata dadi udara | sawênèh manjing rahsa | ingkang mahya saking kakung | manjing kucumbi narendra ||

13. dalane wus dèn liwati | ciyut sungil dadya bocah | mijil saking ratu gêdhe | apêse jumnêng pangeran | bagya sumilih nata | kang sawênèh santri kumprung | utêg dinalih suwarga ||

14. ana manèh santri nisthip | patine anggulung badan | dadya samrica gêdhene | mêtu saking githokira | manjing ring ula-ula | ana suksma ngalam nukus | ana manjing darussalam ||

15. seje kaya guru mami | Sèh Sitijênar mukmin kas | mutakad Kur-an lapale | maksi panggonan pralaya | tan ingran ratri rina | anta mutu kablal mutu | sayujadu ngalam Allah ||

16. ngukut sarana pribadi | ing kamukswan wus pratignya | nyatane ing kana kene | ngèlmune agal ngalela | siswa winêjang cêtha | gampang pangèsthining maut | têrus têrang padhang nrawang ||

17. sun iki Lonthangsamawis | kalêbu muridnya rucah | tinimbang santri wus moncol | sanadyan waline pisan | yah aku nora eram | ana wali tikêl satus | payo ngadu kasantikan ||

18. Ki Lonthang sigra mring masjid | tantra dangu laksitanya | praptèng tratag srambi ngoprès | dlajigan ambanda tangan | ngalor ngidul ngrang-erang | mring jênênge wali kutub | miwah pra santri sakabat ||

19. praptanya Lonthangsamawis | wali maksih lênggah tata | kathah murid wrêda anom | mabukuh sumiwèng ngarsa | wruh Lonthang tanpa krama | akèh para santri ngungun | kinira janma kunjana ||

20. nulya Jêng Molana Mahgrib | ngandika mring Sunan Benang | hèh wong apa iku jêbèng | ngungkak silaning ngakrama | tur mangerang oliya | Sunan Kali lon umatur | punika sabatnya Jênar ||

--- 37 ---

21. nami pun Lonthangsamawis | kang arda yayah kunjana | dènira ngrusak krahayon | nguman-uman wali sanga | ngunggulkên Sitirêkta | Jêng Mahgrib ngandika arum | hèh ta Benang timbalana ||

22. têtela ingkang kinapti | wong ngrusak arjèng pranata | kang wus gumêlar ing akèh | lawan malih takonana | Sunan Benang ngandika | gya marêk janma kang muwus | mangkana pangandikanya ||

23. hèh sira Lonthangsamawis | angoprès paran karsanta | trang wuwusmu tanpa gawe | malah nyuda têntrêmira | luput-luput sriranta | antuk pidananing ratu | lah Lonthang sira lungguha ||

24. ingkang liningan gya linggih | kalêrês jajar Sèh Dumba | nèng surambi marêp ngulon | Lonthang jegang tanpa krama | nir silaning pranata | Sèh Mlaya ngandika arum | hèh janma sirèku sapa ||

25. de nglêbur tataning urip | kang tinanya pasrangkara | e-e dene pangling kowe | nguni wus kumpul lan ingwang | kêplèk gimêr yèn kalah | angon ulat nyêbrot mênthung | mangke wus dadi oliya ||

26. biyèn aranmu Dèn Sahid | putrane Dipati Tuban | mangkya dadi santri gêdhe | aran wali ulul-ngèlma | silaning gama Arab | layak kowe mring ngong tambuh | namaku Lonthangsamarang ||

27. muridnya Pangran Sitibrit | maksih blilu durung muktas | ngalap wulang durung ngêntèk | nanging pamikirku lawan | oliya nora eram | angadu diguna kawruh | mati urip kanyataan ||

28. Sèh Dumba sumambung angling | hèh Lonthang praptanta paran | nèng kene wuwusmu ngoprès | ngungkak laksananing tata | muwus lir talang udan | tan kok candhêt wahyèng clathau |Lebih satu suku kata: tan kok candhêt wahyèng clathu. nora wurung dadya wisa ||

29. makan wandanta pribadi | sebak punglu saking tinggar | Lonthang bok aja mangkono | sun tangguh dudu wong edan | nora angeman badan | jamak lakuning tumuwuh | kudu rumêksèng sarira ||

30. sasat rumêksèng Hyang Widi | ngratoni dunya ngakerat | têmah kok alani dhewe | mangka wicaraning kitab | waman ngarapa napsa | pakot ngarapa rabbahu | sing sapa wruh ing sarira ||

31. têmên-têmên wruh Hyang Widi | wong taklim sasama-sama | ngurmati awake dhewe | sapa mamrih kaluhuran | ngluhurna awak liyan | mangka sira ngrusak ayu | nglêbur jamaking manusa ||

32. yèn wong nêdya ruru bêcik | ambabara kabêcikan | kang sakadar samurwate | mèt panimbang wajib wênang | ywa tinggal kira-kira | duga wataraning idhup | mangkono jênênging gêsang ||

33. dene wong yun darbe ngèlmi | aja pêdhot pamrihira | kitab Ngakaid warahe | mangkene têmbayèng lapal | anal ngèlma matluka | matlu têgêse puniku | wong yun ngèlmu ngupayaa ||

34. kang mangka sirèku musrik | nora pisan ngalap dalan | kang kanggo ing kana kene | sira mèstu Pangran Jênar | patine dadya sona | tamtu sira dadi asu | wus ilang dadi pocapan ||

--- 38 ---

35. Ki Lonthang sumambung wêngis | hus kowe tekadmu rucah | ngalor ngidul adol goroh | nuturi wong Buda desa | dunya ana Hyang Suksma | singa krungu anut gêmblung | manut ujarmu dupara ||

36. ngêndi ana Mahasuci | ing dunya ngakerat sunya | ingkang ana ingsun dhewe | sêtun benjang urip ingwang | pribadi tanpa rowang | lah ing kono datullahu | pêpasihan dadya kita ||

37. rèh ingsun nèng dunya mati | jaba jêro sapunika | kang jro uripku ing têmbe | jaba mati sapunika | lah Dumba rasakêna | aja gugup sira rêngu | pandhegane wali sanga ||

38. sun wus mlaya jajah bumi | Aprika Cina Walanda | Alipuru lan Hotêntot | Indhu Butun nora ana | bangke malih srênggala | yeka sadarpa tan gugu | têtêp pra wali duskarta ||

39. kang mangka ujaring dalil | Kur-an gêgandhulan ingwang | têmbunge lapal mangkene | munpakun nganil mayita | dasimun pituraba | têgêse pêcating idhup | mayit bosok dadya kisma ||

11. PangkurTeks asli: PUPUH XI: PANGKUR.

1. gêtun ngungun pra oliya | kang nèng srambi wrin Lonthang dènira ngling | mêmancah agama Rasul | kang gumlar narik tama | samya jêtung pra wali sanga gêgêtun | priksa muridnya Sèh Jênar | kang wasta Lonthangsamawis ||

2. nulya Jêng Benang ngandika | hèh ta Lonthang sun antêp sira mangkin | nglakonana sujud rukuk | ing rèh dinil Mustapa | anandhani rukuning Islam kamsatun | mila kudu tumindaka | sira tamtu dadi wali ||

3. sun sakanca kang misudha | anggêntèni gurumu Sèh Sitibrit | nanging rina wêngi kudu | nglakoni waktu lima | yèn Jumungah nèng masjid mutakad makbud | anjunjung dat Rabbul-ngalam | malikul ing dunya ngakir ||

4. sira aran wali tama | kang sinihan dening Hyang Mahasuci | nanging wrat pitukonipun | sêtyambêg paramarta | sabar rila ing dunya mangajab ayu | yeka wong dadya ngulama | sun watara sira bangkit ||

5. nglakoni santa dêdana | umyat sagung pra wali jumrung amin | samya mupakat biyantu | Ki Lonthang kipa-kipa | kirig-kirig gêtêm-gêtêm sarwi muwus | hèh Benang yèn ingsun sagah | kênèng begalaning pati ||

6. pira lawas ingsun pêjah | anèng dunya kloreyan dadi wali | kang sabên dina bêbujuk | ngapus nyêdul manusa | sun wong Islam ing têmbe urip tan layu | kinèn salat limang wêkdal | sun iki dudu wong kapir ||

7. sirarsa misudha mringwang | trima kasih nging tak kira ngapusi | pamrih punapa jêjuluk | wali tan nganggo bayar | asma Lonthangsamarang bae iya wus | padha-padha tanpa bayar | mêmpêng jênêng ingsun iki ||

8. apa sira wani bayar | marang ingsun sun anggo apa dhuwit | wali sukak glêmbuk-glêmbuk | yèn sun sênênga arta | marang pabrik sabarang pakaryan baud | bisa dadi sindêr ingwang | têrkadhang administatir ||

--- 39 ---

9. mêsthi akèh bayar ingwang | êmoh-êmoh sira arsa ngapusi | asma wali tanpa untung | wadene ingsun arsa | lamun wali bisa buka pasal ingsun | mara padha rungokêna | sun kojah ingkang patitis ||

10. kadiparan artinira | janma mati sukmane anèng ngêndi | yèn pisah lan raganipun | lah mara aranana | yèn mring langit nyawa têmah sasar-susur | yèn amblêsa marang kisma | ngèlmune kadhadhung iblis ||

11. lamun ngulon ngalor ngetan | anèng têngah tansaya tanpa ngèlmi | yèn tan pisah nyawanipun | sing badan kadiparan | saking bingung ngèlmune sun arsa ngrungu | mara batangên oliya | cêp pra wali sarêng myarsi ||

12. Sunan Kali garjitèng tyas | yèn sun buka pasal Lonthangsamawis | wadining bawana agung | janma kèh nèng ngarsèngwang | dudu wali yèn tan uning bab puniku | bêcik sun kèndêl kewala | karbèn tutug gone criwis ||

13. manabda malih Ki Lonthang | jêngkang-jêngking sabên Jumngah mring masjid | nêmbah sêpa sêpi suwung | yèn wêjange gurwèngwang | wong sêmbahyang nora pêdhot rintên dalu | hèh Benang wêruha sira | wahyèng napas dadya puji ||

14. lêbuning napasku salat | rèh pangucap paningal myang pamyarsi | kinèn lêpas ing pandulu | de yèn salat manira | ingkang langgêng sajêroning kita layu | ananging maksih kiniyas | mangkono satêmah kapir ||

15. yèn bijaksa nawung kridha | tanpa karya wong nêmbah Rabbul-ngalim | jêr dunya tanna Hyang Agung | rèhning rumakêt bathang | nadyan dèn cèt pinrada tan wurung lêbur | mumur wor lêmah makaman | paran gon ingsun maèsi ||

16. yèn jarwane Sèh Sitibang | wong sêmbahyang tan antuk ngrika ngriki | nèk katêkan lara bingung | yèn turu yayah bujang | lamun mlarat jaluk sugih nora entuk | luwih manèh yèn sakarat | jlalatan kadhang macicil ||

17. saking sungkan ninggal dunya | kang mangkono guruning wong trayoli | prandene santri kêpaung | dikiran napi isbat | nganggit-anggit narupakkên datullahu | nuli ana rupanira | iku dèn anggêp Hyang Widi ||

18. apa iku dudu sasar | pratandhane jaluk sugih tan olih | prandene sun kinèn makbud | sarak karya sarengat | yèn Jumungah maring masjid pating kranthuk | mêmuji Pangeran sunya | dudu ngrika dudu ngriki ||

19. ingsun kinèn makbudullah | dèn apusi arsa dèn angkat wali | putêr-putêr adol catur | luru wuduk rasulan | babon putih bumbu lêmbar cekoh muluk | sêngadine nora mangan | hèh iku ratuning kidib ||

20. bok aja mangkono Benang | wruhanamu ing dunya iki pati | ing akerat jênêng idhup | langgêng tantara mangsa | kênèng godha sing sapa kang dhêmên layu | rumakêt swarga naraka | panas pêrih ngêlak ngêlih ||

--- 40 ---

21. Jêng Mahgribi Maolana | asung sabda hèh kanca-kanca mukmin | wis aja kakehan wuwus | bab Si Lonthangsamarang | mung tarinên kayaparan sêdyanipun | sandika para ngulama | Sunan Ngampèl ngandika ris ||

22. marang Ki Lonthangsamarang | hèh ta Lonthang sira ingsun takoni | rèhning gurumu wus mantuk | ing jaman kauripan | mangka sira anèng kene nêmu layu | lah apa ta nusul sira | ingkang ngatêr para wali ||

23. Ki Lonthang gumuyu latah | tanpa karya wuwusmu marang mami | wong nêdya mulih tan ewuh | yèn murid Sitijênar | gampang bae sadurunge wus kacakup | kene wruh rasane kana | kana wruh rasane ngriki ||

24. de sira nari maringwang | jênêng pati sakarsèngsun pribadi | urip nganggo sakarêpku | bab kondurnya Sèh Jênar | ingsun nêdya labuh bêbarêngan idhup | kang wus tan kacakrabawa | sadhela mêngko sun mulih ||

25. parluku marene iya | yun sidêkah mituturi pra mukmin | ywa rikuh ngalap tuturku | cacah têlung prakara | kang sapisan aja nindakake apus | kang tinggal duga watara | mundhak ginaguywèng wingking ||

26. kang kapindho aja sira | ngrusak barang tinggalan dhingin-dhingin | kaya ta rontal sastrayu | tulis-tulis ing sela | kayu watu tilas aywa sira lêbur | wruhanira bangsa Jawa | Budane tan bisa ênting ||

27. kang kaping tri bokmanawa | kowe rujuk buwangên masjid iki | sirnakna sarana latu | sun owêl turunira | nora wurung têmbe anut mêndêm kulhu | kadlarung wuru mring tabat | nganggit-anggit lam-yakunil ||

28. kana-kana nora ana | têmah santri anut mangeran budi | angên-angêning Hyang Agung | lir Prabu Brawijaya | têmbe ana santri kang mangeran bumbung | galih kangkung wuluh wung-wang | suwung wang-wung klowong angin ||

29. iku dinalih Pangeran | kang nguripi antara bumi langit | ana manèh santri bingung | napas dèn anggêp Allah | mlêbu mêtu amêmuji dhèwèkipun | luwih manèh têmbe ana | asmaning Allah pinuji ||

30. Allah tan kêna sinêmbah | cocog bae lan guruku Sèh Abrit | rujuk Kur-an jarwanipun | mokal sira tan wikan | man ngibadallahu dunal asma kupur | têgêse wong nêmbah Allah | yèn dudu asma lah kapir ||

31. jaman iki wali sanga | kèh asma kang pinangeran ting jrêlih | nèng masjid kabèh kancamu | tur nora wruh Pangeran | yèn wong kapir pangerane bisa wêruh | wangsul mèt wêwaton Kur-an | Allah tan mruhi wong muji ||

32. wa-ama ngibadal asma | dunal makna pakot nabia lirning | wong nêmbah asma tan wujud | têmên kacêgah marma | poma aja sira dawa iku palsu | rucatên masjid punika | jêr sira têmbe sêsiwi ||

33. nurunkên têrah-tumêrah | yèn kêbanjur kawruhan têkan Ngarbi | tan wurung kabèh wong kumprung | wêdi mring Gusti Allah | wani marang pulisi kuwasèng ratu | bubrah rusuh akèh nasak | ruwêd tataning agami ||

34. gêtun temên guruningwang | Sèh Lêmahbang pagene enggal mulih | cobak lamun isih layu | nèng kene bisa bukak | masjid Dêmak

--- 41 ---

kang arda walepa palsu | mèt pathokan saking Kur-an | miwah tapsir Kaelani ||

35. wus sun ringkês jarwaningwang | sêdyaningsun yun nusul guru mami | sanadyan urip tan pangguh | yogi budiku tunggal | lah ta payo tontonên derèngsun nganyut | yèn wus mulih salinana | bangke sakarêpmu dadi ||

36. kadhal kodhok rase luwak | kucing kuwuk kang gampang ko ngupadi | ngupaya sadhela antuk | leyo gajah myang macan | sun pasthèkkên sira nora bisa luru | sabab nganggo ongkos arta | Lonthang tandya manjing masjid ||

37. jujug mimbar pamulangan | para wali maksih lênggah nèng srambi | Ki Lonthang trangginas mugut | tirta ingkang nirmaya | wus munpakum kayatun dun-ya munpakun | yayah telegrap blas ilang | gumilang-gilang kang mayit ||

38. kagyat wali kang nèng jaba | dupi swara gumêbrug kapiyarsi | pra wali samya lumêbu | wrin Lonthang wus palastra | samya ngungun santero ngulama gêtun | cancutnya endraning laya | bangke gya binêkta mijil ||

39. ibut santri kang tumandang | karya kluwat nèng dagane Sitibrit | dupi pangupakara wus | sawa Lonthang dèn angkat | malbèng kluwat rampung lir caraning layu | bubaran para oliya | kondur kasaput ing wêngi ||

12. AsmaradanaTeks asli: PUPUH XII: ASMARANDANA.

1. gantya kang pinurwèng kawi | Kyagêng Tingkir Ngardipurwa | mirêng pabrataning wartos | yèn muridnya kang pangarsa | Pêngging Kêbokênanga | sampun katimbalan Prabu | Sultan Adi ing Bintara ||

2. kongsi rambah kaping kalih | Pêngging baguguk tan arsa | Kyagêng Tingkir gung sumlange | tan wande antuk pidana | ing rèh nagarakrama | Kyagêng Tingkir yun têtêmu | paran kang dadya wasana ||

3. wusnya busana lumaris | ambêkta murid karweka | tan cinitra laksitane | praptèng Pêngging jujug natar | gya ubon-ubon mêdal | Kyagêng Tingkir ngandikarum | hèh rara sira matura ||

4. ingsun iki Allah Tingkir | arsa panggih bêndaranta | Allah Pêngging kang nèng kobong | ana wigati sukarya | rara cangkelak sigra | tur uninga wêlingipun | dhêdhawuh tamu katuran ||

5. Kyagêng Tingkir sampun kerid | malbèng wisma ring toreyan | Kyagêng Tingkir miyak kobong | gubah nulya lênggah tata | karweka rêraupan | subagya andum rahayu | wusnyaso kyagêng ngandika ||

6. marmèngsun yayi glis prapti | kagyat pabrataning warta | adhi wus watara suwe | sira tinimbalan nata | sinuhun ing Bintara | parlune mung nêdya pangguh | rèh sira maksih wandawa ||

7. yayi ingkang kaping kalih | nata ring sira sujana | jêr durung suwe tilase | sira trahing Brawijaya | dhêdhukuh tilas praja | ing Pêngging yayah karatun | purwane kêmaru cipta ||

--- 42 ---

8. kondhang kasub warta yakin | adhi baguguk tan arsa | pun kakang pakewuh tyase | hèh yayi sabab punapa | sajarwaa ring kita | Kiyagêng Pêngging umatur | kakang sayêkti kang warta ||

9. kula katimbalan aji | ping kalih wangsulan kula | mopo tan sêdya sumaos | rèh manggèn bumining Allah | dede ratu kang karya | kabèh manusa mung nêmu | gumlaring bumi akasa ||

10. pakaryamba nanêm gagi | yèn wayah kawula têdha | sêkulnya lawan kang pakon | budayaning cipta kita | ring Dêmak datan arsa | gampil yèn jro jaba rujuk | samangkyamba dèrèng karsa ||

11. makatên kula wangsuli | mundur caraka tumulya | kya patih namur lampahe | sêngadi santri ngalampra | prapta ngampil sabdendra | maringkên cangkriman têlu | sêsagêd kawula batang ||

12. wikan cocog wikan sisip | wusnyamba mancas pralambang | kyana patih andikane | kula pinaringan inah | ing dalêm tigang warsa | mangke sampun mangsanipun | nanging ta manah kawula ||

13. maksih dèrèng anyondhongi | kêkah ngraos tan kabawah | jêr bumi langit salire | sayêkti darbèk manira | kula kang paring asma | pratandhane duk pukulun | dèrèng tumitah tan ana ||

14. nadyan Allah sêpa sêpi | jiwangga kita pulastha | sampun malih sang akatong | sami titah sipat anyar | pratandha taksih padha | ratu tan uning Hyang Agung | kita tan wêruh Hyang Suksma ||

15. jumnêng kula rèh pribadi | urip sakarsa manira | dawa cêndhak sakarêpe | boga busana ngupaya | kudrat kula pribadya | budaya ciptamba turut | angên-angên gusti kita ||

16. ingkang kawula ngèngèri | mituhu ratri raina | kang kula nut sapakone | boya mèstu Pangran liya | jaba mituhu cipta | mobah molah mosik muwus | atas karsaning dat mulya ||

17. kula sêbut Mahasuci | lailaha illallaha | punika asma kemawon | musamane wujud kula | jawi punika wrangka | ing jro curiga Hyang Agung | kang tan pae lan warangka ||

18. mênggah Bintara Narpati | rumêngkuh mangaku sanak | trah Brawijaya Sang Katong | lah punika sèwu dora | marmamba tan lumaksa | kang kulèsthi rèhing guru | inggih sadalêm kawula ||

19. Kyagêng Tingkir nambung angling | yayi Pêngging ywa mangkana | sayogya para sumaos | yèn sira yayi tan seba | mênèk wong ngadu basa | tan wun sira nêmu dudu | labêt tindaking prajarja ||

20. tamtu sira dèn dukani | wong baguguk ngutha dlika | sun uninga anyar mangke | gurumu Pangran Sitibang | mêrdut antuk pidana | krampungan wisesa layu | kasêbut murtad agama ||

21. malah sakawan kang murid | pinatenan catur pisan | srengat yudanagara wor | murtad kitab kasiyasat | apa tan wêdi sira | Kiyagêng Pêngging angguguk | kakang Tingkir bab punika ||

22. sèwu mokal kula ajrih | srambut pinara sayuta | nadyan jiwangga ngong awor | bantala dadya sakeswa | boya nêdya suminggah | pêpasthèn tan kêna mundur | ing rèh kang murba misesa ||

--- 43 ---

23. wong palastra datan sakit | de kang kadunungan lara | urip kang taksih mandhirèng | yèn jiwitamba pulastha | kondur mring alam iya | panggenan kang aning anung | marma tan ajrih bêbaya ||

24. botên wande tamtu prapti | rèh wus jangkêp tigang warsa | rêkyana patih inahe | samana Ki Ngardipurwa | mirêng Pêngging pratignya | iya yayi sukur-sukur | bagya tan suminggah durta ||

25. tumulya Kiyagêng Tingkir | wanci ratri darbe karsa | andhalang ringgit kabèbèr | jaman kina wayang gambar | cinitra mungging dlancang | lêlakon pralambang kawruh | Dewaruci Wrêkudara ||

26. manuksma ing alam sahir | warangka manjing curiga | ngrancana panggonan têmbe | Sang Sena derambêg sêtya | mlayèng jagad walikan | tan siwah alam akbaru | sadarga ambêg martana ||

27. lagyeca kang samya uning | wanci ratri tabuh tiga | Nyai Agêng Pêngging kraos | dènnya garbini wus prapta | ing mangsa sangang candra | tandya babar mijil jalu | subagyarja tanpa kara ||

28. sucitra anuksmèng sasi | kinawing cahya nurbuat | liwran wangkawa kinaot | têtela trahing kusuma | rêmbêsing madutama | tuhu yèn sipatul guyub | kyagêng kèndêl dènnya dhalang ||

29. mangupakardi bêbayi | rampunging panidikara | Kyagêng Tingkir ngandikalon | hèh yayi iki sutanta | nurbuat slaning imba | ana pulunggana mancur | tandha wahyèng wahyu kobra ||

30. lamun panuju ing galih | bayi sun paringi asma | Mas Karèbèt panêngrane | rèh bèbère wayang gambar | kumrèbèt kênèng barat | kang kaping kalih putramu | sun pundhut ing Ngardipurwa ||

31. Kyagêng Pêngging matur inggih | sumangga mangèstu karsa | kawula darmi kemawon | samana wus pitung dina | Kiyagêng Ngardipurwa | nèng Pêngging tumulya kondur | Mas Karèbèt wus kagawa ||

32. tan kawarna anèng margi | prapta ing Tingkir samana | ngandika ring nyai gêdhe | dènira ngambil kunthara | langkung marwata suta | wus dèn inyakkên Sang Kusnun | dupi ing alama-lama ||

33. Kyagêng Pêngging yun têtuwi | mring Tingkir panggya atmaja | nulya laksita ge-age | dupi praptèng Ngardipurwa | tata bagya raharja | nanging ing waktu puniku | Kyagêng Tingkir nandhang roga ||

34. ngandika dhatêng kang rayi | hèh yayi Pêngging wruhanta | sun wus parêk praptèng layon | pratandhane urip sirna | nur Muchammad tan ana | saking jroning netraningsun | wus sirna parêk ing mangsa ||

35. plênggahan rasul ing lathi | nora kêri têtela trang | karacut dening Hyang Manon | Hyang Pramana malbu kurang | supêg cipta pangrasa | lah yayi untapna ingsun | Kyagêng Pêngging sru karuna ||

13. SinomTeks asli: PUPUH XIII: SINOM.

1. matur sarwi nênggak waspa | tutuk tumèmpèl ing karni | mangkana ing aturira | hèh kakang kula yun uning | mênggah nyataning pati | saking panêngêran palsu | boya kenging kagêga | plênggahan rasul tan yêkti | wong-wonganing sadalêming netra dora ||

--- 44 ---

2. napas mahya manjing kurang | lah punika dèrèng yakin | mênggah panêngêran kula | kang kenging kulanggêp pasthi | samênit boya gingsir | lah punika warnanipun | uninong aning unang | cobi kawula tingali | gya katêpak uninong aning ununang ||

3. Kiyagêng Pêngging anjola | he-e kakang dene yakin | paduka kirang sakêdhap | yun kondur ing jagad suci | sumangga kulaturi | lênggah sakêdhap lan mungkur | ingkang murba misesa | mangke nêdyamba takèni | kyagêng lênggah sluku cipta srah jiwangga ||

4. dupi sumiyut kang uswa | Kyagêng Pêngging angêndhoni | matur yayah madubrangta | hèh kakang amba watawis | tan lamamba nututi | mugi antènana ulun | anèng bukari rahmat | sumambung Kiyagêng Tingkir | ywa mangkono yayi tekade wong Buda ||

5. de nganggo êntèn-êntènan | kaya dudu akul-mukmin | wong Buda nêmu suwarga | wignya panggih garwa siwi | yèn ingsun sira pasthi | swarga nraka boya ayun | tan manjing isi sunya | mung nikmat munpangat yakin | lah ta payo yayi enggal untapêna ||

6. mèsêm Ki Kêbokênanga | dhuh sukur bage sakêthi | kakang tan klèru panampa | jêr kula wus kêrêp uning | wong mêntas icip pati | takèn panggenane besuk | rèhning guru tan kewran | umèksi sarjana pingging | gya kadumuk dumunung nèng nur Muchammad ||

7. kang mêdal sing angganira | wong blilu mathêm nampèni | puniku marmane kula | ngandhêgi takèn pangèsthi | pun kakang manjing pundi | ing mangke paduka kukuh | manuksmèng tyas sudyarsa | uninong aning ununing | sukur suka dene dunya ngakir padha ||

8. wus cocog lan guru kula | Sèh Sitibang kang wus mulih | yèn makatên kakang enggal | suwawi kula rencangi | manjing uluwiyahi | Ki Pêngging gya nucup êmbun | asta nêpak wiwara | plas sirna datan kaèksi | gilang-gilang kunarpa mawa ujwala ||

9. susawa pinaripurna | sacaraning Islam Ngarbi | pinêtak cêlak kewala | pakuburan dhukuh Tingkir | rampung pangupakardi | Kyagêng Pêngging ayun mantuk | nanging kangbok tan klilan | yayi ywa mulih rumiyin | sarantèkna saptari la-ila kuna ||

10. Kyagêng Pêngging mèstu karsa | nyrantoskên praptèng saptari | sampuning rampung pamitan | kyagêng kondur dhatêng Pêngging | nèng marga tansah kingkin | dera tininggal ing guru | Kiyagêng Ngardipurwa | dhasar sadulur prajangji | tan winarna ing marga wus praptèng wisma ||

11. kyagêng lumêbèng toreyan | jro kobong kadya ing nguni | mangêningakên jiwata | ing dat kang murwèng pambudi | tan boga nginum warih | Kiyagêng Pêngging mamrês kung | jiwitaning sidyarsa | kapusthi rèh mahya manjing | kasatmata sirna gusti lan kawula ||

12. kawarna nagri Bintara | Sultan Panata-agami | ing dina Soma sewaka | lênggah dhampar burdhamanik | pêpak para bupati | nararya mantri panèwu | kuswala ulubalang | manca praja wus sumiwi | kadya giri pawaka wêrdwangga sasra ||

13. narendra pasang sasmita | dinuk ing nayana kaksi | radyan dipati wus tampa | marêk byantarèng narpati | sang nata ngandika ris |

--- 45 ---

hèh paman patih wruhanmu | Pêngging Kêbokênanga | pinaring inah tri warsi | praptèng mangke wus jangkêp samayanira ||

14. prayoganingsun utusan | mandaraka marang Pêngging | ngampil nawala wasesa | anjabut lungayèng kyai | iya sadina iki | kyana patih nêmbah matur | gusti nuwun sandika | kajawi karsa narpati | kang sayogya rêmbagan pra rad agama ||

15. yèn wus mupakat karsendra | utusan wali mukmin |Kurang satu suku kata: utusan mring wali mukmin. ngampil wasesaning praja | pramila makatên gusti | Jêng Kyai Pêngging maksih | wayah dalêm kang Sinuhun | Brawijaya pamêkas | tan kenging singa matèni | yêkti sanès lan Sèh Jênar trahing sudra ||

16. cocog ing karsa narendra | nulya têdhak marang masjid | patih pangulu nayaka | tumutur tindak narpati | jumujug ing surambi | pra wali sadaya magut | ngurmati sri narendra | lir adat lênggahnya mulki | wali atap lênggah urut samya tata ||

17. wusnya salaman warata | sri narendra matur aris | ing Jêng Sayid Maolana | tumanduk kula ring masjid | tur uning para wali | mangke wontên durta timbul | Pêngging Kêbokênanga | kang majênun tekad baring | ngrusak gama ngina-ina kraton mulya ||

18. kapriksa sabat pun Jênar | mangungkak tataning krami | saking pamanah kawula | nuwun katimbang rad gami | rèhning darah narpati | rama Prabu Majalangu | mênggah tranging pratingkah | kula sampun kaping kalih | animbali pun Pêngging mopo kewala ||

19. lid para wali sadaya | mirêng aturing narpati | Sunan Kali nambung sabda | hèh jêbèng lamun wus yakin | dera mindakèng wali | yogya kapatrapan ukum | utusana punggawa | ngampil wasesa narpati | Sèh Mahgribi Maolana angandika ||

20. yogya wali kang dinuta | Kudus kang panggah bèrbudi | lumaku gawa prampungan | sultan pêparinga tulis | sigra jêng sri bupati | dhêdhawuh jurucitra wus | sandika kang liningan | tan dangu panitra dadi | kinèn maos cêtha sora mrih têtela ||

21. pèngêt nawala manira | Jêng Sultan Panatagami | mandhirèng kraton Bintara | sawusnya myarsa pêgandring | pangadilan para lid | lawan rad agama rujuk | mangke manira arsa | nimbali sira Ki Pêngging | lamun maksih mopo katigas lungaya ||

22. titi têmbayèng pustaka | sinrat Dêmak tanggal kaping | sadasa wulan Dulkijah | taun Be dèn sangkalani | sad catur guna luwih |Sengkalan: sad catur guna luwih (1346 A.J.). katandhan Sinuhun Prabu | Sultan Panatagama | sadaya ngulama mukmin | sukur suka mèstuti pinuja mantra ||

23. srat kabungkus sutra jênar | tumanduk ring Jêng Mahgribi | ingasta nimbali sigra | hèh Sunan Kudus sirèki | kajibah ngampil tulis | wasesa anjabut gulu | Pêngging Kêbokênanga | kang duskarta ing prajadi | Sunan Kudus sandika sêrat tinampan ||

24. bidhal lan sakabat sapta | ambêkta bêndhe sawiji | minangka têngarèng yuda | kang gendhong wisatèng wuri | nulya sri narapati | sawadya punggawa mundur | sapraptaning kadatyankadhatyan. | bubaran para bupati | agêng alit samya mantuk sowang-sowang ||

--- 46 ---

25. warnanên kang dadya duta | Sunan Kudus kang lumaris | wisata ngambah padesan | wus parêk ing tanah Pêngging | bêndhe munya tinitir | kathah janma desa gugup | samya sikêp warastra | ngupadi swara mêlingi | janma kathah ngira sima gembong munya ||

26. kathah kang tutup wiwara | sawênèh mring ranggon ngintip | solahe mawarna-warna | janma desa jalu èstri | ana mènèk wit krambil | samya alok macan ngamuk | ingkang gawa gêgaman | marêk sunan kang lumaris | atêtanya sanak sira priksa sima ||

27. kang swara kagila-gila | Sunan Kudus ngandikaris | paman êndi ana macan | kajaba mung bêndhe iki | lah iki ingkang warni | ênya yèn sira yun ngrungu | nulya tinabuh sigra | swara sru grêng gêgirisi | sabên-sabên parêk desa kagegeran ||

28. Jêng Sunan Kudus ngandika | mring sakabat ingkang ngiring | hèh kabèh sira wêruha | bêndhe iki sun arani | Kyai Macan ing benjing | dadya pusakaning ratu | lan malih iki desa | sun arani Simawali | saurpêksi wong desa suka narima ||

29. nganti praptèng jaman mangkya | aran desa Simawali | samana laju lampahnya | sunan praptèng tanah Pêngging | ana wong nini-nini | tinakonan ring Jêng Kudus | nyai ingsun têtanya | Kyagêng Pêngging ana ngêndi | lagi apa yèn wayah mangkene iya ||ika.

30. nyai wrêda nambung sabda | kyagêng nora tampik wanci | nèng kobongan imbal sabda | lan dat kang murwèng jêng kyai | kang têbih tan watawis | cêdhak tan kêna kadumuk | murbani dhèwèkira | tunggal ingkang ngajak urip | ngajak nendra ngajak seda wus kadriya ||

31. lamun sira yun kapanggya | sun pasthèkkên tan kapanggih | rèhning kyai badan suksma | angêningkên puja gaib | kang pinuji amuji | kang dinulu kang andulu | ngandika lagya ngucap | mosik mênêng kumpul siji | lah ta anak tamu balia kewala ||

32. laksitanta tanpa karya | Jêng Sunan Kudus mangsuli | lah ingsun iki utusan- | ning Hyang kang Murbèngdumadi | sun malekat sing langit | maringkên kamulyan agung | nyai sira tutura | mring gustimu Kyagêng Pêngging | aturana mêtu sadhela kewala ||

33. nyai pasrangkara sugal | sirèku janma yun silib | kawistarèng wanci sangat | solah tingkah tan prayogi | sêmune nyalawadi | gênah wuwusmu yèn palsu | sêngadi dutaning Hyang | malekat saka ing langit | yèn ing Pêngging bayi bae tan pracaya ||

34. ing kene akèh bijaksa | kang tyas nirmala dimurti | caturmu pasthi katara | wong durjana ngrusak yukti | ngêndi ana Hyang Widi | utusan kaya sirèku | Allah cêdhak lan kita | sapolahku ngudanèni | lamun kyagêng malah kiniyas tan ana ||

35. hèh durta sira wêcaha | kang prasaja aywa kidib | nyatane wong ngêndi sira | dene bodhomu kêpati | sira taruna sigid | cacade budimu cubluk | kadi tilas badhaya | patrap luwês solah liring | parlu apa mring Pêngging gone wong papa ||

--- 47 ---

36. Sunan Kudus ngungun myarsa | ujare janma wrêdèstri | patitis wicaranira | Sunan Kudus ngandikaris | wruhanta ingsun iki | santri Dêmak yun katêmu | marang bandaranira | sumêdya mruitèng ngèlmi | nyai tuwa sugal guyu pasrangkara ||

37. e layak sira wong Dêmak | tunggale wong ngaku wali | anglompra idêr carita | bêbodho mring janma pingging | sira prapta nèng Pêngging | tan gumun tyasira kuthung | wus lumrah santri nglayap | tunèng budi titi surti | plingak-plinguk bungah yèn ana sidêkah ||

38. yèn sira têmên yun panggya | ring kyagêng gêguru ngèlmi | kasampurnan kene kana | supaya blilumu brêsih | yèn wulange jêng kyai | gampang cêtacêtha. galur turut | padhang nrawang gumêmblang | turne sun iki janmèstri | lamun karo wali pinggir nora eram ||

39. iya sun aturke sira | janma wrêdèstriwrêdhèstri. gya manjing | ing dalêm wingking silasta | manêmbah atur upèksi | janma Dêmak yun panggih | kalilan kinèn malêbu | sunan dèn awe sigra | Jêng Kudus malbèng pribadi | sabat sapta kinèn lungguh nèng pandhapa ||

40. praptèng toreyan myak gubah | sadarpa kagyat lumyat ing | kang cahya nuksmèng cancala | prabaning waktra ngajrihi | mawa prabawa gaib | sigra sunan ngraup jêngku | ing rèh dangu tan oncat | Jêng Kudus swanita mili | sênggruk-sênggruk manca-rawat manca-drasa ||

14. MaskumambangTeks asli: PUPUH XIV: MASKUMAMBANG.

1. duk nupiksa Kyagêng Pêngging ngandikaris | janma sira sapa | pinangkanira ing ngêndi | myak gubah laju karuna ||

2. sênggruk-sênggruk apa sira mung pi-api | matur kangjêng sunan | jêng kyai kula puniki | Sunan Kudus kitha Dêmak ||

3. sowan kula dhapur dinutèng narpati | Jêng Sultan Bintara | Panata-agami Ngarbi | amba ngampil sastra murda ||

4. lah punika sastra bungkus sutra kuning | de kula udrasa | wruh paduka yèn prihatin | mangsyarsamangkyarsa. ngrabasèng praja ||

5. sèwu dora purun mancah gama suci | boya wontên tandha | kang dados sahing prakawis | tumibaning kukum kisas ||

6. gih punika kyai mila kula nangis | wêlas ngrasa sama- | samaning tumitah urip | samya sinung têpa-têpa ||

7. wênang wajib kinèn asih ing sasami | rèh janma punika | agêng alit atas sami | sanèsnya mung pangajaran ||

8. mung punika gêtun kula satus kêthi | kang dumadi duta | ngampil sastra wasesaji | karampungan mancas griwa ||

9. lah punika sastranyambaturi mèksi | gya winaca sora | cêtha kang purwa madyanis | kyagêng wus datan nglêgewa ||

10. mung ngandika yèn mangkono sira wali | santri kaga seta | nanging batinmu lir prusi | bujuk-bujuk lir duskarta ||

--- 48 ---

11. ngalor ngidul gluyur ngaku wruh Hyang Widi | jêngkang-jêngking salat | pating krêmbyah pating jrêlih | tur sira nora uninga ||

12. nora beda kaya kita kang tan muji | jêr manira priksa | yèn Allah dumunung nglathi | jagad ngisor dhuwur sunya ||

13. dunya ngakir janma tan bisa kêpanggih | mung kasêdul kitab | ingkang panampane sisip | sarta angèl linakonan ||

14. mangke kangjêng sri bupati anut iblis | wruh wong kaya kita | panas ngira darbe melik | maring klakuan kal dunya ||

15. marma karsa angisas Kiyagêng Pêngging | kinarya bêbuka | tinimbalan ngong tan apti | yeka durung tyas nirmala ||

16. wus têtela Si Patah wuru agami | dudu tus satriya | gugu corah tanpa saksi | kadi rucah turun kompra ||

17. sakèh wali têdhake pra narakardi | tan ana trah wasya | mula Nitisruti sêpi | Nitisastra kabèh tuna ||

18. sira Sunan Kudus dèn utus nimbali | dening sri narendra | yèn ingsun mopo tan arsi | kêna anigas lungaya ||

19. iya sukur rèhning sira wali mukmin | pasthi wus waskitha | wêruh dêdalaning pati | priksa panggonan pralaya ||

20. rèhning sira mangke dadi duta pati | coba sun têtanya | jawabên ingkang patitis | sawange mukmin utama ||

21. sabab apa dene sira nganggo urip | purwa saking apa | jroning pirang yuta warsi | mangke wujud saking sapa ||

22. ingkang kaping kalih sira jênêng urip | kowe nganggo nendra | sapa ingkang ngajak guling | nèng jro têrkadhang supêna ||

23. kadhang ora jèrèngên cangkriman iki | ingkang kaping tiga | sabab apa dene mati | jroning pati ana apa ||

24. kaping catur yèn sira wus praptèng lalis | ing têmbe apa ta | bali manèh dadi bayi | apa nèng kana kewala ||

25. lah batangên puniku cangkriman mami | saking Sèh Sitibang | sajarwane kang sun èsthi | ingkang kanggo kene kana ||

26. anèng kana pasthi wruh rasaning ngriki | ngriki wruh ing ngrika | lah babarên sira wali | kalêbu imaming Jawa ||

27. yèn sira tan uning aywa dadi wali | mukmin ngayawara | dadi duta mamrih pati | priye kanthaning pralaya ||

28. Sunan Kudus sadarpa ngungun ing galih | wrin soal catur bab | ingkang ngodhêngakên pikir | rumangsa datan kuwawa ||

29. manuara mlasarsa matur ing kyai | dhuh Kangjêng Mardika | lêpat kula satus kêthi | agung nyuwun pangaksama ||

30. botên langkung mung nyuwun wahyèng kaswasih | soal catur warna | kababar amba nampèni | kawula pundhi mastaka ||

31. kula kintên dèrèng wontên ingkang uning | kilap Sèh Molana | kang jumênêng anyêpuhi | pramodaning wali sanga ||

32. dèrèng wontên pra wali kang dèn paringi | kilap Sunan Benang | bijaksambêg pramugari | marma panuwun kawula ||

--- 49 ---

33. ingkang mugi paduka paringa wirid | amba srah jiwangga | Kyagêng Pêngging mèsêm sarwi | ngandika pait sarkara ||

34. hèh lah gumun kuthung têmên sira wali | lwih saking mlasarsa | kawruh mami durung uning | lah nya gupuh tampanana ||

35. gya kapêluk kabuka sopanèng karni | sajarwa prasaja | tanpa lambang tanpa kêlir | têrang têrus blaka suta ||

36. Sunan Kudus sampun tampi jarwèng kyai | babarnya cangkriman | kanang ngodhêngakên pikir | wus padhang sumilak nrawang ||

37. gya umatur Sunan Kudus mring jêng kyai | sarwi ngaraspada | yèn makatên tyang puniki | gêsang kalih pêjah tiga ||

38. gêsang tiga pêjah kalih kosok bali | dene wontên ngrika | ngong upamèkakên wingi | kang sampun upami benjang ||

39. Kyagêng Pêngging sadarpa sukaning galih | dupi pamijangnya | Sunan Kudus bangkit tampi | panjèrèngnya kasatmata ||

40. ing wusana Kyagêng Pêngging ngandikaris | Kudus rèhning sira | dadi dutaning narpati | myang carakaning ngulama ||

41. kinèn jabut griwane Kiyagêng Pêngging | payo untapêna | murdèngsun gawanên mulih | katur marang wali sanga ||

42. dudu rasa karsane jêng kyai iki | aluwung kawula | kauntapêna kariyin | amba lêhêng botên priksa ||

43. nadyan kyai botên karsa nglaksanani | kawula pribadya | kados sagêd munah kadim | antaka mulyaning angga ||

44. lami têmên kasasar kula puniki | pêpacangan laya | enggala dhaup ywa lami | rèh tan wurung campur juga ||

45. kyagêng bêkuh hèh Kudus ciptanta sisip | ywa mangkono sira | nyupêt lêlakoning wali | dadya panarik sutama ||

46. de lakumu Kudus pêsthi nora bali | nyangking murdaningwang | mara saksènana iki | dina praptèngsun pulastha ||

47. awasêna yèn klèru sira dèn aglis | wênang awèh dalan | dadya panarima mami | kyagêng gayuh tirtamaya ||

48. plas wus sirna tanpa sisa jênêng urip | Kudus langkung cuwa | wignya gathuk imbal lathi | nèng siratal-mustakima ||

49. wus kacidra kang uswa kacucup lathi | dadya sami panggya | Sunan Kudus Kyagêng Pêngging | imbal sabda kalih juga ||

50. nèng sadalêm nur Muchammad samya panggih | lir janma supêna | Kyagêng Pêngging nulya bali | dêduka pasang sasmita ||

51. paran sêdya de sira gêgodha mami | Sunan Kudus nêmbah | tyas kula kuciwa maksih | nuwun wrin rasaning ngrika ||

52. wontên ngrika badhe wruh rasane ngriki | kyagêng lon ngandika | payo Kudus marang bèji | anggawaa wastra seta ||

53. sandika wus lumaksana marang bèji | kyagêng lan jêng sunan | gêgandhengan tantra prapti | mori ginêlar ring kisma ||

54. Sunan Kudus mangkurêb binuntêl tartib | katutup kang uswa | sangkêp margi panca-ati | ingkang maksih driyasmara ||

--- 50 ---

55. gya pinanjingakên sadalêming warih | wus yayah kunarpa | tanpa swara mobah mosik | mênêng pratandha wor Suksma ||

56. duk umanjing wanci bakda ngisa akir | dupi bangun enjang | uluk salam Kyagêng Pêngging | Kudus ngalaekum salam ||

57. blubug-blubug mancas swara gya tinarik | luwar saking blumbang | wastra seta dèn uculi | garing dayaning kunarpa ||

58. ingkang murba ingusap-usap jêng kyai | gregah ngraup pada | dhuh kyai kula wus uning | ring tirta ingkang nirmaya ||

59. kyagêng nabda kaya apa ingkang warni | rasane lir paran | jêng sunan matur kang warni | kadya angên-angên kula ||

60. raosipun uninong aning ununing | mênggah pralambangnya | botên nendra dede ngimpi | ngungkuli carêm wanita ||

61. wusnya rampung kondur gêgandhengan kalih | praptèng wisma sigra | umanjing toreyan malih | Kiyagêng Pêngging rum nabda ||

62. rèh wus tutug sêdyanta aning ununing | kita saksènana | aywa ganggu gawe malih | sunan manêmbah sandika ||

63. nêpak yitna kyagêng wus tantara mênit | wus dadya susawa | Sunan Kudus sigra mijil | anggugah sakabat sapta ||

64. bang-bang wetan Sunan Kudus sabat ngiring | warnanên byar enjang | ambêt-ambêt sontrang mêntrik | udrasa wruh kyagêng seda ||

65. para siswa jalu èstri kèh belani | prasêtya wor cipta | pira-pira angêmasi | magêrsari kathah prapta ||

66. samya ngupakara mituhu wêwêling | duk maksih swarganya | tan winarna kang panidi | dinunung Pêngging astana ||

15. DhandhanggulaTeks asli: PUPUH XV: DHANDHANGGULA.

1. kocap Sunan Kudus kang lumaris | tan cinitra ing marga wus prapta | ing Dêmak ring masjid gêdhe | pra wali lumyat gupuh | manambrama sadaya mukmin | sêsalaman warata | Sunan Kudus matur | mring Jêng Sayid Maolana | dènnya ngampil sastra wasesa mungkasi | Kyai Kêbokênanga ||

2. kalaksanan purwa madya titi | Jêng Sèh Mahgrib angandika trima | dènira mumpuni gawe | cukup saparlunipun | lah sayogya têrusa nuli | tur priksa jêbèng nata | sandika Jêng Kudus | lajêng lan sakabat sapta | sigra-sigra sapta murid milwa manjing | munggèng sanasewaka ||

3. sri narendra ingaturan uning | lamun Sunan Kudus sowan nata | nulya têdhak lênggah jèjèr | sêsalaman Jêng Kudus | munjuk kangjêng sri narapati | kawula wus lumaksa | mangampil srat rampung | nawala wasesèng praja | ngêntar murtad Ki Kêbokênanga Pêngging | èstu sampun gusthika ||

4. sadèrèngnya srat wasesa muni | kula bantah ngabên ngèlmu rasa | Pêngging kang dèn amalake | wusnya nis mêdhar kawruh | nulya kula aturi mèksi | surasèng sastra murda | wasesaning ratu | mèstu ayu mopo laya | kyagêng tanpa mangsuli sumarah pati | laju seda priyangga ||

--- 51 ---

5. layon nulyamba pasrahkên maring | para magêrsari muridira | lan dhatêng parèstri jêro | ri wusnyamba pêpacuh | para siswa tan kenging mirib | kiyagêng lampahira | murtad gama Rasul | ngina-ina kraton mulya | saurpêksi sadaya mituhu sami | partisara narendra ||

6. jêng pamasa angandika aris | ingsun trima jêbèng laksitanta | cakêp cukup sapêrlune | nora luwih mung sukur | sira karya luhuring gami | lan arjaning karatyan | lah wis jêbèng Kudus | mundura para asokna | matur malih Sunan Kudus ring narpati | adhuh Sang Mahadibya ||

7. kula gadhah tilaraning kaki | warni bêndhe wontên kramatira | kilap barkahnya sang katong | punika yèn tinabuh | mawa swara yayah arimbi | lir sardula katawan | gègèr janma ngrungu | lah punika warnanira | pantês lamun kagêma sri narapati | pêpakuning bawana ||

8. nata nabda sun tarima kaki | bêndhe Kyai Macan wus tinampan | Sunan Kudus sigra lèngsèr | saking purantara wus | pra sakabat sapta tan kari | mundur prapta ing wisma | nahên kang winuwus | warnanên Sultan Bintara | wus bibaran dènira siniwèng dasih | sirna rêtuhingrêtuning. praja ||

TAMMAT.

BAUSASTRA

Têmbung-têmbung Arab ingkang kawrat wontên ing sêrat punika botên kita lêbêtakên wontên ing bausastra ngriki, malah panyêratipun têmbung-têmbung wau kemawon: kita dèrèng kobêr matitisakên lêrês lêpatipun. Nyuwun gunging pangaksama.

Makatên ugi têmbung-têmbung Kawi ingkang sampun kêlimrah (narendra = ratu, bawana = jagad, lan sanès-sanèsipun) ugi botên kita lêbêtakên wontên ing bausastra ngriki, ingkang tamtu para maos sampun botên kikilapan mênggahing têgêsipun.

Ingkang kita manah pêrlu kita damêlakên bausastra punika: têmbung-têmbung "Kawi" ingkang botên kawrat ing bausastra damêlanipun tuwan Wintêr, utawi ingkang pinanggih ananging têgêsipun botên cocog kaliyan têgês ing sêrat punika. Ing ngandhap punika pratelaning têmbung-têmbung dalah têgêsipun ingkang kawrat wontên ing sêrat "Sitidjênar" punika, miturut panyuraos kita:

antaya, antayamulya, suksmantaya = nyawa, jiwa

arda = sangêt (sukarda=bingah sangêt; arda walepa=sangêt murang tata)

bisana = kalangkung, ugi: pintêr (wibisana = pintêr sangêt)

byuha = agêng (waton byuha, prajangji byuha = anggêr agêng; byuha murti = mirsani "murti")

darga = êdir

jiwita = gêsang

gunarda, gunardi, gunardika = mumpuni

gusthika = mayit, bangke

kasatmata = sumêrêping mripat, ugi: sumêrêping pangêrtos

krêpana = anor raga

--- 52 ---

lêbda = rumasuk (lêbdèng jiwa, lêbdane saking jiwangga)

lukita = pêrlu (lukitaning kapti, rèh lukita)

mandaraka = utusan

manca-rawat manca-drasa = nangis

midrawa, mindrawa = mradini, nyarambahi

mindaka = angganggu

munah = anggayuh, nindakakên (munah laya, munah kadim, pamunah kang dadi sarana)

murti = gaib, kawruh gaib (wicaksana murti, sakti murti, gunardikèng murti; byuha murti = kawruh gaib warni-warni)

ngartika = ngêrtos, ambatos

ngêntar, mangêntar = mêjahi

nyakrawarti = sumêbar waradin

pabratan (pabaratan) = gêdêr, tular-tumular (pabrataning wartos)

pandhega = julig, pintêr tumrap sêdya awon

pratignya = yakin, kayakinan

pratistha = pranyata, manggèn (pratistha janma linuwih, pratisthèng dhampar rukma)

pulastha = pêjah, sirna, botên wontên

surti = piwulang, wos (titi surti, surtining sêdya, surtyèng pangèsthi)

swanita = êluh mripat

têmbaya = ungêl (têmbayèng sastra, têmbayèng undhang)

tikswa = pucuk (tikswèng dom, tikswèng jêmpol suku)

tinggar = sanjata (punglu tinggar = mimising sanjata)

widayaka = wicaksana

NGATURI UNINGA

Sambêtipun sêrat "Sitidjênar" punika nama sêrat "Musawaratanipun para Wali" (têmbang), ugi anggitanipun swargi Radèn Pandji Natarata. Ngêwrat wêdharan gêgêbênganipun satunggal-satunggalipun para Wali. Almênak H. Buning sampun nate ngêdalakên ananging botên jangkêp. Ingkang kita wêdalakên punika jangkêp sarta dèrèng dipun ewahi. Rêgi Rp. ... wêwah wragad kintun Rp. 1,50.

Sasampunipun maos sêrat "Sitidjênar" anggitan Nataratan punika prayogi maos sêrat "Falsafah Sitidjênar" (gancaran), ingkang supados botên slura-sluru ing pamahamipun. Ing sêrat ngriku nêrangakên bedanipun paham wujudiyah (pantheisme) akaliyan paham ngorakakên wontênipun Pangeran (atheisme). Ugi ngêwrat riwayatipun swargi Radèn Pandji Natarata sawatawis. Rêgi Rp. 8,- wêwah wragad kintun Rp. 1,50.

--- [0] ---

[Iklan]