Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kidungan, Rônggasutrasna, 1929, #594

Katalog:Kidungan, Rônggasutrasna, 1929, #594
Sambung:-

SERIE K. No..... KIDOENGAN ... HARGA F 0,50

Sêrat Kidungan

Kidungan punika sêrat kina pralambangipun ngèlmi Islam ingkang sajati, tuwin minôngka wêwarah pamujining kawula dhatêng Gusti, ikêtanipun Kangjêng Susuhunan Kalijaga: waliyullah, kasambêtan ikêtanipun Kiyai Rônggasutrasna: pujôngga, babon asli saking kagungan dalêm Gusti Kangjêng Ratu Pambayun, putri ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat.

Kawêdalakên sarta kasade dening: Tan Gun Swi ing Kadhiri.

5e Druk: 1929.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1] ---

HARGA F 0,50

Sêrat Kidungan

Kidungan punika sêrat kina pralambangipun ngèlmi Islam ingkang sajati, tuwin minôngka wêwarah pamujining kawula dhatêng Gusti, ikêtanipun Kangjêng Susuhunan Kalijaga: waliyullah, kasambêtan ikêtanipun Kiyai Rônggasutrasna: pujôngga, babon asli saking kagungan dalêm Gusti Kangjêng Ratu Pambayun, putri ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat.

Kawêdalakên sarta kasade dening: Tan Gun Swi ing Kadhiri.

5e Druk: 1929

--- [2] ---

Tuan Tan Khoen Swie – Kediri.

[Grafik]

Di perlindungi hak pengarang Stsbl. tahun 1912 No. 600 fatsal 11.

Kitab yang syah, mesti ada tanda tangannya si penerbit seperti dibawah ini.

--- 3 ---

1. Dhandhanggula

1. ana kidung rumêksa ing wêngi | têguh ayu luputa ing lara | luputa bilai kabèh | jim setan datan purun | panêluhan tan ana wani | miwah panggawe ala | gunaning wong luput | gêni atêmahan tirta | maling adoh tan ana ngarah mring mami | guna duduk pan sirna ||

2. sakèhing lara pan samya bali | sakèh ngama pan sami miruda | wêlas asih pandulune | sakèhing braja luput | kadi kapuk tibaning wêsi | sakèhing wisa tawa | sato galak tutut | kayu aèng lêmah sangar | songing landhak guwaning wong lêmah miring | myang pakiponing mêrak ||

3. pagupakaning warak sakalir | nadyan arca myang sagara asat | têmahan rahayu kabèh | apan sarira ayu | ingidêran kang widadari | rinêksa malaekat | sakathahing rusul | pan dadi sarira tunggal | ati Adam utêkku Bagendha Êsis | pangucapku ya Musa ||

4. napasku Nabi Ngisa linuwih | Nabi Yakub pamiyarsaningwang | Yusup ing rupaku mangke | Nabi Dawud swaraku | Jêng Suleman kasêktèn mami | Nabi Ibrahim nyawa | Edris ing rambutku | Bagendha Li kulit ingwang | gêtih daging Abubakar Ngumar singgih | balung Bagendha Ngusman ||

5. sungsum ingsun Patimah linuwih | Siti Aminah bayuning angga | Ayup ing ususku mangke | Nabi Nuh ing jêjantung | Nabi Yunus ing otot mami | netraku [ne...]

--- 4 ---

[...traku] ya Mukhamad | pamuluku rasul | pinayungan Adam sarak | sampun pêpak sakathahing para nabi | dadya sarira tunggal ||

6. wiji sawiji mulane dadi | apan pêncar saisining jagad | kasamadan dening date | kang maca kang angrungu | kang anurat kang animpêni | dadi hayuning badan | kinarya sêsêmbur | yèn winacakna ing toya | kinarya dus rara tuwa gêlis laki | wong edan nuli waras ||

7. lamun ana wong kadhêndha kaki | wong kabônda wong kabotan utang | yogya wacanên dèn age | nalika têngah dalu | ping sawêlas wacanên singgih | luwar ingkang kabônda | kang kadhêndha wurung | aglis nuli sinauran | mring Hyang Suksma kang utang puniku singgih | kang agring nuli waras ||

8. lamun arsa tulus nandur pari | puwasaa sawêngi sadina | idêrana galêngane | wacanên kidung iku | sakèh ngama sami abali | yèn sira lunga pêrang | watêkên ing sêkul | antuka tigang pulukan | mungsuhira rêp-sirêp tan ana wani | rahayu ing payudan ||

9. sing sapa rêke bisa nglakoni | amutiha lawan anawaa | patang puluh dina bae | lan tangi wêktu subuh | lan dèn sabar sukur ing ati | insa Allah tinêkan | sakarsanirèku | tumrap sanak rayatira | saking sawabing ngèlmu pangikêt mami | duk anèng Kalijaga ||

10. ana kidung rêke angartati | sapa wêruh

--- 5 ---

rêke aran ingwang | duk ingsun ana ing ngare | miwah duk anèng gunung | Ki Samurta lan Ki Samurti | ngalih aran ping tiga | Artadaya tèngsun | aran ingsun duk jêjaka | Ki Artati mangke aran ingsun ngalih | sapa wruh aran ingwang ||

11. sapa wêruh kêmbang têpuskaki | sasat wêruh rêke Artadaya | tunggal pancêr sauripe | sapa wruh ing panuju | sasat sugih pagêre wêsi | rinêksa wong sajagad | kang angidung iku | lamun dipun apalêna | kidung iku dèn tutug padha sawêngi | adoh panggawe ala ||

12. lawan rinêksa dening Hyang Widhi | sakarsane tinêkan dening Hyang | rinêksa ing janma kabèh | kang maca kang angrungu | kang anurat myang animpêni | yèn nora bisa maca | simpênana iku | têmah hayu kasarira | yèn linakon dinulu sasêdyanèki | lan rinêksa dening Hyang ||

13. kang sinêdya tinêkan Hyang Widhi | kang kinarsan dumadakan kêna | tur sinihan Pangerane | nadyan tan wêruh iku | lamun nêdya muja sêmèdi | sêsaji ing sagara | dadya ngumbarèku | dumadi sarira tunggal | tunggal jati swara awor ing artati | aran sêkar jêmpina ||

14. somahira ingaran Pênjari | milu urip lawan milu pêjah | tan pisah ing saparane | paripurna satuhu | anirmala waluya jati | kêna ing kene kana | ing wasananipun | ajêjuluk adi suksma | cahya êning jumênêng anèng [a...]

--- 6 ---

[...nèng] artati | anom tan kêna tuwa ||

15. panunggale kawula lan Gusti | nila êning arane duk gêsang | duk mati nila arane | lan suksma ngumbarèku | ing asmara mongraga yêkti | durung darbe pêparab | duk rarene iku | awayah bisa dadolan | aran Sang Hyang Jati iya Sang Artati | yèka Sang Artadaya ||

16. dadya wisa mangkya amartani | lamun marta atêmahan wisa | marma Artadaya rane | duk lagya anèng gunung | ngalih aran Asmarajati | wayah tumêkèng tuwa | emut ibunipun | Ni Panjari lunga ngetan | Ki Artati nurut gigiring Marapi | anulya mring Sundara ||

17. ana pandhita akarya wangsit | mindha kombang angajap ing tawang | susuh angin ngêndi gone | lawan galihing kangkung | wêkasane langit jaladri | isining wuluh wungwang | lan gigiring punglu | tapaking kontul anglayang | manuk mibêr uluke ngungkuli langit | kusuma jrah ing tawang ||

18. ngambil banyu apikulan warih | amèt gêni sarwi adêdamar | kodhok ngêmuli êlènge | miwah kang banyu dèn kum | myang dahana murub kabêsmi | bumi pinêtak ingkang | pawana katiyub | tanggal pisan kapurnaman | yèn anênun sêntèg pisan anigasi | kuda ngrap ing pandêngan ||

19. ana kayu apurwa sawiji | wit buwana êpang keblat papat | agodhong mega rumêmbe | apradapa kêkuwung |

--- 7 ---

kêmbang lintang salaga langit | sêmi andaru kilat | woh surya lan tèngsu | asirat bun lawan udan | apêpucak akasa bungkah pratiwi | oyode bayu braja ||

20. wiwitane duk anêmu candhi | gêgêdhongan miwah wêwarangkan | sihing Hyang kabêsmi kabèh | tan ana janma kang wruh | yèn wêruha purwane dadi | candhi sagara wetan | ingobar karuhun | kayangane Sang Hyang Tunggal | sapa rêke kang jumênêng mung artati | katon têngahing tawang ||

21. gunung agung sagara sêrandil | langit ingkang amêngku buwana | kawruhana ing artine | gunung sagara umung | guntur sirna amangku bumi | rug kang langit buwana | dadya wêruh iku | mudya madyaning awiyat | mangasrama ing gunung agung sabumi | candhi candhi sagara ||

22. gunung luhure kagiri-giri | sagara agung datanpa sama | pan sampun kawruhan rêke | Artadaya puniku | datan kêna cinakrèng budi | anging kang sampun prapta | ing kuwasanipun | angadêg têngahing jagad | wetan kulon lor kidul ngandhap myang nginggil | kapurba kawisesa ||

23. bumi sagara gunung myang kali | sagunging kang sèsining bawana | kasor ing Artadayane | sagara sat kang gunung | guntur sirna guwa samya nir | singa wruh Artadaya | dadya têguh timbul | lan dadi paliyasing prang | yèn lêlungan kang kapapag wêdi asih | sato galak suminggah ||

24. jim pêri [pê...]

--- 8 ---

[...ri] prayangan padha wêdi | mêndhak asih sakèhing drubiksa | rumêksa siyang dalune | singa anêmpuh lumpuh | tan tumama ing awak mami | kang nêdya tan raharja | kabèh pan linêbur | sakèhe kang nêdya ala | larut sirna kang nêdya bêcik basuki | kang sinêdya waluya ||

25. siyang dalu rinêksa ing Widhi | dinulur saking karsèng Hyang Suksma | kaidhêp ing jalma kabèh | aran wikuning wiku | wikan liring mudya sêmèdi | dadi sasêdyanira | mangunah linuhung | pêparab Hyang Tegalana | kang asimpên yèn tuwajuh jroning ati | kalis ing pôncabaya ||

26. yèn kinarya atunggu wong sakit | êjim setan datan wani ngambah | rinêksa malaekate | nabi wali angêpung | sakèh lara padha sumingkir | ingkang sêdya pitênah | marang awak ingsun | rinusak dening Pangeran | eblis lanat sato mara mara mati | tumpês tapis sadaya ||

27. ana kidung angidung ing wêngi | bêbaratan duk amrêm winaca | Sang Hyang Guru pangadêge | lumaku Sang Hyang ayu | alembehan asmara êning | ngadêg pangawak teja | kang angidung iku | yèn kinarya angawula | myang lêlungan gusti gêthing dadi asih | sato setan sumimpang ||

28. sakathahing upas tawa sami | lara roga waluya nirmala | tulak tanggul kang manggawe | duduk samya kawangsul | akawuryan sagunging pikir | ngadam makdum sadaya | datan paja

--- 9 ---

ngrungu | pangucap lawan pangrasa | myang tumingal kang sêdya tumêkèng napi | pangrêksaning malekat ||

29. Jabarail ingkang animbangi | milanira katêtêpan iman | pan dadya kandêl ngatine | Ngijraile puniku | kang rumêksa ing ati suci | Israpil dadi damar | madhangi jro kalbu | Mingkail kang asung sandhang | lawan pangan tinêkan ingkang kinapti | sabar lawan narima ||

30. yaudaknyêng pamujining wêngi | bale aras sêsakane mulya | kirun saka têngên gone | wa nakirun kang tunggu | saka kiwa gadane wêsi | nulak panggawe ala | satru lawan mungsuh | pangêrêt têngajul rijal | andêr-andêr kulhu balik kang linuwih | ambalik lara roga ||

31. dudur molo têngayatul kursi | lungguh nèng atining surat Am Ngam | panglêburan lara kabèh | usuk-usuk ing luhur | ingkang aran wêsi ngalarik | nênggih Nabi Mukhamad | kang wêkasan iku | atunggu ratri lan siyang | kinèdhêpan ing tumuwuh padha asih | tundhuk mêndhak maringwang ||

32. satru mungsuh mundur padha wêdi | pamidhanganing betal mukadas | tulak balik pangrêsane | pan nabi patang puluh | paring wahyu mring awak mami | apan nabi wêkasan | sabda Nabi Dawud | apêtak Bagendha Ambyah | kinawêdèn bêlis lanat lawan êjim | tan ana wani pêrak ||

33. pêpayone godhong dhukut langit | tali barat kumêndhung ing tawang |

--- 10 ---

tinundha tan katon mangke | arajêg gunung sèwu | jala sutra ing luhur mami | kabèh padha rumêksa | angadhangi mungsuh | anulak panggawe ala | lara roga sumingkir kalangkung têbih | luput kang wisa guna ||

34. gunung sèwu dadya pagêr mami | katon murub kang samya tumingal | sakèh lara sirna kabèh | luput ing tuju têluh | taragnyana tênung jalênggi | bubar ambyar suminggah | sri sêdana lulut | punika sih rahmatollah | rahmat jati jumênêng wali jasmani | iya sang jati mulya ||

35. ingaranan Rara Subaningsih | kang tumingal samya sih sadaya | kèdhêp saparipolahe | kèh lara sirna larut | tan tumama ing awak mami | kang sangar dadi tawa | kang gêthing sih lulut | saking dhawuh sipat rahman | iya rahmat rahayu pangrêksanèki | sarana nganggo mêthak ||

36. yèn lumampah kang mulat awingwrin | singa barong pan padha rumêksa | gajah mêta nèng wurine | macan gembong ing ngayun | nagaraja ing kanan kering | singa mulat jrih trêsna | marang awak ingsun | jim setan lawan manungsa | padha kèdhêp têluh lawan antu bumi | ajrih lumayu nginthar ||

37. yèn sinimpên tawa barang kalir | upas bruwang racun banjar sirna | têmah kalis sabarang rèh | jêmparing towok putung | pan angleyang tumibèng siti | miwah saliring braja | tan tumama mring sun | cêndhak cupêt dawa tuna | miwah sambang

--- 11 ---

setan tênung padha bali | kèdhêp wêdi maringwang ||

38. ana paksi mangku bumi langit | manuk iku endah warnanira | sagara êrob wastane | uripe manuk iku | amimbuhi ing jagad iki | warninipun sakawan | sikile wawolu | kulite iku sarengat | gêtihipun tarekat ingkang sajati | ototipun kakekat ||

39. dagingipun makripat sajati | cucukipun sajatining sadad | êlêdan tokit wastane | anadene kang manuk | pêpusuhe supiyah nênggih | ampêrune amarah | mutmainah jantung | luamah wadhuke ika | manuk iku anyawa papat winilis | nênggih manuk punika ||

40. uninipun Jabarail singgih | socanipun puniku kumala | anetra wulan srêngenge | napas nurani iku | grananipun tursina nênggih | angaub soring aras | karna kalihipun | ing gunung arpat punika | uluwiyah ing loh kalam wastanèki | ing gunung Manikmaya ||

41. ana kidung akadang prêmati | among tuwuh ing kawasanira | nganakakên saciptane | kakang kawah puniku | kang rumêksa ing awak mami | anêkakakên sêdya | ing kawasanipun | adhi ari-ari ika | kang mayungi ing laku kawasanèki | anêkakkên pangarah ||

42. punang gêtih ing raina wêngi | ngrêrewangi Allah kang kuwasa | andadèkakên karsane |

--- 12 ---

pusêr kawasanipun | nguyu ayu sambawa mami | nuruti ing panêdha | kawasanirèku | jangkêp kadang ingsun papat | kalimane pancêr wus dadi sawiji | tunggal sawujud ingwang ||

43. yèku kadang ingsun kang umijil | saking marga ina sarêng samya | sadina awor ênggone | sakawan kadang ingsun | ingkang ora umijil saking | marga ina punika | kumpule lan ingsun | dadya makdum sarpin sira | wêwayanganing dat samya dadya kanthi | saparan datan pisah ||

44. yèn angidung poma dèn mêmêtri | mêmulea sêga golong lima | takir ponthang wêwadhahe | ulam-ulamanipun | ulam tasik rawa lan kali | ping pat iwak bangawan | mawa gantal iku | rong supit winungkus samya | apan dadya sawungkus arta sadhuwit | sawungkuse punika ||

45. tumpangêna nèng ponthangnya sami | dadya limang wungkus ponthang lima | sinung sêkar cêpakane | loro saponthangipun | kêmbang borèh dupa ywa lali | mêmêtri ujubira | donganira mahmut | poma dipun lakonana | sabên dina nuju kalairannèki | agung sawabe ika ||

46. balik lamun nora dèn lakoni | kadangira pan padha ngrêncana | têmah udrasa ciptane | sasêdyanira wurung | lawan luput pangarahnèki | sakarêpira wigar | gagar datan antuk | saking kurang têmênira | madhêp laku iku dèn awas dèn eling |

--- 13 ---

tamat ingkang kidungan ||

2. Sinom

1. apuranên sun angetang | lêlêmbut ing nungsa Jawi | kang rumêksa ing nagara | para ratuning dhêdhêmit | agung sawabe ugi | yèn apal sadayanipun | kêna ginawe tulak | kinarya tunggu wong sakit | kayu aèng lêmah sangar dadi tawa ||

2. kang kariyin ing bang wetan | Durganêluh Maospait | lawan Raja Baurêksa | iku ratuning dhêdhêmit | Bêlambangan winarni | awasta Sang Balabatu | kang rumêksa Blambangan | Buta Locaya Kadhiri | Prabu Yêksa kang rumêksa Giripura ||

3. Sidakare ing Pacitan | Kêduwang Si Klênthing-mungil | Endrayêksa ing Magêtan | Jênggala Si Tunjungpuri | Prangmuka Surabanggi | ing Panggung Si Abur-abur | Sapujagad ing Jipang | Madiun Sang Kalasêkti | pan Si Korèg lêlêmbut ing Panaraga ||

4. Singabarong Jagaraga | Majênang Trênggilingwêsi | Macan-guguh ing Grobogan | Kala Johar Singasari | Srêngat Si Barukuping | Balitar Si Kala Kathung | Buta Krodha ing Rawa | Kalangbrèt Si Sêkargambir | Carub Awor kang rumêksa ing Lamongan ||

5. Gurnita ing Puspalaya | Si Lêngkur ing Tilamputih | Si Lancuk anèng Balora | Gambiran Sang Kala Durgi | Kêdhunggêdhe Ni Jênggi | ing Batang Si Klèwèr iku | Lasêm Kala Prahara | Sidayu Si Dhandhangmurti | Widalangkah ing Candhi

--- 14 ---

kayanganira ||

6. Sêmarang Baratkatiga | Pêkalongan Gunturgêni | Pêmalang Ki Sêmbungyuda | Suwarda ing Sokawati | ing Tandhês Nyai Ragil | Jayalêlana ing Suruh | Buta Trênggiling Tanggal | ing Kêndhal Si Guntinggêni | Kaliwungu Gutuk Api kang rumêksa ||

7. Magêlang Ki Samaita | Dhadhungawuk Brêbês nênggih | ing Pajang Buta Salewah | Mônda-mônda ing Matawis | Palèrèd Rajêgwêsi | Kuthagêdhe Nyai Panggung | Pragota Kartasura | Cirêbon Setan Kabêri | Jurutaman ingkang anèng Têgal-layang ||

8. Gênawati ing Siluman | Kêmandhang Waringinputih | Si Karètèg Pajajaran | Sapurègèl ing Batawi | Warusuli Waringin | ingkang anèng gunung Agung | Kalekah Ngawang-awang | Parlapa ardi Mêrapi | Ni Taluki ingkang anèng ing Tunjungbang ||

9. Setan Karètèg ing Sêndhang | Pamasuhan Sapuangin | Krêsnapada ing Rangkudan | Pandhansari ing Tarisig | kang anèng wana Pêti | Malangkarsa namanipun | Sawahan Ni Sandhungan | Pêlabuhan Dudukwarih | Buta Tukang ingkang anèng Pêlayangan ||

10. Rara Amis anèng Tawang | ing Tidhar Si Kalasêksi | Madurêtna ing Sundara | Jêlela ing ardi Sumbing | Ngungrungan Sidamurti | Têrapa ardi Mêrbabu | Lirbangsan ardi Kombang | Prabu Jaka ardi Kêlir | Ajidipa ardi Kêndhêng kang dèn rêksa ||

11. ing Pasisir Buta Kala | Têlacap [Têlaca...]

--- 15 ---

[...p] Ki Kalasêkti | Kalanadhah ing Toyamas | Sêgaluh aran Si Rênthil | Banjaran Ki Wêsasi | Si Korok anèng Lowanu | gunung Duk Gêniyara | Bok Bêrêng Parangtaritis | Drêmbamoha ingkang anèng Purbalingga ||

12. Si Krêta Karangbolongan | Kêdhungwinong Andongsari | ing Jênu Si Karungkala | ing Pêngging Banjaransari | Pagêlèn kang winarni | aran Kyai Côndralatu | ardi Kêndhalisada | Kêthèkputih kang nênggani | Buta Glemboh ing Ayah kayanganira ||

13. Rara Dhenok anèng Dêmak | Si Bathithit anèng Tubin | Juwalpayal ing Talsinga | ing Trêmas Kuyang nênggani | Trênggalèk Ni Daruni | Si Kuncung Cêmarasèwu | Kaladhadhung Bênthongan | Si Asmara anèng Taji | Bagus Anom ing Kudus kayanganira ||

14. Magiri Si Manglarmunga | ing Gadhing Ki Puspakati | Cucukdhandhang ing Kartika | Kulawarga Tasikwêdhi | Kaliopak winarni | Sônggabuwana ranipun | Pak Kècèk Pêjarakan | Cingcinggoling Kalibêning | ing Dhahrama Karawêlang kang rumêksa ||

15. kang anèng Waru Landheyan | Ki Daruna Ni Daruni | Bagus Karang anèng Roban | Pasujayan Udanriris | Widanôngga Dalêpih | Si Gadhung Kêdhung-garunggung | kang anèng Kabareyan | Citranaya kang nênggani | Gênapura ingkang anèng Majaraga ||

16. Logênjang anèng Juwana | ing Rêmbang Si Bajulbali |

--- 16 ---

Si Londir ing Wirasaba | Madura Buta Garigis | kang anèng ing Matesih | Jaran Panolih ranipun | Si Gobèr Pêcangakan | Danapi ing Jatisari | Abar-abir ingkang anèng Jatimalang ||

17. Arya Tiron ing Lodhaya | Sarpabôngsa anèng Pêning | Pêrangtandang ing Kêsanga | ing Kuwu Si Ondar-andir | Setan Têlagapasir | ingkang aran Si Jalilung | Kalangadhang ing Tuntang | Bancuri Kala Bancuring | kang angrêksa sukuning ardi Baita ||

18. Rara Dungik Randhulawang | ing Sêndhang Rêtnapangasih | Buta Kêpala Prambanan | Bok Sampur nèng ngardi Wilis | Radèn Galanggangjati | anèng ardi Gajahmungkur | Si Gêndruk ing Talpêgat | ing Ngêmbêl Rahadèn Panji | Pagêrwaja Rahadèn Kusumayuda ||

19. Si Pênthul anèng Kacangan | Pêcabakan Dodolkawit | kalangkung kasêktènira | titihane jaran putih | Klacakra payungnèki | lar waja kêkêmulipun | pan samya rinajêgan | rêspati rajêgewêsi | cêmêthine pat-upate ula lanang ||

20. sinabêtakên mangetan | ana lara têka bali | tinulak bali mangetan | mangidul panyabêtnèki | na lara têka bali | tinulak bali mangidul | ngulon panyabêtira | ana lara têka bali | pan tinulak mangulon bali kang lara ||

21. mangalor panyabêtira | ana lara têka bali | tinulak ngalor parannya |

--- 17 ---

manginggil panyabêtnèki | na lara têka bali | tinulak bali mandhuwur | mangisor panyabêtnya | ana lara têka bali | pan tinulak bali mangandhap kang lara ||

22. dhêmit kang anèng Jêpara | kalawan kang anèng Pathi | kalangkung kasêktènira | keringan samaning dhêmit | ing Ngrema Tambaksuli | Yudapêksa ing Dêlanggu | Si Klunthung ing Jêpara | Gambiranom anèng Pathi | Si Kêcubung Kadilangu kang dèn rêksa ||

23. Rara Dulêg ing Mancingan | guwa Langse Rajaputri | kang rumêksa Parangwedang | Radèn Arya Jayèngwèsthi | kabèh urut pasisir | kulawarga Nyai Kidul | sampun pêpak sadaya | para pramukaning dhêmit | nungsa Jawa paugêran kang rumêksa ||

24. gantya ingkang winursita | dhanyang kang ngrêksa nagari | jroning praja Surakarta | ingkang pinurwa ing kawi | andana pangrêksaning | kang ngripta wilapa kidung | Kyai Rôngga Sutrasna | ngêmban timbalan sang aji | kang jumênêng Pakubuwana ping gangsal ||

3. Asmaradana

1. kasmaran ingkang pinuji | luputa ing ila-ila | dèn dohna tulah sarike | ngetang sagunging lêlêmbat | kang karèh Goplêm ika | dhêmit lit-alit sadarum | pan dede dhêmit pra raja ||

2. setan bêrkasakan sami | Si Goplêm Ditya Gêbayan | dhêmit jro karaton kabèh | sawabe kinarya têngga | wong lara budhur samya | punika ingkang pakantun | kalawan [ka...]

--- 18 ---

[...lawan] wong sakit panas ||

3. gêdhong upas kang nênggani | Kala Janggol Singkir rannya | kang ngrêksa ringin kêmbare | Kala Sogoksilit ika | Si Bithi ing Pandhean | lawan Si Guthul pinanggul | Si Angklung anèng gapura ||

4. Si Lêlêr waringin kalih | Bajang Klèwèr ngrêksa Gladhag | Jim Putih ing mêsjid Gêdhe | Kyai Gothil ing pajêksan | Plênthung Mangkubumenan | Jungkit Patihan gènipun | Kyai Modin Buminatan ||

5. Tambur Pagongan gonnèki | Bajangangkrik Têpasanan | Bagus-bêngkak rumêksane | ing paseban Prangwadanan | Gutik ing pamurakan | Si Bodong loji gènipun | Bagus Kêrêt ing plênggahan ||

6. ing karêtêg Wewe Gêrit | Gandhor loji cilik gonnya | Bangkrah anèng dêdalane | Pak Têkik anèng Pacinan | Angkrik ing pasar Bêsar | kang rumêksa anèng Panggung | Jèbrès wasta Ki Balêndhang ||

7. Gus Lampor Jagalan nênggih | Ki Busik ing Wanarêja | Ki Londhèt ing Krapyak gone | Balatidhir ing Kênthingan | Lengkrah Pucangsawitan | Kêthêg-kêthêg anèng Jurug | ing Bêton Si Kalanadhah ||

8. Lojikêbon Uwil-uwil | Thêngklik Cocorkêthêr rannya | Mele pakêcohan gone | Busik Mêlik Kaluraman | Si Jrangkong ing Pênjalan | Kotès Sawahan gènipun | Buta Pithi anèng Sangkrah ||

--- 19 ---

9. ing Ganggang Blêthuthur nênggih | Patunggon Si Basah Lungkrah | Sanasèwu dhêdhanyange | Bok Suwênggi wastanira | Kopral Julig Sampangan | wus tamat sasanèng têmbung | pamanguning padhanyangan ||

10. gantya kang pinurwèng kawi | kalamun darbe atmaja | jalu èstri datan pae | gènira amrih kamulyan | aywa na kang pêpeka | lela-lelanên ing kidung | kinanthi kalis ing sawan ||

4. Kinanthi

1. yèn anangis lare iku | lela-lelanên lan dhikir | supaya doh kang lêlara | sarap sawane tan wani | saking rahmate Hyang Suksma | lan supangate jêng nabi ||

2. winacaa puji iku | setane lumayu gêndring | sarap sawane sumimpang | kala-kalane sumingkir | cacing racak padha mêndhak | krêmi kruma padha mati ||

3. pitik tulak pitik tukung | têtulaking jabang bayi | ngêdohakên cacing racak | sarap sawane sumingkir | si tukung mangungkung ngarsa | si tulak bali ing margi ||

4. si jabang bayi puniku | kêkasihira Hyang Widhi | rinêksa ing malaekat | dèn êmong ing widadari | pinayungan ing Hyang Suksma | kinêbutan para nabi ||

5. sakathahe wali kutup | ngulama lan para mukmin | samya angrêksa ki jabang | mila têbih ing sêsakit | sirna larane ki jabang | walagang slamêt ki bayi ||

6. ana kinjêng tangis mabur | mencok [me...]

--- 20 ---

[...ncok] anèng sela ardi | myarsa tangise ki jabang | gya prapta amarêpêki | arsa nyuwun kang lêlara | ngalingi sarwi jampèni ||

7. punapa ta jampinipun | godhong pasrah ing Hyang Widhi | bêrambang lêmbahing manah | têmu têminah ing ati | adas uyah siring nala | mung salawat puji dhikir ||

8. têgêse dhikir puniku | manut marang Kangjêng Nabi | Mukhamadinil mustapa | kalawan maknaning dhikir | eling mring Pangeranira | kang Agung kang Maha Suci ||

9. mangkana ta donganipun | Alahuma Adam sarpin | kaèruhu wal kamolah | wajibuhu ngalaihi | warabuhu kayatolah | cêp mênênga aja nangis ||

10. sapa manglong-manglong iku | anèng wetan têngah kori | apa si maling aguna | dikongkon si maling sêkti | amburu si asu ajag | tandhêsna marang jaladri ||

11. yèn wus panggih prênahipun | kokopên gêtihe nuli | bêbalunge kêmahana | yèn asu ajag wus mati | balia maling aguna | rêksanên si jabang bayi ||

12. sapa manglong-manglong iku | anèng kidul têngah kori | apa si maling aguna | dikongkon si maling sêkti | amburu si asu ajag | tandhêsna marang jaladri ||

13. yèn wus panggih prênahipun | kokopên gêtihe nuli | bêbalunge kêmahana | yèn asu ajag wus mati | balia maling aguna | rêksanên si

--- 21 ---

jabang bayi ||

14. sapa manglong-manglong iku | anèng kulon têngah kori | apa si maling aguna | dikongkon si maling sêkti | amburu si asu ajag | tandhêsna marang jaladri ||

15. yèn wus panggih prênahipun | kokopên gêtihe nuli | bêbalunge kêmahana | yèn asu ajag wus mati | balia maling aguna | rêksanên si jabang bayi ||

16. sapa manglong-manglong iku | anèng êlor têngah kori | apa si maling aguna | dikongkon si maling sêkti | amburu si asu ajag | tandhêsna marang jaladri ||

17. yèn wus panggih prênahipun | kokopên gêtihe nuli | bêbalunge kêmahana | yèn asu ajag wus mati | balia maling aguna | rêksanên si jabang bayi ||

18. sapa ana lungguh iku | anèng kiwaningsun guling | apa si maling aguna | kinongkon si maling sêkti | amburu si sarap sawan | larungên marang jaladri ||

19. sapa ana lungguh iku | anèng têngên ingsun guling | apa si maling aguna | kinongkon si maling sêkti | amburu si sarap sawan | larungên marang jaladri ||

20. sapa ana lungguh iku | anèng dagan ingsun guling | apa si maling aguna | kinongkon si maling sêkti | amburu si sarap sawan | larungên marang jaladri ||

21. sapa ana lungguh iku | ulon-ulon ingsun guling | apa si maling aguna | kinongkon [kinong...]

--- 22 ---

[...kon] si maling sêkti | amburu si sarap sawan | larungên marang jaladri ||

22. sapa kuwe mingak-minguk | apa si bajing akikik | kinongkon si aji plampang | arsa mrawasèng ajurit | amburu si kuthilapas | payo burunên dèn aglis ||

23. tundhungên dimène mumbul | sumêngka ing ngawiyati | yèn wis adoh tan katingal | sira balia dèn aglis | mèlua maling aguna | angrêksa si jabang bayi ||

24. apa swarane gumludhug | kadi lindhu gonjang-ganjing | layak si blêdhug kasanga | padha atandhing kuwanin | kalawan sapigumarang | payo burakên dèn aglis ||

25. yèn wus sumêngka mandhuwur | sira balia tumuli | ngumpula si aji plampang | atunggu si jabang bayi | ingsun matak aji dipa | ingsun tuduh anggolèki ||

26. burunên cèlèng dêmalung | tundhungên dimèn manginggil | yèn wus nora katingalan | sira balia dèn aglis | rêksanên ingkang santosa | anak ingsun jabang bayi ||

27. dadia têtulak tanggul | aja na kang wani-wani | cacing racak sarap sawan | sumingkira ingkang têbih | karia guna yuwana | utama bêkti basuki ||

28. widada dawa kang umur | kacukupan sandhang bukti | tuk wahyu bêgja daulat | drajad nugrahaning Widhi | cêpak jatukramanira | oyot arondhon lêstari ||

29. sawêngi aja na turu | êdohna [êdoh...]

--- 23 ---

[...na] sakèh bilai | singkirna sakèhing lara | tulah sarik samya kandhih | balia nuju wêtonnya | si jabang amalês bêcik ||

30. gantya mangke kang winuwus | nunggal anggite wong luwih | ngukarani pêpujian | têtulaking jabang bayi | sinawung yuda kênaka | mamrih rahayuning urip ||

5. Pangkur

1. singgah-singgah kala singgah | pan suminggah durga kala sumingkir | sing aama sing awulu | sing suku sing asirah | sing atênggak lawan kala sing abuntut | padha sira suminggaha | muliha mring asalnèki ||

2. ana kanung saka wetan | nunggang gajah têlale êlar singgih | kulahu barang bali kul | setan lan bêrkasakan | amuliha mring tawang tuwang prajamu | iblise ywa kari karang | kulhu balik bolak-balik ||

3. na kanung kidul sangkanya | nunggang gajah têlale êlar singgih | kulahu barang bali kul | setan lan bêrkasakan | amuliha mring tawang tuwang prajamu | eblise ywa kari karang | kulhu balik bolak-balik ||

4. na kanung kulon sangkanya | nunggang gajah têlale êlar singgih | kulahu barang bali kul | setan lan bêrkasakan | amuliha mring tawang tuwang prajamu | eblise ywa kari karang | kulhu balik bolak-balik ||

5. ana kanung lor sangkannya | nunggang gajah têlale êlar singgih | kulahu barang bali kul | setan lan [la...]

--- 24 ---

[...n] bêrkasakan | amuliha mring tawang tuwang prajamu | eblise ywa kari karang | kulhu balik bolak-balik ||

6. ambalik marang awaknya | balik marang jasatira pribadi | balik karsaning Hyang Agung | tamat pasinggah setan | tulak sarap punika gantya winuwus | arane sarap dèn ucap | sagung kama salah sami ||

7. arane sarap kang lanang | kulhu putih kang wadon kulhu kuning | ywa wuruk sudi maringsun | ywa marang kaki jabang | sarap wangke sarap wedang sarap awu | padha sira suminggaha | muliha mring asalnèki ||

8. samya gègèr setan wetan | anrus jagad kulon playuning dhêmit | kang têngah Bathara Guru | tinutup Nabi Sleman | eblis setan bêrkasakan ajur luluh | ki jabang bayi wus mulya | liwat siratalmustakim ||

9. gègèr setan kidul samya | anrus jagad êlèr playuning dhêmit | kang têngah Bathara Guru | tinutup Nabi Sleman | eblis setan bêrkasakan ajur luluh | ki jabang bayi wus mulya | liwat siratalmustakim ||

10. ajiku gajah pamudya | kêbo dhungkul brama rêp-sirêp sami | sirêpa lêlara iku | asuwung canthung jagad | tuting mata mata liring manik ingsun | panahku sapu buwana | dadèkna kusuma adi ||

11. tibakna mring jalma lupa | eling mêngko eling êmbènirèki | salamêt saumur ingsun | hasan [hasa...]

--- 25 ---

[...n] ingsun wus wikan | sun angadêg satêngahing sagara gung | palinggihku lintang johar | ingkang ingsun sêdya dadi ||

12. tan pêgat pamuja môntra | pun jaswadi putra ing kodrat manik | la ilaha ilullahu | Mukhamad Rasulullah | salalahu alaihi wasalamu | wangalaikum wasalam | agantya manising puji ||

6. Dhandhanggula

1. sipat iman wa mantubilahi | têgêsipun pracaya ing Allah | ing Pangeran sajatine | ya Pangeran kang Agung | kang akarya bumi lan langit | angganjar lawan niksa | mring manungsa sagung | langgêng tur murba misesa | maha suci angganjar paring rijêki | aniksa angapura ||

2. kaping kalih wa malaikati | têgêsipun pracaya malekat | asna punika têgêse | ingutus ing Hyang Agung | pakaryane anênulisi | marang kawulanira | kang dosa lit agung | kang karya purba wisesa | neka-neka gawene sawiji-wiji | sakèhing malaekat ||

3. kaping tigane wa kutubihi | têgêsipun pracaya ing kitab | kang tinurunakên kabèh | kitab Adam sapuluh | Nabi Êsis sèkêt winilis | anênggih punang kitab | Edris têlung puluh | Ibrahim sapuluh kitab | Torèt Musa Dawud Jabur Ngisa Injil | kitab Kuran Mukhamad ||

4. yogya sira kawruhana sami | muga-muga antuka supangat | iya iku andikane |

--- 26 ---

gusti jêng nabi rasul | sinung rahmat dening Hyang Widhi | sing sapa ngapalêna | iya janjinipun | dèn padhakkên asidêkah | sabên warsa sami lan wong munggah kaji | sapisan marang Mêkah ||

5. lan dèn dohkên sakèhing bilai | sinung rahmat ing donya ngakerat | sarta linêbur dosane | lan malih sawabipun | lamun ana jalma kang sakit | lan sira wacakêna | ngulon-ulonipun | ngalamat ingkang alara | olèh tômba saking sabdaning Hyang IdhiWidhi. | lan barkahing panutan ||

6. kawruhana kèhing para nabi | Nabi Adam kang môngka wiwitan | nabiyollah wêkasane | kathahe yèn pinetung | kawan dasa langkung kêkalih | lah sira èstokêna | sadaya dèn emut | luwih agung kang supangat | lêmah sangar kayu aèng lêbur sami | tan ana kara-kara ||

7. gantya malih murwani pêpuji | caritane nênggih wringin sungsang | punika agung sawabe | ananging ta kalamun | winaca sru parêng nujoni | ana wanodya wawrat | iku tan pakantuk | manawa dadya jalaran | anggogrogkên wêtêngane kang garbini | dadya wasanèng durma ||

7. Durma

1. wringin sungsang wayahipun tumaruna | ngaubi awak mami | tur tinut ing bala | pinacak suji kêmbar | pêpitu jajar marapit | asri yèn siyang | angkêr kalane wêngi ||

2. duk samana akêmpêl [akê...]

--- 27 ---

[...mpêl] kumpuling rasa | netraku dadi dhingin | netraningsun êmas | pêputihe mutyara | irêng-irêng wêsi manis | cêploking netra | walikêr udaratih ||

3. idêp ingsun kêkêncang bang rêruwitan | alisku sarpa mandi | kiwa têngên pisan | cupakku surya kêmbar | kêdhèpku pan kilat thathit | kang munggèng sirah | wêsi kêkêntèn adi ||

4. rambut kawat sinomku pamor anglayap | bathuk sela cêndhani | kupingku salaka | pilingan ingsun gôngsa | irungku wêsi duaji | pasung kulewang | pipiku wêsi kuning ||

5. watu itêm lungguhe ing janggut ingwang | untuku rajêgwêsi | lidhah wêsi abang | aran wêsi mangangkang | iduku tawa sakalir | lambeku iya | sela matangkêp kalih ||

6. guluningsun paron wêsi galigiran | jaja wêsi sadhacin | pundhak wêsi akas | walikat wêsi ambal | salangku wêsi walulin | bauku dhêndha | sikutku pukul wêsi ||

7. asta criga èpèk-èpèk ingsun cakra | cakar wok jêmpol kalih | panuduh trisula | panunggulku musala | mêmanisku supit wêsi | jênthikku iya | ingaran pasopati ||

8. babokongku sela agêng kumalasa | akawêt wêsi gilig | êbol ingsun karah | luput dhêndha kang tinja | balubukan êntut mami | uyuhku wedang | dakarku purasani ||

9. jêmbut kawat gantangaku wêsi mêntah | walakang wêsi gapit | pupu [pu...]

--- 28 ---

[...pu] kalataka | sungsum ingsun gagala | ototku gungane wêsi | ing dalamakan | ingaran kaos wêsi ||

10. sampun pêpak sariraningsun sadaya | samya pangawak wêsi | pan ratuning braja | manjing anèng sarira | tan ana braja dhatêngi | dadya wiyana | ayu sarira mami ||

11. ana kidung sun angidung bale anyar | tanpa galar asêpi | ninis samun samar | patining wuluh kêmbang | siwur burut tanpa kancing | kayu trisula | gêgarannya calimprit ||

12. sumur bandhung sêsirah talaga muncar | tibèng jaja ajail | dhingdhing êndhas parah | ulur-ulur liwêran | têtambang jaringing maling | dhadhal dhadhanya | gagulung ing gêgapit ||

13. nagaraja pangawasan manik kêmbang | kêmbang gubêl abaji | tajêm nèng kandhutan | udhune sarwi nungsang | kurangsangan anguthipil | angajak-ajak | jujul-jujul anjungkir ||

14. praptèng ngandhap cinandhak inguluk salam | ingawêran tumuli | ana kênya prapta | sajodho ngaku kondhang | êndi jambe roro janji | roro binuwang | aja na wani-wani ||

15. rara wudhu apêpayung kalacakra | titihane nagaji | sabêt ula lanang | sinabêtakên ngetan | larut lara pan kabalik | katulak ngetan | sinabêtakên malih ||

16. lara saking kidul sinabêt katulak | bali mangidul malih | têka kulon prapta | anulya sinabêtan |

--- 29 ---

pan kabalik ngulon malih | têka lor prapta | sinabêtan wus bali ||

17. lara saking nginggil sinabêtan katulak |Lebih satu suku kata: lara saking nginggil sinabêt katulak. bali manginggil malih | lara saking ngandhap | sinabêt bali mandhap | pôncabaya mungsuh kampit | kanang kang prapta | saking wetan aputih ||

18. kuthanipun salaka ki tarulata | gawa bala sakêthi | ayu pangrêksanya | têguh luput ing lara | sanak ingsun kidul prapti | ki manguntara | abang kuthanira brit ||

19. gawa bala pitung èwu pangrêksanya | nulak sagung panyakit | sirna sunya bala | sanak sun kulon prapta | ki manguntara akuning | kuthanya êmas | balane pitung kêthi ||

20. pangrêksanya ayu luput ing rêncana | punang tluh tuju kêlip | ki sanak lor prapta | irêng-irêng warnanya | awasta ki balesupi | wêsi kuthanya | gawa bala sakêthi ||

21. pangrêksanya ayu luput ing rêncana | hèh alahuma sêksi | bumi sinêksenan | ing langit keblat papat | malaekat angidêri | nabi salêksa | rumêksa siyang ratri ||

22. arakêta malaekat kawan nambang | sadaya rupa pêksi | anucuki lara | utawa impèn ala | upamane sadayèki | cinucuk sirna | rampas papas wus titi ||

--- [[0]] ---

[Iklan]

--- [[0]] ---

[Iklan]

--- [[0]] ---

[Iklan]

--- [[0]] ---

[Iklan]

--- [[0]] ---

[Iklan]