Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kridhawasita, Purbadarsana, 1946, #1196

Katalog:Kridhawasita, Purbadarsana, 1946, #1196
Sambung:-

Sêrat Kridhawasita

--- [0] ---

Piwulang kangge lair saha batos, tumrap ing môngsa punika

Dening: R. Purbadarsana Surakarta.

Kawêdalakên dening: P.B.P.N.I. Surakarta.

--- 1 ---

1. Dhandhanggula

1. kang minôngka panglipuring kapti | dera dahat karuba rubeda | rêtuning bawana mangke | dardahing nagara gung | angribêdi nusa lit-alit | samya kambah bêncana | rinabasèng mungsuh | nanggulangi murkangkara | putra putri agêng alit mangsah jurit | sing tuwa mêsu brata ||

2. ingkang ngarang Kridhawasitèki | datan kari ngêtog karosannya | biyantu sakuwagange | rèhning kabacut sêpuh | tandangira mawi dèn liling | ngering tanapi nganan | runtute pinetung | aywa kongsi salang-tunjang | jumbuhira kalayan lakuning batin | rinipta mrih sarkara ||

3. muhung kinarya ngandêlkên pikir | kang supaya tan uwas sumêlang | kataman bêncana gêdhe | disabar lan tuwajuh | pasrahêna lair myang batin | mring Hyang ingkang misesa | kang karya sor unggul | pan kabèh môngsa uwala | saking kodrat kuwasane kang ginaib | Pangeran nora kewran ||

4. nusantara katêmpuh ginapit | Inggris Lônda

--- 2 ---

nuruti ardanya | sumêdya ambatalake | ngalangi lan mêmurung | kamardikan miwah drajating | nagri Indhonesia | karêpe winêngku | kinarya sumbêring boga | arta brana kênaa dipun darbèki | wonge kinarya kuda ||

5. kutha-kutha rinêmuk dèn broki | ngêdirake bôndha-bandhunira | pêpaking samubarange | gêgaman dharat laut | ing gêgana dipun ambêngi | anggêpe bôngsa kita | maksih sarwa êmpuk | gampang digêgiroa |Kurang satu suku kata: pan gampang digêgiroa. nganggo mriyêm mortir miwah bêdhil mêsin | sêlingane rêmbugan ||

6. akalira Nika lawan Inggris | wus kinêtog tinumplak sadaya | kurbane saya wus akèh | mata-mata maèwu | sinêbar mrih kasiling juti | prandene boya gampang | maju-maju mundur | angêbroki kutha mluwa | amrajaya wong bumi dianggêp mimik | coba bacut-bacutnya ||

7. bôngsa kita gènnya ananggapi | tan kadêrêng ardaning wardaya | ngupaya unggul jurite | nanging

--- 3 ---

mawi pinetung | bêcik apa akèh pêpati | dhasaring kamardikan | tan ngupaya mungsuh | sikêpe amung samêkta | nanggulangi kang sumêja gêgidhuhi | jantraning paprentahan ||

8. kiniyatkên ing jro sanubari | mung sumendhe kang murbèng bawana | asor unggul nèng astane | lamun tinakdir unggul | môngsa dadak Inggris Walandi | nadyan ngêbroki kutha | tan bakal angukup | tan wurung muhung kinarya | lesanira bêdhil miwah bambu runcing | dening mudha prawira ||

9. pra mudha wus mumpuni kridhaning | ulah gêlar anèng pabaratan | tatag trangginas tan tlompe | najan karoban mungsuh | nora kewran malês anggitik | dhasar prantine pêpak | cukup kanggo ngêpung | nganggo gêlar êmpritnêba | manggalane mudha prawira tan wigih | mungsuhnya gila buyar ||

10. balik kula wus tan mudha malih | anèng têngah garising paprangan | èmêng gènnya nanjakake | atine ngêjak maju | otot balung nora nuruti |

--- 4 ---

narima nèng pungkuran | urun adas sêmbur | gêgamane kabatinan | pangèsthine ing Gusti Kang Maha Sukci | udani jêro jaba ||

11. obah osik kauningan sami | ingkang ala srakah ngôngsa-ôngsa | tan wurung kacurnan kabèh | kang ala tampi bêndu | arda murka kadya Si Landi | môngsa dadak wurunga | tartamtu binlênggu | angumbar angkara murka | angrêrusak karya rêtu ing sabumi | coba titèn-titenan ||

12. aja manèh wus tumindak juti | lagi gagas bae wis kacurnan | culika siya dipun dhèng | môngsa wurung pinikut | pinidana dening Hyang Widhi | êntinên sawatara | orane kok kliru | ngèlingi Kridhawasita | dhêdhêr dosa ngundhuh papa pan wus pasthi | siningkur ing raharja ||

2. Pangkur

1. pra mudha dipun prayitna | najan sira ing lair sampun wasis | ywa pisan watak kumingsun | elinga mulabuka | ananira sayêkti sing rama ibu | anggatèkna aja wangkal | kanggo sangu ing ngajurit ||

--- 5 ---

2. najan sira nèng payudan | aywa wani nglirwakkên pangabêkti | sumungkêm maring Hyang Agung | rumasaa yèn titah | pan sayêkti apês luput darbèkipun | sing mêsthi datan rumasa | marma mintaa aksami ||

3. pra mudha dèn kawruhana | sanjatane pêrang tan amung bêdhil | mortir miwah metraliyur | granat bêdhil mêsinnya | motor mabur mriyêm alit miwah agung | iku kabèh kalairan | tan rampung mung iku kaki ||

4. gaman batin aywa tinggal | satuhune ampuhnya gêgirisi | datan abot bêktanipun | tur datan karondhahan | tan dinyana ginembol nora barênjul | pusaka tabon wetanan | yèn dèn èsthi tan ngowani ||

5. lamun arsa migunakna | gaman batin kang bisa angrampungi | kurdaning mungsuh kang liwung | sayêkti nora beda | lawan gaman kalairan prigêlipun | linalatih sabên dina | supaya tan mindho kardi ||

6. latihan miwah gladhènnya | wiwitana kulina [kuli...]

--- 6 ---

[...na] nyumurupi | cacad tanapi luputmu | prasaja ywa lamisan | aywa karêm ngumpêtkên kaluputanmu | sing têguh miwah santosa | kukuh bakuh ywa gumingsir ||

7. pan iku dêdalanira | lamun arsa kanggonan luhur batin | sanjata pamungkas tuhu | bisa nyirnakkên mêngsah | ingkang agung prakosa miwah dibya nung | cabar sakèh kasêktènnya | luluh tanna dayanèki ||

8. tandhing sanjata wetanan | kang wus atul nandukkên gaman batin | ing pundia papanipun | tan pilih dalu rina | sabên môngsakala pan sagêd rinasuk | dhasar pinarêngkên Tuhan | pinusthi mungsuhmu gêndring ||

9. nanging anggèr wruhanira | gaman batin wadhahmu kudu sukci | sukci rêsik têgêsipun | rêsik saking kaanan | kang gumêlar ing dunya ywa kapiluyu | pangkat luhur dadi jendral | iku pamurunging gaib ||

10. nunggang motor gêbyar gilap | nyandhang bêcik gamannya wus cumawis | samore tan pisah pistul | binkape gilar-gilar | pètci

--- 7 ---

miring gêmbèlèng banjur adigung | sapa sira sapa ingwang | anggêpe wus gêgirisi ||

11. nanging kang antuk wêwêngan | kasinungan sanjata kang ginaib | datan butuh ngrèntèng pistul | samore têlung dhêpa | karondhahan lamun kapêngkok pakewuh | lumayu tur gurawalan | pistul samorene kèri ||

12. marma sawuse siyaga | gaman lair rangkêpên gaman batin | nadyan pêdhang miwah pistul | bêdhil mêsin garanat | lamun sira ing batin nora tuwajuh | ati uwas ajrih pêjah | aluwung nyingkira têbih ||

3. Sinom

1. sinome kang durung eklas | tinggal kabèh kang kaèksi | gumêlar nèng jagad raya | mundhak tiwas gawe isin | dudu watak prajurit | aluwung dhangira kimpul | yèn nyandhung sing wis tuwa | binakar rasane gêmpi | kathik dadak pêrangan dolanan nyawa ||

2. yèku wataking wong sudra | mèlu grubyug anglêboni | dadi prajuriting prentah | wus dilatih sabên [sabê...]

--- 8 ---

[...n] enjing | wadhuke diwarêgi | disandhangi rangkêp têlu | yèn libur gêmbelengan | adol corèk turut margi | barêng gilir mangkat prang thok-ethok lara ||

3. nômpa gilir ping pindhonya | pamit manèh rada isin | yèn mangkata bakal lara | yèn tan kabênêran modir | kewuhan ing pamikir | jroning mlaku ati bingung | nèng marga wus kapapag | kancane mulih ginilir | taksih gagah prakosa raine bingar ||

4. dupi prapta ing palagan | saya gawok kanthi miris | sanajan kancane lêksan | wus samya apacak baris | solahnya ting bêthithit | wus siyaga badhe nêmpuh | warna-warna trekahnya | ana gampèng amping-amping | ana manèh anggrombol ngrakit sanjata ||

5. ana umpêtan ing guwa | anusup têngah wanadri | munggah mêdhun jurang-jurang | sawênèh grudug ngêjègi | kampunge wong angungsi | tinilar kori tinutup | bandhane dipun tilar | abote nyingkiri [nying...]

--- 9 ---

[...kiri] pati | ngeman umur gondhèli impèn nglêmpara ||

6. kampung ingkang kêbak bôndha | adhakane dèn susuhi | Nika dalah clêngêpira | nglimpe ngiras dhukir-dhukir | rajadarbe sakêthi | ginondhol mamprung nyang laut | anggêpe jarah mêngsah | tandhon pangane wong cilik | dipun rayah sing darbe dipun prajaya ||

7. nanging ya wis padha-padha | kancane dhewe ngalami | barêng Inggris miwah Nika | kadhêsêg mundur ngoncati | susuh tininggal gêndring | alihan mring seje kampung | tan dangu nuli prapta | motor mabur angudani | êbom bakar mimis metraliyur granat ||

8. sasirêping bom-êboman | kurbane pating galinting | ginotongan mring papannya | palang merah kang wus mranti | kang tatu miwah mati | rinukti sacêkapipun | sawuse ana tôndha | têngara nglumpuk ing tangsi | dipun rolis kancane sing cicir pira ||

9. patroli wiwit makarya | ngupaya kang durung

--- 10 ---

bali | talusupan golèk marga | tan kêndhat mulat ngulati | slamêting lampahnèki | ywa kongsi binegal mungsuh | ing kono sumurupa | tingkahe si juru dhangir | ungkag-ungkêg jêbul dhangir bathang mêngsah ||

10. mati katindhihan blandar | juru dhangir pancèn drêgil | pistul dalasan kalewang | pelore wus dibubuti | tumolih nganan ngering | kamar-kamar jêblag sampun | barang-barang sumêbar | kang rubah ringkês lan alit | tukang dhangir lali yèn dadi prawira ||

11. kasênêngên kalithihan | milihi barang di-èdi | kang gampang klêbu kamplekan | miwah gampang dipun cangking | gêntheyot malah nyunggi | lêmpitan kamli lan klambu | ilang sipating wira | bali watake sing asli | yèku srakah kandêl marang kamelikan ||

12. adoh têmên slèwèngira | nglurug pêrang nganggo nyambi | andhangir bathanging mêngsah | ambubak kamaring loji | isine akèh bêcik | bingung gènnyarsa angusung | jam tangan rangkêp papat |

--- 11 ---

sêtiwêl anggon kaplêri | nuli digo najan dudu anggonira ||

13. lèprim anggon juru têrbang | tan srônta diênggo wani | kaos tangan upsir sêtap | tur sêlèn mêksa kapengin | dianggo lah kuwalik | bêtèke durung tau wruh | we lah rada kêplantrang | ngrumpaka si juru dhangir | luwung bali nyurasa Kridhawasita ||

4. Asmaradana

1. kasmaran dayaning batin | kinarya sanjata pêrang | tandhing sêbarang tan mengo | yèku sanjata pamungkas | piandêl gêgarannya | aja nyêpèlèkkên kulup | yèn tan ngandêl luwung aja ||

2. mundhak rêkasa anglatih | dhasar akèh rangkènira | tur kadhang sanggane abot | apês-apêse winarah | amêpêr pêpenginan | nanggulangi hawa nêpsu | yèku marga katêntrêman ||

3. manèh kudu dèn lakoni | kalamun nora kaduga | ambênêrke luputing wong | aluwung ngêrêmna mata | yèn wêruh kancanira | kang wani tumindak luput | ethok-ethok [etho...]

--- 12 ---

[...k-ethok] boya ninga ||

4. aywa sah anggonmu mikir | nyinau ponang sanepa | isining jagad pan kabèh | ginêlar môngka pralambang | sira wus pinaringan | pôncadriya pirantimu | budi pan sanjata mulya ||

5. aja wani angakoni | bisa ngungak ing suwarga | ginuyu wit iku goroh | aluwung wiwit nyudaa | trêsnamu mring kadunyan | kèrêm isi dunya iku | nêmaha dhêmên kasasar ||

6. najan sira jêngkang-jêngking | sêmbahyang ing sabên dina | kongsi lêgok sujudane | yèn salatmu mawa sêdya | nyuwun mring Gusti Allah | dipèk mantu kaji brèwu | cikbèn bisa pêndhokan mas ||

7. dhuh kulup aja nglakoni | salat sadina ping lima | arêp kanggo grèthèl pêndhok | utawa ganjaran liya | apa bae sinêdya | penginane bisa kabul | salatmu kanggo sorognya ||

8. Gusti Allah Maha Sukci | kok anggêp lêmari blaka | kowe kang gembol soroge | mangkono

--- 13 ---

yèn tan winêca | sulap gêbyaring dunya | pancèn dunya susuhipun | ijajil angkara murka ||

9. para mudha dipun eling | kasugihan yêktinira | muhung paringing Hyang Manon | manusa amung sadarma | anggadhuh pangwasanya | kinèn nganggo urun-urun | nguruni padhanging jagad ||

10. yèku kanggo mitulungi | sanak sadulur kataman | susah kang tan bisa mèngèng | aja dadak pêpetungan | cukêng rêngkêng binuwang | bôndha yèn dèn umpuk-umpuk | pan dadi susuhing setan ||

11. kang numpuk bôndha makêthi | mung kanggo butuh priyôngga | kailangan sipating wong | têtêp dadi batur setan | kang nusuh ing bandhanya | isih nekad amêdhukun | bandhane bisaa tambah ||

12. dhukun manthuk-manthuk sarwi | mèsêm gita gêlar klasa | matane ngincêng lèh-olèh | krênêngan miwah buntêlan | rengkot isi mangsakan | gula tèh dalah sêrutu | têrkadhang bêras lan kêtan ||

13. dhayohe [dhayoh...]

--- 14 ---

[...e] wis kaping-kaping | si dhukun ngrêti wataknya | muride karêm dionggrong | miwah dipun sunggar-sunggar | butuh mundhak sugihnya | ing batin kiyai dhukun | modar cocotmu tak garap ||

14. bok ya aja uwis-uwis | butuhe marang wak ingwang | lumayan olèh-olèhe | gêndhingane ora mokal | aku mêsthi kaconggah | karême mung yèn diugung | aku môngsa gèk kewrana ||

15. wah mung trima dirêmbugi | ora jaluk neka-neka | cukup bulpus mênyan sêtèng | lah iku nak-anak ingwang | sira padha ngrêtia | wong dhêmên mêdhukun iku | maido awak priyôngga ||

16. yèn wis ail lagi ngrêti | mêdhukun ping pirang-pirang | katrangane sami mawon | kabèh mung apus-apusan | sing têmên jêbul lôngka | poma kaki dipun emut | pocunge Kridhawasita ||

5. Pocung

1. sun pitutur supaya aywa kalantur | padha rasakêna | lêlimbangên kang barêsih | maksih

--- 15 ---

mudha dikarêm ulah subrata ||

2. ngudi kawruh kasunyatan mrih tuwajuh | minôngka lambaran | mêruhana ala bêcik | aywa gampang jinegung ing nêpsu apa ||

3. watakipun wong dhêmên angumbar nêpsu | karêm muni ala | golèk lêganing pamikir | tan praduli sing krungu kupinge lara ||

4. kang kadyèku tan siwah lan lêganipun | wong ngising mêngkêlang | saya karêm muni sisip | golèk lêga sasat ngèngèr margi tinja ||

5. dipun emut sira anggèr bocah bagus | sêjatine dunya | iku ênggoning wong ngimpi | rah-arahên impènmu aja nglêmpara ||

6. pangarahmu iku disranani laku | lakune kulina | prasaja sabarang kalir | panci abot lamun durung ngulinakna ||

7. yèn wus manuh salin kang dipun sinau | ngêblak samubarang | cacade tan dèn alingi | dipun gêlar ing akèh ywa tidha-tidha ||

8. kaprahipun cacade dhewe binungkus | aja kadênangan | ing liyan dipun [dipu...]

--- 16 ---

[...n] brukuti | jêbulane isih awas ingkang nyawang ||

9. watakipun lamun kalantur jur slingkuh | ngaku putih mêmplak | môngsa tanggane mangrêti | sanyatane wus mèh kêbak sundukannya ||

10. dituwajuh sabar kataman pakewuh | kalamun cinoba | aboting coba wong urip | yèku dipun pisah lawan katrêsnannya ||

11. katrêsnanmu nora liya yêkti amung | bojo miwah anak | dhasar cumpèn sarwa niji | gèk pinisah saiba rudahing manah ||

12. iku durung gaduk panêmu kang sampun | ngrêti tur lênggana | yèn titah iku upami | pinarêngkên niyate lumuh palastra ||

13. wruhanamu katrêsnan ingkang tinêmu | anèng ngalam donya | kajaba trêsna mring gusti | iku goroh nora wurung bakal sirna ||

14. beda lamun trêsna marang Hyang Maha Gung | patrape ya beda | tan kêna angrumasani | darbe kwasa mung sumarah sakarsèng Hyang ||

15. apês luput ringkih dosa darbèkipun |

--- 17 ---

titah ngarcapada | nalôngsa wajibirèki | aja dhaku ngrêsula miwah anggrêsah ||

16. gêsangipun sumrambah sing rila tulung | mring samining titah | nêtêpi sing dadi wajib | wajib lair ing batin wajib mring Allah ||

17. yèn wus atul kulina ngèdhêp Hyang Agung | yêkti tan kaduga | mosik tumindak kang sisip | tandang tanduk muna-muni ngarah-arah ||

18. pan puniku kêna ingaran tuwajuh | bisa kasinungan | darajad ingkang ginaib | yèn wus sukci tômpa ilhaming Pangeran ||

19. titikipun sujanma kang wus anyakup | mungkur sing kadunyan | tan ana dipun gumuni | kang dièsthi urun padhanging bawana ||

20. mung puniku wong salèh ing nikmatipun | rilan tur lêgawa | nora cuwa sêpên rugi | praptèng lena wus gambuh dhasar sumarah ||

6. Gambuh

1. nambungi kang karuhun | rèhning maksih sajroning dahuru | kana kene kataman ing propokasi | kiyanating wong kêpaung | dadi mata-mata

--- 18 ---

mungsoh ||

2. pra mudha dipun sarju | mangan kurang nyandhang rada bluwus | ra-orane mangkono sajêge urip | batin dhangan aja mêsgul | sayêkti datan bêntoyong ||

3. pan iki cobanipun | dadi bôngsa kang darbe panggayuh | luwih-luwih Indhonesiah puniki | upama wong sakit lumpuh | sungsume sinêsêp Nipon ||

4. pan lagi bangêtipun | durung kantuk usada kang manjur | règèng-règèng katrajang seje sêsakit | sakit untu paminipun | tan matiri garong-garong ||

5. tan liya bengkasipun | bêtah nahan ngampêt sênut-sênut | untu lara jalarane saka angin | ora ta yèn nganti lampus | kajaba wus takdir layon ||

6. wêlingku anak putu | aja grêsah nimbrung katut bingung | tah-bêtahna minôngka bêktimu kaki | ibu prêtiwi darbèkmu | rêgêmên ywa kongsi mrucot ||

7. suwunên mring Hyang Agung | esuk sore siyang miwah dalu | ngiras namur

--- 19 ---

wêtêng pêrih klambi angin | kanthi sabar nrimèng kalbu | jinangkung dening Hyang Manon ||

8. mandining panyuwunmu | ora susah mêdhukun ping pitu | ati nrima sabar kang môngka piranti | rancage mawa sinêrung | sêsukcia jroning batos ||

9. awit sayêktinipun | sira iku kakus mlaku-mlaku | turu linggih dalèdèr ya gembol najis | nanging tan dadi pakewuh | beda sêsukêring batos ||

10. tan rêsik dening adus | nganggo sikat lôndha miwah sabun | anukcèni sukêring batinmu kaki | iya tan dadak mêdhukun | sun jarwani alon-alon ||

11. cathêtên jroning kalbu | lêlimbangên supayane nyakup | runtut tata lir tinata tharik-tharik | yèn tan mangkono tumpangsuh | apêse pating saleyor ||

12. kang dhihin kudu wêruh | lamun sira tan pisah rêridhu | gêdhe cilik agal lêmbut gênti-gênti | anggodha ngalangi laku | nuntun mring panggawe awon ||

13. yèku panggawenipun |

--- 20 ---

eblis lanat ijajil kang sampun | pinarêngkên ing Gusti Kang Maha Luwih | anggubêl ing jasatipun | datan kinawruhan ing wong ||

14. nguja sakgêndhingipun | nganggo apa bae dipun turut | gènnya ngridhu manusa tan diwatêsi | kang ginodha lamun nurut | dikinthil praptaning layon ||

15. ijajil dunungipun | saksênênge tan na ngarubiru | saking baut gawene tansah mêmengin | bisa manjing agal lêmbut | kèwês luwês pamining wong ||

16. kalamun arsa ngridhu | nora dadak ngalimpe nguk-anguk | nora pilih panggonan tanapi wanci | penginane kang rinidhu | cumawis sakênggon-ênggon ||

17. sapa wonge tan kèlu | dipun uja karêpe tinurut | dhasar gandês luwês miwah pêrak-ati | nanging sapa wus dhinadhung | sinèrèt marang jurang grong ||

18. mungguh sanyatanipun | yèn sirarsa wêruh unggyanipun | radèn rara ijajil kang tansah kinthil | ngrukêt ing pôncadriyamu |

--- 21 ---

marma diawas sutèngong ||

19. dene pôncadriyamu | salawase ngalingi anamu | nguwasani ragamu dipun kêmudhi | marmane titah tan pêcus | wêruh dununging Hyang Manon ||

20. kajaba wus winahyu | Gusti Allah kaparêng pitulung | karsa ngegla ngêblak tanpa aling-aling | nanging tan gampang yèn durung | gunayuha nora condhong ||

21. kalamun arsa gayuh | ngambah marga tumuruning wahyu | anyadhang antuk sih marmaning Widhi |Kurang satu suku kata: anyênyadhang antuk sih marmaning Widhi. nanging ta durung tinamtu | wahyu lir ngambang gumeyong ||

7. Maskumambang

1. marganira wahyuning dat kang ginaib | tan kêna ginambar | pinêtha lir sriwêdari | miwah tan kadi grojogan ||

2. nora mili gumlining lir tuking ardi | cumlorot lêlintang | kumilat byar kadya thathit | kumleyang saking gêgana ||

3. cêkakane kabèh tan ana kang mirip | nora môntra-môntra | wahyèku nyata ginaib | margane ya kagaiban ||

4. mara kaki sun jarwani sing sakêdhik | tan kêna [kê...]

--- 22 ---

[...na] sêmbrana | pikirmu kudu nyuwiji | yèn tan murni pasthi tuna ||

5. ing sakawit sira mêpakna piranti | pêpak têgêsira | ywa ana kang nguciwani | samêktakna kanggo mlampah ||

6. de piranti kang sinêbut iku kaki | pôncadriyanira | pinêtha wêlah kêmudhi | pamêlahmu ywa pêpeka ||

7. raganira kang dadi palwa sadarmi | sinatang lumampah | nganan ngering nut kêmudhi | mudhik milir tan suwala ||

8. suwalane giyota yèn klêbon warih | borot saking dhasar | yèn tan tinambal tumuli | kèrêm pan dadi bêbaya ||

9. mila wajib giyota dipun parsudi | sabên môngsakala | tinliti apa kang rêmpit | dhêmpulane sêtitèkna ||

10. dene satang dalah wêlah aywa kari | wajib dèn pariksa | yèn arêp kanggo sawanci | supayane datan nyamar ||

11. ing samêngko palwa dalah kang piranti | samêkta ing karya | tan ana kang nguciwani | wus sadhiya nèng samodra ||

12. apa iya [i...]

--- 23 ---

[...ya] prau banjur wira-wiri | ngambah ing supitan | ujung têluk minggir gisik | lah sapa kang nglampahêna ||

13. satang wêlah bêbarêngan nambut kardi | mêngku ing sakarsa | tumraping palwa mung kari | nurut wondene sok beka ||

14. yèku lamun satang wêlahnya tan dhamis | manunggal sakarsa | karsane si juru mudhi | montang-manting lampahira ||

15. najan prau sinawang tan golang-goling | tukang satang wêlah | diya-diniya tan tunggil | praune tan lumaksana ||

16. kompal-kampul tan kèrêm datan lumaris | môngka nora kandhas | nanging dayaning piranti | satang wêlah bèncèng karsa ||

17. marmanira sawuse samya rumanti | juru satang wêlah | kudu ana juru mudhi | yèku kang môngka panutan ||

18. juru mudhi kang manggung awas ngulati | ombaking samodra | lampahing angin ta ugi | pinindêng kanthi prayitna ||

19. ewadene yèn wus tumêkaning takdir | kagunan pangwasa- | ning juru mudhi kalindhih | alun gêng nguncalkên [ngunca...]

--- 24 ---

[...lkên] palwa ||

20. kang giyota satang wêlah juru mudhi | pisah sowang-sowang | tan bakal srawungan malih | prau suwung kambang-kambang ||

21. juru mudhi kentir madyaning jaladri | têbih kilèn wetan | glagêpan rekane nglangi | untung yèn diuntal lodan ||

22. pan mangkana gêgambaraning ngaurip | wong tan darbe ngamal | laire putih jro kuning | dudukwuluhe rasakna ||

8. Mêgatruh

1. sêsambate juru mudhi minta tulung | sadhela-dhela tan kèksi | wit kerut sajroning alun | kontal ngalor ngidul têbih | pêpuntone mung cumadhong ||

2. kaparênging Gusti Kang Murbèng Sawêgung | kang kuwasa bumi langit | lindurane jroning alun | tumuli dipun luwari | gragap ngadhêp ngarsèng Manon ||

3. murih gamblang rada gampang panampamu | impèn kang dipun lampahi | nèng ngarcapada dhinapuk | dhalang wayang miwah kêlir | kang nanggap niyaga blencong ||

4. ingkang nanggap anèng buri kêlir mundhut | lampahane

--- 25 ---

ponang ringgit | ki dhalang sayêkti saguh | wayang binabar ing kêlir | kêlir padhang saking blencong ||

5. kyai dhalang lan kang nanggap sampun jumbuh | sakaro wus dadi siji | niyaga cacah sapuluh | tumindak wajib nabuhi | sawêngi dadi salakon ||

6. dene wayang mobah dalah rêmbagipun | ki dhalang ingkang majibi | kuwasa murba myang dhapuk | nyolahkên kridhaning ringgit | kanggo bêbungah kang nonton ||

7. kyai dhalang têrkadhang bisa kalimput | ngrèwès swara saking jawi | dilabuhi nilar baku | bakuning pakêm kang pasthi | nuruti kang padha nonton ||

8. mangkonoa sayêkti nora kalantur | bêbasane tinggal kêlir | sakêdhap tumuli wangsul | nurut pakême sakawit | lumrah kaduk gènnya banyol ||

9. dupi bangun enjing lakone wus rampung | niyaga bubar dhisiki | nora dadak têngga dhawuh | wit wus samya wruh ing wajib | atêre pan tancêp kayon ||

10. kyai dhalang tan dangu

--- 26 ---

nuli sumusul | tinggal pirantining ringgit | wayang kothak kêlir kantun | lan kang nanggap tan pinanggih | apadene lan sing ngêgong ||

11. nora cukup mung karan ki dhalang lucu | ôntawêcana nyukupi | gandhang gêndhing gêndhêng gêndhung | dhasar bisa nuju pikir | wondene dadi pitakon ||

12. apa iya bisa mêngku kancanipun | niyaga kabèh piranti | lamun nyata wus anyakup | maksih siji kang dèn udi | lawan kang nanggap patêmon ||

13. pan mangkono têtêp sampurnaning laku | kyai dhalang wus pinanggih | lan kang nanggap nyata gambuh | yèku loroning atunggil | kinanthi saênggon-ênggon ||

9. Kinanthi

1. nak-anak dipadha emut | piwêlingku kang nèng ngarsi | elingana mulabuka | ananira duk ing nguni | rama ibu lêlantaran | sêngkêran gènmu tumitis ||

2. tumètès gya dipun kandhut | ing guwa garbaning bibi | laminira sangang côndra | ibumu nama garbini | mara anggèr piyarsakna |

--- 27 ---

sêmakên sajroning ati ||

3. apalanku trima lowung | kinarya anggrenda pikir | sastrajendra hayuningrat | wuryaning wasitajati | jatining kang tinarbuka | kawruh adi kang piningit ||

4. sastra têgêse pan kawruh | yèku paningal kang wêning | arja minulya têgêsnya | suci ing ananirèki | endra pananggulang samar | anglimputi saananing ||

5. sasinesèsine. kang bawana gung | yèku jatining ngaurip | jumênêng langgêng priyôngga | kang kawasa paring urip | kang gumlar nèng jagad raya | sangyaning para dumadi ||

6. yèku kang wênang sinêbut | Allah tangala sajati | kang anggung mulya datira | kang elok sipatirèki | kang kawasa wicaksana | kang adil murah mring dasih ||

7. wèh ayuning rat sawêgung | amarna sipat sakalir | kang andum rahsaning jagad | anyamadi agal alit | ingkang wisesa asmanya | sampurna apngalirèki ||

8. tan ana ingkang nyakuthu | jumênêng urip pribadi | ing satuhune dat sipat |

--- 28 ---

asma apngaling Hyang Widhi | wus dumunung ing kaanan | ananing manungsa iki ||

9. katitipan rasanipun | Pangeran Kang Maha Sukci | punika wahananira | dating sastra kang piningit | satuhu sêsotyaning rat | mêngku prasidaning dadi ||

10. arjaning parasdya nulus | kang kawasa amumpuni | saliring rasa dumina | lêlantaraning ngaurip | tumuruning sastra cêtha | jumênêng nugat ginaib ||

11. saking alaming alimut | gaibing Allah sajati | tumitis ing dalêm rahsa | rahsaning priya duk lagi | sêngsêming asmaragama | pamoring jalu lan èstri ||

12. duk mêdhar rahsaning kakung | lênyêp murcitaning ngaksi | tiniyuping kanikmatan | ing kono pamorirèki | dating atma kang wisesa | kadim sajatining urip ||

13. amoring dat lan rasèku | ingaran wadi lan mani | tumiba ing guwa garba | acampuh kalawan madi | yèku rahsaning wanita | kumpule dadi sawiji ||

14. aran manikêm puniku | yèku

--- 29 ---

wêwadhahing urip | wujud siji catur aran | mani madi lawan wadi | manikêm sakawanira | yèku wijining dumadi ||

15. dadining manusa iku | saking catur warni singgih | dene wiji kang ingaran | sarining bumi lan gêni | miwah sarining maruta | sakawan pathining warih ||

16. kang samya ingakên iku | laire sipating Widhi | wus wujud nèng catur warna | yèku baboning jasmani | minôngka sasandhanira | abuning roh kang sajati ||

17. abuning roh têgêsipun | baboning nyawa sakalir | kang nguripi sakèh rasa | ingaran nyawa rohani | yèku tohjalining sastra | sipat cahya mukamadin ||

18. mukamad ing têgêsipun | wênang sinêmbah pinuji | sêsirahing kanikmatan | rahsaning bawana yêkti | satuhu sêsotyaning rat | nirmala maluya jati ||

19. jatine sapa ingkang wruh | rêsmining jagad puniki | minulya ing uripira | sinung padhanging panggalih | praptaning pati sampurna | dumunung ing swarga

--- 30 ---

luwih ||

20. uriping sukmanirèku | anunggal Hyang Sukma Jati | wus roro-roroning tunggal | tan kêna ingaran kalih | iya uriping kawula | satuhu uriping Gusti ||

21. kawasa wisesanipun | kawula kalawan Gusti | datan kêna pinisahna | sampurna purwaning dadi | langgêng kauripanira | si kombang anèng swarga di ||

22. anukmèng sagara madu | madu-maduning ngaurip | kang nyamadi jiwa raga | iya ragane pribadi | kikawasakinawasa. marna sipat | sipating manusa iki ||

23. dadi saking rahsa catur | kang wus kawahya ing nguni | mani iku dadi rupa | madi uripe ing ati | wadi-wadi ngakal nyata | manikêm nyawanirèki ||

24. wujuding catur warnèku | katôndha nèng netra mami | manikêm undêring netra | mani iku dadi manik | wadi pamutih ing tingal | dene kang ingaran madi ||

25. uriping netranirèku | warna ingarane singgih | rahsaning paningal nyata | puniku kang aran madi | de wiji

--- 31 ---

kang catur aran | sarining bumi pan wadi ||

26. carmaning manusa iku | sari gêni dadya daging | sarining angin dadya rah | pathining banyu pan dadi | balung myang otot prasamya | sampurnaning wujud yêkti ||

27. kang wadhag miwah kang alus | saking kodrating Hyang Widhi | padha minôngka warana | dadya sasandhaning urip | urip pinaringan tôndha | rahsa kang karasa sami ||

28. pininta-pinta pinatut | ing papan êmpanirèki | kabèh iku aran nyawa | ana jalu ana èstri | padha minôngka busana | lantaran karsaning Widhi ||

29. marma kang marsudi kawruh | aywa na katungkul sami | dipun wruh ing sangkanparan | sangkanparaning dumadi | paran praptaning kasidan | wruh kasampurnaning pati ||

30. lah baya ngêndi gènipun | Pangeran kang paring urip | dèn wruh sajatining rêtna | jroning cipta dèn kaliling | akèh sotya madha rupa | aywa kongsi salah dalih ||

31. titipan umurirèku | dèn katur mring kang nitipi | kabèh sagolonganira |

--- 32 ---

gulungên dadi sawiji | yèn wus gumolong ing cipta | ulihna purwaning dadi ||

32. dhuh pra mudha pamêlingku | aja kêmba maca ngliling | isining Kridhawasita | supaya wiwit mêruhi | laku jantraning ngagêsang | tan wurung nêmahi lalis ||

33. rampunging pangarangipun | Kridhawasita nyarêngi | Sênèn Lêgi kaping sanga | Ruwah Jimawal kang warsi | sinangkalan swarèng arga | amakewuhi nagari ||Sengkalan: swarèng arga amakewuhi nagari (Sênin Lêgi, 9 Ruwah 1877 A.J., Selasa, 9 Juli 1946 A.D.).

Tamat