Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Bayanu'llah, H. Buning, c. 1920, #129

Katalog:Bayanu'llah, H. Buning, c. 1920, #129
Sambung:-

Sêrat Bayanolah

Anggitanipun Radèn Panji Natarata, ing ngajêng Panji Dhistrik Ngijon, Ngayugyakarta, lajêng pindhah nama Radèn Sasrawijaya, Ngayugyakarta.

--- [2] ---

1. Dhandhanggula

1. kawruhana tataning wong urip | mangarêpa arjaning tumitah | tumuwuh ing dunya anggèr | gêgulangên kagêlung | ginêlung ing sarkara mamrih | mrih padhanging pamawas | tanpa was wus kukuh | kukuh kuwating tyas têrang | têtelaning mèdêm kawruh kang sajati | jati-jatining tama ||

2. utamaning manuswa puniki | kudu budia marang lukita | kang madhêp trang wèlèh-wèlèh | ling-lingên liding sêmu | sêmu nyata karoban saksi | saksi kang tunggal karsa | karsane ki guru | guru pugêraning jiwa | jiwa raganira sumarah ing kapti | kapti kêrdyating suksma ||

3. wong tamarja arjaning dumadi | sakanparansangkanparan (dan di tempat lain). myang antaranira | wus kinawruhan salire | sêdene ingkang durung | têmên musthi antêping pati | wit kaananing gêsang | janma sadayèku | saking Adam purwanira | liring Adam tanpa kôntha tanpa kanthi | tan gatra tan satmata ||

4. datan êmbuh [ê...]

--- 3 ---

[...mbuh] tur datan amuji | iya iku aran tawang-towang | suwung wangwung sajatine | Allah malekat durung | durung ana kawula gusti | jatine jaman ora | kidam têgêsipun | dhingin nora kadhinginan | witing jaman manuswa sakaning sêpi | ing kono rasakêna ||

5. supaya wruh sakaning aurip | kang sawênèh guru amêmulang | asale janma ginawe | nêmbêlas wijènipun | mapat-mapat ping pat sakawit | iku sayêkti dora | tan pisan tinêmu | tôndha saksi nora ana | ana manèh saka wadi madi mani | maningkêm yèn mangkana ||

6. yêkti dudu Ngadam kang miwiti | kale para manuswa wus nyata | saka Ngadam pinangkane | marma sagung nak putu | parsudinên asalirèki | dadining kanyataan | ingkang tanpa tutur | saksi kodrating Pangeran | luwih bênêr brêsih titi tur lêstari | campuring kautaman ||

7. mangke paraning sangkaning urip | upayanên hya nganti sumêlang | aja

--- 4 ---

tumpangsuh pikire | lungane wong tumuwuh | luwih ewuh tur dhêmit rungsit | glethakan sinamparan | saking gampangipun | kang sawênèh pra ngulama | rina wêngi sawarga pinusthi-pusthi | iku wong kabegalan ||

8. kang sawênèh para pandhita di | ahli sorog gêdhene samrica | kumilat thathit warnane | mijil sing netranipun | iku ingkang pinrih nglêboni | nêmu ngalam gumêlar | wong mangkono tamtu | ciptane sasar katriwal | ana manèh oliya ciptèng tyas milih | johar kanthaning warna ||

9. kang gumêbyar-gêbyar angebati | linêbonan dèn anggêp sawarga | nèng kono gusti pamore | lah iku wong kalèru | wus kadhadhung ginawèng jajil | sawênèh malah ana | wruh cahya umancur | dinalih sipating Allah | iya iku kumpuling kawula gusti | têtêp wong kabegalan ||

10. ana ingkang pinanjingkên maring | sipat kodrat hu utêg têtêsnya | iku goroh

--- 5 ---

satêmêne | wit masih bisa lêbur | ajur-mumur awor lan siti | pinêndhêm pajaratan | dinalih nèng ngriku | ana ngalam jagad jêmbar | linêbonan langgêng nora owah gingsir | iku ciptaning setan ||

11. kang sawênèh sarjana mumpuni | ing sasmita ngèlmu kasampurnan | Allah tunggal ing jisime | angên-angên rinêngkuh | cinipta Hyang Kang Murbèng Bumi | yèn kinêcapkên lesan | uluk salallahu | iku tunggal cipta sasar | awit maksih kasipatan owah gingsir | tur maksih kênèng edan ||

12. karsa murka dayaning panggalih | galih eling iku tunggal makna | nèng angên-angên ênggone | marmane iku dudu | sanyatane amung ngratoni | sabarang tingkah polah | wit dayaning kalbu | nanging yèn dèn anggêp Allah | tan pakantuk dadi begalaning urip | ing kono rasakêna ||

13. prayogane kawruhana bêcik | kadayane angên-angênira | Mukhamad darma sapangrèh | rasul [ra...]

--- 6 ---

[...sul] rasaning manus | kabèh saka pratignyèng pikir | nanging dudu Pangeran | ing sajatinipun | kang sawênèh pra pukaha | angarani tanpa kôntha tanpa kanthi | tan gatra tan satmata ||

14. datan kakung tan wanodya yêkti | napas miwah kang ngêbêki jagad | dèn anggêp Allah kanthane | wit datan lara ngêlu | tanpa owah tan darbe karsi | iku dudu Pangeran | kang kasbut pituduh | khayun bilaraokinya | pardikane urip tanpa roh sayêkti | napas talining gêsang ||

15. ana manèh manuswa ngukuhi | ngalam insan kamil têgêsira | insan manuswa jatine | kamil sampurnanipun | sawantahe têmbung puniki | manuswa kang sampurna | iku maksih luput | sawênèh guru mêmulang | roh ilapi nur Mukhamad dèn lêboni | tunggaling karusakan ||

16. wong kalantur cipta tan pamanggih | kadhadhung ginawèng jajalanat | pinuja-puji panjinge | lan malih para guru | amêmulang

--- 7 ---

patraping pati | pati titis anggêpnya | samrica binubut | mijil saking githokira | manjing bayi putra-putraning narpati | iku klèru ing tekat ||

17. iya panitisan jaman mangkin | para buda arane manuksma | dadi ping pindho uripe | lan ana manjing suwung | sajatine durung nglakoni | yèn wong kang wicaksana | sabarang rèh putus | tatas pangawikanira | urip iki sajatine aran pati | pati ingaran nora ||

18. jumênênge kawula lan gusti | Allah Mukhamad lan Rasulullah | wus dumunung sira kabèh | ing bumi langit pitu | saka ananira pribadi | Mukhamad Rasulullah | sajêroning idhup | wijange lah rasakêna | lirnya rasul rasanira kang sajati | tunggal rasaning suksma ||

19. iku salah tômpa ing panganggit | lamun rasa-rasaning Pangeran | nora mangkono patrape | Pangeran rasanipun | nora awor lan sira kaki | pamriksa

--- 8 ---

pangandika | myang pamyarsanipun | nora tunggal lawan sira | kuwasane karsanira Hyang Kang Luwih | sayêkti tan momoran ||

20. lah pisahên aywa tunggal budi | iku nyata panganggêpmu ring Hyang | nanging Allahira dhewe | aywa salah pangawruh | dudu Pangraning bumi langit | lan malih wêkas ingwang | manuswa kalamun | dhaku kukuh kuwating tyas | angên-angên dinalih wujuding Gusti | patrape takokêna ||

21. Gusti iku mirêng tanpa kuping | aningali datan mawi netra | tanpa prabot kuwasane | ngandika tanpa tutuk | lamun maksih ngagonganggo. piranti | têtêp dudu Pangeran | jroning Kuran nutur | kuwasanira Pangeran | marma akèh pra ngulama klèru tampi | pikir cinipta Suksma ||

22. dalil Kuran wus amêmancahi | pan mangkana olamurtasiman | pikialihi têgêse | tan kacakra Hyang Agung | munggèng angên-angêning janmi | sayêkti dadi batal | pangawulanipun |

--- 9 ---

walanupus Gusti Allah | tanpa napas marma yèn dèn anggêp pasthi | napas ingaran Allah ||

23. iku aja têmah kupur kapir | barat dèn anggêp Hyang Kang Murwèngrat | têmah kapiran uripe | kalamun maksih kukuh | angukuhi kang wus tinulis | prayoga sumingkira | tôndha seje kawruh | kawruhing buda katriwal | awêwaton ngèlmu saka Dewaruci | dudu wit saking Ngarab ||

24. mamèt buda ingarabkên dadi | kawruh nasar nunjang kitap Kuran | ginalih suwung rasane | kitap kacakra suwung | nora wêruh ragane sêpi | cupêt cingkranging nalar | pring suwung kumênthung | kênthung-kênthung mung wêwadhah | tanpa isi dèn isèni napas angin | pinuji tur sinêmbah ||

25. mantêp têtêp tur dèn aku Gusti | Allah ingkang murba masesèng rat | poma ywa mangkono anggèr | wajibe Gusti iku | samak basar kadirun ngèlmi | rongpuluh sipatira | jinèrèng ginêlung | yèn têtêp sarjananingrat |

--- 10 ---

nora kewran lair batin wus kapusthi | patitis dunya kerat ||

26. wus karasa narambahi budi | adi daya sakanparanira | kinawruhan sadurunge | lamun micara idhup | ngadhêpakên sakaning urip | urip mangarêp arja | arjaning tumuwuh | wuwuhing kawruh kang nyata | kanyataan saka tôndha lawan saksi | saksi kang wus pratignya ||

27. pratignyane narambahi urip | nadyan pati sajêroning gêsang | wus kadhadha sakabèhe | myang gampange kêcakup | cakêp cukup rasaning ati | gêgêtun saka nyata | pungun-pungun jêtung | tung-tunging driya pratela | salulut sih gusti kula lawan dasih | jumênêng tanpantara ||

28. dhasar nyata wus tau nglakoni | saking têmên yêkti tinêmênan | ana ing kono rasane | woring tyas tanpa catur | datan jalu datan pawèstri | ênênging tyas kang wus trang | judhêg mêmêt nyamut | lamat-lamat tan katara | rasaning dat wajibul wujud nêmahi | lir

--- 11 ---

kang wus kanyataan ||

29. kang sawênèh para sujana di | jroning supêna dèn anggêp ngalam | barang apa ana kabèh | sêdene buwana gung | jagad cilik sajroning ngimpi | marmane datan siwah | jronging kalbu pênuh | ngêndi bae jêro ana | pêpaesan ing dunya jro badan manggih | cinipta ênggon benjang ||

30. iku salah kêlantur katarik | cipta nasar balasar kajurang | iku dudu sayêktine | dene impèn puniku | sajatine ingsun tuturi | kuwasaning pangrasa | manjing netranipun | dayaning kuripanira | Mukhamad mukadim manjing marang ngèlmi | ngèlmu ingkang gumêbyar ||

31. sun jarwani malih wong angimpi | sayêktine jroning netranira | mêmanik iku pamine | kaca bênggala agung | sinèndhèkkên nèng gon sawiji | jaban kaca sanyata | kadulu sadarum | barang apa manjing kaca | yèn jinupuk jroning pangilon tan kêni | iku dayaning netra ||

--- 12 ---

2. Kinanthi

1. lawan malih ana guru | mêmulang mring anak murid | ana rupa catur warna | irêng abang kuning putih | benjang praptaning sakarat | kinèn milih salah siji ||

2. lamun putih wijilipun | saking netra grana pasthi | iku kang dèn anggêp nyata | samya kinèn atut wuri | tamtu manjing maring wisma- | nira langgêng tanpa wilis ||

3. iku wong ngèlmune kuthung | darbe kawruh mung sacuwil | wus ngaku dadi sarjana | jumênêng guru mêmarid | marang para punggung mudha | ngrasa wus putus patitis ||

4. sajatine durung wêruh | ngawur kawoworan eblis | lawan malih asring ana | pra ngulama ngaku wasis | rokyatullahi yèn nendra | wruh ing rupanya pribadi ||

5. mawa prabasmu umancur | lir wulan purnamasidi | iku inganggêp Pangeran | kang murba masesèng bumi | iku wong katunaning tyas | luput panampaning dalil ||

6. awit ciptane wong iku |

--- 13 ---

Allah manggon jroning pikir | sipate lir rupanira | tan siwah lawan kang muji | lah iku sangsaya nglômpra | dene Allah darbe warni ||

7. lawan malih ana guru | yèn benjang tumêkèng jangji | ana rupa kang sanyata | ya rupanira pribadi | sarta gawa panêngêran | alip mutaklimun wakit ||

8. sawenèh ana wong putus | angukuhi ngèlmu jati | sahadat kang sadu tanpa | wêtuning napas sakalir | iku dèn arani salat | kang mangkono datan yukti ||

9. ngaku-aku tanpa kusur | salusuran cipta silib | nyilib kaleban bêbasan | basa kang nora patitis | yèn wicaksanèng pamawas | nora arêp nora melik ||

10. yèn jatine sadat iku | laillaha illallahi | lah kapriye jarwanana | iku sadat kang sajati | yèn lumrahe jaman mangkya | sadat mangkono tinampik ||

11. iya iku wong kêpaung | sahadat kalimah kalih | tinampik [tinampi...]

--- 14 ---

[...k] sinampar-sampar | nora pisan dèn kawruhi | saking angèle jarwanya | cocoge kalawan saksi ||

12. santri ingkang mêndêm kulhu | rina wêngi muji dikir | ya laillaha illollah | cinipta sajroning ati | ngonggrong-onggrong pêpujian | mrih kinasihan Hyang Widi ||

13. Widi adining tumuwuh | tan muwuhi mring wong muji | anyuda mring wong kang siya | lah rasakna kang patitis | ywa lir santri Panaraga | napi isbat kang pinusthi ||

14. yèn napi Allah liniru | wujudnya santri pribadi | lamun isbat wujudira | ing jêro ingkang Hyang Widi | iku lakuning dubilah | lanat kawoworan pêri ||

15. lawan malih ana guru | amangeran marang pasthi | suwung wangwung nora ana | tur durung putus ing wèsthi | iku wong pitung bêdahab | kupur kapir ngrêribêdi ||

16. lêlêthêg dhuskartèng idhup | tan pantês dipun lêluri | marma sagung pra sujana | yèn puruhita mèt ngèlmi | layang iki takokêna |

--- 15 ---

jawane apa nimbangi ||

17. salah siji pasthi cundhuk | lamun maksih padha iki | lah age sira mundura | mung aja nyêrikkên ati | marma jaman sapunika | guru pira-pira ngèlmi ||

18. lagi wruh Mukhamad rasul | Allah angên-angên dadi | guru wus sinêmbah-sêmbah | apêse dèn aji-aji | kêkêthokan gulu ayam | sêga wuduk mori muslin ||

19. sajatine durung wêruh | ing ngèlmu kang gaib-gaib | mung èlu-èlu kewala | jroning pati durung uning | bocah cilik bae ana | bisa dadi guru jati ||

20. anggêre tan dèn du têlu | tinilikan dina benjing | yèn trima amung carita | nasar ngawur tanpa saksi | ingsun saguh ajêjarwa | tômpa lawon warêg pitik ||

21. nanging yèn tinanya ingsun | kapriye rasaning pati | yèn awèh sêmaya benjang | lah poma golèka kaki | guru kang bisangsung pêjah | tinupiksa jroning urip ||

22. nanging mangkya [mang...]

--- 16 ---

[...kya] para guru | arang ingkang nganggo saksi | tansah crita ngayawara | warahe angupa pamrih | nora wêruh sajatinya | trapsila laraping pati ||

23. aja sira dadi guru | laraping ngèlmu sajati | têgêse guru punika | paugêraning aurip | mangarêp-arêp ing pêjah | kang jajah kawruhnya ngênting ||

24. tinakonan anak putu | bisa mangsuli patitis | kang kalawan kanyataan | nyataning rèh bôngsa pati | lamun wong sarjanèng jagad | nora kewran amangsuli ||

25. lan malih sun wus kapranggul | para santri ahli ngèlmi | barang-barang wujud Allah | bumi langit dadi gusti | lah iku kumprunging tekat | gandarwo momor lan janmi ||

26. satêngah ana wong muwus | ratu dèn anggêp Hyang Widi | Gusti Allah nora ana | wujudnya sri narapati | yaiku wong salah ucap | gasruh kawoworan pêri ||

27. yèka wong cêguk truwilun | lonyo ucaping [uca...]

--- 17 ---

[...ping] picaci | supaya pinadonana | kaya maduning pulisi | kacara traping prakara | wus pasthi nora pinanggih ||

28. kang sawênèh ana jamhur | tutur mubêng marang murid | lamun tinakonan patrap | sing pati datan patitis | ngawur ngawak ruwag-ruwag | saksine lamun wus mati ||

29. êmbuh-êmbuh yèn binuru | êmbuh yèn wus praptèng ngakir | bisa mulih marang ora | tur amêngku ngalam sahir | dudu swarga lan naraka | ngaku wruh kanthaning pati ||

30. sawênèh ana wong putus | lapaling kitab binudi | tapsir awal akir wignya | ngakaid naolatasrib | kitab Bajuri Jurmiyah | yayah putus liring dalil ||

3. Asmaradana

1. wontên sarjananing kyai | guru putus nalarnya trang | ambêge kaya guprêmèn | mumpuni susilarjèng rat | rad jagad tanpa sama | ngèlmune winoran palsu | mulang anak muridira ||

2. napsu patang prakara wit | linungguhakên sarira |

--- 18 ---

ing pôncadriya rasane | malah mujudake rupa | irêng bang kuning seta | kanthi dunya ngakiripun | winorkên ing malaekat ||

3. iku kang bisa nulungi | nuntun manjingkên ring johar | anèng wudêl panggonane | trakadhang pancêring netra | iku kang linêbonan | ginalih sawarga agung | iku guru siya-siya ||

4. cupêt nalare sacuwil | kumprung pêngung guru desa | pantêse jagong nèng ngambèn | ngêdhangkrang marêp mangetan | sinebèng putra wayah | grudag-grudug sabên dalu | anggêpe kaya pandhita ||

5. sêngguhe kaya pulisi | gêdhag-gêdhig pandirangan | kumawasis wicarane | cara-carane cinakra | padesan tanpa krama | ngèlmu dèn go agul-agul | gêgulang kang tanpa tôndha ||

6. kang dèn upaya kêndhuri | pitik putih dhara-dhara | lawon lan dhuwit pamrihe | marma mangke wus têtela | karsane jêng parentah | guprêmèn kang wus kasêbut | pinacak [pina...]

--- 19 ---

[...cak] ing sêtatsêblat ||

7. pinacuhan dèn gantungi | paukuman siksa paksa | awit pra guru bujuke | mring wong tani desa-desa | kang tan wruh ing dêduga | prayogane mung sadumuk | cingkrang nalare katunan ||

8. truwilun kêpara sugih | ki guru sukaning driya | muruk tani pamijange | donga japamôntra buda | ambêge lir sujana | kang wêruh marang pakewuh | sajatine punggung mudha ||

9. wong sasar kagawèng jajil | bêlis kang sipat manuswa | katara ing pamijange | sumêngguh sumaguh têrang | limpading kasusastran | sastra rajah Ngarab dhusun | dinum dadi kaslamêtan ||

10. arjaning urip basuki | saka sarat jimat-jimat | iku trang mratandhakake | kumprung pêngung wong katriwal | tekat samar gluyuran | warna mangsi ciptèng kalbu | bisa tanggung kaslamêtan ||

11. lah iku tekating kuthip | kewan kang tanpa Pangeran | sajatine ran wong nglamong | mêmaganing dora [do...]

--- 20 ---

[...ra] cara | dêduga cakrabawa | bawane lêlantih dhusun | marma sagung pra satriya ||

12. lamun gêguru sujanmi | ngupayaa kang wus pana | pana pramanêm tandhane | kawêca anèng wicara | pangracuting sasmita | Jawa Ngarab kang wus kaglung | duga prayoga wêweka ||

13. lamun tyasira mangarti | nitèni janma danurja | pasthi wêruh sanyatane | aja sira anggêgulang | yèn durung wruh ing tama | tama-tamaning pituduh | duhkita tancêping nala ||

14. angèl wong nêdya mêmurid | ngupaya pathining rasa | rasaning Hyang kawulane | bedaning Allah manuswa | kumpul pisahing rupa | rupa kèh kang momor sambu | iku jaman sapunika ||

15. pintêre amung sacuwil | lagi Allah lan Mukhamad | rasul kang anèng jisime | pangrasane wus sampeka | nir deya cipta rasa | rasaning Hyang Kang Maha Gung | pangakune pudyotama ||

16. ambêg pangulah yodanting | kawruhnya kanthi dèn prada | pangalêmbana luhure | linarangan [li...]

--- 21 ---

[...narangan] winalêran | mrih kawêntar kajwara | yaiku lakuning wêdhus | bludhus tan wêruh wêweka ||

17. ana manèh para wêgig | kukuh kyat pamrêsing tekat | ngukuhi lapal unine | waman ngarapa napsaha | pakak ngarapalaha | lah iku pardikanipun | sing sapa wruh ing sarira ||

18. têmên-têmên wruh Hyang Widi | dadi badane rumôngsa | ngaku Allah sajatine | yèn binurua trangginas | angên-angên pinuja | dhinaku dadya Hyang Agung | wus prasasat Palgunada ||

19. yaiku patraping kucing | mindhik-mindhik angon ulat | anggolèki wong kang bodho | sinajarwa pinapajar | ujare ngèlmu sasar | sarwa saru sasar-susur | slusuran lir rajakaya ||

20. cacat wong tumitah urip | kurang pamrêsing tyas nyata | ngèlmu pangolah yodane | manranging kartisampeka | susila parikrama | mumpuni mahambêg sadu | danurjaning kawruh mulya ||

21. mulya sakaning mangarti | wus gumêlar ring

--- 22 ---

kaanan | pancêring urip jatine | prasasat samodrasmara | barang apa tumêka | umanjing dayaning kalbu | iku traping pangawikan ||

22. wong nêmbah marang Hyang Widi | nora sipat nora kôntha | nora warna nora ênggon | nora suwung nora mamang | dudu pikir myang napas | dudu êroh dudu wujud | nora suwung pasthi ana ||

23. anane saka kang abdi | dudu rasane manuswa | lah kapriye ing patrape | wong nêmbah marang Hyang Suksma | sêdene malaekat | nora beda wujudipun | angèle yèn wus pratela ||

24. gampange yèn durung uning | êning pamawas tanpa was | wus waspada wasesane | hèh saisine rad raya | sagung para sarjana | ywa gumampang dadi guru | yèn durung wruh sandining Hyang ||

25. sandining Hyang nuksmèng wadi | kanyataaning sasmita | mêmêt nyamut-nyamut kamot | winot sahir kabir sirna | kabir sahirnya musna | kosok-bali liru sambut | iku traping [tra...]

--- 23 ---

[...ping] pangawikan ||

26. manuswa ingkang sayêkti | dadi ling-alinging jagad | lah iku kang wus prasajèng | saksi manaksèni kang dat | dating manuswa nyata | sampurna ananing makluk | sakanparane pratignya ||

27. kacakup jumbuh kapusthi | traping pati nora samar | wit saking kanyataane | tan sumêlang gaibing tyas | rumênggêp ing pamuja | mujyastutining pakewuh | nora ewuh tur waskitha ||

28. lamun wus têrang pambudi | nora kewran kêkumpulan | lawan para gêdhe-gêdhe | wus mangkono tyas têtela | trang budi kanugrahan | ing ngèlmu kang alus lurus | nuksma tan kacakrabawa ||

29. bawaning tyas wus malêtik | sasat mabur tanpa êlar | wit wicaksana driyane | nur kalbi kang anarambah | pôncadriya sabadan | panjing wêtune tan keguh | susilarja manrang cipta ||

30. yèn gêguru sira benjing | sawise sira winijang | wijang-wijangane kabèh | kang kadhadha ing tyas [tya...]

--- 24 ---

[...s] padhang | Allah Mukhamad rasa | myang badan sakaliripun | tumulya sira takona ||

31. kapriye kanthaning pati | paran rasaning agêsang | urip kapriye patrape | lah thole ginawe apa | wong urip anèng dunya | pati ing akherat besuk | akherat ginawe apa ||

32. priye pêrlune kang pasthi | lawan malih têtakona | mring gurumu kang wus walèh | asung ngèlmu marang sira | apa sababe baya | piwulang kang wus kacakup | yèn nendra sirna sadaya ||

33. iku dayaning punapi | apa mudhun apa munggah | yèn mudhun priye kanthane | yèn munggah priye trapira | kang munggah kang tumêdhak | dèn arani apa iku | dene dahat saka mokal ||

34. nora susah sira kaki | takon jumênênging Allah | mung wêruha kuwasane | kang kagadhuh marang sira | gêdhene tanpa sama | lêmbut tan kêna jinumput | saking rungsiting sasmita ||

35. lan malih yèn sira ngimpi | wruh

--- 25 ---

ing barang kaelokan | ing jro badan ana kabèh | iku mratandhani apa | dèn asmani rèh paran | dayaning punapa iku | kabèh padha takokêna ||

4. Sinom

1. lan malih pitutur ingwang | lamun sira dadi murid | kang bisa pratamèng weka | wêwekaning kawruh gaib | patakon kanthi titi | surti ngati-ati tyasmu | tumancêping pêpadhang | ingkang nandhani tyas wêning | nging tan wênang kalamun durung kakênan ||

2. kênanya saking pracaya | pinarcayèng dening saksi | saksi ingkang nunggal karsa | bangkit nyênyampahi silib | nora kilap kalêmpit | kanang karsane ki guru | guru kang nunggal misah | tunggalnya kang seje jinis | niskarèng rat dhalang sajati wêruha ||

3. iku pikir kang tan samar | waskitha kêcaping wadi | nanging wêruhnya ki dhalang | wit akil balèging pikir | kira-kira mangênting | pintêr sakaning sinau | marma dudu Pangeran | ywa dèn anggêp jênêng gusti | sajatine [sa...]

--- 26 ---

[...jatine] kang winastan johar awal ||

4. marma sagung pra sarjana | kang mantêp têtêp nastiti | titising rèh pêjah gêsang | kasangsang madyaning bumi | rad jagad kagulung ngling | tumruning manuswa sadu | lan malih sun wêwarta | yèn ana guru kang luwih | sung wasita jisime ginawa lunga ||

5. lunga ngalih ing ngalam rat | rad jagad kawêngku siji | manjing jiwane sadaya | pangrasa sampurnèng pati | lah iku tutur kidip | goroh growah wong kêtawur | ngawur kuwur tyas samar | durung wruh laraping pati | kang patitis tan mangkono anggêping tyas ||

6. kalamun guru sanyata | manranging cipta nastiti | nêtêpi daliling Kuran | mutu bab la muta pasthi | lapal wus dèn wêrdèni | mati sajêroning idhup | urip sajroning pêjah | rasakna prakara iki | patraping rèh pêpadhang kalingan padhang ||

7. yèn wong danurja waskitha | awèh sandhang wong kang sugih | awèh payung wong payungan | anggendhong wong nunggang joli | sung têkên dalan [da...]

--- 27 ---

[...lan] wradin | wong mêlèk tinuntun-tuntun | sinung dalan kang padhang | wong minggir tinarik minggir | lah kapriye tutur iki rasakêna ||

8. nadyan sudra dama papa | janma kang wêruh ing wadi | wadi-wadining widyastha | sayêkti janma sajati | ywa sumlang ing pangèsthi | anggêpên lantaran kawruh | muwuhi antêpira | têpa-têpaning tyas sami | amijèni jumênênging gurunira ||

9. sasat sudaranta tunggal | tunggil wor budi sawiji | wajib iku kinurmatan | jinunjung ing sawatawis | nanging yèn durung sami | ywa lonyo sabarang wuwus | têmahan kabegalan | kalong linongan ing kuping | iya iku tinêmu dadi kagunan ||

10. sapira yèn wong sarjana | kawruh kang wus dèn tampani | nora mungkir asalira | seje wong kang tunèng budi | pintêr sakaning aji | dèn aku nora gêguru | umuk saking supêna | pêparinge Sunan Kali | iya iku cipta kawoworan wisa ||

11. ambêge waskithèng lêmbat |

--- 28 ---

saking kawruh tanpa pardi | sinihan ing Hyang Kang Murba | supaya wong sami uning | onêng têmahan asih | sih lulut dumadi pulut | muluti wong katriwal | sasar tyasnya sami wêdi | pamrihing tyas wêktuning arta baksana ||

12. pan kinarya kasugihan | ngèlmune ginawe pokil | ngakal-akal ngrekadaya | yayah dursilèng pambudi | batine durung uning | yaiku rupaning punggung | kagunggung wong caksana | sajatine sêpa-sêpi | sasat sapi tan wruh ingkang murwèng titah ||

13. purwa wiwiting agêsang | nora pisan dèn kawruhi | tansah mung dina akherat | pinundhi pinusthi-pusthi | pasthi bakal nêmahi | sabarang pituduhipun | ngakherat bakal mulya | wit saking wus dèn kawruhi | anèng dunya tinêbus sabar darana ||

14. nanging kang tyas smu pramana | makna myang kêcaping lathi | katara ing solahbawa | bawaning pangucap wêning | pra ngulama ingkang wis | tanah Jawa ngalor ngidul | ngetan ngulon wus [wu...]

--- 29 ---

[...s] padha | kang kasup kalokèng bumi | ngetan Toyawangi ngulon tanah Serang ||

15. warata sun muruhita | akèh kang kaliru tampi | kitab Kuran tan pratela | ngulama kang bisa ngaji | ngawag kaworan kucing | kang dèn anggo ngèlmu kuwuk | gandhuli kawruh Buda | dèn lih têmbunging Ngarabi | iya iku patrape wig tanah Jawa ||

16. warna-warna piwulangnya | lir caritaningsun ingkang wis |Lebih satu suku kata: lir caritaningsun kang wis. sawênèh ana kang sorah | saking parimbon Sêmail | pangakune sing nginggil | tiban saking Hyang Maha Gung | trakadhang malih ana | wite dadi guru jati | ngimpi munggah mring langit biru sap sapta ||

17. ambêdhah mumbul ing wiyat | nèng dhuwur nampani wangsit | wusnya trang nulya mêmijang | wijangane ngèlmu gaib | supaya antuk pokil | iku traping tikus clurut | tan pisan magêpokan | patraping kawruh kang yukti | suprandene kanan kering kèh wong prapta ||

18. dadya

--- 30 ---

pakumpulaning wran | tani-tani dèn jarwani | kang tan wruh duga prayoga | iku ingkang dèn sênêngi | guru mangkono kaki | mèmpêr wawa ing wana gung | sipate kaya janma | nanging tan wruh kang patitis | aja sira pracaya ngèlmu mangkana ||

5. Mêgatruh

1. kang sawênèh ana mukmin sung pituduh | ing ngèlmu sampurnèng pati | kang patitis paranipun | ninging pralaya umanjing | sadat sêkarating maot ||

2. miwah puji tatkalanyarsa rinacut | nèng lawang sawiji-wiji | anadene pujinipun | lah iku mukmin niwasi | tan yogya dipun pitados ||

3. iya iku wong pracaya marang wuwus | wuwus ingkang dakik-dakik | rèhning sinalinan têmbung | wong Jawa kang durung uning | basa Ngarab dadi elok ||

4. melok melik êmèling cangkêm sinêngguh | nyataning kawruh kang luwih | saking cupêting panggayuh | yayah kabêntur ring wangsit | wasita kawruh kang nglamong ||

5. omong-omong [o...]

--- 31 ---

[...mong-omong] tutur ingkang wus kalantur | tur têturunan jaman wis | wêwisikaning pra guru | alam buda tanpa saksi | têmah ngalingi lêlakon ||

6. kaelokaning agêsang kang kalantur | ana manèh ngulama di | ambaboni muruk kawruh | mruhkên trap pati patitis | soroging wayangan tinon ||

7. mahyèng wujud putih mawênês tur mulus | sarupa ingkang darbèni | gumawang cahya ngênguwung | nèng awang-awang kaèksi | ginulung parêk wignyanjog ||

8. jajar linggih iku dèn anggêp panuntun | mring kamuksan kang patitis | titising tyas linalarut | kinarya gandhulan pati | manjingkên swarga kinaot ||

9. iya iku guru kang maguru luput | padha bae salah tampi | suprandene wong kang kumprung | mathêm tyas tinohan pati | têtêp sumugun pitados ||

10. nora wêruh dayaning netra kang dulu | nyipta apa bae kèksi | rêrupan kang gumun-gumun |

--- 32 ---

kagêlêng nirmayèng batin | nèng kono sayêkti katon ||

11. nadyan Mêkah Madinah cinipta wujud | pasthi nèng kono kaèksi | saking dayaning pandulu | ripta ciptaning panganggit | anggiting guru sajatos ||

12. dupi wêruh guru sajati sru gumun | rêsêp sênêng ênêng êning | angên-angêne anggugu | pracaya kang dèn tingali | kukuh kuwat wit tyas kamot ||

13. iya iku tôndha wong ciptane kuthung | rêrupan ingkang kaèsthi | yèn guru kang ambêg sadu | moncol cipta wig malêtik | cakêp cukup amaido ||

14. nora keguh sarambut pinara sèwu | dudu yèn maksih kaèksi | dudu lamun maksih suwung | dene kang katon mawarni | dayane pangrasaning wong ||

15. cipta ripta saking netra dayanipun | têp-tinêtêpan kang uning | durung ning jênênging guru | guru pugêraning jisim | durung jajah durung tanggon ||

16. marmanira dayaning sorog puniku |

--- 33 ---

kadarbe wong kang miranti | yèn wong wuta nora wêruh | lah iku pikirên kaki | ywa pracaya wujud katon ||

17. ywa pracaya marang wujud ingkang suwung | lamun sira durung uning | nglakoni wêruh ing suwung | myang nglakoni wruh ing isi | isèn-isèning tyas tanggon ||

18. ênggon durung ênggon uwis wus kacakup | balik panggonan saiki | golèkana kang katêmu | muwuhi patraping pati | urip ngarêp-arêp kaot ||

19. yèn sujanma nir deya manrang pakewuh | guruning pati wong mati | guruning urip wong idhup | adhêping kaanan jati | anane mêngku sapakon ||

20. seje lawan janma rucah ngronce ngèlmu | pintêr gulung-gulung gilig | sipat rongpuluh ginêlung | bisa dadèkakên siji | iku pintêring gandarwo ||

21. kang sampeka anjèrèng sipat rongpuluh | lakune sawiji-wiji | kosok-baline kadulu | kacakup cakêp nyukupi | praboting [prabo...]

--- 34 ---

[...ting] urip wus melok ||

22. de wong cubluk patraping ngèlmu kalimput | sidhakêp suku tunggal ning | babahan nawa tinutup | pôncadriyane pinatin | tikswaning grana dèn ilo ||

23. itu justak tidhak sêkali bêrtêmu | wong buda ngèlmuning ringgit | ngèlmu buda kang wus bawuk | dudu agamaning nabi | salallahu urip manggon ||

24. yèn Jêng Nabi Mukhamad mustapalahu | manurat Kuran jarwani | manuswa sipat rongpuluh | ginêlar ngupaya pamrih | mrih sampurna tur waspaos ||

25. yèn tinutup batalkên Islaming manus | ngowahkên napas tan kenging | pamyarsa pandulunipun | karsa pangandika sami | kinèn mamrih trang mancorong ||

26. pira-pira kitab-kitab Kuran nutur | mring wong kang tuna ing budi | yèn tan mudyayu tan wêruh | kalingan sasaring pikir | kira-kirane wong jomblo ||

27. jomblo suwung malompong lir pendah cumplung | rinubung ing lalêr wilis | jêr pangananing [pa...]

--- 35 ---

[...ngananing] kuwangwung | kêkuwunge tan pinikir | kira-kirane kajlomprong ||

28. netranyandik manthêlêng socèng pring pêtung | pêtêng patine mêtêngi | ing urip kang nora wêruh | nora ngrungu wosing pati | uripe bae tan enjoh ||

29. aja manèh pati durung tau wêruh | prandene ngaruh-aruhi | wong bodho nora wruh ngèlmu | pangrasane sasar sisip | kang akèh janma mêmoyok ||

30. ing Ngayogya Surakarta myang Madiun | sapangetan atas sami | kawruhing ngèlmu mèh jumbuh | para jamhur sring nênampik | anênacad wong kang bodho ||

31. kèh padudon bêbantahan udur ngèlmu | supaya wong kang prihatin | nuli enggala maguru | dhèwèke nampani pokil | sêga wuduk ayam babon ||

32. ana manèh sarjanambêg putus ngèlmu | mulang-muruk marang murid | lungguh ing sagara gunung | Mêkah Madinah nèng jisim | ati pitu jantunging

--- 36 ---

wong ||

33. lamun mulang tarekat dalaning kawruh | klimah tayibah pinusthi | laillaha illollahu | dèn ubêtkên dhadhanèki | lêbu wêtune kabatos ||

34. puji napas tan kêna pêgat saidhup | wêtune muni Allahi | lêbuning napas muni hu | iku ingkang dèn kêncêngi | dadi sampurnaning maot ||

35. ana manèh kawruh buda maksih klaku | sastrajendrayuning budi | dadi pangruwating diyu | jare manuswa wruh pasthi | patine sirna krahayon ||

36. sastrajendrayuningrat sastra ha suku | hu utêk panjinging gaib | suprandene kèh wong nungsung | yèn wus winêjang pinundhi | sasat wong nêmbah têpekong ||

37. lah prayoga kucirana bae bagus | klonthongan adol sêmbagi | tèh tang kuwèh gula batu | ing môngsa cèmbèng mêmuji | mring klênthèng gone ngèlmu wos ||

38. ana manèh guru muwus tiru-tiru | warôngka manjing ing kêris | kêris manjing wrangkanipun |

--- 37 ---

nanging tan bisa naksèni | iku têmahane goroh ||

39. barang wuwus barang ngèlmu barang laku | yèn wong putus nganggo saksi | nyatane ingkang kawuwus | wirang dèn erang-erangi | dènnya dandani maring wong ||

6. Asmaradana

1. hèh sagung kang samya myarsi | surasaning srat punika | putra wayah ingsun dhewe | aywa nganti kawatdaka | binabar ing wong liya | rèh iki dêdalan kawruh | lothung kinarya ngupaya ||

2. ing ngèlmu ginawa mati | kang patitis tanpa samar | aywa angantêpi kiye | lan malih sira wêlasa | mring mukmin Sala Yoja | ngèlmune akèh kasêbut | anèng kene wijangira ||

3. lamun kongsi krungu kaki | sayêkti dumadi kêmba | trakadhang sêngit mring kowe | saking cingkranging kawruhnya | wirang lamun takona | arsa madoni tan gayuh | wit wus êntèk kawruhira ||

4. wataking mukmin samangkin | lamun kasoring wicara | ing guna myang

--- 38 ---

kasaktène | dadi minggu tan micara | sumambung nora bisa | nêdya urun luwih ewuh | rèh gêpok laranganira ||

5. tôndha nalare sacuwil | wêruhe kalingan netra | muwus kalingan cangkême | mirêng kalingan ing karna | mambu kalingan grana | kêlantur tyase wus kasub | rêjasèng kawruh kang samar ||

6. samare kalingan budi | budi tuna liwat salah | ngukuhi bênêre dhewe | pangrasane tanpa sama | yèn tinakon muridnya | ngèlmu ingkang ewuh-ewuh | cinakra nora pracaya ||

7. sêmu songol amangsuli | yaiku wong mukmin mamak | muk-mukan pêtêng tyas èpèh | lawan malih asring ana | mukmin darbe pêpacak | marang putra wayahipun | tan parêng gêguru liya ||

8. wus têrang tan ana ngèlmi | kang ngungkuli kawruhira | wong liya-liyane goroh | kadhang winastan kêlangkah | mukmin ingkang mangkana | angrasuk budining munyuk | samar lamun kaungkulan ||

9. kuwatir [kuwa...]

--- 39 ---

[...tir] yèn tan pinundhi | tôndha yèn ngèlmune tuna | dene mukmin kang caksanèng | kawruh danurja mulyarja | tan sumêlang kasoran | lamun nyata ngèlmu putus | lir lisah kalawan toya ||

10. kawruh iku pami rukmi | pinêndhêma ing pawuhan | masthi têtela mancorong | yèku atining sujanma | kang putus sandining Hyang | sabarang nora kalimput | padhang ngungkuli baskara ||

11. clorot gêbyaring panganggit | kadya banguning kartika | tumibèng kisma pamine | wruhe sinasaban wuta | labêting kasucian | pintêre kalingan punggung | tan katara sarjanèng rat ||

12. rat jagad kawêngku siji | panjèrèng sasmitaningrat | ngêbêki bumi langite | panggulunge tan katara | wruh ing gusti kawula | wruh rusaking barang wujud | wêruh dadining kaanan ||

13. wruh jumênênging Hyang Luwih | wêruh dadine kawula | pisah-pisah nyatunggal wor | kabengkas nir deyanira | wus tan kacakrabawa |

--- 40 ---

gêgulang ginulung-gulung | gêlênganing tyas sampeka ||

14. kang sawênèh mutangalim | sorah marang muridira | nora awèh atêtakon | kinèn ngukuhi kitabnya | puji dikiring puja | asêmbahyang limang waktu | kewala ingkang cinipta ||

15. rina wêngi puji dhikir | sahadat salat lan jakat | puasa khaji tandhane | yèku pikukuhing Islam | sayêktyantuk ganjaran | nora awèh anggêguru | takon marang wong sarjana ||

16. tansah ngukuhi pamuji | puji kang katur Hyang Suksma | sadat salat sadinane | bakal tanggung karusakan | ing dunya trus ngakherat | yèku wong kêpaung wuwus | dadi wis nora waspada ||

17. sadarpa ewuh wong muji | pujine katur mring sapa | priye dènnya ngaturake | lamun wong kang wicaksana | tan mangran basa swara | swaraning Allah puniku | sayêkti nora pracaya ||

18. sandining Hyang nuksmèng wadi | lamun durung kanyataan |

--- 41 ---

tandhaning asma kapriye | saèstu bangêt tan gêga | yèn durung têtela trang | trange kang sinêmbah iku | binatalakên kewala ||

19. ana manèh santri nisthip | wêwarah mring muridira | sadat salat datan awèh | rèh wus salat sadurungnya | wus pasa sadurungnya | yaiku santri kêpaung | salah ucape kiyanat ||

20. iku wong ngukuhi pikir | osiking angên-angênnya | awit dhisiki tandhane | kang sêmbahyang iku Allah | kang akon iku Allah | janma kang mangkono gêmblung | muyab atine kêtriwal ||

21. hèh ta sagung para murid | wêkas ingsun poma-poma | ywa sira ngucap mangkono | iku setan sipat janma | mamak tan wruh ing tata | nadyan sira nora sujud | tan puasa ywa mangkana ||

22. wong ngrusak sarengat nabi | anglêbur tataning praja | kang wus kanggo salawase | ywa darbe tekat mangkana | ing lesan lan wardaya |

--- 42 ---

wong nalare mung sadumuk | iku anggèr dèn waspada ||

23. lan malih sun sring udani | ujaring wong jaman kuna | maksih dèn anggit saprene | kaya ta wong kang pracaya | ing barang kaelokan | pracaya ing kayu watu | patilasan jaman kuna ||

24. akèh bae wong samyangling | kaya ta jêng nabi duta | Mukhamad ingkang kinaot | mangkya maksih nèng sawarga | ngêntèni kawulanya | yèku ujar wong kêpaung | sasat baung ing wanarga ||

25. ana manèh jaman iki | Kangjêng Sunan Kalijaga | maksih mriyanghyang uripe | akèh kang ngaku kêpanggya | gadhung srêban jubahnya | kang sawênèh ngagêm wulung | jaman makam tan pratela ||

26. trakadhang ana wong mukmin | ujar pinusthi pratignya | luwih kêncêng panganggêpe | Ratu Kidul maksih ana | jin pri prayangan setan | gandarwa santeronipun | iku ujare wong samar ||

27. yèn wong waskitha ing wèsthi | nora [no...]

--- 43 ---

[...ra] samar kaelokan | masthèkkên dening kawruhe | yèn dinulu nora ana | jin pri prayangan setan | gunung-gunung guwa samun | tan ana sawiji apa ||

28. wong ahli rasa sêjati | tan nyakrabawa kang sonya | wit pôncadriya jinèrèng | wruh ing ganal-ganal lêmbat | cakraning tyas klantipan | ing mangke ratuning tamtu | jin setan pêri tan ana ||

29. mung kandhêg bêbasan kidib | goroh tyase wong kasasar | kêlantur kuna-kunane | kongsi praptèng jaman mangkya | maksih akèh wong buda | sipating manuswa cukup | ananging sasat gupala ||

30. candhi sèwu ngapit margi | mung bedane darbe krêkat | yèn mangkono tunggak grawonggrowong (dan di tempat lain). | ing jêro isi canthuka | tan pisan nyipta padhang | pêtêng tyase nyamut limut | dudu patraping manuswa ||

31. dene kang panggalih wêning | jin setan sipat manuswa | kuna praptane samangke | kang mitênah mring sasama | tan liya padha

--- 44 ---

bôngsa | sêngit trêsna witing laku | ing kono lah rasakêna ||

32. yèn maksih pracayèng kidip | barang cukup ingkang mokal | dèn anggêp lir wêruh dhewe | iku wong atine sasar | klantur-lantur katriwal | mumuk pêtêngnya tinutup | pôncadriyane priyôngga ||

33. sajatine pikir silip | angên-angên kang balasar | klèru tômpa panampane | wus mangkono yèn wong buda | sanadyan dèn jujua | ing ngèlmu kang mêmêt nyamut | yêkti anasar kewala ||

34. lamun wong tuna ing budi | malah nyimpang saking padhang | mring pêpêtêng pangancame | gugu crita ngayawara | kang dèn anggêp sanyata | nanging nyatane nora wruh | iku wong pikire tuna ||

35. yèn mangkono tanpa kardi | ngèlmu Ngarab praptèng Jawa | kitab Kuran sasamine | winêdhar ing wali sanga | dalil asung pratela | jarwa-jarwa mrih nênuntun | mring manuswa punggung mudha ||

36. nanging kèh kaliru uning | tekate dudu [du...]

--- 45 ---

[...du] manuswa | klaut ing jaman samangke | kapulêt mulêt ing jajal | jin setan nora uwal | iyèku atining manus | kang durung pratamèng sastra ||

37. akèh wong kang bisa nulis | ngaji sastra Jawa Ngarab | arang kang bisa cumanthèl | awit katarik ing tekat | mring bôngsa kaelokan | lah iku margane klèru | saka kawruhe priyôngga ||

7. Mijil

1. ingsun uwis mlaya jajah bumi | ngalor ngidul ngulon | ngetan têpung tanah Jawa kiye | muruhita para wêgig-wêgig | lir critèngsun kang wis | para guru-guru ||

2. amêmijang lir patraping jajil | kêkutug kang elok | asêsaji barang rupa sajèn | pambengating ngèlmu tanpa saksi | sinaksèn ing ati | ati kang kalantur ||

3. lamun guru tanah Panaragi | kang pinusthèng batos | manêmbah ring Hyang Suksma patrape | dèn tangisi rina lawan wêngi | mring sawarga adi | akiring tumuwuh ||

4. amuwuhi [a...]

--- 46 ---

[...muwuhi] rêribêding pikir | kang tansah sumêdhot | rina wêngi klèru mangancame | mêmagani sir ingkang nalisir | nora ana dèn sir | sucipta kajumbuh ||

5. nèng Pacitan sun wus amêmurid | winêjang trap layon | ngèlmu nakis bandiyah arane | pamawase saka puji dikir | pinanjingkên maring | sajroning sastra hu ||

6. ingkang kongsi wuru ciptèng batin | batine mancorong | swarga nraka yêkti katon kabèh | nadyan para lêluhur ingkang wis | katon lir wong ngimpi | ngakherat nèng ngriku ||

7. marma wong kang panganggitnya tipis | yèn mêntas wruh jontong | jêtung ngungun ing kanyataane | akèh para udrasa luh mijil | siksaning Hyang Widi | kang katon nèng ngriku ||

8. dadya kêncêng pamusêng pambudi | ngadèkkên lêlakon | sêtya wardayasmu panganggite | patrap ingkang mangkonèku kaki | lanating Hyang Widi | dalil nora nutur ||

9. kasasaring cipta riptèng pikir | pikire [pi...]

--- 47 ---

[...kire] wong jomblo | duga prayogane mung sapele | dadi mathêm mantêpe ing ati | tan wruh ati titis | pracayèng pangridhu ||

10. ridhuning wong tumitah nèng bumi | ingkang elok-elok | mokal-mokal dayaning ciptane | cipta culika ngêculkên wadi | dadi wit piningit | sinêngguh nèng ngriku ||

11. barang apa ingkang elok prapti | gya pinusthi katon | lah ing kono pikirên dayane | yèn wus wêruh pikirên kang brêsih | tintingên kang ênting | wong sinau putus ||

12. tumulyèngsun anggêguru malih | ngèlmu kang sajatos | Bêndhadhampit ing padhukuhane | tanah Blitar wus kasusrèng warti | titining pangèksi | niskaraning ngèlmu ||

13. malêm Jumungah winêjang ênting | winruhkên trap goroh | Allah Mukhamad nèng netra karo | rasulullah rasa kang sajati | jatine umanjing | jroning netra nêmu ||

14. ngalam jêmbar kababar ring wiji | cukul langgêng awor | Allah

--- 48 ---

Mukhamad langgêng wujude | anèng kono langgêng tanpantawis | sinasaban puji | salat karya sintru ||

15. nuli ngalih anggêguru malih | ngèlmu traping maot | anèng nagri Kadhiri winalèh | ing sasmita kang bakal pinanggih | dunya praptèng ngakir | gya kinèn andulu ||

16. wayanganing janma kang kaèksi | putih amancorong | nora siwah ing salagehane | lir kang darbe wayangan tan slisir | sanyata kaèksi | dèn anggêp Hyang Agung ||

17. yèn wus wêruh kang mangkono pasthi | bênêr sirnanyanjog | ring kamuksan langgêng salamine | wusnya trang sun luru guru malih | antuk sawiji wig | ing Maglaran dhusun ||

18. gya winêjang kinèn aningali | rupa kang mancorong | kadya wulan purnama tandhane | jroning guling kaèksi lir ngimpi | ngimpi dudu ngimpi | iku maksih luput ||

19. awit angên-angên kang ningali | warna kang mangkono | tôndha durung lunga saka kene | sigra [si...]

--- 49 ---

[...gra] ngalih malih gurunadi | nèng gêmbong umanggih | guru tamèng kewuh ||

20. tanpa tutur pamêjange gaib | mung kanthi pasêmon | kadadyaning manuswa akire | tibèng suwung mêngko ana jati | mratani sabumi | iku kinèn luru ||

21. iya iku barat kang nrambahi | bumi saantero | napasing wong iku sajatine | asal saka angin dadi angin | kang bakal pinanggih | lirnya manjing suwung ||

22. suwung wangwung wuluh wungwang isi | napas angining wong | ywa pracaya ngèlmu kang mangkono | padha lawan agama Sarani | sabên Ngahat manjing | greja Yesus Kristus ||

23. minta jêmbar kubure yèn mati | lêpas parannya doh | iku desa Ngara panggonane | Majakarta araning nagari | mèh lumrah wong Jawi | Ngisa gama luhung ||

24. kang mangkono iku datan yukti | wiranging lêlakon | nora wêruh agamane dhewe | ngèlmu apa bae anjarwani | ingkang dakik-dakik |

--- 50 ---

lêmbut mêmêt nyamut ||

25. saking angèle agama Nabi | Mukhamad kinaot | dining kanang pangolah yodane | jatha antayaning kwula gusti | wit urip mring pati | titi têmah jumbuh ||

26. anaksèni bisa dadi saksi | ring kawruh kinaot | wong maguru dadi guru dhewe | Kangjêng Nabi Mukhamad Sayidin | mustapa sinêlir | para manuswa nung ||

27. nung winênang atine awêning | jêng nabi sêtyandon | tan kacakrabawa pasêmone | janma mangke kang angaku nabi | bisaa mangirib | kadibyan ingkang wus ||

28. nyataning Mukhamad luwih sungil | angèling lêlakon | nora awèh yèn durung pratamèng | gampang wong kang ngaku aran nabi | lirnya nabi wêning | wênang jèrèng êjum ||

29. mim awal sirah ake ing dhadhèki |Lebih satu suku kata: mim awal sirah anèng dhadhèki. mim akir wudêl wong | dal sukune kewala tan angèl | sêdene ros rasane Hyang Widi | gampang bae kaki | sabên bocah kèh wruh ||

30. lah kapriye patraping

--- 51 ---

pangèsthi | tirta nirmayanjog | jaman muksa mênyangdi parane | jaman urip kinarya punapi | patine nyang ngêndi | apa sababipun ||

31. pêpujanên kang kanthi prihatin | patraping lêlakon | wajib wênang sira kinèn golèk | rèhning wong urip jodhone pati | tan kêna sumingkir | tumêmpuh ing idhup ||

32. kaya priye adhêping patitis | janma sura tanggon | ngênggon-goni ing sakanparane | myang antara kapundhi kapusthi | yèn wus kroban saksi | sanyataning laku ||

33. sun wus manjing guru tanah pasir | ngèlmune kacriyos | sadat sakarat ing pamêjange | wijang-wijanging sawiji-wiji | lailla illahi | dununging palungguh ||

34. riningkêsing jumbuh kumpul siji | umanjing mring jêro | lawan ana tôndha ingkang katon | nèng jro carmin pangiloning warni | binuwang kaca nir | maksih lu-dinulu ||

35. iku maksih kuwur wor ijajil | jajalanat melok | nuli ana [a...]

--- 52 ---

[...na] wong pratama manèh | tanah Clacap desa Jêruklêgi | pamariding ngèlmi | dakik sêngguh nyamut ||

36. mêmêt umêting Mukhamad Nabi | sajatining uwong | nyang dat sipat asma apêngale | lirnya kang dat angên-angên batin | sipat wujud janmi | asma araning hu ||

37. apngal panggawening lair batin | batine Hyang Manon | napasing wong dèn upamèkake | kêmladhehan nunut anguwati | pamêjangnya rêmit | thuk-thuk adu bathuk ||

38. larangane kang winanti-wanti | tan kêna kacriyos | kudu uluk salam salamête | warna-warna jroning tanah Jawi | akèh kang anyami | ing pêpacuhipun ||

8. PocungTeks asli: Pucung.

1. sun galuyur murang marga luru-luru | sampurnaning gêsang | miwah sampurnaning pati | kaya priye trape kang pinujyèng taya ||

2. nuli nêmu nèng Pakalongan wong putus | wêwêjanganira | laillaha ilallahi | wusnya kawin nulya nglunturkên wasita ||

--- 53 ---

3. kang tinutur pralambang patraping ngèlmu | mangkana bukanya | kang kinarya nomêr siji | randhualas mrambat witing kêsèmbukan ||

4. iya iku raganing wong pami randhu | napase sèmbukan | uripe manuswa iki | saking napas lêbu wêtune pinuja ||

5. malihipun nomêr ro ingkang tinutur | cebol gayuh lintang | lumpuh angidêri bumi | iya iku dayaning pikir manuswa ||

6. tunggal wujud angên-angên siring kalbu | pratandhane ana | manuswa lungguh nèng ngriki | pikir bisa mubêng anjajah nagara ||

7. nomêr têlu winijang-wijang tinutur | uga linambangan | ugêt-ugêt nguntal bumi | iya iku babaring pancêring netra ||

8. dene lamun nêdya manyatakkên kawruh | wuwuhing sampurna | kudu wruh kanthaning pati | nuli ingsun binungkêm dalaning napas ||

9. sru tinutup dêdalan wêruh ing maut | patraping palastra | napas nora kêna mijil | lah ta iku rasane luwih rêkasa ||

--- 54 ---

10. rèhning ingsun wong bodho cêguk truwilun | bangêt sèwu nrima | ngunguning tyas trima kasih | sun rumôngsa rêjasèng sih suksmantaya ||

11. pangrasaku dulu tan liya kang dulu | kulunging wardaya | narambahi budi mlêtik | nora wêruh ngèlmu buda kang katriwal ||

12. tan pakantuk yaiku guru kêtawur | yèn wong kang wus pana | nadyan angicipi pati | kang patitis tan mangkono patrapira ||

13. Kuran nutur wataksimuka billahu | wardine mangkana | hèh janma kang ngati-ati | padha sira ngrêksaa talining Allah ||

14. kale iku napas tinutup tan mêtu | yêkti nora kêna | dadi têtêp ran wong musrik | tan prayoga guruning pêri prayangan ||

15. yèn wong putus sandining Hyang tan kalimput | sampurnaning pêjah | tan sudi mamèt puniki | yèn wong mati gurune janma pralaya ||

16. yèn wong idhup magurua janma idhup | adhêping agêsang | kasangsang madyaning bumi |

--- 55 ---

amijèni mring putra wayah tumêrah ||

17. rèh kacakup cangcut kyat cakêp kang cukup | pamêdharing ganal | nyamut lêmbut wus kapusthi | pasthi pêdhot sasmita kawruh sampeka ||

18. wêweka gung kagêlêng dadi gumulung | lêkaning agêsang | miwah manising pambudi | dadi daya tarbukaning tyas kang samar ||

19. luwih ewuh dêdalane wong tumuwuh | mrih wuwuh ing rasa | rasaning jagad binudi | Jawa Ngarab ginulêt titi tur padha ||

20. kang dadi wus wasesa sêmune luhur | bayan Allah têrah | mratandhani kèhing urip | urip iku dayaning sasmitaning rat ||

21. musthika gung ing dunya tanna kadulu | mratani kaanan | amung manuswa kang luwih | iya iku sèwu nugraha mawantah ||

22. marmanipun bagus dudu rupa wangun | mung tôndha kang nyata | padhanging ati nrambahi | ing wicara kang wus carêm liring limpad ||

23. sukur bagus rupa myang wicara wangun | ngèlmu kasusastran | Jawa Ngarab kang patitis | myang

--- 56 ---

sandining tulis basukining basa ||

24. mangkya wangsul mangsuli laku galuyur | braung jajah praja | angupaya ngèlmu jati | jatining wong kabutuh tan mêngku drajad ||

25. amung lothung tinimbang dadi wong gêmblung | padune wus kalah | kinarya narimèng pasthi | rèh pêpasthèn dinulu nora pratela ||

26. ngulon nurut saking Pakalongan têrus | sarwi nungsung warta | angupaya ngulama wig | dupi prapta dhusun Tanjung bawah Têgal ||

27. sun angrungu ana sajuga wong putus | tatas kawruhnya trang | nuli sun maguru ngabdi | amêminta lumunturing kang wasita ||

28. anèng ngriku kongsi antuk tigang tèngsu | rèh tanpa prabeya | marma kalampahan ngabdi | saking wêlas tumulyantuk kawêlasan ||

29. kang tinutur patrap pratikêling lampus | aran panêngêran | kapriksa sajroning urip | kurang patang puluh dina wus pratela ||

30. iya iku nèng tutuk panggonanipun | palênggahan rasa |

--- 57 ---

kalamun wus nora kêri | kurang patang puluh dina praptèng môngsa ||

31. kurang pitung ari kinèn andêdulu | wus tan kôntha warna | têlung dina kulit daging | tan kumrisik lamun wus kurang sadina ||

32. napas mlêbu mêtu asrêp kewala wus | cupêting agêsang | nulyana rupa sajati | cahya lêmbut sarambut kèksi ing ngarsa ||

33. pêcatipun nyawa saking jêmpol suku | munggah mring gêlangan | nêmu regol dèn arani | nganti lawang sapta trus munggah ing utak ||

34. nuli nêmu rêrupan kang gumun-gumun | ing kono kapanggya | lawan Hyang kang murbèng bumi | kôntha warna lir rupaningsun priyôngga ||

35. glis lumêbu mring kôntha ingkang kadulu | yèn wus nuksmèng kana | nulya jumênêng narpati | iya iku goning sawarga kang mulya ||

36. bakin têrus urip nora kênèng lampus | enak tanpantara | dèn arani sipat kadim | lirnya kadim badan alus mêngku sipat ||

37. mangkonèku guru lilung tanpa

--- 58 ---

kusur | kalèru ing tekat | tur nora bisa naksèni | datan wêruh iku agama Sangkrêta ||

38. têgêsipun Sangkrêta têmbung wong Hindhu | mangkono tekatnya | dhasar sun wus minta wangsit | nèng Batawi anggêguru wong Turkistan ||

39. kacèk têmbung maksih basane wong Hindhu | mèmpêr kawi jarwa | dene Kyai Tanjung nguni | mung bedane tolêk têmbunge wong Ngarab ||

40. dadi luhur akèh wong ingkang sumungsung | tur dèn alêmbana | pribadi sangsaya wingit | pangakune saking Crêbon Kangjêng Sunan ||

41. jamanipun wali têtinggalan iku | maksih rupa derah | binuntêl sap pitu putih | kinutugan ing dupa sabên Jumungah ||

42. nêmbah jumbuh lir brahala sru mabungkuh | kukuh adhêping tyas | yèn siswadi ambêg julig | nora sudi nadyan Kuran tan sinêmbah ||

43. wit mituhu têmbunging kitab pêpacuh | tan kalilan nêmbah | rêrupan liyaning rabil | ngalamina ingkang kak wujuding Suksma ||

--- 59 ---

44. nulya ingsun anèng Batawi kapranggul | gurune wong kalap | gama Kristên kitab Injil | sun mruhita trap pratikêling sampurna ||

45. tan sinung wruh mung kinèn madhêp kang sujud | nora sah ing kajat | jatining kawula gusti | manuswa gung kabèh putrane Hyang Suksma ||

46. kang sumêngkut angênggon-goni kang jumbuh | ngaku Nabi Ngisa | rohullah kang mêngku urip | iya iku angên-angên lawan napas ||

47. kang mangèstu ing benjang masthi katêmu | Kangjêng Nabi Ngisa | sayêktine maksih nganti | kawulane anèng sawarga kasapta ||

48. iya iku wong kabêntur têmbung bagus | Injil crita mulya | kang dèn prêtal têmbung Jawi | luwês dhèmês Tuwan Wintêr Surakarta ||

49. ingkang bagus luwih rarêngganing bagus | mulya di utama | kang mêmêlas ngasih-asih | singa mulat wong Jawa akèh kagiwang ||

50. nora wêruh pêtêng atine kalimput | mêpêting tyas mamak | muk-mukan tan darbe

--- 60 ---

pikir | kira-kira lan panyanane katriwal ||

51. wong Jawa gung ing Batawi samya nungsung | salin sêsêmbahan | manut tataning Sêrani | malbèng grija manêmbah arêp-arêpan ||

52. kang sinêngguh Nabi Ngisa maksih idhup | iku dadi tôndha | lilung klalanganing pikir | wirang isin wong Jawa salin agama ||

53. gamanipun Ngarab pribadi tan wêruh | gayuh gama liya | suprandene dèn antêpi | wus prasasat wong Ngara ing Majakarta ||

9. Pangkur

1. wong Kristên agama Ngisa | tanah Jawa tekate kèh ngantêpi | kèlu crita èdi nyamut | pangrasane têtela | ing Batawi Samarang Surabaya gung | Pasuruan Sidaarja | ing Malang tuwin Kadhiri ||

2. desa Gombong tanah Ngroma | tuwa anom lanang wadon mèstuti | mring Injil pituturipun | ingkang luwih sampeka | anyukupi urip praptèng patinipun | yèn gunêman amacithat | nênacad amêmoyoki ||

--- 61 ---

3. marang agama Mukhamad | kang mangkono iku datan prayogi | awit ing sayêktinipun | sakabèhing agama | nora ana ingkang ala ingkang bagus | de anggêpe bôngsa Islam | tan ana ingkang ngungkuli ||

4. agama nayakaningrat | Kangjêng Nabi Mukhamad kang sinêlir | nganggit Kuran kang dhumawuh | dadi umuling kitab | pira-pira kawruh ingkang bagus-bagus | ngêncêngakên marang tekat | ala bêcik dèn kukuhi ||

5. pangudining sakanparan | kauripan kang jumbuh tur pinardi | sinajarwa winawuruk | kadadyaning tumitah | angawruhi sabarang rèh kang gumulung | gêlênganing tyas narawang | goroh yêkti kanthi saksi ||

6. nèng Batawi sun marwita | mring wong Cina panêngran Bah Biksui | winruhkên kawruh kang jêntus | panggonane Kang Murba | dununge nèng ngisor bumi kang kapitu | iyèku Allahing Cina | ajêjuluk Kok Hong Sangti ||

7. pardikane kinawasa | kang masesa sèsining

--- 62 ---

buwana di | yèn pinuju muji jumbuh | sayêktyasmu pratela | nèng paprêman lir manuswa sipatipun | de lungguhnya kang sanyata | anèng manik netra kalih ||

8. iku ingkang jinalukan | rina wêngi kang mathênthêng ing ati | yêkti apa kang kinasdu | ing dunya trus ngakirat | pasthi nêmu sabarang rèh tekatipun | mangkono patraping Cina | tan beda sujud ring Widi ||

9. akèh-akèh pituturnya | mokal-mokal tan kasêbut nèng ngriki | dene rêringkêsanipun | wong ulah ngèlmu Cina | kang wus pana sajroning limalas taun | bisa bali marang dunya | tumitis marang bêbayi ||

10. sun malih têrus ngupaya | sampurnaning pati ingkang patitis | nèng Cikandhi raning dhusun | bawah ing kutha Serang | yèn ing kono ana wong kacrita putus | tumulya sun muruhita | wanci ratri sinung wangsit ||

11. winêjang ing têmbung Ngarab | sahadat lailaha ilallahi | waanahu mukhamadun | rasulullah [rasulu...]

--- 63 ---

[...llah] mustapa | linungguhkên sastrane sajuru-juru | anèng badaning manuswa | luwih dakik gaib-gaib ||

12. ngèlmu sarengat tarekat | kakekat lan makripating palinggih | suku wudêl dhadha têrus | rêsik brêsih sabadan | asal-asal mulabukane tinutur | miwah akiring tumitah | manjing ing sawarga nangim ||

13. nuli araning sagara | linungguhkên anèng badan sakalir | kaya ta usus puniku | uga aran sagara | winastanan sagara rante puniku | gigir winastan sagara | agêng ingkang tanpa têpi ||

14. jantung ingaran Madinah | Betalmakmur ing Mêkah kang palinggih | iyèku anèng sastra hu | lan malih sinajarwan | surya wulan sumuruping netranipun | de putih irênging netra | dadi rina lawan wêngi ||

15. saking cupêting tyas ingwang | sru narima suka sukur ring Gusti | pungun-pungun gêtun ngungun | ngangsêg mantêping driya | pangrasèngsun ngèlmu lêmbut mêmêt nyamut | wruh umêtnya mim Mukhamad |

--- 64 ---

tablège pratisthèng jisim ||

16. rumôngsa rêjasèng tingal | salulut sih gusti kalawan dasih | mathêm mathênthênging kalbu | musthi ring suksmantaya | malêtiking jatha tan rumôngsa manus | ambêg Sang Sèh Sitijênar | tan wruh yèn agama kang wis ||

17. yèku agama pakuwan | Hyang Brahma kang baboni amiwiti | uga buda jamanipun | luhurnya praptèng mangkya | sinalinan têmbung Ngarab kang kalaku | jaman agama Mukhamad | mèt kitab sakaning kidib ||

18. supayèku ginugua | sajatine tapsir awalnya sêpi | suwung kabèh nora nutur | yaiku ngèlmu karang | pardikane karang anggitaning manus | nutur ngèlmune wong buda | dèn lih têmbunging Ngarabi ||

19. angelokkên ing pangucap | supayane nyalini gama kang wis | sajatine nora santun | maksih gandhulan kuna | ngèlmu budawaka kang maksih linantur | lêlurine kakèk moyang | dèn kêncêngi praptèng pati ||

20. akèh [a...]

--- 65 ---

[...kèh] wong Jawa mangkana | para guru para murid tan slisir | ambêg cakêp putus cukup | ing ngèlmu kasampurnan | satêmêne wong mangkono maksih linglung | ngênglêng lir wong kalanglangan | pikir pinêtêngan pati ||

21. prandene akèh wong prapta | anggêgulang kalanggênganing akir | kira-kirane kadaut | sulaping tyas kang samar | ngawur nasar sasaran sruwa kaliru | wus mangkono salaminya | janma kang nora patitis ||

22. dalan patitising cipta | wit kaliru kajurang-jurang margi | muk-mukan tur nyanuk-nyanuk | butêng prasasat ayam | nucuk jagung nèng conthongan manthuk-manthuk | tharathakan tan wruh marga | wutane prakara pati ||

23. wong wuta nadyan wêruha | tan pratela sajatine kang gaib | prayoga ingkang gêguru | ing tyas kawicaksanan | rèh wus ganêp manuswa sipat rongpuluh | yèn sinau pasthi bisa | ngulah sasmita lêlungit ||

24. jroning pikirira

--- 66 ---

ana | ngèlmu apa bae kang luwih-luwih | nanging kang pratamèng kewuh | ywa ge sira pracaya | saksènana ing panimbang myang panggayuh | tingtingên sarining rasa | rasane tumitah urip ||

25. sasmita kawruh sanyata | lan panganggit kang titi kang patitis | ywa tinggal sabarang guru | gunême pra ngulama | jaman mangke akèh kang nglakokkên palsu | wit kèhing ngèlmu gumêlar | gumrudug akèh mèstuti ||

26. kang akèh para ngulama | amêmulang mring para anak murid | yèn maksih anyar ki guru | mêmijang tanpa sarat | mung rasulan lan mori sakwasanipun | yèn wus dadi jaran kepang | jathilan ngupaya dhuwit ||

27. gya nganggo sri kawin sêmat | wis mangkono paguron yèn wus dadi | laris manglaras mêmuruk | mundhut arta busana | angarani ing pamrih wêtuning bujuk | wahyaning pokil pitênah | marma sagung wong bèrbudi ||

28. layang iki takokêna | aja merang isin ngèlmu

--- 67 ---

dèn cupi | cinupan gandhulanipun | larangan kang pinuja | salawase ana ing kene kasêbut | mung padha mamriha tambah | sagung kang maca miyarsi ||

29. lumembak balabar wutah | lembak-lembak sarèhning wadhah cilik | rupêk ciyut mawut-mawut | prayoga dèn pasanga | tanggaping tyas pandulu pamyarsanipun | mung lothung aywa sumêlang | gêgandhulaning patitis ||

30. binabar ring kene aja | uwas watir nir-niran tyasmu isin | murih jêmbaring panggayuh | ngayah mangayuh yoda | yêkti dadi sarjanambêg putus ngèlmu | kasampurnaning agêsang | sakanparaning patitis ||

31. titising kawruh narawang | wêwangunaning ngèlmu kang tininting | ênting tan ana kadulu | luluh lêbur sinôngga | kang wus mathêm ing tekat miwah ing laku | kukuh kuwating pamudya | mudyastuti ing pamardi ||

32. wus nora kêna kasoran | kawruh iki mung siji kang ngungkuli | arta kang pratamèng lêmbut | saliyane punika | nora [no...]

--- 68 ---

[...ra] keguh sarambut pinara sèwu | mung tinimbang karo mlarat | bêcik ingkang sugih ngèlmi ||

10. Maskumambang

1. ing wilapa kumambang gatining tulis | tulus panêdyanya | manuswa kanggonan budi | daya karsa beda-beda ||

2. nandhing milih mangayuh budi malêtik | mamrih wicaksana | kang ewuh lêmbut pinikir | kira-kirane kang nyata ||

3. ngakal-akal cukuling kagunan mijil | ing pangrekadaya | kang kanthi saksi nastiti | angèl wong tumitah gêsang ||

4. luwih gampang wong mikir laraping pati | wus pasthi sampurna | sadaya anyaring bumi | ing kono lah rasakêna ||

5. kang tumancêp ing driya panggalih wêning | ning kang wus winênang | nêtêpi uning ananing | anune kang wus pratignya ||

6. lawan malih pikirên kang masthi kenging | jumênênging Allah | nora dumunung ing langit | tan dumunung awang-awang ||

7. tan dumunung ana sajêroning jisim | tan dumunung jaba | kale kak wujudullahi | têmbunging [têmbung...]

--- 69 ---

[...ing] lapal mangkana ||

8. wa ama burhanu wujudulillahi | pokudulul ngalam | têgêse tandhaning Gusti | môngka anyaring ngalam bat ||

9. lirnya ngalam sabên maujud kang kèksi | sinipatan ngaral | tagayur kang owah gingsir | mung Allah ingkang kadiman ||

10. môngka ngalam iku kudu nganggo nganti | têtêping anyarnya | patang prakara kang dhihin | isbatu jais têtêpnya ||

11. kaping pindho anyare kang dèn kawruhi | kaping tri kang mokal | anyaring ngalam sakalir | ping catur tanpa wiwitan ||

12. sayêktine dunya puniki tanpa wit | bumi langit lintang | surya wulan kang kaèksi | sadaya saking manuswa ||

13. lire saking manuswa ingkang akardi | sagunging kaanan | kalamun manuswa sêpi | sayêkti tan darbe aran ||

14. lah ta poma pikirên prakara iki | supaya tyas padhang | bisa maratani bumi | atining siswa kang têrang ||

15. wus tan samar tanpa kira-kiranya nir |

--- 70 ---

tan kacakrabawa | nora methok nora miring | iku sandining bawana ||

16. manuswa gung sadaya sakaning bayi | datan darbe karsa | tan mosik nora mêmuji | nadyan Allah durung ana ||

17. barêng praptèng môngsa ran isbatul jais | bisa nêbut nama- | ning Allah kang murbèng bumi | tiru-tiru saka liya ||

18. luwih mokal luwih gaib luwih sungil | nanging sèwu gampang | wong ulah laraping pati | pati saking sakanira ||

19. marma sagung putra wayah sun prih wêgig | mumpung maksih gêsang | sirnakna mamanging ati | kapriye trapmu mêmuja ||

20. yèn wus mati tan bisa sira mijèni | putra wayah wuntat | aywa kalantur lir kang wis | balasar kajurang-jurang ||

21. ngèlmu dudu dèn antêpi dèn pêpundhi | tur kanthi kêthokan | gulu ayam babon putih | karêmaning rasulullah ||

22. bêgja têmên wong kang bisa anglakoni | apa nora wirang | mêmulang mring anak murid |

--- 71 ---

yèn kawêlèh ing sarjana ||

23. wong kang putus tan bisa sung patrap pati | tan bisa mêmulang | ngèlmu kang tan nganggo saksi | agung katêmpuh ing wirang ||

24. ywa mangkono wong ulah sasmita gaib | kudu kang ajajah | sarining kawruh kang suci | kasabêt ing kanyataan ||

25. jaman iki mulya di akèh janma wig | akèh sarjanèng rat | wong kang mangulah patitis | ywa lonyo sabarang wulang ||

26. nora gampang amêmuruk marang murid | kaki bokmanawa | katanggor janma kang luwih | wusanane kathetheran ||

27. calurutan guru tinon lir thok rani | cangkêm kacêmutan | yayah palwaga dèn misri | sun wus tau kasusahan ||

28. sun mêmijang mring sarjana putus wèsthi | tan wruh yèn wong pana | nuli sun binudi-budi | tinakonan kang sanyata ||

29. dadi mênêng ingsun tan bisa mangsuli | têmah kawanguran | nora bisa sung patitis | sun iki nêdya têtanya ||

30. wêkasane

--- 72 ---

kêlantur bodhoku dadi | guru garagapan | mêmagan kawruh tan yukti | awit tan gêlêm kasoran ||

31. marma sagung putra wayah kang nitèni | yèn ana sujanma | sêmu putus liring ngèlmi | aywa isin muruhita ||

11. Dhandhanggula

1. nuli ingsun saking Serang bali | mring Batawi nêdya muruhita | ngèlmu kasidan patrape | antuk warta saèstu | kampung Krukut jêjuluk Sayid | Odrus putrèng ajêmam | kramat ingkang kasup | tumulyèngsun puruhita | tan alami nênuwun lumunturing sih | sampurnaning kasidan ||

2. sidaning wong tumitah nèng bumi | urip iku jodhone palastra | sabên ri kalong nyawane | tan wêruh kantunipun | sapira yèn maksih taruni | tan pisan nyipta pêjah | wusnya praptèng sêpuh | sabên dina gung sumêlang | awit jisim anyar luwase mrêpêki | anggege pulang kandhang ||

3. pikir mupus-mupus mêksa mapit | sumpêging

--- 73 ---

driya aninggal dunya | yèn tinaria patine | saèstu matur nuwun | mopo awit sênênging ati | gumêlaring rat dunya | lumyat wayah sunu | kulawarga wôngsa-wôngsa | wus mangkono wong aras-arasên mati | aja manèh manuswa ||

4. nadyan kewan kang tan wruh ing pati | yèn katêmpuh lara kasangsaran | sikil pincang dhèngklèh-dhèngklèh | suprandene lumayu | golèk urip andhêlik-dhêlik | yèn mangkono pra sipat | ingkang kayat kayun | tan gêlêm katêkan pêjah | marma sagung sarjana kang mamrês budi | budinên traping muksa ||

5. kang supaya tan sumlang ing pati | wong sumêlang durung trang pamawas | marang laraping patine | anaa ingkang wêruh | mèt wêwarah guru kang urip | iku durung pratela | pati kang satuhu | tuhu-tuhuning pralaya | pati iku rumakêt sajroning urip | nyirnakkên was sumêlang ||

6. mêlang-mêlang wong kang durung uning | tansah kacakra panggonan benjang | nêmu

--- 74 ---

swarga sawarêge | ananging durung tau | anglakoni panggawe pati | lamun janma kang pana | pramanêm kang durung | awit saking dening nyata | anggêguru marang janma kang wus mati | dadi tan ngayawara ||

7. wusnya sun matur mring Tuwan Sayid | gya winêjang wijanging sasmita | kang nyamut mêmêt umête | ing kene tan kasêbut | awit walèh mêlèhkên kidip | manawa kawadaka | wêwijanganipun | salah tampane kang tômpa | tan prayoga nguculi ngèlmu ingkang wis | manawa kathetheran ||

8. kang wus klantur ngèlmu nguni-uni | yèn kawiyak kawruh kang sanyata | isin nampik gandhulane | wus mangkono pra guru | sêsênêngan dupi wruhnyanting | tininting tèk-êntekan | nèng kene kasêbut | dadi mothok lir pathokan | nora kongkih tur ing batin mikir-mikir | anggayuh saya tuna ||

9. amila wong gêguru yun luwih | kaluwihan ngèlmu kang sampurna | lir Sayid Odrus sajare |

--- 75 ---

pinapajar jinuju | purwa madya wusana ngênting | mangulah rêjasèng tyas | ingkang tyas wus kasub | jumbuh pamusthining nala | lêlèjêming kakekat makripat tunggil | tarekat lan sarengat ||

10. sipat-sipating badan sakalir | dayaning tyas kang mokal kang nyata | saka saksi-saksi kabèh | kiniyas tanpa catur | yèn jinèrèng ngêbêki bumi | asal usule gumlar | mêlar malar kaglung | gêgulanganing pranyata | nyataning dat sajati pinundhi-pundhi | nora kinayangapa ||

11. susêtyaning tyas ngêningkên wadi | sandining sasmita ngèlmu rasa | sandining urip pratamèng | pathinira saka glung | kulunging tyas sêmu mantêsi | sandining puji puja | pujining tumuwuh | tumuwuhing budi tama | tamèng sandi janma tumitah nèng bumi | sayogya mèt budyarja ||

12. arjaning wong tumitah kang wêgig | mumpuni rèh pangulahing gêsang | kusung-kusung pamusênge | wiging sasmita kenyut | nganyut tuwuh jodhoning pati | pati titising [titi...]

--- 76 ---

[...sing] cipta | tôndha saksine trus | nrusi ngèngrènganing warah | ngarah-arah anon tuhoning pangèksi | mèdêming tyas narawang ||

13. wong wus carêm sandining suksma di | myang sandining rasa myang Mukhamad | datan pinikir nyatane | kang pinikir pinikut | lakuning wong marcapada wig | wignaning pôncadriya | pangambu pangrungu | paningal myang pangandika | têp-tinêtêp têtêpe padha nguwati | jumênênging sirullah ||

14. angên-angên kang munah murbani | kuwasèng rèh masesa sabadan | kuwat saka pusarane | napas talining idhup | prasasat Hyang kang murbèng jisim | ngratoni sajagad rat | cangkramèng siswantuk | pati munah kawulèng Hyang | mung upama mangkono ywa dèn antêpi | dhinaku aran Suksma ||

15. Allah iku dudu Joharmanik | dudu nur Mukhamad rupa cahya | dudu roh saanterone | tan jaba jêro dudu | marma wong kang anjala wêning | ninging cipta sarasa | tan pisan angluru | rêruba katur [ka...]

--- 77 ---

[...tur] Hyang Suksma | mung wêruha kawasanirèng rat jisim | ing kasantikanira ||

16. sèwu mokal kaananing gaib | kang dumunung badaning manuswa | kang gampang myang pakewuhe | angèl sungil wit lêmbut | mêmêt nyamut pratignyèng pikir | awasna wawasên tyas | pôncadriya tyasmu | mobah-molah paripolah | mosik mênêng antêng lagehaning budi | catur wiwara warta ||

17. ing pangèksi têp-tinêtêp ugi | ing wicara carêming susêdya | sêdya loro ngucap ijèn | pangrungu lan pangambu | bangkit ngaturakên patitis | sampyuhe lir cancala | tumêmpuh ing laut | kêplas wujud loro tunggal | seje jisim mungguh wong buda jarwani | badan alus lan wadhag ||

18. lirnya alus angên-angên batin | wadhag jisim kang katon satmata | mratandhani kawulane | woring pupu-pinupu | ingaranan kawula gusti | nanging ywa salah tômpa | dudu Hyang Maha Gung | dudu Allahu tangala | mung jumênêng [ju...]

--- 78 ---

[...mênêng] guru pikirmu pribadi | marmane kênèng edan ||

19. ingkang salah tômpa wor ijajil | Gusti Allah nèng sajroning badan | marma tumpangsuh pikire | napas pikir rinêngkuh | sanubari kratoning Gusti | ana mring sipat kodrat | myang rasa tuwin nur | daliling ngakaid têrang | sung pêpeling wujuding Hyang Maha Suci | la dihni la karija ||

20. têgêse Hyang dudu bôngsa ati | dudu jaba kang sipat pratela | wala joharrin têgêse | dudu nur Mukhamadu | wala nupu Gusti Allahi | sayêkti tanpa napas | nadyan napas dudu | myang aola murtasiman | pikiyali tan kacakra Maha Suci | angên-angêning janma ||

21. lowah nglangut nyamut tan kaèksi | awit la jamana la makana | nora môngsa nora ênggèn | pasthi wujudullahu | walalidin tur walanidin | tan lawan datan timbang | myang layu kayapu | tan kêna kinayangapa | kang pramana sandining Hyang pikir mlêtik | sayêkti [sayê...]

--- 79 ---

[...kti] nora kewran ||

22. dèn alingana sagara gêni | bumi sap pitu langit sap sapta | nora ewuh pambatange | lagehan liding sêmu | lèjêming tyas tan mirang-miring | pambabaring widyastha | wus nora pakewuh | wit kaling-kalingan wrana | rangkêp sasra winiyak saya kaèksi | seje kang ati tuna ||

23. dènnya tan wruh padhang kang ngalingi | sujanma wruh kalinganing netra | ngucap kalingan cangkême | kuping kalingan krungu | gugon-tuhon barang tan yukti | mambu kalingan grana | mangkono truwilun | luwih angèl sung wêwarah | yèn wong wuta tinuntun ratuning gampil | yèn wong kalingan padhang ||

24. luwih ewuh pakewuh sinung wrin | saka pangakune têtela trang | gandhuli kakèk moyange | atine kang kalimput | angên-angên anarik silib | ngapusi kanyataan | mila kèh wong klèru | angên-angên cinipta Hyang | yèn wong pana pramanêm rasaning wadi | pikiran jajalanat ||

--- 80 ---

12. Gambuh

1. ywa sira tumbak tambuh | angên-angên jajaling tumuwuh | sapiraa pikir yèn maksih basuki | mèh pantês dadi Hyang Agung | awit kuwasa sêtyelok ||

2. nanging yèn karsa dudu | nora pisan pantês yèn dhinaku | nêdya nyêbrot miwah ngècu ngampak maling | angên-angên wus lumaku | apa sasêdya rumojong ||

3. hèh dèn awas puniku | wong sinau putus ing panggayuh | de yèn mukmin kang cingkrang durung patitis | hawa napsu cukulipun | ati pitu jantunging wong ||

4. pinara pitu dinum | lagehane wêwatêkanipun | sinalinan têmbung basaning Ngarabi | ginambar rupane saru | pating clorèng dubang kêcoh ||

5. ting cleno pating trutul | pantês têmên sastra Ngarab kluwus | tilas tètès dinilat tan maratani | sarwa saru yèn dinulu | ukara basane crobo ||

6. kithal kaworan dhusun | yèku derah kang wus pating dhrawul | dhodhal-dhadhil sarta dèn ênggoni tinggi |

--- 81 ---

biniyak bubar lumayu | pinithês ingambung sengok ||

7. lah iku mukmin dhusun | ngathik-athik karya kêthuk bujuk | ngalam pitu klimah tayibah tinulis | Allah lan Mukhamad dèn du | sastrane ginawe elok ||

8. akèh caritanipun | jroning derah ingkang gumun-gumun | iya iku kang dadi mêtêngi pikir | nênarik ati anggugu | gêguru tulisan goroh ||

9. goroh garan pambujuk | nora wêruh yèn ngèlmu kêpaung | nuli ingsun nèngsèng gapura kêpanggih | lan sèh sarjanambêg ngèlmu | derah sun dadi gêguyon ||

10. wêkasan ngungun jêtung | sun nora wruh ngèlmu kang satuhu | ngalor ngidul kawruh tan pisah sanyari | marma wong sarjanèng kawruh | sandining bawana ngeglo ||

11. datan wêwaton tutur | mung pambudi dalaning panggayuh | ngayuh ayah-ayah yoda mrih malêtik | tiksyaning tyas tajêm kaglung | gêgulang budi krahayon ||

12. wong kang pana ing lêmbut | yèn [yè...]

--- 82 ---

[...n] wus wêruh sakanparanipun | kanthi saksi nyataning kawruh kang sungil | gampang angèle kacakup | cakêp cukup urip maot ||

13. yayah sagara madu | pathining rasa musthikèng kawruh | nora keguh wruh kawruh kang dakik-dakik | wit wus tininting kapusus | susêtya di wruh pakewoh ||

14. pati iku tan ewuh | wong kang wênang wêwarah kang wus wuk | bali musthi titise kawruh sajati | ingkang titi titis jumbuh | tambuh-tambuh traping maot ||

15. wus sirna was pakewuh | bôngsa pati kang durung wus kaglung | ginagulang gêgêlênganing dumadi | dadi kadadeyanipun | wus tan kacakrèng pasêmon ||

16. tan pralambang tan sêmu | datan kira-kira tanpa tutur | sakanparan antara kang dèn kawruhi | tan jala kang durung-durung | tan mikir kang wus kalakon ||

17. wit sampyuh ing pangenyut | pandulu myang pamyarsa pamuwus | panjèrènge pangikête wus pinardi | adi-adining tumuwuh |

--- 83 ---

barang wujud ingkang katon ||

18. dadi contoning laku | datan pae lan wujud wajibu | cêcukulan kang gumêlar anèng bumi | mratani dadi panggayuh | mamrih saksining krahayon ||

19. yuwana tekat putus | manatasi sukêrtining ngèlmu | jumênênging caksana murtining gaib | nora kewran ing alêmbut | myang agal kang wus kabatos ||

20. batine anggêguyu | mring sasmita gêtun ngungun jêtung | tungtunging tyas wêning mratani sabumi | cakraning buwana kêmput | iku manuswa waspaos ||

21. siliring maruta nrus | maratani ing jagad kawêngku | bumi langit cêcukulan kang kaèksi | têmpuh ing mandaya mèru | gêbyaring dipèng rat manggon ||

22. sasa purnama tèngsu | wus kagêlêng atine wong putus | dadi saksi karusakan lan dumadi | campuh ing tyas dadi sêmu | kanyataaning pasêmon ||

23. sandining pati sèstu | culika gung nasapi pandulu | marma akèh pra

--- 84 ---

pandhita klèru tampi | musthi pati têmah klèru | tan wêruh jatining maot ||

24. angên-angên kasêdul | lalu lulut kalayu ing palsu | pati iku nora mlêbu nora mijil | nora manggon nora suwung | iku sajatining uwong ||

25. sandining urip iku | wruh ing jisim roh ingkang lumaku | napasing wong mlêbu mêtu dadi puji | apa sakrêntêging kalbu | cinipta kuwasèng Manon ||

26. ing sajatine dudu | yèn pana dimurtinirèng kawruh | susilarja manranging cipta sajati | tarku masi walah kaglung | têgêsing lapal mangkono ||

27. tinggal sabarang laku | dudu krananing Allah satuhu | mung krananing manuswa ingkang linuwih | awit Gusti Kang Maha Gung | tan ngalap lantaraning wong ||

28. mobah-molah satuduh | ing pribadi marma bênêr luput | wus mangkono wong wicaksanèng pambudi | seje lan janma kêpaung | polah tingkahing Hyang Manon ||

29. malah tan ngrasa kagung | rina wêngi [wê...]

--- 85 ---

[...ngi] salulut Hyang Agung | pôncadriya sadaya Allah kang darbi | iku ciptaning lêlêmbut | kang manggon nèng kayu grawong ||

30. prasasat têkèk klawu | sajêg jumlêg nèng grawongan kayu | nora wêruh marang cakraning budya di | tansah ngukuhi kajumbuh | Allah tunggal anèng uwong ||

31. marmane yèn wong putus | têtês tatas pantês kawruh jêntus | tan mangkono pangakune ring Hyang Widi | kabèh kabudi kacakup | lèjêm sandining Hyang Manon ||

32. nanging prakara iku | luwih mêmêt mumêt nyamut-nyamut | lamat-lamat lir thathit têmpuh jaladri | driyasmu karoban gêtun | ngungun eloking lêlakon ||

33. hèh kang maca kang ngrungu | lêlantihên rasa srasèng têmbung | ywa katungkul mamèt ruming swara manis | têmbang-têmbunging pituduh | iki ênggoning ngèlmu wos ||

13. Asmaradana

1. rinênggèng sastra kinawi | macapat têmbunging basa | supaya trang pamawase | nyirnakkên [nyirnakkê...]

--- 86 ---

[...n] was sumlanging tyas | mumuk mamang kabengkas | saking surasaning têmbung | cinitrèng kartas sampeka ||

2. lêlakon kanggo ing urip | sampurnaning kauripan | saka jajah pangawruhe | sarjana susela tama | kataman ing sasmita | ing ngèlmu kang alus mulus | murtining rèh pudyèng taya ||

3. rêruba wajibing urip | kang kaatur Hyang sudyarsa | sanadyan wus wruh sandine | salah kaprah linakonan | nadyan blasar kajurang | witing wruh saka kaliru | ngulah swarjana krêtarta ||

4. wruh ing mokal wruh ing yêkti | yêkti nyataning pamawas | tanpa was rèh wus prasajèng | sarjanambêg kasusastran | titi titising cipta | pinarsudi nora ngawur | bedane lan wong kang tuna ||

5. wruhe kalingan pangèksi | dalan jêmbar rêsik padhang | barobos kacanthèl-canthèl | pating dhradhil dhadhal-dhadhal | prandene tan uninga | kang wruh mung janma kang putus | marma ing mêngko winêdhar ||

--- 87 ---

6. tamaning janma dimurti | murcita sandining barang | patraping puja-pujine | ywa nganti angayawara | wong urip iku Islam | pikukuhe ingkang kukuh | wus mamèt daliling sarak ||

7. kitab cilik aran sitin | wakawangèn dal islama | kamsatun lapal têgêse | tuwin pikukuhing Islam | iku cacah lêlima | sahadat ingkang rumuhun | ingkang kapindhone salat ||

8. kaping tri jakatul pitri | kaping pat puasèng Ramlan | ping lima khaji yèn darbe | kuwasa sanguning marga | hèh sagung para Islam | prayoga ngawruhi rukun | kang kalawan linakonan ||

9. nanging sawuse ngawruhi | têgêsing limang prakara | aja tunadungkap tyase | wardi jarwane lêlima | pardikaning sahadat | sira saksining Hyang Agung | kanyataan saka sira ||

10. mangkana têmbunging saksi | ashadu anlaillaha | waanahu mukhamade | rasulullah wardinira | anaksèni manira |

--- 88 ---

tanna rupa kang satuhu | anging Allah Maha Mulya ||

11. lan naksèni kang sajati | Mukhamad utusaning Hyang | têgêse jarwane kabèh | manuswa sipat Mukhamad | tur mêngku rasaning dat | sipat roh utusanipun | yèku êrohing manuswa ||

12. jumênênging Hyang Suksma di | saking manuswa kang nyata | jumênênging manuswane | saking pribadi têtela | jumênêng tan pantara | wusnya têngaluk jêjuluk | Mukhamad kang mêngku rasa ||

13. akèh carita puniki | kuwasaning Suksmantaya | dhaku-dhinaku kwasane | rêrêbutan sabên dina | yèn wong pratamèng weka | tan kewran ing agal lêmbut | kamokalaning sasmita ||

14. panjang yèn winarnèng tulis | lèjême sasmitèng sadat | ingkang padha krasa bae | ywa nganti angayawara | murtining kawruh nyata | saka panyiptambêg sadu | danujaning wong utama ||

15. tan prayoga yèn tinulis | wirang sinôngga ing kathah | batinên [bati...]

--- 89 ---

[...nên] bae patrape | ywa kawêca ing sasama | kang padha salah tômpa | pasthi dèn arani gêmblung | tan wruh dhèwèke kang edan ||

16. yab-yaban pêtênging pikir | kira-kirane kasingsal | nora uwal kasasare | sari-sarining kaalan | gumantung kakèk moyang | ngukuhi kang wus kalantur | iku tiwasing agêsang ||

17. kaping pindho kang winarni | bab salat wajibing gêsang | limang wêktu sadinane | rukuning wulu myang salat | prayoga kinawruhan | kang nora wruh tan pakantuk | patrap wus gumlaring kitab ||

18. boya kasêbut nèng ngriki | awit wus akèh wong wignya | ing têmbung patrap prantine | kalamun sira wus bisa | traping salat sarengat | lah wêruha têgêsipun | ing salat ingkang pinuja ||

19. de pardikane salati | wus kajarwa anèng kitab | mangkana lapal unine | slatu rahmat mukaranah | têgêse têmbung salat | rahmat pinaringkên sampun | basa [ba...]

--- 90 ---

[...sa] rahmat iku nikmat ||

20. lirnya rahmat sênêng pikir | datan ngrungu basa ala | tan ngucap basa kang elok | tan wruh rêrupaning jajal | tan mambu cêcêgahan | nikmat rintên lawan dalu | eling barang kasênêngan ||

21. salating sujanma murti | tajêming napas tan pêgat | marga papat salawase | mobah-molah dadi salat | mênêng dadi panêmbah | marma ta upaminipun | salat lir ilining toya ||

22. nora kandhêg rina wêngi | tan antara maca salat | salat sarengat kinaot | kang langgêng praptèng kiyamat | mangkana dalil kitab | wasrengatu mukhamadun | bakin ilayomil kyamat ||

23. sarengate Kangjêng Nabi | Mukhamadinil mustapa | têkèng ari kiyamate | lah iku wêtune napas | pôncadriya sabadan | langgêng sajêroning idhup | nora kandhêg pujinira ||

24. nora susah cangkêm muni | kacêmutan mamrês cipta | mujudakên ring Hyang Manon | kaya salate [sala...]

--- 91 ---

[...te] wong buda | basarab lungguh Jawa | ing takbiratul ekramu | mring hu manjinging suwara ||

25. hu hu lir Cina mêmuji | mring utêg pinuja-puja | ngêningkên rasa pujine | hèh sarjana ywa mangkana | tan ngandêl takokêna | wong Ngarab kang putus ngèlmu | nora awèh hu hu munggah ||

26. sawênèh wong mutangalim | salat umiyat ing grana | jatine napas dèn ilo | lah poma aja mangkana | yèn sira arsa salat | barèsa kewala bagus | nanging salat rahsa wruha ||

--- [92] ---

Ing ngandhap punika kawontênanipun sakolahan ing Indiya Nedêrlan.

1. Sakolahan Gimnasiyum Wilêm III ing Batawi.

Maksuding sakolahan punika mèh sami kemawon kalihan: Ugêrêbêrgêr Sêkul ing Samarang tuwin Surabaya, ingkang kawulangakên têmbung Prasman, Dhidhong (Duitsch) Inggris lan sapanunggilanipun, sinaunipun 5 taun, bayaranipun sabên wulan f 10. pirantosing sinau tumbas piyambak, manawi lare badhe malêbêt sakolah kêdah ngaturi priksa dhatêng dhirèkturing sakolahan wau.

2. Ugêrêbêrgêr Sêkul ing Samarang sarta Surabaya.

Sinaunipun 5 taun, kados ing nginggil wau.

3. Koningin Wilhèlminah Sêkul ing Batawi.

Maksuding sakolahan punika kangge mulang lare-lare ingkang badhe dados masinis, opsèhtêr, meinbaukêndhêgê (kawruh pêlikan) sarta sudagar. Kangge masinis: kawulang têmbung Walandi sarta Inggris, punapa malih kawulang masnis. Kangge opsèhtêr: kawulang têmbung Walandi, sarta adamêl griya. Kangge meinbaukêndhêgê: kawulang têmbung Walandi, Inggris saha kawruh pêlikan. Kangge sudagar: kawulang têmbung Walandi, Prasman, Inggris, Dhidhong, Malayu, tuwin kawruh dagang.

4. Prinês Hèndrêksêkul ing Batawi.

Inggih punika Ugêrêbêrgêr Sêkul ingkang sinaunipun 3 taun, katambahan sinau kangge sudagar tuwin juru mudhi (Stuurman) 2 taun.

--- 93 ---

5. Konêngin Ema Sêkul ing Surabaya.

Punika sakolahan kangge sinau lare-lare ingkang kêpengin dados masinis, sudagar sarta opsèhtêr.

6. Prinsès Yulianah Sêkul ing Wèltêprèdhên.

Sêkolahan punika namung tumrap dhatêng para wanita, dene maksudipun sami kalihan Ugêrêbêrgêr Sêkul ingkang sinaunipun 4 taun.

7. Sakolahan dhoktêr Jawi ing Wèltêprèdhên.

Sakolahan punika namung tumrap têtiyang siti ingkang kapengin dados dhoktêr, sinaunipun 9 taun (3 taun klas wiwitan, purbêrèdhêndhê apdhèling, 6 taun sakolah dhoktêr) lare ingkang badhe malêbêt kêdah rêkès dhatêng dhirèktur, sarta lajêng badhe dipun coba kasagêdanipun (dipun iksamên), murid angsal balônja f 15 - f 17,50. Nanging mawi dhinêspêrban 5 taun, inggih punika mênawi ngawula ing kangjêng guprêmèn.

8. Indhisê Artsên Sêkul ing Surabaya.

Maksudipun sakolahan punika sami kalihan sakolahan dhoktêr Jawi, nanging sakolahan wau tumrap tiyang ingkang badhe dados dhoktêr partikêlir, muridipun mawi ambayar, ananging murid Jawi ingkang badhe ngabdi ing kangjêng guprêmèn angsal balônja kadosdene sakolahan dhoktêr ing Wèltêprèdhên, lare ingkang badhe malêbêt kêdah rêkès dhatêng dhirèktur sakolahan wau.

--- 94 ---

9. Sakolahan calon priyantun ing Bandhung, Magêlang, Prabalingga, Serang, Blitar sarta Madiun.

Sakolahan punika tumrap putraning para priyantun ingkang kêpengin dados priyantun B.B. sinaunipun 7 taun (2 taun purbêrèdhêndhên, 5 taun sakolah priyantun) murid ambayar f 1,50 - f 10. Lare ingkang badhe malêbêt kêdah rêkès dhatêng kangjêng tuwan residhèn utawi dhirèktur sakolahan wau.

10. Normal Sêkul ing Batawi, Samarang tuwin Surabaya.

Sakolahan punika tumrap lare ingkang kêpengin dados guru, sarta guru ingkang kêpengin dados mantri guru. Sanèsing panggenan ingkang sampun kêsêbut nginggil, ing Batawi ugi wontên, inggih punika Ugêrêbêrgêr Sêkul tuwin Pènsionat: tumrap para wanita. Ing Samarang sakolahan Sistêr Orgêlinên. Ing Surakarta: Wilhèlminah Sêkul. Ing Surabaya: sakolahan Sistêr Orgêlinên, sarta sakolahan ingkang dipun adêgakên dening pakêmpalan Dhêmèsyês Sêkul, ing Malang: sakolahan Sistêr Orgêlinên, tuwin ing Bandhung partikêlir Rênormal Sêkul.

11. Sakolahan Hakim ing Batawi.

Sakolahan punika tumrap lare ingkang kêpengin dados gripir, utawi prèsidhèn landrad, sinaunipun 5 taun. Inggih punika 2 taun kangge sinau kados kalimrahaning pamulangan. 3 taun kangge sinau pangawikaning pangadilan, murid mawi ambayar sarta manggèn ing sakolahan, utawi ing griya Walandi ingkang sae, kanthi ambayar piyambak.

--- 95 ---

12. Kwik Sêkul calon guru tiyang siti, ing Bandhung, Ungaran, Ngayugyakarta tuwin ing Prabalingga.

Sakolahan punika tumrap tiyang siti ingkang kêpengin dados guru, muridipun angsal balônja f 10 - f 12½ sawulanipun, laminipun sinau 6 taun (purbêrèdhêndhê apdhèling 2 taun, sêkolah guru 4 taun) manawi badhe malêbêt kêdah damêl iksamên rumiyin, rêkès katur dhirèktur sakolahan wau.

13. Rum Katolikê Kwik Sêkul ing Munthilan.

Sêkolahan punika maksudipun sami kemawon kalihan, Kwik sêkul kêsêbut nginggil.

14. Sakolahan Militèr ing Batawi.

Sakolahan punika tumrap para putranipun tiyang asal, ingkang kêpengin dados upsir, sinaunipun 5 taun, murid angsal balônja, ingkang dipun tampèni lare saking Oplèdhêng Sêkul utawi klèin amtênar.

15. Midhêlbarê Lanbau Sêkul ing Bogor.

Sakolahan punika tumrap tiyang ingkang kêpengin dados mantri tani, ajung aotpèstêr, amtênar lumbung, sinaunipun 2 taun, murid angsal balônja f 25 sawulanipun, ugi kangge partikêlir mawi ambayar, sinaunipun 3 taun.

16. Kultur Sêkul ing Sukabumi.

Sakolahan punika tumrap lare ingkang kêpengin dados upsinêr, murid angsal balônja f 25 sawulanipun, sinaunipun 2 taun.

--- 96 ---

17. Ambah Sêkul tumrap anakipun tiyang siti, ing Batawi, Samarang sarta Surabaya.

Lare ingkang malêbêt sakolahan wau mawi ambayar sawulanipun f 0,50 sarta sagêd dados Werkbas (tukang) sinaunipun 3 taun.

18. Sakolahan mantri romah sakit, ing Samarang.

Tumrap anakipun tiyang siti ingkang nyêkapi sastra a.b.c.d. ing ngandhap punika, kenging sinau padamêlan mantri romah sakit, Mantri Verpleger bij den burgerlijken geneeskundigen dienst tampi balônja saking guprêmèn.

a. Sêrat katrangan umuring lare 16-21 taun, mawi tôndha asmanipun pangagênging apdhèling (asistèn rèsidhèn).

b. Sêrat katrangan bilih lare sampun tamat sinaunipun ing sakolahan klas 2 utawi sampun angsal kasagêdan saking pamulangan ing pundi kemawon.

c. Sêrat katrangan saking dhoktêr bab kasarasan, sarta kêkiyataning badanipun lare wau.

d. Sêrat panyuwunan malêbêt murid, katur up insêpèkturing sakolahan wau, kasêrat ing dalancang limrah, sinaunipun 3 taun, sarta angsal balônja sabên wulan f 10, sabên taun mindhak f 1. rambah kaping kalih, manawi sampun lulus iksamênipun ingkang pungkasan, lajêng kadadosakên mantri romah sakit, Mantri Verpleger.