Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Darmagandhul, H. Buning, c. 1920, #437 (Pupuh 01-06)

Katalog:Darmagandhul, H. Buning, c. 1920, #437
Sambung:
1.Darmagandhul, H. Buning, c. 1920, #437 (Pupuh 01-06). Agama dan Kepercayaan | Kebatinan dan Mistik #1266.
2.Darmagandhul, H. Buning, c. 1920, #437 (Pupuh 07-18). Agama dan Kepercayaan | Kebatinan dan Mistik #1267.

--- [1] ---

Sêrat Darmagandhul

Anyariyosakên nalika bêdhahipun nagari Majapait ingkang salugunipun, tuwin gêlar kawruh sanyata, punapa malih wiwitipun agami Buda santun Islam.

Sêrat Darmagandhul punika badhe kapacak ngantos satamatipun, sambêt-sumambêt kadosdene Sêrat Rama.

--- [2] ---

...

--- 3 ---

1. Dhandhanggula

1. wuryaning kang sêkar dhandhanggêndhis | amèngêti dènnya nêdhak sêrat | lugu mung manut babone | aran srat Darmagandhul | nyaritakkên bêdhahe nguni | nagari Majalêngka | kang satuhunipun | lan gêlar kawruh sanyata | lan purwanya gama Buda santun Ngarbi | tinuturkên sadaya ||

2. duk manitra ing ari Rêspati | Paing kaping sapisan Ramêlan | Paningron paringkêlane | taun Dal ing Kulawu | môngsa Sadha pan sampun akir | nuju wuku Prangbakat | Kunthara kang windu | etanging côndrasangkala | rêsi suci bujangganirèng narpati |Sengkalan: rêsi suci bujangganirèng narpati (Kêmis Paing, 1 Ramêlan 1847 A.J., Jum'at, 22 Juni 1917 A.D.). wanci jam astha enjang ||

3. kang minôngka bêbukaning rawi | wontên pandhita kang alul tapa | Kalamwadi jêjuluke | dene ta garwanipun | arum-arum Dyah Pêrjiwati | asramèng Sunyapringga | ing juga ri nuju | sang wiku nèng pacrabakan | ingadhêp ing siswa sawiji kang mursit | putus sakèhing guna ||

--- 4 ---

4. Darmagandhul pêparabirèki | nala mingis limpat graitanya | lan sang tapa mèh tan pae | marma kasok sihipun | wus prasasat yoga pribadi | rintên ratri datansah | nèng ngarsa sang wiku | samana sang siswa tama | lagya ana kang dadya ribênging ati | lon matur mring sang tapa ||

5. dhuh sang dwija kang yanjana murti | mugi pukulun ywa pisan duka | kawula nyuwun pitakèn | kang dados purwanipun | tiyang Jawi santun agami | nilar agami Buda | ngrasuk sarak Rasul | punika sabab punapa | kadospundi bêbukane nguni-uni | sang wiku rum ngandika ||

6. lamun sira atakon bab iki | sun tan wêruh ing sawiji apa | mung yèn miturut tuture | Radyan Budi guruku | ya buh bênêr iya buh sisip | nanging panduganingwang | bênêr nora luput | krana cocog wujudira | tilasane isih kêna dèn tingali | mula sun kira nyata ||

7. nanging ingsun wêdi macak tulis |

--- 5 ---

luput-luput tambêl umur ingwang | awit wong Jawa lumrahe | lamun ana kang purun | purun buka wadining aji | amêsthi pinêjahan | marma sun tan ayun | nutur critane kang nyata | purwanira wong Jawa salin agami | buka wadining nata ||

8. Darmagandhul aturira aris | inggih lêrês duk jaman ing kina | prayagung Jawi limrahe | kang dados dhaharipun | woh wit budi kalawan kuldi | ing mangke karsa dhahar | woh wit kajêng kawruh | kagungan panggalih panjang | yêkti ngowêl mring umurira wadyalit | kang lêpat sawatara ||

9. malah dadya pèngêt kang prayogi | dadya wikan kang lêrês kang lêpat | wikan misil kupiyane | sang pandhita lon muwus | yèn mangkono bêcik sun anggit | nanging ingsun sadarma | nganggit nulis muwus | Dyan Budi kang darbe karsa | êmbuh bênêr lupute punika yêkti | yèn nora sun tulisa ||

10. nora wurung ingsun dèn dukani | sabab bangkang prentahing kèlingan |

--- 6 ---

tur iku akèh asile | supaya wong kang cubluk | kaya ingsun bisa mangarti | carita kang sanyata | mula-mulanipun | wong Jawa salin agama | padha ninggal agamane Buda Budi | ganti agama Islam ||

11. caritane nagri Majapait | anggitane pujôngga ing kuna | pralambang pasêmon kabèh | yèn tinulis satuhu | babadira ing Majapait | buka kêkêran raja | pujanggane takut | mila nyêmoni kewala | supayane wong bodho aja na ngarti | caritane kang nyata ||

12. marma janma Jawi mata siji | ahli budi ngarti critanira | Majalêngka sabênêre | karana wong kang cubluk | nrima mangan woh kayu kuldi | tan pisan ngarti mangan | woh budi woh kawruh | mung nrima kabar kewala | nora dungkap carita kang elok gaip | samar kalingan padhang ||

13. Bisêmillahirrokhmanirrokhim | mugi para agung tanah Jawa | dipun agung aksamane | de ulun kamipurun |

--- 7 ---

kumalancang pêksa lumuwih | mangun carita kuna | ingkang wus kêtutup | tur tanpa pathokan kitap | tuduh tutur ing sama-samaning urip | mung thukul sing èngêtan ||

14. pan mangkene purwane ing nguni | Brawijaya Ratu Majalêngka | kêsamaran pamriksane | klimput galih sang prabu | kurang yitna ing tata lair | akrama putri Cêmpa | wong agama Rasul | ing sajrone sih-sinihan | karon lulut kang garwa asring ngaturi | kojah marang sang nata ||

15. mulyanira agama Islami | yèn katimbang lan agama Buda | sarak Rasul unggul dhewe | ature wantu-wantu | sri narendra galihe gingsir | myarsa kojahing garwa | tan kawiyos tutuk | tan lama pulunanira | putri Cêmpa atêtuwi mring sang aji | kang nama Sayid Rahmat ||

16. nyuwun dhukuh anèng Ngampèlgadhing | nyuwun idi anggêlar sarengat | Kangjêng Rasul agamane | Sang Brawijaya Prabu | banjur karsa aparing idi | sira Sang Sayid [Sa...]

--- 8 ---

[...yid] Rahmat | anulya dhêdhukuh | Surabaya Ngampèldênta | anggêlarkên sarengat andika Nabi | Mukhammad Rasulullah ||

17. tandya kathah maulana prapti | saking sabrang samya angêjawa | sowan ing ngarsa pamase | pra samya nyuwun dhukuh | nèng pasisir lan idi aji | ingidinan sadaya | sapanuwunipun | lama-lama saya ngrêda | tanah Jawa wong Jawa salin agami | angrasuk gama Ngarab ||

18. Sayid Kramat dadya gununganing | pagurone wong Islam sadaya | Benang Tuban dhukuhane | Sayid Kramat puniku | maulana saking Ngarabi | têdhak Jêng Rasulullah | mila dadya guru | panutan wong Jawa Islam | korut-karut wong Jawa urut pasisir | guru mring Sayid Kramat ||

19. padha manjing agama Islami | tanah Jawa wong Jawa kang tôngga | pasisir lor sapangilèn | ngrasuk agama Rasul | padha tinggal agama Budi | wit wetan Balambangan | sapangulonipun | prapta [pra...]

--- 9 ---

[...pta] ing Bantên nagara | padha ninggal agamane Buda Budi | ganti agama Ngarab ||

20. kênèng bujuk dalil Alip Lam Mim | andalikal rahètbapi hudan | lib mutlakim enak dhewe | kedanan mring Ashadu | padha tinggal agama Budi | wus kanggo sèwu warsa | pikukuhing luhur | agama mulya pribadya | macung dhewe mring Pangran Kang Maha Suci | anêbut budi hawa ||

21. budi iku datira Hyang Widhi | hawa iku karêpaning manah | nuruti budi karêpe | wajibe janma iku | kang tinurut elinging ati | lawan karêping budya | puniku tinurut | manusa wignya punapa | mobah mosik lumaku darma nglakoni | budi kang ngobahêna ||

22. nulya ana putrane sang aji | kang patutan saking putri Cina | anèng Palembang laire | Radyan Patah ranipun | angajawa lawan kang rayi | saibu seje rama | Kusèn aranipun | sowan ngarsèng rama nata | langkung kewran galihe [gali...]

--- 10 ---

[...he] sri narapati | paring sêbutan putra ||

23. dene mratiga jinising siwi | yèn miturut rama sri narendra | Jawa Buda agamane | nglêluri ing lêluhur | putra nata kang mijil ngardi | kasêbut nama Bambang | yèn miturut ibu | Cina aran Kaosiya | yèn wong Ngarab sinêbut Sayid lan Sarib | yèn nurut sing lanjaran ||

24. sri narendra sigra animbali | pra nayaka mundhut têtimbangan | ingkang dadya prayogane | sêbutanira sunu | Patih Gajahmada wotsari | yèn parêng karsa nata | putranta pukulun | pinaring sêbutan Babah | ngirib-irib lêluhur paduka nguni | sinêbut nama Bambang ||

25. putra tuwan ibu Cina gusti | lair sabrang agamane Islam | nama babah prayogane | têgêse babah iku | babar wonten sanès nagari | suka nata miyarsa | patih aturipun | mupakat para nayaka | putra nata kang lair Palembang nagri |

--- 11 ---

namane Babah Patah ||

26. Radèn Patah sakalangkung ajrih | anampika mring paringing rama | jroning tyas bangêt tan cècèg | ananging lairipun | samudana suka tan sipi | samana Babah Patah | anulya jinunjung | jumênêng Dipati Dêmak | madanani bupati urut pasisir | Dêmak sapangulonnya ||

27. lah ta iku purwanira nguni | bôngsa Jawa blastêr lawan Cina | samya babah sêbutane | puniku critanipun | Radèn Patah ingkang murwani | misuwur cakrèng dunya | putranya sang prabu | kang lair nagri Palembang | patutane lawan putri Cina nguni | namane Babah Patah ||

28. dèn kramakkên antuk Ngampèlgadhing | putranira Kyagêng Ngampèldênta | ingkang tunggal agamane | wus dadya putra mantu | lawan kyagêng ing Ngampèlgadhing | rinêngga panggihira | anèng Majalangu | sawusing antara warsa | kinèn maring Dêmak atêtêp dipati | dalêm dhusun Bintara ||

--- 12 ---

29. rèhning Radèn Patah awit lair | nèng Palembang wus agama Islam | kalilan nglêstarèkake | marang agamanipun | Radèn Kusèn jinunjung linggih | anama adipatya | anèng nagri Têrung | lama-lama saya ngrêda | sarak Rasul pra ngulama nyuwun idi | pangkat sêbutan sunan ||

30. pardikane Suhunanku Budi | awitira kawruh kaelingan | kang awon lawan kang sae | yèn akèh uwohipun | budi ngrêti kèlingan bêcik | wajibe sinuwunan | ngèlmu kawruhipun | ngèlmu lair kabatinan | wêktu iku pra ngulama tyase bêcik | kadrêngkèn durung ana ||

31. galihira Brawijaya aji | pra ngulama masuk sarak Buda | dene sunan sêbutane | lan kalakuanipun | cêgah nadhah kalawan guling | yèn wong agama Makham | Makhamaning Rasul | sirik cêgah mangan nendra | mung nuruti rasane lesan lan dhiri | yèn cêgah pangan rusak ||

--- 13 ---

32. Prabu Brawijaya angidini | saya lama agama wus ngrêda | ana nalar elok manèh | gaip samar kalangkung | nora kêna dipun kawruhi | netra karna myang grana | miwah lesanipun | wêruhe saking èngêtan | jroning utêg iku lamun dèn kawruhi | Radèn Budi Sukarta ||

33. luwih-luwih kang maca kang myarsi | nganggêp têmên atanapi ora | katimbanga sabênêre | yèn ta kanggêp saèstu | kabèh layang carita Jawi | tan ana kang acrita | yèn doraa iku | samangkya taksih wujudnya | tilasane sarta kêna dipriksani | kaanan jaman kuna ||

34. duk jamane kraton Majapait | Sunan Benang karsa alêlana | mring Kadhiri lan sabate | kêkalih kang tut pungkur | sapraptane loring Kadhiri | tanah ing Krêtasana | kalangan ing banyu | kali Brantas nuju bêna | saking kulon anyabrang mring wetan kali | wus prapta pinggir wetan ||

35. dangu [da...]

--- 14 ---

[...ngu] marang janma têngga kali | niti-niti agamaning janma | kang dèn go ing tanah kene | apa wus Islam tuhu | apa misih agama Budi | Ki Bandar aturira | ing ngriki pukulun | kang limrah agami Kalang | sarak Buda ingangge mung sawatawis | dene agami enggal ||

36. sarak Rasul inggih bribik-bribik | ingkang limrah wong ngriki sadaya | sami Kalang agamane | amulyakakên Bandung | Bôndawasa dèn anggêp nabi | lamun dintên Jumungah | Wage Wuye wuku | iku dèn anggêp riaya | kèndêl karya nêdha eca sênêng ati | tan kesah saking wisma ||

37. Sunan Benang angandika aris | yèn mangkono wong kene sadaya | padha Gêdhah agamane | têgêse gêdhah iku | nora irêng lan nora putih | pantês araning tanah | Kutha Gêdhah iku | Ki Bandar matur prayoga | dhawuh tuwan kawula ingkang nêksèni | karan ngantos samangkya ||

38. tanah lore

--- 15 ---

kutha ing Kadhiri | ingaranan tanah Kutha Gêdhah | nanging mung manut lumrahe | tan wruh asaling têmbung | wit tan ngarti critane dhingin | ran tanah Kutha Gêdhah | kang lumrah misuwur | sang wiku malih ngandika | lah ta sabat sira amintaa warih | imbon marang ing desa ||

39. kali iki isih nuju banjir | banyu buthêk kurang sucinira | anglarani yèn diombe | lan iki wayah luhur | arsa wulu lan salat mami | sabat siji gya mentar | malbèng dhukuh Patuk | wismane amung sajuga | nuju sêpi tan ana wong lanang siji | dene kang têngga wisma ||

40. èstri siji prawan mêpêk brai | nuju nênun pribadya nèng wisma | sabat prapta lon wuwuse | bok ngantèn nêdha banyu | imbon ingkang bêning abrêsih | bok prawan kagyat myarsa | salah tampinipun | kinira lamun jêjawat | mêjanani bok prawan rêngu nauri | kalawan têmbung kasar ||

41. dika santri mêntas liwat kali | jaluk banyu imbon marang desa |

--- 16 ---

ngriki tan èntên carane | uwong kang ngimbu banyu | jaba uyuh kula puniki | imbon bêning saringan | yèn dikarsa minum | santri kesah tan pamitan | garundêlan lajêng matur mring sang yogi | kadya wau punika ||

42. Sunan Benang dukane tan sipi | dadya ngandika sabda nupata | lumraha ing tanah kene | muga laranga banyu | wadon kênya ywa laki-laki | yèn durung prawan tuwa | miwah lanangipun | dadia jaka kang tuwa | sanalika kali Brantas mili alit | lajêng nyimpang mangetan ||

43. nrajang wana dhusun têgil sabin | pintên-pintên dhusun karisakan | katrajang kali ngalihe | kali ingkang rumuhun | dadya asat praptèng samangkin | Ki Bandar langkung eram | myat kadibyanipun | kangjêng sinuhun ing Benang | nulya lajêng tindake marang Kadhiri | kongsi praptèng samangkya ||

44. tanah Kutha Gêdhah awis warih | mangulone lêlakon wolung pal | limalas pal mangalore | mung

--- 17 ---

kidul banyu sumur | dene janma kang laki rabi | wus kasèp saking môngsa | wayah manak têlu | jaka tuwa prawan tuwa | awit saking kênèng sabdane sang yogi | Kangjêng Suhunan Benang ||

45. kawuwusa dhêmit Nyai Plêncing | dhanyang ing Tanjungtani kang desa | ginubêl anak putune | nyai kula asung wruh | karisakan siti Kadhiri | wontên janma sing Tuban | rêmên ngarubiru | sikara tanpa karana | siya-siya sami makluking Hyang Widhi | ngubalkên kaprawiran ||

46. lèpèn agêng kang saking Kadhiri | dèn sotakên sanalika asat | kidul menggok ngetan kang we | ngrisakkên wana dhusun | lan ngêsotkên tiyang ing ngriki | kasèpa saking môngsa | laki-rabinipun | yèn jalêr jaka atuwa | lamun èstri sampun nuntên laki-laki | yèn durung prawan tuwa ||

47. rèhning tanah ngriki dèn wastani | tanah Kitha Gêdhah awis toya | dene têka salah gawe | dawêg sami ginanggu | dipun têluh dimène [dimè...]

--- 18 ---

[...ne] mati | Nyi Plêncing duk miyarsa | turing anak putu | sigra mêthuk Sunan Benang | tan kuwawi cêlak sarira lir gêni | lumayu nunjang-nunjang ||

48. mring Kadhiri ngaturi udani | ing ratune Ki Butalocaya | manggèn guwa Selabale | sukune Wilis gunung | ingkang wetan kang dèn ênggèni | amangsuli carita | purwane rumuhun | Kiyai Butalocaya | patihira Sri Jayabaya Kadhiri | arane Kyai Daha ||

49. ingkang cikal-bakal ing Kadhiri | lan kang rayi aran Kyai Daka | Sri Jayabaya karsane | aran Daha pinundhut | pan kinarya aran nagari | ananging linironan | aran ing Sang Prabu | Kiyai Butalocaya | pan kinarya patihe sri narapati | Sang Prabu Jayabaya ||

50. Buta iku butêng ingkang arti | butêng iku bodho tan wruh sastra | Ki Buta bodho yêktine | lo: kowe têgêsipun | caya: kêna dèn pracayani | Kyai

--- 19 ---

Butalocaya | bodho têmên mêngku | tur mantêp sêtya mring raja | marmanira kinarya patih sang aji | Sang Prabu Jayabaya ||

51. awit ana sêsêbutan kyai | Kyai Daha têturutanira | ngayomi anak putune | ing kanan kering dhusun | Kyai Daha kang dipun ungsi | jêngkare sri narendra | sing Ngastina kratun | jujug wismane Ki Daha | sinugata sawadyakuswa gung alit | mila gung sihing nata ||

52. ran Ki Daka pinundhut sang aji | pan kinarya namanirèng desa | nanging liniru arane | Kiyai Tunggulwulung | dadya senapati ngajurit | muksane sri narendra | lawan putranipun | Ni Mas Ratu Pagêdhongan | Kyai Butalocaya lan ingkang rayi | kalihe samya muksa ||

53. Ni Mas Ratu Gêdhongan kinardi | ratuning kang dhêmit nusa Jawa | Sagara Kidul kuthane | pinaringan jêjuluk | nama Ni Mas Ratu Ngin-angin | kayangan ing samodra | sagunging lêlêmbut | dharatan [dhara...]

--- 20 ---

[...tan] miwah lautan | kanan keringing tanah Jawa sumiwi | mring Ratu Pagêdhongan ||

54. awit saking karsanya sang aji | Kyai Butalocaya pinarnah | manggèn guwa Selabale | dene Ki Tunggulwulung | pan pinarnah ing Kêlut ardi | rumêksa kawah lahar | rikalanya mêtu | aywa ngrusakake desa | duk samana Ki Butalocaya linggih | munggèng kursi kancana ||

55. lèmèk babut sinêbaran sari | kinêbutan badhak kering kanan | ingkang sowan nèng ngarsane | Ki Patih Megamêndhung | putra kalih sumiwèng ngarsi | Panji Sêkti Diguna | Panji Sari Laut | lagya eca gunêm rasa | lawan patih miwah ingkang putra kalih | kagyat ing praptanira ||

56. Dhanyang Tanjungtani Nyai Plêncing | gupuh-gupuh anungkêmi pada | angaturakên tiwase | kyai kula atur wruh | karisakan lèring Kadhiri | wontên janma sajuga | sêktine kalangkung | namanira Sunan Benang | saking Tuban [Tu...]

--- 21 ---

[...ban] karsane dhatêng Kadhiri | subrata alêlana ||

2. Asmaradana

1. kathah ature Nyi Plêncing | kadya kang kasêbut ngarsa | angaturakên tiwase | lêlêmbut miwah manungsa | Kyai Butalocaya | duk myarsa kalangkung bêndu | mubal ingkang pôncadriya ||

2. sigra dènira nimbali | jin pêri lan parayangan | kêrigan anak putune | praptane sarêng prahara | sakêdhap wus samêkta | sakapraboning prang pupuh | sigra budhal saha bala ||

3. sakêdhap sampun tumrapti | saêloring Kukum desa | Butalocaya mindha wong | Kyai Sumbre wastanira | wadyane tan katingal | tur awêndran kathahipun | wau Ki Butalocaya ||

4. ngadêg marga ngisor sambi | anganti ing praptanira | Sunan Benang saking êlor | Sunan Benang nora samar | kang ngadêg têngah marga | dhêmit ratu arsa ganggu | katara awak dahana ||

5. wadyalit kang samya ngiring | sumingkir lumayu têbah | datan kuwawi [ku...]

--- 22 ---

[...wawi] panase | cakêt lawan Sunan Benang | miwah Butalocaya | kalihe sarira latu | Sunan Benang tan kuwawa ||

6. acêlak ratuning dhêmit | tanapi Butalocaya | datan kuwawi panase | cakêt lawan Sunan Benang | sabat kalih kantaka | lajêng katisên anggruguh | angandika Sunan Benang ||

7. Butalocaya sirèki | mêthuk marang praptaningwang | ngalih aran Kyai Sumbre | apa ta padha raharja | kagyat Butalocaya | dene Sunan Benang wêruh | iya marang jênêng ingwang ||

8. wusana Locaya angling | dene paduka uninga | ganti aran Kyai Sumbre | angandika kangjêng sunan | ingsun tan kasamaran | yèn sira ratu lêlêmbut | Kadhiri Butalocaya ||

9. Ki Butalocaya angling | paduka tiyang punapa | dene anèh wangunane | mangangge pating karêmbyah | dede pangangge Jawa | dhapur wangun walangkadung | dede wangunan wong Jawa ||

10. Sunan Benang ngandika ris | ingsun [ing...]

--- 23 ---

[...sun] iki bôngsa Ngarab | Sayid Kramat aran ingong | wismaningsun Benang Tuban | dene ta karsaningwang | arsa mring Kadhiri ingsun | amriksani patilasan ||

11. kadhatonira ing nguni | Mahaprabu Jayabaya | ing kene ngêndi parnahe | nauri Butalocaya | wetan lêrês punika | dhusun Mênang wastanipun | tilasan sadaya sirna ||

12. kadhatonira sang aji | miwah pasanggrahan sirna | tuwin tilas kadhatone | Nimas Ratu Pagêdhongan | taman Bagendhawatya | pasanggrahan Wanacatur | mung kantun araning desa ||

13. kaurugan siti pasir | lahar saking Kêlut arga | wangsul kawula pitakèn | paduka gêndhak sikara | ing anak putu Adam | nyabdakkên kang botên patut | jaka tuwa prawan tuwa ||

14. kalawan nyukani nami | tanah ngriki Kitha Gêdhah | lan paduka ngêlih lèpèn | nyabdakakên awis toya | tanah ngriki sadaya | siya-siya tanpa [ta...]

--- 24 ---

[...npa] urus | sikara datanpa dosa ||

15. gêng-gênging susah wong urip | laki rabi lalu môngsa | sayêkti dangu pêncare | titahing lata walujya | wit saking sabda tuwan | lan sapintên susahipun | tiyang kang katrajang bêna ||

16. ngalihe lèpèn Kadhiri | nyimpang ngetan nrajang desa | sêsawahe têlas kabèh | pintên-pintên karisakan | kasusahaning janma | lawan pintên susahipun | tiyang kaline kang asat ||

17. yêkti kêkirangan warih | tambah paduka sotêna | tanah ngriki sadayane | dumadosa awis toya | salami-laminira | siya-siya tanpa surup | sikara tanpa prakara ||

18. jêng sunan ngandika aris | mulane sun wèhi aran | tanah Kutha Gêdhah kene | sabab agamaning janma | tan irêng datan pêthak | têtêpe agama biru | awit agamane Kalang ||

19. sun sotakên larang warih | sun jaluk banyu tan angsal | mula sun êlih kaline | katêkana [katêka...]

--- 25 ---

[...na] larang toya | tanah kene sadaya | mula sun sotake iku | jaka tuwa prawan tuwa ||

20. sabab kang ingsun jaluki | banyu mangsuli tan angsal | bocah wadon prawan balèk | nauri Butalocaya | puniku botên timbang | lawan kalêpatanipun | tuwan sabdakkên mangkana ||

21. kang lêpat tiyang satunggil | ingkang susah tiyang kathah | botên timbang lan kukume | punika anggêr punapa | kang tuwan tindakêna | sawênang-wênang mring makluk | malarati janma kathah ||

22. katura kang darbe nagri | paduka manggih ukuman | kang malarat langkung abot | sabab angrisakkên tanah | sami tuwan sotêna | ing ngriki murah ing banyu | dados asil panggêsangan ||

23. laki-rabi alit-alit | enggal mêncarakên titah | kawulanira Hyang Manon | paduka sanès narendra | ngarubiru agama | tiyang dahwèn namanipun | anyukani nama tanah ||

24. ngowahke tulis nagari | ngandika Sinuhun [Si...]

--- 26 ---

[...nuhun] Benang | nadyan katura sang katong | sang prabu ing Majalêngka | ingsun môngsa wêdia | mungsuh Ratu Majalangu | ambêkis Butalocaya ||

25. rêmbag paduka puniki | dede rêmbag ahli praja | rêmbage wong nyunggi tempe | ngandêlake yèn digdaya | bok sampun sumangkeyan | kinasihan ing Hyang Agung | sugih sanak Malaekat ||

26. ing sakarsa-karsa dadi | botên tolèh kalêpatan | siya dahwèn pati opèn | têtêp wong gêndhak sikara | nadyan ing tanah Jawa | yêkti wontên wong kang langkung | prawira kadi paduka ||

27. nanging sami ahli budi | ajrih bêbênduning dewa | yèn siya sami bangsane | nyiya-siya tanpa krana | punapa gih paduka | tunggilanipun rumuhun | Ajisaka Ratu Mêndhang ||

28. murid sabate idajil | dados ratu tanah Jawa | mung tigang taun lamine | mengkrat saking tanah Jawa | sadaya sumbêr toya | ing Mêndhang saurutipun | binêkta [bi...]

--- 27 ---

[...nêkta] minggat sadaya ||

29. Jisaka wong saking Ngarbi | tuwan tiyang saking Ngarab | pramila sami watêke | suka karya srik ing janma | paduka ngaku sunan | yêkti simpên budi luhur | mamrih ayuning buwana ||

30. de wujud tuwan puniki | jajil bêlis tiningalan | tan tahan ginodha rare | mijil mubal gêlis duka | niku sunaning menda | yèn sunan janma satuhu | simpên budi luhur panjang ||

31. gih niku cobaning Widhi | begal nabi olwaolya. raja | kang sirna timbang tantinge | mung gugu karsa priyôngga | niksa wong tanpa dosa | gih punika marganipun | paduka manggih cilaka ||

32. pratôndha tuwan samangkin | wus yasa nraka jahanam | yèn wus dados tuwan angge | siram salêbêting kawah | wedang kang mumpal-mumpal | kawula bôngsa lêlêmbut | sanès alam lan manusa ||

33. prandene masih mèngêti | rahayunirèng manusa | paduka wangsulkên age | lèpèn ingkang sampun asat |

--- 28 ---

miwah risaking tanah | wangsula kadi rumuhun | yèn paduka botên karsa ||

34. mangsulkên kadi rumiyin | sadaya manusa Jawa | kang Islam sami ngong têloh | kajênge pêjah sadaya | kawula nyuwun bala | dhatêng Kangjêng Ratu Ayu | Ngin-angin kang nèng samodra ||

35. Sunan Benang duk miyarsi | padune Butalocaya | rumôngsa kaluputane | nyikara wong tanpa dosa | alon dènnya ngandika | Butalocaya wruhamu | ingsun iki bôngsa sunan ||

36. tan kêna mangsuli malih | ing wuwus kang wus kawêdal | amung sun wangêni bae | lawase pôncatus warsa | sabdaningsun tambara | balia kadi rumuhun | ambêkis Butalocaya ||

37. gih wangsulna sapuniki | yèn tan wangsul sapunika | kadya ing wau-waune | paduka kawula bônda | Sunan Benang ngandika | tan kêna mangsuli wuwus | sun pamit nyimpang mangetan ||

38. wohing kayu sambi iki | saiki sun wèhi aran | wohe kêcacil [kêcaci...]

--- 29 ---

[...l] arane | lir bocah cilik tukaran | dhêmit wong pacicilan | rêbut bênêr ngadu kawruh | prakara rusaking tanah ||

39. susahe janma lan dhêmit | sun suwun marang rabbana | woh sambi loro karyane | dadya asêm dagingira | wijine mêtu lênga | asêm sêmon ulat kêcut | dhêmit padu lan manusa ||

40. têgêse lênga puniki | dhêmit mlêlêng janma lunga | dadia sêksi ing têmbe | yèn ingsun padu lan sira | katêlah praptèng mangkya | woh sambi cacil ranipun | sang wiku malih ngandika ||

41. de gon sun kêtêmu iki | kang lor aran desa Singkal | ing kene desa ing Sumbre | dene gone wadyanira | kang ana kidul ika | Kuwanguran aranipun | Sunan Benang sigra mêsat ||

42. malumpat mring wetan kali | katêlah prapta samangkya | tanah Kutha Gêdhah kene | ana desa Kuwanguran | Sumbre lawan ing Singkal | têgêse wanguran wêruh | singkal sêngkêl nêmu akal ||

43. Butalocaya [Buta...]

--- 30 ---

[...locaya] nututi | tindakira Sunan Benang | ing desa Bogêm jujuge | amirsani rêca Buda | sirah dwi badan juga | nèng ngisor wrêksa trênggulun | woh nêdhêng matêng gêlasah ||

44. Sunan Benang ngasta kudhi | dhas rêca Buda ginêmpal | Butalocaya ngling songol | puniku iyasanira | Sang Prabu Jayabaya | kinarya pralambangipun | tekade janmèstri Jawa ||

45. benjang alam Nungsa Srênggi | sintên janma ningalana | mring rêca niku wujude | anulya sami wuninga | tekadipun wanita | tanah Jawa iku besuk | angandika Sunang Benang ||

46. sira iku bôngsa dhêmit | wani padu lan manusa | dhêmit kumênthus arane | nauri Butalocaya | inggih kaot punapa | dika sunan kula ratu | angandika Sunan Benang ||

47. woh kayu trênggulun iki | saiki sun wèhi aran | kênthos mungguh ing pêrlune | dadya saksèningsun wuntat | yèn ingsun kêkêrêngan |

--- 31 ---

lan dhêmit ingkang kumênthus | prakara rusaking rêca ||

48. katêlah prapta samangkin | wit trênggulun uwohira | puniku kênthos arane | awit saking sabdanira | Kangjêng Sinuhun Benang | puniku pituturipun | Rahadyan Budi sung karya ||

49. sigra tindak sang ayogi | mangalèr ing wayah ngasar | pan arsa salat karsane | ana sumur jawi desa | tan ana timbanira | ginolingake kang sumur | ngambil wulu lajêng salat ||

50. katêlah prapta samangkin | sumur iku ingaranan | sumur gumuling kaprahe | Sunan Benang kang gulingna | iku pituturira | Rahadyan Budi guruku | êmbuh bênêr luputira ||

51. lajêng tindaknya sang yogi | desa Nyaèn sampun prapta | miyat rêca buta wadon | nèng ngisoring wrêksa dhadhap | nêdhêng kêmbang wohira | tibèng kanan keringipun | ing rêca buta bêranang ||

52. Sunan Benang aningali | wujude kang rêca buta | eram dene sing agênge | madhêp ngulon [ngu...]

--- 32 ---

[...lon] jèngkèng lênggah | nêmblas kaki inggilnya | ubênge bangkekanipun | sadasa kaki tan kurang ||

53. pama dèn lih sing unggyaning | wong asthatus tan kuwawa | yèn nora lawan prantine | sinêmpal baune kanan | bathukira kinowak | Ki Butalocaya muwus | paduka nyata dahwenan ||

54. rêca buta bêcik-bêcik | rinusak tanpa prakara | saniki awon warnine | ing nguni iyasanira | Sang Prabu Jayabaya | lah punapa asilipun | paduka ngrisak gupala ||

55. Sunan Benang ngandika ris | mulane iki sun rusak | ywa pinuji ring wong akèh | sinajenan kinutugan | yèn wong muji brahala | têtêp aran kapir kupur | sasar lair batinira ||

56. Ki Butalocaya angling | janma Jawa wus uninga | yèn rêca sela wujude | datan adarbe kuwasa | sanès lata wal ujwa | mila ingurmatan iku | sinajenan kinutugan ||

57. supados sadaya dhêmit | sampun [sa...]

--- 33 ---

[...mpun] manggèn siti wrêksa | puniku mêdal asile | dados têdhaning manusa | mila sinung panggenan | kinèn manggèn rêca watu | wus manggèn wontên gupala ||

58. paduka tundhung mring pundi | wus wajibe brakasakan | rêca guwa panggenane | gônda arum kang tinêdha | sarira sêgêr sumrah | yèn wus manggèn rêca watu | gèn kiwa nèng ngandhap wrêksa ||

59. samar ayom sêpi rêsik | sênênge manah kalintang | wus ngraos sanès alame | dhêmit kalawan manusa | mila sumingkir ngiwa | sampun manggèn rêca kayu | paduka gêndhak sikara ||

60. têtêp paduka wong jail | siya samining tumitah | sami makluk Sang Hyang Manon | aluwung manusa Jawa | ngurmati wujud rêca | kang ginambar waunipun | pantês simpên budi nyawa ||

61. wangsul tiyang bôngsa Ngarbi | sami sujud Kakbatullah | tugu sela ing wujude | niku langkung saking sasar | Sunan Benang ngandika | Kakbatullah Mêkah iku | Nabi Brahim [Brahi...]

--- 34 ---

[...m] ingkang yasa ||

62. ing kono pusêring bumi | sinung tôndha tugu sela | sinujudan ing wong akèh | sapa sujud Kakbatullah | Allah paring ngapura | luputira kabèh kang wus | Butalocaya atanya ||

63. niku tandhane punapi | yèn angsal sih pangapura | sadaya kaluputane | napa tampi tôndha asta | sêrat mawi cap rêta | saking Pangeran Kang Agung | angandika Sunan Benang ||

64. kang kêsêbut kitab mami | yèn mati antuk kamulyan | Ki Butalocaya bêkos | pêjah malih yèn angsala | kamulyan kang sanyata | wontên dunya sampun korub | sasar nêmbah tugu sela ||

65. yèn wus nrima nêmbah curi | sae minggah Kêlut arga | kathah sela agêng sae | iyasanirèng Pangeran | samya wujud pribadya | mêdal saking ing sabda kun | niku wajib sinujudan ||

66. dhawuhing Hyang Maha Luwih | sadaya manusa dunya | wikana mring Bètullahi | apan raganing [ra...]

--- 35 ---

[...ganing] manusa | Bètullah kang sanyata | prau yasane Hyang Agung | wajib rinêksa jinaga ||

67. sintên wruh asaling ciri | wikan budi hawanira | gih puniku tuladhane | nadyan salat ratri siyang | yèn ngangge raga gêlap | kawruhira sasar susur | kêsasar nêmbah mring sela ||

68. tugu iyasaning nabi | nabi niku gih manusa | kawulanira Hyang Manon | pinaringan wahyu nyata | wignya sugih èngêtan | sidik paningalnya têrus | wêruh cipta durung ana ||

69. kang yasa rêca puniki | Maha Prabu Jayabaya | inggih kêkasih Hyang Manon | pinaringan wahyu mulya | wignya sugih èngêtan | sidik paningalnya têrus | wêruh sadurung winarah ||

70. paduka pathokan tulis | wong Jawa pathokan sastra | bêtuah luri luhure | sami anyungkêmi kabar | luhung anyungkêmana | kabar tulis luri luhur | tilase kenging pinriksa ||

71. wong nyungkêmi kabar Ngarbi | tan wruh wujude ing ngrika | êmbuh [ê...]

--- 36 ---

[...mbuh] dora êmbuh yêktos | gêga ujare wong nglômpra | mila tuwan ngajawa | adol umuk sade kawruh | mulyane nagari Ngarab ||

72. dene kawula udani | wujude nagari Mêkah | manusane arang cewok | tanah padhas awis toya | tanêm tuwuh tan mêdal | panas bantêr awis jawuh | wong kang budi ahli nalar ||

73. mastani Mêkah nagari | kenging musibating Allah | nagri cilaka arane | wonge nêbut siya-siya | marang asmaning Allah | kathah sade bangsanipun | kinarya rencang tumbasan ||

74. jinamah datanpa kawin | pinadhakkên sato kewan | ingkang sanès agamane | tan èngêt sami manusa | sami turuning Adam | paduka kesah dèn gupuh | paduka tiyang duraka ||

75. nagri tanah Jawi ngriki | nagari kang suci mulya | madya asrêp lan panase | tanah pasir mirah toya | barang tinanêm mêdal | jalêr bagus [bagu...]

--- 37 ---

[...s] èstri ayu | madya luwês kang wicara ||

76. rêmbag paduka puniki | dede rêmbaging sarjana | rêmbage wong thetheore | pracaya kang nora nyata | yèn tuwan arsa wikan | têngahe jagad satuhu | ing ngriki gèn linggih kula ||

77. paduka ukur samangkin | yèn cidra rêmbag kawula | kawula sampeyan jotos | rêmbag paduka kêsasar | tôndha yèn kirang nalar | kirang nêdha budi kawruh | arêmên siya sikara ||

78. kang yasa rêca puniki | Mahaprabu Jayabaya | langkung tuwan digdayane | paduka môngsa sagêda | ngêpal lampahing jaman | paduka kesah dèn gupuh | yèn tan kesah sapunika ||

79. sun undangkên ari mami | Tunggulwulung Kêlut arga | paduka kawula kroyok | paduka môngsa mênanga | anuntên kula bêkta | mlêbêt kawah rêdi Kêlut | sayêkti paduka susah ||

80. napa paduka kêpengin | manggèn sela kados kula | sumôngga [sumông...]

--- 38 ---

[...ga] mring Selabale | dadosa murid kawula | Sunan Benang ngandika | tan nêdya nurut rêmbugmu | sira setan brakasakan ||

81. sanadyan kawula dhêmit | taksih pangkat dhêmit raja | langgêng mulya salamine | paduka dèrèng kantênan | yèn mulya kadya kula | yèn tekad paduka rusuh | arêmên siya sikara ||

82. mila paduka ngêjawi | wontên Ngarab sangêt nakal | dadya karan tiyang awon | yèn tuwan nayaka mulya | mokal kesah sing praja | mila oncat saking Ngarbun | wus pasthi salah lan raja ||

83. tandhane wontên ing ngriki | tuwan maksih ngulandara | maoni adating uwong | angarubiru agama | damêl risaking tanah | maoni warna wus bagus | kasêbut anggêr nagara ||

84. wong maoni wangun bêcik | lan karya risaking tanah | maoni adating uwong | agama lêluhur kuna | wajib ratu aniksa | binuwang dhatêng Mênawu | ngandika Sinuhun [Sinuhu...]

--- 39 ---

[...n] Benang ||

85. woh kêmbange dhadhap iki | saiki sun wèhi aran | kêmbange celung arane | aran ledhung uwohira | ingsun kacelung nalar | kalawan kêtladhung rêmbug | dadya sêksiningsun wuntat ||

86. sun padu lan ratu dhêmit | kalah kawruh kalah nalar | katêlah prapta sêmangke | woh dhadhap kledhung ranira | kacelung kêmbangira | sang wiku malih nabda rum | sun pamit mulih mring Benang ||

87. paduka kesah dèn aglis | akarya sangaring kisma | yèn dangu-dangu nèng kene | akarya susahing kathah | anarik larang pangan | panas bantêr awis jawuh | Sunan Benang sigra mentar ||

88. Ki Butalocaya mulih | wadyane kinèn bibaran | ya ta gênti winiraos | nagari ing Majalêngka | Sang Prabu Brawijaya | enjing siniwèng wadya gung | balabar lir guladrawa ||

3. Dhandhanggula

1. Patih Gajahmada awotsari | dhuh pukulun kawula tur wikan | pun patik [pa...]

--- 40 ---

[...tik] tampi surate | abdi tuwan Tumênggung | Kêrtasana atur upêksi | nagari Kêrtasana | asat lèpènipun | kang saking Kadhiri pêjah | nyimpang ngetan salère kitha Kadhiri | kenging ing sabdanira ||

2. Sunan Benang ngulama ing Tubin | pintên-pintên dhusun karisakan | sampun katur sadayane | lir kang kasêbut ngayun | langkung duka sri narapati | Ki Patih Gajahmada | ingagnya lumaku | amriksa mring Kêrtasana | anitia wadya lit asiling bumi | kang risak dening toya ||

3. Sunan Benang kinèn animbali | tan asamialami. praptaning caraka | Ki Gajahmada ature | èstu lêrês pukulun | Kêrtasana kasatan warih | duta kang saking Tuban | manêmbah umatur | pukulun ngulami Benang | tan pinanggih nuju kesah saking panti | tan wikan purugira ||

4. angandika nata èsmu runtik | iku patih pra ngulama Ngarab | nora lômba ing karêpe | wiku dhog aranipun |

--- 41 ---

putih jaba jêrone kuning | nora marêm dhêdhêkah | nêrês ringin kurung | hèh patih sira tundhunga | bôngsa Ngarab kang ana ing pulo Jawi | mundhak ngribêdi praja ||

5. amung Dêmak lawan Ngampèlgadhing | sun lilani anèng tanah Jawa | nglêstarèkna agamane | liyane loro iku | lah ulihna asale lami | lamun tan arsa lunga | pukulên prang pupuh | matur Patih Gajahmada | inggih lêrês ing karsa paduka gusti | ngulama Giripura ||

6. tigang warsa tan sowan sang aji | botên asok ubêktining praja | nêdya rêrêmpon ciptane | tan ngrasa ngising nguyuh | nginum nêdha nèng tanah Jawi | lan malih namanira | santri Giri iku | ngungkuli asma paduka | apêparab Suhunan Ngaenalyakin | puniku têmbung Ngarab ||

7. jarwa suhunan punika budi | jarwanipun ngaenal makripat | yakin wikan wêruh dhewe | nama tingal kang têrus | surasane ing têmbung Jawi | nama Prabu Satmata |

--- 42 ---

punikasma luhur | nglangkungi asma paduka | ngirib-irib tingale Hyang Maha Suci | wikan tan kasamaran ||

8. ngalam dunya botên wontên kalih | ingkang asma Sang Prabu Satmata | mung Bathara Wisnu dhewe | kala jumênêng ratu | wontên Mêndhangkasapta nagri | ngandika sri narendra | pukulên prang pupuh | ki patih matur sandika | sigra budhal kalawan angirit baris | gêpuk ing Giripura ||

9. bubar giris wadyabala Giri | tan kuwawa lumawan ngayuda | Ki Gajahmada pamuke | Sunan Giri lumayu | marang Benang panggih sang yogi | aminta kêkuwatan | lumawan prang pupuh | nadhahi wong Majalêngka | tan cinatur prangira wong Majapait | lawan ing Giripura ||

10. sampun kocap babatbabad. Majapait | anggitannya pujôngga ing kuna | amrih gancar caritane | ing wêktu môngsa iku | tanah Jawa wus mèh sapalih | ngrasuk agama Islam | pasisir sadarum | iring lor saurutira | lan têngahan [tê...]

--- 43 ---

[...ngahan] ing kidul misih nêtêpi | agama Budi Buda ||

11. pan sinigêg crita Majapait | Sunan Benang wus rumôngsa lêpat | antuk nata dêdukane | tan arsa kèndêl dangu | anèng wisma numpak palwa glis | lan Sunan Giripura | mring Dêmak wus pangguh | lan Adipati Bintara | pan ingêbang wruhanira ki dipati | iki têkaning môngsa ||

12. risakira kraton Majapait | umurira satus tigang warsa | saka panawangku kene | kang kêlar dadi ratu | mêngku ing rat satanah Jawi | gêntèni ramanira | kapraboning ratu | mung sira iku kang kêlar | atas saking karsane Hyang Maha Luwih | samêngko rêmbug ingwang ||

13. lah rusakên nagri Majapait | lawan alus dhêmit ingkang samar | ayya kawêntar ing akèh | sowana Bakdamulud | rumantia sikêping jurit | sawadyabalanira | pra sunan sadarum | miwah sagunging bupatya | bawahira kang uwis manjing Islami | kumpulna anèng Dêmak ||

--- 44 ---

14. samudana ngadêgake masjid | yèn wis kumpul sun kang awèh nalar | maring para sunan kabèh | miwah para tumênggung | kang wus salin gama Ngarabi | sayêkti nurut mringwang | pra sunan sadarum | umatur sang adipatya | ulun ajrih ngrisak nagri Maospait | mungsuh bapa tur nata ||

15. kaping tiganipun ambêciki | sung nugraha kamuktèn nèng dunya | punapa sun walêsake | mung sêtyatuhu ulun | dhawuhipun suwargi kyai | Suhunan Ngampèldênta | tan parêng amungsuh | mring rama sanadyan Buda | pan punika jalaran ulun dumadi | wujud gêsang nèng dunya ||

16. Buda kapir kapire pribadi | nama bapa wajib linuhurna | lan dèrèng wontên lêpate | kangjêng rama mring ulun | Sunan Benang ngandika aris | sanadyan mungsuh bapa | bêciki lan ratu | nora ana walatira | ngrusak kapir Buda kawak sira manggih | ganjaran swarga mulya ||

17. Sunan Ngampèl iku

--- 45 ---

santri mêri | gundhul bêntul budhêng tan wruh nalar | mung jaga godhogan bae | sapira kawruhipun | Sayid Rahmat ing Ngampèlgadhing | bocah lairan Cêmpa | tan padha lan ingsun | Sayid Kramat Sunan Benang | têdhak Rasul kang pinuji wong sabumi | panutane wong Islam ||

18. sira mungsuh ramanira aji | nadyan dosa-dosa wong sajuga | tur tuwa kapir wujude | yèn kalah bapakamu | sayêktine wong tanah Jawi | samya Islam sadaya | sapira bêgjamu | nugrahanirèng Pangeran | tikêl ping buh sihing Hyang Kang Maha Luwih | kang tumiba mring sira ||

19. satêmêne ramanira aji | luwih siya putu marang sira | ingkang dadya pratandhane | sira pinaring juluk | aran babah iku tan bêcik | têgêse aran babah | iku têmbung saru | bage mati bage gêsang | wiji Jawi ginawa mring Cina putri | mulane ibunira ||

20. pinaringkên Palembang Dipati | Arya Damar wong pranakan buta |

--- 46 ---

amêgat sih sayêktine | têtêp galih tan ayu | ramanira sri narapati | mulane rêmbug ingwang | walêsên lan alus | ing lair aja kêtara | ing batine sêsêpên rahe dèn ênting | mamahên balungira ||

21. Sunan Giri anambungi angling | ingsun iki putu linurugan | mring ramanta utusane | tan ana dosaningsun | ingaranan rêraton mami | sabab tan arsa seba | marang Majalangu | sumbare Si Gajahmada | yèn kacandhak ingsun nêdya dèn kuciri | lan kinèn guyang sona ||

22. lan sakèhing santriningsun sami | akèh Cina kang samya ngêjawa | nèng Giri sun Islamake | kang muni kitab ingsun | yèn wong Islam ngislamkên kapir | yêkti tômpa ganjaran | suwarga ing besuk | mulane kèh bôngsa Cina | kang mring Giri sun Slamkên sadaya sami | sun anggêp kulawarga ||

23. praptaningsun kene ngungsi urip | marang sira wêdi Gajahmada | lawan ramanira anggèr | dene sêngit kalangkung |

--- 47 ---

mring wong santri kang puji dikir | ingaran lara ayan | awan sore esuk | yèn sira tan ngukuhana | yêkti rusak agama Mukhammad Nabi | nauri sang dipatya ||

24. niku lêrês ingkang anglurugi | wong rêraton tan ngrasa kaprentah | mring ratu kang bawahake | wus wajibe dèn ukum | linurugan dipun patèni | dika botên rumôngsa | mangan ngising nguyuh | wontên jroning tanah Jawa | kang makatên puniku wus datan sisip | Sunan Benang ngandika ||

25. yèn tan sira rêmbug wêktu iki | kaprabone putu ramanira | yèn sira anti surude | sayêkti pasrahipun | mring dipati ing Panaragi | krana putra pangarsa | miwah putra mantu | ing Pêngging Ki Dayaningrat | môngsa pasrah kaprabon mring sira kaki | de sira putra ngandhap ||

26. nora wajib jumênêng narpati | mumpung iki ana lawang mênga | Giri dadi jalarane | angrusak Majalangu | nadyan mati mungsuh lan kapir | yêkti tômpa [tô...]

--- 48 ---

[...mpa] ganjaran | mati nêmu ayu | nampani sawarga mulya | wus wajibe wong Islam mati lan kapir | nyungkêmi mring agama ||

27. lawan wajibira ing aurip | angupaya nugrahanèng dunya | darajad kang luhur dhewe | yèn urip nora wêruh | nora melik darajat lalir | lamun sipat manusa | mêsthi melikipun | mêngku praja angrèh wadya | apan ratu kalipahira Hyang Widhi | nganggo sakarsa dadya ||

28. satêmêne sira wus pinasthi | dadi ratu anèng tanah Jawa | gumanti ramanta anggèr | nanging ta lairipun | kudu sandi dèn istiyari | rinêbut lawan aprang | iku saratipun | yèn sira tan istiyara | sayêktine sihing Hyang pinundhut bali | sira nampik sihing Hyang ||

29. ingsun amung darma anjurungi | kang wus wêruh sadurung winarah | sun sêmprong wus katon jèngglèh | sumrawang kawruh ingsun | nora samar ing dalêm gaip | sira ingkang katingal | sisih Hyang Maha Gung | dadi ratu tanah

--- 49 ---

Jawa | amurwani nyalini agama suci | berat agama Buda ||

30. kathah-kathah dhawuhnya sang yogi | ngêbang-êbang marang sang dipatya | mamrih ngadêg kasurane | angrusak Majalangu | dèn misili carita nabi | kang padha ngrusak bapa | kapir nêmu ayu | ingsun niki wong wis tuwa | mênangana adêgira narapati | paring idi mring sira ||

31. rahayune adêgira aji | mutêr ing rat mêngku tanah Jawa | lêstaria sabanjure | sang dipati umatur | yèn makatên karsa sang yogi | kawula namung darma | lumampah satuduh | paduka kang botohana | Sunan Benang pangandikanira aris | yaiku sun karêpna ||

32. yèn wus gêlêm sira sun botohi | lah kirima layang arinira | Dipati Têrung dèn age | kang rapêt têmbung alus | lah antêpên arinirèki | apa abot ring nata | apa bot sadulur | tuwa tur tunggal agama | yèn adhimu Dipati Têrung ngrujuki | adêgira narendra ||

--- 50 ---

33. gampang bangêt ngrusak Majapait | Majalêngka sapa dèn andêlna | yèn uwis balik Si Kusèn | Si Gugur isih timur | môngsa dadak wania gêtih | Gajahmada wus tuwa | wungkuk ambalêngkuk | dèn thuthuk bae palastra | môngsa kêlar nadhahi yudamu kaki | sigra sang adipatya ||

34. kirim surat mring Têrung Dipati | tan alami prapta kang caraka | wus tinampèn wangsulane | sang dipati ing Têrung | pan jumurung biyantu kapti | sakarsane kang raka | sêrat nulya katur | ing Kangjêng Suhunan Benang | suka ing tyas sang wiku dupi mriksani | surate sang dipatya ||

35. Sunan Benang angandika aris | aturana pra sunan sadaya | yèn ingsun ana ing kene | lan bupati sadarum | samudana ngadêgkên masjid | tan lama sami prapta | pra sunan sadarum | miwah kang para dipatya | pakumpulan parlu ngadêgakên masjid | sawuse masjid dadya ||

36. para sunan lan para bupati |

--- 51 ---

salat subuh nèng masjid sadaya | sawusnya bakda salate | tinutup korinipun | Sunan Benang ngandika aris | hèh sagung para sunan | bupati sadarum | lamun rêmbug sira padha | Sang Dipati Bintara sun dêgkên aji | mêngku rat tanah Jawa ||

37. sarta bêdhah kraton Majapait | ngrusak kapir nora nêmu dosa | nampani suwarga têmbe | yèn sira padha rêmbug | prayogane ing dina iki | Ki Dipati Bintara | ingsun angkat ratu | mumpung wus kumpul sadaya | para sunan lan sagung para dipati | samêkta saha wadya ||

38. para sunan lan para dipati | sabiyantu jumurung ing karsa | Sunan Benang timbalane | Sèh Sitijênar matur | sangêt malang karsa sang yogi | rêmbuge para sunan | bupati sadarum | Sitijênar pinêjahan | Sunan Giri kang kinèn nglawe nêlasi | pêjah nulyana swara ||

39. eling-eling ngulama ing Giri | sira nora sun walês ngakerat | ingsun walês dunya bae |

--- 52 ---

dèn èngêt sira besuk | lamun ana narendra Jawi | kanthi wong bôngsa tuwa | sun lawe gulumu | Sunan Giri duk miyarsa | anauri besuk wani mêngko wani | môngsa ingsun mungkira ||

40. wus mangkana biyantuning kapti | nglêstarèkkên kang sampun rinêmbag | sang adipati adêge | gya ingidenan sampun | sang dipati jumênêng aji | mêngku rat tanah Jawa | sarta ajêjuluk | Senapati Jimbuningrat | patihira tiyang saking Ngatasangin | nama Patih Mangkurat ||

41. enjingira samêktèng ajurit | para sunan lan para bupatya | mimba grêbêgan lakune | riaya Bakdamulud | wadya alit tan ana ngêrti | ing wadinirèng lampah | mung para tumênggung | kang sampun agama Islam | para sunan lan sagung para ngulami | Sunan Giri lan Benang ||

42. datan tumut marang Majapait | pawadane wus sêpuh tan kuwat | namung paring idi bae | rahayunirèng laku | salat kajat wontên ing masjid | muhung [mu...]

--- 53 ---

[...hung] kang para sunan | bupati sadarum | umiring Sultan Bintara | tan kawarna ing marga lampahing baris | kocapa Majalêngka ||

43. Patih Gajahmada saking Giri | tinuduh judhag para ngulama | wus sowan ngarsa pamase | nêmbah sarwi umatur | amba sampun dinutèng aji | mukul prang Giripura | lumawan ing pupuh | senapatining ayuda | bôngsa Cina masuk agami Islami | namane Sêcasena ||

44. mangsah mêncak dêdamêle abir | sawadyane tri atus watara | sami mêncak kawignyane | brêngos capang dhas gundhul | ngangge surban pangangge khaji | mangsah prang ting panculat | kadya walangkadung | wadya tuwan anyanjata | ting jangkelang tan kêlar nadhahi mimis | pun Sêcasena pêjah ||

45. ingkang kantun gêsang sami ngili | wadya Giri ngungsi ing wanarga | wênèh ngambang samodrane | praptèng Giri lumayu | dhatêng Benang kawula usir | ngulami Giri Benang | lajêng numpak prau | layar angambang samodra |

--- 54 ---

ulun kintên lajêng minggat mring Ngarabi | tan wangsul angêjawa ||

46. sri narendra angandika aris | sira patih paringa uninga | mring Si Patah dipun age | dhawuhna dhawuh ingsun | yèn ngulama Benang lan Giri | prapta nagara Dêmak | dèn cêkêla gupuh | aturna bandan ngarsèngwang | dosanira santri Benang ngrusak bumi | tanah ing Kêrtasana ||

47. dosanira ngulama ing Giri | nora arsa seba ing ngarsèngwang | nêdya rêrêmpon tekate | patih sandika mundur | sapraptaning pasowan jawi | lajêng matah caraka | gandhèk kang ingutus | mundhi nawala narendra | marang Dêmak kasaru na duta prapti | saking Pathi Bupatya ||

48. tur nawala marang kyana patih | wus tinampèn binuka winaca | mangkana sêrat têmbunge | sêmbah sumungkêm ulun | Menak Tunjungpura ing Pathi | katur kiyai lurah | awiyos atur wruh | samangkya Dipati Dêmak | Babah Patah sampun madêg narapati | wontên [wo...]

--- 55 ---

[...ntên] nagari Dêmak ||

49. Sunan Benang kalawan ing Giri | ingkang dadya pangajênging karsa | angêbang-êbang kalihe | ing adêgipun ratu | mêngsah ratu lawan sudarmi | samangkya Babah Patah | awrat gurunipun | angènthèngakên kang rama | wus ingèstrèn madêgira narapati | amêngku tanah Jawa ||

50. ingkang ngangkat bupati pasisir | sawadyane kang Islam sadaya | ingkang ngidèni adêge | para sunan sadarum | saha wadya biyantu kapti | ambêdhah Majalêngka | jêjuluking ratu | Senapati Jimbuningrat | kang pinuji kang dèn êmbun wong sabumi | samangkya sampun budhal ||

51. mukul ing prang nagri Majapait | saha wadya sakapraboning prang | wadya tri lêksa kathahe | mênggah ing konjukipun | maha prabu ing Majapait | sumôngga kyai lurah | surat titi sampun | Pathi tanggal kaping tiga | wulan Mulud ing taun nuju Jimakir | sèwu tri atus astha ||

52. môngsa nawa Prangbakat [Prang...]

--- 56 ---

[...bakat] marêngi | kyana patih wusnya tampi surat | jêtung gêrêng-gêrêng gèdhèg | tumêngetumêngèng. wiyat nêbut | ya bathara dewa kang luwih | langkung gawok tyas ingwang | wong Islam sadarum | datan bêcik kandhutannya | agamane nakal alame basiwit | tan ngèlingi ing wuntat ||

4. Pangkur

1. kya patih wangsul mring pura | praptèng ngarsa nata umatur aris | dhuh pukulun mahaprabu | kawula tur uninga | putra tuwan ing Dêmak samangkya sampun | madêg nata anèng Dêmak | jêjulukira narpati ||

2. Senapati Jimbuningrat | para sunan ingkang ngangkat ngidèni | miwah bupati sadarum | pasisir kang wus Islam | putra tuwan samangke wus budhal nglurug | gêjaggêbag. nagri Majalêngka | akarya buwana balik ||

3. kagyat Prabu Brawijaya | gêtun ngungun eram sajroning galih | jêgrêg dangu tanpa muwus | kagagas ing wardaya | ingkang putra lan para sunan [suna...]

--- 57 ---

[...n] sadarum | kolu ngrusak Majalêngka | sakarêpe dèn turuti ||

4. ingidèn pinaring pangkat | dene mangke karya buwana balik | linuruh datan kêpangguh | dèn nalar-nalar wudhar | lair batin tan ana ingkang tinêmu | ingkang dadi sababira | kang putra lan pra ngulami ||

5. têka arsa ngrusak pura | sungkawanya ratyagung kang linuwih | sinêmonan ing dewa gung | tyase kumbang maesa | dipun môngsa tumane kinjir sadarum | wasana alon ngandika | Mahaprabu Majapait ||

6. patih apa sababira | ya Si Patah lawan para ngulami | kolu ngrusak Majalangu | tan tolih kabêcikan | Kyana Patih Gajahmada nêmbah matur | cupêt pêpêt tyas kawula | tan sagêd matur ing gusti ||

7. dening têbih saking nalar | dèn saèni walêsipun ngawoni | crita kang kasêbut nèng buk | pikukuhing wong Jawa | Jawa Jawi kang mangrêti agal alus | wajibe yèn binêcikan | sayêktine [sa...]

--- 58 ---

[...yêktine] malês bêcik ||

8. amung lagya tiyag Islam | dèn saèni walêse angawoni | têtêp lawan sêbutipun | anyêbut nama Allah | ila-ila tiyang Islam batosipun | putihe jaba kewala | nanging jêronipun kuning ||

9. beda sêbute wong Buda | nêbut jagad dewa gung kang linuwih | jagad niku aranipun | dewa budi lan hawa | raga budi puniku ing karêpipun | ngluhurkên asmaning êdat | iku puji kang prayogi ||

10. anêbut Nabi Mukhammad | Rasulullah panunggul para nabi | Mukhammad makaman kubur | kubur rasa kang salah | milanipun bêngak-bêngok enjing surup | nêkêm wêtêng calumikan | jungkar-jungkir ngambung bumi ||

11. sakèhing pangan winada | trancam cacing pêcêl kucing sinirik | dhèndhèng kêthèk opor lutung | bothoke ula sawa | sate rase lêmêng kirik pindhang asu | bêkakak babi andhapan | gorengan [goreng...]

--- 59 ---

[...an] kodhok lan cindhil ||

12. gêcok lintah ingkang mêntah | bècèk usus sona irêng kêbiri | kare kuwuk bêstik gêmbluk | iku winastan karam | langkung sêngit kalamun ningali asu | pangirèngsun têrus ing tyas | batine rêsik pacêrin ||

13. ing wau ngandêl kawula | marang santri gènnya sêngit kêpati | tan arsa anggêpok asu | ulame dèn karamna | mung wadose dèn karsakna sabên dalu | kinalalkên tanpa pisah | mila ulame sinirik ||

14. gumujêng guguk sang nata | ya mangkono kojahe yayi dèwi | Putri Cêmpa marang ingsun | mula cèlèng lan sona | karo iku kinaramkên iwakipun | asu nêpsu asalira | cèlèng iku colong maling ||

15. yèn iwakira pinangan | marang janma tekate nênulari | gêlêm nyolong sugih nêpsu | kaya cèlèng lan sona | Patih Gajahmada manêmbah umatur | dene gêlare prayoga | lair batine tan [ta...]

--- 60 ---

[...n] bêcik ||

16. ngandika Sri Brawijaya | wruhanira patih prakara iki | sun dhewe kang maha luput | gêgampang mring agama | kang wus kanggo lêluhur turun-tumurun | kagiwang ing aturira | yayi Dèwi Dwarawati ||

17. yèn agama Rasulullah | suci mulya tinimbang lan liyaning | dadya tyas ingsun kalulun | kagiwang aturing dyah | angidèni para ngulama sadarum | mêncarakên gama Islam | ing Jawa urut pasisir ||

18. sasênêngira wong Jawa | manjing Islam manira datan mênging | dene iku thukulipun | têka nasar bêlasar | nora ana kabêcikan kang tinêmu | ilang tataning manusa | dèn bêciki angalani ||

19. rata-rata awonira | nora ana siji kang ahli budi | iku gawoking tyas ingsun | mung manis rêmbug ngarsa | ing batine angandhut watu sagênuk | kinarya ambandhêm sirah | yya nganti mindhogawèni ||

20. janma Islam watakira | kaya tikus praptane dingkik-dingkik | jaluk pangan [pa...]

--- 61 ---

[...ngan] urip lêmu | ingsun umbar angrêda | ngêntèkake pariku salumbung bandhung | sun dhewe nora mêmangan | mati warêg tanpa tai ||

21. warêge mung warêg susah | tanpa isi bêras pariku ênting | têlas dèn môngsa ing tikus | tekade luwih sasar | puji dikir kinarya ngijir pakewuh | salat karya lat-alatan | ulatan panggawe sisip ||

22. panganggo seta lir setan | putih jaba ing jêro abang langking | sun suwun maring dewa gung | mugi winalêsêna | susah ingsun mring wong Islam iku besuk | kuwalik agamanira | janmaa wong kucir benjing ||

23. dene tan wruh kabêcikan | sun bêciki walêse angalani | sabdanira ratu agung | sajroning kasusahan | tinarima marang dewa kang linangkung | sinêksenan ing bawana | pratôndha jumêglug muni ||

24. gêtêr dhèdhèt erawatya | awit iku kuntul ana kang kucir | sunan ngulama sadarum | ngrangkêp nama walikan |

--- 62 ---

mratandhani katrima panuwunipun | Mahaprabu Brawijaya | marang dewa kang linuwih ||

25. katêlah prapta samangkya | para sunan ngulama nama wali | kuntul kucir githokipun | ngandika sri narendra | hèh ta patih paran kang dadi rêmbugmu | prakara praptaning mêngsah | santri ingkang ngrêbut nagri ||

26. apa linawan ing aprang | apa ora patih matur wotsari | dhuh pukulun mahaprabu | saajêngira ajang | sinêgahan ing aprang sawontênipun | Sri Brawijaya ngandika | hèh wêruha sira patih ||

27. abot sanggane Si Patah | pra bupati pasisir ekakapti | wus tunggal agamanipun | sawadyabalanira | lah wawasên senapatining prang pupuh | Dipati Têrung nagara | timbangmu abot mring êndi ||

28. Si Patah kalawan ingwang | Patih Gajahmada umatur aris | panimbang amba pukulun | awrat mring padukendra | kang nyêngkakkên sing ngandhap prapta ngaluhur | ingangkat dadya manggala | ing Têrung [Tê...]

--- 63 ---

[...rung] nama dipati ||

29. sri narendra angandika | kiraningsun Dipati Têrung balik | ngènthèngake marang ingsun | abot sadulur tuwa | kapindhone anunggal agamanipun | tunggal tanah kalairan | mulane sun kira balik ||

30. gêtun ngunguning tyas ingwang | yèn Si Patah melik dadi narpati | disuwuna krana alus | karaton tanah Jawa | sun paringkên karana bêcik puniku | umur ingsun kari pira | mung kamukswan sun ulati ||

31. têka pinukul ing yuda | tinggal tata adate bôngsa iki | tan ana panantangipun | angganggo adat khewan | nora ngetung pratingkah kang bênêr luput | mungsuh bapa pindho nata | ping tiga agawe bêcik ||

32. yèn ingsun lawanan aprang | ingsun wirang ginuyu bumi langit | bapa mungsuh lawan sunu | sinurakan ing dewa | tan rumôngsa wong tuwa wungkuk wus gapuk | sun tandhingi padha tuwa | sun arsa lolos mring Bali ||

33. ing wuri môngsa bodhoa |

--- 64 ---

suguhana ing prang mung sawatawis | aja ngrusakkên wadya gung | lan sira nimbalana | putraningsun Dipati Pêngging dèn gupuh | lan Dipati Panaraga | sawadya kaprabon jurit ||

34. yèn manira nimbalana | gunging wadya bupati môncanagri | kêsusu praptaning mungsuh | wadya Dêmak wus cêdhak | mungsuh santri sayêkti pêrange rusuh | atinggal kramaning aprang | santri kêndhil ngrayah asil ||

35. manira iki wis tuwa | nora kêlar jênêngi ing ajurit | pêrak marang murud ingsun | lan abot iki mêngsah | angêndêlke Si Gugur wong durung umur | lagya eca gunêm rasa | kêsaru gègèring jawi ||

36. wong Dêmak angêpung pura | para sunan samya mangsah ngawaki | gugup tyasira sang prabu | lolos saking jro pura | Sabdapalon Nayagenggong kang tut pungkur | Kyana Patih Gajahmada | bramantya mangsah ing jurit ||

37. astha bupati nayaka | jagapraja pra mantri magêrsari | kang samya sumiwèng prabu |

--- 65 ---

pra putra punakawan | samya gugup sarêng nyandhak sampluk ngamuk | angsahe lir singalodra | sadaya wus ambêg pati ||

38. tri lêksa wadya ing Dêmak | tigang èwu wadya ing Majapait | sarêng campuh ing prang pupuh | bêdhil muni sapisan | mangsah rukêt campuh tumbak lawan sangkuh | pêdhang lamêng lan kulewang | gya rangsang-rinangsang kêris ||

39. wong Majalêngka lir parang | kadya alun wadya ing Dêmak nagri | kang tinêmpuh kukuh bakuh | wadya Dêmak anunjang | tumpês ngarsa ing wuri prapta gumulung | pra wasi para ngulama | wus nêdya mati prang sabil ||

40. surake kadya ampuhan | para mukmin tan kêndhat puji dikir | la ilaha ilullahu | Mukhammad Rasulullah | la kaola kuwata saking Hyang Agung | jayaa wadya ing Dêmak | apêsa wong Majapait ||

41. pra sunan lan pra bupatya | samya mangsah ngawaki ing ajurit | guru santri para kaum | wong Majalêngka tadhah | pra bupati [bu...]

--- 66 ---

[...pati] sadaya angamuk punggung | kang tinêmpuh têtumpêsan | kang wuri anunjang wani ||

42. wantune kabotan lawan | wong tri èwu wus tumpês ing ajurit | amung kantun lajêripun | patih para nayaka | ngamuk ringut kang katrajang bubar larut | binendrong sing katêbihan | astha nayaka wus mati ||

43. Rahadèn Lêmbu Pangarsa | putra nata angamuk mobat-mabit | tinadhahan Sunan Kudus | rame watang-winatang | dangu-dangu rahadèn winatang lampus | Gajahmada mangsah yuda | ngamuk anglir banthèng kanin ||

44. ki patih lir tugu waja | datan pasah tapak tilasing kikir | tanapi tapaking palu | myang sisaning gurenda | têguh timbul kuwat kêngkêng atos lunyu | tan ana braja tumama | kang katrajang bubar ngisis ||

45. angamuk lir liman mêta | kang katrajang lêbur atumpês tapis | wangkening wong tumpang sungsun | siniwo wuri ngarsa | kanan kering kang tinêmpuh sirna larut | kang tadhah pêjah

--- 67 ---

gêlasah | pinêdhangan ing ki patih ||

46. binendrong saking têbihan | lir garimis tibane ponang mimis | kadya udan tibèng watu | tan ana kang tumama | Sunan Ngudung nulya mangsah ngêmbat lawung | lumarap tumbak tan pasah | kyana patih malês aglis ||

47. anggoco lawan curiga | jaja butul Sunan Ngudung ngêmasi | ingêbyukan wadya agung | sapira kuwatira | wong sajuga Ki Gajahmada wus lampus | kuwandhanya ilang musna | nulya na swara kapyarsi ||

48. hèh eling-eling wong Islam | dèn bêciki ing gusti angalani | ngrêbut praja amrih lampus | sun walês sira benjang | ingsun ajar wêruh nalar bênêr luput | sun damoni sirahira | rambutmu sun cukur brêsih ||

49. pra sunan manjing jro pura | angulati sang nata tan pinanggih | jroning pura amung kantun | Ratu Mas Darawatya | ingaturan mring Benang sumingkir sampun | wadyalit manjing jro pura | anjarah ngrayah abrêsih ||

--- 68 ---

50. wadyalit tan ana lawan | Radèn Gugur lolos tan bêkta dasih | Dipati Têrung gya rawuh | byantu ngrayah jro pura | buku-buku bêtuwah Buda tinunu | tan ana kèri satunggal | pikukuh agama Budi ||

51. wadyalit ambyar sumêbar | bètèng bangsal Têrung ingkang jagèni | wong Islam prajurit Têrung | prentahe sang dipatya | yèn wong Buda ngungsi bètèng kinèn nglampus | wong Buda ngungsi wanarga | kang têluk ngumpul jro puri ||

52. layone para nayaka | Buda Islam kinumpulakên sami | sadaya sarêng kinubur | sakidul wetan pura | winastanan ing Tralaya kuthanipun | kubure putra palastra | Rahadyan Lêmbu Pangarsi ||

53. wong Buda kang têluk ing prang | pan sadaya ingislamakên sami | prasamya kinèn anêbut | maring asmaning Allah | lawan nêbut Mukhammad Rasulullahu | lan kinèn ngucap sahadat | sawusira tigang ari ||

54. sigra budhal Sultan [Su...]

--- 69 ---

[...ltan] Dêmak | marang Ngampèl anyare tigang ari | ingkang pinatah ing pungkur | baris nèng Majalêngka | Kyana Patih Mangkurat Dipati Têrung | jagani pakewuhing prang | yèn ana wadya ambalik ||

55. senapatining ngalaga | Sunan Kudus nèng bètèng Têrung baris | dadya wakile sang prabu | kanthi para ngulama | tigang atus salat kajad sabên dalu | yèn siyang andêrês Kuran | têrbangan dikiran tahlil ||

56. wadya saparo binêkta | marang Ngampèl para sunan bupati | samya umarêk sang prabu | prapta ing Ngampèldênta | cinarita Jêng Sunan Ngampèl wus surud | namung kantun ingkang garwa | asal saking nagri Tubin ||

57. putrane Sang Arya Teja | nagri Tuban ginarwa mring sang yogi | sasedanira sang wiku | Jêng Sunan Ngampèldênta | anèng Ngampèl pan maksih sinêpuh-sêpuh | mring wadya ing Surabaya | kang wayah mangsah ngabêkti ||

58. rinangkul lungayanira | ganti-ganti para sunan [suna...]

--- 70 ---

[...n] sung taklim | miwah bupati sadarum | ganti mangsah tur sêmbah | wusnya tata alênggah kang wayah matur | eyang kawula tur wikan | ing Majalêngka nagari ||

59. pan sampun kawula bêdhah | kangjêng rama lolos saking nagari | kalawan pun yayi Gugur | ical botên kantênan | Patih Gajahmada lumawan prang pupuh | tinadhahan para sunan | Jêng Sunan Ngudung ngêmasi ||

60. sinuduk jajanya tatas | kyai patih ugi sampun ngêmasi | ulun sampun madêg ratu | mêngku rat tanah Jawa | aran ulun inggih Senapati Jimbun | inggih Panêmbahan Plembang | kadhaton Dêmak nagari ||

61. sowan kawula punika | ing paduka eyang anuwun idi | têtêp ulun dados ratu | amêngku tanah Jawa | run-tumurun praptèng putra wayah buyut | sampun wontên ngaralira | sampun wontên kang nyêlani ||

62. nyai agêng duk miyarsa | ingkang wayah rinangkul dèn tangisi | ginagas sajroning [sajro...]

--- 71 ---

[...ning] kalbu | dosa gêng tri prakara | mungsuh ratu sudarma tanapi angsung | nugraha kamuktèn dunya | rinusak tanpa prakawis ||

63. lan èngêt kasaenannya | ingkang uwa Brawijaya narpati | para ngulama sadarum | inguja sakarsanya | pinaringan siti sapamêtunipun | wong Jawa kang nêdya gantya | agama tan dèn wangêni ||

64. ing mangkya winalês ala | tanpa dosa amung tan arsa salin | agama Rasulullahu | lolos saking jro pura | tanpa wadya tan karuhan dunungipun | seda lawan sugêngira | wusana ngandika aris ||

65. putu sun takon ing sira | satêmêne tutura kang sayêkti | sapa bapakmu satuhu | sapa kang ngangkat sira | dadi ratu ana tanah Jawa iku | lan sapa ngidèni sira | apa sabab sira wani ||

66. wani ngrusak Majalêngka | salah apa Sang Prabu Majapait | dene sira iku purun | sikara tanpa dosa | ingkang wayah alon dènira

--- 72 ---

umatur | saking wartose pun biyang | sudarma kawula yêkti ||

67. ratu nagri Majalêngka | Brawijaya jêjulukira aji | ingkang ngangkat dados ratu | mêngku ing tanah Jawa | pra bupati pasisir sadayanipun | kang ngidèni para sunan | sawadya biyantu kapti ||

68. ngrusak nagri Majalêngka | prakawise amung tan arsa salin | agama Rasulullahu | kawula tan duraka | nyirnakakên sudarma kang kapir kupur | Buda kawak ngangkak-angkak | dhawuk lir kawuk tan eling ||

69. tan arsa agama Islam | duk miyarsa nyai agêng asru jrit | kang wayah rinangkul gapyuk | dhuh putu wruhanira | sira iku nêmu durakèng Hyang Agung | dosanira tri prakara | ratu tur nganggo sudarmi ||

70. bêciki asung nugraha | sira wani ngrusak tanpa prakawis | anane Islam lan kupur | sapa kang karya Islam | amung siji Pangeran Kang Maha Luhur | tan kêna pinêksa-pêksa | jiniyat ganti agami ||

71. lamun [la...]

--- 73 ---

[...mun] durung karsanira | praptèng pati yêkti dipun andhêmi | nyungkêmi agamanipun | yèn wus pinarêngêna | marang Allah tan susah pinardi iku | wus pasthi karsa priyôngga | angrasuk agama nabi ||

72. Pangeran kang sipat rahman | nora akon utawa nora mênging | wong salin agamanipun | sasênênge priyôngga | nora niksa wong kapir kang nora luput | tan ganjar marang wong Islam | ingkang tumindak tan bêcik ||

73. mung bênêr lan luputira | dèn adili lawan têtêping adil | lalar-lulurên asalmu | ibumu putri Cina | nêmbah Pèkkong wujud gambar rêca watu | tan kêna sira sêngita | mring wong kapir Buda Budi ||

74. tôndha tekatmu lapisan | tekat santri anganggo adat katri | mula blero paningèlmupaningalmu. | tan wêruh lêrês lêpat | amung jare angaku putra sang prabu | mula sira kolu bapa | angrusak tanpa prakawis ||

75. beda tekate [te...]

--- 74 ---

[...kate] wong Jawa | Jawa Jawi mangarti mata siji | yêkti wêruh bênêr luput | kang bêcik lan kang ala | yêkti wêdi mring bapa kapindho ratu | bêciki asung nugraha | iku wajib dèn bêktèni ||

76. eklase jroning wardaya | nora niyat ngabêkti mring wong kapir | niyat bêkti bapa ratu | wus wajibing manusa | yêkti bapa ing ratu kang pinisêpuh | wong tan bêkti ratu bapa | urip tanpa mata yêkti ||

77. putu sun mingsili crita | panjênêngan wong agung Kuparmani | akrama Putri Madayun | putra Prabu Nusirwan | kapir kawak kumawak dhawuk abawuk | padha lawan narpatinta | prandene dèn aji-aji ||

78. tur iku bapa mratuwa | suprandene wong Menak wêdi asih | tur sêngit mring mantunipun | sabab seje agama | minta sraya pra ratu kang sampun wudhu | kinèn nyirnakkên wong Menak | wong agung mêksa wêdyasih ||

79. iku palupi utama | kalakuan kang kanggo

--- 75 ---

wong linuwih | tan kaya tekatmu putu | bapa disiya-siya | dupèh kapir Buda kawak run-tumurun | tan arsa ganti agama | puniku dudu prakawis ||

80. jalaran rusaking praja | apa sira wus nganggo angaturi | putu marang sudarmamu | kinèn salin agama | Sultan Dêmak alon dènira umatur | kawula dèrèng aturan | ngaturi salin agami ||

81. nyi agêng gumujêng suka | luwih luput tindakira puniki | nadyan pra nabi rumuhun | Ibrahim miwah Musa | tuwin Nabi Mukhamad ingkang sira nut | padha mungsuh lan wong tuwa | prakara salin agami ||

82. nanging tan sêpên aturan | ginêlaran mujijat têmên nabi | atas karsaning Hyang Agung | kinèn ngrata agama | tan tinurut wong tuwa banjur dèn mungsuh | nadyan mungsuh lan wong tuwa | lair batine tan sisip ||

83. balik ingkang kaya sira | kaya ngapa mujijatira kaki | yèn nyata klipatullahu | wênang nyalini sarak |

--- 76 ---

atas saking karsane Hyang Maha Agung | age sira wêtokêna | nyatane ingsun arsa wrin ||

84. kang wayah alon turira | botên gadhah mujijat kados nabi | mung miturut ungêling buk | yèn ngislamkên wong kopar | yêkti tampi ganjaran sawarga besuk | nyi agêng gumujêng latah | ujar jare disungkêmi ||

85. jare bukune wong Ngarab | dudu buku pusakane lêluri | mung kasusu minta lêmu | sugih daging dagangan | wong ngumbara tinurut sakarêpipun | kang nglakoni susah rusak | mung raganira pribadi ||

86. tôndha kawruhira mêntah | nora matêng têrus ing lair batin | kêna bujuke wong busuk | wani bapa tur raja | mung kêsusu kêpingin jumênêng ratu | mutêr ing rat tanah Jawa | sinome nora pinikir ||

5. Sinom

1. sira santri sêsantrenan | dudu santri ahli budi | dalilmu kitab kêtatab | ing kawruh kang gampang rumpil |

--- 77 ---

ngêndêlkên dhêsthar putih | puniku putihing kuntul | cêmêr pamangsanira | putih jaba ing jro abrit | tanpa guna maca kitab sabên dina ||

2. duk swargi mratuwanira | sira sowan nyuwun idi | arsa bêdhah Majalêngka | kyai gêng nora marêngi | dhawuhe wanti-wanti | aja mungsuh bapa ratu | barêng saiki seda | dhawuhe kotrajang wani | santri apa wani nêrak marang dosa ||

3. sira jaluk idi mringwang | têtêpmu dadi narpati | mutêr ring rat tanah Jawa | ingsun tan wênang ngidèni | bôngsa cilik tur èstri | tan wênang ngidèni ratu | aran walik buwana | idiku têmah mlarati | balik sira wajib paring idi mringwang ||

4. karana kalipatullah | ing sajroning tanah Jawi | sira dhewe ingkang tuwa | saucapmu idu gêni | kang kaya awak mami | tuwa tuwan aranipun | mêtu awan kêmulan | mêtu enjing wêdi warih | amung sira ingkang têtêp tuwa nata ||

5. putu sun mingsili sira | carita [ca...]

--- 78 ---

[...rita] patang prakawis | wong gege kaprabon bapa | ing kitab kiyamat muni | kraton nagari Mêsir | panjênêngan Nabi Dawut | putranira kang tuwa | Abe Salam ingkang nami | mungsuh bapa anggege kaprabon nata ||

6. Jêng Dawut kèngsêr sing praja | Abe Salam kang gumanti | sawuse antara môngsa | Nabi Dawut sarta dasih | wangsul amukul nagri | Sang Abe Salam lumayu | gya ngungsi wanawasa | ginawa bandhang turanggi | pan kacangkol tênggoknya nèng lata wrêksa ||

7. kudane têrus lumajar | Abe Salam iku kèri | tênggoke kajirêt lata | gumantung wrêksa ngêmasi | iku kukuming Widhi | yèn wong wani bapa ratu | malih ana carita | ing tanah Jawa rumiyin | Ratu Mêndhang Sang Prabu Dewata Cêngkar ||

8. anggege kaprabon bapa | Sang Prabu Sindhula Aji | kêna sabdane kang rama | dadi buta angajrihi | sadina dhar wong siji | tan lama jênênging ratu | ana brahmana [brahma...]

--- 79 ---

[...na] prapta | saking sabrang angajawi | Ajisaka anggêlar kadibyan sulap ||

9. wong Jawa asih sadaya | mring Dewata Cêngkar gêthing | Jisaka dèn anggêp raja | ratune dipun pêrangi | ambyur sêgara Indi | salah rupa dadi bajul | môngka isi samodra | tan lama nuli ngêmasi | mungsuh sarpa Jaka Lilung wastanira ||

10. crita nagri Lokapala | nama Prabu Dhanapati | lan rama Rêsi Wisrawa | rame prang rêbutan putri | tur bapa ingkang sisip | prandene mêksa kasiku | dinukan marang dewa | aja manèh lir sirèki | mungsuh bapa sikara tanpa prakara ||

11. sayêkti urip cilaka | patimu malbèng yumani | iku ukuming Pangeran | wong kang kaya sira iki | êmbuh ukuming Widhi | marang sira iku besuk | Sultan Dêmak miyarsa | nyai agêng dènirangling | analôngsa gêtun kang wus kêlampahan ||

12. pra sunan lan pra bupatya | kang jumurung angrojongi | adêgmu dadi narendra | lan bêdhahe [bêdhah...]

--- 80 ---

[...e] Majapait | dosa kêdhik tur cilik | mung siji murtat ing ratu | sabab seje agama | dosane tan dadi kudhis | balik sira dosa gêdhe tri prakara ||

13. iku sira tanpa timbang | gêlêm bae anglakoni | linêbokakên loropan | lan sagung para ngulami | miwah para bupati | dene sira tan sumurup | ingkang nêmu cilaka | malêbu naraka api | kang nglakoni dosa gêng sira pribadya ||

14. tur kelangan ratu bapa | sêbutamu nora bêcik | rusak tataning manusa | ginuyu isining bumi | salawasira urip | rumakêt nama tan arus | katuju mênang pêrang | mungsuh bapa kaki-kaki | lah etungên gunggungên kluputanira ||

15. nadyan sira martobata | maring Pangeran Linuwih | kaya tan olèh ngapura | kakehan luputmu kaki | dhingin mungsuh sudarmi | kapindho murtat ing ratu | tur ngrusak kabêcikan | apa cacate sang aji | sira rusak prajane [praja...]

--- 81 ---

[...ne] tanpa karana ||

16. dipati ing Panaraga | Bathara Katong prajurit | iku putra Majalêngka | Andayaningrat ing Pêngging | iku mantu sang aji | karone prajurit wudhu | iku môngsa trimaa | rusake ing Majapait | yêkti labuh ing bapa rusaking praja ||

17. iku abot sangganira | angantêp tangkêping jurit | labuh ratu pindho bapa | ping têlu ngrêbut nagari | wit timur praptèng mangkin | sabên dina ajar pupuh | wus wignya ngadu bala | aju unduring prajurit | balik sira puniku bôngsa ngulama ||

18. kapan gonmu ajar yuda | mung mangeran puji dikir | lamun bêngi salat kajat | nyilih swarane Hyang Widhi | iku yèn dèn paringi | bisa mêtu karamatmu | yèn datan pinaringan | jêngkinga kongsi kêpesing | tiwas bundhas bathukmu tan mênang yuda ||

19. ngêndêlake sugih japa | pasa mutih pati gêni | amrih mandi tênungira | iku kaki ngapirani | prakarane wong

--- 82 ---

jurit | ingkang narik asor unggul | amung carita ngarsa | kang bênêr lawan kang sisip | kapindhone sugih gaman atul yuda ||

20. timbang tantingira lawan | akèh kêdhiking prajurit | bênêr akèh wadyanira | iku kabèh bôngsa santri | mung ajar ngêntêp kêndhil | môngsa pêcusa prang pupuh | ngêndêlkên pra bupatya | pasisir kang Islam sami | Islam anyar adate misih tugêlan ||

21. samôngsa sampun ayuda | tekatira mungal-mungil | nimbang bênêr lawan lêpat | môngsa mèlua wong sisip | kang bênêr dèn iloni | ambalik madyaning pupuh | iku tan sira timbang | mung ngêndêlkên sira wani | dudu laku prakarane wong ayuda ||

22. miturut sêbutan kitap | yèn wong mati prang lan kapir | aran mati sabilullah | ginanjar sawarga benjing | puniku ngapirani | kang pêrang sabil satuhu | nalarmu pêrangana | patènana ingkang sisip | lah pêndhêmên urugana bêbênêran ||

--- 83 ---

23. bênêra mata satunggal | aja bênêr mata kalih | samar kalingan pêpadhang | bênêre anganan ngering | yèn bênêre wus sami | nganggo bênêr mata têlu | têgêse têlu têlas | bênêre mung murih asil | najis mêkruh yèn enak kinalalêna ||

24. tandhane bênêr ranira | lan para sunan ngulami | laku ngrusak Majalêngka | nora pisan angèngêti | bêcikane sang aji | mung kêsusu enggal lêmu | sugih daging dagangan | sudhiyan rayap yèn mati | mula tan wruh bêcike ratu lan bapa ||

25. sanadyan mungsuh wong kumpra | yèn sira murwani sisip | sayêkti mati cilaka | sanadyan mungsuh Islami | yèn bênêr rane kaki | wus pasthi mati rahayu | ywa dumèh kapir Buda | padha turun Adam Nabi | wujudira ya manusa kaya sira ||

26. wong urip ana ing dunya | dosane limang prakawis | dosa Allah lan Mukhamad | kapindho guru narpati | ping tiga

--- 84 ---

yayah bibi | garwa putra kaping catur | lima marang sasama | dosa ingkang ôngka siji | wong kang urip nganggo goroh samar-samar ||

27. wong kang dosa guru raja | wong wani guru narpati | wong kang dosa yayah rena | wong wani bapa lan bibi | wong dosa garwa siwi | wong tan ngrêksa garwa sunu | dosa marang sasama | wong sikara tanpa uwit | lan wong tan wruh kabêcikaning sasama ||

28. sira timbanga pribadya | tuturku wus kocap ngarsi | sira kasêbut ngulama | sayêkti wruh bênêr sisip | Sultan Dêmak miyarsi | amuwun sajroning kalbu | alon ing aturira | dhuh eyang kados punapi | dosa ulun mring Allah matumpa-tumpa ||

29. Nyi Agêng Ngampèl ngandika | sira tan dosa mring Widhi | dosa mring sudarmanira | Gusti Allah mung ngadili | kang bênêr lan kang sisip | ingkang salah dipun ukum | sinèlèh anèng kerat | binêlok sajroning gêni | Sultan Dêmak umatur sarwi [sar...]

--- 85 ---

[...wi] karuna ||

30. rèhning sampun kêlampahan | punapa winuwus malih | pan amung têdah paduka | ingkang kawula lampahi | nyai gêng ngandika ris | yèn sira nurut rêmbugku | ramamu ulatana | katêmua ngêndi-êndi | aturana kondur marang Majalêngka ||

31. yèn ramanta misih karsa | angasta kaprabon aji | anuli sira junjunga | têtêpa kadya ing nguni | kari pira sang aji | yuswane anuli surud | lan sira anyuwuna | ngapura luputmu kaki | yèn tan karsa ramamu jumênêng nata ||

32. suwunên ing rilanira | ing Jawa sira ratoni | idine kang têrus ing tyas | dadi bêcik lair batin | tan ginuyu ing bumi | sira pancia ramamu | dhahar busananira | gawèkna kadhaton ngardi | saprabote pandhita ywa kongsi kurang ||

33. hèh ta gèr kawruhanira | nadyan wong satanah Jawi | angidèni marang sira | têtêpmu madêg narpati | yèn nora dèn idèni | ramanira sang aprabu |

--- 86 ---

lamun tyase tan rila | sira nora kêlar kaki | dadi nata nèng Jawa sabanjurira ||

34. aja dupèh kapir Buda | iku bêtuwah narpati | sawetane tanah ngajam | yèn kongsi gêla kang galih | mênawa animbali | putra wayah para ratu | sawetan tanah Jawa | sawadya kaprabon jurit | misih abot sangganira ing ayuda ||

35. karana sagung pra raja | kanan kering tanah Jawi | kabèh kawêngku santana | padha wiji Majapait | manawa angèngêti | darbe ratu pinisêpuh | siniya tanpa dosa | angantêp tangkêping jurit | sabiyantu angrêbut ing Majalêngka ||

36. yêkti prang gêdhe gêmpuran | kadya duk prang Urubêsmi | Majapait lan Blambangan | pira-pira kang pêpati | tur Menakjingga sisip | prandene padha biyantu | iki wong tuwanira | bênêr nganggo ratu luwih | sayêktine ing prang nêdya pêpungkasan ||

37. putu lamun sira mênang | têtêp jumênêng narpati |

--- 87 ---

yèn kalah dèn oyak-oyak | kêcandhak dipun patèni | wong Islam dikuciri | tur sira iku kêtêmpuh | rusaking wadyabala | kang mati madyaning jurit | padha nagih mring sira besuk nèng kerat ||

38. ramamu jumênêng nata | tan lama nuli ngêmasi | ing tanah Jawa kêliya | sira nora andarbèni | mulane rêmbug mami | turutên ingkang satuhu | antinên surudira | nadyan prang rêbut nagari | mungsuh kadang puniku tan dadi ngapa ||

39. sanadyan kalah mênanga | tan ginuyu bumi langit | wus lumrah wong madyapada | lamun sudarma ngêmasi | anak arêbut waris | pusaka kang luwih pêrlu | lamun gege samangkya | lan bapa rêbut nagari | kalah mênang dadya gêguyoning jagad ||

40. katujune mênang pêrang | mungsuh bapa kaki-kaki | wungkuk bêngkuk suku tiga | êndi sêbutamu bêcik | loking jana mung nisthip | iku sira dipun emut | aja nrajang kanisthan | tolèhên awakmu [a...]

--- 88 ---

[...wakmu] kaki | ramanira ratu agung binathara ||

41. ibunira putri Cina | agama miturut Ngarbi | aran jangêt ingatigan | jêmbar jajahanirèki | dene akêndêl ngisin | mungsuh bapa kang wus pikun | saru tinon ing kathah | mungguh rêmbugku samangkin | lah muliha mring nagaranira Dêmak ||

42. aja lumaku pribadya | ngulati ramamu kaki | manawa giris tyasira | kêmlurusên angêmasi | bêcike Sunan Kali | kinèn lumaku angluruh | aja anggawa wadya | lumakua cara santri | yèn kêpangguh dèn gênahêna kewala ||

43. yèn karsa dèn aturana | kondur marang Majapait | jujuga ing Ngampèldênta | yèn nora karsa sang aji | aja kopêksa kaki | manawa runtik tyasipun | ngandika anyupata | puniku yêkti mlarati | wus mangkata sadina iki bubara ||

44. nulya sami abubaran | sawadyanira tan kari | jêng sultan kondur mring Dêmak | Sunan Kali kang ngulati | lumaku [lu...]

--- 89 ---

[...maku] cara santri | mung sabat kalih kang tumut | nurut pasisir wetan | sinigêg Jêng Sunan Kali | kangjêng sultan sawadya angguladrawa ||

6. Dhandhanggula

1. sampun prapta ing Dêmak nagari | Kangjêng Sultan Bintara sawadya | umyang gumuruh swarane | kang prapta lan kang mêthuk | suka sukaning tyas angênting | ngulama praja desa | nracak kaulipun | yèn jaya prange gustinya | dikir mulud bêlèh wêdhus sapi biri | tahlil dikir trêbangan ||

2. santri murit sami kaul ngêmis | marang pasar sadina ping sanga | pating garandhul kasange | sapêpakirèng butuh | pan kinarya mêmule nabi | Sultan Bintara panggya | kalawan sang wiku | Kangjêng Sinuhun ing Benang | angandika praptamu padha basuki | lakumu mangun yuda ||

3. apa asor apa unggul jurit | kangjêng sultan alon aturira | sampun bêdhah karatone | nagari Majalangu | pra punggawa kang lawan jurit | samya tumpês ing yuda | margi kagèt gugup |

--- 90 ---

Kyana Patih Gajahmada | saha wadya ngamuk-punggung ambêk pati | gaman pêdhang curiga ||

4. wadya Dêmak panggah anadhahi | kinarocok wadya pra bupatya | mung patih kang têguh dhewe | Sunan Ngudung gya nêmpuh | anglarihi nanging tan titis | Gajahmada angrangsang | dhatêng Sunan Ngudung | pinarjaya jaja tatas | kapisanan Sunan Ngudung angêmasi | sigra para bupatya ||

5. para sunan panggah anadhahi | pinarbutan Gajahmada pêjah | nanging sirna kuwandhane | nulya na swara krungu | ingaturkên ingkang pêpeling | suka Suhunan Benang | mèsêm ngandika rum | suwarane wong wis modar | wêdi apa besuk wani mêngko wani | mungsuh wong kapir Buda ||

6. ora cidra ing pambatang mami | Majalêngka sapa dèn andêlna | yèn uwis balik Si Kusèn | Si Gugur misih timur | môngsa dadak wani ing gêtih | Gajahmada wus tuwa | wungkuk ambalêngkuk | thinuthuk bae palastra | nora kêlar nadhahi [nadhah...]

--- 91 ---

[...i] yudamu kaki | mudha sêdhêng umurnya ||

7. wadya Dêmak lajêng manjing puri | angulati jêng rama tan ana | lolos tan wikan puruge | tuwin pun yayi Gugur | samya lolos tan bêkta dasih | kang kantun wontên pura | amung kangjêng ibu | pramèswari Darawatya | kulaturi nyingkir mring Benang rumiyin | nurut atur kawula ||

8. wontên dene yayi adipati | nagri Têrung wus gumantyèng yuda | asikêp lan gêgamane | lajêng biyantu pupuh | jarah-rayah sajroning puri | buku bêtuwah Buda | kinumpul sadarum | lajênge kawula bakar | dimèn sirna pikêkah agama Budi | gumujêng Sunan Benang ||

9. iku bênêr anggitira kaki | lamun misih buku sarak Buda | wong Jawa awèt kapire | kongsia sèwu taun | môngsa dadak ganti agami | nut sarak Rasulullah | datan nêdya emut | anêbut asmaning Allah | lawan nêbut asmanira Kangjêng Nabi | Mukhammad Rasulullah ||

--- 92 ---

10. môngsa niyat salat kaji dikir | Kangjêng Sultan Bintara turira | bètèng-bètèng sadayane | ing Bangsal lan ing Têrung | wadya Islam ingkang jagèni | parentahe yayi mas | Adipati Têrung | kalamun ana wong Buda | ngungsi bètèng sadaya tumpêsên sami | dene yèn janma Islam ||

11. ngungsi bètèng kinèn sungi kori | mila tiyang Buda ambyar bubar | mawut saparan-parane | ngungsi mring wana gunung | kang lumawan dipun pêrangi | kawula tigang dina | anèng Majalangu | lajêng dhatêng Ngampèldênta | nuwun idi têtêp kula dados aji | mring ibu maratuwa ||

12. ingkang tugur wontên Majapait | anjagèni kang putra santana | yèn wontên kang mungkar tyase | yayi Dipati Têrung | lawan Patih Mangkurat nênggih | wadyane pra dipatya | sapalih kang tumut | sapalih kawula bêkta | dhatêng Ngampèl nèng Têrung sipêng tri ari | minta pakèwêting prang ||

13. kang kawula [kawu...]

--- 93 ---

[...la] angge senapati | ingkang dadya sêsulih kawula | ing bètèng Têrung barise | inggih Pangeran Kudus | pramugari misesa baris | kanthi para ngulama | sadaya tri atus | sabên dalu salat kajat | dikir mulud tansah muji siyang latri | tahlil dikir trêbangan ||

14. para sunan lan para bupati | gya umiring ing kula sadaya | ulun sapraptaning Ngampèl | wusing pranata ulun | para sunan lan pra bupati | nulya lênggah satata | kawula umatur | kang dadya parlu kawula | nyuwun idi têtêp ulun dados aji | amêngku tanah Jawa ||

15. saha kula ngaturi udani | bêdhahipun nagri Majalêngka | lan kangjêng rama lolose | tuwin pun yayi Gugur | ugi lolos tan bêkta dasih | pêjahe Gajahmada | lumawan ing pupuh | ibu sangêt dukanira | sarwi muwun nguman-uman dhatêng kami | tuwin sunan ngulama ||

16. winastanan janma tanpa budi | dene tan wruh kabêcikan [ka...]

--- 94 ---

[...bêcikan] raja | asikara tanpa wite | nanging panimbang ulun | inggih lêrês jêng ibu nyai | sampun katur sadaya | ing sadukanipun | Nyai Agêng Ngampèldênta | purwa madya wusananira abrêsih | putuse kang rinêmbag ||

17. Sunan Benang jêtung datan angling | nging sinamur ywa kongsi katara | kang dadya kaluputane | mring Ratu Majalangu | ing wusana ngandika aris | dene mêrangi tatal | nalarira iku | wong wis mati inguripan | tekadira mati têngah nglangi pinggir | nganggo tekad urakan ||

18. wong kang ngrêti têrus lair batin | mangan gula wus prapta ing dhadha | dipun ulu sadayane | êmbuh dadine pungkur | luwih karsanira Hyang Widhi | janma kang ahli nalar | ngaranan sirèku | ingaran bôngsa tugêlan | nora murni nuwuhake nyawa kalih | katôndha tekadira ||

19. mungal-mungil tan wurung kêtail | ing pakewuh dadi tiwasira | marga kurang kantêpane |

--- 95 ---

sira nurut ibumu | ibunira iku pawèstri | tan wênang dadi iman | amurwani laku | prakara ngrêmbug nagara | yèn wong wadon wêruhe mung uyah trasi | wus kocap jroning kitab ||

20. yèn wong kakung nurut mring pawèstri | nadyan bojo sanadyan wong tuwa | wus pasthi dadi tiwase | sabab èstri puniku | têtêp aran uwong sajati | nglowong mung dadi tadhah | tan wênang tinantun | prakara ngrêmbug nagara | apa manèh bênêr luputing agami | wus pêsthi sasarira ||

21. sira aran tiyang kang sajati | tiyang iku pikukuhing palwa | nora kêna menglang-mènglèng | kudu jêjêg abakuh | anèng têngah amikukuhi | sira wus dadi iman | amurwani laku | panutan wong Jawa Islam | yèn tyasira mirang-miring nêngah minggir | dadi tiwasing kathah ||

22. para sunan lan para bupati | wus angangkat sira dadi nata | ngratoni wong Jawa kabèh | ran Senapati [Senapa...]

--- 96 ---

[...ti] Jimbun | kang pinuji dibun sabumi | jaluk idi wanodya | asor bangsanipun | darajade luhur sira | nadyan tuwa nora wajib angidèni | jênêngira narendra ||

23. dadi sira kêna diarani | janma mulya dijak dadi kômpra | anjaluk idi wong jêlèk | apa sira tan wêruh | sêbutane tajusulatin | lamun bôngsa wanodya | apês duwèkipun | tan kêna tinari karya | dadi sira anêrak anggêr nagari | sêsikuning kalipah ||

24. upamane ramanira aji | sira angkat bali dadi raja | pulih gêtih kaya biyèn | pra bupati wus suyut | animbali kang putra kalih | Dipati Panaraga | miwah putra mantu | ing Pêngging Andayaningrat | nora wurung pasthi sira dipatèni | sapa kang malangana ||

25. angilangake êndhok sawiji | ibu andhap tur seje agama | wus agawe salah gêdhe | murtat ing bapa ratu | wus wajibe dipun patèni |

--- 97 ---

wus sah sêbutan kitab | kukume linampus | tur nora sira pribadya | sawadyamu kang padha biyantu balik | sah wajib pinatenan ||

26. dadi sira kêna dèn arani | janma rusak kudu ngajak-ajak | anggawa pêpati akèh | lamun wêruha ingsun | tekadira anêngah minggir | mulat wuri lan ngarsa | ingsun datan purun | ambotohi marang sira | ingsun sêngguh mantêp têtêp trusing ati | mantêpe tekadira ||

27. wong kang ngrêti têrus lair batin | mangan gula wus prapta ing dhadha | dipun ulu sadayane | êmbuh dadine besuk | luwih karsanira Hyang Widhi | wus sêdya nglawan ing prang | mungsuh bapa ratu | nadyan bapa ratu Buda | wus kalalun tan ana batal karami | pinangan janma Islam ||

28. nora ana ing sawiji-wiji | najis mêkruh sadayane sirna | wong kapir asli darbèke | kang wus kasor prangipun | janma Islam ingkang darbèni | sanadyan ta wanudya | wênang dèn dol iku | kinarya batur [ba...]

--- 98 ---

[...tur] tumbasan | sampun kalal jinamah datanpa kawin | wus sah sêbutan kitab ||

29. balik mêngko paran ta kang dadi | pungkasane kêkarêpanira | tutura sun rungokake | enake atiningsun | lamun tekadira lêstari | ambêdhah Majalêngka | sun idèni iku | dadi ratu tanah Jawa | sabanjure prapta anak putu benjing | yèn sira murungêna ||

30. sira manut maratuwa èstri | ingsun mulih marang nagri Ngarab | anèng kene tanpa gawe | môngsa wurunga lampus | tur tan bisa ngêlar agami | lah iya ucapêna | enggal gothak-gathuk | yèn sira lêstarèkêna | gènnya ngrusak karaton ing Majapait | amungsuh bapa raja ||

31. nanging sira têtêp dadi aji | mungsuh bapa wênang tinobatan | mring Hyang nyuwun ngapurane | nêdya mungsuh wong sêpuh | ratu kapir tan durakani | lêpihane wus ana | pra nabi rumuhun | Ibrahim Musa Mukhamad |

--- 99 ---

padha mungsuh wong tuwa kang padha kapir | nêmu mulya raharja ||

32. lamun wurung ngrusak Majapait | sira dosa guru kang sanyata | luwih gêdhe durakane | yèn wong dosa ing guru | nora wênang dipun tobati | sabab kang mêruhêna | dêdalan rahayu | ing urip praptèng antaka | Kangjêng Sultan Bintara sarêng miyarsi | sabdane Sunan Benang ||

33. gêtun jêgrêg dangu datan angling | pan rumôngsa kaluputanira | kadudon laku tindake | maju mundur kabêntus | ing pakewuh kang gampang rumpil | tiba kêsandhung rata | kabêntus ing wangwung | kapêngkok nalar kang samar | maju mundur duraka ing lair batin | mangkana osiking tyas ||

34. yèn wurunga ngrusak Majapait | dosèng gurunira kang sanyata | luwih gêdhe durakane | yèn dèn banjurna iku | dènnya ngrusak ing Majapait | dosa mring bapa raja | nanging dadi ratu | salah wênang tinobatan | ing wusana jêng sultan umatur aris |

--- 100 ---

inggih kula lajêngna ||

35. gèn kawula ngrusak Majapait | rèhning nguni kawula wus sagah | dhatêng ibu Nyagêng Ngampèl | manawi rama kondur | kula angkat narpati malih | amêngku tanah Jawa | kadya ingkang sampun | sayêkti kawula cidra | botên wande kawula dipun dukani | mring ibu maratuwa ||

36. kadospundi gèn kula mangsuli | sabab kula cidra ing ubaya | Sunan Benang ngandikane | lah iku gampang-gampung | nora susah ngupaya pikir | aja cidra ngubaya | wuwus kang wus mêtu | yèn ramanira wus prapta | lah sebaa marang nagri Majapait | sawadya sikêp ing prang ||

37. krigên kabèh bupati pasisir | sawadyane sikêp kaprabon prang | kira wong tri lêksa kèhe | para sunan sadarum | jakên seba mring Majapait | lamun sira wus panggya | kalawan ramamu | sira nyuwuna ngapura | ing sakèhe kaluputanira kang wis | wani bapa tur raja ||

38. yèn [yè...]

--- 101 ---

[...n] sira wus olèh pangaksami | ing sakèhing kaluputanira | ramamu angkatên rajèng | pulo Jawa Karimun | aja ana ing tanah Jawi | mundhak ngribêdi nalar | jênêngira ratu | jaganên wadya sanambang | sadinane urunan para bupati | sawadya sikêp ing prang ||

39. dimèn seda pinangan ing dhêmit | anèng Krimun saking karsaningwang | dene yèn ana mungkare | kang putra kalihipun | adipati ing Panaragi | Pêngging Andayaningrat | lawanên prang pupuh | wus lumrah manusa gêsang | bapa seda anak samya rêbut waris | pusaka ngrêbut praja ||

40. Sunan Giri anambungi angling | inggih lêrês ing karsa paduka | kawula mrayogèkake | nanging utamènipun | sampun ngantos amangun jurit | karya risaking praja | yèn parêng pukulun | kawula tênung kewala | sri narendra miwah ingkang putra kalih | kajênge nuntên seda ||

41. kula nênung mêjahi janma tri | bôngsa

--- 102 ---

kapir botên manggih dosa | amrih wilujênging ngakèh | Sunan Benang amuwus | luwih karêpira pribadi | Kangjêng Sultan Bintara | anambungi wuwus | lêrês Sunan Giripura | wusnya dadya pirêmbag saliring kardi | ganti kang kawuwusa ||

42. tindakira Kangjêng Sunan Kali | angulati Prabu Brawijaya | kalunta-lunta lampahe | sabat kalih tan kantun | cara santri lampah musapir | nurut pasisir wetan | praptèng dhukuh-dhukuh | dènira ngupaya warta | kang kamargan lolose kangjêng sang aji | Sri Nata Brawijaya ||