Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Ngèlmu Kodrat, Angabèi IV, c. 1900, #1321

Katalog:Ngèlmu Kodrat, Angabèi IV, c. 1900, #1321
Sambung:-

Sêrat Pêthikan Ngèlmu KodratJudul berdasarkan pada daftar isi.

Ilmu Kodrat Sawatara

1. Asmaradana

1. banyu nora bisa manjing | nuli gêndul rubuhêna | udara dêdêl wêtune | blubug-blugug gêndul swara | dadya angin ranira | mêtu saking jroning gêndul | lah ing kono rasakêna ||

2. lan malih jupuka kêndhi | ingkang kêbak isi toya | kang dhuwur sumpêtên lènge | nuli cucuke êcurna | pasthi toya tan mêdal | rèh

--- 242 ---

hawa tan bisa mlêbu | saking katutupan asta ||

3. lawan waspadakna malih | utawa kuwating hawa | klênthing kothong upamane | tumpangna ing dhuwur toya | sayêkti jun kumambang | karana sajroning êjun | kêbak kadunungan hawa ||

4. sabab udara puniki | anduwèni daya ringan | lire ringan iku ènthèng | tinimbang kalawan toya | pama klênthinge pêcah | wus pasthi june salulup | awit koncatan udara ||

5. ana pratandhane malih | giyota madyèng samodra | kêna dèn anggo wong akèh | kumambang isi momotan | tur pirang-pirang koyan | yèn kênèng bancana rêmuk | hawa mentar saking palwa ||

6. kang prau kêlêm tumuli | akèh janma kasangsaran | saha kanyataan manèh | talaga kali samodra | urip dayaning hawa | kabèh kaanan kang idhup | santosa saka udara ||

7. pira-pira tôndha saksi | kanyataaning udara | swarèng sabarang maring jro | malbu karnaning manungsa | miwah karnaning liyan | lakune ngungkuli punglu | nêmpuh

--- 243 ---

karna sung pariksa ||

8. yèn parêk ngungkuli thathit | lamun têbih saya suda | hèh Kancil wêruha kowe | sun micara sira myarsa | ngrungu tanpa antara | yèn adoh hawa lumaku | sira dhewe wus uninga ||

9. pistul bêdhil mriyêm muni | kapyarsa saking kadohan | jumêgur dhisik wêtune | dêdêl gayuh jumantara | mudhune alon-lonan | wit rindhik ing lakunipun | tôndha manèh kang têtela ||

10. yèn sira micara munggwing | omah gêdhe-gêdhe dawa | pasthi ana kumandhange | rare nirokakên sira | tan siwah ing wicara | poma Kancil dèn kacakup | yèn sira ayun sarjana ||

11. panjèrèngku kabèh iki | utamane muwuhana | takona kang wus paos |Kurang satu suku kata: takona kang wus waspaos. aja isin puruhita | mring janma kang kaloka | kasub widagdayèng kawruh | yogya anggèr guronana ||

12. manèh yèn sirayun mèksi | Kancil lakuning udara | kang bisa ngungkuli pelor | coba nalènana kêrtas | gantungên srana bolah | tumuli bêdhilên kulup | nadyan [na...]

--- 244 ---

[...dyan] parêk nora kêna ||

13. awit hawa wis dhingini | nèng ngarêping mimis timah | wêkasan kabur kêrtase | katiyup dening udara | dluwang ngalih panggonan | têmah salah ing panuju | wasitane kawruh palak ||

14. mong praja wêruha malih | pratandhane sipat hawa | lah age jupuka dêmon | uga anancanga kêrtas | wawasên ingkang cêdhak | tumuli tulupên kulup | wus pasthi kêrtas tan kêna ||

15. titènana malih saksi | lakune sipat udara | gêni murup upamane | tan antuk hawa pralena | yakti tan dadi brama | upêt nèng sajroning bumbung | tinutup mati sakala ||

16. bisa gawe gônda amis | bacin arum saking hawa | wus pira-pira tandhane | saksi gumêlar nèng donya | watara satus yuta | kuwate kaanan wujud | kabèh dayaning udara ||

17. dene kandêle nèng bumi | ujare wong ahli palak | mung sèkêt pal mandhuwure | sadhuwure hawa sonya | suwung tanpa kaanan | dene anggèr warnanipun | mèh prasasat tanpa rupa ||

18. darbe sipat sawatawis |

--- 245 ---

biru yèn saking kadohan | lah priksanên langit kabèh | anduwèni biru rupa | sajatine akasa | suwung datan rupa biru | kang awit warnane hawa ||

19. kaya ta samodra ardi | yèn tinon saking kadohan | amasthi biru warnane | padha warnane akasa | alas lan desa-desa | padha biru wujudipun | iku Kancil dèn waspada ||

20. aja ngawur bae Kancil | lalu èlu-èlu mudha | pingging wong cupêt budine | wruh kaanan kang rinêmbag | mung trima lowung gêsang | guna-ingaguna tambuh | wicaksana nora karsa ||

21. yèn kewan cupêt ing budi | kawruh mangkono tan doyan | dèn arani ngèlmu rèmèh | udara dèn anggêp Allah | mangkono iku lumrah | hèh Kancil jatine dudu | aja kèlu salah cipta ||

22. akèh wasitaku Kancil | kudu têngaluka ing tyas | bêbasan têngaluk anggèr | iku têmbunge wong Arab | kasêbut dalil kur'an | têgêse pamrihe kalbu | ingkang nganti bisa apal ||

23. paham jaba jêro tampi | lire jaba pôncadriya | kang sayogya lanyah tyase |

--- 246 ---

rupa têmpuhing suwara | nyiram mring tirta maya | ingkang dununge têngaluk | pangudimu ratri rina ||

24. yèn tyas jaba jêro tampi | paham saliring kagunan | tamtu murtyanjana kaot | ngêculake jêro jaba | paningal pangandika | pamyarsa tuwin pangambu | wus kasêbut wong sarjana ||

25. wruhanta sajroning jisim | ana wujud kaya sira | marmane yèn sira sare | tan bangkit mriksa miyarsa | de wuta tuli sira | nora anon nora ngrungu | iku tôndha jro tyas ana ||

26. dèn arani ati eling | nanging dudu Gusti Allah | iku mung gurumu dhewe | mula Kancil golèkana | êndi kang ngajak nendra | êndi ingkang ngajak idhup | tunggal kang ngajak pralaya ||

27. dèn awas lawan dèn eling | mung minta enak kapenak | lara sukansungkan (dan di tempat lain). mati êmoh | wangsul ing tirta ning maya | adrêng sabarang karsa | nendra tan kenging sinayut | luwih manèh yèn antaka ||

28. napas anglocita eling | mung dadi pikukuh Islam | lah Kancil êndi Islame | cacate ingkang amaca | kang nulis lan kang myarsa | kobêngkodhêng. bingung nora wêruh |

--- 247 ---

upayanên Among Praja ||

29. sabab ingatase pati | tan ana kang bangkit ngampah | sanadyan dhoktêr Sêpanyol | Prangkrik miwah dhoktêr Ruslan | kang wus kalokèng kuna | marsudi gone tan mangguh | anggèr ingkang nama Islam ||

30. adat mung kaborong kaki | Islam slamêt têgêsira | iku kang wus lumrah ngakèh | sawênèh para ngulama | Islam klimah tayibah | ana kang ngarani makbut | lan ana ngarani asrah ||

31. mungguh satêmêne Kancil | kang jênêng Islam sanyata | wong nambêlèh ing napsune | kasêbut kitab muktasar | Islam dabikul nupas | upayanên yèn katêmu | wus sah sira jênêng Islam ||

32. Kancil mèsêm matur inggih | cocog lan guru kawula | sadalêming cipta bolong | inggih lêrês sang iswara | nambêlèh napsu hawa | lir kang sampun kula inum | uni nong aning ana nong ||

33. mèsêm ngandika sang yogi | iku bênêr Among Praja | wus sêdhêng mêngku kaprabon | pramudaning witaradya | bawani ing bawana | sira wus tômpa pituduh | ing kawruh murtining [murti...]

--- 248 ---

[...ning] jana ||

34. wus sun palastha bab iki | kulup ywa kadawa-dawa | manawa kèh tanpa gawe | lan kang sayogya nênruka | pananya satsad. prakara | bab sapisan kitab sung wruh | mungguh wêwênanging nata ||

2. Pocung

1. duk rumuhun jaman kukila ranipun | pulo tanah Jawa | manungsa lir pendah paksi | tanpa yudanagara tanpa agama ||

2. nguni rusuh ingkang rosa-rosa untung | durung ana sastra | maksih laknyana wanda lir | kewan wana tanpa wisma ngrong gothaka ||

3. nuli nêmu kawruh mèt klikaning kayu | urat sinasaban | baksana lan woh kulampis | palawija jagung kimpul lan katela ||

4. watarantuk ing lamènira sataun | ing jaman kukila | waktu samana wong Jawi | amung bapa babu dèn anggêp lir nata ||

5. samya munjung jinunjung kurmatan agung | sadaya pra wrêda | inganggêp Hyang Maha Sukci | tan watara bôngsa Sanskrita ngajawa ||

6. amêmuruk sastra agama pikantuk | myang yudanagara | duga wataraning urip | nêmbah dewa aran agama pikuwat ||

--- 249 ---

7. iya iku kang langkung brama Hyang Wisnu | agama Sanskrita | mindhak-mindhak bôngsa Jawi | jaman iku wong Hindhu putus agama ||

8. akèh guru gêgarane tyas rahayu | nalika samana | misudha lajêring bumi | kang minôngka atining jagad narendra ||

9. marma ratu têmbung kawi basa Hindhu | kang kanggo nèng Jawa | kalantur jaman samangkin | sri bupati jawata mangejawantah ||

10. waktu iku angêdêkkên candhi watu | binatur rinêngga | gambar-gambar patra titi | lah priksanên Borobudhur lan Prambanan ||

11. candhi Sèwu mangetan mangulon têrus | jroning tanah Jawa | miwah sabrang tanah Hindi | luwih akèh patilasan jaman Buda ||

12. bagus-bagus anèh-anèh kang tinaturtinutur. | Kancil sun watara | pama wong saiki kardi | niru candhi wus pasthi datan kawawa ||

13. akèh watu ingkang tinandhan sastrayu | kang isi wasita | pêpèngêt nêmbah Hyang Widhi | supayemut manungsa laku durnala ||

14. mungguh ratu tanah Jawa wajib mupu | beya pajêg lêmah | ingkang rupa pèni-pèni | rajapèni

--- 250 ---

pêlikan êmas salaka ||

15. gusti iku locitèng tyas jarwanipun | tunggal wujud prana | atining jagad sakalir | mobah molah karsaning manah narendra ||

16. watarantuk sèwu warsa jaman iku | nulyana balabag | sangsara gung andhatêngi | banjir bandhang tanah Jawa karusakan ||

17. duk ing dangu Sumatra Sèlèbês kumpul | Bali praptèng Japan | dadya pêcah lêd jaladri | duk samana puwarane jaman tirta ||

18. marga banyu lêgok murang dadi laut | sawatara lama | wong bôngsa Cina ngajawi | gawa arta picis gobog jaman kuna ||

19. wismèng dhusun akèh Cina dadi buyut | lire pinituwa | nyôngga pajêg ing narpati | bayar arta sabên kalamangsanira ||

20. kèh kapencut Jawa kalakuan manut | mring basaning Cina | kaya têmbung pajêg Kancil | kawruhana basa iku têmbung Cina ||

21. wêwalêsmu rèh sira jumênêng ratu | marang narakarya | miwah narapraja Kancil | amancasi prapadudon rêbut basa ||

22. nadyan kukum midana satru jayagung | wong

--- 251 ---

ngrusak silarja | juti duskartaning bumi | prihatine minta tulung sri narendra ||

23. marma ratu misudha patih pangulu | myang jaksa rumêksa | rina wêngi ngupa kardi | wong durjana kang mrih ngrabasèng krêtarta ||

24. lah ta iku têtêp dadi wêwalêsmu | walês ping kalihnya | kali mili mrih ngalèbingalêbi. | bêlabari têtanduran narakarya ||

25. mila kudu ratu èngêt rintên dalu | binudi ing prana | êndi narmada kang dadi | dêdalaning sètubônda mrih raharja ||

26. kaping têlu ratu wruh panggonan samun | singub limut lamat | tiniti waspadèng budi | kudu mawi sinung malading panjuta ||

27. sikêp bau jaga pakewuh yèn rawuh | wêwalês kaping pat | nata rumêksèng pakarti | ing sangsaya kang sadurunge kawahya ||

28. kaya têluh kang mangrusak wong tumuwuh | karya tanuita | têgêse dhêdhukun sakit | wêwalêse narendra kang kaping lima ||

29. wajib mupu ratu sangsayaning wadu | kere sinung wisma | wastra baksana nyukupi | para papa pêkir miskin sinasrama ||

30. ping nêm kudu narendra kajibah muruk | wadu murda [mur...]

--- 252 ---

[...da] dama | punggung pingging cupêt budi | karya samaita lire mardi tama ||

31. tanpa gunggung wêwalêse yèn kaetung | rèh kajibah molah | mosik ing jagad narpati | wus narima wong cilik pinrês kringêtnya ||

32. jatènipun wong akèh kang nganggêp ratu | têtêping narendra | saka kawula kang pasthi | de têtêpe wong cilik saka narendra ||

33. marma kudu gusti lan kawula rujuk | nora kêna pisah | wong cilik ingkang ngingoni | ratu wastra baksana saka wong desa ||

34. pan wus tamtu | jaman mangke para ratu | karya kulawarga | bupati panèwu mantri | kabèh iku kamulyan saka wong desa ||

35. mondhong mikul candhak kulak anênandur | kangge ngupa arta | yèn wus antuk sinungkên ring | sri narendra sawadyabala santana ||

36. mila kudu marsudi ilining banyu | lan sirnaning durta | sandeaning tyas wong cilik | kang supaya sêmpulur lulus sung arta ||

37. tan adangu wong putih ngajawa rawuh | uga gawa arta | têmbaga araning dhuwit | iya iku wong Ingglan Purtêgal Prasman ||

38. gya sumambung Walônda [Wa...]

--- 253 ---

[...lônda] Nèdêrlan rawuh | Kancil sumurupa | cirining rupiyah ringgit | pinggir muni got simèt onsê jarwanya ||

39. Hyang Suksmagung awor kawula sadarum | yèn ingsun jèrènga | tarbukaning tulis iki | wus tartamtu kêrtas pirang-pirang koras ||

40. mula amung budinên dhewe sutèngsun | sakèhing sajarwa | tambahnya saka pamikir | bapa darma nandur mrambat saking sira ||

3. Gambuh

1. pasal pindho sutèngsun | ngong jarwani dununging wong sujud | nêmbah marang ratu purwakane nguni | agama ingkang nênuntun | katuntun sujud Hyang Manon ||

2. kang tamtu rintên dalu | supayemut narik tyas rahayu | ywana ingkang pêpeka ngrusak kartadi | dening tumuwuh mangayuh | kamulyan nyingkiri awon ||

3. sakèhing para putus | ngrekadaya wahyaning silayu | manêmbah ring latawal ujwa pinasthi | sawênèh dewa Hyang Guru | jagad pratingkah kang elok ||

4. ana manèh anjunjung | mring Hyang Odipati kang ginunggung | sagung cina cinadhang-cadhang swarga di | rinêngga pocapanipun |

--- 254 ---

satêmêne mung pasêmon ||

5. marma wêruha kulup | sawarnane agamaning makluk | kang gumêlar soring wiyat luhur bumi | kabèh ala kabèh bagus | mung gumantung ciptèng batos ||

6. malah sawiji kudu | kang kinasdu ywa kengguh ing dudu | kèh agama pêpacuh dursayèng bumi | Cina Wlônda Buda Hindhu | cinadhang ganjaran kaot ||

7. wong nêmbah ing Hyang Agung | rèhning tanpa jaman makam suwung | ingupaya ngêndi-êndi sêpa-sêpi | ana kono panggya samun | wangwung tan ana Hyang Manon ||

8. paran gyaning tumuwuh | pudyastuti sung cipta kang jumbuh | kawimbuhan jumbuhe kawula gusti | jatine Kancil atiru | dhewe kang kok anggêp jatos ||

9. rèh sira wus kasêdul | gandhul-gandhul gêgandhulan suwung | suprandene sêmbah sujudmu kok èsthi | èsthining Gusti sawujud | wujude tyas mung kang bodho ||

10. lire agama kukuh | yèn tinakon pangerane êmbuh | nora ana sawiji kang padha muhsis | sayêktine Hyang Mahagung | kang dumunung datanpa gon ||

11. susilaning tumuwuh | yèn manêmbah Pangerane [Pangera...]

--- 255 ---

[...ne] ewuh | mung kalipahing Pangeran dèn bêktèni | yèku panjênêngan ratu | kang natas sukêr tyasing wong ||

12. mila sayogya kudu | sri narendra mardi mardyèng sujud | nanging kudu uninga dununging bêkti | êndi kang wajib dèn ujung | mangkono jênênging katong ||

13. dene sêmbah puniku | ingsun ringkês rong prakara cukup | ingkang dhingin sujud mring Hyang Maha Sukci | kang pasthi prastawèng wujud | dalil kur'an awêwartos ||

14. mangkana lapalipun | tampanana yèn sirayun kusus | lamak buda pilwujudi hilêlahi | tan nêmbah sakèhing wujud | nanging Sang Hyang Nuksmèng Manon ||

15. mungguh wujude kulup | uni nunong aninong ana nung | dudu napas dudu angin mudyaali | rèh sira kalingan bingung | aninong aning ana nong ||

16. sandean ta katêmu | ing panyakrabawa kabèh luput | yèn wong nêmbah ing Allah sakêthi gampil | mobah molah mosik muwus | srana dadya sêmbahing

--- 256 ---

wong ||

17. nanging yèn yun wruh wujud | nama Allah sayuta pakewuh | rèhning sira jatine kawula laip | nêmbah asma bae cukup | lamun wus wêruh uninong ||

18. muhung pamintaningsun | rèhning sira amêngku praja gung | jumênêng nèng Gêbangtinatar nagari | turasing Daniswara nung | yèn nêmbah ywa kongsi katon ||

19. aja lir santri kumprung | mêndêm kulhu siyang ratri bingung | kicah-kicih lir cakranggana nèng warih | sumuci mèt toya wulu | cangkrama lêlangèn ciblon ||

20. dat kang wajibul wujud | nuksmèng kôntha isthanira kulup | nora siwah barang sapolahe sami | nanging satêmêne kulup | datmu pribadi kang katon ||

21. dadya dununging wujud | yèn sira wruh kanthaning maujud | padha lêbu-linêbu panjing-pinanjing | sêmbah-sinêmbah ranipun | gêdhe cilik datan kaot ||

22. yèn sira durung wêruh | sun dumuke sêksèkna atimu | Kancil iki aninong aning anuning | Among Praja matur nuwun | ngungun anglocita [angloci...]

--- 257 ---

[...ta] cocog ||

23. tumancêp pulung kalbu | trusthaning nala mathêm andhêku | saking dene kanyataan tôndha saksi | kang sinêmbah mung dumunung | wayangane budi katon ||

24. Kancil mong praja matur | dhuh sang dibya pramudaning wiku | wus prastawa èsthining hyang datul yakin | jatine manungsa sampun | mangkyamba nyuwun jinatos ||

25. wahyèng pasal tri mupung | antuk wêwêngan kawêkèn ulun | ing dadose kewan sato kumêlip |Kurang satu suku kata: ing dadose kewan sato kang kumêlip. asal punapa sang wiku | jarwanana mrih tyas bolong ||

26. sarta ulun maayun | unwèng titah tambah kalongipun | kadospundi babaripun bab puniki | sang yogi pasrangkararum | hèh kulup asaling sato ||

27. saka rasaning idhup | pêpêrêsan kodrat betal makmur | nulya bumi gêni banyu miwah angin | kang wus lumrah ing panêmu | para musanip mangkono ||

28. nanging yèn mungguh ingsun | wong nyalênèh jatine truwilun | satêmêne asale sato kumêlip | kang mêngku sipat rongpuluh | purwa saking

--- 258 ---

kidam manggon ||

29. ngadam praptaning wujud | jroning wujud mêngku ala ayu | swarga nraka bêkjabêgja. cilaka ngrakêti | lah ing kono dat wajibul- | wujud jumênêng karaton ||

30. kulup mungguh asalmu | kowe dhewe kaki kang wus tau | biyèn kae ingaran ngadam bakin |Kurang satu suku kata: biyèn kae ingaranan ngadam bakin. iku purwane tumuwuh | saka êmbuh jatining wong ||

31. buh mau êmbuh mau | rèh panêmu dèn anggêp wong putus | asal sato saka wadi madi mani | manikêm wus kanggo mabhum | sun sumêlang lamun goroh ||

32. kaya ta bumi banyu | angin gêni Kancil durung tamtu | rèhne kowe dhewe sayuta durung wrin | ngadam mustakirul wujud | kêna dèn anggêp pitados ||

33. akèh bae pra guru | sung pituduh purwaning tumuwuh | rèhne ingkang dèn anggo ing tanah Jawi | prayogane sira kulup | kawruhana ywa maido ||

34. lan malih sira ayun | prastawèng tyas bab kalonging umur | prakarèku anggèr yêkti luwih rungsit | ewuh pakewuh sun tuduh | nanging sun wèhi pasêmon ||

--- 259 ---

35. sajatine wong idhup | gon pacangkramaning kayat kayun | duk maksih nèng guwa garba praptèng mangkin | kaki nora wuwuh-wuwuh | tansah rintên dalu kalong ||

36. dhèk kalonge kang tamtu | uning unong aninong ana nung | hèh ta Kancil cocogêna ing pambudi | pralampitamu wus baut | kaya wus tan kêna keron ||

37. Among Praja tur nuwun | kalinggamurda sinuhun-suhun | wus tumanêm ing tyas trusing sanubari | mathêm mathênthêng kacakup | cungkup jangkêping pasêmon ||

4. Kinanthi

1. pasal ingkang kaping catur | winahya sêkar kinanthi | sababnya kawadis sirna | basa têgêse kawadis | iku basane wong ArapArab. | artine anyar nèng bumi ||

2. kabèh kaanan maujud | bumi langit sadayèki | kang gumêlar kang kumilat | cêcukulan pèni-pèni | surya wulan taranggana | sadayèku ran kawadis ||

3. lamun kagulung jêjuluk | ngalam têmbunge ngarabi | lire kumpulane barang | saka ling-alingan siji | yèn kaparinci winastanan |Lebih satu suku kata: yèn kaparinci winastan.

--- 260 ---

saeun jarwane kaki ||

4. sawiji-wiji kang wujud | tunggal kasat mata jinis | ing têmbe sadaya brastha | lêbur sirna tanpa dadi | mila ujaring musakab | myang dalil kitab wêwarti ||

5. kulu saeun halikun | ila wajahu lirnèki | sabarang satunggal-tunggal | kang gumlar kabèh têmbe nir | nanging ana kang tan rusak | Allah kang nuksma ing budi ||

6. mungguh muktamating kawruh | tan kêna rusak mung warni | pikirên dalil punika | yèn têmên-têmên pinanggih | nora adoh saka sira | mangke sun jèrèng sathithik ||

7. kakekate ingkang maksut | bumi langit sagarardi | candrama myang danumaya | kabèh satêmêne kaki | iku nora kêna rusak | awit biyèn praptèng benjing ||

8. mungguh wicaraning usul | ingkang aran kiyamati | pungkasane dina donya | mangkana wêcaning dalil | wal kiyamat akir donya | kayêktèn sira pribadi ||

9. dene kiyamat sutèngsun | satêmêne kalih warni | sajuga kiyamat kobra | kapindho kiyamat sahir | kobra

--- 261 ---

gêdhe jarwanira | pradikane sahir cilik ||

10. larape pituduh iku | sira pribadi ngêmasi | sadaya kaanan donya | rusak wus datan kaèksi | tan ana sawiji apa | lah sêksènana pribadi ||

11. priksanên kyamat sahiru | yèn sira nendra tan ngimpi | apa kang katon nèng kana | iku pratandhane Kancil | nuli wungu saka nendra | mila ran kiyamat cilik ||

12. Kancil Among Praja matur | kasinggihan sabdèng yogi | panêmbahan ing bawana | sadayamba sampun tampi | mung sakêdhik nyuwun priksa | karananipun wong ngimpi ||

13. dene yitmane tan mêtu | kuliling jajah nagari | yèn mêtu saking jiwangga | tamtu ing ngriki ngêmasi | boya wande dados hawa | lah kadospundi sang yogi ||

14. mèsêm pramodaning wiku | sarwi pasrangkara ririh | bênêr kulup gonmu ngatas | ywa ngawur kamoran pingging | manawa ing têmbe nular | tumrap putra wayah wingking ||

15. lamun sun buka bab iku | yèn sira bangkit nampani | rusak bodhomu sakala | cacate wahyèng

--- 262 ---

pamardi | maksih kasintron paesan | nanging kaca brênggaladi ||

16. sing sapa kang durung tau | maksih kawan naga lali | bingung kanan dadi kiwa | anggèr wuri dadi ngarsi | mangkono jamak wong tuwa | cingkrang budi tan tabêri ||

17. bab wong supêna sutèngsun | mangkya gumêlar ing bumi | surya candra taranggana | wana sagarardi maksih | tan siwah nèng kene iya | prakarèku sun jarwani ||

18. wandanira kabèh kulup | sun upamakake carmin | kang jêro wus isi hawa | yeka netranira kaki | gumulunging pôncadriya | urip ing sajroning pati ||

19. sadalêm netra puniku | ana gambar ngalam kabir | de wandanira punika | ingaranan ngalam sahir | agal anuksma ing lêmbat | dalil kur'an wus wêwarti ||

20. anal ngalamul kabiru | dakalapi ngalam sahir | jarwane lapal punika | jagad gêdhe manjing cilik | wujudmu gêdhe sapira | prandene kalêbon langit ||

21. sajatine nora mlêbu | mung gambare donya manggih | iku tirta kang ning maya | cangkrama mendrawèng pikir | manjing sadalêming netra |

--- 263 ---

kang jumênêng banyu urip ||

22. mula yèn wong ngimpi turu | sahuwat lan wanodya di | nêmahi nikmat mupangat | tan salisir kaya iki | dayane rahsa ramahya | yayah nendra rarasing sih ||

23. ingaranan rahsa kudus | marmane anggèr nglabêti | yèn anèng jroning supêna | manggya sangsaraning jisim | anggèr tan karasa lara | iku aran rasa kadim ||

24. lire kadim sipat alus | mêngku prakara rong warni | bungah kaping pindho susah | sadalême nendra ngimpi | mila têmbung kawi jarwa | nendra pardikane têbih ||

25. nyata kayêktèn wong turu | tan supêna miwah ngimpi | têbih nglangut tanpa kira | tan kêna dinalih yakin | yèn sun jèrèng bab punika | kêrtas pirang-pirang kodhi ||

26. mung pamintaningsun kulup | pikirên dhewe kang titi | rèh siranggèr mêngku sipat | rongpuluh cukup nyampêti | atas pradondèng sarjana | rina wêngi musus budi ||

27. lowung tinimbang wong nganggur | wus wajib manungsa mosik | ênênge ywan jana tama | nora kadya sela glinting | gumlethak bisu tan munya | pantês kinaryancik-ancik ||

--- 264 ---

28. rèhning sira mêngku idhup | jaba jêro dèn kawruhi | jêro mosik aranira | jaba mobah-molah nglisik | mila akablat sung warah | mukmin kayun bidorèni ||

29. jarwane mukmin kang tamtu | urip anèng desa kalih | têgêse sira punika | lagya têtêp linggih ngriki | pikirmu jajah nagara | êndi-êndi kok uripi ||

30. tur tanpa ana ing kayun | ningali tan mawi ngèksi | mirêng nora mawi karna | ngandika tan mawi lathi | mila pasêmon wong buda | lumpuh angidêri bumi ||

31. cebol gayuh langit nusup | yeka budayèng tyas luwih | kowe dhewe wus uninga | kulup kasêktèning ati | iku lire mosik muna | sayogya wajibing urip ||

32. seje wong kang kaya ênthung | mobah-molah tanpa pamrih | uripe urip-uripan | iku singgahana kaki | pra laksitaning utama | ri ratri amardi budi ||

33. budayaning kayat kayun | cangkrama mindrayèng jisim | sanadyan cakraning donya | kêmput ingubêngan angin | dadya

--- 265 ---

uriping bawana | lir kang wus sun jèrèng nguni ||

34. Kancil Among Praja matur | sampun kawula tampèni | sadaya sajarwa tuwan | manjing dalêm sanubari | sampun tangaluk tyas amba | nadyan nendra tangi maksih ||

35. ing mangke kawula nuwun | pasal ping gangsal kang warti | kyai mugi katangkarna | supados tumangkar wuri | katampèn ing putra wayah | kinarya nuntun tyas pingging ||

36. dwija wrêka ngandikarum | bênêr sakèh kawruh iki | kagunan lan kasantikan | nora kêna dèn simpêni | sing sapa nutup kawignyan | iku wong dursilèng urip ||

37. ngèlmu kumbi slingkah-slingkuh | kukuh sinumpêt nèng ati | wahyane angon iriban | ting kalêsik kaya dhêmit | yèn ana seje golongan | cêp lir rong-orong kêpipit ||

38. kawruh kang mangkono kulup | dadya wisunaning urip | karya pêtênging agêsang | nora wurung bujuk dhuwit | pae dibyèng suracala | nglela ginêlar ing bumi ||

39. singa krungu lir maguru | sasat mêjang ing ri ratri | sêdyèng sun kaki

--- 266 ---

supaya | winancahan sarjanadi | anggèr timbuling sunyata | wimbaning wong ngadu budi ||

40. sapira bae ingkang wus | supaya winancah dening | pra sarjana nawung kridha | tan merang kasoran bangkit | kayêktèn gêlar pigunan | makanjar nèng bramartani ||

41. seje guru luru-luru | yèn kalah wicara isin | kasoran angaku mênang | budi andhap ngaku inggil | mung mamrih payuning kojah | nulyakèh wong manjing murit ||murid.

5. Dhandhanggula

1. dwija wrêka angandika aris | piyarsakna pasal kaping gangsal | kraton ngakirat ênggone | sun tan wignya sung wêruh | rèhning durung tau ngêmasi | sanadyan ngicipana | ngong pribadi maut | kapriye gon ingsun mêjang | bokmanawa sira ora bangkit tampi | awit kawruhmu kuna ||

2. kukuh bakuh mantêp ing pangèksi | gêgandhulan kawruhmu kang kuna | wêjange pra guru akèh | kang kok anggêp wus jumbuh | lima nênêm tunggal sawiji | anaa kang sulaya | jaba-jabanipun | nanging kêkêrane padha | kang dèn èsthi jumbuhnya kawula

--- 267 ---

Gusti | tan Gusti tan kawula ||

3. mung pribadi kang sira antêpi | mulih marang asaling manungsa | wit bumi gêni angine | warih bali mring banyu | angin kondur dadyawa malih | bumi mulih mandhala | dahana dadyangus | mung emut hawa ing jagad | kang sawênèh ana guru anjarwani | gulung badane wadhag ||

4. ginawa mring ing alam kang sukci | ana manèh guru malbèng sonya | wangwung suwung lir wong sare | salah sawiji iku | kok antêpi salami-lami | manawa sira tômpa | gêgandhulan ingsun | kok cakrabawa sulaya | upamane sun wêjang kewala kaki | kang lumrah ing akathah ||

5. ingsun tanggung pasthi yèn kapanggih | kadya para guru kathah-kathah | bênêr luput sabagyane | tan bangkit ngêdu têlu | wus mangkono lakuning kyai | Kancil sumambung sabda | dhuh sang dibya kawruh | kawula minta sanyata | sadayane kawruh mami tôndha saksi | lir sajarwa paduka ||

6. lamun botên kasêksèn ing ati | guru kawula ing dalêm prana | paran gèn kula pracayèng | sawarnining pangawruh | gênah kula uning [u...]

--- 268 ---

[...ning] patitis | kang bangkit anjrum mudhar | anjèrèng angêjum | gumlindhing lir nèkêr gêlas | yèn ta babar midrawa ngêbêki bumi | mangkono kang sarjana ||

7. kang wignyamot sasmita di-murti | rèh jrone nèng seban jagatjagad. traya | barang punapa yêktyamot | kang amis bacin arum | lan rumêsêp ing kulung pikir | wong kadunungan ayat | ingayat ing ngèlmu | kang mèdêm padhang narawang | têrus têrang yayah kèkêr tanah Prankrik | mangkono wong bijaksa ||

8. ngandika lon sang awrêka yogi | yèn mangkono Kancil icipana | yèn sumanggêm tyasmu anggèr | kadarpa kumacèlu | mring sasana karaton ngakir | sun untapakên sira | mring silaning layu | derarsa anginum toya | ingkang tirta ning maya manganyum pati | pati kang tanpa sama ||

9. tranggina sang dwija nglaksanani | mugut yitmaka nir Sang Hyang Atma | pinêluk Kancil griwane | sinidan danèng tuwuh | lêlantaran aning ngunaning | unong aning ana nong | sakala wus layu | kadyangganing krêndhasawa | nir budaya yayah gusthi kang kaèksi | subrastha tanpa

--- 269 ---

siksa ||

10. sèsining jiwanggati ardanis | niskarèng tyas nora kara-kara | karana cupêt atmane | rêjasèng maya mahyut | kanindhitan ing mantrastuti | mangunah wiku arja | tumanduk ngendranu | kadewan carêm Hyang Endra | teja maya aran jagad sonyaruri | rèh rumêkêt jiwangga ||

11. nikmat mupangat nèng têpêt sukci | rawiyannya ing kanjamah piyan | uninong aning anane | arabe antamutu | kablal maut kang rasa wadi | carêm mring Widhi dhustha | pathining rasa nung | dumunung ing sonyapringga | tanpa sama wus layu kaya wus yakin | nora kinaya ngapa ||

12. la yaklamu bilailêlahi | la yakripu la yakbirulilah | sajatine êmbuh kuwe | tan wujud datan suwung | nora nendra nora angimpi | luluh lêbdaning kôntha | abadi ajalu | jalining arilokana | kana kene kakênan ngumalèng pati | pati patitis kanan ||

13. têtêp alkaju baetolahi | kanyataan tan lyan datul insan | kasdu takrul wong yakine | wus kapugut kasuwuk | hyang yitmaka panone siri | rasa surasèng lena | prana datan ngukup | kapurba tirta ning maya | wus [wu...]

--- 270 ---

[...s] prastawa kayat kayun tanpa dadi | nir kodrat wiradatnya ||

14. upamènira dahat malarsih | parandene Kancil Among Praja | nukarta karta kirdhane | godha nora kasandhung | munggèng kanjam mahpiyan kadi | dining karti sampeka | agyaning tyas kukuh | têmah tinêmu sacipta | nèng sasana dudu nraka dudu swargi | tan isi datan sonya ||

15. wus pêpanggih ring Hyang Datulyakin | adi nuksma ring dat maolana | dat molana nuksmèng kothong | kothong manuksmèng jumbuh | êmbuh kakung êmbuh pawèstri | irêng bang pita seta | ijo biru êmbuh | sirna sawarnèng rasanya | jaman langgêng nikmat nora ika-iki | unong uning ana nong ||

16. têtela trang wêjangan nocogi | kang wus kacakêp ing nala nyata | srambut pinara satuse | tan salisir rèh kusus | kasat mata makripat jati | jatine kang nupiksa | ya kang nganyut layu | mung langgêng datanpa sama | masaallah babe makripatul pati | kang norantuk winêjang ||

--- 271 ---

17. watarantuk saari saratri | Among Praja dènnya nginum tirta | ning maya mangayut maot | sang wrêka dibya uluk | salam tanggap Kancil tarampil | wa ngalaekum salam | uni nong ana nung | Kancil mangastawèng muka | wadanawor mandhala ngaras swendaglis | sumungkêm anèng pada ||

18. swanitarda lir tiris-tiniris | lalu lêbda tan kêna tinahan | kadyangganing wungu sare | jatine dudu turu | pungun-pungun dhêlêg tanpa ngling | derantuk minum tirta | tirta ning mahayu | gêdhêg kodhêng lir kunjana | lêngêr-lêngêr ngungun ngunadikèng galih | lah iki kawruh apa ||

19. sarwi matur mring sang wrêka yogi | bapak mangke kawula wus wikan | jatining maot dununge | manjing mring betolahu | nuksmèng pati wajibing urip | sapisan babar pisan | kinèn asinau | amba waspada saha trang | kayat kayun kudrat iradat myang ngèlmi | jro pati tanpa guna ||

20. tirta maya ingkang murbèng urip | dene êroh bapak dede napas | ngudi panglocita dede | ewuh kulayun dumuk | sasananya [sasana...]

--- 272 ---

[...nya] kang banyu urip | têtalining agêsang | sok makatênipun | punika kang nama Islam | sadayane kaanan ing dalêm jisim | amung dados pikêkah ||

21. wus têtela ingkang ngajak urip | ngajak nendra lan kang ngajak pêjah | bagya cilaka nèng kene | panglocita tan ayun | lara sukan mati tan arsi | mung enak lan kapenak | kabudayanipun | lêmbut arda sakti dibya | dadya murka nglêngkara sabarang karsi | tan wignya karya tilas ||

22. Kancil Among Praja matur aris | kyai kawula nyuwun pitêdah | ingkang murba wisesane | punapa gih puniku | iku kagyat asru dènnyangling | anggèr sira têtanya | ingkang murbèng tuwuh | tunggal pancêr tirta maya | iku kodratira pribadi kang dadi | jênêngkên wujudira ||

23. jumênêngmu sarana pribadi | duk sira maksih nèng kalkaosar | iku wus jumênêng dhewe | tur murba rintên dalu | nèng ajali praptèng abadi | nganti saiki iya | maksih durung tutug | murba misesa ring sira | yèn wong Arab anggèr [ang...]

--- 273 ---

[...gèr] dèn arani puji | puji alkamdulilah ||

24. mangko Among Praja sun tuturi | rasaning puji midrawèng raga | sakojur ana isine | lah iki warnanipun | uning anong uning ana ning | lah cocog apa ora | sêksèkna atimu | iku kang murba misesa | iya ingkang karya wujudmu sakalir | dudu roh dudu nyawa ||

25. duk sira maksih nèng jagad sukci | pujiku jumênêng pribadinya | gawe kanthane mangkene | unong aning ana nung | pasthi bapa biyung tan kardi | apadene malekat | nabi wali dudu | ing ngarêp sun wus wêwarta | jroning urip ana nraka ana swargi | karatoning Hyang Suksma ||

26. nalikane sira durung dadi | sonya sêpi tan sawiji apa | puji kang jumênêng dhewe | nadyan sira tan wêruh | nanging kêna ngwatarèng dugi | yogya kacakrabawa | jumênênging kamdu | iki rupane wêruha | uning unong Among Praja wus nampani | suka sokur narima ||

27. rèhning cocog lan panggalih wêning | kasat mata jarwaning sarjana |

--- 274 ---

têtela trang glèthèk pêthèl | rèhning jawi madyanung | datan kadung pangêncupnèki | tumrêcêp wus kacakan | jatining tumuwuh | wêruh kang murba wasesa | lawan tôndha saksi rèh kamil mukamil | sampurna kasampurnan ||

28. ing ri ratri lumintu mangèsthi | tanpa ingan jumbuh pangaksinya | nanging rèh mêngku prajane | dadya panganggonipun | sinasaban yudanagari | mamrih tan kawistara | mangkono wong agung | pamêngkuning radya dadya | tan sayogya jiwangga ngrêrasèng ngèlmi | nuwuhkên praja rêngka ||