Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Asmaralaya, Mangunwijaya, 1908, #1261

Katalog:Asmaralaya, Mangunwijaya, 1908, #1261
Sambung:-

Sêrat Asmaralaya

Anyariyosakên bab kawruh kasampurnan, piritan saking wasitaning guru-guru ingkang sami amêdharakên tekating kasidan, kaimpun dhatêng Mas Ngabèi Mangunwijaya, abdi dalêm mantri dhistrik Bayat (Surakarta)

1838-1908

--- [0] ---

Sêrat Asmaralaya

Anyariyosakên bab kawruh kasampurnan, piritan saking wasitaning guru-guru ingkang sami amêdharakên tekating kasidan, kaimpun dhatêng Mas Ngabèi Mangunwijaya, abdi dalêm mantri dhistrik Bayat (Surakarta)

1838-1908

--- [0] ---

...

--- 1 ---

1. Dhandhanggula

1. Mangèsthi wruh srirèng Hyang Artati | têtumanên patêmon wartanya | tanpa pantaran nikmate | sor langêning salulut | marmanira kang sampun uning | kasat mata ing netya | sumèh sêmunipun | ayêm têntrêm anarima | mungkur maring karamèn mung amalatsih | sihing Hyang Suksmanasa ||

2. ngunjara ring rêrasan tan aris | sanityasa sung srêping sasama | sarèh saniskaraning rèh | ririh paramarta rum | santa budya susêtyèng kapti | katênta mètotaman | têtêk santosatul | saking tyase wus pranawa | anarawang manrusing pramana wêning | wruh nênging kaêningan ||

3. wiwaraning warana kang wêrit | kinawruhan wêngane tan samar | kasarira saarine | wruh rahayuning luyut | yitna nora kewran ing wèsthi | mangkana kang waskitha | marma dèn anggayuh | wahyu ayuning kasidan | ywa katungkul ulah kamulyaning urip | tan urup kinurêpan ||

4. jatinira ananing aurip | nora lama bêbasane

--- 2 ---

ana | amung sagêbyaring clèrèt | pêt tumulia wangsul | bagya lamun kang bangkit bali | maring alame lama | kang luwih linuhung | wit gaib kang durung wikan | kang wus tamtu pêtêng calèrèt umanjing | suwung woring swasana ||

5. yayah lêbu katiyup ing angin | paran kulup yèn nèng kono sira | kasangsaya salawase | awit wêwarahipun | wrêdatama kang wus mumpuni | yèn maring suwung sira | mung pêtêng tinêmu | tanpa têpi katêmahan | tuju padhang kêna gêbyaring hyang rawi | mawa prabawa panas ||

6. kaingkêtan surya pêtêng malih | ana uga sunaring sasôngka | nanging mung sawatarane | tur mawa prabawa bun | sangêt asrêp karasèng dhiri | yèn sira mring swasana | swasana puniku | amung angin ananira | wor alusing ponang tirta lawan agni | tur uga maksih kêna ||

7. wuwuh sunaring surya lan sasi | paran kulup solahira benjang | tansah panas asrêp bae | myang katiyupikatiyuping. bayu | angalaya ngubêngi langit | anginjêng [a...]

--- 3 ---

[...nginjêng] tanpa sotya | iku aranipun | karsa ngungsi ngêndi sira | trilokaya kêbak kalimputan dening | ing suwung myang swasana ||

8. layak lamun kang durung udani | arsa marêm nèng suwung kewala | dumèh mêngku sakabèhe | tan wruh lamun puniku | pêtêng kêmput tanpa watawis | kang rêmpit kalimputan | têmah nyanuk-nyanuk | wênèh anganggêp swasana | dumèh alus anglimputi ganal alit | lêmbut ngèbêki jagad ||

9. nanging tan wruh yèn iku trimurti | tri têtêlu murti kaalusan | alus têtêlu têgêse | liring alus têtêlu | adhêm panas kalawan angin | iku ananing hawa | nguni asalipun | ingkang panas saking surya | ingkang asrêp asal saking sitarêsmi | angin saking tranggana ||

10. tataning kang surya lintang sasi | samya mubêng nyakra magilingan |manggilingan. urun prabawa katrine | wor dadya swasanèku | môngka wrananira Hyang Widi | dera marnèng kaanan | sèsining rat sagung | dumunung mring suwungira |

--- 4 ---

lilir. sêsotya munggwing êmbanan salami | tan kêna pinisahna ||

11. mantuk têtêp tanpa kartinèki | kamot momot among amisesa | saisining jagad kabèh | bumi baruna klêbu | nora mrojol saking trimurti | isine kaisenan | ing saananipun | anglimputi kalimputan | pêpêt tanpa watêsan pênuh trimurti | tuhu amisesèng rat ||

12. trilokaya tan ana kang mirip | lir swasana prandene punika | maksih kawula jatine | katandha ananipun | durung langgêng nora nêng êning | pan maksih darbe obah | kêna suda wuwuh | têtêp mung bôngsa pirantya | dadi dudu anane kaanan jati | jati-jatining gêsang ||

13. balik kang ran sajatining urip | sayêktine mênêng nora obah | nanging ingkang obah kabèh | yèn nora lan nêngipun | wurung nora sida amosik | lan tan rupa tan warna | nanging jatinipun | sabên-sabên ana warna | pan wus lawan rupanira kang sajati | kalamun tanpa [ta...]

--- 5 ---

[...npa] rupa ||

14. yatnanana yêkti nora warni | warna rupa nora bisa pisah | warna warana têgêse | rupa urip satuhu | dadi warna kabèh puniki | têtêp waranèng gêsang | kang misesèng suwung | suwung kang woring jiwangga | ulatana sumingite anèng ngêndi | aja mucung kewala ||Sandiasma: dari bait 1 sampai bait 14, suku kata pertama pada tiap bait pada baris pertama berbunyi : Mangunwijaya kawula nata mantri Bayat.

2. Pocung

1. nguni ingsun ngênglêng ing tyas pungun-pungun | ngudi ananing Hyang | gya pruhita pra maharsi | wêwarahe tan sama awarna-warna ||

2. ana wiku mêdhar ananing Hyang Agung | yaiku cahyanta | kang nglimputi woring dhiri | wayangannya dumunung nèng netranira ||

3. bundêr nguwung lir sunaring surya nrawung | aran nur Mukhamat | yèn prapta antarèng pati | iku surêm yèn sirêp sira palastra ||

4. marmanipun yèn wus surut urupipun | aywa was sumêlang | ling-lingên ywa kongsi lali | pilutanên ing kono gwaning kamulyan ||

5. ana muwus wosing gêsang sayêkti wus | kawasesèng sira | woring sarira ri ratri | iya iku rasa lan

--- 6 ---

pangrasanira ||

6. wor sawujud nèng napas anpas tan nupus | pratandhane ana | yèn napasira wus anis | yêkti sirna atmanira saking raga ||

7. marmaningpunmarmanipun. yèn sira yun praptèng luyut | aywa kalayatan | oswanta racutên nuli | worna lawan rasa lan pangrasanira ||

8. pangrasèku anane Gusti saèstu | kawula rasanta | yèn rasa lan pangrasa wis | wor sajuga têtêp ing panunggalira ||

9. sirna sampun tanpa rasa pangrasa wus | mulih mulanira | duk sira durung dumadi | bali nêng ning nora muni nora muna ||

10. wênèh muwus jatine kang murwèng idhup | yaiku pramana | kang masesa ing sakalir | dumunungnya nèng Utyaka Guruloka ||

11. iya iku têmbung Arab Betal Makmur | tandhane kang nyata | anèng gêbyaring pangèksi | lwih waspada wruh gumlaring alam dunya ||

12. yèn puniku lêrêm sira nuli turu | yèn sirna palastra | mulane èsthine kaki | mung pramana kang bisa nuntun mring swarga ||

--- 7 ---

13. wênèh jamhur amarna kang maha ruhur | yaiku suwara | kang kuwasa murwèng urip | pratandhane lamun sirna swaranira ||

14. praptèng lampus mênêng nora bisa muwus | sawênèh pandhita | mêjang ananing Hyang Widi | iya iku angên-angên bale atma ||

15. nèng jro jantung jênak jênjêm anjêjangkung | sakrêjêting sêja | rasa pangrasa cipta sir | pôncamaya pôncadriya kawasesa ||

16. marma yèn wus prapta antaraning lampus | angên-angênira | nêngna aywa mobah mosik | rasanira sirnakna mring kono poma ||

17. yêkti nêmu sajatine kaananmu | tan susah sinêdya | pan wus manggih sawargadi | têmah nikmat mufangat salaminira ||

18. wênèh nuduh jatining urip dumunung | anèng sulbinira | papan kanikmatan yêkti | purwèng urip saking kono sangkanira ||

19. marma besuk yèn wus arsa praptèng layu | ing pangèsthinira | dumunungna anèng sulbi | yêkti mulya waluya mring uripira ||

20. tur amêngku salwiring rasa sadarum | mung nikmat [nikma...]

--- 8 ---

[...t] mufangat | salamêt salami-lami | langgêng urip môngka witing rasa mulya ||

21. wênèh sung wruh jatining Gusti wus karuh | benjang lamun sira | wus parêk antarèng pati | ana rupa kadya rupanta priyôngga ||

22. kang akonus saking kamanungsanta wus | saplak nora siwah | amung mawa cahya putih | iya iku kang aran mayangga seta ||

23. lamun iku wus kadulu ing sirèku | ciptaa anunggal | sêjakna gênti umanjing | dadi têtêp warôngka manjing curiga ||

24. rampung putus wus tan ana kang winuwus | têtêp ing panunggal | panunggaling kwula gusti | mulih mulya tan ana gusti kawula ||

25. wênèh wiku ngaku wikan kang amêngku | wus tanpa wêweka | benjang mèh prantaningpraptaning. pati | ana cahya seta prapta gêng sasada ||

26. iya iku nur Mukhamat kang satuhu | uriping manusa | wawasên aywa gumisir |gumingsir. tut wurinên tan antara yêkti muksa ||

27. namu-namu mring wiyat nuksma dumunung | ananing tranggana | yèku cahya kang nêlahi | ing

--- 9 ---

buwana wus langgêng kaananira ||

28. malih asung tuduh ananing Hyang Agung | cahya maya-maya | jumênêng munggwing ograning | tuntung driya anartani trilokaya ||

29. Betal Makmur Betal Mukharam katêlu | ing Betal Mukadas | sumunar praptèng pangèksi | liyêpêna katon ponang cahya maya ||

30. anarawung warna-warna wor dumunung | liyêping paningal | benjang yèn arsa ngêmasi | cahya ingkang kaèksi sirêp sadaya ||

31. wit ginulung ing cahya kang nèng jro jantung | waluya ngayangan | nuksmèng cahya kang sajati | kang apadhang gumilang tanpa wayangan ||

32. langgêng nguwung angèbêki buwanagung | mulih purwanira | duk durung tumurun maring | ngarcapada awarna warana raga ||

33. malih guru amêjang jatining ngèlmu | ing kamulanira | ananing Hyang Maha Widi | amung sabda gaib wor ing rat warata ||

34. cahyanipun gumilang-gilang narawung | tanpa wêwayangan | nêlahi sèsining bumi | gya tumurun wor rahsa dadya manungsa ||

--- 10 ---

35. marma têmtu yèn prapta antarèng layu | ana cahya prapta | gumilang pindha angganing | tirta munggwing ron lumbu amaya-maya ||

36. dyan puniku ciptanên dadya sawujud | lawan sabdanira | kang sênêdan samadyaning | ngên-angên ta yêkti waluya sampurna ||

37. mulya wangsul mring asalira rumuhun | sabda gaib babar | bali angèbêki bumi | tribuwana kêbak bangkit mêgat nyawa ||

3. Mêgatruh

1. wirayate para wiku kang durung wruh | jatining kaanan jati | kaya kang kawahyèkawahyèng. ngayun | kabèh datan ana sisip | bênêr wus nèng raga manggon ||

2. sabab iku kabèh waranèng Hyang Agung | nguni dugduk. durung dumadi | ya kêkêt rakêt tan kumpul | palikêt nèng nukat ghaip | yayah atunggil sawiyos ||

3. kadyangganing kang swasana wor lan suwung | nunggal rasa seje wrêni | jatine ywa swasanèku | kang manuksma jroning dhiri | katarik duk murwèng raos ||

4. rahsanira yayah rena wor salulut | kinêmat sing nikmatnèki |

--- 11 ---

kamot kang swasana katut | kaanane kang sajati | nèng mani woring sawiyos ||

5. iya iku purwaning Hyang Maha Agung | amarnèng titah sakalir | saking kalarate korut | kêkêt nèng maningkêm nuli | kumulit ngêmuli kothong ||

6. tan antara kang suwung nulya kumêdud | katut kang swasana kosik | kasrêg panas lan srêpipun | kumaringêt tri sutèngsi | wus kasat mata sayêktos ||

7. karsaning Hyang kanyataan dadi wujud | wujuding kang jabang bayi | wanodya tanapi jalu | lawan kang swasana maksih | anèng jro dadi pirantos ||

8. pirantining manungsa kang alus-alus | lêstari manuksmèng dhiri | ananging pakartinipun | swasana manut piranti | kang awadhag urating wong ||

9. karsaning Hyang pinerang dadi tri juru | kocap ing Hidayat Jati | kapala ran Betal Makmur | swasana kumringêt dadi | tirta maya nèng jro panon ||

10. iya aran Tirtamarta Kamandhanu | pardikane banyu urip | loro

--- 12 ---

jroning jaja kasbut | ing Betal Mukharam isi | jêjantung ing jêro kothong ||

11. mung swasana nèng ngriku manuksmèng suwung | têlu konthol dèn wastani | Betal Mukhadas puniku | mèsi mani madi wadi | ya isis wasana kothong ||

12. amangsuli pakartining Kamandhanu | tansah amidrawèng dhiri | nurut ing darah lan bayu | kang darah kumêjot kosik | angêbut swasana dados ||

13. napasing wong mlêbu mêtu lira-liru | lawan swasana ing jawi | dadi têtalining idhup | bôngsa santri amastani | salat daim pujining roh ||

14. iya iku bêbasane pra linangkung | suwung mêngku ananèki | iya anapas kang winêngku |Lebih satu suku kata: iya anpas kang winêngku. yèn suwunge jagad iki | mêngku swasana ing kono ||

15. karoncènên kalamun kabèh tinutur | lir layang Hidayat Jati | ringkêse swasana mau | kang nèng jroning raga dadi | piranti kang alus yêktos ||

16. kang nèng ruhur dadi cahya pramanèku | mêngku pôncadriya nuli | pêncar bisa ngambu ngrungu | bisa nywara lan mangèksi |

--- 13 ---

kang anèng têngah kawaos ||

17. iya dadi pônca maya kang amêngku | rasa pangrasa cipta sir | bangkit nganggit ngira nuju | nyana nyakrabawa tuwin | swasana kang anèng ngisor ||

18. kwasa mêngku pônca asmara yaiku | witing kasêngsêm sarêsmi | saking pôncadriya tumrun | nuksmèng pônca maya trus mring | pôncasmara mêngku raos ||

19. ran asmara turida ping kalihipun | asmara tôntra kaping tri | kapat asmara ciptèku | dadine woring sarêsmi | asmaragama kacriyos ||

20. kabèh môngka kalaratira Hyang Agung | de swasana kang nèng jawi | dadi kaanan sawêgung | teja kuwung kilat thathit | calèrèt jaladara wor ||

21. mega mêndhung ampak-ampak guntur kêtuk | bayu bajra angin-angin | amun-amun daru pulung | kabèh saisining langit | swasana kang dandos-dandos ||

22. bumi banyu wrêksa gulma lata lumung | sarupaning kang kumêlip | kang gumrêbêg kang kumrumpyung | tan lyan swasana kang dadi | tuhu

--- 14 ---

swasana kuwaos ||

23. têtêp dadya wêwakiling Kang Mahagung | kawasa murwèng sakalir | marma pra guru kang tan wruh | ananing kaanan jati | swasana kang salin ênggon ||

24. nuli padha dèn anggêp Kang Maha Agung | pinangran pinundhi-pundhi | kaya kang kawahyèng pucung | tan wruh yèn iku trimurti | salin gon salin lêlagon ||

25. salin asma lan salin pangwasanipun | lamun manuksmèng mring cacing | yêkti mung mangkêrêt mulur | yèn manuksmèng walang bangkit | mibêr malêtik mancolot ||

26. yèn manjing wong bisa nganggit bisa ngidung | têrkadhang bisa udani | maring sajatining idhup | wruh sangkan paraning urip | pangrakiting rèh tan keron ||

27. marmanira kabèh panganggêping guru | kang padha mangeran maring | rasa pangrasa cahya nung | mangran mring pramana tuwin | mangran swara ciptèng batos ||

28. kaya ingkang kawahya ing sêkar pucung | sayêkti benjang umanjing | mring swasana moring suwung | arsa ngungsi maring ngêndi | ngarsa wuri dhuwur ngisor ||

--- 15 ---

4. Pangkur

1. jaba jêro kaèbêkan | ing swasana sanadyan kang tan ngèlmi | iya manuksmèng mring suwung | kawur ing tawang towang | nora beda lawan ingkang ahli ngèlmu | kalamun nora waspada | dununging kaanan jati ||

2. sajatining uripira | kang wus awor tan pisah siyang ratri | sajroning Kur'an kasêbut | minkibaril warita | Gusti Allah rakêtan lan rasanipun | lire wus awor sarasa | rasa sajroning ngaurip ||

3. urip ingkang mawa jiwa | jiwanira môngka warana jati | jatining urip puniku | yêkti tan nganggo nyawa | nora nywara nora gônda nora dulu | nora muna tan ngandika | tanpa rasa pangrasa nir ||

4. amung nêng êning dyatmika | nèng kaanan ananira pribadi | nanging kabèh kang kadulu | apan wus kauningan | kang karungu wus kapyarsa ing Hyang Agung | kang kaambu wus kagônda | kang nywara kasabda yêkti ||

5. kang angrasa wus karahsan | inaloha huwasamingwal ngalim | Allah iku jêmbar agung | uninga saniskara | nora samar ya nukat [nu...]

--- 16 ---

[...kat] ghaipbulguyup | liring wiji pêpingitan | sumingit ing rahsanèki ||

6. nanging pilih kang uninga | lamun ora lawan pituduh jati | lafale layu khayapu | tan kêna kaya ngapa | ananira samar tan kêna ginayuh | yèn ora lan wahyuning Hyang | nanging wajibul wujudi ||

7. lire wajib wujudira | iya aran kayun ila birakin | urip tanpa jiwanipun | mung daya prabawanya | anguripi sèsining buwana sagung | nênge bisa karya obah | kayun ila pindarèni ||

8. bisa urip rong panggonan | lire urip nèng ngalam kabir sahir | kabèh mung pribadinipun | ing kene kana ana | iya kana kene tan ana nyakuthu | mung sawiji nora owah | langgêng ing salami-lami ||

9. ana sasmitanirèng Hyang | munyèng kitab Dakhaikul Akhaik | dhingin nitahakên kayu | sajaratul yakina | tuwuh anèng jroning alam adam makdum | ajali abadi ika | têgêse gêsang sajati ||

10. tumuwuh anèng buwana | ya duk maksih [ma...]

--- 17 ---

[...ksih] wang nguwung sonyaruri | suwung ing salaminipun | anèng kaanan kita | lah puniku ulatana dèn kapangguh | takokna mring pra pandhita | kang pundhuh pindhaning pati ||

11. prandene kang wus sampurna | ing pangawruh tan samar woring dhiri | kang ngalingi wus kadulu | mlela tan kalamatan | wruhing prana pambukane tan kaliru | jro liyêp layap karasa | saking prana pranawaning ||

12. kang mangkono winastanan | sampun pana nungku pudya sêmèdi | maladining ing panêkung | muni sajroning Kur'an | antamutu kablal maota puniku | liring mati jroning gêsang | iya gêsang jroning pati ||

13. kang mangkana sayêktinya | pilih janma kang bangkit anglakoni | saking angèl sakalangkung | kalamun durung êkas | pangêkêsing iktekat sayêkti takut | ewadene kêna uga | ginulanga murih lantih ||

14. dene ta purwèng pangarah | rah-arahên sêsirih sabên ari | anyênyuda hawa napsu | yèn wus ngrasa kawasa | kalamôngsa sirêping wong lingsir [ling...]

--- 18 ---

[...sir] dalu | ngungsia gon kang prayoga | papan kang pakantuk sêpi ||

15. nulya ngracut pôncadriya | kwasanira sirnakna ywa lumaris | netra liyêpên anuju | graning arga tur sena | pramananta worna liyêping pandulu | mulat lumaksa nèng oswa | dèn santosa ywa gumingsir ||

16. dyan nata laksitèng oswa | mahya manjingira dèn sarèh ririh | winawas ywa kongsi wor suh | wor liyêping paningal | dèn gumolong lênging tyas tantara tamtu | rasaning angga karasa | jro ros-rosan kèngsêr kosik ||

17. katarik nênging pirantya | tan antara gumrêmêt mara maring | marak wor oswa rumasuk | ywa was dèn têtêk sira | sêring rasa karasa trusing sêsungsum | samantara rasanira | woring pangrasa sirnanis ||

18. kari kalarating atma | woring warna rupa wus mulya tunggil | tunggil ing kaananipun | ananing kaêningan | konang-onang menak ing kanikmatan nung | ing kono sakarsanira | dera mrih karkating kapti ||

19. sayêkti wus [wu...]

--- 19 ---

[...s] katarima | kang narima ananira pribadi | wit wus paworing sawujut |sawujud. roro-roroning tunggal | tunggalira maksih kêkalih puniku | marga lagi panunggalnya | sajroning madya puniki ||

20. durung tunggal ing wasana | marmanira maksih wangsul kêkalih | lir Krêsna kalawan Wisnu | lamun Krêsna katingal | Sang Hyang Wisnu sayêktine tan kadulu | yèn Wisnu nèng Suralaya | Bathara Krêsna tan kèksi ||

21. nanging Krêsna iya Krêsna | Wisnunira Wisnu sajati |Kurang dua suku kata: Wisnunira iya Wisnu sajati. beda pamoring ngaluyut | Krêsna sirna waluya | pulih Wisnu ngayangan salaminipun | marma panunggaling madya | mung aran gambuh ing Widi ||

5. Gambuh

1. ya sing gatunggalsatunggal. lagu | panêkungan kang kocap ing pangkur | lan pangukut pangracut patraping pati | mung beda masesa iku | winasesa praptèng layon ||

2. dene patraping lampus | wasitane pra wiku kang putus | pawartine antara kurang tri sasi | rasaning rasa wus surut | surêm sumirat ing raos ||

3. nuntun karkating [kar...]

--- 20 ---

[...kating] kalbu | samubarang kang kambah kaambu | kêmba-kêmba kumambang tan malbèng budi | mring kabudayan tumambuh | abêr berawaning batos ||

4. yèn wus mangkono tamtu | antara ri sranduning anggamu | ana ingkang krasa lara salah siki | êmbuh pilêk watuk ngêlu | mulês lungkrah tyas kalêson ||

5. yèn wus mangkono kulup | aywa ulap kumêlab ing kalbu | kabèh barang kang dadi trisnaning ati | myang salwiring karêmamu | biratên aywa katongton ||

6. malah nulya mrih laku | anirnakna kabèh hawa napsu | liring hawa kabèh pêpenginan kaki | nêpsu dêduka puniku | kalamun bangkit mangkono ||

7. kawarti wus tartamtu | tan karasa rasaning laramu | mung karasa srira lêsah sawatawis | têmah waspadèng pandulu | tan was pamawasing batos ||

8. saking rêsik tyasipun | mring pêputon mantêp tan tumpang suh | dyan aywa sah ngèsthi woring kwula gusti | lir kajarwèng sêkar pangkur | mrih ywa keron praptaning don ||

9. yèn wusing kèksi [kè...]

--- 21 ---

[...ksi] konus | kamanungsanira sayêkti wus | saya parêk praptaning antarèng pati | dèn patitis pamawasmu | wawasên dipun waspaos ||

10. iku môngka panuntun | sasmitèng Hyang ingkang Maha Agung | aywa ginggaginggang. gulangên gulunganèki | benjang yèn wus praptèng lampus | iku malih sapatêmon ||

11. yèn wus lêsah anggamu | gya pasraha mapan kang pakantuk | lir manêkung kaya kang kawahyèng ngarsi | ngrakêta nênging pangukut | myang pangracut aywa keron ||

12. yêkti tantara dangu | surêm sêsunaring pramanamu | katut dening kasating kang tirta wêning | iya Tirta Kamandhanu | ing kono dipun mirantos ||

13. empakna pêpuntonmu | pangrakiting ngukut ywa kalimput | sarêngana pêting pramana dèn aglis | puput wus layu khayafu | têlas wasitaning maot ||

Tamat.