Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Andhaning Gêsang, Prawiraatmaja, 1931, #1603

Katalog:Andhaning Gêsang, Prawiraatmaja, 1931, #1603
Sambung:-

Sêrat Andhaning Gêsang

--- 1 ---

Amratelakakên tatar-tataran darajating manusa, wiwit saking ngam, majêng-majêng ngantos dumugi nabi utawi kawasul kawas. Kanthi katêrangakên margi-marginipun kalihan ringkês, mawi têtêmbungan ingkang cêtha.

Karanganipun: Prawiraatmaja, ing Surakarta.

SOLO 1931 DRUKKERIJ & BOEKHANDEL "KALIMASADA"

--- 2 ---

Sêrat Andhaning Gêsang

Amratelakakên tatar-tataran darajating manusa, wiwit saking ngam, majêng-majêng ngantos dumugi nabi utawi kawasul kawas. Kanthi katêrangakên margi-marginipun kalihan ringkês, mawi têtêmbungan ingkang cêtha.

Karanganipun: Prawiraatmaja ing Surakarta.

SOLO 1931 DRUKKERIJ & BOEKHANDEL "KALIMASADA"

--- 3 ---

Bêbuka

Wiyosipun Sêrat Andhaning Gêsang punika, namung impunan saking pitêdahing sêrat-sêrat ingkang sampun gumêlar, dados ingkang ngarang punika dede tuking kawruh ingkang kawêdharakên, upaminipun wêwarah punika wujud banawi, ingkang ngarang namung minôngka jurangipun, inggih punika talang ilèn-ilèn margining kawruh, dene tukipun ingkang sajati, saking para linangkung ingkang sampun sami ngambah dumugi ing kasunyatanipun. Sarèhning lampahipun piwulang punika, sampun tumimbal-timbal dhumawah ing para sujana sarjana, upami ilining toya banawi kados sampun pantês kemawon, bilih sampun kirang bêning kados nalika sawêg tus saking sumbêripun ingkang sajati, awit sampun kamomoran lumpur saking kiwa-têngên ing samargi-margi, dados upami wêwarahipun sêrat punika sampun wontên kirang pajaripun utawi

--- 4 ---

wontên salisiripun sakêdhik, sampun botên anèh. Manawi kalaksanan wontên ingkang makatên, kaanggêpa saking kalêpatanipun ingkang ngarang sêrat punika piyambak, ingkang ngarang nyuwun pangaksama, para manungkara mugi anjêmbarakên ing pamêngku, ngêgungakên sih pangapuntên, dening sajatosipun ingkang ngarang taksih tuna ing kawruh, têbih saking sarjana niti, purunipun ngarang amung kasurung saking kêdah-kêdahipun angulahakên kawajiban, biyantu kamajênganing jagad, tumandang sasagêd-sagêdipun, paribasan namung gana dêdamêl arit buntung, mêksa majêng ing rana angêtog kapurunan, ngatingalakên katabêrèn. Ananging sanadyan saupami wêwarahipun pancèn pêtêng sarta kathah lêpatipun, mugi para manungkara botên kêmba, lajêng anganggêp bilih tanpa paidah, awit sadaya manusa kadunungan lêlandhêping panggalih, ingkang kenging kangge anglimbang ngantos sagêd madosi pathinipun, ambucal rêrêgêdipun.

--- 5 ---

Makatên punika sok ugi pancèn marsudi bab kawruh, sarta talatos, amila kêdah awas saha prayitna. Lampah makatên punika, sajatosipun botên namung maos tumrap sêrat punika kemawon, sanadyan sadhengaha sêrat, sok ugi bab kawruh kasuksman, bilih botên kalimbang kanthi talatos miwah awas tuwin prayitna, sampun tamtu tangèh sagêdipun manggih pathining kawruh, ingkang dados kawigatosaning piwulang. Wusana sumôngga ing panggalih.

Pangarangipun sêrat punika, wontên ing nagari Surakarta, salêbêting warsa cinôndrasêngkala: Ratu obah ngèsthi nabi.Sengkalan: ratu obah ngèsthi nabi (1861 A.J., 1930 A.D.).

--- 6 ---

...

--- 7 ---

Wêdharing Wêwarah

Lêlampahan Sami Dados Kawruh

Mila sadaya sami sagêd dados sênênging manah. Sakit lan sangsara langkung paidah tinimbang eca lan sakeca. Mila sênêngipun manawi nandhang sakit, angungkuli manawi manggih sakeca.

Lampahing dumadi sadaya punika majêng angênêr dhatêng kamulyan, makatên ugi lampahipun gêsanging manusa, inggih majêng-majêng têrus, wusana anjog ing têlênging dunung, ingkang pancèn kêdah ginayuh ing sadaya manusa. Mênggah sadaya agami, sadaya piwulang kasuksman, sadaya piwulang kasusilan, punika paidahipun ingkang agêng sangêt, prêlu kangge ngrancagakên lampahipun gêsanging manusa. Dene ingkang dipun wastani lampahipun gêsanging manusa ing ngriki, punika majêng-majênging kawruhipun, sadaya lêlampahan ingkang pinanggih ing manusa, punika sami dados kawruh, [ka...]

--- 8 ---

[...wruh,] inggih kawruh ingkang saking nyatakakên utawi ngalami piyambak, punika langkung sae tinimbang ingkang namung gêthok tular, saking pituturipun sasamining manusa, dados gunggunganipun, sadaya ingkang pinanggih ing manusa punika, sanadyan anjalari sakit utawi sakeca, bingah utawi sisah, sami kemawon, sadaya nama dados kabêgjanipun manusa, têgêsipun dados kauntunganipun manusa, inggih punika anjalari wêwah-wêwah utawi majêng-majênging kawruhipun, wusana badhe ngantos dumugi sampurna ing kawruh. Mila sanadyan wontên manusa ingkang sawanganipun katingal kadondenekadosdene (dan di tempat lain). mundur, sajatosipun punika inggih majêng-majêng têrus, dados manusa ingkang sampun sagêd ngangge kawruh makatên punika: sakit, sakeca, bêgja, cilaka, mulya, sangsara, ingkang sami pinanggih piyambakipun, sami katampi sae sadaya kalayan dhangan sênênging manah, wontênipun namung sarwa iya, kabèh prayoga. [prayo...]

--- 9 ---

[...ga.] Ngantos botên wontên kawontênan ingkang botên damêl sênênging manahipun, dados manahipun tansah kêbak kasênêngan, botên nate botên sênêng ing manah. Sakit lan sangsara punika langkung agêng pigunanipun, tinimbang kalihan eca lan sakeca, amargi langkung agêng dayanipun, inggih saking ngraosakên sakit lan sangsara ingkang sangêt, punika ingkang sagêd anggigah panggraita angudi kawruh ingkang luhur, ngantos sagêd nangèkakên patobat, lajêng gadhah dêrêng kêncêng anjangkah kamulyan ingkang sajati. Inggih awit saking punika, mila wontên manusa ingkang: manawi manggih sakit lan sangsara, malah langkung sênêng tinimbang kalihan manawi manggih eca lan sakeca.

--- 10 ---

Majêng Tigang Tataran

Margi Dumugi Jatining Kamulyan

Botên sagêd dumugi manawi botên mawi nglangkungi tataran sakawan sadaya kalayan turut, sintên ingkang lair jlêg sampun dumugi ing tataran têngah utawi luhur, tamtu suwau sampun nate lair ing ngalam dunya ngriki kanthi ngudi majênging kawruh.

Mênggah majêng-majênging lampahipun gêsanging manusa, inggih punika majêng-majênging kawruhipun, kenging kawijangakên majêng kaping tigang tataran agêng, kados ingkang kapratelakakên ing ngandhap punika.

1. Ingkang rumiyin, kawitanipun taksih dados tiyang ngam, utawi tiyang ngawam, dumunung ing tataran ôngka satunggal. Ngam utawi ngawam têgêsipun suwung, kajêngipun suwung ing kawruh.

2. Tiyang ingkang sampun majêng satataran, dumugi

--- 11 ---

ing tataran ôngka kalih, dipun wastani tiyang kas. Kas têgêsipun tamtu, inggih punika tamtu sagêd widada ing sêdya, angrancagakên lampahipun, ngantos dumugi ing têlênging dunung gêgayuhanipun manusa.

3. Tiyang ingkang sampun majêng kalih tataran, dumunung ing tataran ôngka tiga, dipun wastani tiyang kawas. Kawas têgêsipun langkung tamtu, inggih punika langkung tamtu tinimbang kalihan tiyang kas.

4. Tiyang ingkang sampun majêng tigang tataran, dumunung ing tataran ôngka sakawan, dipun wastani nabi utawi ambiya, dipun wastani malih kawasul kawas. Kawasul kawas têgêsipun langkung tamtu sangêt, tinimbang kalihan kaswargan saha kawas.

Darajat kawan tataran, wiwit sangingsaking. ngam, lajêng kas, lajêng kawas, ngantos dumugi kawasul kawas, punika pancèn tataran majêng-majêngipun manusa, ôndha marginipun manusa sagêd dumugi têlênging gêgayuhan, [gêga...]

--- 12 ---

[...yuhan,] têgêsipun manawi manusa botên anglangkungi margi punika wau kalayan turut, tamtu botên sagêd dumugi ing don ingkang linuhung, inggih punika panggenan sampurnanipun jatining kamulyan. Dados manusa wajib angangkah sagêdipun angancik, wiwit saking ngandhap urut majêng-majêng minggah, ngantos dumugi pungkasan ingkang luhur piyambak. Darajat kawan tataran punika, ugi wênang sagêd kagayuh ing manusa ing dalêm salairan, ananging ingkang sagêd makatên punika, saèstunipun awis sangêt, bêbasan sakêthi sawiji taksih ombyokan, ingkang tamtu ngantos pintên-pintên lairan. Sasampunipun manusa lair ngantos ngalam dunya. Ngantos wongsal-wangsul marambah-rambah, ngantos tuwuk angraosakên sangsara, ngantos tuwuk angudi kawruh, ing ngriku ingkang tamtu sawêg sagêd dumugi. Manusa ingkang sagêd ajêg majêng-majêng satataran, ing dalêm salairan kemawon, amung manusa pêpilihan ingkang pancèn [pa...]

--- 13 ---

[...ncèn] linangkung. Inggih punika langkung kêkiyataning badanipun, langkung landhêp manahipun, langkung santosa saha rosa bêbudènipun. Dados manawi wontên manusa ingkang sampun dumugi ing tataran têngah, utawi tataran pungkasan, môngka wiwit lare dèrèng wontên lampahipun, ingkang pantês anjalari dumugi ing tataran ngriku, punika mratandhani bilih suwaunipun, sampun nate lair ing ngalam dunya kanthi ngudi majênging kawruh. Pangudinipun majênging kawruh nalika lair ing ngajêng, ingkang anjalari gêsangipun ing wingking sagêd dumugi ing tataran wau. Dados botên wontên manusa sawêg lair sapisan, tanpa mangudi lajêng jlêg asipat: kas, wali, utawi nabi.

Awit saking: kas, wali, nabi, punika asal kamulanipun ing ngajêng inggih manusa walaka, kados manusa limrah punika, mila inggih wênang dados guru utawi têtuladaning manusa. Saupami asal [asa...]

--- 14 ---

[...l] kamulanipun ing ngajêng dede manusa walaka, tamtu botên wênang dados panutaning manusa walaka. Awit ingkang makatên punika, badhe kadondene liman nêdya jumênêng dados panutaning sima, marentah dhatêng sima mawi têpaning liman: sarèhne aku kacukup bisa urip kalawan mangan sukêt, dadi mêsthine kowe iya kudu bisa urip, kacukup mung kalawan mangan sukêt bae. Ingkang makatên punapa sagêd kalampahan. Tamtu botên. Mila wêwarahipun para nabi anêrangakên: sadaya ingkang kaparentahakên para nabi, para nabi wau sampun anglampahi piyambak, awit wajibing tiyang mulang punika, kêdah inggih sagêd anglampahi piyambak. Makatên punika tamtu inggih mratandhani, bilih para nabi punika sampun nate dados tiyang walaka, kados têtiyang ingkang sami katuntun, botên namung tindattindak. ingkang kaparentahakên kemawon, ingkang sampun nate dipun lampahi. [lampah...]

--- 15 ---

[...i.] Kajawi makatên, dados inggih matandhani ugi, bilih sadhengaha têtiyang walaka, punika inggih wênang anggayuh darajat nabi. Awit sadaya ingkang sagêd kagayuh ing satunggaling manusa, tamtu manusa sanèsipun inggih ugi sagêd anggayuh, sok ugi anggènipun minangkani, inggih ugi kados ingkang sampun kalaksanan kawasa anggayuh. Punapa malih para nabi tamtu inggih mêmulang dhatêng para manusa, anggayuh sadaya punapa ingkang sampun sagêd kagayuh, miwah ingkang badhe dipun gayuh ing panjênênganipun. Makatên têtêpipun ingkang nama panuntun sajati, utawi panutan sajati. Saupami botên makatên sayêktos, inggih punika panjênênganipun têmên milih mangalèr, siswanipun namung sami kapardi mangidul têrus, tanpa mawi pagêdhongan, punika botên têtêp nama panuntun utawi panutan, ingkang kêdah kaèstokakên parentahipun, katulad lampah jantranipun, tuwin kadhèrèk [kadhè...]

--- 16 ---

[...rèk] tindakipun. Dene wontênipun piwulanging para nabi, wontên ingkang katingalipun botên anênuntun panggayuh dumugi darajat nabi, punika namung saking kadamêl wêrit, amargi wêdharing wêwarah punika, kaukur kalihan kêkiyataning manusa. Ukuraning manusa ingkang limrah, namung kuwawi nampèni piwulang kados ingkang kagêlar kangge ing akathah. Sabên wontên manusa ingkang sampun langkung kêkiyatanipun saking salimrahing manusa, lajêng sagêd kabuka piyambak dhatêng piwulang ingkang kadamêl wêrit. Saya langkung kêkiyatanipun, saya sagêd kabuka dhatêng ingkang langkung wêrit malih, wusana sagêd priksa dhatêng ingkang lêbêt-lêbêt sadaya, ngantos ingkang wêrit-wêrit katingal cêtha, ingkang pêtêng-pêtêng katingal padhang. Dados piwulang ingkang kadamêl wêrit wau, panyimpênipun inggih katitipakên ing piwulang ingkang gumêlar, nanging pilih janma ingkang uninga. Piwulang kasuksman ingkang makatên punika, limrahipun sumêbar [su...]

--- 17 ---

[...mêbar] ing tanah, ingkang têtiyangipun dèrèng diwasa kasuksmanipun. Saupami dipun sukani piwulang ingkang dede saukuripun, saking sumêrêp angèling marginipun, awrating lêlampahanipun, asring wêgah anglampahi, wêkasan anglêpèh dhatêng piwulang, botên kenging tinuntun majêng, dados piwulangipun tanpa guna. Dene piwulang kasuksman, ingkang lajêng ngêblak anêdahakên gêgayuhan ingkang luhur, punika tamtu sumêbar ing tanah, ingkang têtiyangipun sampun racak-racak diwasa dhatêng kawruh kasuksman.

Tiyang ngawam ingkang lajêng sampun dados tiyang kas, punika lajêng sampun dede tiyang ngawam, awit tiyang ngawam punika tiyang ingkang taksih suwung ing kawruh, inggih punika dèrèng sumêrêp dhatêng jatining gêsangipun pribadi, ingkang gêsang langgêng, ingkang botên kenging risak utawi sirna. Nanging tiyang kas punika tiyang ingkang sampun sumêrêp dhatêng jatining gêsangipun pribadi, [priba...]

--- 18 ---

[...di,] dados ingkang makatên wau sampun dede tiyang ingkang suwung ing kawruh.

Tiyang kas ingkang lajêng sampun dados wali utawi tiyang kawas, punika inggih ugi taksih nama tiyang kas, nanging sampun mindhak kawruhipun.

Tiyang kawas ingkang lajêng sampun dados nabi utawi kawasul kawas, punika inggih ugi taksih nama tiyang kas utawi kawas, nanging sampun saya mindhak malih kawruhipun.

Dados grêbanipun manusa punika namung wontên kalih warni, inggih punika: ngawam kalihan: kas. Nanging tiyang kas punika wontên ingkang sawêg maligi kas, wontên ingkang sampun kawas utawi kawasul kawas. Ingkang dipun wastani saya mindhak kawruhipun punika, saya waspada dhatêng jatining gêsangipun, ing ngriku saya wijang kalihan raganipun, binasakakên saya bênggang kalihan raganipun, ngantos sampun botên mawi uwas-uwas malih panganggêpipun bilih:

--- 19 ---

raga iku dudu aku, aku iki dudu raga, sakèhing bêbaya iku mung bisa ngênani marang raga, ora bisa ngênani marang aku. Mila tiyang kas punika sabarang lampahipun, sampun sagêd angangge kaol sakèh, inggih punika gadhah kasantosaning sêdya. Purun anglajêngakên tindakipun, sanadyan manggih bêbaya ngantos dumugi ing pêjah dipun têmpuh. Awit ingkang pêjah muhung raganipun, pribadinipun langgêng gêsang waluya maha mulya tanpa kara-kara. Beda kalihan tiyang ngam, sumêrêpipun: aku iku iya uriping raga iki, kêna ing lara pati sapêpadhane. Mila limrahipun ajrih dhatêng bêbaya, manawi lampahipun kapêthuk ing bêbaya pinilaur mundur, endha, ngoncati bêbaya, dipun wastani ngangge kaol laip, inggih punika ngèngêti apês ringkihing gêsangipun. Mênggah têranging wijangipun malih bab darajat kawan tataran wau, badhe kapratelakakên satunggal-satunggal ing wingking.

--- 20 ---

Tiyang ngawam

Majêng-majênging kawruh, sontan-santuning watak bêbudèn, ing salêbêtipun taksih dados tiyang ngawam. Wiwit taksih ajrih sakit ngupados sakeca, ngantos tobabtobat. ngupados sakeca, purun dhatêng sakit. Sadaya panandhang sampun karaos ènthèng, têmah kêndêl sarta kuwawi dhatêng brata.

Sampun kacariyosakên ing ngajêng, tiyang ngawam punika tiyang ingkang taksih suwung ing kawruh, inggih punika dèrèng sumêrêp dhatêng jatining gêsangipun pribadi, ingkang gêsang langgêng botên kenging risak utawi pêjah, sêsêrêpanipun: gêsangipun inggih gêsanging raga ingkang kenging sakit pêjah punika, mila taksih kathah uwas kuwatiring manah, ajrih dhatêng bêbaya, ngupados eca sakeca, rêmên ing kabingahan, eca sakecaning badan miwah bingah

--- 21 ---

sênênging manah kaanggêp kamulyan, dene ingkang kaanggêp sangsara, punika sakit tuwin sisah. Kados makatên nalika dèrèng majêng kawruhipun. Nanging manawi sampun majêng kawruhipun, lajêng santun panganggêpipun, sakit sakeca, bingah sisah, punika sadaya lajêng kaanggêp sami wujuding sangsara. Dene ingkang kaanggêp kamulyan, inggih punika kamulyan ingkang sajati, punika botên mawi sakit, botên mawi sakeca, botên mawi bingah, botên mawi sisah, wontênipun namung têntrêm, langgêng. Sakit sakeca bingah sisah punika sami wujuding sangsara, namung kemawon beda sipatipun. Sakit tuwin sisah, punika sipating sangsara kang awrat sinandhang. Eca sakeca bingah sênênging manah, punika sipating sangsara ingkang ènthèng sinandhang. Manawi sakit sampun sagêd dados bingah sênênging manah, inggih lajêng dados sipating sangsara ingkang ènthèng sinandhang. Nanging sagêdipun sakit andadosakên bingah sênênging

--- 22 ---

manah punika, manawi sampun sumêrêp agênging paidahipun. Inggih punika: sakit tuwin sakeca kaanggêp sami kemawon, sadaya sami wujuding sangsara. Sangsara paidah dados panggigahing manah, ngudi uwal saking sangsara. Sakit punika dados pêpêcut ingkang langkung prêmati, dados langkung agêng paidahipun tinimbang kalihan sakeca, mila sênêngipun manawi sakit angungkuli manawi manggih sakeca. Sakawit manusa punika nêdya angendhani sakit lan sisahing manah, awit namung punika ingkang kaanggêp wujuding sangsara. Sami karaya-raya ambujêng eca sakeca bingah sênênging manah, awit punika ingkang kaanggêp wujuding kamulyan, saha kaanggêp kawontênan ingkang sampun wontên sajawining sangsara, sampun oncat saking sangsara, sampun bênggang kalihan sangsara, sampun têbih kalihan sangsara. Ananging lampahipun punika kacelik, kosokwangsul balêjêd kalihan pangintêning manah saha pangajêng-ajêngipun. Sêdyanipun [Sê...]

--- 23 ---

[...dyanipun] angendhani sakit têmahanipun murugi sakit, sêdyanipun angendhani sisah têmahanipun dados murugi sisah, sêdyanipun pados eca sakeca têmahanipun manggih sakit, sêdyanipun pados bingah têmahanipun manggih sisah. Punapa liripun. Inggih punika: pintên-pintên manusa ingkang lampahipun botên kasêmbadan ing sêdya. Malah manggih sakit tuwin kasisahan, sanadyan ingkang sami kasêmbadan ing sêdya manggih kabingahan pisan, têmahanipun inggih namung dados sisah ugi, jêr bingahipun botên wontên ingkang lana. Punapa wontên ta: tiyang ingkang manggih kabingahan kemawon, tanpa mawi manggih kasisahan. Tamtu botên wontên. Awit bingah punika gandhenganipun kalihan sisah, botên sagêd pisah. Sabên taksih sagêd ngraos bingah, tamtu taksih sagêd ngraos sisah. Sabên taksih sagêd manggih bingah, tamtu taksih kataman sisah. Anggêr taksih ngupados sakeca, tamtu taksih [ta...]

--- 24 ---

[...ksih] badhe manggih sakit. Anggêr taksih ngupados kabingahan, tamtu taksih badhe manggih kasisahan. Kasêmbadanipun pêpenginaning manusa punika botên sagêd dados pamarêm, nanging malah tuman gadhah pêpenginan. Awit pêpenginan ingkang dipun turuti punika, tamtu lajêng subur saya agêng sarta kae-kae. Kados tanêm tuwuh ingkang karabuk, kasiram, kadhangir, kaupakara sae, dadosipun lajêng subur lan ngêpang kathah. Bilih pêpenginan punika sampun saya agêng, saya ngrêbda ngômbra-ômbra kae-kae, tamtu lajêng botên kasêmbadan, wêkasanipun dados sisah. Mila grêbanipun lampahing manusa ingkang taksih kados makatên wau, ubang-ubêng taksih kasasar-sasar murugi kasisahan, ewasamantên, manawi manusa sawêg kabêntus-bêntus, kajêglong-jêglong, kaping kalih kaping tiga kemawon, dèrèng sagêd kraos bilih kasasar lampahipun, malah sanadyan kaping sadasa, [sada...]

--- 25 ---

[...sa,] ngantos kapinga satus pisan, inggih awis ingkang lajêng sampun angrumaosi. Sagêdipun lajêng ngrumaosi punika ingkang tamtu saking tigang prakawis: 1. Saking sampun kêrêp kabêntus-bêntus ingkang ngantos marambah-rambah, 2. Saking sampun kêrêp mirêngakên pitêdah ingkang lêrês. 3. Saking sampun anyumêrêpi têpa tuladha ingkang cêtha. Manawi manusa sampun sumêrêp, bilih gêsang ingkang limrah punika, prasasat namung kêbak kasisahan kemawon, kaping kalih sampun mangrêtos punapa ingkang dipun wastani jatining kamulyan, ing ngriku asring lajêng gadhah tobat angraosakên gêsang sangsara. Inggih punika tobat gêsang kados gêsang ingkang sampun-sampun, tobat ngupados eca sakeca bingah sênênging manah, ngudi sagêdipun endha saking kawontênan ingkang makatên wau. Sasampunipun manusa tobat ngupados eca sakeca, ing ngriku sakit lan sakeca lajêng karaos sami kemawon. Saha sarèhning

--- 26 ---

sampun kasumêrêpan agênging paidahipun, tamtu lajêng dados sêsawanganing gêsangipun ingkang anyênêngakên. Kasênêngan makatên punika, beda kalihan kabingahan ingkang sagêdipun pinanggih kêdah sarana ngênthu-ênthu dipun upaya, amargi botên adamêl subur saha ngêpang dhatêng pêpenginan. Gêsang ingkang kados makatên punika, sanadyan dèrèng wontên sajawining lêlampahan, ananging kados sampun wontên sajawining lêlampahan. Sanadyan ing lair katingalipun ing tiyang sanès kados papa sangsara, ananging ing dalêm manahipun sakalangkung mulya. Sanadyan manggèn wontên ing asunya, ananging sami kalihan ingkang lêlangên wontên ing taman, ingkang sakalangkung asring anêngsêmakên, awit sêngsêming manah anyawang lêlampahaning badanipun punika, botên pae kalihan nyawang wêwangunan ingkang adi aèng. Sasampunipun sakit sakeca karaos sami kemawon, sadaya kaanggêp paidah, [pa...]

--- 27 ---

[...idah,] sadaya damêl sênênging manah, sadaya karaos ènthèng panandhangipun. Manusa lajêng botên ajrih sakit, rêkaos, kangelan, têmah kadunungan kêncêng santosa ing budi, botên ajrih sapintên awrating brata, kangge minangkani kasêmbadaning sêdya. Anggènipun nêdya oncat saking kawontênan ingkang sangsara, manjing dhatêng dununging kamulyan jati, inggih punika katêntrêman ing langgêng. Manawi manusa sampun makatên, ingkang kathah badhe sagêd dumugi ing kasidaning sêdya. Inggih punika sampun badhe sagêd dumugi ing tataran ôngka kalih, dados tiyang kas,

--- 28 ---

Tiyang Kas

Kawontênan tuwin warni-warninipun tiyang kas. Jatining kamulyan, pêjah sadèrèngipun pêjah, kêkêndêlanipun tiyang kas.

Tiyang kas punika tiyang ingkang sampun kasinungan kawruh, inggih punika sampun sumêrêp dhatêng jatining gêsangipun ingkang langgêng, ingkang botên kenging risak utawi sirna, botên sagêd kenging baya pakèwêd, botên sagêd kataman panandhang sakit, sangsara sasaminipun. Inggih ingkang widada gêsang, ngantos dumugi sabakdanipun gêsang ing ngalam dunya. Inggih punika ingkang binasakakên gêsang ing ngakirat. Inggih rasa jatining gêsang punika raos ingkang pinanggih ing ngakirat. Inggih punika kamulyaning gêsang ingkang sajati, inggih rasa jatining kamulyan utawi kamulyan jati. Dados ingkang dipun wastani manggih kamulyan jati, punika dede tiyang ingkang manggih barang-barang [ba...]

--- 29 ---

[...rang-barang] ingkang langkung endah, utawi manggih têtêdhan ingkang adi aèng, nanging tiyang ingkang sampun sagêd ngraosakên rasa jatining gêsangipun pribadi, botên sambêt kalihan punapa-punapa, wontênipun namung têntrêm, langgêng, santosa, jênjêm, sidhêm prêmanêm, nirmala nulus tanpa kara-kara. Awit saking punika, mila tiyang kas punika dipun wastani tiyang ingkang sampun angsal kamulyan ing ngakirat. Inggih kados makatên punika ingkang winastan: sampun pêjah ing sadèrèngipun pêjah, sagêd gêsang ing sabakdaning gêsang. Dados ing ngakirat punika, tumrap panjênênganipun botên ing têmbe, nanging inggih ing sapunika kemawon, tandhanipun, salêbêtipun taksih gêsang wontên ing ngalam dunya, sajatosipun sampun gêsang wontên ing ngakirat.

Sêsêrêpanipun tiyang kas dhatêng jatining gêsangipun pribadi, kados ingkang kasêbut ing ngajêng wau, sampun [sa...]

--- 30 ---

[...mpun] botên mawi samar-samar utawi sêmang-sêmang malih, ngantos kadugi ngantêpi kalayan tanpa uwas-uwas utawi kuwatos. Sok anggêr taksih gadhah uwas-uwas, tôndha kawruhipun taksih samar-samar, punika kaewokakên dèrèng sumêrêp, dados dèrèng têtêp nama kas. Saking dèrèng diwasa kawruhipun, dados taksih kathah samar-samaripun, taksih agêng sêmang-sêmangipun, taksih kandêl uwas kuwatosipun. Sabên saya diwasa ing kawruh, sadaya wau saya suda, manawi sampun sampurna kadiwasanipun, lajêng sagêd sirna babarpisan, ing ngriku têtêpipun nama kas sajati. Mila badhe dados kas punika ingkang prêlu sangêt andiwasakakên kawruhipun. Saking punapa-punapa sampun dipun lampahi, dipun mangrêtosi, dipun ambah, saha dipun sumêrêpi, tamtu enggal diwasa. Sasampuning manusa ical samar-samaring sêsêrêpan tumrap dhatêng jatining gêsangipun, tamtu ical girising [giri...]

--- 31 ---

[...sing] manah dhatêng warni-warnining bilai. Sapintên kandêl tipising samar-samaripun, dados ukuraning ajrih giris, kakêndêlan tuwin kapurunanipun dhatêng bilai. Saya ical samar-samaripun, saya ical kajirihanipun, saya agêng kakêndêlanipun. Ananging kakêndêlanipun tiyang makatên wau, botên kêndêl dhatêng lampah awon, dados botên mutawatosi ing akathah. Awit tiyang ingkang kêndêl dhatêng piawon, punika sajatosipun saking taksih agêng kajirihanipun, kados ta: ajrih manawi kêwudan, ajrih manawi kêluwèn, ajrih manawi kamlaratan, ajrih manawi botên angsal kabingahan, ajrih manawi sakit, ajrih manawi pêjah. Mila dados anglampahi awon, prêlu kangge ngendhani ingkang dados ajrihing manahipun. Kosokwangsul kalihan tiyang kas, kêwudan kadugi, kêluwèn kadugi, kamlaratan kadugi, sakit kagi,kadugi. pêjah kadugi, tanpa manggih kabingahan inggih [ing...]

--- 32 ---

[...gih] kadugi. Dados botên prêlu karaya-raya nêmpuh nglampahi awon. Mila sabên manusa sampun ical samar-samaring kawruhipun, lajêng ical girising manah dhatêng warn-warnining bilai, amargi lajêng sampun botên mawi sêmang-sêmang malih, bilih sajatosipun badan punika dede pribadinipun, pribadinipun dede badan. Ingkang sagêd kenging alangan, sisah, sakit, risak, lêbur, pêjah, punika muhung badan. Pribadinipun botên mawi kataman punapa-punapa. Sanadyan manusa punika manggih lêlampahan punapa kemawon, sajatosipun inggih kuwawi, ingkang gadhah raos botên kuwawi punika namung raos pangraosipun, sajatosipun inggih kuwawi. Kathah tiyang wicantên: aku ora kuwat anglakoni. Nanging tibanipun inggih kuwawi. Mila dipun wastani lêlampahan, sajatosipun namung dipun langkungi, manawi sampun dipun langkungi, lajêng têrang bilih sampun botên wontên [wontê...]

--- 33 ---

[...n] punapa-punapa, mila wontênipun namung tansah kuwawi kemawon. Sakit kuwawi, sisah kuwawi, kangelan kuwawi, pêjah inggih kuwawi. Têgêsipun kuwawi punika ingkang kuwawi jatining gêsangipun. Mila bêbasanipun, tiyang kas punika: sampun botên sisah sabab dening kamlaratan, botên gugup sabab dening kapêngkok ing pôncabaya, botên giris sabab dening ngadhêpakên bilai, botên ajrih sabab dening sakit, botên bêbakal sabab dening badhe tilar dunya. Awit sadaya wau sampun botên angebahakên dhatêng kawontênanipun.

Tiyang kas punika wontên warni kalih, ingkang satunggal ingkang sampun botên rêmên dhatêng kadunyan, inggih punika ingkang sampun wirangi, kajêngipun sukci, sampun botên rêmên dhatêng sadaya-daya, ingkang sagêd anarik dados angraosakên panandhang sisah utawi sakit. Dene satunggalipun ingkang

--- 34 ---

taksih rêmên dhatêng kadunyan, inggih punika taksih rêmên ngupados eca sakeca bingah sênênging manah, punika dipun wastani dèrèng wirangi. Ingkang taksih rêmên dhatêng kadunyan, punika inggih uninga bilih taksih ngupados sakeca punika, tamtu taksih badhe manggih sakit, bilih taksih ngupados bingah punika, tamtu taksih badhe manggih sisah, bilih taksih rêmên suka gumujêng punika, tamtu taksih badhe asring bêngak-bêngok, ananging panjênênganipun ingkang makatên punika botên ajrih, sampun dipun sêngaja: sakit, sisah, bêngak-bêngok, inggih kajêngipun, sabab ngêndêlakên kuwawi, botên dados punapa. Amung kemawon, tiyang ingkang sampun kados makatên punika, sanadyan kenging panandhang, anggènipun nandhang inggih beda kalihan tiyang limrah, sajatosipun inggih sampun karaos ènthèng, awit sakitipun tiyang ingkang sampun purun sakit, punika beda kalihan sakitipun [saki...]

--- 35 ---

[...tipun] tiyang ingkang taksih sangêt ajrih ing sakit. Sisahipun tiyang ingkang sampun sumêrêp, bilih sajatosipun kuwawi nandhang, punika beda kalihan tiyang ingkang gadhah pangintên, bilih gêsangipun badhe botên kuwawi nandhang prakawis ingkang dipun sisahakên. Sabab salêbêting sakit, salêbêting sisah, punika mêngku raos tatag, têtêg, santosa, dados inggih mêngku katêmtrêman.katêntrêman. Bêngak-bêngokipun inggih beda kalihan ingkang dèrèng sumêrêp dhatêng kawêkasaning gêsang. Sanadyan bêngak-bêngok ingkang tamtu namung sakêdhap, inggih punika namung sanalika, nalika sawêg kataman, ing ngriku kagèt saha kasupèn dhatêng kawêkasan, manawi sampun èngêt, inggih lajêng sampun botên bêngak-bêngok malih. Wontên tataran sakawan ingkang dados ambah-ambahaning manusa: 1. sakit mahanani sisah, 2. bingah, 3. sênêng utawi têntrêming manah, 4. katêntrêman ingkang langgêng. Sisah sabab sakit punika kenging

--- 36 ---

kaingêr dados têntrêming manah, ingkang satunggal sarana kaingêr dados bingah rumiyin, manawi sakit sampun katampi sae kaanggêp paidah, tamtu dados bingah, dados sisahipun sagêd sirna kêndhih dening raos bingah, manawi sampun bingah gampil kaingêr dados sênêng utawi têntrêming manah. Ingkang satunggal sarana kaingêr dados tatag rumiyin, manawi sakit sampun kaanggêp dede baya pakèwêd, tamtu dados tatag, dados sisahipun sirna kêndhih dening tatag, manawi sampun tatag gampil kaingêr dados sênêng utawi têntrêming manah. Manawi têntrêming manah punika sampun laras kalihan raosing katêntrêman ingkang langgêng, inggih punika pêpancadaning manusa wangsul dhatêng katêntrêman ingkang sajati. Tiyang kas ingkang taksih rêmên dhatêng kadunyan punika, narimah kandhêg rumiyin lampahipun, wontên ing darajat ingkang sampun pinanggih, utawi narimah alon-alon majêngipun malih. Dene ingkang sampun [sa...]

--- 37 ---

[...mpun] botên rêmên dhatêng kadunyan, punika sêdya ngrancagakên lampahipun. Saking sampun botên rêmên dhatêng kadunyan, têmah inggih sèlèh kadunyan, utawi sèlèh raga. Patrapipun sèlèh kadunyan utawi sèlèh raga wontên kalih warni, ingkang satunggal sèlèh babarpisan, satunggalipun namung sarana kawicaksanan kemawon. Liripun: ingkang kasèlèhakên muhung wosipun ingkang dados sabab ambêbayani, inggih punika rêmênipun. Inggih rêmên punika ingkang dados bêbandan, angikêt manusa lan sangsara, saha ingkang mahanani melik, bingah, sisah, gêthing, sêrêng, sapanunggilanipun, ingkang sami dados sipating sangsara, mila kacêkap namung rêmênipun punika, ingkang dipun tatas sarana pêdhang kawicaksanan. Tiyang ingkang sampun botên rêmên dhatêng raganipun, punika wontên ingkang ngantos sampun botên ngeman, lan botên rumêksa dhatêng raganipun, malah wontên [wo...]

--- 38 ---

[...ntên] ingkang ngantos gigu dhatêng raganipun, raganipun kaanggêp kawujudan ingkang jêmbêr mawa wisa dados wisuna, gêtun dene gêsangipun rumakêt raga, dados gendhongan ingkang awrat, nêdha sandhang, nêdha pangan, nêdha punapa-punapa, kapêksa gêsang mawi sisah kangelan ngupados butuh. Beda kalihan gêsang tanpa raga, botên susah mangan nginum, botên mawi ngraosakên luwe, arip, ngêlak, lêsu, lupa, panas, pêrih, mila wontên ingkang lajêng sèlèh raga babarpisan. Ingkang sèlèh raga lan sèlèh kadunyan sarana kawicaksanan, punika taksih purun rumêksa lan ngopèni badanipun, taksih purun ngupados kadunyan, ananging sampun botên ajrih lan botên sisah raganipun anêmahi karisakan, botên ajrih botên sisah manawi botên manggih kadunyan. Patrapipun ngupados kadunyan, wontên ingkang sampun botên sapintêna, wontên ingkang taksih rosa, ingkang

--- 39 ---

botên sapintêna ngupadosipun kadunyan, punika kangge ngopèni raganipun, namung prêlu supados botên dhapur ngluluh raga utawi amilalu, ingkang wigatosipun dhapur kasêsa oncat saking raga. Awit ingatasing panjênênganipun, sampun oncat saking raga tinimbang kalihan dèrèng, punika sami kemawon, mila botên kasêsa oncat, inggih botên karakêt ing raga. Sintên ingkang kasêsa oncat, punika pratôndha botên mêdal margi kawicaksanan, sintên ingkang ajrih kangelan, punika pratôndha taksih kabônda ing trêsna raga, ajrih lan sisah dhatêng risaking raga. Inggih awit saking punika mila taksih ngopèni raganipun. Dene ingkang ngrosani ngupadosipun kadunyan, punika amargi tumrapipun tiyang ingkang sampun sampurna kawicaksananipun, bab ngopèni raga ingkang muhung sawatawis, kalihan ingkang kalayan sae-sae, punika sami [sa...]

--- 40 ---

[...mi] kemawon, bab ngupados kadunyan ingkang muhung sawatawis kalihan ingkang rosa, punika inggih sami kemawon, waton sarana pêdhang kawicaksanan, sampun sagêd natas wosipun ingkang dados bêbandan, inggih sampun botên dados beka rêncana. Mênggah anggènipun angopèni raganipun, anggènipun ulah kadunyan kalayan sarosa, punika prêlu kangge pitulungan ing akathah, dados botên prêlu kangge bingah sênênging manahipun piyambak. Inggih punika sampun wiwit ngancik darajating manusa, ingkang sinêbut sujanma utama, inggih tiyang kas ingkang sampun badhe sagêd têrus majêng satataran agêng, inggih punika badhe sagêd minggah dados tiyang kawas utawi waliyullah.

--- 41 ---

Wali

Kawruhipun, pakartinipun, lampahipun saha piwulangipun.

Wali punika tiyang kas ingkang kawruhipun sampun majêng satataran agêng, ugi winastan tiyang kawas, saha dados juru têtulung bawana, dados juru anggulawênthah sagung dumadi, dados juru ngupakara jagad saisinipun, jumênêng nayakaningrat. Saking saya majêng kawruhipun, dados saya wijang kalihan raganipun, utawi saya bênggang kalihan kadunyan, dados saya waspada dhatêng sipat-sipatipun jatining gêsang, dados saya waspada dhatêng kamulyanipun kamulyan jati, dados saya waspada dhatêng têbihing bedanipun kamulyan jati kalihan sadhengah wujud ingkang asipat sangsara. Ing ngriku tuwuh trênyuh wêlasing galih dhatêng ingkang sami taksih sangsara, têmah lajêng dados juru têtulung, makatên [makatê...]

--- 42 ---

[...n] kamulanipun sinêbut wali. Wali punika ugi wontên warni kalih, inggih punika, wontên ingkang taksih rêmên dhatêng kadunyan, wontên ingkang sampun botên rêmên dhatêng kadunyan. Ingkang taksih rêmên dhatêng kadunyan, punika amargi botên ajrih sakit, rêkaos, kangelan, sangsara. Dene sumêrêp punapa kemawon kuwawi. Mila ngalam dunya dipun angge pacangkraman. Dados têtulung dhatêng ngalam dunya punika ngiras pantês lêlangên. Dene ingkang sampun botên rêmên dhatêng kadunyan, punika saking sampun sêdya têrus lampahipun, botên mandhêg tumolih wongsal-wangsul. Inggih punika ingkang binasakakên, sanadyan taksih anggêgêm dunya, sajatosipun sampun tilar kadunyan. Sanadyan taksih wontên ngalam dunya, sajatosipun sampun wontên ngakirat. Sanadyan kèndêl, sajatosipun têrus saya lêpas lampahipun. Dados sanadyan gulung wontên ing êndhuting kadunyan, [ka...]

--- 43 ---

[...dunyan,] ananging sampun botên galuprut ing êndhut. Sanadyan kungkum salêbêting najis, ananging sampun sagêd kalis kalihan najis. Sanadyan anggêbyur ing samudra sangsara, ananging sampun botên angraos sangsara. Sanadyan lumêbêt ing naraka, ananging sampun botên gêsêng dening latu naraka. Binasakakên botên lêpas dening toya, botên gêsêng dening latu, botên lonyoh dening wisa, botên pasah dening dêdamêl landhêp, latuning naraka dipun idak sagêd sirêp, punika awit sampun santosa, botên eram dhatêng gêbyaring kadunyan, inggih punika botên kagèt dhatêng gêbyaring pupu, krompyonging arta, klubuking ulam, botên keguh dening panggodhaning ijajil, mêmanising dyah, adining sêkar-sêkar, sampun botên kawasa narik manahipun, sadaya sampun dipun singkirakên têbih, kalayan eklas, tanpa kiwêr-kiwêr, kantun moklis dhatêng satunggal, kamulyan jati, [ja...]

--- 44 ---

[...ti,] têntrêm tanpa kara-kara. Wali ingkang makatên punika, anggènipun ngrasuk raga lugu maligi kangge lantaran têtulung bawana, sanadyan ugi anglampahi kados kalimrahaning agêsang, nanging botên mawi ngraosakên bingah sisah, upaminipun kagungan garwa, salêbêting ngandikan kalihan garwa, botên mawi ngraos sêngsêming sapocapan. Salêbêting ningali wêwarnèn ingkang sakalangkung adi endah, botên mawi ngraosakên sêngsêming sapandulon. Salêbêting dhahar dhêdhaharan ingkang sakalangkung miraos, botên mawi ngraos bingah ngraosakên kanikmataning dhêdhaharan. Inggih ingkang makatên punika, ingkang badhe sagêd têrus majêng satataran malih, saking darajat kawas lajêng jumênêng kawasul kawas utawi nabi.

Sasampuning manusa dumugi ing darajat wali, tamtu sampun luhur saha sampun jêmbar sangêt kawruhipun, awit kajawi tamtu sampun jêmbar pasinaonipun, inggih

--- 45 ---

sampun kathah lêlampahan ingkang dipun ambah dipun alami, sampun sagêd uninga dhatêng suraos ingkang lêbêt-lêbêt, wêrit-wêrit, uninga dhatêng wêwadosing jagad saha wêwadosing gêsang, inggih sampun sagêd nyatakakên ngambah jagad, jagad nginggil utawi jagad kaalusan, ngungak pêpadhang utawi nampèni soroting pêpadhang, dados kathah kawruh ingkang pinanggih botên saking pangajaran, mila tamtu sampun dados gêdhonging kawruh, tuking guna pangawikan, wêgig andhapuk piwulang mangun pangajaran, ingkang wêwangunanipun sakarsanipun ingkang kalaras murih prayogi, makatên mila gumêlaring piwulangipun para wali punika beda-beda saha warni-warni, kados ta: kawruh-kawruh bab agama, kasuksman, praja, kapujanggan, tatacara, panggulawênthah, kasusilan, panuntun, lan kawruh ingêring jagad, saha sanès-sanèsipun. Awit saking sagêd anggulawêthah, sami kemawon kalihan [ka...]

--- 46 ---

[...lihan] sagêd anuntun. Awit saking sagêd anuntun, sami kemawon kalihan sagêd nata. Awit saking sagêd nata, sami kemawon kalihan sagêd mangrèh. Awit saking sagêd mangrèh, sami kemawon kalihan sagêd anguwaosi. Awit saking sagêd anguwaosi, sami kemawon kalihan sagêd andarbèni. Awit saking sagêd andarbèni, dados sampun gadhah kasugihan. Makatên mila para wali punika manawi taksih rêmên kadunyan, padosipun kadunyan gampil kemawon, botên susah tumut rêbatan dunya. Saking sampun sagêd angrêbat manahipun tiyang sajagad, dados botên susah simpên dunya. Sampun botên badhe kêkirangan dunya.

--- 47 ---

Nabi

Kawruhipun, kasukcianipun, antêpipun, pakaryan utawi kautamanipun.

Kawasul kawas, ambiya, utawi nabi, punika tiyang ingkang sampun sampurna makripatipun, inggih punika sampun muksis waspadanipun dhatêng dat sipat, asma apngalipun jatining gêsang, sampun têtêp wijang kalihan raga, bênggang kalihan kadunyan, jumênêng maligining gêsang Ingkang Maha Sukci sajati, botên gadhah pakarêman punapa-punapa, botên rêmên punapa-punapa, botên mangeran punapa-punapa, namung ngantêpi satunggal, mangeran satunggal, gêsang ingkang asipat jalal jamal kahar kamal. Jalal têgêsipun agung, ingkang agung datipun. Jamal têgêsipun elok, ingkang elok sipatipun. Kahar têgêsipun wisesa, ingkang wisesa [wise...]

--- 48 ---

[...sa] asmanipun. Kamal têgêsipun sampurna, ingkang sampurna apngalipun. Sampurna têgêsipun rampung. Makripat têgêsipun waskitha, waspada, uninga. Muksis têgêsipun sampurna utawi kêmput. Dat têgêsipun janggêrêng. Sipat têgêsipun rupi utawi watak. Asma têgêsipun nama utawi sêsêbutan. Apngal têgêsipun pandamêl. Agung datipun inggih punika agêng tanpa ukuran, tanpa watês, tanpa pinggir, tanpa kawêngku ing jirim, tanpa wangun, tanpa kacithak ing wangun. Elok sipatipun inggih punika dede jalêr dede èstri dede wandu, têgêsipun botên purus, botên baga, botên baga purus, nanging dipun wastanana jalêr nyata gunasêkti, dipun wastanana èstri nyata sakalangkung adi, dipun wastanana wandu nyata kawasa manjing ajur-ajèr manuksma ing jalu ing wanita. Wisesa asmanipun inggih punika sampun wênang sinêbut Sang Hyang Wisesa. Sampurna apngalipun [apngalipu...]

--- 49 ---

[...n] inggih punika kawasa ngrampungakên pakaryanipun. Ing ngriku hawa napsunipun sampun sirêp, lêlampahanipun sampun kandhêg, kawontênanipun sampun dyatmika, sukci botên mawi kasandhangan panandhang suka duka, sampun wontên sajawining lêlampahan, têgêsipun sadaya lêlampahaning raganipun, sampun dede lêlampahanipun, anggènipun ngrasuk raga kadosdene dhalang anglampahakên ringgit, utawi tiyang ngangge topèng. Tangisipun gujêngipun dede tangis gujêngipun, namung tangis gujênging ringgit utawi topèng. Sadaya solah-bawanipun parlu tumrap ingkang ningali, botên parlu kangge panjênênganipun pribadi. Panjênênganipun wontên ing ngalam dunya adamêl lêlampahan dhatêng raganipun, kangge têpa tuladhaning jagad, awit wontênipun ing ngalam dunya namung parlu rumêksa raharjaning jagad, utawi ngrangkêp jumênêng wali. Sasampunipun manusa dumugi ing darajat nabi, sampun asipat [asi...]

--- 50 ---

[...pat] pêpajar, botên kasamaran dhatêng saniskarèng kawruh, upami wontên ingkang kêdah ginayuh malih, sampun sagêd majêng pribadi tanpa têdahan, malah sampun jumênêng dados juru paring pitêdah. Awit saking punika, mila dumugi ing ngriki, wêwarahipun sêrat andhaning gêsang sampun têlas.

Panutup

Minôngka panutuping sêrat punika, pangajêng-ajêngipun ingkang angarang, sanadyan gêgayuhan ingkang kawasitakakên punika dahat anggènipun linangkung, sarèhning sampun wajibipun dados gêgayuhaning manusa, mugi-mugi botên wontên ingkang wêgah anjangkah, malah ing pamuji sagêda dados gêgayuhan umum. Awit punapa-punapa ingkang sampun sagêd dados gêgayuhan umum punika, adatipun tamtu lajêng kathah ingkang sagêd kasêmbadan. Witipun wontên sawatawis ingkang kasêmbadan, ing ngriku tamtu lajêng [la...]

--- 51 ---

[...jêng] damêl wêwah sêrênging pangudi tumrap ingkang dèrèng kasêmbadan, wêkasan anjalari lajêng kathah ingkang sagêd kasêmbadan, ngantos gêgayuhan ingkang makatên wau amung nama gêgayuhan limrah kemawon, botên mêgahakên.

Namung punika aturipun ingkang ngarang, botên langkung manawi wontên kalêpêtan saha kêkiranganipun, mugi winêngkua ing panggalih paramarta.

Titi.