Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kalijaga, Hadiwidjojo, 1956, #554

Katalog:Kalijaga, Hadiwidjojo, 1956, #554
Sambung:-

KALIDJAGA

--- 0 ---

Sêsorah Radyapustaka Sênèn kp. 7 Mèi 1956 jam 8 sontên dening: G. P. H. Hadiwidjojo

Distensil oleh Stensil "Kaha" Solo

--- 1 ---

Bêbuka

Sangêt andadosakên suka pirênanipun pangrèh, dene sêsorahipun pangarsa GPH. Hadiwijaya ing pêpanggihanipun Radyapustaka wulanan kala Sênèn kp. 7 Mei kapêngkêr bab "Têgêsipun Kalijaga" katingal mranani para pinarak, katitik anggènipun sanalika rampunging sêsorah, sami minta dipun capakên. Pancèn pangèsthinipun Radyapustaka rumiyin mila nyêbar kawruh, sasagêd-sagêd ingkang lajêng gampil tinampèn para miyarsa. Mila tawenan kiwa-têngên sêsorahipun para sarjana manca-praja inggih botên dipun tampèni, jalaran sanadyan wontên ingkang sagah njawèkakên sanalika, pamanahipun pangrèh tagsihtaksih (dan di tempat lain). wontên pakèwêdipun.

1. Mirêngakên wêdhar sabda ingkang botên ngrêtos têgêsipun, mênika adat botên sênêng, têmbungipun manca "vervelend". Yèn dipun Jawèkakên botên marêm.

2. nJawèkakên = vertalen, mênika putusaputusa = putus, ahli. basa kalih pisan - ingkang dipun pêrtal kalihan ingkang kangge mêrtal - yèn botên ngrêtos babaganipun, malah asring klinta-klintu.

3. Pakèwêd yèn sinêngguh "kagêngên jangka kawiyarên jangkah".

Pamintanipun para pinarak wau dados pamanahanipun dhirèksi, awit ingkang sampun kalampahan, paminta mênika botên sêmbada. Wujudipun botên sadaya ingkang ndhaftarakên, mudhut babaranipun buku. Nanging nyumêrêpi dêrênging paminta grêngsênging pamiyarsa kalaning sabda winêdhar, kaputus sêsorah dipun capakên 100 rumiyin kangge cobèn-cobèn.

Alkamdulillah sêsorah tumuntên ambabar, sagêd nyade ing paklêmpakan candhakipun, pajêng 36 buku, tumètèsing mangsi kula mênika malah sampun têlas. Mangka wêlingan tagsih lumintu. Mila putusanipun dhirèksi, dipun capakên malih 100 mawa korêksi, ewah-ewahan tuwin wêwahan ingkang tampining sêsêrêpan

--- 2 ---

pamêdhar sabda sabibaring sêsorah.

Minangka panutup dhirèksi nyuwun gênging pangagsama,pangaksama. dene buku ingkang sampun kawêdalakên, kathah korèksèn ingkang kalangkungan, mangka wontên ingkang prêlu, i.m.:

1. kaca 1 larik 14 saking nginggil nèm2an lêrêsipun nènèman

2. kaca 2 larik 9 saking ngandhap ngêsul2 lêrêsipun ngêsuk2

3. kaca 3 larik 3 saking nginggil I.S. lêrêsipun Ingkang Sinuhun

4. kaca 3 larik 4 saking nginggil bade lalampahan lêrêsipun badhe wontên lalampahan

5. kaca 3 larik 24 saking nginggil 8 lêrêsipun 9

6. kaca 3 larik 14 saking nginggil Kanadasanan lêrêsipun Kawandasanan

7. kaca 9 larik 5 saking nginggil sasagêdipun lêrêsipun sasagêd2-ipun

8. kaca 9 larik 8 saking nginggil Mois, lêrêsipun Bois

9. Kaca 9 larik 7 saking ngandhap kalaras2 lêrêsipun kalarasakên

10. kaca 11 larik 12 saking nginggil dene lêrêsipun dede

11. kaca 12 larik 15 saking ngandhap katajbur lêrêsipun Kacabur

12. kaca 15 larik 9 saking nginggil Nyai Wuji lêrêsipun Nyai Wiji

13. kaca 15 larik 10 saking nginggil Sêlan lêrêsipun Sêla

14. kaca 16 larik 9 saking ngandhap têmung lêrêsipun têmbung

Direktur:

RONGGOWARSITO

--- 3 ---

KALIJAGA

Sêsorah Radyapustaka Sênèn kp. 7-5-'56 jam 8 sontên

Nuwun pangarsa, parêpatan ingkang minulya! Sontên mênika kula kadhawahan urak malih, mbanjêli Sdr. ingkang pamit sakit. Badhe mopo pakèwêd, dening rumaos kawajiban, tur mawi dipun pêgsapêksa. pangrèh. Mila inggih namung sak wontênipun, ngoncèki têmbung Kalijaga, ngiras minangka sambêtan angsal-angsal kula, nalika ningali Muludan Cêrbon kala samantên. Yèn wontên tuna dungkapipun, mugi sami ngêgungna pamêngku, sarta nyênyadhang ewah-ewahan utawi wêwahan, kangge nyampurnakakên sêsêrêpan.

Sdr.

Kalijaga makatên limrahing ngakathah winastan namanipun kuwalèn R. Sahid "Kj. Sunan Kalijaga", sutanipun Tumênggung Wilatikta ing Jêpara. Nènèmanipun mbluntah sangêt: madat, ngampak, ngècu, maling, mbegal, ngabotohan, bandrèk, jina, marjaya tiyang, cêkakipun sakaliring maksiyatan, ngantos dipun sebratakên ingkang rama. Kapokipun sarêng kêtanggor mbegal S. Bonang kataman mukjijatanipun, martobat lajêng puruita ngantos winêca yèn badhe dados wali.

Limrahipun ngakathah malih, wontênipun pêparab Kalijaga, jalaran lampahipun "jaga-jaga pinggir lèpèn", mila sintêna ingkang nêdya kapanggih, kêdah nglampahi kungkum ing lèpèn utawi wontên pinggiripun. Kathah ingkang makatên. Ewadene kajawi ingkang badhe kula andharakên mangke, dèrèng nate mirêng ingkang pinanggih wêwantahan. Yèn namung dipun kêtingali grêmêng utawi sa-klebatan kemawon, wontên, kacriyos agêng inggil pangagêman sarwa wulung. Mênika sababipun kaawisan mangangge sarwa wulung, mindhak ngêmbari sang wali panutup. Dalah udhêng wulung kemawon botên kenging byur, botên ketang namung satlênik, kêdah dipun sukani pêthak.

--- 4 ---

Adatipun salah satunggaling pojokan botên katut kawêdêl; inggih namung satlênik sayêgtos.sayêktos. Yèn kangge kadhawahakên cêkokan, supados botên katawis. Wontên ingkang kêmadanipun rintik, nama udhêng rintik. Malah pèni.

Para mudha ingkang botên mênangi "jaman jalêr jlamprah", prêlu kula pratelani, yèn udhêng wulung makatên ing Surakarta kangge samangsa cara Wlandi, têmbungipun samangke pantalonan of internationaal, tanpa kuncung. Yèn para gusti dêstharipun angsring rintik, kuncung kajênthitakên dipun pênêtêpi sêsotya. Panêtêp wau barang mina = speciall, winastan jênthitan. Kacriyos anggitan Ingkang Sinuhun kp. VIII.

Yèn Ngayogya cara Wlandi udhêngipun modang, pasisir limrahipun bathik.

Kathah-kathahipun wontên ingkang sabên malêm Jêmuah kungkum dhatêng Bacêm mangangge sarwa wulung. Ingkang kula têpangi satunggal gadhah ringgit tiyang, angsring njogèd piyambak dados Wrêkodara, satunggalipun bangsa Tionghwa gadhah restoran. Sami nyuwun palarisan; ingkang Wrêkodara inggih sagêda kaonang-onang, populèr. Dene anggèning sarwa wulung wau, mênapa kanthi pangajêng-ajêng pinanggih kaliyan Kj. Sunan Kali, mênapa namung mituhu pakèning guru, kula kalepyan takèn. Lajêng wontên malih Sdr. ajêg sarwa wulung, mênapa kangge lampah, mênapa saking kêcomprengan, botên sumêrêp. Karêmanipun ningali nayuban, ngêsuk-êsuk pados ngajêng, lajêng njawat masajêng tlèdhèk.

Pratelanipun Mr. Jayakusuma, "lèpèn" makatên dangu-dangu dipun têgêsi "toya", dados yèn nêdya pinanggih K.S. Kalijaga, botên susah dhatêng lèpèn, janji cêlak toya: bêlik, sêndhang, sumur ss. Lacutipun cêkap ngadhêp cuwo sêkar sêtaman. Saminipun sajèn ayam; sakawit jago utawi babon, dangu-dangu dados kêmanggang, lajêng kutug, lajêng tigan, lacutipun arta sabinggol. Ajining tigan.

--- 5 ---

Dhawuh dalêm I.S.I. Minulya, kala jaman I.S. Kp. IV santana dalêm RM. Riya Padmawinata saking bantêr lampahipun sagêd pinanggih, lêrês agêng inggil sarwa wulung, dipun dhawuhi munjuk I.S. yèn badhe wontên lêlampahan nganèh-anèhi. sarêng munjuk, saèstunipun ndadosakên èmênging panggalih dalêm, lajêng dhawuh madosi, kadospundi sèlèhipun.

Tigang taun anggèning nggêntur, sawêg sagêd pinanggih malih, thênguk-thênguk ngrangkul jêngku wontên pinggir Bêngawan Jurug. Botên pandung, lajêng dipun sikêp saking wingking kanthi alok "hla iki kyaine" Nuntên ndhodhok nyêmbah matur rèhning dinuta.

Inggih sawêg mênika, mirêng piyantun kêpanggih Kj. S. Kalijaga wantah-wantahan.

Kawan dasanan taun sapriki salêbêtipun kula sipêng ing salah satunggaling kabupatèn T. Pasundhan, sabên sêrap mirêng para sêpuh wanita nuntun lare-lare jalêr-èstri ngidung wontên salêbêting griya. Pangudaraosing manah, "kadospundi nalaripun kidungan sagêd dumugi ngriku, dening kacriyos yèn anggitan dalêm I. S. kp. IV, mangka jaman samantên sêsambêtanipun Surakarta-Pasundhan sampun dipun pêdhot waras-warasan dening si pênjajah". Wontên kaol sanès, yèn anggitanipun Pangeran Karanggayam Sujanapura, pujangga Pajang. Dene ungêling kidungan ingkang kacathêt ing manah, sêkar Dhandhanggula pada 9:

Sing sapa rêke bisa nglakoni, amutih lan anawaha,Kurang dua suku kata: amutiha lawan anawaha. patang puluh dina wae, lan tangi wêgtuwêktu (dan di tempat lain). subuh, lan dèn sabar sukuring ati, ingsa Allah tinêkan, sakarsanirèku, tumrap sanak rayatira, saking sawabe ngèlmu pangikêt kami,mami. duk anèng Kalijaga

--- 6 ---

Lajêng judhêg manah kula, jalaran dèrèng nate mirêng yèn Sinuhun Bagus nate wonten Kalijaga utawi têdhak mriku; Pangeran Sujanapura dalêm ing Karanggayam. Limrahipun Kalijaga makatên asmanipun wali ingkang sumare ing Kadilangu. Dados kidungan mênika yasanipun sintên? Repot ...

Rèhne bêtah kula namung ngoncèki Kalijaga, bab ingkang damêl kidungan kula sumênèakên rumiyin, ngêntosi angsaling sêsêrêpan. Ewadene yèn mangke gliyak-gliyak sagêd katut kacêpêng, nama bêgja kamayangan.

Sdr.

Mirit ungêl-ungêlaning kidungan wau, têtela yèn Kalijaga mênika panggènan, dede namanipun sêpuh of Kuwalèn R. Sahid, dupèh rêmên jaga-jaga pinggir lèpèn. Têrangipun S. Kalijaga makatên karan padunungan, kados S. Muryapada, S. Têmbayat, K.A. Karanglo, Jaka Tingkir, Aria Jipang ss, yèn samangke rest. Surabaya, bupati Têgal, wêdana Salatiga sp. Namanipun piyambak R.Sahid, saminipun S. Giri-R. Satmata, S. Ngampèl-R Rachmat, K.A. Sela-Abdulrachman sp. Bab S. Kudus karêmbag wingking.

Wanita Pasundhan mênika, sanadyan botên ngrêtos têgêsipun, ngandêl sangêt dhatêng dayaning kidungan, sabên sêrap tamtu dipun cakakên, kados yèn kula muji ndrêmimil sapatah kemawon botên ngrêtos têgêsipun, tur ing nalar kapara klintu pakêcapanipun, upami alamtara kaepapa ngala rêbuka"" sp. Hla mênapa wontên sdr. Arab ingkang ngrêtos? Namung pitados dayanipun. Mênika ingkang nyawabi."

Ngantos dumugi taun 1935, semahipun kanca-kanca kula Sundha ing Jakarta tagsih wontên ingkang sabên sêrap ngidung. Mangka ing Surakarta kenging winastan sampun botên njaman.

Antawis 25 taunan sapriki kula pinanggih dr. Rinkes panyuratpanyêrat. sêjarah wali ing TBG sêsirah "De heiligen v. Java", kula takèni bab S. Kalijaga,

--- 7 ---

wangsulanipun "lêrês karan dhusun" sakilèn Cirêbon.

Parandene manah tagsih ganggam, dening rumaos kirang pasagsèn,pasêksèn. miwah kadayan pasrawungan ingkang sami ngugêmi "jaga-jaga pinggir kali", ngantos dipun kramakakên "Sunan Lèpèn.

Botên anèh, tiyang sami botên gadhah têtandhingan. Nadyan mèh sadhengah wrêdha apal kidungan, dados lêrêsipun sumêrêp ungêl-ungêlan "pangikête duk anèng Kalijaga", ewadene satunggal kemawon botên wontên ingkang manah. Sampun adat, apalan pancèn sok makatên, ngicalakên panyuraos. Miwah kidungan makatên pujian sontên, dados babagan kudus = heiling, ajrih nggagas, wontênipun namung ngandêl.

Kajawi makatên tamtunipun para miyarsa inggih pirsa, yèn aji japa mantra, pujian ss, mênika angsringasring (dan di tempat lain). botên kenging sinuraos muradmusrat. maksudipun; angsring pating plêncat ikêtanipun, botên mantuk ukaranipun, tuwin anèhing têmbung-têmbung ing pasrawungan botên wontên. Malah wontên ingkang tanpa têgês babarpisan, têmbungipun manca "nonsêns. Ewadene ngeram-eramakên mandinipun! Wetenschappelijk onverklaarbaar ...

Kalijaga mênika rèhne asmaning wali, panuntuning agami, ing pasantrèn wontên ingkang ngincok-incokakên dhatêng têmbung Arab:

chadli zaka = "pangulu agêng suci"

Lêrês lêpating wêwêrdèn lan anggèn kula ngêcapakên, borong para ahli, awit basa Arab kula buta huruf. Ewadene Kalijaga dipun Arabakên, botên nyuwawèni, jalaran:

1. Gênah yèn têmbung Jawi lugu,

2. Sampun dipun pratelakakên ingkang nganggit kidungan = Kj. Sunan piyambak, yèn pangikêtipun "Duk anèng Kalijaga",

3. Sinêgsèn dr. Rinkes yèn namaning dhusun bawah Cirêbon,

--- 8 ---

4. Dhusun nama "Pangulu agêng suci" Botên sagêd, sêtun Pangulon = nggoning pangulu, Modinan = nggoning modin, Kauman = nggoning kaum sp.

Lajêng nama ingkang lêkasipun Kali, nunggil jaman tur inggih dinunungan Sunan, mênika Kalinyamat, dipun Arabakên mênapa? Yèn botên, lêpatipun mênapa? Dene dhusun tuwin kampung ingkang ugi mawi Kali kathah, ingkang calak-calakan kemawon:

Kalijênês, Kaliwingka,

Kaliwungu, kilèn Sêmarang,

Kalimênur, Ngayoja ss,

menapa inggih sami dipun Arabakên? Saiba têlasipun nama-nama Jawi ...

Ingkang nunggil babagan miwah nunggil jaman S. Giri, S. Bonang, S. Ngudhung, S. Kudus sp., têka botên dipun Arabakên? Wangsulanipun pitakèn mênika kula sampun sagêd nggagapi: "amarga padha karan padunungane Lêrês. Giri, Bonang sami gênah prênahipun. Sarêng Ngudhung pundi, lan kok botên dipun Arabakên pisan? Kalijaga kok botên dipun padosi prênahipun rumiyin, têka lajêng dipun prusa kemawon yèn Arab. Wangsul ingkang wela-wela Arab botên dipun paèlu, i.m. naminipun timur Kj. Sunan "Sahid", "Syahid" = pahlawan, held, hero.

Tiyang sêpuh namakakên anak mênika angsring pèngêtan, naluri, pados wilujêng, dipun sae-sae utawi pangudang-2. Tumrap putranipun T. Wilatikta pangudang-2 langkunga samining dumados: "Syahid, Pahlawan, Held, Hero, inggih nêtêpi sayêktos, dados pahlawan agêng agami, Wali Panutup, pinundhi-pundhi dumugi sapriki. Mugi ambarkahana para miyarsa sakukuban sumarambah dhatêng pamêdhar sabda!

Miyarsa

Kala wau kapratelakakên yèn Kalijaga makatên têmbung Jawi kluthuk, ingkang Arab malah namanipun timur Syahid, botên kapaèlu. Mangka meervoudipun

--- 9 ---

Syuhada kangge namaning mêjid inggal ing Ngayoja. Kok malah sami pandung.

Kajawi punika têmênipun wontên malih têmbung Arab kangge namaning kitha ingkang langkung kêrêp kacakan, malah babarpisan botên dipun sumêrêpi, i.m. "Kudus = Hellig". "Sunan Kudus = de Heilige Sunan", saminipun Kj. Santo Bapa Paus = de Heilige Vader agêng-angêngipun pandhita Katoliek, S. Kudus inggih agêng-agêngipun wali, jalaran panguluning para wali. Dipun Heiligakên sampun samêsthi!

Dados dhusun Kudus, samangke kabupatèn tuwin kitha, mênika karan ingkang dêdalêm de Heilige Sunan, kadosdene Ngadijayan, Pugêran, Kalitan ss. Kosokwangsul kalihan para wali, sami karan padununganipun.

Upami wontên ingkang nyoal "Kudus namaning dhusun, Kj. Sunan ingkang karan dhusunipun kados para wali sanèsipun", wangsulan kula: "sasumêrêp kula ing riku botên wontên pêpundhènipun", dados mokal yèn ta dipun kudusakên. Awit limrahipun nama panggenan makatên alêsan kawontênan:

Candhi petak, wontên candhinipun kapêndhêm

Cêmara sèwu, wana cêmara

Bulak amba, bulakipun inggih ngedap-edapakên wiyaripun. Dalah nagari Walandi inggih makatên:

Amstêrdam pinggir bêngawan de Amstel

Rottêrdam pinggir bêngawan de Rot sp.

Upami ingkang kanamakakên Kudus mênika Dêmak, mantuk, awit wontên mêjidipun pêpundhèn, dados jiyarahanipun kaum Islam satanah Jawi. Dus Heilige Stad, kados Mêkah.

Kala wau sampun kacriyosakên yèn panguluning para wali makatên S. Kudus, kadospundi sagêdipun R. Sahid jujuluk "Pangulu" tur mawi "agêng suci",

--- 10 ---

yèn dede pangulu? Mênapa jamak pangulu kalih?

Malah ujaring babad saadêgipun mêjid Dêmak para wali sami klêmpakan pêrlu nêtêpakên pangulunipun -iman- botên wontên ingkang sagah; Kj. Sunan Kalijaga nyuwun dados naib, sanèsipun namung marbot kemawon. Dados saya cêtha yèn asmanipun Wali Panutup Botên Sagêd têgês Pangulu!

Awit saking andharan kasbut nginggil, kayakinan kula yèn namaning kitha Kudus mênika têtela karan sêsêbutanipun ingkang bêbadra, lêrêsing kasusastran kêdah mawi panambang "an" = "Kudusan" kados: residhenan, mayoran, tumênggungan ss. Anggèning botên makatên, bokmanawi rèhne têmbung manca, sumêlang yèn cawuh kalihan dolanan "kuwukan", jamuran, tombaran ss., tuwin simpênan arta "celengan". Kirang mungguh ingatasing dalêmipun gêgêdhuging pêpundhèn.

Lajêng wontên nama tuwin pangkat ingkang padununganipun botên kenging dipun panambangi "an":

Suleman

Panêmbahan

Parikrangkungan sp., dening pungkasing têmbung sampun an.

Mangsuli anggèning Kalijaga dipun Arabakên, mênika bangsa Tionghwa malah wontên ingkang malik grimbyang nggêgêgi yèn para wali lan linangkung jaman kina, mênika sayêgtosipun dede Jawi, ning bangsa Tionghwa, tandha yêkti nama-namanipun:

Sahid = têmbung Cina, "SA-IT": sa = 3, it = 1 = 31, pèngêtan kala miyosipun, ingkang rama sawêg yuswa 31,

S. Bonang = Be Bing Nang

K.A. Gribig = Siauw Dji Bik

K. A. Pêngging = Hong Pa Hing

Sult. Pajang = Na Pao Tjing sp. Mênapa kula inggih ngandêl? Kosokwangsulipun babad nama-nama Wlandi inggih ngodhêngakên:

--- 11 ---

Murjangkung = Jan Pirterzoon Coen

Setolomondo = Baltazar Tout le Monde

Onggodoro = Hohendorff

Redetede = Van de Reede tot de Parkelaar

Wirabumi = Herrebaume sp. Mênapa sakintên wontên Wlandi ingkang purun nêgsèni:nêksèni. ya, zo heten ze?

Ingkang nggujêngakên dolananipun lare-lare alitanipun anak-anak kula:

sadubilahi helminah mimangsah sp. Kala sawêg mirêng, judhêg anggèn kula madosi, ngothak-athik botên sagêd gathuk. Sarêng sumêrêp panindakipun, sawêg èngêt yèn dolanan kula nalika wontên Frobelschool: "zakdoekje leggen, en ik wil aan niemand zeggen".

Sientje laat me los dados "Siensien melat-melot"

Hoe dankbaar is, mijn lieve hond dados "uadang baris meliepe kon"

gerah blêgudrêg = hoge bloeddruk ss.

Miyarsa

Kawontênan warni 3 wau tuwuhipun inggih warni 3:

a. Ingkang Jawi nyantuni nama-nama Wlandi namung saking klintuning pamirêng, dening botên sagêd basa Wlandi. Tumusipun botên sagêd nêkuk ilat kados Wlandi. Botên anèh.

Kula gadhah mitra luhur bangsa Frans, tobatipun yèn prêlu ngêcapakên "genoetschap", amargi basanipun piyambak botên gadhah "g + sch". Walandi yèn kêtanggor sigêg wignyan jimbit:

Salèh = Sale

Malèh = Male

Patih = Pati

olèh-olèh = ole-ole sp. Sampun makatên adat kêdalipun bangsa yèn ngêcapakên dede basanipun piyambak: angsring kabêgta saking botên gadhah agsaranipun, angsring pancèn bèntên pamirêngipun, upami jago kluruk:

--- 12 ---

Jawi - klukukuruk

Wlandi - kukeleku

Sundha - kongkongkerongkong ss.

Kajawi yèn sampun kalatih wiwit alit, upami cara Wlandi wiwit Frobelschool. Mila nama-nama ing Eropah ingkang bangsa sanès botên sagêd ngêcapakên, inggih namung sasagêdipun kemawon:

Walês - Gales

te Mechelen - Malines

Wroclav - Warsohau

Yèn nama Wetanan:

bêngawan Shindhu - Indus

Candragupta - Canderkotos

Damsiq - Damaskus sp., malah wontên ingkang ngantos dipun pertal:

den Haag - le Haye

's Hertogenbosch - Bois le Duc.

Upami katiru nama-nama kawi dipun Jawèkakên:

Atmajahnawi: atma - anak, jahnawi - kali, Tirtakusuma: tirta - banyu, kusuma-kêmbang }anak kali = kalèn = pk kalèn, kêmbang banyu = unthuk = pk unthuk, saiba ribêtipun! Dados nama-nama manca ing kajawèn namung sasagêding nêkuk ilat:

Frederiklaan - Pendrikan

Melborrough - Malioboro

Huize Henri - Loji Gandrung, botên anèh.

Murih sirnaning rangu-rangu bab nama loji gandrung, pêrlu kula têrangakên, yèn mênika ingkang yasa randhanipun Tuan H.A. Dezentje Karanganom, nama ngajêng = voornaam "Henri" - mila karan Andri - Rampungipun panggarap kanamakakên "Huize Andri" minangka bêbêgtènipun dhatêng gurulaki ingkang sampun sawarga. Mila sêkaran tègêl kantoranipun pk Walikota "H" = "Henri". "N"-nipun Frans bindhêngan, bangsa kula botên sagêd, gampilipun dados gandrung.

--- 13 ---

Anggèning masyarakat mêrdèni warni-warni, ingkang nggujêngakên "gandrungipun I.S. kp. X dhateng GKR. Mas. Mangka kala krama dalêm loji gandrung dèrèng paja-paja wontên!

Hla tiyang "herendienst" dados "irêng dhinês", dangu-dangu dipun kramakakên "cêmêngan", saking "heren - iren - irêng".

domme kracht, dados "dungkrak of "domkêras".

b. Pangakên Tionghwa wau kasaranipun tekad-tekadan, ing nalar tuwuhipun sawêg jaman akir. Bokmanawi kabêgta saking kala samantên dèrèng wontên of dèrèng kathah Tionghwa pranakan, dados tagsih sami pelo, botên sagêd ngêcapakên nama-nama pribumi. Samangke kemawon ingkang singkèk rak inggih tagsih makatên, yèn cantênan awis tiyang ngrêtos.

Hla tiyang:

stroop dados "titêlu"

Bruineman dados "Bunaibun"

Subrata dados "Subolotoa" sp.

Sdr. tuwa saya nggujêngakên:

Grompol - ngurumupuru

olèh-olèh - urihu-urihu

Bols - burusu

Hitler - Hitzuru sp.

Cangkriman ajêgan ...

Akiripun nama-nama wali ingkang sakalangkung mlèsèt pakêcapanipun wau, dipun êncupi dening fanaticie Tionghwa, katêtêpakên yèn sadaya bangsanipun.

c. Kalijaga dipun Arabakên mênika damêlanipun bangsa piyambak prusan; têmênipun kathah bangsanipun kados makatên, ngantos dumugi nama-nama wayang ss:

Petruk - fatruq

Janaka - Zinaka

Nêrada - Nur hudah.

Sêratan Latin "Islam" mênika satunggal-satunggaling agsara

--- 14 ---

katêgêsan kawitanipun salat 5 wêgdal

I - isa

S - subuh

L - luhur

A - asar

M - mahrib

Tiyang sêpuh tuna sêsêrêpan kados kula, wontênipun namung ngudaraos "Kok nganti sêmono ... "

Sadhèrèk!

Mirit suraosing sêrat-sêrat ingkang sampun kula sumêrêpi, Kalijaga makatên gênah yèn dede namaning piyantun, nanging dhusun tlatah Cirêbon i.m.:

1. Wosing suraosipun sêrat sêjarah Bantên kawrat ing dêsêrtatienipun Prof. Dr. R. A. Hoesein Jayadiningrat "Critiesche beschouwingen vd sêjarah Bantên", sasampunipun R. Sa'id lêbda anggèning nggêguru dhatêng Pangeran Bonang, lajêng lêlana dumugi Palembang, pinanggih Dara Pêthak, nuntên sêsarêngan dhatêng pulo Upih, puruita dhatêng Sèh Sutabris. Sarampungipun, dipun dhawuhi wangsul ngajawi dhêdhêkah ing Cirêbon sacêlakipun lèpèn alit, sadea wêlit, supados tumuntên kawuningan ingkang kagungan nagari. Ing têmbe padhêkahanipun wau, kanamakakên Kalijaga.

2. Kitab Wali Sêpuluh karanganipun Sdr. Kartosujono cap-capan Tan Khoen Swie 1950: "Tuan Sunan Kalijaga yang dhulu kratonnya adha dhi tanah Pusêrbumi (Cirêbon)". Namaning Kraton botên kasêbut, ning tancêbipun Cirêbon, sami kalihan angka 1. Amung anggèning dipun wastani Pusêrbumi, kula sawêg mrangguli mênika. Limrahipun bangsa kula ingkang winastan Pusêrbumi, mênika Mêkah, saking wingidipun srêngenge botên wani ngungkuli. Yên pusêring T. Jawi, rêdi Tidhar yanging. Magêlang

3. Kidungan musium cap tuwin gadhahan kula carik:

... saking sawabe ngèlmu pangikêt kami,

--- 15 ---

duk anèng Kalijaga"

4. Sêrat Sèh Mlaya musium, Sanapustaka, gadhahan kula, sami carik:

a. pupuh Smarandana pada 4:

Anulya kinèn angalih, pitêkur ing Kalijaga, mila karan kêkasihe ...

cêtha wela-wela yèn dede nama, karan dhusun. Wondene ingkang dhawuh pindhah, S. Bonang sasampunipun tamat kawêjang.

b.nunggil pupuh pada 12:

Wus têlas dènnya wêwarti, Njêng Sunan Bonang samana, jêngkar sing Kalijagane ...

Saya cêtha yèn dhusun.

5. Sêrat Walisana carik gadhahan kula pupuh Pucung pada 29"

Inggalipun, wus raharja ponang dhukuh, kathah kang awisma, pradesane wus sarwa sri, sinung aran padhukuhan Kalijaga

Lajêng nyariyosakên wangsulipun saking samodra dipun wêjang KN. Kilir, sêkar Gambuh pada 33:

Upami sêkar kuncup, mangke sampun mangsane cumucup, ngambar-ambar gandane kasturi jati, ing wasana lajêng kundur, tan wangsul maring Cirêbon.

pada 34:

Mring padununganipun, Kalijaga pan lajêng misuwur ...

pada 35:

Sèh Malaya kasêbut, apan saking padalêmanipun, nênggih Sunan Kalijaga wêwangi ...

6. Walisana wêdalan Sadubudi 1955 kaca 111:

--- 16 ---

angka 33:

Mring padalêmanipun, Kalijaga pan lajêng misuwur, Sèh Malaya anrus kadibyaning ngèlmi ...

angka 34:

Sèh Malaya kasêbut, apan saking padalêmanipun, nênggih Sunan Kalijaga wêwangi ...

7. Babad Cirêbon anggitanipun pangulu Abdulqahhar ing Cirêbon:

1. "Carang sèkêt pitu panging kandha caruh, anyarita ingkang, putra Susunan Lèpèn, kang nama Radèn Panggung anungsung rama"

2. "Marang Kalijaga ing kono pinanggih sru" sp.

8. Ngalamat: titêlipun Sêrat Kidungan TAN KHOEN SWIE cap-capan kp 3 taun 1952, nyêbutakên: ... ikêtanipun Kg Susuhunan Kalijaga …

Sadaya wau gamblangipun kados makatên, mênapa inggih tagsih bêtah komêntaar?

Dados têrangipun Kj. Sunan Kalijaga mênika karan dhusun, dhusun Kalijaga bawah Cirêbon. Ingkang kula sumêrêpi namanipun piyambak:

1. R. Sahid

2. Sèh Malaya

3. Lokajaya

4. Sèh Joharmanik

5. Pangeran Jayaprana.

Wêwah saking Babad Cirêbon kasbut nginggil:

1. Sida Brangti, yèn ndhalang pantun wontên Pajajaran.

2. Ki Bêngok, yèn ndhalang barongan wontên Têgal.

3. Ki Kumêndung, yèn ndhalang topèng wontên Prabalingga.

4. Enthol Kacabur, kala ngèngèr mbok randha Gotangan [Go...]

--- 17 ---

[...tangan] ing Banyuwangi

5. Raka Brangsang, kala kautus S. Jati nimbali Sèh Lêmahbang.

Wêwah malih saking Elang Saripudin:

1. nalika ngislamakên Samiaji = Prabu Yudhistira sarana maos pusakanipun "Sêrat Kalimasada, pêparab Abdurachman,

2. anggèning asma Sèh Malaya kala kabuncang ing bêna dumugi samodra,

3 pêparabipun kathah sangêt.

Angsal sêsêrapan saking sdr. Madhe Kawi ing Bali, yèn bangsa Sasak - agaminipun Islam - ing pulo Lombok, ugi nêngênakên kidungan, kangge ngrêksa babaran, kawaos sabên sêrap kp. 11, supados ki jabang sampun ngantos kenging gêndhak sikaranipun Kali-Kali buta Dengen. Ning wontênipun namung sêkar Dhandhanggêndhis. Pangintên ing rika, lajêngipun sêkar Sinom sp., mênika wewehan Surakarta.

Kayakinanipun sdr. Lombaok, Kidungan wau bêgtanipun mpu Dwijendra alias Dhanyang Nirartha asli Majapait, kala wontên Lombok santun nama Radèn Surapati. Sarêng pindhah dhatêng Bali, karan Pêdandan Wahurawuh, misuwur kawruhipun jawi lêbêt. Putusipun kawruh Islam, dening nggêguru para wali ing Dêmak.

Dhatêngipun ing pulo Lombok, Dhanyang Nirartha alias R. Sangupati wau, nêdya mêncarakên agami suci, kantun-kantun karumiyinan utusanipun Kj. Sunan Giri, dados pancakara agêng. Rèhne nunggil kajêng, tamtunipun botên kalajêngakên, ning botên purun ngawon, lajêng ngêdêgakên golongan Islam piyambak wêgtu 3, i.m. salatipun sadintên namung kp. 3:

subuh

luhur kasarêng ngasar

mahrib kasarêng ngisa,

ingkang sahabat Giri, nêtêpi sarak 5 wêgdal, karan

--- 18 ---

golongan "Islam wêgtu 5". Kalih golongan wau sapriki botên sagêd akoor.

Dados ing Lombok samangke, wontên sarak Islam warni kalih: Islam wêgtu 5, Islam wêgtu 3.

Ing Hindiya sisih kidul kilèn wontên golongan namung wêgtu 1 = salat 5 wêgtu dipun dadosakên 1 kasalatakên sapisan, nama golongan Ismailia, dipun pangagêngi Ingkang Minulya Aga Chan, cacahipun pêngikut kirang langkung 2 - 3.000.000. Kala jaman Inggris drajadipun Aga Chan wau dipun samèkakên kalihan raja alit, sêsêbutanipun Highness, kurmatanipun mriyêm kp.9

Tamtunipun para sdr. tagsih sami èngêt suraosipun Babad Cirêbon ingkang kula pratelakakên kala wau, yèn anggènipun K.S. Kalijaga mbarang ndhalang ngantos dumugi Banyuwangi, wontên pundi-pundi santun pêparab. Ing Bali-Lombok wontên pamêncar agami, pêndhak-pêndhak ugi santun wêwangi. Mangka Banyuwangi kalihan Bali namung kêlêt-lêtan sagantên ciyut nyabrang mangetan sapintên dangunipun. Dados upami R. Sangupati a. Pêdanda Wahurawuh wau sêsinglonipun K. S. Kalijaga, botên mustahil. Apês utusanipun.

Ning rèhning nagari-nagari ingkang kawakan sami botên gadhah pèngêtan bab rawuhipun K. S. Kalijaga, pamawas kula kapunggêl samantên.

Miyarsa

Awit saking sadaya wau, kala Mulud kapêngkêr kula marlokakên dhatêng Cêrbon nakyinakên wontênipun dhukuh Kalijaga, ngiras ningali sêkatèn, têmbungipun ngrika "Muludan", kados ingkang sampun kula angsal-angsalakên pêpanggihanipun P. Radyapustaka kala Sênèn kp. 31 Oktobêr '55 ing pandhapi ngriki. Dene anggèn kula mriku botên namung ijèn awagan, dipun têrakên Elang Saripudin putra Sultan Kacêrbonan, tuwin mantu kaponakan R. M. Sugirwa kpl. Jwt. DPU,

--- 19 ---

ingkang salaminipun nyambut damêl mèh dèrèng nate mêdal saking karesidhenan Cêrbon. Dados grêma kula botên sakêcêpêngipun kemawon.

Kawuningana. Kalijaga mênika padhukuhan ing dhusun Harjamukti, kacamatan Cirêbon Sêlatan, kawêdanan Kota, prênah kidul kilèn kitha watawis 2½ Km, pinggir margi alit sambêtaning simpangan margi agêng Cirêbon-Têgal kalihan margi agêng Cirêbon-Kuningan. Têngahing dhusun pasareanipun S. Kalijaga, sawênèh cariyos yèn namung patilasan kemawon, dados jiyarahan agêng. Saya yèn nuju Muludan kados kala kula mriku, gilir-gumantosipun atusan. Namung botên sami kenging mlêbêt cungkup, namung sangajêng kontên kemawon. Wiwit regol capuri dumugi kontên cungkup watawis 3 M dipun gêlari klasa kalèmèkan montên pêthak saengga lopêr. Ingkang sami jiyarah nilari arta sakadaripun, kenging dipun sêbar ing lopêr wau. Mangka kathah ingkang arta pêcah, dados malah sae, pating prêlok kados sêsêkaran babut.

Sumarenipun K. Sunan ing cungkup kalihan garwa tuwin putra satunggal, ingkang ndhèrèk salêbêtipun capuri sawatawis: klêbêt pasarean alit.

Sangajêng regol wontên mêsjidipun alit tuwin lèpèn ugi alit, saking rêmbêsan ing dhusun Sampora, kacamatan lan kawêdanan Cilimus, kabupatèn Kuningan. Bokmanawi inggih lèpèn alit mênika ingkang kapratelakakên ing Sêrat Sêjarah Bantên kasbut nginggil.

Juru kunci tagsih nèm ngakên run-tumurun, kula takèni sababipun nama Kalijaga, wangsulanipun: "têmbung Arab lêrêsipun chadlizaka".

Gotèkipun sdr. Cêrbon, kala R. Sahid puruita dhatêng Sunan Jati = Gunungjati, dipun dhawuhi madosi kêmiri pintên-pintên atus ingkang dipun sêbar ing lèpèn wau. Anggènipun madosi botên ketangngetang. dirgamaning margi. Dèrèng ngantos pinanggih sadaya, katungka bêna bandhang, R, Sahid kerut dumugi samodra, [samo...]

--- 20 ---

[...dra,] botên kêblabak, malah tampi nugrahaning Pangeran pinanggih K.N. Kilir, lajêng puruita. Bontosing pamêjang dados Wali Panutup.

Miyarsa

Kangge jangkêp-jangkêp prêlu kapratelakakên, yèn masjid Agung ing alun-alun Kasêpuhan wontên kêistimewaanipun 4 ingkang kula gandhèngakên kalihan K. Sunan Kalijaga i.m.:

1. Saka pananggap pojok kidul wetan mênika tatal, karan "saka tatal", kados mêsjid Dêmak. Cariyosipun ingkang jagi, bugti yèn mêsjid wau yasanipun para wali.

2. Yèn nuju salat Jêmuah, sanginggilipun ingkang kutbah dipun sulêdi clupak, gumantung ing payon pangimbaran. Bagda kutbah dipun pêjahi ingkang mêntas kutbah. Wontênipun warni 2 wau kula gandhèngakên kalihan S. Kalijaga, jalaran:

a. Tamtunipun para miyarsa botên kakilapan ujaring para sêpuh, yèn mêsjid Dêmak mênika yasanipun para wali, namung kajêng sauwit saking wana Danalaya bawah Wanagiri. Sarêng mèh mbabar namung kirang sasaka, mangka kêtêlasan glondhong ingkang nyamèni agêng panjangipun, Kj. S. Kalijaga nuntên nglêmpakakên tatal katumpuk-tumpuk lajêng dipun wêngkoni dados saka, karan "saka tatal"

b. Sêrat Sastramiruda nyariyosakên, yèn ringgit mênika yasanipun Prabu Jayabaya, pawingkingipun dipun ewahi, dipun bêsut, dipun wangun ss. dening para nata tuwin wali, Kj. S. Kalijaga mêwahi: kêlir, kayon, gêdêbog lan blincong. Hla kok mêsjid Agung Cêrbon wontên ingkang nganèh-anèhi urub-uruban sanginggilipun ingkang kutbah. Bakda kutbah dipun pêjahi ingkang mêntas kutbah piyambak. Yèn blincong nginggil dhalang, bagda ringgitan ingkang mêjahi inggih kyai dhalang piyambak. Kok sajak nunggil raos, mênapa pancèn têmbungipun êmpu "tanggul tangan!".

Clupak gumantung ing pangimbaran sp. wau kula

--- 21 ---

sumêrêp piyambak, kala Jêmuah kp. 30 Marêt mrêlokakên Jêmuahan mriku.

Lajêng:

3. Payonipun mêsjid botên dhapur tajug, nanging limasan dados tanpa mustaka. Tajug mênika yèn cara Cêrbon langgar, langgar mêjid alit ing kraton. Upami Surakarta Suranatan.

4. Wontên jodhogipun ingkang murub tan kenging pêjah salami-laminipun. Ing Kraton Ngayoja inggih wontên nama Nyai Wiji; ing Surakarta "latu Sela", mênika ingkang ing Babad winastan latu blêdhèg.

Miyarsa

Kj. S. Kalijaga mênika muridipun S. Gunungjati lajêng dados ipe - sawênèh mantu - mangka mêsjid Kasêpuhan mênika mêsjid kratonipun S. Gunungjati. Mênapa mokal yèn sadaya wau anggitanipun R. Sahid alias S. Kalijaga?!

Miyarsa

Bokmanawi sadaya wau sampun cêkap kangge mbuktèkakên yèn:

1. Kalijaga mênika têtela yèn têmbung Jawi lugu,

2. dede namaning tiyang, ning namaning padhêkahan,

3. Kj. S. Kalijaga karan padhêkahanipun,

4. Kidungan yasanipun Kj. S. Kalijaga, dede I.S. kp. IV, utawi Pangeran Karanggayam,

5. Wontênipun kidungan sumiyar ing T. Pasundhan, jalaran yasanipun Kj. S. Kalijaga kala dêdalêm ing Cêrbon, têpang watês kalihan Pasundhan,

6. Dumuginipun kidungan ing pulo Lombok, saking rekadayanipun Kj. S. Kalijaga kala nylamur ngèngèr mbok randha Gotangan ing Banyuwangi: utusan ingkang pinitados nyêbar agami, utawi nyalirani piyambak.

Kajawi mênika wontên kaanan ingkang nadyan

--- 22 ---

botên linea recta klêbêt golonganing sêsorah, ewadene prayogi kula pratelakakên, dening sampun awis ingkang mêningi i.m. pasimpênanipun wayang cucal ing kraton, mênika alitan kula wontên mêsjid Nêpèn gêdhong ingkang sisih lèr. Sarêng mêsjid kapindhah dhatêng Bandêngan nama Pudyasana, simpênan ringgit botên katut, pindhah dhatêng Pantipangarsa.

Miyarsa

Wontênipun kaanan wau kula pratelakakên, jalaran raos kula barang nylandri; combinatie mêsjid-wayang wontên sisihanipun mêsjid gangsa Sêkatèn. Mênika dede dumadakan, dede toeval. Anggitan wali, pamawas kula botên liya kajawi Kj. S. Kalijaga, jalaran ingkang kacriyos rêmên associatie panjênênganipun; ingkang kapratelakakên ing Babad Cirêbon kasbut nginggil angsring ndhalang dhatêng pundi-pundi panjênênganipun; ingkang ngrampungakên mêsjid Dêmak tuwin Cirêbon sarana damêl saka tatal inggih panjênênganipun. Ingkang mêwahi blincong ss ing padhalangan panjênênganipun; ingkang nyukani clupak pangimbaran mêsjid Cirêbon ing nalar inggih panjênênganipun.

Abdi dalêm kêtib mênika 8 + pangulu = 9. Ing kaprajan nayaka 8 + patih = 9. Yèn I.S. miyos Jêmuahan, pangulu lan kancanipun kêtib sami cara kaji srimpang sutra satêbah dipun prapatakên = gekruisd ing dhadha. Cariyosipun Kyai Abdulmukti Handipaningrat wasta "ridaq", têmbung Arab têgês rimong. Nyatanipun bangsa Arab botên rimongan.

Hla kok Padanda Bali yèn ngrasuk kapraboning kapandhitan maweda ing pura, ugi nyrimpangakên = grkruisd oncèn-oncèn jênitri, ingaran gênitri.

Mangka pangulu kêtib makatên inggih kenging kawastanan pandhita, anggèning dhatêng mêsjid wau badhe salat = mêmuja. Kok sajak nunggil raos malih.

Wasana sumangga.