Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kawruh Teyosopi, Leadbeater, 1934, #996 (Hlm. 001-064)

Katalog:Kawruh Teyosopi, Leadbeater, 1934, #996
Sambung:
1.Kawruh Teyosopi, Leadbeater, 1934, #996 (Hlm. 001-064). Agama dan Kepercayaan | Kebatinan dan Mistik #833.
2.Kawruh Teyosopi, Leadbeater, 1934, #996 (Hlm. 064-135). Agama dan Kepercayaan | Kebatinan dan Mistik #834.

--- [1] ---

Kawruh Teyosopi

Tumapaking kawruh Teyosopi: Kapêthik saking karanganipun tuwan S. W. Lit Bètêr tuwin sanèsipun.

Ingkang sampun kangge pasinaonipun para sadhèrèk inggalenggal (dan di tempat lain). ing Losê Teyosopi, Surakarta.

Tjitakan Ke II

Diterbitkan dan didjoeal oleh: Boekhandel Tan Khoen Swie,- Kediri, 1934.

--- [2] ---

Penerbit: Tan Khoen Swie, Kediri

[Grafik]

Diperlindoengi hak pengarang Stb. tahoen 1912 No. 600 fatsal 11. Kitab jang sjah, mesti ada tanda tangannja si penerbit seperti di bawah ini:

[Tanda tangan: Yan Khoen Swe]

--- 3 ---

Bêbuka

Lami-lami saya kathah ingkang sami mrêlokakên angudi kawruh teyosopi, saha kula asring mirêng pitakènipun ingkang sami rêmên kawruh wau, sêrat punapa ingkang kêdah kawaos tuwin kasinau murih sumêrêpipun dhatêng teyosopi.

Saking kathahipun sêrat-sêrat teyosopi, prasasat kados puspita môncawarna, mila ambingungakên ingkang sami wiwit sinau ngantos botên pirsa pundi ingkang badhe kapêthik rumiyin. Awit ingkang kathah tiyang kirang karêkatipun, kirang kajêngipun utawi kirang kobêripun ambêlandrêng sinau sêrat-sêrat wau, sarèhning sadaya punika katingal ambawurakên. Pramila kaniyatanipun tiyang badhe nyumêrêpi kawruh teyosopi asring lajêng sirna ing nalika wiwit thukulipun kaniyatan wau, saya malih ingkang amêgahakên punika, dene thukuling wiji ingkang pancèn badhe sagêt agêng inggil. Wêkasan punggêl dening pangerangipun tiyang ingkang dèrèng sagêt tampi sakêdhik-kêdhika dhatêng sunaring kawontênan ingkang langkung luhur, awit saking taksih kandhapên dalajating budinipun. Utawi balêrêngên paningalipun dening pikajêngipun dhatêng barang wadhag.

Mênggah sêdya kula angarang sêrat punika ingkang sapisan kangge anuntuni [a...]

--- 4 ---

[...nuntuni] dhatêng ingkang sami rêmên sinau dhatêng kawruh teyosopi.

Ingkang kaping kalih, kangge anglipur tiyang ingkang nandhang duka cipta kadosdene kula, ingkang kaoncatan mêmaniking paningal, ingkang kinintên langkung adi pyambak,piyambak (dan di tempat lain). ing salumahing bumi punika, jalaran saking kasripahan saking kabilaèn utawi sadhengaha jalaranipun, supados sagêda têntrêm tuwin jênjêm malih manahipun. Sarta sagêd andumugèkakên lampahipun wontên dunya punika.

Ingkang kaping tiga, anêdahi dhatêng ingkang angudi tuwin ingkang rangu-rangu, miwah ingkang nandhang prihatos ing atasipun ênêring pamikir dhatêng bab panganggêpipun ing dunya punika, ingkang supados bokmanawi sagêd andadosakên pamarêmipun, sarta anênangi manahipun, supados anglajêngakên pamariksanipun dhatêng sajatining kawruh enggal punika, mênggah sêdya kula amung punika nguningakakên dhatêng rosipun sajatining ngèlmi kasampurnan wau.

Dene niyat kula ingkang wêkasan, sarèhning sêrat-sêrat teyosopi punika sakêlangkung kathah, dados sanadyana mirah rêginipun, ewadene awis ingkang kuwawi tumbas sêrat-sêrat sadaya wau, mila samangke kula angarang sêrat satunggal, ingkang isi papêthikan saking rosipun sadaya ingkang [ing...]

--- 5 ---

[...kang] kasêbut sêrat-sêrat ingkang pancèn tumrap dhatêng ingkang sawêg wiwit sinau dhatêng kawruh teyosopi.

Sêrat punika kula wastani papêthikan, awit sayêktosipun kula botên sagêd namakakên sanèsipun kajawi punika, amargi kula amung anglêmpakakên sadaya ingkang prêlu-prêlu, ingkang kasêbut ing sêrat-sêrat anggitanipun para warga teyosopi ingkang sampun linangkung, dene pamanggih kula pyambak botên kula lêbêtakên. Sabab kula rumaos botên mungguh yèn tumut-tumuta angrêrêpi kalihan para agung ingkang sampun winasis. Ingkang sampun nguningani pyambak kanyataanipun kawruh teyosopi, utawi ingkang angsal panuntun utawi piwulang sangking para guru minulya ingkang kagungan kawruh sanyata.

Makatên ugi kula botên sumêdya anyantuni piwulang wau sarana tatêmbungan kula pyambak, supados katingala bilih karangan punika mêdal saking èngêtan kula pyambak. Awit kula sampun rumaos botên sagêt adamêl karangan punika, sarta saupami kula ngangge têtêmbungan kula piyambak ambokmanawi botên sagêt têrang malah saya ambingungakên dhatêng ingkang karsa maos.

Pramila ing sasagêt-sagêt, kula angangge tatêmbunganipun para ingkang sampun sami kontap anggitanipun dhatêng bab kajatènipun kawruh teyosopi, awit anglêngkara kula sagêt [sa...]

--- 6 ---

[...gêt] nyariyosakên kawruh teyosopi langkung têrang tinimbang para ingkang sampun sampurna kawruhipun.

Ingkang punika kula amung anata uruting piwulangipun para linangkung wau, miturut pamanggih kula ingkang kula kintên sagêt anêrangakên kawruh teyosopi ingkang prêlu, dados kula amung angangkah nata sagêtipun urut saha mangrêtosipun dhatêng para ingkang sami wiwit sinau teyosopi, supados sagêda sumêrêp gêdhonging kawruh kawicaksanan kina, awit prêlunipun angudi ngèlmi kasampurnan punika botên kok amung amangun kawruh kasunyatan ingkang wiyar, ananging kêdah angangkaha kacakêpipun kawruh ingkang wontên ing gêdhong wau, sanadyan sakawit katingal alamat-lamat, ananging manawi saya bêblês anggènipun anglêbêti saèstu badhe saya katingal cêtha. Kula punika amung ngupadosakên wangsulan pitakènipun tiyang ingkang mikir sayêktos, inggih sadhengah agaminipun tiyang wau, awit botên wontên para ngulami tuwin kitab-kitabipun agami punapadene tiyang mardika ing budi, ingkang sagêt asuka wangsulan ingkang nyêkapi ingatasing pitakènipun.

Ingkang sapisan, sabab para ngulami punika sampun sami botên pirsa dhatêng wosing piwulangipun agami, kaping kalih sabab sampun botên wontên tiyang ingkang mangrêtos têtêmbunganipun [têtêmbung...]

--- 7 ---

[...anipun] piwulang ingkang kadhapur pasêmon. Murih sagêd anêrangakên piwulangipun kêkêran. Dene para tiyang ingkang mardika ing budi, anggènipun nêrangakên amung mirit sangking kawruh kawontênaning donya ingkang wadhag punika, pramila samôngsa anggêpok babaganing roh lajêng bingung.

Mênggah pangajêng-ajêngipun ingkang ngarang sêrat punika amung supados pandamêlanipun sagêd maedahi dhatêng ingkang sami marsudi kawruh teyosopi, sarta sumêdya biyantu sagêda kadumugèn karsanipun para guru anggènipun angangkat tuwin anuntun manungsa wontên ing margi ingkang anjog dhatêng kawilujêngan tuwin kalanggêngan. Amin.

Kathah ingkang sampun sami nyumêrêpi karana saking pamarsudinipun piyambak, bilih piwulang teyosopi punika wiyar sayêktos, ananging anggèn kula mratelakakên makatên punika botên murih supados dipun pitajênga, amung supados karsaa sami nyatakakên ingkang sampun kula sumêrêpi, kula botên angudi tiyang murih santun pangidhêp. Kula botên pisan amêrdi tiyang supados pitadosa punapa ingkang kula cariyosakên. Pasajanipun kula amung mratelakakên pathokaning piwulang, saking pangajêng-ajêng kula supados kapêthika tuwin kadumugèna tumraping saliranipun piyambak.

S. W. Lid Bitêr.

--- 8 ---

1. Pangandikanipun sang bundha ingkang kasêbut ing sêrat, anggutanikaya, makatên

Aja ngandêl marang pituturing wong, mung amarga wus dikandhakake marang kowe, aja ngandêl marang wirayat. Mung sabab wus lawas anane ing kowe, aja ngandêl marang pawarta sarta marang layang-layange para wicaksana, mung amarga para wicaksana mau kang angarang layang iku, aja ngandêl marang carita, kang kêna kokkira yèn iku wasitaning dewa, aja ngandêl marang kira-kira, pêpiritanpêpiridan. saka kanyataan kang kapinujon. Kang pancèn kêna kokgawe dhewe utawa mung sabab katone cocog, tuwin aja ngandêl mung waton rèhning iku lurumu, awit gonku mulang iki ora mung supaya diandêla, amarga wus korungokake, ananging supaya dilakonana sarta sabisa-bisa kang nocogi, samono iku yèn kowe wus angyêktèkake marga wus karasa ing atimu.

2. Punapa têgêsipun teyosopi

Ingkang maos sêrat punika saèstu sampun nate maos utawi mirêngakên bab teyosopi, kathah ingkang sami pitakèn. Teyosopi punika punapa:

Sadaya ingkang dèrèng ngawuningani, ingkang kawastanan teyosopi badhe kula cariyosakên sawêtawis. Punapa ingkang nama teyosopi wau, supados anênangi tuwin [tuwi...]

--- 9 ---

[...n] anglajêngakên piyambak pamariksanipun. Prakawis punika sayêktosipun prayogi sangêt kapariksa.

Têmbung teyosopi punika asalipun saking têmbung Grik, kalih têmbung, inggih punika, teyos (Allah, utawi dewa), kalihan sopiyah (kawruh), dados teyosopi, têgêsipun kawruh ing atasipun Allah, utawi kawruhing para dewa, têtimbanganipun kawruh bab kawontênaning manungsa, ingkang sampun kanyatakakakên kalayan sajati.

Kawruh kawontênaning manungsa wau kagolong kawruh wawêngkoning kodrat. Inggih wawêngkoning bumi ingkang dipun ênggèni manungsa punika, ananging kawontênanipun jagat punika botên ngêmungakên donya punika kemawon. Taksih wontên alam sanèsipun ingkang langkung aus. Dados teyosopi punika kenging kawastanan têrusanipun kawruh ing atasing donya ingkang kasar punika.

Sintên ingkang sawêg angudi kagunan sawatawis prayogi sangêt saupami lajêng angambah kawruh teyosopi, awit badhe lajêng sagêd amiyarakên ngèlmi ingkang sawêg kaparsudi sapunika.

Kawruh teyosopi punika botên wontên têlasipun, awit saya sangêt pangudinipun saya kathah kawruh ingkang pinanggih wontên ing sakathahipun alam.

--- 10 ---

Sintên ingkang botên amarsudi sawênèhing kawruh kagunan, punika jalaran saking anggènipun sinau kawruh teyosopi badhe wiyar polatanipun, paningalipun dhatêng sadaya kawontênaning donya punika badhe beda sangêt tinimbang kalayan sadèrèngipun ngambah kawruh teyosopi, badhe karaos langkung bêgja tuwin saya kuwawi anyanggi sakathahing kasangsaran ing lêbêting gêsangipun, sarta malih badhe mangrêtos wêkas-wêkasaning tumuwuhipun wontên ing bumi. Ingkang kados cangkriman ingkang sakêlangkung angèl. Saha badhe botên ajrih dhatêng pêjahipun, dene manawi ingkang dipun trisnani tilar donya, botên badhe risak manahipun jalaran saking mêlang-mêlang, sarta lajêng badhe sumêrêp kuwajiban ingatasing pitulunganipun dhatêng ingkang sampun oncat saking donya punika, saupami sakathahing kawruh ingkang kaêsokakên dening teyosopi kaanggit sadaya, saiba kathahipun sêrat-sêrat bab punika, ewadene sakêdhik sangêt cacahipun tiyang ingkang purun tampi sarta purun rêkaos marsudi kawruh teyosopi.

Kathah ingkang sampun wiwit marsudi, ananging lajêng kèndêl, jalaran kabidhung ing pangraos utawi pamanggih ingkang botên nyata,

--- 11 ---

sarta lajêng botên gadhah daya tuwin karêkat anglajêngakên pamarsudinipun.

Tiyang botên susah nganggêp kawruh teyosopi sadèrèngipun kasumêrêpan. Sok anggêr purun utawi rumaos wajib andugèkakên pangudinipun kalayan tawêkal tuwin titi, sarta satunggal-tunggaling rêmbakrêmbag. kêdah kasarèhna rumiyin ngantos sagêt têrang sadayanipun. Sarta sampurna panitinipun bab ingkang kawulangakên teyosopi.

Sampun pintên kemawon, tiyang ingkang sami maos sêrat-sêrat teyosopi, sawatawis lajêng rumaos sampun kathah sasêrêpanipun bab teyosopi, sarta angintên sampun sagêt nimbang kawontênaning kawruh ingkang sakêlangkung rowa punika.

Upami wontên ingkang tumut-tumut tiyang ingkang gêmbar-gêmbor amancahi dhatêng teyosopi, kados pambaungipun sagawon ajag, ingkang botên mangêrtos pyambak sababipun anggèning baung. Saèstu lajêng sagêtsagêd (dan di tempat lain). anggagas lêpatipun ingkang mancahi, awit naminipun kemawon kawruh ingkang dipun pancahi wau botên pirsa.

Tiyang ingkang makatên punika kathah piawonipun, botên kados tiyang ingkang purun amariksa kalayan têmên-têmên, ing saprêlunipun ingkang kapariksa, mila lami-lami kathah kasaenan [kasa...]

--- 12 ---

[...enan] ingkang ical. Kamajênganing kawruh inggal punika dados kandhêg. Sampun makatên padatanipun sabên wontên samukawis ingkang inggal.

Ingkang kathah anggènipun tiyang sinau kawruh punika botên sampurna ngantos sagêt animbang kalayan lêrês. Dene ingkang ngudi yêktosan punika namung sakêdhik. Kula sadaya ingkang anjalari katiwasan sarta andamêl randhating kamajêngan kita piyambak, awit botên têmên-têmên panimbang kula, sayêktosipun kula sadaya sami botên purun rêkaos angudi kawruh enggal punika wau.

Pramila saking pangajêng-ajêng kula mugi sadaya ingkang ngasta sêrat punika sampun amung anglajêngakên kemawon pamaosipun. Ananging ingkang ngantos putus anggènipun sinau sêrat wau, supados nyumêrêpana bilih teyosopi punika kawignyan ingkang prêlu sangêt. Ingkang kathah piwulangipun bab kawontênaning manungsa tuwin bab kawontênaning donya ingkang sami kula ênggèni.

Dados teyosopi punika wêrdènipun, jèrènganing kawruh kawontênaning jagat ingkang gumêlar punika.

Tiyang ingkang yêktosan anggènipun sinau sampun tamtu botên wontên ingkang sagêt nyukani wangsulan pitakèn ing jêngandika, bab teyosopi sanèsipun ingkang kasêbut ing

--- 13 ---

nginggil wau amung tiyang ingkang botên putus pirsanipun dhatêng teyosopi, punika rekanipun sagêt nyariyosakên teyosopi dhatêng ing jêngandika, mawi tatêmbungan sawatawis ingkang sajak ngèlmi, ananging sampun pisan ing jêngandika anggêga, tuwin sampun purun kaloropakên ingkang dados kaniyatan ing jêngandika dene manawi sampun sangêt anggèn ing jêngandika sinau tuwin sampun matêng anggènipun anggalih. Punika lajêng kagungan panimbang piyambak.

Mênggah gumêlêngipun sadaya kawruh teyosopi punika, rak namung dumunung wontên ing Gusti Allah, kadospundi kok tiyang purun-purun anamtokakên ingkang dipun uningani ing Gusti Allah, kawêdharakên manawi têmbungipun manungsa, inggih sadhengaha wangsulanipun ing bab kawruh teyosopi punika, botên liya amung andhatêngakên gambaring pangawikanipun Pangeran ingkang tanpa warna sarta tanpa swara, dumunung wontên ing budinipun manungsa.

3. Paedahipun kawruh teyosopi

Satunggal-tunggaling agami sami ambêkta pawartos tuwin kapêrcayan pyambak-pyambak, dhatêng bôngsa ingkang badhe tumuwuh, sarta sadhengah tiyang anganggêp bilih agami ingkang rumiyin punika dhasaripun beda kalihan ingkang inggal. Pramila para tiyang ingkang ngisêp dhatêng satunggaling agami sami misah kalihan para tiyang ingkang [ing...]

--- 14 ---

[...kang] angidhêp dhatêng agami sanès. Sarta sadhengah tiyang ingkang alus ing bêbudènipun amargi sangking sawabipun salah satunggaling agami, punika sami mamêngsahan kalihan tiyang ingkang anggadhahi kasagêdan sanès-sanèsipun ing donya punika, dene bedaning agami utawi piandêl wau anuwuhakên bedaning pangraos. Mila lajêng angwontênakên pasulayan.

Mênggah kalampahanipun makatên punika sampun atusan taun. Sarta amargi sangking cungkrahipun wau andadosakên rakêtipun anggèning sêsrawungan, tuwin sami sumêrêp-sinumêrêpan,sêrêp-sinêrêpan. pikiran tuwin pangraosipun, wêkasan jalaran saking anggènipun gêgosokan pamanggih tuwin sangking anggènipun sinau dhatêng sêrat-sêratipun, lajêng sami sumêrêp bilih agami punika kathah ingkang cocok pangêrtosipun.

Para sarjananipun bôngsa ingkang sampun alus sami sinau dhatêng agami kina, dene pinanggihipun ugi sarujuk, ananging tiyang sami kirang pitados bilih agami punika mijil saking Gusti Allah, murih sagêtipun nyatakakên bab punika lajêng aniti samukawis minôngka sinaunipun sawarnining kawruh kagunan, awit saking sahipun anggèning nyatakakên ingkang tansah kinging kawatonakên, kanthi pasêksèn,

--- 15 ---

lajêng kathah ingkang sami nyimpang saking talêcêripun agami ingkang kaênut dumugi samangke, wêkasan para ingkang sami angudi kawruh bangsaning wadhag punika lajêng sami dados mêngsahipun sakathahing agami, mênggah pamadanipun sakathahing agami punika damêlanipun tiyang ingkang dèrèng diwasa.pamadhanipun. sakathahing agami punika damêlanipun tiyang ingkang dèrèng diwasa.

Samangke kita kataman ubaling kawruh ingkang saèmpêr agami, inggih punika pambanguning kawruh kasuksman, dene ubaling kawruh wau ingkang anarik para priya tuwin wanudya ing pundi-pundi ingkang sami mikiran. Anggènipun sami anunggil pamanggih ing atasing wêwaton ingkang ginêlarakên.

Mênggah aslinipun kawruh wau sangking tanah Asiyah, dene tumêngkaripuntumangkaripun (dan di tempat lain). wontên ing tanah Eropah mawi ciri ingkang têrang bilih punika ngèlmi kasampurnanipun bôngsa Asiyah, mênggah tumêngkaripun wontên ing tanah Eropah wau botên mawi rinêngga ing têmbung Asiyah, ananging matêmbungmawi têmbung. Eropah, saha witipun kawulangakên têmbung Inggris, ingkang sampun maratah kangge ing sangalam donya. Wontên ing tanah Eropah tuwin tanah Asiyah, dados ingkang makatên punika têmpukipun tanah wetan kalihan tanah kilèn, inggih punika ciptanipun bôngsa Asiyah mêngangge cara Eropah, ngèlmi kasampurnanipun bôngsa Asiyah ginêlarakên dening para guru bôngsa Eropah.

--- 16 ---

Sawêg punika kula nyumêrêpi lêlampahan ing donya ingkang anèh, dene paugêraning pikiranipun bôngsa kêkalih, inggih punika ngèlmi kasampurnanipun bôngsa Asiyah, têka kawêdharakên agêgandhengan dados satunggal kalihan kawruh kagunanipun bôngsa Eropah ingkang tumindak. Inggih punika kawêdharakên kajatènipun agami, awit teyosopi ing têmbe badhe anelakakên anggènipun botên sulaya kalihan kawruh kagunan, malah anjêmbarakên polatanipun kawruh punika, sarta anêdahakên margi ingkang kalêrês dhatêng ingkang sami kasasar.

Teyosopi botên ngêmungakên badhe nyarêngi lampah kalihan kawruh kagunan. Ananging ugi badhe angrukunakên agami ingkang tansah mamêngsahan kemawon. Teyosopi punika botên wontên ingkang ngadêgakên, namung angangge nama ingkang têgêsipun kawicaksananing para jawata utawi para nabi, sabab teyosopi anganggêp bilih sadaya agami punika aslinipun saking teyosopi, dados sawarnining agami punika tukipun satunggal, sarta sadaya wau sami amulangakên kajatèn pyambak-pyambak. Sami kadunungan wahyuning Pangeran, sarta sami angêmban dhawuhipun Gusti Allah dhatêng ing dunya, teyosopi botên anyatru dhatêng sadhengaha agami, botên wontên agami satunggal ingkang dados mêngsahipun. [mêng...]

--- 17 ---

[...sahipun.] Teyosopi punika dados juru palados, tuwin mitranipun agami, awit teyosopi ingkang badhe ngatingalan malih kajatèn ingkang kinêkêr ing sadhengah agami, salajêngipun ugi badhe anêdahakên, bilih kajatèn ingkang dumunung ing satunggal-tunggaling agami, punika ugi pinanggih wontên ing agami sanès. Sanadyan kajatènipun wau kinêkêr ing sawarnining têmbung pasêmon tuwin upami (pralambang, tuladha).

Amargi saking punika teyosopi badhe angrakêtakên para ingkang ngidhêp dhatêng agami warni-warni, sami aos-ingaosan. Wêkasan anuwuhakên pasadherekan tumrap ing ngakathah mawi-mawi anggènipun nyumêrêpi, bilih satunggal-tunggaling manungsa punika sami kadunungan palêtiking cahyanipun Pangeran, inggih punika Roh Suci (Nur).

Ingkang punika ing têmbe badhe dados punapa mêsthinipun, liripun dados têtangsul ingkang anggandhèng sadaya tiyang, dados botên kangge amisahakên satunggaling bôngsa kalihan bôngsa sanès. Sarta kala rumiyin sakathahing agami punika ingkang misahakên para tiyang, mila ing wingking manawi tiyang sampun anganggêp bilih sawarnining agami punika tunggil, saèstu badhe andadosakên kêmpalipun sadaya bôngsa.

Paedahipun teyosopi ingkang kaping kalih, inggih punika [pu...]

--- 18 ---

[...nika] dene teyosopi wau angêmpalakên para tiyang ingkang beda-beda agaminipun. Ingkang sakadugi amiyarakên panampi tuwin purun momot asih-sinihan gêsangipun kalihan para tiyang ingkang botên tunggil agami, tuwin ingkang botên gadhah agami, sintên ingkang lumêbêt dados warganing pakêmpalan teyosopi, kalêstantunakên anggènipun ngantêpi agaminipun pyambak. Sarta saking anggènipun sinau dhatêng sakathahipun agami sanès. Badhe mangêrtos tuwin ngaosi dhatêng agami sanès. Amargi teyosopi badhe ngatingalakên piwulang ingkang sami ing sakathahipun agami wau, sarta badhe mulangakên ingkang sami saenipun ing bab panyipta ingkang nunggil.

Manawi tiyang punika sangêt anggènipun sinau, saèstu badhe pirsa bilih agami punika ingkang beda amung lairipun, batosipun botên. Sarta pirsa bilih ingkang beda punika amung namanipun, punapa malih badhe mangêrtos, bilih wontên kawicaksananing para jawata tuwin para nabi ingkang dados tukipun sadaya agami, sarta badhe angêmpal kalihan para tiyang ing salumahing bumi, supados sagêd amiyarakên panampènipun dhatêng agaminipun pyambak. Kawicaksananing para jawata tuwin para nabi wau ingkang badhe amiyarakên mêmanahanipun, anyirnakakên anggènipun [anggènipu...]

--- 19 ---

[...n] botên momot manahipun. Tuwin anuntun dhatêng manungsa supados ing sasêlot-sêlotipun sagêt karaos amêmitran tuwin apasadherekan. Kalihan para ingkang sami angidhêp agami sanès. Dados teyosopi punika minôngka juru ngrukunakên sawarnining agami.

Paedahipun ingkang kaping tiga, inggih punika anggènipun asuka katrangan piwulangipun agami ingkang angèl-angèl, ingkang lami-lami ical têgêsipun.

Sadaya bôngsa ing donya punika ingkang kathah sami botên mangêrtos dhatêng agaminipun pyambak. Dhatêng kitab-kitabipun pyambak, tuwin dhatêng cara-caraning agaminipun, awit wontên piwulangipun agami ingkang pêtêng, ingkang botên katêrangakên pikajêngipun, angèl pangêrtosipun,pangêrtosanipun. ingkang lêstantun botên kacêthakakên, suprandosipun lajêng sami ngandêl kemawon. Kathah tiyang kalêbêt para sagêt, ingkang sami botên dhatêng ing masjid, greja sapanunggilanipun, sabab anggèning kasêrêpakên kajatènipun agami mawi lêkas, ingkang botên sagêt manjing ing budinipun. Amargi manggihipun piwulanging agami wau awaton gugon tuhon, botên pisan awaton kanyataan, awit pamanggihipun botên sagêt anganggêp dhatêng piwulang wau kasarêng kalihan anggènipun sinau kodrat.

--- 20 ---

Para sagêt wau anggènipun sinau dhatêng kodrat mawi pathokan pyambak, punika ingkang angwontênakên kawruh kagunan. Ingkang tansah mamêngsahan kalihan agami, samangke teyosopi ingkang amulang dhatêng para sagêt wau, bilih wontên kanyataaning kodrat ingkang piningit dening agami, ingkang kenging kayêktosakên.

Piwulangipun teyosopi, mênggah pangintênipun tiyang bilih kanyataaning alam ingkang botên katingal punika botên kenging kaudi dening manungsa, sarta angintên bilih kajatènipun agami punika watonipun amung wontên piandêl tuwin wirayat. Punika botên lêrês, teyosopi mratelakakên, bilih kajatèn punika watonipun wontên kawruh sarta kanyataan ingkang kingingkenging (dan di tempat lain). kaudi.

Agami ing jaman samangke sampun kaecalan kawruh patrapipun ingkang kangge angudi kanyataan wau, ananging kawruh wau botên ical, sanadyan samangke sampun botên katingal, teyosopi ingkang badhe mangsulakên kawruh wau dhatêng manungsa, sarta anuntun dhatêng manungsa supados angudi pyambak, sarta supados sampun amung gêga kemawon, punapa ingkang kacariyosakên kala rumiyin, ananging ugi sagêda angsal kanyataan ingkang kawulangakên dening agami.

Sadaya guru agami kêdah putus dhatêng kawruh bab kawontênanipun [kawontênani...]

--- 21 ---

[...pun] jiwa, sarta kêdah sagêd angudi kajatènipun agami ingkang kawulangakên, saking kawruhipun pyambak, punapa malih kêdah anggadhahi kawruh ingkang mijil saking para guru ingkang taksih sugêng, sampun amung kawruh papêthikan saking sêrat ingkang kalèntu anggènipun nampèini,nampèni. awit sêrat-sêrat wau damêlanipun tiyang, dados sagêt kalèntu, pramila prayogi anggayuha kawruh ingkang kangge watonipun sêrat-sêrat wau, dene bêbaya badhe botên sagêt anggonjingakên piandêl ing jêngandika dhatêng kajatènipun agami, sabab ing jêngandika sampun macung asrawungan kalihan guru agêng, ingkang amaringi agami dhumatêng ing jêngandika. Teyosopi badhe nyukani kawruh ingkang sakêlangkung prêlu, anggêripun ing jêngandika karsa tampi.

Mênggah paedahipun ingkang kaping sakawan, dene teyosopi punika têpang kalihan kawruh kagunan, sawatawis taun ingkang kapêngkêr, para sagêt dhatêng kawruh kodrat sami marsudi sagêdipun nyumêrêpi sawarnining bôngsa wadhag, sami angudi bab têtuwuhan, kewan, tuwin janma jaman kina, bab patilasaning kagunanipun tiyang kina ingkang sampun kapêndhêm, dados sadaya barang ingkang kaudi punika namung ingkang kenging tiningalan, kagrayang sarta ingkang kenging kaukur kemawon.

Beda sangêt kalihan samangke sarêng sampun wontên teyosopi, [teyo...]

--- 22 ---

[...sopi,] pangudinipun kagunan ing ngalam donya punika papanipun lajêng ngalih wontên ing alam ingkang dhêdhasaring kawontênanipun botên kasatmata, botên kenging kabobot, inggih kawontênan ingkang botên kenging kawaspadakakên sarana pirantos pamriksaning soroting surya, (Ipectroscoop) tuwin botên kenging kanyatakakên sarana paningal. Ananging namung sarana budi, dados kagunan ingkang lumimbang sangking paham ingkang kasatmata dhatêng ing alam ingkang botên kasatmata, kados ta: ing jaman samangke para sagêt sampun botên angudi wijanging kawontênan ingkang winastan atum, ananging lajêng anyatakakên kawontênaning atum wau.

Teyosopi badhe anuntun sadaya kawruh kagunan ing donya punika, badhe anêdahakên margi kamajênganing sadaya kawruh kagunan ing donya, teyosopi amulangakên sadaya kajatèn ingkang sampun kasêksenan, dening para ingkang sami anggêgulang, kados ta: bab tumimbaling èngêtanipun. Satunggaling tiyang dhatêng tiyang sanès. Tiyang ingkang ahli kawruh donya, ingkang kasar ing jaman samangke sampun wiwit nganggêp, lah kawastanan sampun kanyataan. Pujôngga anama Tuwan Oliver Loge amulangakên bilih angên-angên agêng ingkang dumunung wontên ing sawijining badan kita, ing môngka bab punika têtela teyosopi sampun amulangakên, sadaya [sa...]

--- 23 ---

[...daya] ingkang bakal kawiyak denidening. kawruh donya ingkang kasar punika.

Kagunan ing donya sampun mêsthi ing têmbe badhe anêtêpakên sadaya kajatèn ingka kangwulangakêningkang kawulangakên. dening teyosopi. Tuwuhipun teyosopi punika supados nyantosakakên dhatêng agami anggènipun mamêngsahan kalihan tiyang ingkang piandêlipun amung dhatêng bangsaning wadhag. Supados sagêd angayomi tuwin anêtêpakên sadaya kajatèn ingkang kawulangakên dening para guru agami, Teyosopi nêdahakên bilih sih, adil sarta kasucian punika ugi wontên anggêripun piyambak. Ingkang sami tamtunipup.tamtunipun. têtêp saha kêkahipun. Kadosdene paugêraning ngèlmi kodrat utawi ngèlmi pamisah, Teyosopi anyatakakên bilih jêngandika sagêd angwontênakên punapa wontên ing alam kaalusan wau, ingkang sami mêsthinipun kados wontên ing alamipun kodrat, sarta sabarang kalakuan kita kêdah angèngêti anggêring gêsang kita ing alam ingkang langkung alus. Kadosdene anggèk kita angèngêti kalakuan kita wontên ing alam wadhag punika, awit sintên ingkang nêrak anggêring alam ingkang alus, punika langkung lêbêt tinimbang ingkang nêrak anggêring alam ingkang wadhag.

Samangke kita nyumêrêpi bilih paedahipun teyosopi [teyo...]

--- 24 ---

[...sopi] punika warni-warni, sarta sagêd asuka piwulang ingkang prêlu kasinau.

Pangraos kita dèrèng mindhak ngantos mangêrtos. Sapintên gênging gêgadhangan kula, awit kula sadaya amung sami manah dhatêng badan pyambak, dèrèng rumaos bilih kula sadaya punika minôngka talangipun gêsang ingkang langkung agêng, sayêktosipun kathah anggèn kita manah dhatêng badan pyambak tinimbang dhatêng gêsang ingkang luhur.

Ing pakêmpalan Losê kita kêdah angangkah ingkang kathah panggagas kita dhatêng gêsang ingkang luhur, botên ngamungakên anggagas dhatêng Losê kemawon. Ananging ugi dhatêng ing sakukubanipun.

Kêmpaling sadaya warga wontên ing Losê punika sagêd anglêpasakên èngêtan ing akasa, ingkang lajêng angisèkakên gêsang langgêng sarana èngêtan wau dhatêng ing greja utawi masjid (panggenanipun para tiyang sami sêmbahyang), dhatêng pamulangan panggenanipun para lare sami sinau, dhatêng panggenanipun tiyang ingkang sami nyambut damêl, sarta ingkang sami anindakakên panggaotanipun, tuwin panggenan anggènipun ngupajiwa ing donya punika, awit èngêtan kita wau badhe dados lantaran ilining gêsang luhur, ingkang amênuhi, amargi sangking punika sadaya badhe sinukman kalayan èngêtan ingkang [ing...]

--- 25 ---

[...kang] luhur, wêkasan tiyang badhe sagêd manah ingkang prayogi, dados sagêt adil tindakipun, dhatêng sêsamining manungsa, sadaya punika dados pandamêlanipun Losê teyosopi.

Botên sapintêna anggèn ing jêngandika badhe anglampahi, lantaran ing jêngandika, sok anggêr ing jêngandika purun dados lantaranipun. Ingkang rumiyin ing jêngandika pyambak salajêngipun Losê jêngandika kapasrahna dhatêng para guru wau, supados kaagêma minôngka talang, lantaranipun anggèning mêncarakên gêsangipun. Manawi nyata sampun anglampahi pandumaning pandamêlan kita, saèstu para guru wau lajêng anindakakên pandamêlanipun. Sarta ing jêngandika badhe anyumêrêpi, bilih ing sakubêngipun Losê ing jêngandika badhê prayogi, saya suci, saya rêmên ngibadah tuwin rêmên ulah kapandhitan. Inggih punika têmahanipun anggèn kita angêdêgakên Losê.

Sarèhning kula sami dados tiyang ingkang marsudi kawruh Teyosopi, mila sampun amung angèngêti dhatêng badan piyambak. Ananging inggih kêdah mitulungi dhatêng tiyang sêsarêngan kita gêsang, sarta kêdah anggraita bilih kita amung sami angèngêti dhatêng badan pyambak-pyambak, punika sakêdhik paedahipun. Mila kula sadaya kêdah tansah nyanggêmi nindakakên [ninda...]

--- 26 ---

[...kakên] pakaryan sumêrêp anggèn kita angurbanakên dhiri dhatêng manungsa ingkang dados gêgolongan kita.

Kita botên sagêt rumaos bêgja sayêktos. Manawi para sadhèrèk kita botên tumut angsal kabêgjan wau, awit kabêgjan ingkang pisah punika winastan kabêgjan ingkang taksih kuciwa, manawi katandhingakên kalihan kabêgjan ingkang sumrambah ing sakanan keringipun, inggih punika ingkang dados niyatipun warga teyosopi, salajêngipun kita sadaya badhe dados pirantos ingkang prayogi tumrapipun gêsang agêng ingkang wutah amargi saking kajêng kita.

4. Paedahipun kêmpalan teyosopi

Pakêmpalan teyosopi wiwit ngadêg dumugi samangke tansah angangkah ngêmpalakên watoning pasêksèn, supados sagêt anelakakên, bilih sakathahing agami punika amot piwulang ingkang aslinipun saking Gusti Allah.

Pakêmpalan teyosopi anglêmpakakên para sagêt ing atasipun agami, tuwin kawruh sanès-sanèsipun, ingkang sami anyondhongi punapa ingkang kawulangakên. Pramila tansah saya ambèbrèk wawêngkonipun pakêmpalan para ingkang sami kadugi biyantu ing atasipun pasinaon anandhingakên agami.

--- 27 ---

Sarèhning sampun kaanggêp, bilih sadaya agami punika rêmbêsan saking tuk satunggal, pramila pakêmpalan teyosopi amastani bilih sadaya manungsa punika ugi anunggil wiji sarta anganggêp bilih manungsa ing donya punika dados sagotra ingkang agêng, ingkang punika sadhengaha ingkang kalilan dados warganing pakêmpalan teyosopi kêdah aprajanji purun apasêdherekan kalihan sadaya tiyang, kados ingkang dados pangudinipun pakêmpalan.

Paedahipun ingkang kaping kalih inggih punika dene pakêmpalan wau dados têlêngipun pangulahing kapandhitan. Tuwin minôngka wijining thukulipun kasuksman. Pakêmpalan teyosopi punika wiji utawi galihipun sawarnining agami, têlêngipun dayaning gêsang, ingkang tumindak ing damêlipun sarana saking sadaya agami, pakêmpalan teyosopi kenging kaupamèkakên minôngka pangrêtêg godhagipun satunggaling agami kalihan agami sanès. Anyuda wrêngkêngipun ingkang sami angidhêp dhatêng satunggal-tunggaling agami, supados sami momota manahipun, tuwin puruna anganggêp saening agami sanès-sanèsipun.

Pakêmpalan wau badhe dados têlêngipun pasinaon tuwin pamariksa dhatêng ing atasing kitab-kitabipun agami, sarta piwulangipun para nabi tuwin para jawata, ingkang kawrat [ka...]

--- 28 ---

[...wrat] ing sêrat wau, dados badhe wêwah-winêwahan, botên badhe mamêngsahan arêbut unggul.

Pakêmpalan teyosopi botên ngamungakên dados wijining kamardikanipun agami, ananging ugi anuksmani tuwin anggêsangi agami, ing pundi-pundi ingkang wontên teyosopi, agami badhe saya wêwah gêsangipun, saya tumindak sayêktos, saya maedahi tuwin saya santosa.

Sakathahing nagari ingkang kaluberan piwulang teyosopi, punika agaminipun ing nagari ngriku badhe gêsang malih, awit piwulang teyosopi ingkang anênangi dhatêng tiyang ingkang sampun botên manah dhatêng agaminipun.

Pakêmpalan teyosopi ingkang angrakêtakên bôngsa Asiyah kalihan bôngsa Eropah, kaêmorakên dados satunggal, sarta asung samukawis ingkang maedahi tuwin ingkang adamêl karahayonipun bôngsa kêkalih wau miturut watêkipun, saha amulang kasusastran tuwin kawruh kodrat, punapa malih anuntuni anggènipun ngraosakên agaminipun kalayan rêsik, manut kadospundi pangraosipun bôngsa wau pyambak, dados botên kadamêlakên agami inggal, ingkang cêcamboran, ingkang botên dadosakên sênêngipun tuwin karaosing manahipun. Lah punika paedahipun pakêmpalan teyosopi ingkang agêng.

--- 29 ---

5. Maksudipun Losê teyosopi

Gêsanging roh punika kêdah mêdal saking kêmpaling warga, kadosdene dayaning gêsang ingkang mili sangking surya.

Mênggah niyatipun anggèn kula sami paklêmpakan wontên ing Losê teyosopi, sampun saèstu kula sadaya kêdah matitisakên punapa têgêsipun dhatêng wontên ing Losê, tuwin kêdah mangêrtos punapa sababipun angwontênakên Losê, sarta Losê punika kêdah anindakakên punapa, tuwin punapa damêlipun, punapa pitulunganipun dhatêng para warganipun, sarta katêrangan punapa ingkang badhe kagiyarakên dhatêng ing akathah.

Dene katêranganipun Losê teyosopi kados ing ngandhap punika.

Losê punika kêmpaling warga jalêr tuwin èstri ingkang sami anggêgulang kawruh teyosopi, sarta ambudidaya sagêdipun piwulang teyosopi sumêbar dhatêng ing pundi-pundi, ugi adana pitulungan dhatêng sadhengah tiyang ingkang lumêbêt warga kalayan sêdya ngupados kamajênganing roh, manawi kita kêmpal dados satunggal wontên ing Losê kalayan rukun sami sêsarêngan angudi kawruh, sampun tamtu angsal-angsalanipun badhe langkung kathah tinimbang manawi angudi pyambak-pyambak. Manawi angudi kita mung tansah pyambak-pyambak, sampun tamtu satunggal-tunggaling [sa...]

--- 30 ---

[...tunggal-tunggaling] warga badhe gadhah panggenan tuwin pandamêlan pyambak. Gadhah têtanggêlan tuwin kuwajiban pyambak-pyambak ing donya punika, ananging manawi kita kêmpal dados satunggal, angsal-angsalaning pambudi kita badhe langkung kathah tinimbang kalayan gunggunging angsal-angsalanipun satunggal-tunggaling warga ingkang angudi pyambak-pyambak, upaminipun kados ta badanipun tiyang gêsang, punika pandamêlipun langkung kathah tinimbang gunggung pandamêlipun sadaya peranganing badan. Awit salêbêting badan wau wontên jiwanipun ingkang angêrèh dhatêng badan. Makatên ugi ingkang winastan grêngipun Losê inggih punika kalêmpaking para warganipun sadaya, dados dene griyanipun pakêmpalan. Dene gêsang ingkang dumunung wontên ing Losê wau inggih punika gêsangipun para guru, kados ta para nabi, para ingkang sinêbut Budha, tuwin sanès-sanèsipun, ingkang sami angagêm Losê wau minôngka badan tuwin pirantos kangge dumugèni karsanipun. Mênggah ingkang dados karsanipun inggih punika amêncarakên gêsangipun tuwin kawicaksananipun Pangeran dhatêng sadaya manungsa, amitulungi manungsa supados enggala mindhak sampurnanipun.

Inggih gêsang ingkang sampun luhur sarta mulya wau ingkang ngupadosi pirantos wontên ing donya ingkang asor punika, dene pirantos wau inggih punika pakêmpalan teyosopi,

--- 31 ---

dados Losê punika botên liya amung pakêmpalan teyosopi ingkang alit. Dene kuwajibanipun anampèni gêsang luhur ingkang kaêsokakên ing Losê, lajêng kapêncarakên ing kitha ingkang dipun dunungi, mila manawi kita dhatêng ing pakêmpalan Losê, kita kêdah mangêrtos, bilih dhatêng kita wontên ing Losê wau badhe kinaotan anggèn kita pinaringan wawênang ingkang agêng tuwin mulya, dene wawênang ingkang kinaot wau badhe dados ilèn-ilènipun gêsanging karohan ingkang anjog ing sakukubanipun panggenan pakêmpalan.

Kadosdene ilining lèpèn saking sêndhang dhatêng ing sabin ingkang sawêg kaolah, makatên ugi ilining gêsangipun roh sangking têtandhon agêng lumantar ing Losê anjog ing sakukubanipun.

Wontên salah satunggaling guru agêng ingkang sampun angandika, bilih Losê punika pakêmpalan anêtêpi wajibipun, punika ing sakanan keringipun Losê wau badhe botên wontên tiyang bodho, tiyang malarat tuwin tiyang sangsara, dene kadadosanipun ingkang makatên punika, manawi santunipun kawontênan ing lair wau jalaran saking para warga ingkang sami anyambut damêl piyambak-piyambak. Wontên kirangipun tinimbang manawi jalaran saking gêsang agêng ingkang sagêt mili dumugi [du...]

--- 32 ---

[...mugi] ing sakukubanipun Losê, ingkang lajêng anênangi dhatêng sakathahipun tiyang ing sakanan keringipun ngriku, supados prayogi gêsangipun. Sami asih-sinihan tuwin supados sami mangrêtos pêrluning agêsang, inggih punika pandamêl ingkang dados kuwajibanipun, Losê pakêmpalan teyosopi.

6. Kadospundi lampahipun tiyang marsudi kawruh, sarta punapa paêdahipun. Pêthikan sêrat Swaraning Asêpi, (ngulinakna anjêmbarake kawruh, sarta kawicaksanan, apa kang winulangake ing paningal, lan ing ati)

Punapa prêlunipun tiyang kêdah sinau ing kawruh, awit sinau punika anjalari indhaking budi, ingkang kenging kangge pitulungan dhatêng ing sanès.

Kaindhakan punika kadadosan saking panggulang, manawi budi kita botên kagulang, ugi badhe botên sagêt mindhak punapa-punapa.

Sampun saèstu dayaning budinipun satunggal-tunggaling manungsa punika beda-beda, wontên sawênèhipun tiyang ingkang sagêt sinau langkung saking tiyang sanès. Ananging ingkang makatên punika botên prêlu kagalih, sanadyan kados punapa kemawon kawontênanipun samangke, inggih badhe sagêt mindhak, ingkang makatên wau sampun ngantos kasupèn.

--- 33 ---

Manawi kula nyawang ngiwa nêngên, lajêng pirsa tiyang ingkang budinipun langkung tuwin ugi wontên ingkang kirang tinimbang kalihan kula.

Sakathahing manungsa punika kenging kaupamèkakên kados tôndha anggêngôndha agêng. ngadêg wontên ing bumi, ingkang inggilipun ngantos sundhul ing awiyat. Botên prêlu kula amanah untuning ôndha ingkang kula ênciki, liripun dumugi ing pundi prênahipun pamènèk kula, aluwung kula anglampahana punapa ingkang kenging linampahan ing padunungan kula wau, dene kuwajiban kula ingkang sabagean, inggih punika angindhakakên budi kula rumiyin sampun atusan taun laminipun, anggèning mindhak budi kula, ing têmbe ugi taksih atusan taun, indhakipun malih, pramila botên prêlu kula angrêkaosakên manah dene inggah kula sawêg dumugi panggenan ingkang kula ênciki, ananging kula kêdah angangge sakathahing kêkiyatan kula, murih sagêdipun angindhakakên budi wontên ing dunung kula samangke, angèngêtana bilih manggènipun manungsa wontên ing satunggal-tunggaling tataranipun kaindhakan, punika prêlu ing atasipun Gusti Allah.

Dados kula kêdah sinaua murih indhaking budi kula, supados ing têmbe manawi kula ngalih sangking gêsang kula samangke punika dhatêng gêsang ingkang langkung bawera, sagêda samêkta tandhon ingkang kathah, langkung sangking bêktan kula nalika dhatêng wontên [wo...]

--- 34 ---

[...ntên] ing donya punika, samangke kula anyêbar wiji bêktan kula kala rumiyin. Manawi saya wiyar sabin ingkang kula sêbari, inggih saya kathah badhe panenan kula wontên ing dêlahan. Dados ing donya ngriki kula kêdah anglêmpakakên wiji supados wohipun kenging kaolah wontên ing alam akir, pramila manawi kathah anggèn kula sinau, inggih badhe saya kathah kalêmpakipun bôndha ingkang kagarap wontên ing dêlahan.

Manawi kula sinau, satilar kula ing dunya budi kula badhe sêsrawungan kalihan budinipun para tiyang, ingkang sêrat piwulangipun kula sinau, pramila kêdah ngatos-atos pamilih kula sêrat-sêrat wau, awit manawi kalintu badhe sakêdhik paedahipun, anggèn kula sinau.

Manawi kula sinau sêrat-sêrat karanganipun para ingkang linangkung budinipun, saèstu budi kula badhe sêsrawungan kalihan budinipun para linangkung wau, mênggah sinau kula punika botên amung amaos sêrat thok. Ananging kêdah sinau ingkang sayêktos mawi patrap ingkang badhe kula cariyosatêncariyosakên. ing wingking. Dene ing alam ingkang langkung luhur kula anyambêt èngêtan kula kalihan èngêtanipun para linangkung wau, kula lajêng sagêt sêsrawungan, anunggil larasing swantênipun, budinipun kalihan budi kula lajêng sami salanggapan,

--- 35 ---

kula nuntên anggêpok kalihan lamuk ingkang mêdal saking badanipun winastan, ora, (aura) gêtêring jasatipun tumanduk dhatêng kula, dene gêtêr kula tumanduk dhatêng pyambakipun. Sarta ngulinakakên runtuting gêtêr kula kalihan gêtêripun para linangkung wau, wêkasan wangsuling gêtêr ambêta kasaenan, kawicaksanan sarta kasucian wontên ing donya punika, dados badhe sagêt maedahi, awit kula lajêng sagêt têtulung dhatêng tiyang sanès.

Ing salêbêtipun kula angêgungakên tuwin anyaèkakên sabageaning gêsang ingkang sumarambah ing kula sadaya, saèstu sadaya badhe kailèn gêsang ingkang prayogi, mênggah santunipun dados prayogi wau sakathahing tiyang sami karaos.

Satilar kula ing donya, gêgancênganinggêgancanganing. budi ingkang sampun kula rakit rumiyin. Punika ingkang badhe anarik kula katunggilakên kalihan suksmaning para linangkung, ingkang budinipun sampun nate salanggapan kalihan kula, rikala kula taksih kinurung ing badan wadhak, dados kula badhe kalêbêt ing wicalanipun para ali budi tuwin para juru ngarang, ingkang rumiyin sami kados guru kula, kala kula taksih gêsang wontên ing donya, salajêngipun saking anggèn kula salanggapan wau kula sagêt angsal paedah sakalangkung kathah, jalaran saking piwulangipun.

--- 36 ---

Awit saking anggèn kula mêmitran kalihan para linangkung ingkang dumunung ing alam kaalusan. Nalika kula taksih wontên ing donya, ingkang makatên punika badhe adamêl mulyaning gêsang kula wontên ing alam kaalusan, punika nalaripun anggèning kêdah sinau.

Sangking sinau anggèn kula anglêmpakakên kawruh ingkang anjalari sagêt kula mitulungi dhatêng manungsa sêsami kula, awit amargi saking anggèn kula ngindhakakên kawruh, kawruh wau badhe mili naratas ing sakathahing badanipun manungsa, manawi kula botên purun sinau salêbêting gêsang kula punika amargi saking kêsèt utawi sungkanan. Dados kula botên anglampahi satunggal punapa kajawi amung anyarèhakên pandamêlan ngantos benjing tumitahipun malih, ing môngka kula sadaya punika kêdah miwiti ing damêl. Samantên wau manawi botên kalajêng anggènipun ngêsèd. Yèn makatên punapa kula sadaya dèrèng pantês angudi kamajêngan ing manwatara, (Manvantara) têgêsipun gumêlaring jagat, jaman samangke punika, dados kêdah kasrantosakên benjing gumêlaring jagad malih, ingkang makatên punika, nama kabêsturon, kula sadaya sampun ngantos nganggur botên sinau kajawi manawi wontên pambênganipun ingkang sayêktos, mila manungsa punika wajib sinau kalayan sênêng.

--- 37 ---

Punapa liripun sinau, liripun sinau punika botên namung anglajêngakên maos sêrat kemawon, manawi sampun têlas pamaosipun sêrat satunggal lajêng mêndhêt sêrat sanèsipun malih, inggih punika nalaripun anggèning bôngsa Eropah nêdha sêrat-sêrat waosan inggal-inggal kang saklangkung kathah warninipun.

Anglanyahakên satunggal sêrat ingkang pancèn prayogi kasinau, punika langkung prayogi sarta kathah pikantukipun, tinimbang maos sêrat lajêngan sakêlangkung kathah ingkang botên wontên prêlunipun.

Manawi maos sêrat prayogi sampun rikat-rikat. Sarta ingkang mêndêng sampun ngantos nyalèwèng utawi kirang satiti, sanadyan pamaosipun sabên dintên namung angsal sakêdhik. Ananging punapa ingkang sampun kawaos wau sagêda apil. Dados lastantun manjing wontên ing budi, punapa malih manawi maos mawi kagagas sarta kawantonana panggalih, supados ingkang kawaos wau sasampunipun kagalih sagêt langkung tinimbang sawêg kala kawaos. Botên prêlu sinau kathah-kathah, langkung prayogi maos sakaca mawi kamanah dangu tinimbang maos warni-warni rikatan.

Maos punika têgêsipun botên ngamungakên angimpun èngêtaning tiyang sanès. Kados pangintênipun tiyang ingkang [ing...]

--- 38 ---

[...kang] kathah-kathah, inggih lêrês tiyang angsal kawruh sangking anggènipun maos, ananging punika nama kawruh ingkang sampun tumimbal. Dados amung tular-tumularing pawartos. Mênggah èngêtaning liyan punika amung kadamêla ular-ularing sinau, salajêngipun kawêwahana pamanahipun pyambak, dados èngêtan wau botên lastantun dados gadhahipun tiyang sanès, ananging dados gadhahan kula, punapa malih kula kêdah anut pikiranipun ingkang ngarang sarta sampun ngantos wontên pambudi utawi pangêrtos ingkang cèwèt utawi kalangkungan dèrèng ngantos mangêrtos, manawi kula nrênjuhi ingkang angèl-angèl kêdah kèndêl ing ngriku rumiyin, sarta lajêng amêsu murih sagêdipun ngudhari ingkang angèl wau, dene manawi budi kula botên gadug,gaduk. punika sawêg anêdha tulung dhatêng para sagêd, ananging sampun enggal-enggal anêdha tulung saking ngupados gampil. Awit kula kêdah sumarah dhatêng manas kula luhur, supados amulanga utawi amaparana dhatêng manas kula asor: sarana budi kula.

Sabên wontên ingkang angèl utawi ingkang lêbêt suraosipun, pamaos kula kêdah kèndêl ingkang dangu, supados kula sagêt tampi têgêsipun ungêl-ungêlan ingkang lêbêt wau, ingkang makatên punika angolah cipta sasmitaning manah, pramila kêdah nastiti sangêt. Sarta kêdah mantêp tuwin [tuwi...]

--- 39 ---

[...n] jatmika ingkang budi, supados angên-angên ingkang luhur amangsita, awit pangulah ingkang makatên punika upami kados angrêtêg jurang longkanganing angên-angên ingkang luhur kalihan ingkang asor, saèstu kula sadaya badhe karaos, bilih budi kita ing sadintên-dintênipun badhe saya mindhak sagêt nyakêpi dhatêng kajatèn, tuwin saya kathah kawruh ingkang katampèn. Dene kawruh ingkang angèl-angèl ingkang kula botên sagêt tampi kajêngipun, punika kêdah kapemutan sarta lajêng karêmbaga kalihan tiyang ingkang langkung mangêrtos. Manawi makatên budi kula botên ngamungakên badhe mindhak saking èngêtanipun tiyang sanès, ananging ugi mindhak saking èngêtan anggèn kula manah dhatêng ingkang kula waos. Mila prayogi sakêdhik ingkang kawaos wau, ingkang nama sinau, botên susah kathah-kathah sêrat ingkang kawaos, ananging sapintên sêrat ingkang sampun kawaos punika sagêda cumanthèl, sayêktosipun tiyang punika rêmên maos sêrat-sêrat enggal tinimbang maos sêrat-sêrat lami.

Budining tiyang ingkang kirang kulina katamtokakên dhatêng satunggal bab, tuwin kalampahakên ing saturuting aluran kemawon, rêmênanipun sabên-sabên nyalèwèng dhatêng aluran sanès. Ingkang makatên punika pancèn lêpat. LêrêsisapunLêrêsipun. [Lêrêsisapu...]

--- 40 ---

[...n] kêdaha wali-wali ambudi dhatêng saprakawis ingkang ngantos mangêrtos, sayêktos suraosipun, dene ingkang prayogi kangge cobèn inggih punika kêdah ngangkaha mangêrtosakên dhatêng tiyang sanès, sabab tiyang botên sumêrêp manawi sêsêrêpanipun sêrat sakêdhik, manawi dèrèng ngangkah mulang dhatêng tiyang sanès, dèrèng katitik pangêrtosipun, dene manawi sampun ngangkah mulang, punika sawêg pirsa sapintên ingkang botên dipun sumêrêpi, sarta asring gumêlêngipun ing bab ingkang dipun manah punika katingal wontên katrangan tuwin têgêsipun malih.

Ing sasêlot-sêlotipun kula sadaya kêdah ambudi murih langkungipun saking ingkang kasêbut ing sêrat-sêrat, sarta sagêda anyumêrêpi piyambak, sampun tansah lumèngkèt dhatêng kawruh angsal-angsalanipun ingkang dipun sumêrêpi tiyang sanès. (sampun marêm dhatêng cariyosing liyan).

Mênggah rosipun ingkang kêdah kasêdyakakên para warga teyosopi punika, botên supados angsala piwulang ingkang cêthèk, liripun amung kèndêl atiru-tiru èngêtanipun tiyang sanès kados saungêling paksi menco, ananging kêdah angindhakna dayanipun piyambak ingkang ngantos sagêt sinau sangking sêrat pêpakêming jagad, ingkang sinêbar dening guru ingkang binathara wontên sangajênging paningalipun manungsa.

--- 41 ---

Sadaya sêrat kêkaranganipun manungsa punika, amung papêthikan sawatawis saking pakêming jagad, mila anggènipun para warga teyosopi sinau sêrat-sêrat papêthikan wau supados mindhak kadayanipun ngantos sagêt amaos piyambak.

7. Teyosopi, tuwin piwulangipun

O punapa inggih sagêt kalampahan anggrayang punapa-punapa botên sami sanalika angebahakên sadayanipun ... sadaya punika sami atêpang watês. Sami senggolan. Sami kawontênanipun, tuwin sami dunung ing sakalir.

(Ing nginggil punika papêthikan saking karanganipun kang sêsilih, Multatuli): bab kêmpaling agami: nalika ing taun 1898: Nyonyah Anibesan anglairakên wicara kados ngandhap punika.

Sintên-sintêna ing satêngahing jêngandika ingkang sampun tumut kamajênganing pikiranipun bôngsa Eropah salêbêtipun kalih dasa taun punika, sampun tamtu uninga bilih wontên satunggaling pasinaon ingkang ancasipun kathah kaangge damêl anggènipun mamêngsahan kalihan agami, inggih punika pasinaon bab basa tuwin agami ing tanah Asiyah.

Para sarjana ing sakathahipun nagari tanah Eropah sami sinau kitab-kitabipun suci bôngsa Tyonghwa, tiyang Hindhu tuwin tiyang

--- 42 ---

Mêsir, sarêng sampun aniti pariksa dhatêng sakathahipun agami wau lajêng sami pirsa, bilih kawontênaning agami punika pancèn sami pangidhêpipun.

Nalika para sarjana wau amaos sawarnining sêrat-sêratipun tiyang Tyonghwa, tiyang Pèrsi tuwin tiyang Mêsir, sami angyêktosi bilih sêrat-sêrat wau nunggil piwulangipun. Tuwin nunggil patrapipun anggèning nyariyosakên kawontênanipun Gusti Allah, sêrat-sêrat wau angucapakên bilih Gusti Allah punika amung satunggal, asipat Êsa, angucapakên bilih kawêdhar sarta gumêlaripun Gusti Allah dados tiganing atunggil. Satunggal-tunggalipun sami kagungan watak pyambak-piyambak. (Trimurti).

Punapa malih sêrat-sêrat wau anyariyosakên bilih wontênipun manungsa dalah dhêdhasaripun, amulangakên bilih jiwaning manungsa punika tan kenging ing pêjah, sarta amulang bilih dhêdhasaring manungsa punika abên-abênan, dene murih sagêtipun mangêrtos, abên-abênanipun kêdah mawi kasinau, sarta sêrat-sêrat bab kamajênganing manungsa wau inggih amulangakên bab kamajênganing jiwa, ingkang gumêlaring rohipun dumunung wontên ing manungsa.

Sêrat-sêrat wau anyariyosakên bilih wontên sujanma

--- 43 ---

sawatawis ingkang sampun putus kamajênganipun, kaindhakanipun anggèning dados manungsa karohan wau sampun sagêt angrampungakên kalayan sampurna, jumênêng sujanma linuhung ingkang pambêkanipun, bêbudènipun tuwin panggalihipun sampun kados Gusti Allah, sarta sêrat-sêrat wau amulangakên bilih para tiyang ing jaman samangke inggih sagêt mindhak kalantipanipun. Kadosdene indhaking kalantipanipun manungsa ing jaman kina, makatên ugi sagêt sampurna asarira bathara, punapa malih sangking sakêdhik manawi sampun rambah-rambah anggènipun tumitah badhe sagêt udhar utawi uwal, dados sadhengah tiyang sanadyan bodhoa kados punapa ugi sagêt mindhak sampurna dados manungsa sarira Gusti.

Samukawis ingkang makatên punika kawulangakên wontên ing sêrat-sêratipun sawarnining bôngsa, sarta sarêng sêrat-sêrat wau sampun kasantunan ing sawarnining basa Eropah lajêng sami mangêrtos, bilih agami ing alam donya punika kathah ingkang nunggil, sarta ingkang kathah pathokaning piwulangipun satunggaling agami, sok pinanggih wontên ing agami sanès. Kados ta piwulangipun agami Kristên, ugi pinanggih wontên ing agami Hindhu, agami Buda, wontên piwulangipun Konghucu tuwin Locu, saking sarujukipun agami wau ngantos [nga...]

--- 44 ---

[...ntos] tiyang botên sagêt misahakên satunggiling agami sangking agami sanès.

Nalika para sarjana wau uninga bab punika, saha sarêng sêrat-sêrat wau sampun kasantunan ing basa warni-warni, tuwin para tiyang wiwit maos sarta angrêmbag sêrat-sêrat wau, mênggah karampunganing pamanggihipun, sakathahing agami punika nunggil waton. Kêdah anggadhahi wêwinih satunggal, ananging botên kadunungan wahyuning Allah, kêdah wontên tukipun sanès ingkang udalipun ngawontênakên sawarnining agami wau.

Para sarjana ing samangke botên mathuk dhatêng agami sami ngangkah nyirnakakên sakathahipun agami sarana ngangge sasêrêpanipun wau, dene wicantênipun makatên. Sakèhe agama iku pinangkane saka wong bodho saka patrape ênggone manungsa waspadakake kodrat. Dene kodrat iku nuli kacipta awujud manungsa, sarèhning wujud mau luwih kawasa tinimbang dhèwèke, mulane banjur sinêmbah-sêmbah.

Punapa malih para sarjana wau sami amratelakakên, bilih thukulipun sakathahing agami punika saking manungsa ingkang bodho, tumangkaripun sarana panyipta, wêwinihipun saking panêmbah dhatêng brahala, saha agami punika botên anggadhahi landhêsan ingkang linuhung, kajawi amung saking kabodhoaning manungsa, sêsêrêpanipun utawi pangrêtosipun [pangrêtosi...]

--- 45 ---

[...pun] agami ingkang katanjakakên dhatêng kodrat. Ingkang pamariksanipun kirang sampurna sarta anggènipun mangêrtosakên wau botên cêtha.

Sawênèhing pamulangan anganggêp bilih sasêmbahan dhatêng surya tuwin lintang punika ingkang minôngka sorogipun sakathahing agami, dene pamulangan sanèsipun angakêni bilih pamundhi-pundhi dhatêng linggam (inggih punika gambar pajalêran kadamêl saking kajêng utawi sela), minôngka pasêmoning kakuwatanipun kodrat anggèning anak-anak sakawis. Punika ingkang dados tukipun agami.

Kadosdene ingkang taksih kalampahan samangke, mênggah anggènipun tiyang kasar amujudakên dhatêng kakuwataning kodrat, kados ta anyêmbah dhatêng kayu watu lêmah sangar, pêdhanyangan sapanunggilanipun, punika kabêta saking ajrih, kapengin kabodhoan tuwin eramipun. Sarèhning tiyang kasar wau sami ajrih tuwin gadhah pangajêng-ajêng, mila para ngulama lajêng anandukakên patrap salah anggêlarakên ingkang pêtêng-pêtêng tuwin apitakèn ingkang elok-elok.

Ila-ila utawi wirayat kina lajêng kasêrat kadamêl kitab-kitab suci, têmbung pasêmon utawi sanepa kadamêl wontên sayêktos, sarèhning wontênipun waton adat tunggil, mila angsal-angsalanipun inggih sami cocog.

--- 46 ---

Mênggah anggèning para sarjana damêl waton ingkang nyulayani ajining agami punika kathah awonipun. Awit katingal amung landhêsan ingkang kanyataan, inggih lêrês sakathahing agami punika piwulangipun sami, tuwin anunggil panyipta ingkang ginêlarakên, sarta lêrês sadaya, para guru agêng pangandikanipun sami, punapa malih kanyataan ingkang kapêthik para sarjana wau inggih lêrês, ananging kêkiyasanipun ingkang lêrês.

Sadaya bôngsa ingkang ngandêl dhatêng agami sami kèndêl botên purun amangêni, tuwin botên dadosakên karaosing manahipun dening dipun krutugi pasêksèn tuwin katêrangan. Piyambakipun sami botên sagêt mukiri cocoging pamanggihipun para sarjanana,sarjana. ananging sami karaos cêmplanging panyêngguhipun ingkang botên maton. Mila pangudaraosipun makatên. Apa iya nyata pangarêp-arêping manungsa kang ditisnani dhewe, sarta ciptane kang bêcik dhewe iku tinêmune nglambrang ing ipène lan bodhone, apa para nabi kang minôngka pangiriding bôngsa kang agung para kang padha siniksa saka ênggone ngantêpi agama, iku uripe panggaweane, sangsarane, sarta patine kalêbu ing sasar marga saka gone anganggênanganggêp. yèn kakuwatane kodrat iku ana wujude wong-wongane, sarta mung nglabuhi gambare lekohane [lekoha...]

--- 47 ---

[...ne] wong kang kasar, awit saking punika mila para tiyang ingkang sami botên sagêt tuwin botên nyuwawèni kajêngipun para sarjana wau.

8. Bab kawontênaning pangawikanipun Gusti Allah

Sarêng antawis pintên-pintên taun laminipun anggèning manungsa sami kèrêm wontên rangu-ranguning manah dhatêng bab ajining agaminipun, tuwin kathah ingkang sami gumampil anglirwakakên agaminipun ingkang suka kawajiban warni-warni dhatêng pyambakipun, sarta bêbudènipun manungsa katingal badhe dados kados kewan, mila lajêng kadhatêngan teyosopi ingkang amêdharakên kados ing ngandhap punika.

Sayêktosipun sadaya agami punika piwulangipun sami, awit sadaya wau wêwinihipun amung satunggal. Amung anggadhahi tuk satunggal. Dene tuk wau inggih pusaka pangawikaning Allah, ingkang sinimpên wontên pakêmpalaning para kadang ingkang sami jumênêng guru rohkhani ing linuhung, para guru wau sami anglampahi pandamêlan dados juru amulang utawi juru anuntuni manungsa ingkang dunung ing bumi punika, amulang dhatêng bôngsa tuwin jinising manungsa bab kajatèn ingkang minôngka talêsing agami, kadhapur ingkang nyamlêng tumrap dhatêng sakathahing tiyang ingkang sami anampèni.

--- 48 ---

Dados sanès kabodhoanipun manungsa ingkang anjalari agami punika sami kadosdene pangintênipun para sarjana, ananging pangawikaning Allah ingkang sabên-sabên kawutahakên dhatêng sakathahing bôngsa punika sababipun sami, dene pangawikan wau kaasta wontên para sujanma kêkasihing Allah, ingkang sampurna lajêng kaparingakên dhatêng manungsa.

Mênggah pangawikaning Allah wau kamot kawruh samukawisipun kawontênan. Sarta pangawikan wau ingkang sabagêan kala-kala kaparingakên dhatêng manungsa, dene kathah kêdhikipun ingkang kaparingakên gumantung wontên alusing bêbudènipun bôngsa, gumantung wontên ing watêking bôngsa ingkang anggadhahi kawruh wau, tuwin gumantung wontên ing ing daya marsudining cirinipun.

Amurih cocogipun kalihan sadaya wau, amila patrapipun anggèning maringakên pangawikan tansah beda-beda, dene patrapipun amaringakên wau ingkang winastan agami, ananging dhêdhasaripun sami kemawon, sabên-sabên amulangakên bilih kawontênaning Allah punika asatunggal. Ingkang gumêlar dados kêmpaling têtiga utawi trimurti, tuwin amulangakên, bilih manungsa punika kawontênanipun rangkêp tiga sami kados Gusti Allah, salajêngipun manungsa wau kenging kaperang kalih, wêwinihipun rangkêp tiga, dene

--- 49 ---

kaindhakanipun dados rangkêp pitu, sarta amulangakên bilih manungsa punika tan kenging ing pêjah, badhe botên sirna, punapa malih amulangakên bilih manungsa sampun rambah-rambah anggènipun tumitah badhe saya mindhak sampurna tuwin saya thukul graitanipun. Sarta wontên sujanma sawatawis ingkang sampun sagêt anggayuh kasampurnan saha lajêng jumênêng guruning bôngsa manungsa.

Para sujanma ingkang sampun sampurna wau kala rumiyin inggih sami kemawon kados tiyang limrah punika, sami apês sarta anggadhahi dosa tuwin botên sampurna kados manungsa samangke, ananging lajêng mindhak-mindhak sampurnanipun kadosdene manungsa jaman samangke ugi sagêt mindhak, tuwin lajêng thukul panggraitanipun. Wêkasan dados kiyat anggayuh kasampurnan. Kadosdene kula sadaya punika inggih sagêt anggayuh kasampurnan manawi purun. Sarêng para sujanma wau sampun sami sampurna, lajêng wiwit amulang dhatêng para manungsa sêsaminipun, tuwin lajêng andamêl pêkêmpalaning para kadang ingkang sami jumênêng guru agêng, kala-kala para guru agêng wau wontên salah satunggal ingkang tumurun andhatêngi manungsa, supados sagêd amaringi agami dhatêng satunggal-tunggaling bôngsa, supados satunggaling trah, satunggal-tunggaling bôngsa katampi agami, ingkang pancèn tumrap kangge pitulungan tuwin [tu...]

--- 50 ---

[...win] piwulang dhatêng bôngsa wau, sarta kathah para sujanma beda-beda pêpangkatanipun, ingkang sami manjing pakêmpalaning para kadang wau mawi-mawi kaindhakaning kasampurnanipun. Kados ta para pandhita, para tiyang ingkang linangkung panggraitanipun bab karohan. Tuwin linangkung kawruhipun kasampurnan utawi linangkung kawicaksananipun. Dene para ingkang sampun sami linangkung wau dumugi samangke sami anuntuni dhatêng sakathahipun bôngsa, aparing tuladhaning paprentahan, anamtokakên anggêripun, sawênèh jumênêng nata amarintah dhatêng bôngsa, dados tiyang sampun ingkang amulang dhatêng sakathahing bôngsa, tuwin dados para pandhita ingkang sami anuntuni dhatêng bôngsa wau.

Sakathahing bôngsa ing jaman kina sami anêdahi para tiyang sêkti, para maharsi tuwin para prawira, ingkang kados makatên wau, sarta akèn marsudi kawruhipun bab sêrat-sêrat waosan, bab yayasan griya sapanunggilanipun. Bab anggêr-anggêr pranataning nagari, tuwin sanès-sanèsipun.

Angèl amaibên têmênipun bilih para sujanma ingkang minulya wau taksih sami sugêng, awit wirayat kina ingkang sampun ngêbyah ing akathah, sêrat-sêrat patilasan jaman kina ingkang samangke taksih salong sampun dados jugrugan, sadaya punika minôngka saksinipun, sakathahing sêrat-sêrat tuwin lêlampahan, [lêlampah...]

--- 51 ---

[...an,] ingkang nêdahakên kaindhakan ingkang sakêlangkung luhur wau, nglêngkara kenging kula kintên damêlanipun tiyang ingkang taksih andhap tataraning kaindhakanipun. Botên angintên bilih yasanipun para panuntun karohan ingkang luhur, anggèn kula ngangge pasêksèn sêrat-sêrat tuwin patilasan wau supados botên angucapakên pasêksèn sanèsipun. Ingkang dipun tampik tiyang ingkang botên sumêrêp.

Ing mangke mênggah nalaripun mila saka ing piwulangipun agami punika sami, awit pinangkanipun sadaya piwulang wau anunggil asli, sami saking pakêmpalanipun para sujanma sampurna ingkang sami pasadherekan.

Wontên ing tanah Grik, sakathahing piwulang wau sakawit kanamakakên teyosopi, têgêsipun botên liya inggih punika pangawikaning para dewa, dene tiyang Grik, botên ngamungakên andhapuk pangawikan, ananging ugi andhapur ngèlmi kasampurnan tuwin kawruh kagunan. Sarta sarèhning pangawikan wau ingkang dados wêwinihipun dhêdhasaring sakathahipun agami, amila teyosopi punika botên sagêt yèn kadadosna mêsahipunmêngsahipun. sawênèhing agami, malah ingkang ngrêsikakên agami, anggêlarakên ajinipun piwulang batos. Ingkang sampun kasantunan warni dados maujut ingkang katingal saking pandamêlipun tiyang bodho ingkang brêngkêlo, [brêngkê...]

--- 52 ---

[...lo,] tuwin saking tuwuhipun gugon tuhon. Sarta teyosopi ingkang ngangkah ambuka kawicaksanan ingkang piningit ing salêbêting piwulang agami, sarana angemuti kawicaksanan ingkang dumunung ing piwulang wau tuwin ingkang angayomi tumrap sadhengah tiyang.

Tiyang ingkang lumêbêt warga teyosopi, botên susah nilar agaminipun, manawi ingkang lumêbêt warga wau bôngsa Kristên. Inggih lêstantun Kristên, manawi bôngsa Hindhu inggih lêstantun agami Hindhu, manawi bôngsa Islam, inggih lêstantun agami Islam, awit ingkang lumêbêt warga amung badhe kasinungan panggraita ingkang lêbêt ing atasing agaminipun pyambak. Tuwin angsal gondhelan ingkang santosa ingatasipun kajatèning agaminipun. Ical sasêrêpan ingkang wiyar ing bab piwulangipun ingkang winados.

Kala kina teyosopi ingkang angwontênakên agami, samangke ingkang angadili tuwin ingkang angayomi agami wontên ing ngarsanipun pangadilan. Tuwin ingkang amangmulakên malih pangajêng-ajêngipun sarta prasêtyanipun manungsa dhatêng Gusti Allah.

Tiyang kêdah angèngêti bilih dayaning jiwanipun manungsa punika botên ginadhang kangge nyumêrêpi ingkang gaib-gaib. Supados adamêl misuwuripun tuwin sugihipun ingkang nyumêrêpi

--- 53 ---

wau, upami kakuwataning jiwanipun manungsa badhe kangge nyumêrêpi ingkang gaib-gaib wau, punika kêdah amung kangge murih wilujêngipun tiyang, punapa ingkang katampèn ing tiyang punika prêlunipun supados kanggêa mitulungi tuwin angladosi dhatêng tiyang kathah.

9. Bab kawontênaning Gusti Allah

Teyosopi angginêm kawontênanipun Gusti Allah tuwin bab anggènipun manungsa macung magêpokan kalihan Gusti Allah, amulangakên bilih kawontênipun Gusti Allah punika amung satunggal. Inggih punika nyawanipun sadaya ingkang sipat gêsang, amulangakên bilih jumênêngipun Pangeran punika amung satunggal (maligi, pribadi) pandamêling Pangeran punika satunggal, wontên kakuwatan satunggal ingkang angèbèki ing sangalam donya, amulangakên bilih ing pundi-pundia panggenan ingkang kenging kaambah ing manungsa, ing ngriku ugi wontên gêsangipun jiwa, sugêngipun Pangeran inggih jumênêngipun Gusti Allah dumunung wontên ing sadhengah panggenan ing pundi anggènipun sawarnining kewan sagêd angraosakên utawi anggènipun manungsa amanah, makatên ugi ing alaming bôngsa têtuwuhan. Ing ngriku gêsanging Pangeranipun amitulungi angupakara tuwin ambêtahakên dhatêng samukawis. Cêkakipun ing alam donya sadaya botên [bo...]

--- 54 ---

[...tên] wontên gêsang ingkang tanpa angsal prabawa kasugênganipun Gusti Allah.

Bab rumaos satunggal

Kawontênan satunggal punika dumunung dados dhêdhasaripun samukawis ingkang kasumêrêpan ing manungsa, mila teyosopi amiwiti mulangakên bilih dhêdhasaripun sadaya titah punika amung satunggal, amulangakên anggêr-anggêr bab panunggaling kawontênan. Bab kawontênan satunggal ingkang anglimputi ing pundi-pundi, panunggal punika tuwuhipun sangking Gusti Allah, inggih punika tukipun saking sadaya rumaos, mênggah kaindhakaning rumaos salêbêting manungsa tuwin thukuling budinipun, sadaya punika wêwinihipun wontên ing Gusti Allah.

Sadaya rumaos ingkang mindhak-mindhak alusipun ngantos dados panggarjita utawi graita, punika tuwuhipun saking tuk satunggal utawi wêwinih satunggal. Sadaya rumaos punika amung satunggal, rumaos satunggal wau botên kenging kapisahakên saking sanèsipun, sarta botên kenging sakathahing manungsa sami kapisah-pisah kados anggadhahi adêg pyambak, manungsa punika pinangkanipun nunggil sami sapancêr, dene anggènipun manungsa sami anggadhahi rumaos punika pinangkanipun saking gêsang satunggal. Inggih manungsa sadaya punika kawêdharing kawontênanipun Pangeran. Inggih

--- 55 ---

panunggilipun rumaos wau, babaripun anggêr-anggêring panunggal ingkang angrèh ing sapramudita.

Bab kakuwatan utawi daya satunggal

Botên ngêmungakên sadaya rumaos punika satunggal. Ananging sadaya kakuwatan ugi amung satunggal. Satunggal-tunggaling kakuwatan punika tuwuhipun saking tuk satunggal. Bab punika kawruh kagunan cocog kalihan teyosopi, ing dunya punika amung wontên pakarti agêng satunggal. Sadaya wujuding pakarti tuwin kakuwatan ingkang sami kula sumêrêpi punika dhêdhasaripun satunggal. Pakarti kenging kalintu dados kakuwatan. Kakuwatan kalintu dados pakarti, sadaya wujuding pakarti ingkang kasinau para marsudi kagunan, tuwin sadaya kakuwatan ingkang katingal wontên ing sakukuban kita, sanadyan ingkang wontên ing alaming bôngsa papêlikan dalah sawarninipun ingkang katingal tanpa nyawa, utawi ingkang wontên ing alaming têtuwuhan, sanadyan wontên ing kewan utawi manungsa, sakathahing kakuwatan wau dhêdhasaripun satunggal, amung kawêdharipun tuwin patraping gumêlaripun ingkang beda-beda, manawi kapariksa kalihan titi kayêktosanipun sadaya wau amung satunggal.

Bab bôngsa wadhag ingkang amung satunggal

Mênggah ingkang kawastanan bôngsa wadhag utawi jasmani punika pikajêngipun [pi...]

--- 56 ---

[...kajêngipun] sawarnining maujud ingkang kenging kagrayang tuwin tiningalan sarana pôncadriya, kados ta siti, toya, latu, lêbu sapanunggilanipun, sadaya punika yèn ing têmbung Walandi kawastanan sêtof, (stof), dene sêtop utawi wadhag wau sanadyan wujudipun beda-beda ananging kawontênanipun ugi amung satunggal, inggih punika badhe utawi bakal. Ingkang kangge adamêl sawarninipun anasir, samukawis ingkang katingal ing sakukuban kita, kados ta, bôngsa atos, bôngsa cuwèr, bôngsa kang ngukus, ngamun-amun. Sadaya punika dhêdhasaripun tunggil, amung beda-beda wêwijanganing bageyanipun. Ing sangalam donya punika kawontênanipun amung nyatunggal-nyatunggal. Rumaos satunggal, gêsang satunggal, bôngsa wadhag satunggal, inggih tiga-tiganing atunggil punika gumêlaring kawontênanipun Pangeran. Sadaya punika pinangkanipun saking gêsang satunggal. Jumênênging Gusti Allah.

10. Bab pasêdherekan

Sarèhning bôngsa wadhag wau amung satunggal, kakuwatan amung satunggal, tuwin rumaos amung satunggal, mila sawarninipun ingkang sipat gêsang punika dados pasadherekan satunggal. Sadaya wau kadamêl saking badhe satunggal, sami

--- 57 ---

kadunungan kakuwatan satunggal, sadaya sami majêng utawi mindhak-mindhak rumaos, ingkang anunggil wau.

Ing sangalam donya punika dados sagotra agêng, ing ngriku sawarnining titah sami beda kaindhakanipun. Ananging sadaya punika sami gandhèng dados satunggal karana jasmaninipun. Kakuwatan tuwin rumaosipun, ingkang anunggil wau, mênggah mangêrtosipun sagotra punika lêlajêripun ugi wontên panunggiling dhêdhasar ingkang anglimputi ing pundi-pundi, dene teyosopi amulangakên bilih manungsa punika dados sabagêyanipun gêsang ingkang nunggil. Botên kenging kamèrèkakên dhatêng ing sanès.

Manungsa punika kêdah dados sagolongan ingkang sami sae sadaya, kêdah dados golongan ingkang sami majêngipun, kêdah sami golong kaniyatanipun dhatêng sadaya ingkang dipun angkah, dene wontênipun manah kumèrèn tuwin sêsatron, ingkang lêrêsipun pancèn kêdah tulung-tinulung tuwin kêkadangan. Punika kabêta sangking botên sumêrêpipun dhatêng kawontênaning Pangeran tuwin kawontênaning manungsa.

Bab pasadherekan kabêkta saking jasmaninipun

Satunggal-tunggaling tiyang anguwalakên sabageyan alit saking badanipun, tuwin anampèni sabageyan alit ing

--- 58 ---

salêbêting badanipun ingkang kauwalakên dening tiyang sanès, mênggah kêlampahanipun ingkang makatên wau samôngsa wontên tiyang sawatawis sajajagongan, ing ngriku botên kêndhat sami alintu jasmani ingkang alit sangêt. (stof lêêltjês). Dados ingkang makatên punika angwontênakên pasadherekan ing ngantawising manungsa kabêkta saking jasmaninipun, sarèhning manungsa sami alêlintonan sabageyan alit-alit saking jasadipun. Amila purun botên puruna kula sadaya sami dados sadhèrèk miturut kawontênanipun badan.

Amargi saking punika kula sadaya sami botên kêndhat sawab-sinawaban tanpa kasêdyakakên, sanadyan anyawabi awon, utawi sae, tiyang saras amêncarakên kasarasan, dhatêng pundi ingkang dipun purugi, tiyang sakit amularakên sêsakitipun ing pundi-pundia ingkang dipun dhatêngi.

Linta-lintunipun tuwin tumimbalipun jasmani wau ingkang anggandhèng dhatêng kula sadaya, ingkang andadosakên sabab, bilih kawilujênganing badan, sêsami kula manungsa punika prêlu tumrapipun kula sadaya.

Bab pasêdherekan ing atasing raosipun manah

Ananging botên angêmungakên pasêdherekan ing atasing badan kemawon ingkang anggandhèng dhatêng kula sadaya, ugi

--- 59 ---

taksih wontên pasêdherekan ing atasing raosipun manah tuwin karaosing badan, sadaya manungsa punika sami sawab-sinawaban ing atasing raosipun manah tuwin karaosing badan. Punapa ingkang karaos ing satunggiling tiyang ugi tumanduk dhatêng ing sanès. Ing ngawang-awang punika kaèbêkan gêtêring swasana, (ether), amargi sangking punika manungsa sami sawab-sinawaban ananging sami botên rumaos.

Manawi ing pajagongan wontên tiyang ingkang awon watêkipun. Pambêkan awon wau sumêbar dhatêng ing sanès. Makatên ugi manawi salêbêting griya wontên tiyang ingkang brangasas,brangasan. punika inggih anuwuhakên pamuring-muring sangêt utawi sawatawis dhatêng sadhengah ingkang wontên ing ngriku.

Wontên ingkang atêtunggilan kalihan sawênèhing tiyang karaos têntrêm tuwin jênjêm manahipun. Kados gampil tumindakipun samukawis, tuwin wontên ingkang katrênjuh tiyang sanès lajêng karaos giris miris sarta samukawis sangking pamanggihipun ribêt tuwin angèl, mênggah ingkang jalari makatên punika amargi saking raosing manah, mila kalampahan makatên, awit manungsa punika kajawi anggadhahi badan kasar utawi jasmani ugi anggadhahi badan rohkani, inggih punika badan kadadosan saking jasad ingkang alus. Ingkang karaosan sangêt kataman gêtêr kang alus.

--- 60 ---

Bab pasêdherekan ing atasipun pamikir

Wontên malih patraping pasêdherekan sanèsipun. Inggih punika ing atasipun budi, manawi tiyang amikir, pikiranipun wau anyawabi dhatêng èngêtanipun tiyang sanès ing sakiwa têngênipun. Badanipun manungsa ingkang langkung alus, ingkang dipun dunungi èngêtanipun, punika angêdalakên gêtêr, ingkang anggêtêrakên badanipun tiyang sanès, ingkang sami alusipun, asring kemawon wontên tiyang ingkang wicantên punapa-punapa, lajêng dipun wangsuli tiyang sanès makatên. Lo: aku kok iya bênêri anggagas bab iku, mênggah ingkang makatên punika têmahanipun tumanduking pikiran wau anulari tiyang sanès.

11. Bab piwulangipun teyosopi

Têmbung teyosopi punika aslinipun saking têmbung Grik, teyos (Gusti Allah), sopiyah (kawicaksanan), dados têgêsipun teyosopi, kawicaksananing Pangeran, utawi kajêngipun, kawicaksananing para jawata, para nabi sapanunggilanipun, ingkang sami asarira bathara, ing têmbung Sangkrita winastan bramawidya.

Titi mangsanipun wontên nami teyosopi, kala ing salêbêting taun tigang atus kapetang saking wiyosipun Kangjêng Nabi [Na...]

--- 61 ---

[...bi] Ngisa, dene ingkang ngawiti ngangge nama wau satunggaling guru nama Amoniyus Saklas, kalihan para muridipun, ingkang kanamakakên Neyo Platonistên.

Teyosopi punika kawruh kawicaksanan ingkang sampun kina-kumina, inggih piwulang amung tumrap dhatêng para linangkung, ingkang sampun kasumêrêpan ing satunggal-tunggaling nagari kala kina, ingkang têtiyangipun sampun sagêd-sagêd. Inggih dhatêng ngèlmi kasuksman ingkang sampurna, inggih tuking sakathahipun agami.

Teyosopi punika kinging kaanggêp agami, ingkang tumindak salêrêsipun. Inggih agami ngiras kawignyan, inggih agami ingkang botên murih supados manungsa angajêng-ajêng kamulyaning gêsangipun ing têmbe, wontên ing sadhengah panggenan. Ananging kadadosanipun, kenging kawaratakakên ing salêbêting badan punika wontên ing bumi ngriki, sarana ambuka warananipun. Sarana angêlih kaèngêtanipun timbal-tumimbal saking satunggaling alam dhatêng alam sanèsipun, ngantos dumugi ing alamipun para guru agêng ingkang minulya.

Mênggah sêdyanipun teyosopi punika, angrukunakên sadaya agami tuwin sawarnining bôngsa mawi pathokaning piwulang kasusilan ingkang sami, awêwaton kajatèn ingkang langgêng, teyosopi nêdya anêdahakên, bilih sakathahipun [sakathahi...]

--- 62 ---

[...pun] agami punika rêmbêsan saking kawruhipun para sujanma utawi ingkang sami golong pawong mitra, ingkang samangke taksih sami dados juru panuntuning manungsa.

Bab wontênipun pathokaning piwulang agêng

Para teyosup sami amastani bilih wontên pathokaning piwulang ingkang wiyar, tuwin pathokaning kawruh kasampurnan, kawignyan tuwin akasa, ingkang dados watonipun samukawis, tuwin amot samukawis, ingkang kanyataan wontên ing ngèlmi kasampurnan. Kawignyan tuwin agami ing jaman kina tuwin samangke.

Salugunipun piwulang wau kathah iribipun dhatêng ngèlmi kasampurnan tuwin dhatêng kawignyan tinimbang dhatêng agami, awit dede piwulang ingkang amêrdi supados tiyang anganggêp, mawi anggantungi ukuman naraka utawi sanèsipun dhatêng sintên ingkang botên purun nganggêp. Kadosdene tindakipun sawarnining agami.

Inggih lêrês pathokaning piwulang wau kenging kaanggêp agami, manawi ingkang winastan agami punika, têgêsipun kawêngkuning agêsang dhatêng cipta ingkang mulya, ananging piwulangipun kêdah kenging kanyatakakên. Botên amung misesa manawi tiyang nyujanani utawi mukiri dhatêng agami lajêng kawastanan anyênyerongi kasucian, sadhengah tiyang ingkang angudi,

--- 63 ---

botên badhe maibên bilih kala kina wontên pathokaning piwulang linuhung, ingkang turun-tumurun dumugi samangke.

Pangandikanipun Kangjêng Nabi Ngisa dhatêng sakabatipun makatên. Kowe iku wus padha kaparingan sumurup marang wêwadining karatoning Allah, dene wong kang ana ing jaba, kabèh padha kudu ginawèkake pasêmon. (Anggitanipun Markus bab kaping 4, ayat 11).

Karsanipun Kangjêng Nabi Ngisa, ngandika makatên punika aparing pitêdah, bilih manungsa punika sami kawênangakên nyumêrêpi wêwadosipun dumadosing jagad (karatoning Allah), anggêripun purun kangelan angudi dhatêng wêwados wau, ananging tiyang ingkang kathah-kathah, ingkang taksih tidha-tidha ing budi punika anggènipun kaparingan kawruh kalayan pasêmon. Supados sami pirsa dhatêng Gusti Allah tuwin karsanipun.

Teyosopi ingkang wênang ngêbèki dhatêng kawicaksanan winados. Inggih pathokaning piwulang linuhung wau, dene anggènipun teyosopi wau anggadhahi rajabrana ingkang linangkung punika, manawi winêwahan kalayan angsal-angsalaning titi pariksanipun para waskitha, tuwin para wicaksana, kayêktèn saking pintên-pintên pratôndha ingkang botên kenging dipun pabêni dene kawicaksanan wau samangke tuwin kala kina-kinanipun dumunung wontên pakêmpalaning pasadherekan,

--- 64 ---

ingkang warganipun samangke taksih sami sugêng, inggih punika ingkang sinêbut para adhèp, para arhat, para nabi, tuwin para mahatma, ingkang kamindhakaning rohipun sampun dumunung ing tataran kang luhur angungkuli tiyang ingkang kathah-kathah, mênggah têmênipun ingkang makatên wau kenging kanyatakakên.