Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kawruh Teyosopi, Leadbeater, 1934, #996 (Hlm. 064-135)

Katalog:Kawruh Teyosopi, Leadbeater, 1934, #996
Sambung:
1.Kawruh Teyosopi, Leadbeater, 1934, #996 (Hlm. 001-064). Agama dan Kepercayaan | Kebatinan dan Mistik #833.
2.Kawruh Teyosopi, Leadbeater, 1934, #996 (Hlm. 064-135). Agama dan Kepercayaan | Kebatinan dan Mistik #834.

Bab wontênipun kamulan ingkang langgêng

Teyosopi amêdharakên bab kawontênanipun ajal kamulaning dhêdhasar ingkang langgêng, ingkang amung kasumêrêpan saking dhêdhasaran tuwin wêwijanganipun. Botên wontên têmbung ingkang kinging kangge nyariyosakên kawontênaning kamulan wau, awit têmbung punika amung kangge ambedakakên kawujudan. Ing môngka kamulan punika kawontênan sadaya, kula matur bêbisik, ingkang winastan ajal kamulan wau inggih punika kang maha yêkti, kang tanpa pungkasan, kang tan kenging kapaibên, ananging têmbung punika botên anggadhahi têgês ingkang sayêktos, para wicaksana amastani sat, têgêsipun ana, punika botên pisan wujud, utawi dede kaanan, amung manawi sampun wiwit gumêlar punika tiyang sawêg sagêt anyêbut punapa-punapa kalayan têmbung, ananging tataranipun ingkang gumêlar wau mratandhani wontênipun ingkang botên gumêlar, dene ingkang gumêlar punika botên langgêng, kenging sirna, mila kêdah wontên ingkang lastantun langgêng.

--- 65 ---

Mênggah wontênipun ingkang langgêng punika kêdah kaanggêp. Sabab manawi botên makatên, saking pundi tuwuhipun kawontênan ing sangalam donya punika, saèstunipun sadaya wau kamotan (kaisèn), dene ingkang minôngka isènipun, wijining sakathahipun dumados, tuwin isènipun sakathahing daya utawi kakuwatan.

Miturut piwulang teyosopi, sajagad pramudita punika gumêlar, sad, ingkang sawadana, paribasanipun tiyang tanah Hindhu makatên: wontên kalamangsanipun nyambut damêl tuwin mangsanipun kèndêl. Mangsanipun gumêlar mangsanipun kukut. Môngsa wêdalipun tuwin tabêtipun napas agêng, sadaya punika ajêg gilir gumantos.

Bab kaindhakan utawi kamajêngan

Amung teyosopi pyambak ingkang sagêt sanjang saking pundi pinangkanipun manungsa, punapa prêluning gêsangipun. Dhatêng pundi purugipun, teyosopi amulang dhatêng kita supados aningalana manahanipun pyambak. Sarta amêrdi nyumêrêpi wêwatêkanipun piyambak, inggih punika kang sagêt ngicalakên sakathahing pamrih dhatêng kacêkapanipun pyambak, anêdahakên sapintên gênging tanggêlanipun manungsa ing atasing èngêtanipun. Wicantênipun tuwin pandamêlipun, saha ngosikakên panggraitanipun dhatêng kawajiban ingkang lêrês.

--- 66 ---

Teyosopi botên angawisi tiyang angudi utawi atêtakèn. Dene manawi sêpên wangsulan, punika sampun kagalih badhe botên purun nyukani wangsulan, ananging rèhning kula dèrèng sagêt mangrêtos badhe wangsulanipun, mila bokmanawi badhe lêpat panganggèn.

Para tiyang ingkang sampun angsal katrangan pyambak angrumiyini para sadhèrèkipun. Punika botên kacêgah, awit anggènipun angsal katrangan wau sangking purunipun angudi, sangking anggènipun purun anêmpuh dhatêng rêkaos pintên-pintên. Sintên ingkang bêtah sumêngka ngantos sagêt dumugi pucuk, punika botên wontên tiyang ingkang sagêt mêksa akèn mandhap malih, dados kaindhakan utawi kamajêngan punika anggêring ngagêsang.

Wontên pintên-pintên suksma, manungsa sajati utawi jiwa ingkang rikat majêngipun. Inggih punika para tiyang ingkang rêmên damêl kasaenan, para guru tuwin para guru agêng.

Sadaya manungsa wêwênangipun sami, sami wênang angudi kaindhakan, sarta kêdah nanggêl dhatêng èngêtan tuwin pandamêlanipun piyambak. Dene teyosopi ingkang murih sampurnanipun. Sarta anêdahakên margi supados sagêdipun kalampahan pamurihipun wau.

Piwulang teyosopi kathah ingkang sulaya kalihan sasêrêpanipun [sasê...]

--- 67 ---

[...rêpanipun] agami ing jaman samangke, ananging teyosopi botên anêdya nyirnakakên agami, sayêktosipun botên wontên tiyang ingkang kapurih bucal ingkang lami, sadèrèngipun inatianiti. pariksa ingkang inggal sarta pinanggih langkung prayogi.

Sarèhning teyosopi punika amot gumêlênging gêsangipun manungsa, ngiras minôngka pathokaning ngèlmi kasampurnan tuwin kawignyan. Mila sangking wiyaripun teyosopi wau ngantos tiyang ingkang sumêdya anggarap, sagêdipun amung nyariyosakên gumêlaripun ingkang jawi piyambak.

Mênggah ingkang kawulangakên teyosopi kados ing ngandhap punika.

1. Bab gumêlaring jagat. 2. Bab manungsa miwah gadhanganipun. 3. Bab wajib ingkang kêdah linampahan manungsa.

Bab gumêlaripun jagat

Panganggêpipun teyosopi gumêlaring jagad punika saking lêbêt wêdaling napasipun gêsang langgêng.

Sadaya kodrat punika kawistara anggadhahi ebah ingkang ajêg. Manawi kula nyatitèkakên dhatêng sawarnining kumêlip ingkang wujudipun asor, mangandhap ngantos dumugi kewan alit-alit, ingkang kenging dipun tingali amung sarana mikroskup. [mi...]

--- 68 ---

[...kroskup.] Manawi kewan alitatalit-alit. wau kula waspadakakên, ing ngriku badhe sagêt pirsa lêbêt wêdaling napas saha ebahipun ingkang ajêg. Ingkang dados peranganipun wujud ingkang asor wau, ing sangalam donya punika tiyang sagêt nyatitèkakên dhatêng ebahipun ingkang ajêg, ing pundi-pundia panggenan tiyang pirsa ebah, minggah mandhap utawi mêlar mingkus. Pasang tuwin surud. Ing mangke teyosopi amulangakên, bilih katêtêg ingkang ajêg, ingkang gêtêr wontên bageyan ingkang alit, alit punika ugi kumêjot ing sajagat rat gumêlêng dados satunggal.

Sadaya ingkang sipat gêsang punika botên kenging kanamakakên gêsang agêng ingkang langgêng, awit satunggal-tungaling gêsang punika amung babaranipun gêsang langgêng, dene gêsang langgêng inggih punika wêtahipun sadaya, tuwin malih gêsang wau botên kenging kawastanan budi, awit budi punika amung sajêjêring gêsang, dene gêsang langgêng inggih punika wujudipun sadaya.

Tiyang amung sagêt anyidhêm dhatêng kawontênanipun ingkang botên kenging dipun jajagi wau, sarta amung kêdah nungkul salêbêting batos. Awit sintên ingkang ngangkah mêdharakên bab punika saèstu tanpa uwas.

Dados gêsang langgêng ingkang kawêdharakên salah satunggal ambabarakên dados gêsang kita, punika ingkang anuwuhakên jagad.

--- 69 ---

Ing sangalam donya punika wontên pathokan kados ing ngandhap punika.

Wontên jêjêring kawontênan pêpitu, ingkang ing jawi awarni roh suci, ing nglêbêt awarni jasmani kang rêsik. Dene sadaya jinis tuwin maujud, ingkang kadunungan gêsang punika sami sumarambah ing saantawisipun roh kalihan jasmani wau, satunggal-tunggaling kawontênan wau maedahi tumrap ingkang badhe ngangge ngantos satêlasipun, satunggal-tunggaling badan kangge tumrap ing wêwêngkon ing pundi-pundi kanggenipun gêsang.

Ing sadaya kodrat ingkang gumêlar punika wontên wicalan mitu-mitu, kados ta warnining cahya wontên pitu, larasing gôngsa wontên pitu (oktaaf) tuwin sanès-sanèsipun.

Bab alaming kodrat

Manawi tiyang sampun kalampahan anyakêp jêjêring èngêtan kados makatên wau, saèstu badhe saya langkung têrang sasêrêpanipun dhatêng ing atasing panyipta bab sawarnining maujud ingkang sami gêsang wontên ing alamipun pyambak-pyambak. Ingkang jumbuh kalihan kawontênaning jasadipun. Makatên ugi badhe sagêt sinau nyumêrêpi kawontênan, ingkang beda kalihan kawontênan ing dunya punika, tuwin badhe sagêd anyipta, bilih satunggal-tunggaling tataranipun kawontênan punika pancèn [pa...]

--- 70 ---

[...ncèn] tumrap dhatêng saubênging wawêngkonipun. Sarta satunggal-tunggaling maujud, punika sami anggadhahi rumaos, ingkang prayogi tumrap ing kawontênan ingkang dipun dunungi, punapa malih kula sadaya badhe mangêrtos, bilih wontên maujud sanès-sanèsipun, ingkang sami gêsang wontên ing alam sanès-sanèsipun ngalam donya punika, kadosdene manungsa ingkang sami gêsang wontên ing donya punika, tuwin malih tiyang badhe têrang sumêrêpipun. Sabab punapa bôngsa alus ingkang langkung sangking manungsa wau têka inggih botên lôngka wontênipun. Tuwin ing atasipun bôngsa alus wau sadaya-sadayasadaya. punika sami nyata kadosdene gêsang kita tumrapipun ing kita, ananging wontên ing alam sanès. Sarta sampun minggah dumugi ing tataran sanès.

Dados jagad punika kenging kawastanan satunggaling gêsang agêng, ingkang sumarambah ing tataraning kaindhakan pêpitu.

Bab cêcalon utawi kamulaning manungsa

Manungsa punika gambaring jagat ingkang kaalitakên. Dados sanyataning wujud ingkang mindhak-mindhak kasampurnanipun, punika kacêtha wontên salêbêting guwagarbanipun piyambak, manungsa wau ugi kadosdene jagat, sami sap pitu, satunggal-tunggaling cêcalon utawi kamulaning manungsa cocog kalihan cêcalon utawi kamulaning jagat.

--- 71 ---

Kamulaning manungsa ingkang ôngka pitu, inggih ingkang luhur pyambak. Punika kenging kaupamèkakên palêtiking cahyanipun roh kang agung, inggih punika sanyataning gêsangipun jagad ingkang dumunung ing manungsa, upami gêsangipun roh kang agêng wau latu, palêtiking latu wau ingkang mrangangah salêbêting manungsa, inggih punika kakêtêgipun gêsang langgêng.

Rohing manungsa punika tumpakaning roh kang agung wau, saha gandhèng kalihan palêtiking latu kang langgêng tuwin kalihan budi luhur ingkang dumunung ing manungsa, ngêmpalipun dados trimurti, inggih manungsa sajati ingkang langgêng botên pêjah-pêjah.

Dene dumunungipun manungsa sajati wontên ing badan jasmani, utawi kewani punika babaripun kamulan rangkêp sakawan, kêmpalipun badan kewani kalihan manungsa sajati, inggih punika kadadosanipun manungsa.

Mênggah gêsangipun manungsa wontên ing bumi punika, prêlunipun botên liya supados ngangkah angindhakakên sampurnanipun tuwin nyumêrêpi kamulanipun têtiga ingkang winastan manas luhur, tuwin trimurti, dene kamulanipun ingkang sakawan, inggih punika manas asor, ingkang kagolong dhatêng bumi, kêdah kinawonakên sarta kawasesa, dados indhaking kasampurnanipun manungsa sajati punika gumantung wontên tiyangipun pyambak.

--- 72 ---

Manawi manungsa sagêt ngalih saking alam ingkang dipun dunungi, dhatêng alam ingkang ôngka gangsal. Inggih punika panggenan anggènipun roh anyambut damêl wontên salêbêting wawêngkonipun pyambak. Tuwin gêsang angangge gêsangipun piyambak, saèstu badhe karaos, bilih punapa ingkang ing bumi ngriki kawastanan alus, ing ngriku kawastanan wadhag. Sabab wadhag utawi kasaripun ing ngriku botên sami kalihan kasaripun ing ngriki, sarta punapa ingkang sagêd katingal tuwin kapirêngan tumrapipun roh punika botên katingal tuwin kapiyarsa tumrap paningal tuwin karnanipun badan wadhag.

Manawi manungsa sampun nyatakakên kawontênan salêbêting wawêngkonipun èngêtan sarta roh sapisan kemawon, sanadyan beda sangêt kalihan punapa ingkang sampun dipun sumêrêpi ing salêbêting wawêngkon gêsangipun padatan ing bumi ngriki, saèstu gêgadhanganing manungsa badhe katungka sanyatanipud,sanyatanipun. gadhangan wau katingal langkung mulya, tinimbang kalihan ingkang sampun kasêbut ing têmbang kidungipun para juru ngarang, tuwin langkung luhur tinimbang kalihan ingkang sampun kapirsanan para nabi.

Manawi manungsa sampun sagêt ngawonakên dhirinipun pribadi, sayêkti dados ratuning kodrat, sami kalihan Pangeranipun ingkang wontên ing suwarga.

--- 73 ---

Bab Manjalma

Tiyang botên sagêd anggayuh kasampurnan amung salêbêting gêsangipun sapisan wontên ing alam donya, nglêngkara kasampurnan kenging ginayuh saumuring tiyang, amurih sagêdipun sampurna kêdah pintên-pintên rambahan anggènipun tumitah, dene gêsangipun wontên ing bumi botên sagêt sapisan punika, ananging sampun botên kantênan laminipun anggèning marsudi kawignyan kala gêsangipun rumiyin. Mênggah kasagêdan ingkang sampun kadarbe, tuwin kalangkungan ingkang sampun karêgêm, punapa malih daya ingkang sampun dados kasênênganipun, punika kenging kaupamèkakên, boyongan anggènipun angsal saking ungguling yudanipun. Sadaya punika kinging kangge nitik kadospundi lêlampahanipun kala rumiyin. Dados botên angmungamung. sapisan punika anggèning gêsang wontên ing donya, ananging sampun rambah-rambah sabên sagêt tumitah angudi kawruh malih, upami kapemutan wontên ing sêrat. Lêlampahaning gêsang wau kados anyêrat wêwahing cariyos wontên iing. buku wau, ingkang wasananipun badhe sagêt amaos pyambak.

Bab Karma

Ingkang punika mila manungsa kalairakên malih sarujuk kalihan ingkang sampun kalampahan. Inggih punika têmahaning pandamêlipun [panda...]

--- 74 ---

[...mêlipun] pyambak. Dados kita pyambak ingkang andhapur kawontênan kita samangke punika.

Mênggah anggêr-anggêr makatên wau winastan anggêr-anggêr ingkang sumarambah ing akathah, ingkang anjumbuhakên panggêsanganipun satunggal-tunggaling manungsa kalihan angsal-angsalanipun kala gêsangipun rumiyin. Satunggal-tunggaling manungsa kalairakên malih kados kawontênanipun ingkang sampun kasadhiyakakên pyambak.

Bab Labuh

Sadaya manungsa sami kadunungan wajib kêdah tulung-tinulung amurih dumugi ing kasampurnan. Botên wontên tiyang ingkang sagêd damêl piyambak. Makatên ugi munduripun tiyang satunggal. Punika adamêl munduripun ingkang taksih kantun. Botên wontên tiyang sagêt bêgja sayêktos, manawi taksih wontên tiyang satunggal ingkang nandhang sangsara, botên wontên tiyang sagêt angsal kawilujêngan sangking pangangkahipun pyambak. Manawi sadhèrèkipun sasamining manungsa botên tumut angsal kanugrahan wau, pramila bêbahan pandamêlan kita inggih punika anggarap kawilujênganipun ing akathah, dene wujudipun pandamêlan kita inggih punika angrampungakên kuwajibanipun sadaya tiyang bab ing atasing kabêtahanipun sadaya, sarta jalaran saking anindakakên tuwin anglabuhi dhatêng kuwajiban [kuwajiba...]

--- 75 ---

[...n] wau saèstu kula sadaya badhe pinarêng anunggil kalihan gêsang kang luhur.

Bab Pasadherekan

Kita kêdah tansah angèngêti, bilih kula sadaya punika dados sagolonganing pasadherekan. Kula kêdah sampun amung manah dhatêng badan piyambak, punapa ingkang dipun tampèni kaanggea kawilujênganipun ing sanès. Supados sadhèrèk kula sêsamining manungsa tumut angraos sagêsangan sami kalihan kula, kita kêdah angangge kawruh kita kadamêl mulang ingkang sami dèrèng mangêrtos, kêdah asuka pangajaran ingkang prayogi, kangge mitulungi tiyang ingkang taksih kacingkrangan pangajaran. Supados para sadhèrèk kita sagêt mindhak kasampurnanipun. Supados sagêd sami kalihan kita, bilih sadaya punika sampun kalampahan, punika sawêg badhe dudugidumugi. ing môngsa anggèn kita anggêpok dhêdhasaring gêsang enggal. Tuwin anggèn kita malêbêt ing alam enggal, ananging sadaya punika kalampahanipun sêsarêngan.

Bab para Guru

Para sujanma ingkang wontên ing ngajêng kêdah angêntosi ingkang taksih kantun. Sarta punapa botên sampun têtela, bilih para sujanma ingkang wontên ingkang ngajêng kêdah anglampahi

--- 76 ---

sakathahing rêkaos amulang dhatêng ingkang taksih kantun. Supados sagêt inggal mindhak sampurnanipun tuwin para sadhèrèk wau tumuntên malêbêt dhatêng panggêsangan anggal.enggal. Ingkang ginadhangakên dhatêng madung sêsampuning gêsangipun samangke punika.

Ing wasana kula sadaya badhe sami sêsarêngan mènèk ing andhaning manungsa, ingkang sukunipun tumumpang wontên ing êndhutanipun gêsang kewani, dene untu ôndha ingkang nginggil pyambak silêm ing salêbêting cahyanipun gêsang langgêng, samangke kula sadaya sampun sami mancik ing ôndha wau, ananging sami botên sagêt anglajêngakên mènèk, manawi kula botên sagêt ambêta sadhèrèk kula sarta angangge kakuwatan tuwin daya kula kadamêl mitulungi kaapêsanipun. Tuwin kadamêl nyantosakakên kapintênipunkapintênipun = kapiranipun. Kapiran = tidak terurus. sadhèrèk kula wau.

Bab Teyosopi

Miturut ingkang kasêbut ing nginggil wau, dados kadosa punapa kemawon rikatipun anggèning nindakakên pathokan ingkang agêng punika, ewasamantên ing jêngandika kêdah angyêktosana bilih teyosopi punika amot piwulang ingkang sakêlangkung kathah, mila ingkang sami sinau urup sangêt kangelan kalihan pituwasipun.

Teyosopi punika botên ngêmungakên agami thok,

--- 77 ---

kawruh kasampurnan thok, utawi kawignyan thok, ananging katiga pisan punika kêmpalipun dadosa teyosopi.

Botên wontên agami ingkang sanyata, manawi botên mantala dipun lèlèr sarana pamariksanipun kawignyan tuwin kasampurnan. Tuwin botên sagêt anêdahakên margi ingkang lêrês, ingkang nguntapakên manungsa dhatêng kamulyan ingkang linuhung.

Ngantos dumugi samangke anggènipun tiyang angsal agami punika sampun tumimbal sangking tiyang sanès. Liripun. Anggèning tampi wau sabên-sabên amung saking mirêng sanjangipun tiyang botên wontên tiyang ingkang angsal pasêksèning kajatèn, sarta nglêngkara tiyang sagêt ngupados pasêksèning kajatèn ingkang kawêdharakên dening agami.

Tiyang sagêt angsal teyosopi utawi agami kawicaksanan saking tukipun. Amargi ingkang sami parentah para linangkung, liripun makatên, kajatènipun teyosopi punika kenging kalèlèr saking titi pariksanipun ingkang sami nyêpêng parentah pyambak.

Mênggah sagêdipun tiyang angsal kajatèn ingkang kawulangakên dening agami punika manawi sampun pêjah, dene kajatèn ingkang kacariyosakên dening teyosopi tiyang sagêt angsal salêbêting gêsangipun punika, sok anggêr ajêng sarta purun anyatakakên.

--- 78 ---

Sakathah-kathahipun teyosopi punika langkung luhur tinimbang agami, sabab agami anggantungakên ingkang dèrèng tinamtu, dèrèng nate wontên tiyang ingkang sampun nyumêrêpi tuwin anggêlarakên ingkang ginantungakên agami, dene teyosopi kados limrahipun kawruh ingkang nyata, upami kawêdala wicantênipun makatên. Manawi sampeyan kapengin badhe sumêrêp punapa-punapa sangking kula suwawi. Sok anggêr sampeyan purun rêkaos.

Piwulang teyosopi punika cêlak kalihan kawignyan. Sintên ingkang rêmên kawignyan sagêd ngindhakakên sêsêrêpanipun sangking marsudi kawruh teyosopi, dene kawontênanipun agami samangke amung anggêlarakên piwulang ingkang sulaya kêlayan titi pariksanipun, tiyang ali kasagêdan. Sampun lêrês kemawon tiyang ingkang sagêt anêdha tôndha yêktinipun agami, awit pakènipun agami amung kapurih ngandêl thok, mila tumrapipun tiyang ingkang sampun alus budinipun têtela bilih agami punika dèrèng nyêkapi, sarta botên sagêt amardekakanênamardekakakên. tôndha kayêktosanipun.

Sakathahing agami punika sajatosipun sami piwulang, ingkang kawarahakên dhatêng manungsa kala kina, nalikanipun manungsa dèrèng kathah kasagêdanipun. Dados kala samantên para

--- 79 ---

tiyang prasasat taksih lare, ananging sarêng samangke sampun diwasa, ingkang sampun mindhak budinipun lajêng nêdha tôndha yêktinipun kajatèn ingkang katampèn kala taksih lare, punika nalaripun anggèning agami botên sagêd adamêl lêganipun tiyang, ing môngka tiyang tansah ngudi dhatêng kajatèn. Sabab wontên osiking manahipun ingkang ananjangi, bilih piyambakipun sagêt angsal ingkang langkung prayogi, osiking manah makatên punika ingkang tansah ngajak angudi dhatêng kêkêran.

Pramila ing mangke inggih teyosopi punika ingkang minôngka tôndha yêktining kajatènipun sakathahing agami, dados inggih agami ingkang tumrap dhatêng tiyang sêpuh ingkang ali kasagêdan.

Sarèhning kala rumiyin anggènipun mulangakên agami dhatêng tiyang ingkang taksih lare kadhapur cariyos. Pasêmon, parentah tuwin awisan. Mila samangke anggènipun nyariyosakên dhatêng tiyang ingkang sampun matêng kadhapur kasagêdan utawi kagunan.

Kala rumiyin nalika budinipun manungsa taksih dèrèng sampurna kangge nyumêrêpi kajatènipun ingkang sanyata, sumêrêpipun kajatèn ingkang dumunung ing agami sawêg ulês utawi blêbêdipun kemawon. Samangke teyosopi ingkang

--- 80 ---

mudhari blêbêdipun kajatèn supados katingala dening manungsa, manut sapintên kawawanipun ana-anakên kengising kajatèn.

Manawi panyinaonipun agami katindakakên dening teyosopi, punika badhe adamêl karaos tuwin pirsanipun manungsa dhatêng kajatènipun agami, sabab teyosopi punika awaton pathokaning kawignyan tuwin waton kajatèn.

Pasêmon, upami tuwin sanepa, ingkang minôngka pangêkêripun kajatèn, punika teyosopi ingkang badhe anelakakên tuwin anggênahakên.

Sanadyan agami, ngèlmi kasampurnan tuwin kagunan, punika upami lare sami anunggil êmbok, aluran saking pancêr satunggal. Ewasamantên katingalipun sami botên cocog. Dene anggènipun katingal sami botên cocog punika amargi tiyang sami botên pirsa sambêtanipun.

Amung teyosopi pyambak ingkang sagêt ngêmpalakên malih perang-perangan wau sabab teyosopi punika êmbok ingkang nglairakên anak têtiga wau, mila amung panggulang tuwin titi pariksanipun teyosopi ingkang êsah, ingkang badhe anêtêpakên sanyatanipun ingkang kasêbut ing nginggil wau.

Sintên ingkang kapengin sumêdya anglèlèr kajatènipun teyosopi, [te...]

--- 81 ---

[...yosopi,] kêdah wêkêl sangêt anggènipun sinau, awit amung sinau ingkang asuka dêdamêl anggèning kita mariksa kalihan titi.

12. Kawruh bab agami warni-warni

Para sadhèrèk, sarèhning kita ngakên botên anampik dhatêng sadhengah agami, mila langkung prayogi kita sinau nyumêrêpi sawarnining piwulang utawi waton-watonipun agami, prêlunipun supados kita sami kadunungan manah momot. Tuwin wiyar pamêngkunipun dhatêng sadaya tiyang ingkang botên tunggil agami.

Mênggah ingkang badhe kula wêdharakên punika amung mêthik saking sêrat-sêrat teyosopi, mawi kula wêwahi sawatawis. Ingkang kula kintên badhe anambahi têrangipun.

Miturut sêsorahipun nyonyah Liliyan, Etgêr, ingkang kawêdharakên wontên ing Adiyar, tanah Hindhu, mênggah mangrêtosipun ingkang winastan agami punika, sakartining kawasanipun Gusti Allah ingkang anartani ing alam donya sadaya, dene gumêlaring sadaya kodrat, inggih punika wahananipun kawasa wau.

Ing mangke kawiwitan saking kawujudaning gêsang ingkang asor pyambak. Ingkang dumunung wontên salêbêting sela sapanunggilanipun. Ingkang bôngsa atos, satunggaling maujud punika

--- 82 ---

sami anggadhahi anggêr-anggêr pyambak. Ingkang dipun anut dhatêng bageyan alit-alit, anggèning badhe andamêl wangunipun wujud wau, kados ta gêndhis batu, punika anggènipun katingal pêpingulan, pancèn sadèrèngipun dumados sampun wontên cithakanipun ingkang botên katingal. Cithakan wau ingkang dipun ênut dhatêng tètès anggènipun andamêl wangun kados wujuding gêndhis wau, dados samangke kula sami nyumêrêpi, pakartining kawasanipun Gusti Allah ingkang dumunung tarung wontên sadaya kodrat. Upami kawasaning Gusti Allah wau botên dumunung wontên satunggaling maujud ingkang katingalipun tanpa nyawa, kenging punapa dumadosipun wujud wau wangunipun dadak mawi manut cithakan. Lah punika gumêlaring kamulanipun utawi kawasanipun Pangeran wontên ing rêrupèn ingkang asor, ingkang kangge paugêranipun ing alam sadaya.

Ing mangke bab kawontênanipun têtuwuhan, wangunipun saya warni-warni, pirantosipun saya langkung alus. Dados nelakakên bilih kawasaning Pangeran ingkang dumunung têtuwuhan punika saya mardika tuwin saya langkung sampurna, kados ta, ingkang bôngsa lung-lungan, punika sami anggadhahi gragèh, gragèh wau prêlunipun kangge anggubêt manawi badhe mrambat, kadosdene gujêngan, dados gêsang ingkang dumunung wontên ing têtuwuhan punika katingal kados sampun anggadhahi

--- 83 ---

osik, butuh angangge gragèh kangge gondhelan anggènipun marambat, makatên salajêngipun anggèning mindhak-mindhak.

Bab gêsangipun khewan, punika sampun mindhak sampurna tinimbang têtuwuhan. Amargi kewan sampun anggadhahi pirantos ingkang langkung alus, ingkang kenging kangge aningali anggônda amirêngakên tuwin angraosakên. Sampun sagêt angebahakên badanipun. Sagêd alihan panggenan saking kajêngipun pyambak. Lami-lami saya mindhak sampurnanipun utawi kasagêdanipun, ngantos khewan ingkang sampun linangkung kados ta, sagawon, kêthèk, gajah sapanunggilanipun, kenging dipun ajar kados tataning manungsa.

Dene manungsa punika sami-sami titahing Pangeran, pirantosipun sampun langkung alus, tuwin langkung pêpak tinimbang kewan. Ewasamantên kala taksih anèmipun ugi dèrèng pirsa awon kalihan sae, lêrês kalihan lêpat.

Mênggah ingkang winastan sae punika, samukawis ingkang nocogi kalihan karsanipun Gusti Allah, inggih samukawis ingkang ngindhakakên kamajênganipun jiwa, ingkang mêwahi santosaning wêwatêkanipun manungsa ingkang luhur, tuwin anggêgulang sarta anêlukakên wêwatêkanipun ingkang asor, dene ingkang winastan asor punika, ingkang angrandhatatênangrandhatakên. kaindhakan,

--- 84 ---

ingkang angundurakên jiwa dhatêngna tataran kang asor, sasampuning jiwa wau sinau piwulang tuwin samukawis ingkang murugakên wêwatêkan kang asor amarentah utawi angêrèh dhatêng wêwatêkan ingkang luhur, wêkasan manungsanipun lajêng malorot sami kalihan kewan. Ing môngka lêrêsipun kêdah mindhak sampurnanipun ngantos sagêt, nunggil kalihan, Gusti Alla.Allah.

Ing sadèrèngipun manungsa sagêt pirsa punapa ingkang winastan sae, kêdah sinau rumiyin dhatêng anggêr-anggêring agêsang, dene anggènipun sinau wau amung sarana anuruti pêpenginanipun dhatêng barang kadonyan punika, sarana anggrayang barang ingkang dipun pengini, lajêng kasinau sarana kacobi raosipun lêgi punapa pait, utawi punapa kanikmatanipun runtut kalihan anggêring kodrat, punapa anêrak dhatêng anggêr-anggêring kodrat, mênggah tuladhanipun makatên, tiyang ingkang kêdah nêdha tatêdhan kang eca, punika anggènipun sinau nyumêrêpi dhatêng anggêr-anggêring kodrat ingkang dumunung ing têtêdhan wau saking mirsa kadadosaning panêdhanipun, kados ta kala nêdha ingkang kawitan, luwenipun lajêng mantun, raosipun marêm, punika amung nuwuhakên pamanggih bab kanikmatanipun tiyang nêdha, sabab lêkasipun rujuk kalihan anggêr-anggêring kodrat, sanèsipun dintên kapengin angindhakakên kanikmatanipun, panêdhanipun dipun kathahi, wêkasan padharanipun kamlêkarên,

--- 85 ---

awit nêrak anggêr-anggêring kodrat, ingkang makatên punika ambingungakên èngêtanipun. Lajêng tuwuh pangudaraosing manahipun makatên, lo kapriye, wong niyatku golèk wuwuhe nikmatku, kok olèh-olèhane malah dadi ora kapenak mênyang awak. Ah bokmanawa lagi durung kabênêran bae. Sasampunipun makatên lajêng dipun ambali malih kapenginanipun angladuki nikmat. Ananging sabên-sabên angsal-angsalanipun anjalari sakit utawi botên sakeca, ing wasana lajêng sinau ngulinakakên dhatêng samadya, têgêsipun solahing badanipun kasinau murih rujukipun kalihan anggêr-anggêring bôngsa wadhag. Awit piyambaktipunpiyambakipun. lajêng gadhah pamanggih bilih wontên nalar ingkang andamêl kasusahanipun wau, sarta piyambakipun botên sagêt amisesa ing sakajêng-kajêng, sarta lajêng mirsa bilih sakecanipun badan punika sagêdipun mêsthi amung saking angèngêti dhatêng samadya.

Amargi saking punika anggènipun manungsa sagêt pirsa awon kalihan sae, tuwin lajêng sagêt amilih ingkang pakantuk. Anampik ingkang botên pikantuk. Wêkasan lajêng sagêd angangkah murih saya cêlak dhatêng Gusti Allah, ananging manawi lêpat pamilihipun, manungsa sagêd dhawah dados asor, sagêd mundur sami kalihan kewan, awit salêbêting manungsa wontên anasir ingkang pakartinipun sagêd rujuk utawi sagêd anêrak [anê...]

--- 86 ---

[...rak] anggêr-anggêr, inggih punika wêwatêkan ingkang luhur tuwin wêwatêkan ingkang asor, dene salêbêting tuwuhan bontênbotên wontên. ingkang sagêd angalangi dhatêng anggêr-anggêr.

Ing salami-lami manungsa saya mindhak sampurna ngantos sagêt angrujukakên kêkajênganipun kalihan karsaning Gusti Allah, lajêng dados bêbantu utawi kanthinipun Gusti Allah, anggènipun angêrèh ing sajagad pramudita, inggih punika sujanma ingkang sampun minulya, sakathahing sujanma ingkang sampun minulya utawi sampun linuhung wau lajêng sami iyasa pranatan utawi piwulang pyambak-pyambak, ingkang amurih rujuking kêkajênganipun manungsa kalihan karsanipun Gusti Allah, piwulang utawi pranatanipun wau ingkang sami kula wastani agami.

Ing mangke kula badhe miwiti nyariyosakên bab agami, para sadhèrèk sampun sami pirsa, bilih ing donya punika wontên pintên-pintên agami, ingkang beda-beda pranatan utawi piwulangipun. Satunggal-tunggaling bôngsa sampun mêsthi amastani bilih agaminipun pyambak punika ingkang sae tuwin ingkang lêrês. Dene agaminipun bôngsa sanès ingkang botên tunggil, punika winastan botên sae tuwin botên lêrês, anggènipun angintên bilih agaminipun ingkang langkung sae wau adat botên saking sampun nate anandhingakên. Utawi sampun nate aniti dhatêng agami sanès. [sa...]

--- 87 ---

[...nès.] Namung kabêta sangking sampun rêmên dhatêng agaminipun pyambak, amargi sampun lami anggènipun anglampahi, kaladuking rêmên punika ingkang asring anuwuhakên manah ingkang botên adil. Wêkasan kirang titi pariksanipun dhatêng ingkang botên dipun rêmêni.

Satunggal-tunggaling agami punika limrahipun sami anggadhah, i,anggadhahi. pranatan utawi piwulang lair, tatêmbunganipun teyosopi, eksotêris, manawi kula botên lêpat. Yèn ing agami Islam, dipun wastani sarengat. Tuwin anggadhahi piwulang batin. Teyosopi amastani esotèris. Yèn agami Islam saminipun, bokmanawi makripat. Milanipun sarengating satunggal-tunggaling agami punika beda-beda, awit kacariyos anggènipun yasa kacundhukakên kalihan kawontênaning bôngsa, adat utawi utawi cara tuwin tanahipun tiyang ingkang angidhêp agami wau, paribasanipun Jawi, nagara mawa tata, desa mawa cara, kados ta tatanipun nagari Surakarta, beda kalihan tatanipun nagari Ngayogyakarta, caranipun tanah Sokawati, beda kalihan caranipun tanah Pajang.

Upami tiyang ing Surakarta amastani bilih tataning nagarinipun punika ingkang sae, tuwin ingkang lêrês, dene tatanipun nagari Ngayogyakarta, botên sae utawi botên [bo...]

--- 88 ---

[...tên] lêrês, saking pamanggih kula pangintênipun wau kalintu, inggih lêrês pranatanipun nagari Surakarta sae, ananging tumrapipun nagari Surakarta pyambak. Dene pranatanipun nagari Ngayogyakarta sanadyan beda kalayan pranatan ing Surakarta ewadene inggih sae tumrapipun ing nagari Ngayogyakarta pyambak.

Upaminipun malih kados ta, tiyang dhusun amastani bilih anggènipun mêngangge kathokan punika prayogi, awit kangge nyambut damêl cancingan, ananging tiyang nagari amastani tiyang mangangge bêbêdan utawi dododan punika ingkang langkung sae, tuwin pantês kangge mara sowan, sadaya punika sanadyan beda sami prayoginipun. Jalaran sami mêmpan kalihan papanipun, kosokwangsulipun upami tiyang dhusun punika dododan. Saiba ribêdipun manawi garu tuwin maluku, utawi manawi priyantun punika mangangge kathokan kemawon, saiba anggènipun botên pantês. Mila paribasanipun kêdah êmpan papan pakangsalipun.

Manawi anggalih tiyang ing Sokawati sampun beda caranipun kalihan tiyang ing Pajang, tur punika taksih tunggil bôngsa, tunggil nagari tunggil hawa, dados botên anglêngkara upami agaminipun tiyang ing pulo Jawi beda kalihan agaminipun tiyang ing tanah Eropah, ingkang têbih sangêt godhanipun saking

--- 89 ---

ngriki, wêwah mawi kaêlêtan sagantên, botên tunggil boisabôngsa. botên tunggil cara saha botên tunggil hawa, sampun malih agami kêkalih ingkang botên tunggil panutan botêna beda pranatanipun. Sanadyan ingkang tunggil agami ugi asring beda pranatanipun. Kados ta, agami Islam ing tanah Arab. Beda kalihan agami Islam ing tanah Mêsir, agami Kristên ing Ngêrum, beda pranatanipun kalihan agami Kristên Protestan, agami Buda ing tanah Tibèt. Beda kalihan agami Buda ing pulo Selon. Agami Hindhu ing tanah Hindhu, beda kalihan agami Hindhu ing tanah Jawi kala kina.

Ing mangke kados sampun têtela bilih bedaning sarakipun agami wau amung kabêkta sangking kawontênanipun bôngsa, adat tuwin hawanipun tanah ingkang dipun ênggèni bôngsa ingkang ngidhêp dhatêng satunggiling agami, mila pakêmpalan teyosopi botên mawang agaminipun sadaya bôngsa ingkang badhe lumêbêt dados warganipun. Sarta botên kapurih nilar agaminipun supados angidhêp agami sanès. Awit panganggêpipun teyosopi, agami punika sami saenipun, mila botên wontên agaminipun para warga ingkang badhe cinamah, malah sami kapundhi-pundhi utawi sami kaluhurakên sadaya.

--- 90 ---

Miturut ingkang kasorahakên ing nginggil wau, dados agami punika manawi dipun tingali sarakipun beda-beda, ananging manawi dipun tingali piwulangipun batin pikajêngipun cocog, mila para warga sami kaajanan anandhingakên agaminipun pyambak kalihan agami sanès. Punika botên supados kadadosakên satunggal, lajêng kapurih ngidhêp agami warni-warni wau, utawi botên badhe kadamêlakên agami enggal ingkang cêcamboran. Ananging supados agami ingkang beda-beda wau kaklêmpakna lajêng katitia pundi ingkang cocog, sarta pundi ingkang kenging wêwah-winêwahakên.

Ing mangke kula badhe nyariyosakên bab agami Islam. Dene ingkang kangge nocogakên kalihan agami sanès inggih punika kawruh supi utawi tasawuf, tuwin kitab sanèsipun. Satêngahing kaol angintên bilih kawruh supi punika wêwinihing agaminipun bôngsa Arya, dados wontênipun sampun atusan taun sadèrènge miyosipun Kangjêng Nabi Mokhamat. Ananging sarèhning nama supi utawi tasawup wau samangke sampun kangge ing sakathahipun tiyang Islam. Mila bokmanawi prayogi kawruh supi punika kaanggêp piwulangipun batos agami Islam. Miturut cariyosipun [cari...]

--- 91 ---

[...yosipun] tuwan. Mistêr Utwaikupê, kados ing ngandhap punika.

Wujuding alam punika pilah kalihan satunggal-tunggaling kawontênan lair tuwin batin. Dene sawarnining kumêlip ingkang kadunungan budi tuwin botên, punika namung kagolong pêpangkataning maujud, ananging wujuding alam botên sambêt kalihan satunggaling kawontênan. Amyambak, tanpa watêsan, botên ngêbyah botên ningsih, botên nyalênèh, botên limrah, sabab wujuding alam wau satunggal, botên kathah, mênggah sêsipatan tuwin asma punika kagolong dhatêng Allah ingkang kawêdhar, ananging sawingkingipun punika wontên ingkang sanyata, botên kenging katamtokakên wujudipun. Kawontênan punika sinêbut kang namung satunggal, utawi kang êsa, sakathahing nama tuwin sipat utawi watak punika wontênanwatakipun kawontênan. wau, ingkang sinêbut sanyataning sanyata, dene wujud ingkang sanyata punika kawêdhar wontên ing sakathahing rêrupèn ing alam donya, sarêng kang êsa ingkang botên kawêdhar wau kawêdhar lajêng wontên kêkalih, kang tanpa rupa angwontênakên rupa, punika nuntên kawatêsan dening sisihan kang kosokwangsul. Katranganipun sisihan kang kosokwangsul wau wontên kalihan botên wontên.

Kacariyos asmanipun Gusti Allah punika têtiga, ingkang

--- 92 ---

rumiyin sinêbut, ingkang botên kawêdhar, ingkang myambak, wêwinih ingkang suci, ingkang kaping kalih sinêbut, ingkang kawêdhar, kados ta gêsang ingkang sipat utawi watêkipun angungkuli sadaya, ingkang nitahakên, ingkang wêlasan. Dene asmanipun pungkasan sinêbut kang luhur pyambak. Kang piningit. Dados asma têtiga wau cocogipun kalihan ingkang sinêbut ing teyosopi, logos, kang kapisan, kaping kalih, kaping tiga, yên ing kitab Torèt winastan pangandika, dene yèn agami Hindhu saminipun ingkang sinêbut para brahman. Tuwin brahman, yèn agami Soroastêr saminipun ingkang sinêbut jaman tanpa wangênan. Aurasdhah, tuwin, ormus kalihan ahriman. Ingkang badhe kacariyosakên ing wingking.

Salajêngipun wontên piwulangipun tasawuf ingkang kados piwulangipun agami Soroastêr, ingkang mratelakakên bilih manungsa punika pangilonipun utawi ayang-ayanganipun jagad agêng, roh kalihan wadhakipunwadhagipun. alam ingkang ginambar wontên ing manungsa, punika lajêng winastan awon kalihan sae, salêbêting manungsa punika sami kadosdene ing jagad agêng, wontên ingkang sami rêbat panguwasa, dados piwulang tasawuf ugi wontên panyipta bab gathukipun manungsa kalihan jagad agêng, ingkang punika mila wontên piwulang bab jalaranipun [ja...]

--- 93 ---

[...laranipun] kawêdhar kados ingkang kasêbut sêrat Hindhu ingkang winastan upanisad. Tasawuf anyariyosakên wirayatipun tiyang Islam. Kala Nabi Dawut, nyuwun pitakèn dhatêng Gusti Allah, aturipun makatên: Dhuh: Allah kawula, sabab punapa Tuwan anitahakên manungsa. Dhawah wangsulanipun Gusti Allah makatên, Ingsun iki amal kang sinimpên. Karsaningsun dèn wêruhana, marmane Ingsun anitahake jagad. Supaya ingsun bakal kawêruhan, dados karsanipun anitahakên punika supados sami mindhak sampurna, têmbungipun teyosopi kawastanan, epolusi, (evolutie) sarta salêbêting manungsa punika wontên wiji tuwin wawênang, ingkang tamtu kenging kangge nyumêrêpi dhatêng Pangeran, sanadyan wiji tuwin wawênangipun wau botên kasat mata.

Dene rujukipun manungsa kalihan alam. Utawi rujukipun jagad alit kalihan jagad agêng makatên. Ingkang botên katingal, punika kaupamèkakên pangilon. Jagad agêng kaupamèkakên ayang-ayangan salêbêting pangilon, dene manungsa ingkang ngilo, punika kaupamèkakên paningaling Pangeran, ingkang botên katingal. Manungsa paningal ingkang ngilo, dene Pangeran cahyaning paningal wau, salêbêting paningal wau paningaling Gusti Allah, aningali paningalipun pyambak. Jagad punika manungsa, manungsa

--- 94 ---

punika jagad. Botên wontên makna ingkang cêthanipun angungkuli punika, dene manawi tiyang angudi wêwadosipun, ngantos judhêg. Ing ngriku sanalika wau Pangeran aningali inggih netra ingkang andulu, inggih barang ingkang dinulu.

Pêthikan saking kitab Mirajulngasik ungêlipun makatên.

Angandika wong kang wus wêruh ing rasaning pati sadurunge mati, mungguh karsane wus ora ana, angên-angên wus ora ana, napas wus ora ana, ati wus ora ana, panyanane wus ora ana, rahsane wus ora ana, nyawane ora ana, jasade ora ana, pungkas-pungkasane Pangerane uga ora ana.

Anadene bab tokid, iya kang bisa tunggal ing Allah, utawa paningale wong ahli Tokid, ora arah ora wangênan, ora pisah ora kumpul, têgêse tingal siji, kang wus kabuka aling-alinge, têgêse wus tunggal ing Pangeran.

Ingkang kasêbut kitab Mirajulngasik wau wontên cocoganipun kalihan agami Budda ingkang badhe kacariyosakên ing wingking.

Mênggah têmbung, nitahake, punika tampènipun bôngsa Eropah pikajêngipun andadosakên utawi angwontênakên saking botên wontên, dados sami sanalika, manawi

--- 95 ---

makatên dados botên kenging karujukakên kalihan pamanggihipun bôngsa Asiyah, bab sasêrêpanipun ingkang katêmbungakên gumêlar sasêlot-sêlotipun. Ananging têgêsipun anitahakên wau kêdah dipun tampèni kados ingkang dados karsanipun ingkang nitahakên. Inggih punika kaindhakanipun barang ingkang katingal ing sasêlot-sêlotipun. Saking ingkang botên katingal. Upami wit pêlêm. Dadosipun agêng inggih saking sakêdhik sasêlot-sêlotipun. Dene asalipun saking pêlok, ananging kala wontên ing pêlok datan katingal wujudipun, botên katingalipun punika botên kenging winastan botên wontên. Ananging kêdah winastan botên kasumêrêpan.

Ing mangke bilih agami Islam wau katingalan saking sarakipun. Kados ingkang sampun ngêbyah kasumêrêpan ing tanah Erophah, saèstu anyudakakên ajinipun. Sarak wau amung mratelakakên sawatawis bab panyipta ingkang luhur, awit ingkang kaprêlokakên pêpuji utawi dêdonga dhatêng Gusti Allah kang amung satunggal. Ingkang amarentah jagat, ugêripun saraking agami Islam kêdah anyêbut makatên. Amung ana Allah siji, dene Kangjêng Nabi Muhkhamat iku nabine. Mênggah ingkang makatên punika sawêg piwulang ingkang nelakakên bab Gusti Allah amung satunggal, dados [da...]

--- 96 ---

[...dos] dèrèng nelakakên satunggal ingkang nartani sadaya.

Agami Islam anganggêp bilih Gusti Allah wontên têtiyanganipun. Katitik saking anggènipun gadhah panyipta dhatêng Gusti Allah satunggal. Ingkang minôngka panutanipun sangalam donya, bilih Gusti Allah punika wontên têtiyanganipun dados inggih kêdah wontên watêsanipun. Manawi makatên dados wontên pasulayanipun kalihan ingkang sinêbut tanpa watêsan, ananging salugunipun ingkang tanpa watêsan punika anunggil kalihan ingkang wontên têtiyanganipun. Mila manawi Gusti Allah punika kacipta wontên têtiyanganipun, dados angasorakên utawi anasarakên alusing panyipta ingkang wêrit, ingkang dados têtalêsing sadaya agami.

Agami Islam ugi wontên titikanipun bilih kirang momot, katôndha saking anggènipun ngangkah nêluk-nêlukakên tiyang sajagad. Sarana ginêbak ing pêrang, kadosdene ingkang sampun kalampahan pintên-pintên atus taun kapêngkêr, supados tiyang sajagad sami gadhaha panyipta kados tiyang Islam. Ingkang makatên punika tumuwuh saking sêrênging manahipun tiyang ingkang botên sumêrêp. Supados sadaya tiyang puruna anganggêp dhatêng agami ingkang sajati, mênggah anggènipun bôngsa kula tiyang Islam rêmên angeslamakên dhatêng tiyang sanès. Punika botên margi saking kirang momot utawi kirang mangrêtos, kemawon. [ke...]

--- 97 ---

[...mawon.] Ananging wontên pikajêngipun ingkang lêbêt tuwin ingkang suci, awit miturut cariyosipun tuwan, Mèrisê, makatên.

Manawi tiyang ngèngêti kalanipun bôngsa Islam anêluk-nêlukakên nagari pundi-pundi, saèstu lajêng karaos bilih sêrênging manahipun senapati tuwin prajuritipun katôndha saking anggènipun nyirnakakên agami ingkang kaanggêp kalèntu, sadaya mêngsahipun Kangjêng Nabi Muhhamat kaanggêp kapir, sabab pangintênipun, tiyang kapir wau sami kadamêl sasêmbahan pyambak ingkang kapindhakakên Gusti Allah, mênggah piandêlipun tiyang Islam, ing bumi ing langit, sanadyan cahya pisan botên wontên ingkang kangge emba-embanipun Gusti Allah, sarta sanadyan manungsa pisan, punika amung kenging kaanggêp minôngka bêkakas utawi pirantosipun Gusti Allah, amargi sangking punika mila tiyang Islam sami angrisak sakathahing candhi-candhi, rêca brahala, angrêbat nagari amêjahi para pandhita utawi imam, sarta tiyangipun nagari sami katawan kangge rencang, dene anak-anakipun sami kadadosakên prajuriting wulan tumingal (prajurit têtawur).

Dados miturut ingkang kasorahakên ing nginggil wau sanadyan ing wulangipun agami Islam anganggêp bilih Gusti Allah punika wontên têtiyanganipun, ewadene taksih angakêni [anga...]

--- 98 ---

[...kêni] bilih manungsa tangèh sagêt nyumêrêpi dhatêng Gusti Allah, mila botên wontên têmbung utawi pêpindhan ingkang kenging kangge nelakakên kawontênanipun Gusti Allah.

Ing mangke kula badhe nyariyosakên agami Hindhu, miturut cariyosipun nyonyah Liliyan Etgêr, agami Hindhu wau amulangakên bab kawontênan ingkang linangkung luhur, tanpa watêsan, tanpa wangênan. Botên sagêt kasumêrêpan, manungsa botên sagêt namtokakên tuwin nyariyosakên kawontênanipun, inggih punika ingkang sinêbut para brahman, ing sêrat-sêrat teyosopi, sinêbut dat. Para braman wau lajêng angwontênakên ingkang sinêbut brahman, inggih punika kawitanipun kawêdhar, wiwitipun tuwin winihipun sadaya ingkang kacêtha kawêdhar dumunung wontên ing brahman. Inggih ingkang anuntuni pambangunipun jagad pramudita, tuwin ingkang angwontênakên para lipika sarta para maharaja, (lipika, punika ingkang nyêpêng sêrat pemutaning karma), dene maharaja, ingkang nindakakên parentahipun lipika ... mênggah ingkang winastan jagad pramudita punika kados ta, surya, côndra, kartika, tuwin bumi, ingkang dipun ênggèni manungsa, dalah alam ingkang botên katingal, pikajêng kula ngangge têmbung wau namung kangge bedakakên kalihan ingkang

--- 99 ---

winastan bumi, dados supados sampun ngantos angrisuhakên panampi.

Miturut kawruh kasampurnan Hindhu, sanajan ingkang sinêbut para braman kalihan brahman, punika wontên bedanipun. Ananging wujudipun amung satunggal, botên wontên pêperangan utawi pêpilihanipun, ingkang beda namung kawontênanipun, dados ingkang sinêbut wujuding alam, utawi ingkang asmanipun sinêbut botên kawêdhar ing agami Islam, punika saminipun para brahman, dene ingkang sinêbut kawêdhar punika saminipun brahman. Kaotipun manawi saratipun agami Islam. Ingkang botên kawêdhar kalihan ingkang kawêdhar punika namung sinêbut satunggal.

Amangsuli cariyos kula ing nginggil, isèn-isènipun pramudita wau ing sasêlot-sêlotipun saya mindhak kathah, tuwin saya amisah, wêkasan sarêng dumuginipun wontên manungsa, punika sawêk wontên ingkang sagêt pirsa dhatêng satunggaling kawontênan ingkang sinêbut Hyang Maha Kawasa, ingkang dados panutanipun kaindhakaning titah ing sawawêngkonipun ingkang sami kasorotan ing surya, inggih punika ingkang cinipta ing manungsa wujuding Hyang Wisesa, utawi, Allah kang maujud. Pikajêngipun ingkang dipun wastani Allah kang maujud punika, inggih ingkang cinipta ing tiyang, kados katingal gawang-gawang wontên ing

--- 100 ---

swarga awujud manungsa, sadaya tiyang sadhengaha agaminipun sami gadhahi cipta kados makatên wau, dados ingkang cinipta wau Allah ingkang kawêdhar, inggih punika brahman, mila ing agami Hindhu wontên ing sinêbut Hyang Maha Kawasa ingkang nitahakên saniskara inggih satunggaling kawontênan utawi wujud. Punika dene ingkang sinêbut para brahman, dene brahman punika ingkang sampun nyêlaki dhatêng pangrêtosipun dhatêng manungsa. Ananging taksih nyamut-nyamut kingingipun dipun gagapi, mênggah kaindhakan warni-warni ing sasêlot-sêlotipun wau kaurut dhatêng sadaya kakuwataning kodrat. Mila tiyang Hindhu lajêng pirsa dhatêng satunggaling kawontênan ingkang osik. Kawêdhar wontên ing sarupinipun ingkang gêsang dalah ingkang rupi asor, dados brahman wau upami surya, sorotipun ingkang majari ing sajagad punika ingkang dados wijining gêsang, ingkang kabungkus wontên sakaliring maujud, sanadyan lêbu ingkang alit sangêt ugi kadunungan soroting brahman, dene brahman wau botên kasumêrêpan, ananging kawêdhar anartani ing sadaya kodrat, inggih punika sadhasar utawi watonipun agami Hindhu tuwin agami sanès-sanèsipun.

Dhêdhasar ingkang kaping kalih, inggih punika cundhukipun manungsa kalihan kamulaning dhêdhasar ingkang kawitan wau, awit ngèlmi kasampurnan Hindhu amulangakên, bilih kawontênanipun manungsa

--- 101 ---

punika sami kemawon kalihan jagad agêng, kados kenging dipun wastani gambaripun utawi wêwayanganipun jagad agêng, kaalitakên. Agami Hindhu ugi mratelakakên kadospundi kawêdharing wiji kamulaning Pangeran wontên ing manungsa, ..., karana saking sinau, saking nindakakên, sangking pambudi, sangking tapa ingkang tansah kawêngku dhatêng anggêr-anggêring karma ing salaminipun tumitah rambah-rambah, punika anggènipun manungsa nunggilakên kodratipun kalihan wiji sangking Pangeran ingkang dumunung wontên salêbêting manungsa wau, ananging ingkang kathah tiyang botên sagêt tampi dhatêng ingkang sinêbut para brahman kalihan brahman. Mila anjalari kisruhing panampi angintên bilih para brahman punika inggih brahman, mila teyosopi ingkang mitulungi nêrangakên bab punika dhatêng bôngsa Eropah.

Asma punika amung sasêbutan, kenging kemawon tiyang Islam anyêbut Gusti Allah, tiyang Kristên anyêbut God, tiyang Hindhu anyêbut para Brahman, tiyang Cina anyêbut Ngao, Soroasêr anyêbut jaman tanpa wangênan, tuwin auramasdhah, ananging ingkang prêlu kêdah pirsa sasêrêpanipun ingkang dipun sêbut, mila ungêlipun kitab makripatutdin makatên.

Angandika Kangjêng Rasullollah, sing sapa nêmbah ing asma, têgêse jênêng, ora wêruh ing têgêse, têmên dadi kapir, sing sapa wonge nêmbah ing makna kang liyane jênênge, têmên dadi

--- 102 ---

kapir munafek. Têgêse jaba bêjikbêcik. ing jro ala, sing sapa nêmbah asma, nêmbah makna, môngka dadi sakuthu, sing sapa wonge kang nyêmbah asma lan nyêmbah makna kalayan têmên wus waspada, iya iku mukmin kang sanyatane.

Sing sapa tinggal ing asma, tinggal ing makna, iku wus waspada ing sakèhing kawaspadan.

Ing mangke kula badhe angrêmbag bab agami Budda, mênggah kamulaning wiji saking Pangeran ingkang kacariyosakên ing agami Hindhu. Punika agami Budda ugi wontên. Sarta agami Budda wau kenging kaanggêp ingkang ngêcakakên agami Hindhu, sabab agami Budda ingkang kaprêlokakên bab prayoginipun lampahing agêsang, ingkang makatên wau sanadyan agami Hindhu ugi wontên, ananging agami Budda ingkang kapêrsudi bab lampahipun. Dene bab kawruh ingkang wêrit kapêngkêrakên. Agami Budda ugi anggadhahi kawruh gaib, ananging botên kadhorèngakên ngantos sampurna, kados bab lampahipun, dene bab lampah punika winangun dados ugêring piwulang kasusilan, ingkang sakêlangkung sae, katôndha saking momotipun langkung saking agami sanès-sanèsipun, ewadene wontên satunggaling pandhita Budda ingkang mratelakakên, bilih nirwana punika kengingipun ginayuh amung saking agami Buda.

--- 103 ---

Mênggah pamanggih makatên punika badhe angrupêkakên agami, sanadyan agami ingkang watêkipun momot kados agami Budda inggih badhe rupêk. Amargi sangking sawênèhing para umatipun sami angakên sae, pramila piwulang teyosopi ingkang badhe têtulung sampun ngantos agami dados rupêk. Sabab teyosopi apratelakakên bilih agami sanès ugi anggadhahi piwulang kados agami Budda, tuwin agami Hindhu, sarta tatêmbungan ingkang anjalari kalintuning tampi punika teyosopi ingkang badhe mangrêtosakên têgêsipun ing batos.

Kula sadaya sami mangrêtos, bilih indhaking kasuksman karana sangking anut lampahing agêsang ingkang tamtu, punika sarananipun sagêd anggayuh kasampurnan. Dene sakathahipun agami ugi wontên titikanipun bilih sami amulangakên bab lampahing agêsang wau, ananging pandhapuring wêwarah beda-beda ... tumrapipun tiyang ingkang botên sagêt nyêkapi dhatêng kawruh ingkang wêrit, punika sambekalanipun manawi anggadhahi pangintên, bilih kasampurnan punika kengingipun ginayuh amung sarana lampah kapandhitan. Ingkang kawarahakên dening agaminipun. Agami KrintênKristên. ugi wontên sambekala kados makatên wau, sarta anjalari anggènipun tiyang Kristên kathah ingkang kirang momot manahipun. Piwulangipun [Piwulangipu...]

--- 104 ---

[...n] agami Kristên ingkang mratelakakên bilih kasampurnan punika kengingipun ginayuh amung sangking Kristus, inggih punika ingkang murugakên kalintuning panampi, angintên bilih botên wontên tiyang sagêd angsal pitulungan. Manawi botên sangking agami Kristên, awit pangintênipun tiyang Kristên ingkang sinêbut Kristus punika amung dumunung wontên Kangjêng Nabi Ngisa, ing môngka salugunipun Kristos punika inggih manastulur, ingkang dumunung ing sadhengah tiyang.

Ing tanah Eropah kathah tiyang ingkang kalintu tampi dhatêng bab agami Hindhu tuwin agami Budda, ingkang ros bab nirwana inggih punika dunungipun ingkang ginayuh ing satunggal-tunggaling tiyang, tiyang Eropah amastani nirwana punika kasirnan babar pindhah, awit wontên ingkang nyariyosakên kadospundi panyiptanipun bôngsa Eropah dhatêng bab nirwana, mênggah cariyosipun makatên ... Manawi pandhita Budda nungku sêmèdi angunandika makatên: Apa kang dak-èsthi, aku ora andulu, ora karungu, ora kagêpok, sarta ora karasa apa-apa, parandene aku wêruh saka rasaku: utawi yèn angunandika piyambak makatên: mungguh pungkasane pangèsthiku iku luluh utawa ilang, apa ana apa amane kang kêna takgayuh, apa kang kêna tak-èsthi ...

Lajêng dipun wangsuli pyambak makatên, ora, sêsi, sêpi iku [i...]

--- 105 ---

[...ku] kang dadi dhêdhasare uripku, lan dhasar uripe sarupaning kumêlip ing sakubêngku. Lah punika agaminipun tiyang mukir dhatêng Gusti Allah, suwung ingkang sêpên pangajêng-ajêng, ewadene kathah cocogipun kalihan piwulanging agami ingkang piandêlipun dhatêng Gusti Allah.

Ananging pasinaon teyosopi botên ngajêngi dhatêng pangintênipun bôngsa Eropah ingkang makatên punika, sarta sangking bêblêsipun anggèning sinau agami Budda, mawi katandhing-tandhingakên kalihan agami sanès, samangke langkung kathah tiyang ingkang mangêrtos dhatêng nirwana tinimbang kala rumiyin. Awit sumêrêp bilih nirwana punika têgêsipun luluh salêbêting Allah, dados botên kenging kasamèkakên kalihan sirna, tuwin kasamèkakên kalihan ical raos rumaosipun, punapa ingkang makatên punika pikajêngipun botên cocog kalihan ingkang sinêbut ing kitab mirajulngasik. Tuwin kitab marifatutdin, ingkang kacariyosakên ing ngajêng wau.

Bokmanawi kajêngipun ingkang winastan nirwana punika kenging kaudi sangking têgêsipun têmbung kados ta, nir, têgêsipun, ical sirna, tanpa = wana, têgêsipun papan prênah, dados botên kinging dipun wastani wontên nginggil, ngandhap, wetan kilèn êlèr kidul. Ananging anglimputi tuwin angèbêki [a...]

--- 106 ---

[...ngèbêki] sadaya, manawi makatên dados tanpa watêsan, tanpa wangênan, tanpa wiwitan, tanpa pungkasan. Langgêng, mênggah kawontênan makatên punika punapadene ingkang dipun wastani wujuding alam. Ingkang sinêbut ing kitab tasawuf, tuwin ingkang sinêbut para brahman, ing agami Hindhu.

Punapa malih kados langkung têrang manawi kula damêl upami, kados ing ngandhap punika, = tiyang Jawi amastani bilih ingkang winastan sagantên punika kawontênan ingkang sakalangkung wiyar, botên kantênan watêsipun, nuntên tiyang Malayu anglêpatakên dhatêng Tiyang Jawi, sarta mratelakakên, bilih ingkang winastan laut punika ingkang sanyata wiyar piyambak, tanpa têpi, wasana tiyang Buda mratelakakên, bilih ingkang winastan sagantên tuwin laut punika botên wontên, dene kawontênanipun amung toya, ingkang sakalangkung ngêlangut botên katingal watêsipun, sampun saèstu tiyang tiga wau sami rêbat lêrês. Wêkasan sarêng nyatakakên dhatêng dunungipun ingkang sami dipun wastani wau, sadumuginipun ing sagantên lajêng sami têdah-tinêdahakên wujudipun ingkang dipun wastani, wasana sami pirsa bilih ingkang sami dipun wastani sagantên, laut sarta toya wau anunggil wujudipun, dados ingkang dipun udur punika namung namanipun.

Miturut kawruh Budda, gêsanging manungsa punika kaupamèkakên [kaupamèka...]

--- 107 ---

[...kên] dilah, ingkang urubipun saking amôngsa dhatêng ucêng-ucêng utawi sumbu, mila manawi dilah wau kabêta dhatêng ing latar lajêng katiyup ing angin, punika sapêjahipun yèn tiyang ahli kadunyan angintên sirna babar pisan. Botên pirsa bilih sasirnaning dilah ingkang wontên namung soroting surya dados sirnanipun wau lajêng amor kalihan soroting surya.

Ing mangke kula badhe santun nyariyosakên agami Soroastêr, utawi Saratustra, ingkang ugi anggadhahi dhêdhasar kadosdene agami Hindhu, wontên sêsêbutan tanpa wangênan. Inggih punika pinangkanipun ingkang sinêbut kawêdhar ingkang sumrambah ing sadaya kodrat. Mênggah jangkêpipun sinêbut jaman tanpa wangênan. Tuwin sinêbut, dhat, botên kasumêrêpan, langgêng, punika cocogipun kalihan ingkang sinêbut para brahman. Inggih punika ingkang angwontênakên ingkang sinêbut auramasdhah, punika cocogipun kalihan brahman. Inggih kamulan ingkang agung, ingkang nitahakên saniskara, ingkang kawêdharipun angwontênakên gumêlaring jagad pramudita, salajêngipun wontên pêpilihanipun ingkang sinêbut auramasdhah wau, cocog kadosdene ngèlmi kasampurnan Hindhu, pilahan wau rangkêp dados kalih sinêbut, omus, kalihan ahriman. Ingkang asring kaanggêp sisihan. Ananging salugunipun sami samat-sinamadan,samad-sinamadan.

--- 108 ---

= auramasdhah, wau inggih Pangeran ingkang angwontênakên cahya kalihan budi, mila ingkang kangge pêpindhan surya, sarèhning surya punika pajar dados sisihanipun pêtêng, milanipun winastan rangkêp utawi kalih kamulan. Ingkang pajar sinêbut, ormus. Ingkang pêtêng sinêbut, ahriman.

Ormus lajêng dipun wastani, roh, utawi geest (alus) ahriman dipun wastani wadhag utawi kasar, stof, ananging tiyang ingkang botên lêbêt pangawikanipun dhatêng agami wau, sasêrêpan kalih warni wau alus kalihan kasar, punika lajêng kaanggit dados sisihan ingkang kosokwangsul. Liripun sisihan ingkang kosokwangsul wau sae kalihan awon, sae kalihan awon wau tansah darêdah, wasananipun awon ingkang kawon, ananging panyipta ingkang kasar punika ugi wontên saenipun, awit dunungipun wontên ing kodrat kawontênan kalih wau sami sisih-sisihan. Ingkang sasisih roh utawi alus, ingkang sasisih kasar utawi wadhag. Kalih pisan punika sami saenipun, sarta botên wagêt wadhag tanpa roh, roh tanpa wadhag. Sabab têgêsipun kawêdhar utawi gumêlar punika inggih manawi roh kabungkus ing wadhag.

Mênggah wontênipun winastan awon punika amung manawi wadhag sagêt angêrèh dhatêng roh, kalih pisan punika sae,

--- 109 ---

manawi roh ingkang dados panutan sarta wadhagipun ingkang kaêrèh, utawi manawi Gusti angêrèh dhatêng kawula kados ta, manungsa punika anggadhahi dhêdhasar alus kalihan kasar, manawi alusipun ingkang angêrèh dhatêng kasar, kadadosanipun sae, manawi kasar angêrèh dhatêng alus, kadadosanipun awon, dados sae kalihan awon punika kadadosaning pandamêlipun manungsa, dene dhêdhasaripun, dene ingkang nêrangakên kêkêraning agami Soroastêr kados kasêbut ing nginggil wau wêwarahipun teyosopi.

Sasampunipun anyariyosakên agaminipun tiyang tanah Asiyah, ing mangke kula badhe santun angrêmbag bab agaminipun tiyang Mèksiko ing tanah Amerikah, nalika nagari wau karêbat tiyang Sêpanyê, ing ngriku ugi wontên dhêdhasaring piwulang kados agami Hindhu, sarta kathah tiyang ingkang sami gadhahi panyipta kados panyiptanipun tiyang agami Hindhu, ... tiyang Askètên ing tanah Mèksiko sami pitajêng dhatêng satunggaling Pangeran ing jagad ingkang nitahakên sagunging dumadi, inggih punika ingkang sinêmbah-sêmbah minôngka Allahipun ingkang nitahakên manungsa, ingkang anglimputi ing pundi-pundi, ingkang uninga gagasanipun manungsa tuwin ingkang aparing sakathahipun ganjaran. Upami Pangeranipun wau botên wontên, saèstu sadaya manungsa punika lêbur tanpa dados. Mênggah

--- 110 ---

Pangeranipun punika botên katingal, botên kagungan salira, sampurnaning sampurna sarta suci, dene sadaya manungsa punika sami angayom dhatêng Pangeranipun.

Kawontênan makatên punika cêlak sangêt kalihan mangrêtosipun ingkang sinêbut brahman. Dene ingkang sinêbut ing sêrat Hindhu bab Hyang Brahma, inggih Hyang Maha Kawasa ingkang nitahakên saniskara, punika samènipun kalihan Allahipun tiyang Askètên. Sanginggilipun punika amung wujud ingkang luhur, mênggah ingkang kaanggêp Pangeranipun wau winastan jiwaning jagad. Sarta tiyang Askètên sami pitajêng bilih Pangeranipun punika ingkang nitahakên jagad. Punapa malih tiyang Askètên ugi anggadhahi piwulang, bab kawasa ingkang adamêl kaindhakaning alam kados piwulang Hindhu, sabab tiyang Askètên ugi pirsa bilih wontên para dewa ingkang nyêpêng panguwasa angêrèh paperanganing kodrat. Para dewawinipundewa-dèwinipun. wau wontên salah satunggal ingkang sinêbut dewaning swasana, ing ngriku wontên wirayat ingkang nyariyosakên, bilih nalika jaman rumiyin dewaning swasana wau tumurun dhatêng ing bumi, atêtunggilan kalihan para tiyang ing nagari Mèksiko, sarta dewa wau ingkang mulangakên ugêring pangawikan, tuwin amulangakên dhatêng tiyang ing ngriku bab panganggenipun bôngsa tosan. Amulang kawruh tatanèn tuwin patrapipun anyêpêng parentah,

--- 111 ---

saha wirayat wau anyariyosakên, nalikanipun dewaning swasana lêrêm wontên ing bumi, ing ngriku dhatêng langkung dening gêmah ripah mirah sandhang têdha, kawontênaning wowohan ing bumi amêpêki, tiyang botên susah kangelan angolah siti, wulèning pantun ing tanah Indhiyan sangking awratipun ngantos tiyang jalêr satunggal mèh botên kuwawi angrêbat. Manawi wit kapas asêkar, sêkaripun wau sampun amôncawarni pyambak, dados botên susah mawi kapulas, ing pundi-pundi kaèbêkan dening gônda amrik angamar,angambar. paksi-paksi sami angocèh sakêlangkung anêngsêmakên. Rêringkêsanipun kala samantên kenging winastan jaman kabêgjan ingkang tanpa sangsaya, ingkang sampun kalampahan kala pangejawantahipun para jawata ing jaman kina.

Cariyos ing nginggil punika suraos anelakakên anggènipun para jawata anuntuni dhatêng manungsa ing bumi, ingkang kocap wontên ing sêrat wirayat, mênggah ingkang makatên wau sakêlangkung agêng paedahipun, sabab anelakakên anggènipun manungsa kabêtah asêsrawungan kalihan dewa, mênggah ingkang asêsrawungan punika dewa sor-soran ingkang tumurun dhatêng bumi atêtunggilan kalihan manungsa, dene wirayatipun tiyang Mèksiko nyariyosakên wontên jaman pyambak-pyambak ingkang laminipun maèwu-èwu taun, jaman wau

--- 112 ---

wontên sakawan, sabên pungkasanipun satunggal-tunggaling jaman manungsa kasirnakakên saking bumi alantaran pakartining latu, angin utawi toya, saha surya sirêp urubipun. Salajêngipun ing têmbe badhe kaurubakên malih, ingkang makatên punika dados cocog kalihan piwulang Hindhu bab tumruntuning jaman agêng ingkang winastan manwantara, tuwin cocog kalihan ingkang kasêbut ing sêrat piwulang wados anggitanipun nyonyah Blaphatski, ingkang nyariyosakên bab bangsaning manungsa ôngka sakawan, ingkang sampun kalampahan kala rumiyin, dene manungsa ing bumi samangke punika kalêbêt ôngka gangsal, punapa malih tiyang Askètên, ing Mèksiko anggadhahi piwulang kasusilan, wênèhing piwulang kasusilan wau wontên ingkang cocog kalihan piwulangipun kasusilan agami sanès-sanèsipun. Inggih punika ingkang ungêlipun makatên: rukuna karo sadhengah wong, manawa dèn larakakê atimu tampanana kalawan andhap asoring budi, Pangeran kang nguningani samubarang, iku kang bakal malês marang kowe.

Inggih lêrês sadaya punika mawi kawoworan gugon tuhon tuwin kathah patrapipun ingkang kasar sarta panganiaya, ananging kula sadaya kêdah tansah angudi sêsotyanipun ingkang piningit ing salêbêtipun saraking agaminipun, saha kula [ku...]

--- 113 ---

[...la] kêdah sami anganggêp bilih sêsotyanipun wau agaminipun ingkang sanyata, dene tuwuhipun sarak saha piwulang lair punika amargi sangking santuning adat tuwin saking botên mangêrtosipun dhatêng piwulang batos.

Ing mangke kula badhe nyariyosakên agaminipun tiyang Grik kala kina, tiyang Grik wau sami pitajêng dhatêng kamanungsaning Pangeran. Dados agaminipun langkung wadhak tinimbang agami tanah wetanan kala kina, ananging manawi kula sami sinau ngèlmi kasampurnanipun, kados anggèn kula sami sinau sakathahing agami sanès, saèstu badhe amanggih pathokaning piwulang ingkang sarupi kados piwulanging agami sanès.

Agami Grik wontên piwulangipun ingkang nyariyosakên satunggaling tuk ingkang dados kamulaning sadaya kumêlip. Mênggah asmanipun ingkang sinêbut tuk wau tunggil pangaran-aran kalihan anggènipun agami Soroastêr, anyêbut dhatêng Pangeran Kang Maha Luhur. Jaman tanpa wangênan. Makatên ugi tiyang Grik, anyêbut kronos. Têgêsipun inggih jaman, kronos wau lajêng wontênakên ingkang sinêbut Sèus. Inggih punika Allahipun ingkang angêrèh ing alam sadaya, bokmanawi Sèus punika cocogipun kalihan ingkang sinêbut brahman. Ing agami Hindhu, amung sangêt anggènipun angwadhagakên. Dene kronos [kro...]

--- 114 ---

[...nos] wau bokmanawi cocogipun kalihan ingkang sinêbut para brahman. Ananging miturut cariyosing kadewanipun tanah Grik, kronos punika inggih kawadhagakên. Awit kronos kapratelakakên awujut manungsa, mawi titikan warni-warni, ingkang anelakakên wêwatêkanipun ingkang tanpa pungkasan tuwin tanpa watêsan. Dados agami Grik wau katingal bilih nyimpangipun saking sasêrêpan ingkang sanyata langkung saking agami sanès-sanèsipun. Ananging kula rak inggih sami sagêt mangrêtos punapa pikajêngipun, utawi isinipun agami wau, salajêngipun kasêbut ing sêrat dêdongenganipun tiyang Grik, ugi wontên ingkang nyariyosakên bab para dewa sor-soran. Ingkang sami marentah pyambak-pyambak, dhatêng gagêlênganing kodrat punika.

Samangke amung kantun nyariyosakên bab agami Kristên, (miturut cariyosipun Nyonyah Anibèsên) agami Kristên inggih wontên piwulangipun bab kawontênan ingkang satuhu, tuwin bab kawêdharipun kawontênan wau ingkang andadosakên gumêlaring alam sadaya, manawi tiyang sinau sêrat Prajangjian Lami kalayan titi, anocogi têturunanipun ing basa sanès kalihan babonipun. Saha mangrêtos têgêsipun nama-nama ingkang kangge wontên ing sêrat wau, saèstu lajêng pirsa bilih wontên pilahipun ingkang sinêbut Allah

--- 115 ---

Kang Maha Luhur, ingkang ngandika, Ingsun. Utawi kawontênan ingkang satuhu kalihan Allah ingkang sinêbut, Yehowah, inggih punika kamanungsaning Allah, sayêktosipun wontên sawênèhing tiyang ingkang anganggêp bilih ingkang sinêbut Yehowah punika Allahipun Tiyang Yahudi, dene pilahipun wau samangke sampun botên patos cêtha, sabab kitab-kitab agami Kristên pêtêng sangêt suraosipun, sêrat-sêrat agami Hindhu ugi kathah ingkang pêtêng suraosipun, ananging wontên ingkang kanamakakên piwulang wados, dados manawi tiyang sumêdya nyumêrêpi agami Hindhu ingkang sanyata namung kantun biyaki sêrat-sêrat wau ngupadosi têgêsipun ingkang sayêktos, dene agami Kristên langkung pêtêng suraosipun, tinimbang agami Hindhu, sarta têrkadhang pikajêngipun ing batos katutupan ing sakathahipun têmbung pasêmon. Amargi sangking punika anggèning ngêtrapakên teyosopi ing agami wau bokmanawi langkung angèl tinimbang agami sanès-sanèsipun, mênggah kabatosanipun agami Kristên punika pancèn rêsik tuwin sae, amung wêwangunanipun samangke sampun kathah ewahipun, ananging sarèhning pangajaran teyosopi sampun biyantu ngicali piwulangipun ingkang kasar agami sanès-sanèsipun, tuwin angudi piwulangipun batos, punapa malih sarèhning wosipun anggèning ngicali [ngi...]

--- 116 ---

[...cali] piwulangipun ingkang kasar wau sarana anandhingakên satunggaling agami kalihan agami sanès, mila panggarapipun dhatêng agami Kristên ugi makatên, mênggah rêkaosipun anocogakên agami Kristên punika amargi sêrat-sêrat agami Kristên kirang kathah cacahipun Tinimbang kitab-kitab agami sanès, sabab gumêlaripun agami sanès botên kados agami Kristên, inggih punika pancêripun ingkang wontên salêbêting sariranipun, para guruning agami rupi-rupi kados ta, agami Hindhu winastan Awatara, mila sinêbut Wisnuwatara, ing agami Buda ingkang sinêbut Sang Gotama, tuwin para Buda, sanèsipun. Ing agami Soroastêr inggih Saratustra, ing agami Islam, Kangjêng Nabi Muhkamat sarta ing agami ingkang kathah-kathah wontên wirayat bab para nabi tuwin wali sapanunggilanipun ingkang anuntuni manungsa kala jaman rumiyin, sarta amulangakên dhatêng manungsa bab pathokaning tatacara ingkang dados sae, ing agami sanès kajawi agami Kristên, wontên pilahipun para guru manungsa, kalihan Pangeran Maha Luhur, ingkang tanpa watêsan, tanpa pungkasan, amung agami Kristên piyambak ingkang botên wontên pilahipun, dados Kangjêng Nabi Yesus ing Nasarèt ingkang suci punika dados satunggal kalihan Gusti Allah, kathah tiyang Kristên ingkang anganggêp bilih punika ingkang minôngka paugêraning [pau...]

--- 117 ---

[...gêraning] agaminipun. Dados amung Kangjêng Nabi Yesus pyambak ingkang sagêt adamêl têntrêm miwah kabêgjaning manungsa, ananging manawi tiyang aniti pamanggih ingkang makatên punika saèstu lajêng pirsa bilih punika sayêktosipun, ingkang dados êrosing kaapêsanipun agami, sarta anjalari anggènipun agami Kristên mamêngsahan kalihan para tiyang ingkang mikiran tuwin tiyang ingkang ahli kawruh kadunyan. Awit piandêl makatên wau ingkang anjalari botên sarujukipun sarengating agami Kristên. Ananging manawi Kangjêng Nabi Yesus ing Nasarèt kaanggêp tiyang ingkang sampun sampurna kados para guru agami sanès, ingkang sampun gayuh dunungipun ingkang sami kaangkah ing sadaya manungsa, inggih punika tiyang sampurna ingkang sampun salinggabathara, ingkang sagêt amulangakên punapa ingkang kenging ginayuh manungsa, sarta amulangakên kadospundi pratikêlipun anggèning gayuh, manawi makatên kawasanipun ing gamiagami. Kristên anjunjung tuwin anucèkakên tiyang saèstu botên kirang saking agaminipun kemawon. Tuwin malih Kangjêng Nabi Yesus pyambak botên nate ngandika, bilih sariranipun beda kawontênaning batos kalihan tiyang sanès-sanèsipun, rambah-rambah Kangjêng Nabi Yesus ngandika dhatêng para sakabatipun, bilih para sakabat wau sami anggadhahi daya amurih sagêd dados kados Panjênênganipun, sarta nalika Kangjêng

--- 118 ---

Nabi Yesus kadawa anylerongi dhatêng Gusti Allah dening tiyang Yahudi, awit ngandika bilih sariranipun punika putraning Allah, mila sarêng pathokaning piwulang ingkang ngrisakakên tuwin ngasorakên agami Kristên sampun kasingkirakên, lajêng katingal bilih Agami Kristên wau ugi kawasa anjunjung tuwin anucèkakên manungsa, mênggah ingkang winastan angrisakakên punika piwulangipun bilih sadaya manungsa sami dosa, botên kawawa anglampahi kasaenan, ing salaminipun manungsa gadhah pangintên bilih badanipun botên kawawa anglampahi pakartining Allah, ugi botên sagêt dados nabi sasaminipun. Ananging manawi manungsa anganggêp bilih badanipun kasinungan wawênang sagêt dados nabi sasaminipun, sarta karaos bilih daya ingkang olah kasaenan salêbêting badanipun, punika soroting manas luhur, awit manungsa punika srêmpilan saking Gusti Allah, punika awit saking botên kêndhat pangangkahipun saèstu sabên anggayuh ingkang dados pangajêng-ajêngipun, tuwin manungsa badhe karaos anggadhahi daya kathah sangking tuladhanipun Kangjêng Nabi Yesus ing Nasarèt. Makatên ugi badhe karaos asih dhatêng sasamining manungsa saha margi katêtangi dening sihipun Kangjêng Nabi Yesus wau, tuwin katêtangi sangking anggènipun Kangjêng Nabi Yesus saha ngurbanakên sariranipun amurih wilujêngipun manungsa, manawi makatên badhe saya agêng sawabipun kangjêng [kang...]

--- 119 ---

[...jêng]

Nabi Yesus, awit manungsa badhe angakêni kasunyatan tuwin kajatèn ingkang dumunung dados dhêdhasaring panggalihipun Nabi Yesus wau, sarta botên kuwatos bilih pikajêngipun tiyang badhe yasasaya. suda amargi saking pasulayan. Ingkang jalaran sangking Kangjêng Nabi Yesus kadadosakên satunggal kalihan Gusti Allah.

Para sadhèrèk sami wuninga ingkang kasêbut ing kitab Injil, kados punapa sangêtipun anggèning tiyang anglawan tuwin anguya-uya dhatêng Kangjêng Nabi Yesus, nalika agami wau nêmbe kawulangakên, tuwin kados punapa anggènipun misakit dhatêng para tiyang ingkang sami ngakêni agami Kristên, suprandosipun sami bingah-bingah kalayan angrêrêpi, punapadene sami ayêm saha têntrêm ngantos kalampahan anêmahi pêjah ingatasipun para sakabat wau pêjah punika dede punapa-punapa, yèn katimbang kalihan murtat dhatêng agaminipun. Upami dhêdhasaring agaminipun botêna sanyata punapa para sakabat wau purun anglampahi kados makatên, mênggah anggèning bratani dhatêng pathokaning piwulangipun ngantos kapilaur pêjah tinimbang anyidra agaminipun. Punika anglêngkara upami agaminipun wau botêna alandhêsan ingkang sajati, para sakabat wau sami angakêni tuwin karaos gênging sayanipun sih tuwin tuladhanipun Kangjêng Nabi Yesus, sarta angakêni [a...]

--- 120 ---

[...ngakêni] bilih manas luhur dumunung wontên ing gurunipun, tuwin dumunung wontên ing pyambakipun. Inggih punika ingkang nyantosakakên manahipun anggèning nandhang sangsara tuwin pêjah, ananging lugunipun tuwin kasuciyanipun agami wau sampun ical sawatawis. Amargi sangking mindhakipun pathokaning piwulang tuwin padatanipun greja ingkang sampun atusan taun, mila amurih sagêdipun katingal ingkang lugu tuwin ingkang suci kêdah anyingkirakên rumiyin sakathahipun ingkang nyulayani, ingkang tuwuh sangking piwulang tuwin padataning greja wau, punapa malih pangajaranipun teyosopi sampun anelakakên, bilih wontênipun piwulang ingkang kasêbut ing sêrat-sêrat agami Kristên mratelakakên yèn Kangjêng Nabi Yesus wau putraning Allah, tuwin mratelakakên bilih manungsa punika kadhasaripun awon, makatên ugi bab agaminipun Kangjêng Nabi Yesus anguwasani ing bab gêsang tuwin pêjah, supados sagêt angluwarakên manungsa sangking têmahaning dosanipun, sadaya punika tuwuhipun margi sangking salah tampi, mila manawi tiyang sampun têrang sumêrêpipun bilih anggèning sagêt angsal pangluwaran, tuwin sagêdipun anggayuh kamulyaning Pangeran punika botên liya sangking kaindhakanipun Kristus ing badanipun, saha pirsa bilih rawuhipun Kangjêng Nabi Yesus punika sumêdya ngatingalakên kawasaning Kristus, saèstu kawasaning [kawa...]

--- 121 ---

[...saning] Kristus wau sagêt amungkasi pandamêlipun tumrap agami Kristên.

Dados teyosopi punika ing atasipun agami sagêt anyawabi kalih prakawis. Ingkang sapisan, pangajaran teyosopi ingkang badhe nyêrêpakên têgêsipun ing dalêm batosipun piwulangipun sadhengah agami, tuwin ingkang murugakên anggèning tiyang anganggêp dhatêng pathokaning piwulang, bilih kamulaning wiji saking Pangeran punika amung satunggal. Anganggêp bilih manungsa kawênangakên anggayuh samukawis, tuwin amulang kadospundi anggèning para guru sagêd mitulungi nyêngkakakên manungsa dhatêng ing aluhur, dene sawabipun ingkang kaping kalih ingatasipun agami inggih punika anggèning mulang supados kula sadaya sami kasinungan manah momot angrêngkuh dhatêng agami sanès. Awit manawi tiyang amung sinau dhatêng agaminipun pyambak, badhe botên sagêt pirsa saenipun tuwin sanyatanipun agami sanès, amargi sadaya agami tamtu wontên kasunyatanipun. Kados ingkang sampun kula cariyosakên ing ngajêng, manawi kula sadaya sampun mangrêtos bab punika saèstu badhe botên angucap malih kados para tiyang ingkang samangke taksih sami angucap makatên: agamaku luwih prayoga, tinimbang agama liyane, iya bênêr agama liya ana kasunyatane.

--- 122 ---

ananging akèh kurange tinimbang agamaku: mila kula sadaya aluwung sami angucap makatên: Sakèhing agama iku anunggal kajatèn, mungguh ugêring agama kang takênut, iya iku kang nyamlêng tumrap marang aku, ora amarga wêwinihe beda, ananging marga pandhapuring wangunane mangrêtèkake marang aku, dene wêwinih kang winulangake ing agama liya-liya padha bae, ananging gowa wangunan seje kang ngêplêki tumrape bôngsa liya mau.

Ing salaminipun manungsa taksih pêrlu anggadhahi wêwangunaning agami pyambak-pyambak, kawontênaning agami ugi lêstantun beda-beda, amung manawi kula sadaya sampun anggayuh wawêngkoning suksma utawi kaalusan, punika sawêg angajêngi agami ingkang kangge ing akathah, sarta badhe botên wontên agami Buddha, agami Soroastêr, agami Hindhu, Kristên utawi Islam saha sanès-sanèsipun, ananging badhe sami angakêni utawi angajêngi dhatêng isining agami ingkang dumunung ing samukawis.

Awit saking manungsa punika kataman sakit, raos luwe, arip saha wagêt pêjah lajêng katuwuhan manah pados pangayoman, (ngupadosi Gusti) angwontênakên agami.

13. Punapa warninipun agami

Ingkang nami agami punika pranatan wêwatoning caranipun tiyang

--- 123 ---

gêsang, ingkang kawulangakên dening para guru, para panuntun. Inggih para minulya ingkang tampi nugrahaning Pangeran, kados ingkang kasêbut rasul. (Atusan) para Buddha, para awatara, ingkang sami manjanma anata murih kawilujênganipun manungsa, limrahipun piwulangipun kaperang utawi kapangkat-pangkat dados tiga utawi sakawan pangkat, pranatan wau ingkang nami agami.

1. Pamardi dhatêng solah bawaning badan

Piwulang saha pangrèh murih kasarasan, kawilujêngan, rukun murih katêntrêman, lampah bêkti dhatêng Pangeran, (sêmbahyang) lampah kautaman angagêngakên sih sêsamining tumitah, lêgawa mitulungi samukawis dhatêng bêbarakanipun gêsang, sabar dhatêng sakathahing kêkajêngan, sarèh sawarnining tindak. Rila ing kalonglongan. Tabêri dhatêng sakathahing pakarti, sarêgêp lampah pamarsudi. Sadaya wau pangrebadan, mênggah ing agami Islam dipun wastani piwulang, sareat. Tiyang ingkang sampun sarêgêp, anglampahi bêkti wau kasêbut muslimin: têgêsipun tiyang suci, (inggih tiyang ingkang sampun anglampahi panggayuh dhatêng kawilujêngan). Ananging manawi amung kèndêl patrap lair kemawon taksih nama munafek, têgêsipun lêlamisan: lêrêsipun tiyang anglampahi kêdah kanthi iman, [i...]

--- 124 ---

[...man,] inggih punika piandêl dhatêng gêsangipun saha kawasaning Gusti Allah kados ingkang kaucapakên ing sahadat, ... pramila para panuntun agami Islam anggèning mulangakên sêsarêngan. Lampahing sarengat saha kasumêrêpakên murih kadunungan, iman, patrapipun kadongèngakên punapa kaluhuranipun Gusti Allah, kamulyanipun Kangjêng Nabi Rasullulah, tuwin lampahing jiwa manawi tilar dunya, kawontênaning jaman akerat, wontênipun kukum sarta ganjaran, (inggih punika wontênipun swarga sarta naraka, kang kasêbut sêrat kadis mikrat).

2. Pamardi dhatêng saosiking manah, (tarekhat)

Manawi manungsa sampun kataman ajrih dhatêng kukum, sarta ngangkah dhatêng ganjaran ing jaman akiran, tamtu ugi pitados dhatêng kaluhuranipun Gusti Allah, ing ngriku sampun kadunungan iman, (piandêl) dados anggènipun anglampahi bêkti kanthi manah tumêmên, sarta rêmên, lajêng wagêt milih tindak saha pamanah ingkang awon sarta sae, gagêbênganing manah botên ginggang panalôngsa, tuwin amêngkuh dhatêng sêsamining agêsang, tiyang wau lajêng kasêbut, mukmin. Têgêsipun tiyang ingkang tabêri dhatêng kasaenan.

--- 125 ---

3. Pamardi dhatêng santosaning cipta, (khakekat)

Manawi tiyang sampun kulina lair batosipun anglampahi bêkti dhatêng Gusti Allah, botên rêkaos minggahipun dhatêng santosaning ciptanipun. Lajêng angwontênakên mantêp ing panêmbah, panganggêp sarta pamarêmipun dhatêng kawruh piandêlipun, dados sadaya ingkang dipun lampahi kanthi gêlênging tekat. Ing agami Islam lajêng amastani, taukid. Têgêsipun pantoking piandêl. Ing ngriku piwulanging pangabêkti kawêwahan lampahing amêlêng cipta, (dhikir suhud) tafakup. Wukup. Sêsaminipun. Sampun anggayuh dhatêng katêntrêmaning manah saha gêlênging cipta, tiyang ingkang sampun anglampahi makatên lajêng kasêbut. Mukmin kaop. Têgêsipun tiyang ingkang tabêri saha mêmpêng dhatêng pangabêkti, utawi sampun mantêp dhatêng tekatipun.

Manawi sampun dumugi samantên, awis para panuntun agami Islam saha Kristên, ingkang purun utawi sagêt amulangakên lajêngipun piwulang sampurnaning raos. Ingkang dipun wastani (makrifat).

4. Piwulang pamarêming raos (makrifat)

Piwulang raos wau, awis sagêt pinanggih wontên ing paguron-paguron (pasantrèn) punapa malih ing masjit saha [sa...]

--- 126 ---

[...ha] greja-greja babar pisan botên angraosi, malah sasagêt-sagêt kapingit, saking santosaning pamingitipun ngantos kados awisan. Punapa sababipun têka makatên patrapipun para panuntun, ... o, margi saking awrat saha gawat anggènipun anglampahi, para santri ingkang mêmpêng sangêt dhatêng pamarsudining kawruh makripat, inggih sagêt kalampahan ananging awis ingkang sagêt saha kuwawi anglampahi, punapa malih asring sêling-sêrêp panampi, manawi botên patitis pamarahipun asring angwontênakên sakit èngêtan. Lo kadospundi nalaripun, inggih kawuningana para santri ingkang anggayuh makripat, inggih punika têgêsipun anêdya ngraosakên pamisahing jiwa kalihan badanipun wadhag (nyabi raosipun tiyang pêjah) tumindakipun saking angulinakakên munajat, inggih punika angèsthi icaling pôncadriya, manawi sampun kulina ngantos sagêt angèndêlakên lampahing napas. Punika lajêng dipun rangkêpi angirang têdha, saking ingkang sarwa alus amêthak lajêng anglowong babarpisan, lampah makatên wau dipun wastani, suluk naksabandiyah, utawi satariyah, para siswa ingkang adrêng nglampahi makatên katamtokakên mangangge sarwa pêthak, anelakakên bilih sampun rilah upami kalajêng pêjah, bab lampah makatên wau botên kangge ênggêngan, têgêsipun manawi

--- 127 ---

sampun sagêt kalampahan dumugi panjangkanipun inggih lajêng kèndêl. Wangsul anglampahi sarengat. Amung kantun ngulinakakên munajatipun, para santri ingkang sampun ngambah makatên, kasêbut mukmin khiwas. Upami purun anglajêngakên atilar têdha saha nyantosakakên witir, makatên wau lampahipun para wali, angagêm ngèlmi supi, tuwin angagêm wulangan tasawuf. Lajêng karsa angalusakên sariranipun. Kawasa angêtingalakên sarira utawi ngical, kawasa nyipta sarira warni-warni saha kathah.

Amung lampah makatên punika ing nagari Arab, dipun awisi sangêt. Ewadene mêksa wontên ingkang anêrak, kados ingkang kalampahan nagari Turki wontên pakêmpalan panulung ingkang kaadêgakên para ahli suni, pakêmpalan wau anama, Topêng Amas. (Têgêsipun kêdhok kancana.) Makatên punika saking nami pêrtalan sasêbutan têmbung Turki, manawi kajêngipun pakêmpalan wau angakên, pakêmpalan mulya ingkang gaib. Awit botên kinging kanyatakakên dening sadhengah manungsa, amung para suci ingkang sagêt sarawungan kalihan para warganipun pakêmpalan wau, prêlunipun pakêmpalan wau mitulungi tiyang suci ingkang badhe dipun pitnah ing para musrik.

--- 128 ---

Kados sampun cêkap samantên anggèn kula nyariyosakên bab wêwatoning agami, ing mangke para sadhèrèk mugi kawuningana bilih sadaya tiyang ing dunya punika sami gadhah agami, (sanès TristênKristên. kalihan Islam kemawon, ingkang nama agami, dumèh panuntunipun kasêbut nabi), ananging sadaya bôngsa punika ugi sami karawuhan utusaning Allah ingkang anulungi kabingunganipun anggènipun ngupados pangayoman saha pamarsudi dhatêng Gusti, punapa malih kawruh bab gêsang sarta tilar donya, ananging sanès nagari sanès cara sanès têmbung sanès pasêbutan. Wulanganipun beda-beda manut êmpan papaning nagari sarta angèn dalajating budinipun manungsa. Dados saking pamanggih kula titahing Pangeran ingkang warni sato wana, beda-beda saranduning badanipun miturut sambadaning watakipun pyambak, kados paksi ingkang rêmên mabur, kaparingan badan garonggong ènthèng saha gadhah suwiwi, ulam loh ingkang sobèng toya, kang paringankaparingan. badan awrat, êrah asrêp gadhah sisik, ingkang anglisah sarta gadhah wêlah (kèpèt), makatên ugi sawarnining kewan dharat, beda-beda saranduning badanipun sami pakangsal kangge pangupajiwanipun. Makatên ugi manungsa ingkang beda-beda kakulitanpakulitan. saha rambutipun wau katarik saking hawa siti kalairanipun, ing tanah asrêp, kulitan pêthak kandêl, ing tanah bêntèr, cêmêng tipis, makatên ugi dalajating [da...]

--- 129 ---

[...lajating] budinipun. Pramila ugi beda-beda wulanganing agaminipun saking para panuntunipun. Ingkang makatên wau gampil katitik saking pakarti saha kagunanipun, kasusilan saha tatêmbunganipun. Para sadhèrèk sampun lajêng kèndêl narimah pêpasthèn, sarta botên karsa marsudi indhaking pambudi, kawuningana ing agêsang punika botên kêdaha daya-daya, ananging botên wontên wanci ingkang damêl kasèping pamarsudi, pramila suwawi majêng rumagang, anindaki punapa ingkang kakêrsakakên.

Wosing sadaya agami punika amulangakên supados manungsa gêsang punika sih-sinihan rukun sêsamining tumitah, 2, sampun maèlu saha anusahakên dhatêng rubedaning dunya ingkang jalaran saking kalêpatan kita pyambak ingkang botên kanyana, 3, witadospitados. dhatêng Gusti Allah, ingkang Maha Agung saha sipat mêlasasih dhatêng sadaya titahipun, 4, sampun sêmang-sêmang dhatêng purug ingkang tamtu dipun dhatêngi, inggih punika jamaning antaka, bilih ing ngriku ugi taksih kalimputan sagunging parimarma, 5, pitados bilih raos pangraos kita botên badhe katut wontên jasat ingkang bangkrah lungkrah wontên ing kubur.

14. Ing mangke kula badhe nyariyosakên piwulang teyosopi, ingkang ngakên anartani saha dados wijining

--- 130 ---

dayasadaya. agami, kados ing ngandhap punika ringkêsanipun.

Manawi panyawangipun tiyang saking jawi, pakêmpalan teyosopi, punika pakêmpalanipun tiyang kupur, dupèh angajêngi saha botên anampik sadhengah agami, saestonipun tekatipun bawur sarta groboh, gèk punapa ingkang dados papêlênganing pangèsthinipun, ... Inggih mèmpêr, mila pakêmpalan teyosopi, botên ngakên damêl agami inggal, tandhanipun para warganipun sami botên kapardi nilar agaminipun lami, malah kaajak amatitisakên makrifatipun, sarta sagah manjurung ular-ular, môngka limrahipun agami botên kinging karangkêp. Kabêkta saking bedaning sarakipun saha tarekatipun. Ananging teyosopi botên marduli dhatêng wulangan sarengat, kapurih piyambak ingkang dipun sênêngi, wosipun dipun matêngakên wulanganipun tarekhat, saha khakekhat. Dene makrifatipun sampun anunggil kalihan sadaya agami.

Ing mangke para sadhèrèk anguninganana, wêwatoning piwulang teyosopi, ingkang môngka pangajêng utawi kawitan. Kadosdene kawruh tarekhat.

1. Dumadosing manungsa kang rangkêp pitu, têmbungipun Walandi, De zeven beginselen van den mensch

2. Bab tumimbal lair (Rein karnatie)

--- 131 ---

3. Lampahing jiwa, sasampuning tilar dunya (De dood en daarna)

4. Bab pêpasthèning agêsang ing dunya (Karma)

5. Ing alam kaalusan (Het astraalgebied)

6. Ing jagad luhur (De Hemel wereld)

7. Manungsa dalah badanipun rangkêp-rangkêp (De mensch en zijn lichamen)

Pêpitu wau kados pawitaning marsudi kawruh teyosopi. Ôngka 1, 2, 3, 4, sarta 7, anggitanipun Nyonyah Anibèsên. Dene ôngka 5, 6 anggitanipun Tuwan S. W. Lid Bitêr, sadaya wau papêthikan saking babon pangikêtipun Nyonyah Blapatsêki, ingkang dipun parabi buku piwulang gaib. (Geheime leer).

Kajawi punika ugi kathah sêrat-sêrat ingkang anêrangakên pêthikan saking piwulang gaib, ingkang minôngka, khakekatipun.

1. Pangwasaning cipta (Gedachte kracht)

2. Swaraning asêpi (De stem van de stilte)

3. Pêpajaring margi (Licht op 't pad)

4. Margi kêkalih (de 2 paden)

5. Gapura pêpitu (de 7 poorten)

6. Margi têtiga (de 3 paden)

7. Lampah warni tiga (de 3 Dharma)

--- 132 ---

Sasampuning punika taksih kathah sêrat-sêrat sasorahing lampah ingkang anêdah patrap saha pamarsudinipun panunggal, kados minôngka makripatipun.

1. Sêrat Bagawatgita

2. Karmayoga

3. Yogasutra

4. OppasnisadUpanisad.

Wontên malih piwulang ingkang prêlu anêdahakên pangwasaning badan saha ciptanipun, punapa malih piwulang bab kawicaksanan, kawaspadan, saha lampahipun amêlêng cipta, ingkang dipun têmbungakên Walandi, konsêntrasi (concentratie), mèdhitasi (meditatie), konsênplati (concenplatie), utawi samadi (samadij) angragasuksma.

Botên susah kula aturakên sadaya sêrat-sêrat piwulangipun kawruh margi saking kathahipun. Manawi karsa anjêmbarakên panggalih kula jumurung kathah waosanipun. Botên pisan angiri, amung kula sumanggakakên karsanipun. Manawi tiyang saya inggil pamènèkipun rêdi, saya jêmbar paningalipun dhatêng jajahan sakiwa têngênipun, ing ngriku badhe manggih kasênêngan piyambak manut sawiyaring kang dipun pirsani.

15. Ing mangkê kula badhe nyariyosakên salingsinganipun agami Islam, tuwin KrêstênKristên. kalihan agami Budda tuwin Hindhu. Saha Soroastêr, ingkang kapêthik kangge piwulangipun pakêmpalan teyosophi.

--- 133 ---

1. Bab Dumadining manungsa

Ing wulangan agami Islam saha Kristên amêdharakên. Mênggah dumadining manungsa punika saking kawasaning Gusti Allah, anitahakên warni cahya (nur) minôngka dados wijining jiwa tumurun dhatêng dunya anglangkungi pitung tataraning alam sawêg dumugi alam kabir kang gumêlar punika awarni manungsa, têmbe manawi ajal atilar dunya lajêng dhatêng alam barjah inggih punika dununging sadaya rohipun tiyang pêjah, kapriksa pangadilaning Pangeran anampèni wêwalês (kukum dosanipun utawi ganjaran saking kasaenanipun). Inggih punika wontênipun naraka tuwin suwarga.

Ing agami Hindhu sapanunggilanipun. Bab dumadi manungsa punika inggih saking kawasaning Allah, ingkang kasêbut Maha Iswara, ingkang ugi kasêbut para brahman. Saking prabawanipun sumorot narambas ing alam tundha pitu sabên malorot santun alam santun pasêbutan wêwah wahana (urung) sabên wêwah urung wêwah watakipun. Ngantos dumugi gumêlar manungsa wadhag punika kasêbut gadhah badan rangkêp pitu, manawi manungsa tilar dunya anyèlèhakên badanipun wadhag, kantun badan rangkêp nênêm saya kathah kasagêdanipun ingkang kakulinakakên kala gêsang saya inggal anggèning ngudhari badan-badanipun ngantos dumugi sampurna wangsul dhatêng Gusti, ananging limrahipun tiyang kabêkta kathah

--- 134 ---

napsunipun dhatêng kadunyan amung kèndêl ing alam. Ôngka 5, ing alam budi, utawi dhewacan. (Amung para rêsi, para yogi, ingkang sagêt wangsul dhatêng purusa, inggih jiwatmanipun dhatêng Maha Iswara).

2. Bab pêpasthèning gêsang

Ing agami Islam amarah, bilih gêsanging manungsa punika sampun ambêkta papêsthèn ingkang kasêrat ing lohkil makpul.

Makatên wau agami Buddha, ugi nganggêp, inggih punika ingkang kasêbut, karma, punika sambutaning manungsa, panyipta utawi pandamêl ingkang dèrèng tampi woh saha wêwalêsipun ingkang katindakakên kala gêsang ingkang rumiyin, ... awit saking punika jiwa kêdah katarik tumurun malih gêsang dumadi wontên dunya prêlu amundhati sambutanipun utawi nglampahi panyiptanipun ingkang rumiyin.

3. Bab tumimbal lair

Ing agami Kristên saha Islam, botên wontên piandêl bilih jiwa tumimbal lair rambah-rambah. Amung agami Hindhu sêsaminipun ingkang gadhah panganggêp bilih jiwa ingkang dèrèng sampurna kados para yogi, punika kêdah kawangsulakên dhatêng dunya pêrlu anglajêngakên pasinaonipun murih panunggal kalayan Gusti, inggih margi saking karma (sambutaning pandamêl). Margi saking tanpa (katrêsnanipun dhatêng dunya) punika ingkang anarik jiwanipun wangsul dhatêng [dha...]

--- 135 ---

[...têng] dunya, ngantos sagêt sampurna gêsangipun. Pramila punika agami Budda, Hindhu, sami botên anganggêp wontênipun wêwalês ing alam jiwa ingkang nama swarga tuwin naraka, awit manawi Gusti Allah nitahakên manungsa, dipun kanthèni papêsthèn pandamêl awon sae, kabêgjanipun, punika manungsa, rak sadrêmi nglampahi, punapaa lajêng tampi kukum saha ganjaran, manawi makatên badhe katingal botên sipat murah sarta asih.

Panyawangipun agami Budda, Gusti Allah, punika, sugêngipun, kawasa, langgêng, têntrêm, watakipun, karsa, wicaksana, wêlasasih. Jagat punika watakipun, ugi tiga, ingkang kasêbut, trimurti, obah lumintu, runtut, ngadil, tumitah punika ugi gadhah trimurti, kados manungsa watakipun: kapengin, pakarti, susah, lajêng andadosakên, limut, supe, risak.

Manawi kita anggayuh yoga (panunggal) kêdah anganggea wataking Gusti kasêbut ing nginggil.

Isinipun sêrat punika

1. Pangandikanipun sang bundha ... 3

2. Punapa têgêsipun teyosopi ... 8

3. Paedahipun kawruh teyosopi ... 13

4. Paedahipun kêmpalan teyosopi ... 26

5. Maksudipun Losê teyosopi ... 29

6. Lampahipun tiyang marsudi kawruh ... 32

7. Bab kêmpaling agami ... 41

8. Bab pangawikanipun kawontênaning Gusti Allah ... 47

9. Bab kawontênanipun Gusti Allah ... 53

Bab rumaos satunggal ... 54

Bab kakuwatan utawi daya satunggal ... 55

Bab bôngsa wadhag ingkang amung satunggal ... 55

10. Bab pasadherekan ... 56

Bab pasadherekan kabêkta saking jasmaninipun ... 57

Bab pasadherekan kabêkta saking raosing manah ... 58

Bab pasadherekan kabêkta saking pamikir ... 60

11. Bab piwulangipun teyosopi ... 60

Bab wontênipun pathokaning piwulang agêng ... 62

Bab wontênipun kamulan ingkang langgêng ... 64

Bab kaindhakan utawi kamajêngan ... 65

Bab gumêlaring jagad ... 67

Bab alaming kodrat ... 69

Bab cêcalon utawi kamulaning manungsa ... 70

Bab Manjalma ... 73

Bab Karma, Bab labuh ... 73-74

Bab Pasadherekan, Bab para guru ... 75-75

Bab Teyosopi ... 76

12. Bab kawruh dhatêng warni-warnining agami ... 81

13. Punapa warninipun agami ... 122

Pamardi dhatêng bawaning badan ... 123

Pamardi dhatêng saosiking manah ... 124

Pamardi dhatêng santosaning cipta ... 125

Boekhandel TAN KHOEN SWIE, Kediri

Menerbitkan kitab-kitab bahasa dan hoeroef Djawa:

Amoerwa Kala ... f 0,35 / Ardjoena Wiwaha ... f 1,50 / Ari Wara ... f 1,25 / Asmaralaja ... 0,40 / Bab Wawadosing Gesang ... f 1,25 / Babad Gianti deel I sampe V ... f 1,50 / Babad Kediri ... f 1,-- / Babad Mochamad ... f 0,35 / Babad Rasoel ... f 0,35 / Babad Tjirebon ... f 1,50 / Babad Toeban ... f 0,45 / Bagawad Gita ... f 1,35 / Bambang Dwihasta ... f 0,75 / Bawa sagerongipoen ... f 0,60 / Bima Boengkoes ... f 0,45 / Bodja Boesana ... f 0,35 / Boerat Aroem ... f 0,45 / Darma Sabda ... f 0,65 / Dewa Roetji ... f 0,65 / Djaka Lodang ... f 0,10 / Djampi Ghaib ... f 0,50 / Djampi Soesah ... f 0,50 / Djati Moerti ... f 1,10 / Djitapsara ... f 0,60 / Djiwandana ... f 1,25 / Gatolotjo ... f 1,-- / Idajat djati ... f 1,-- / Iladoeni ... f 0,35 / Ilmoe Spiritisme ... f 0,50 / Inl. Gem. Ordonanntie ... f 0,60 / Jatnamaja ... f 0,30 / Kabar Kijamat ... f 1,-- / Kaboetoehan ... f 0,35 / Ka'koel Islam ... f 1,50 / Kalam Wadi ... f 1,75 / Kalatida ... f 0,10 / Kanda Boemi ... f 0,65 / Kapratjajan ... f 0,40 / Katja Wirangi ... f 0,65 / Kawroeh Kasoeksman ... f 1,65 / Kawroeh Mantig ... f 0,80 / Kawroeh Pangoengsed ... f 0,50 / Kawroeh Sanggama ... f 0,75 / Kawroeh Sasadji ... f 0,35 / Kawroeh Theosofie ... f 1,50 / Kebo Kenanga ... f 1,25 / Kidoengan ... f 0,50 / Krida Atmaka ... f 0,65 / Krida Graita ... f 2,70 / Krida Sastra ... f 0,20 / L. Boekoe Sembahjang ... f 0,60 / Lambang Pradja (Djaja Baja) ... f 0,60 / Langen Drijan (Poestakaweni) ... 0,60 / Ma Sapta Baja ... f 0,35 / Madoe Rasa ... f 1,50 / Marga Joewana ... f 0,35 / Ngedja Arab ... f 0,60 / Ngelmoe Kak Sadjati ... f 0,35 / Ngelmoe Pangasihan ... f 0,50 / Ngelmoe Pangroetjat ... f 0,45 / Ngelmoe Panoedjoeman ... f 0,30 / Ngelmoe Pirasat (Pirasating djalma) ... f 0,35 / Niti Prana ... f 0,30 / Niti Sroeti ... f 0,45 / Nitik Kraton ... f 0,35 / Oegering Palakrama ... f 0,50 / Oesoeloeddin ... f 2,25

HARGA DIATAS BELOEM TERHITOENG ONKOST KIRIM

Boekhandel TAN KHOEN SWIE,- Kediri

Menerbitkan kitab-kitab bahasa dan hoeroef Djawa:

Pamboekaning Tjipta ... f 1,50 / Pandam Prana ... f 1,-- / Panembrama ... f 0,50 / Panggardjita ... f 2,-- / Paniti Baja ... f 0,45 / Paniti Sastra ... f 0,45 / Papali Nabi Kh. H. Tjoe ... f 0,10 / Pastika Maja ... f 0,35 / Pastika Warna ... f 1,25 / Pati Tjentini ... f 2,-- / Patkoel Karib (Kawroeh Pekih) ... f 0,65 / Pawoekon 30 gambar ... f 1,50 / Pedjah poenika saladjengipoen kados poendi ? ... f 1,65 / Pitoetoer djati ... f 0,45 / Poerwa Kanti ... f 1,25 / Poerwa karana ... f 0,60 / Poestaka Rantjang (Patak Modin) ... f 0,75 / Prabangkara ... f 1,-- / Pralambanging djagat ... f 0,50 / Pramana Sidi ... f 0,60 / Prasida Djati ... f 0,70 / Primbon Djampi Djawi ... f 1,10 / Primbon Ngadoe Djago ... f 0,30 / Primbon Ngimpi ... f 0,60 / Rangka Angrong ... f 0,60 / Rangsang Toeban ... f 1,25 / Rekasaning Batin ... f 0,60 / Rerepen ... f 0,20 / Sangoe Gesang ... f 0,35 / Sara Sadija ... f 1,__ / Sasmita Warni-warni ... f 0,50 / Sastra Hardjendra ... f 0,35 / Satoenggaling Oetoesan ... f 0,30 / Senarodra ... f 1,10 / Sendon Langen Swara ... f 0,35 / Siswa Sogata ... f 0,70 / Siti Djenar ... f 0,35 / Soebasita ... f 0,50 / Soekanda Karma ... f 1,25 / Soeksma Wiwara ... f 0,95 / Sopanalaja ... f 0,30 / Srie Krisna Barata ... f 0,50 / Swaraning Asepi ... f 1,-- / Tjandra Rini I sampe II â ... f 0,20 / Tjandra Sangkala ... f 0,20 / Tjipta Goegah ... f 0,30 / Walisana ... f 2,-- / Wangsalan ... f 0,35 / Warat Maja deel I - II â ... f 1,10 / Warna Prana ... f 0,45 / Warna Sastra ... f 0,45 / Warni pitoe djejer doemadosing manoengsa ... f 1,65 / Wawadining Rasa ... f 1,60 / Wawarah Samadhi ... f 1,50 / Wedda Agama ... f 0,35 / Wedda Asmara ... f 0,30 / Wedda Jatmaka ... f 0,20 / Wedda Poerwaka ... f 0,70 / Wedda Raga ... f 0,20 / Wedda Sanjata ... f 2,__ / Wedda Satija ... f 0,30 / Wedda Tama ... f 0,35 / Widdija Kirana (Darma sonja) ... f 0,90 / Witjara Keras ... f 0,50 / Woelangreh ... f 0.5 / Woeningo ing Ghaib ... f 0,60

HARGA DIATAS BELOEM TERHITOENG ONKOST KIRIM.

Boekhandel TAN KOEN SWIE,- Kediri

Menerbitkan kitab-kitab seperti di bawah ini:

BAHASA DJAWA HOEROE ... F LATIJN:

Asmaralaja ... f 0,45 / Kala-tida ... f 0,20 / Katoeranggan Djaran, koetjing lan Koetoet ... f 0,50 / Kidoengan ... f 0,55 / Krida Sastra ... f 0,20 / Pladjaran hoeroe ... f djawa ... f 0,50 / Siti Djenar ... f 0,40 / Wedda Tama ... f 0.4

BAHASA MELAJOE HOEROE ... F LATIJN

A.B.C. Lo Tjoe ... f 0,50 / A.B.C. Melajoe dan Djawa ... f 0,75 / Achli Noedjoem (dengan 3 dadoe) ... f 1,__ / Adji Asmaragama (dengan gambar) ... f 0,50 / Asalnja manoesia ... f 1,__ / Asalnja Tjipta ... f 1,__ / Bagawad Gita ... f 0,90 / Beroelang-oelang di lahirkan ka doenia ... f 0,65 / Consentratie mengeningkan Tjipta ... f 1,__ / deel I. / deel II. / deel III. / deel IV. / deel IX ... f ... f ... f 1,__ / deel V. / deel VI. / deel VII. / deel VIII ... f ... f ... f 1,__ / deel X. / deel XI. / deel XII. / Dewa Roetji ... f 0,65 / Djati Moerti ... f 1,__ / Drajat Istri ... f 0,50 / Hak Perkoempoelan dan persidangan ... f 0,45 / Haw King ... f 0,40 / Hipnotisme ... f 1,__ / Ling Djiat (panas dan dingin) ... f 0,35 / Magnetisme ... f 1,__ / Makri ... fat ... f 0,35 / Natuurwetenschap ... f 1,__ / Ngo Loen (Ngo Taij Kong) ... f 0,35 / Nona Marie I sampe IV per djilid ... â ... f 0,60 / Pantoen anak moeda berhiba hati ... f 0,50 / Pantoen anak moeda dan Nona Manis ... f 0,50 / Pantoen Penghiboer hati ... f 0,50 / Pengidoepan Batin I ... f 1, __ / Pengidoepan Batin II ... f 1,__ / Pengidoepan batin III ... f 1,__ / Perdjalanan Moedjajat I - II ... â ... f 0,50 / Pesalatan Sembahjang ... f 0,50 / Primbon mengadoe Djagoe ... f 0,40 / Riwajat Nabi Khong Hoe Tjoe ... f 0,50 / Sair Ilmoe Sedjati ... f 0,60 / Sair kertjintaän ... f 0,30 / Sair Soesah dan Senang ... f 0,40 / Sioe Lain (Samadhi) deel I - II per deel ... â ... f 1,__ / Soeloeh kesempoernaan / Swara Soeksma ... f 0,65 / Tahoe Gaib ... f 1,__ / Taman Ilmoe Kekoeatan Ghaib deel I - XII ... â ... f 1,__ / Tjian Lie Gan (Adji Penrawangan) ... f 0,50 / Tjiptaan tiap-tiap pagi ... f 0,40 / Wali Sepoeloeh ... f 0,65 / Wetboek van Stra ... frecht (1928) ... f 2,50 / Zak Woordenboek Belanda-Melajoe ... f 1,50

HARGA DIATAS BELOEM TERHITOENG ONKOST KIRIM.