Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kridhaatmaka, Mangunwijaya, 1909, #1262

Katalog:Kridhaatmaka, Mangunwijaya, 1909, #1262
Sambung:-

--- [0] ---

Sêrat Kridhaatmaka

Sêrat Kridhaatmaka punika pêthikan saking Sêrat Warni-warni, yasanipun para nabi para wali, tuwin anggitanipun para nata saha para pujôngga ing jaman kina, sami nyariyosakên kawruh kasampurnan, kaimpun sarta kasêkarakên dhatêng Mas Ngabèi Mangunwijaya, abdi dalêm mantri dhistrik Bayat, Surakarta, lajêng kasambêtan Sêrat Asmaralaya.

Taun 1839 - 1909

Kaêcap ing kantor pangêcapanipun N.V. "JAVA IEN BOE KONGSIE" Gang-Pinggir (Semarang)

--- [0] ---

Sêrat Kridhaatmaka

Sêrat Kridhaatmaka punika pêthikan saking Sêrat Warni-warni, yasanipun para nabi para wali, tuwin anggitanipun para nata saha para pujôngga ing jaman kina, sami nyariyosakên kawruh kasampurnan, kaimpun sarta kasêkarakên dhatêng Mas Ngabèi Mangunwijaya abdi dalêm mantri dhistrik Bayat, Surakarta, lajêng kasambêtan Sêrat Asmaralaya.

Taun 1839 - 1909

Kaêcap ing kantor pangêcapanipun N.V. "JAVA IEN BOE KONGSIE" Gang-Pinggir (Semarang)

--- [0] ---

...

--- 1 ---

1. Dhandhanggula

1. kumawiku mêmalat mêmanis | angla-êla kumalaning nala | kalingan ngalela dhewe | mrih pamberating giyuh | angruruhi wadining bumi | manggyan madyaning jagad | ngungun rungsitipun | pilih kang wikan kêkêran | tarlèn puja sêmadi ênêng lan êning | ascarya pamoring Hyang ||

2. pan mangkana karkating tyas nanging | andupara paran kalakonnya | lir pra wipra kang pratamèng | parasja budyama nung | witing tuman kataman tistis | ri ratri sru rinoban | coba gung matimbun | dyan kajiyat jrit jroning tyas | kaprawasa prandene paksa anganggit | sumêla tanpa ngrasa ||

3. marma dahad ing driya wiyadi | kadung kaduk kadaring budaya | tanwun cineda dadine | dening sru mudha punggung | yun mêmindha sang dwija kadi | kêkonang arsa madha | padhanging sitèngsu | yêkti dahat tan tumimbang | puwaramba mung mêminta pangaksami | samuning pasang cipta ||

4. de kang dadya kadarpaning kapti | tarlèn saking kacaryan yun wikan | purwaning dumadi kabèh | têmah lalu mangruruh | sarasaning sastra marungsit | yasèng sang kawiswara | kang wus kasarawung | ring sêrat sung pralampita | piniluta linuting sêkar mrih dadi | darsanèng tyas mardawa ||

5. kang minôngka purwakaning ruwi | mamèt saking sarasèng supatra | kang marna purwèng [pur...]

--- 2 ---

[...wèng] kadadèn | dhingin wasitanipun | pustakadi Hidayat Jati | mèt saking wêwêjangan | kaping dwi sinêbut | wêdharan wahananing dad | nukit saking kitab Dakaikhal Kaik | mangkana kang winahya ||

6. sajatine ingsun dad kang sukci | kang amurba amisesèng jagad | kang kawasa nitahake | sawiji-wiji wujud | dadi padha sakala sami | sampurna saking kodrat | lan iradat ingsun | ing kono wus kanyataan | pratandhane apngal ingsun ingkang dadi | bêbukaning iradat ||

7. ingkang dhihin ingsun wus akardi | kayu aran Sajratul Yakina | tumuwuh anèng sajrone | ing alam Adam Makdum | ya Ajali Abadi nuli | cahya ran nur Mukhamad | gya kaca sinêbut | Miratul Khayai nul |Kurang satu suku kata: Miratul Khayai nulya. nyawa iya ingaranan Roh Ilapi | gya damar winastanan ||

8. kandil nuli sotya dèn wastani | darah nulya ingkang dhindhing jalal | aran kijab iku kabèh | wrananing klarat ingsun | de artinya ingkang sayêkti | Khayu Sajaratula | yakin kang tumuwuh | jroning Adam Makdum ika | lan Ajali Abadi urip sajati | tuwuh nèng têlênging rat ||

9. Sunyaruri maksih suwung sêpi | salaminya ing kaanan kita | iya iku kakekate | dad muntlak ingkang agung | ya ananing asma sajati | dadi wahananira |

--- 3 ---

ngalam Khadiyatu | kadwi aran nur Mukhamad | wardinira iya cahya kang pinuji | kacrita jroning kitab ||

10. warna kadi pêhsipêksi. mêrak munggwing | jro sêsotya kang acahya seta | manggon nèng ngarah-arahe | kang Kayu Sajaratul | kakekate cahya kang wêning | iya ta jalining dad | kang Wajibul Wujud | nèng Nungkat Gaib minôngka | sipating kang atma dadya wahananing | ing alam Akhadiyat ||

11. kang kaping tri Mir'atul Khayai | lire kaca wirangi iyeka | kacarita jro kadise | munggwing sangajêngipun | nur Mukhamad iya kang dadi | kakekating pramana | ya rasèng dad iku | minôngka asmaning atma | iya iku ingkang dadi wahanane | ing alam Wakidiyat ||

12. kaping catur kang ran Roh Ilapi | jarwanira pratandhaning nyawa | nyawa ingkang wêning dhewe | kocap ing kadisipun | asal saking nur Mukhamadi | ya kakekating suksma | kang ingakên tuhu | kaananing dad muntêlak | pan minôngka apngalira atma dadi | wahanèng alam arwah ||

13. kaping lima kandil dèn wardèni | iya dilah kang tanpa dahana | kacarita ing kadise | warna sêsotya nrawung | mancur lawan mancorong wêning | gumantung tan canthelan | yèku ananipun | nur Mukhamad lan unggwannya | roh sadaya

--- 4 ---

punika kakekatnèki | angên-angêning janma ||

14. kang ingakên wayanganing Widhi | ya minôngka êmbananing atma | iya dadi wahanane | ngalam Misal puniku | kaping nênêm darah lirnèki | sêsotya kacarita | jroning kadisipun | darbe sorot môncawarna | lawan sami kadunungan malekati | ya kakekating budya ||

15. kang ingakên paesaning Widhi | ya minôngka wiwaraning atma | iya dadi wahanane | ngalam Ajêsan iku | kaping sapta kijab ya dhindhing | jalal jarwanya ika | warana kang agung | kacarita jroning kitab | mêtu saking sêsotya kang môncawarni | nalika mosikira ||

16. anganakkên kang warana katri | uruh kukus katrinira tirta | iya iku kakekate | jasat kita ingaku | warananing dad kang sajati | môngka sandhaning atma | ya wahananipun | ngalam insan kamil ika | iya iku anane badan puniki | sampurna wujutira ||

17. dene ingkang muni jroning dalil | dhindhing jalal iku kang kajarwa | jro ijêmak kiyas rêke | pêpangkatan têtêlu | uruh kukus katiga warih | sajuganya pinêrang | nigang waranèku | dhingisdhingin. uruh angêtokna | têlung pangkat juga kijab kisma dadi | wahyèng jasat ing jaba ||

18. iya iku kulit lawan daging | otot tulang sapanunggalannya |

--- 5 ---

kaping dwi kijab rukmine | ya dadi wahwanipun | jasat ingkang nèng jro sakalir | kaya ta utêk lawan | manik manah jantung | paru limpa sêsaminya | katrinira kijab rêtna iku dadi | wahyèng jasat kang lêmbat ||

19. iya iku mani lawan gêtih | sungsum lawan sapanunggalannya | bangsaning jasat kang cuwèr | lan kaping kalih kukus | amêtokkên têlung pakarti | sajuga aran kijab | pêpêtêng puniku | dadi wahananing napas | kêdut lawan kang gumriming kang gumringging | sapanunggilanira ||

20. kadwi kijab guntur dèn wastani | iya dadya wahyèng pôncadriya | têlu kijab dahanane | dadi wahyaning napsu | ingkang kaping katêlu warih | angêtokake tigang | pakarti puniku | ya kijab bun toya gêsang | iku dadi kaanane suksma nênggih | kadwi kijab nur rasa ||

21. iku dadi rahsa kang kaping tri | aran kijab nur wahya kang padhang | dadi atma kaanane | dene kabèh puniku | têtêp dadi waranèng Widhi | nèng insan kamil gwannya | iya têgêsipun | kasampurnaning manungsa | marmanira aywa was sumêlang malih | ya sira waranèng hyang ||

22. lawan malih kabèh ananèki | kalarate pangeran kaya ta | kang bale ngaras kursine | miwah kang Lohkil Makpul | kalam uwot Sratal Mustakim |

--- 6 ---

taraju swarga nraka | lan niskaranipun | ingkang dumadi sanayasadaya. | bumi langit lan saisèn-isènèki | sèsining trilokaya ||

23. wus kawêngku ana sajêroning | waranèng hyang ingkang sipat êsa | ya kaanan kita kiye | nartani purbanipun | atma kita ingkang sajati | jati-jati wisesa | misesa sawêgung | sagunging kaanan samya | mratandhani ing kawasaning pakarti | apngaling dad sampurna ||

24. purna ponang pangapusing tulis | kanang saking jroning Pustakarja | ran Hidayat Jati dene | nguni ingkang manawung | basa jarwa nukilan saking | kitab Dakhaikhul Khak | yeka swarginipun | Dyan Bèi Rônggawarsita | pujônggagêng ing nagri Surakartadi | mundhi agnyèng srinata ||

2. Sinom

1. mangkya malih kang winarna | warah purwaning dumadi | mèt saking surasanira | pustaka Pramana Sidhi | karanganira Sang Sri | Aji Jayabaya Prabu | narendra ing Pamênang | iya nagara Kadhiri | duk katamyan pandhita ing Ngêrum praja ||

2. awasta Sèh Maolana | Ngali Samsujèn sang rêsi | lênggah munggwèng palanggatan | suka sami imbal angling | nglalar lênging lêlungit | kongas ngês angadu sêmu | samantara sang nata | karênan anon sang rêsi | saking kèksi sarwa wasis saniskara ||

3. tan antara sang pandhita | angambil [angambi...]

--- 7 ---

[...l] kitab liniling | sang nata aris têtanya | sêrat punapa sang rêsi | matur Sang Mahayogi | kitab Musarar sinuhun | inggih jangkaning jaman | kang sampun kalakyan tuwin | ingkang dèrèng kalakyan sampun kacêtha ||

4. sanadyan ing jaman Jawa | sampun kajarwa ing ngriki | ngantos praptaning wêkasan | sri narendra duk miyarsi | kasêngsêm arsa ngèksi | sarasaning kang satuhu | lan minta puruhita | waskitha jangkaning bumi | sang pandhita matur dhuh sang narèswara ||

5. langkung sayogya punika | nanging inggih dèrèng kenging | mênawi paduka nata | inggih dèrèng nguningani | mring purwaning dumadi | gaibing kaanan sagung | sang prabu angandika | mênggah purwaning dumadi | punapa kang kawrat Sêrat Jitapsara ||

6. tumuruning kaalusan | punapa kang munyèng tulis | ran Sêrat Widyakirana | Sastra Harjendra tanapi | ran Sastracêtha tuwin | Bodha Gotama sang wiku | sang pandhita lon mojar | dhuh-dhuh sang sri narapati | rèh kawula punika bôngsa ing Arab ||

7. sayêkti dèrèng uninga | suraosing Sêrat Jawi | suwawi ta jinarwakna | warahe sasiki-siki | ringkês kewala sang sri | supadya amba sumurup | kenging môngka pêpindanpêpindhan. | pundi ingkang anggêpoki | dados ombèr pambabaring balabaran ||

8. sang nata dahad [da...]

--- 8 ---

[...had] karênan | kasinggihan sang ayogi | makatên wuryaning Sêrat | Jitapsara duk ing nguni | Hyang Nur Cahya winisik | dhatêng marasêpuhipun | ratuning jin Maldewa | jêjuluk Prabu Nur Adi | duk ing nguni dèrèng wontên paran-paran ||

9. maksih wangwung tawang-towang | aran jagad sonyaruri | tanpa keblat tanpa prênah | kajawi cahyaning Widhi | murup mangkara kèksi | wujud agni warninipun | jênar biru lan rêkta | Hyang Dahanam dèn wastani | kacarita punika gêsang priyôngga ||

10. tan wontên kang gêsangana | dangu-dangu ponang agni | mahya hawanya kawuryan | wujud sipating sujanmi | kêkalih dèn wastani | Sang Hyang Martyujiwa laju | kumukus-kukus nulya | jumênêng gatraning janmi | nèng jro kukus kôntha janma srira cahya ||

11. lir damar kurung kalihnya | kawasa awawan angling | kang sajuga darbe cahya | biru brit dipun wastani | Sang Hyang Ardayan tuwin | Sang Marijan ajêjuluk | Sang Jan asipat priya | kang sajuga cahya kuning | sipat kênya winastan Sang Damaring Dyah ||

12. inggih winastan Marijah | nulya kêmpal dadya swami | tantara Sang Jan Marijah | samya masênênan kosik | liru sorot wor sari | samantara rahsanya wus | warna ro kakung kênya | kang priya ran Sang Bahninji | kang wanodya winastan Sang Hyang Bahnincah ||

--- 9 ---

13. ugi samya raga cahya | wasta Jan Bahnu jan kalih | sakala apulang jiwa | sabên kosihkosik. paworsari | inggih amahanani | ing warna wêkasanipun | sêsuta baranahan | wujudipun warni-warni | wontên ingkang wujud jatining manungsa ||

14. wonkênwontên. warna bêr-ibêran | warna sato khewan tuwin | warna ulam loh kalawan | kewan kang rumangkang sami | dene ta Sang Jan nguni | sakêmbaran ananipun | dadya yun-uyunannya | para sutanya pribadi | ajêjuluk Sang Raja Damaradian ||

15. nulya karan êjin dadya | sasêbutan kawan warni | Jan Banu Jan Alijanjan | dupi wus antara lami | sang jin apalakrami | dhaup lawan wangsanipun | lulut akaron jiwa | sang jin nulya asêsiwi | kêmbar jalu wujud sipating manungsa ||

16. kang sajuga cahya jênar | winastan Sang Andajali | kang sajuga cahya seta | winastanan Sang Idajil | karan setan lirnèki | dene darbe cahya pingul | dupi sampun diwasa | nulya samya palakrami | Sang Idajil pinunjul sabangsanira ||

17. satêmah murtat tan arsa | ngratu mring Marijan Sang Sri | wêkasan amêmêngsahan | Idajil unggul ing jurit | yèku purwaning nguni | wontên nata mangun pupuh | nanging kala samana | kang môngka gamaning jurit | inggih amung pangabaran dahanarda ||

--- 10 ---

18. Sang Jan Banu Jan Alijan | sirna samadyaning jurit | mulya apulang dahana | mangkana Sang Hyang Idajil | laju jumênêng aji | gêntosi Marijan juluk | Sang Sultan Abumarah | marêm wus mangun kamuktin | lama-lama Sang Abumarah besanan ||

19. lawan kadangnya priyôngga | kang nama Sang Andujali | dadya bangsaning sèluman | dene ta ingkang amaksih | darahnya Sang Jan nguni | nêrahkên pra jawatagung | gya nurunkên manungsa | têlas cariosing tulis | rêringkêsan saking Sêrat Jitapsara ||

20. dadya têrang duk ing kina | agni kang wontên rumiyin | dene gêsanging manungsa | saking napsu purwanèki | marma lamun ngêmasi | ingkang sirna napsunipun | gya tan pêjah salama | mantuk mring purwaning nguni | têlas turnya Sang Prabu Ji Jayabaya ||

21. matur Sang Sèh Maolana | dhuh-dhuh sang sri narapati | suraosing Jitapsara | kang sampun kawahya sami | dèrèng môntra gêpoki | dhatêng Nukat Gaibipun | wit maksih dha capuran | dene gaibing Hyang Widhi | tanpa warna botên mawi dêdhapuran ||

22. lamun sampun mawi warna | sampun lan kang karya warni | sang prabu alon ngandika | lamun makatên sang rêsi | punaparsa mangran mring | ngalam sonyaruri suwung | matur sang yogiswara | paran ta sri narapati |

--- 11 ---

sampun nama ngalam têkarsa pinangran ||

23. lêgêg sang sri naradipa | kodhêng kawêngkèn ing galih | sang pandhita awas mulat | gya matur sarwi maripih | dhuh-dhuh sang sri bupati | sampun judhêgan ing kalbu | saèstu amba ingkang | arsa nrangkên kang patitis | rèh paduka sampun karsa puruhita ||

24. ananging paminta amba | mugi paduka sang aji | karsa andumugèkêna | sarasèng sêrat ing ngarsi | bok wontên kang gêpoki | lawan gaibing Hyang Agung | nata maluyèng sabda | inggih sayogya sang yogi | pan makatên pucunging Widya Kirana ||

3. Pocung

1. duk ing dangu maksih suwung awang-uwung | pan amung swasana | ingkang jumênêng rumiyin | nulya wontên hyang surya côndra kartika ||

2. tiganipun gya samya mubêng gumulung | nyakra manggilingan | amahyakkên daya sami | sang hyang surya angêdalkên daya panas ||

3. gih puniku jumênêng alusing latu | hyang côndra ngêdalna | daya bun alusing warih | Hyang Kartika daya srêp alusing bajra ||

4. daya têlu gya awor dadya sawujud | wus nunggil kaanan | nulya sinêbut trimurti | jarwanipun kaalusan tigang warna ||

5. dangu-dangu sarining trimurti mêtu | aran tripurusa | kawasa umêsat maring | ngantariksa gumantung tanpa canthelan ||

6. mênêng

--- 12 ---

namung sinôngga swasana suwung | nèng trimurti nulya | kumringêt dadya we wêning | angênguwung winastan tirta prawita ||

7. têgêsipun kaalusanirèng ranu | gya kang tirta maya | jalantah tumètès dadi | jalanidhi têgêsipun toya wantah ||

8. dangu-dangu ponang jalanidhi mêtu | rêrêgête dadya | bantala ingaran bumi | bumi nulya mubêng nyakra manggilingan ||

9. gung gumulung dalasan kang samodra gung | dupyantara lama | mêtyakkên tuwuhan tuwin | kutu-kutu alang taga neka warna ||

10. lawan tuwuh pêlikan sawarninipun | sêsotya mas slaka | wêsi rasa timah sari | lan kuningan walirang sela rêjasa ||

11. dangu-dangu tripurusa kang gumantung | samadyèng akasa | akêkêl kumulit nuli | tumurun mring bantala tantara lama ||

12. pêcah wujud kalih sipat manungsa nung | jalu lan wanodya | jumênêng wijining janmi | yeka Nabi Adam lawan Babu Kawa ||

13. kalihipun gya wor sasmita salulut | tantara pêputra | trah tumêrah praptèng mangkin | titi ponang surasèng Widya Kirana ||

14. de kang kasbut Sastra Jendra ringkêsipun | asaling manungsa | inggih sing kawan prakawis | sing swasana surya côndra lan kartika ||

15. dupi sampun sampurna manungsanipun | benjang wusananya |

--- 13 ---

inggih saking pat prakawis | atas titis tatas putus artinira ||

16. atas ruhur titis awas tatas rampung | putus babar pisan | wontên pat prakara malih | ran sampurna lêngit layap luyup ika ||

17. sampurnèku babar pulih lir ing dangu | lêngit alus lirnya | layap laku jarwanèki | luyup ilang sirna wus tan kasat mata ||

18. kajêngipun sampurnaning manungsèku | pulih kaalusan | sirna ambabarpisani | babarpisan nunggil Hyang Kang Mahamulya ||

19. dene lamun Budha Gotama sang wiku | makatên gancarnya | mênggah purwaning dumadi | asalira tarlèn saking tigang warna ||

20. kang dhingin nur kang dwi rasa katri urup | nur punika cahya | rasa têgêsipun gêtih | dene urup inggih urip jarwanira ||

21. madyanipun jalma supadya sumurup | panunggiling tiga | purbawisesa sa inggih | purba uwit wisesa wênang sa tunggal ||

22. kajêngipun manungsa wênang saèstu | nunggal lan witira | têlas pangandikèng sang sri | sang pandhita dahaddahat. rêna amiyarsa ||

23. nulya matur manuhara dhuh sang prabu | duk amba miyarsa | sarasaning sêrat kalih | Sastrajendra myang Sêrat Budha Gotama ||

24. kalihipun ragi prayogi sinuhun | sampun magêpokan | ananging dèrèng

--- 14 ---

pratitis | margi maksih sami warana sadaya ||

25. dunungipun maksih nèng madya sadarum | wontên pralampita | gêsangipun alam sahir | sami kodhok angêmuli êlèngira ||

26. dene idhup ing alam kabir sang prabu | punika canthoka | kinêmulan êlèngnèki | lah sumôngga pundi ta ing nyatanira ||

27. malihipun paran ta pangancasipun | pundi kang canthuka | kinêmulan lèngnya malih | mulih mulya maluyèng alame lama ||

28. duk sang prabu myarsa turnya sang awiku | kewraning wardaya | rumaos sangêt katitih | ing wusana ngandika rum mamèt prana ||

29. dhuh sang wiku paran ta ingkang kadyèku | kula dèrèng dungkap | wosing alam kabir sahir | lah suwawi kadunungna kang sanyata ||

30. mèsêm maju sang rêsi sarwi umatur | sumôngga sang nata | kaparênga anampèni | karna kering amba matur jatinira ||

31. sang sinuhun mènglèng gya winisik sampun | jatining agêsang | palastha satata malih | manggut dhêku sri narendra wus widagda ||

32. rumôngsa wus sampurna manungsanipun | wrin purwaning ana | waspada madyane titi | waskitha mring pangancasing kawusanan ||

33. têlas sampun rêringkêsan kang kasêbut | ing sidhi pramana | mangkya gantya kang winarni |

--- 15 ---

wosing Sêrat Pônca Pranawa: Asmara ||

4. Asmaradana

1. dene awinarnèng tulis | warahe Pônca Pranawa | mung duk Hyang Guru têtakèn | mring Rêsi Kanekaputra | bab purwaning dumadya | kadya kang sampun kasêbut | ing Sêrat Paramayoga ||

2. duk anèng madya jaladri | Hyang Guru nabda: purwanya | cahya gya agni katrine | bantala nulya maruta | gangsalira samodra | Hyang Jagatnata andangu | mangkya paran nyatanira ||

3. Hyang Naradha matur aris | dhuh Sang Hyang Jagadpratingkah | yèn makatên saèstune | badhe lêpat ing pangancas | dene mangran kaanan | benjang sisip sêmbiripun | manuksmèng teja wangkawa ||

4. dene atur amba nguni | sadèrènge wontên cahya | wontên swara gêntha kêlèng | liripun sagung kaanan | kèsthi ing kajatosan | dene kajatèn puniku | sayêkti wontên kaana ||kaanan.

5. kang minôngka saksi janmi | inggih jagading manungsa | yêkti tan wontên bedane | kalihan jagading dunya | mila bêbasanira | duk cahya dèrèng kadulu | pan sampun wontên suwara ||

6. apindha gêntha kêkêling | inggih makatên jarwanya | swara punika jatine | inggih nyawa dene gêntha | punika jatinira | kôntha kêkêlèng pukulun | têgêsipun [têgêsipu...]

--- 16 ---

[...n] dêdunungan ||

7. dados bawa dunungnèki | pan inggih wontên ing kôntha | kôntha samar pradikane | samar gaib artinira | dene gaibing pangran | sumandhèng kaanan sagung | bêbasannya warna rupa ||

8. mêmbuhi sipating warni | tan arah tan pêpanggenan | nglimputi sagung dumados | angandika tanpa lesan | pan inggih muhung bawa | gônda tanpa grana muhung | purba: myarsa tanpa netra ||

9. muhung waskitha: miyarsi | tanpa karna mung wisesa | amangraos tanpa raos | muhung nêng êning dyatmika | de kosok wangsulira | purwaning ana saèstu | saking ora sangkanira ||

10. witing lair saking batin | witing rame sing ênêngnya | witing gumlar saking kothong | nanging sampun ingêncêpan | yèn namung tawang towang | tanpa wusana pukulun | bêbasan mangran kumandhang ||

11. wosipun sirik mênawi | mawi nampik amiliha | yèn nampik kaparan tênbetêmbe. | punapa ingkang ginêlar | tan ginulung lir lama | kalamun milih pukulun | punapa botên uninga ||

12. lamun sagung kang dumadi | saking gaib asalira | marma pangarahe têmbe | sampun ngantos kasamaran | dhatêng salir kaanan | ingangkah ywa kongsi korup | malah inggih ngurupana ||

13. kèndêl aturnya sang rêsi |

--- 17 ---

Hyang Guru sru kapirênan | ngraos kapraptan karsane | dènira salir kang eyang | Sang Hyang Ad amakina | ngratoni manungsa sagung | rumaos yèn wus waskitha ||

14. mung samantên dènnya mêthik | surasèng Pônca Pranawa | mangkya malih kang cariyos | mèt saking sarasèng Sêrat | Injil purwèng dumadya | duk maksihe awang-uwung | bumi langit durung ana ||

15. mung pêtêng kang ana dhingin | nanging Allah kang kawasa | pan wus angrêm anèng jêro | sajroning pêtêng limêngan | nulya nyipta pêpadhang | byar nuli ana kadulu | surya côndra lan kartika ||

16. nulya nyipta bumi langit | nulya wijining dumadya | manungsa tanapi sato | nyajodho gya asêsuta | lama-lama branahan | têlas gwan amba mangimpun | ruwiya purwèng dumadya ||

17. puwara lamun pinikir | mirit surasaning sêrat | mênggah purwaning dumados | wasitèng pra kawiswara | Buda Ngarab Eropah | tan wontên prabedanipun | mung nunggil misah kewala ||

18. tarlèn purwaning dumadi | sing trimurti sangkanira | sang trimurti pinangkane | sing surya côndra kartika | têtêp tri warna môngka | wêwakilira Hyang Agung | amarna sagung kaanan ||

19. nanging pustaka sakalir | kang sampun kajarwèng ngarsa | durung ana kang cariyos | yèn surya côndra [cô...]

--- 18 ---

[...ndra] kartika | ika wujud punapa | mung saking surasanipun | supatra Pustakadarya ||

20. lire layang kang kinancing | munggwing têlênging wardaya | nguni iku pusakane | Sang Hyang Nur Cahya ing kina | mring putra Hyang Nur Rasa | tumrun mring Hyang Wênang laju | Hyang Tunggal Hyang Jagadnata ||

21. Winasita jroning wisik | wisik jatining agêsang | gêsang ingkang gêsang dhewe | mahyakkên sajatinira | warna kaanan tiga | mangkana ingkang winuwus | jatining Hyang Bagaskara ||

22. bahni jiwa dèn jarwani | gêni urip awor rasa | adarbe cahya mancorong | kawasa sung daya panas | dadi babon wahana | kalih kang candrama wujud | tirta marta artinira ||

23. iya iku banyu urip | wor rasa adarbe cahya | umancur asrêp dayane | jumênêng baboning toya | katri kartika ika | bayu atma têgêsipun | angin urip kalimputan ||

24. ing rasa cahyanya wêning | ugi asrêp dayanira | dadi babon marutane | katrinya môngka utusan- | nira kang sipat êsa | derarsa marna sawêgung | marma duk kaanan tiga ||

25. baskara candrama katri | kartika sampun dumadya | kêna prabawèng Yyang Manon | gya katrima nawung kridha | mubêng nyakra gilingan | nèng cakrawala gumulung | samya amahyakkên daya ||

26. Sang

--- 19 ---

Hyang Surya dayanèki | panas alusing dahana | sang hyang candrama dayane | êbun dadya lusing toya | hyang kartika dayanya | asrêp alusirèng bayu | ponang daya tigang warna ||

27. gya awor dadya trimurti | sarining trimurti dadya | wijining manungsa kiye | kadya kang kawahyèng ngarsa | nanging kauningana | sarèhning trimurti amung | môngka waranèng Hyang Suksma ||

28. lah ing mangkya ingkang pundi | jatine Sang Hyang Kawêkas | wêkas-wêkasing dumados | ulatana dèn kapanggya | aywa ngungun kewala | tabêria anggêguru | mring sujana wicaksana ||

29. lawan dèn talatèn niti | caritaning Sastraarja | karangane pra kinaot | kang samyamot pralampita | sasmita wosing gêsang | yogya kinarya panuntun | kadya kang kawahyèng ngarsa ||

30. akèh kalamun winilis | pustaka yêyasanira | pra ruhur ingkang kinaot | para nabi waliollah | pra rêsi yogiswara | ing kina dènnya sung tuduh | mring putra sewayanira ||

31. supadya ywa kongsi lali | kalimput ing tyas angkara | karênan karêm karamèn | kèrêm karamating dunya | kinêmat kanikmatan | lalu kalulun tyas limut | tan mamrih rahmating wuntat ||

5. Pangkur

1. suwawi ta piyarsakna | sarasaning supatra

--- 20 ---

kang nuntuni | mangayuh ayuning layu | yeka duk jaman purwa | Dhahyang Druna cangkriman lan sang binagus | Bambang Partadewa kuna | ya Hyang Kamajaya nguni ||

2. Sang Partadewa wacana | lah batangên suwawi suwal mami | pundi ta têtêlêngipun | bantala lawan tirta | angên agni swara sêdya rupa iku | Sang Rêsi Druna narbuka | jagad têtêlênging bumi ||

3. têlênging tirta samodra | awang-awang iku têlênging angin | srêngenge têlênging latu | ggudhuggludhug. têlênging swara | yèn têlênging sêdya kasênêngan kulup | têlêng rupa kawujudan | Sang Partadewa mangsuli ||

4. lah sang rêsi batangan ta | sampun mèmpêr nanging dèrèng pratitis | lah punapa bedanipun | bantala lawan jagad | dèrèng nyamlêng dene ta pratitisipun | têlênging banta jasat |Kurang satu suku kata: têlênging bantala jasat. mila jasat dèn wastani ||

5. dadya têlênging bantala | dene nulya kaanakaanan. wujud jisim | ngêmot ricikaning idhup | awit asaling jasat | yêkti saking sarining bumi puniku | dadya adêging manungsa | dene têtêlênging warih ||

6. andika batang samodra | dèrèng manggèn punapa ta ing nguni | duk dèrèng wontên jladri gung | datan wontên udaya | de samodra amung kumpulaning ranu | dene ta sajatinira | rahsa têtêlênging warih ||

7. mila rahsa ingaranan | têlênging

--- 21 ---

kang tirta dene dumadi | wujud mratandhani idhup | awit asaling gêsang | yêkti saking sarining toya sawêgung | lawan têlênging maruta | sang rêsi amardikani ||

8. awang-awang dèrèng mapan | wit punika mung kumpulaning angin | sajatine têlêngipun | maruta inggih napas | milanipun napas punika sinêbut | dados têlênging maruta | wit dadya talining urip ||

9. têlênging latu binatang | diwangkara yêkti dèrèng patitis | punapa mênawi dalu | botên wontên dahana | bagaskara amung kumpulaning latu | dene ta sajatosira | napsu têtêlênging agni ||

10. myang tlênging swara binatang | gludhug inggih dèrèng mencok punapi | bilih tan wontên galudhug | tan wontên swara liyan | sajatine têlênging swara pangrungu | wit yèn pêpêt pamyarsanya | tan ana swara kapyarsi ||

11. têlênging sêdya binatang | kasênêngan punika dèrèng mathis | punapa inggih kalamun | tan wontên sêdyaning tyas | datan wontên kang dados sênênging kalbu | wosipun têlênging sêdya | inggih panarimèng galih ||

12. wit panrima mêngku sêdya | isbatipun ênêng amêngku osik | têlênging rupa dinumuk | wujud kita punika | dèrèng nyamlêng lah punapa bedanipun | rupa lawan kawujudan | jatosipun têlêngnèki ||

--- 22 ---

13. rupa punika pramana | milanipuna pramana dèn wastani |Lebih satu suku kata: milanipun pramana dèn wastani. dadya tlênging rupa wujud | dene pramana dadya | pitêdahan anane rêrupan sagung | tan wruh maring kawujudan | yèn tan wontên pramananing ||

14. têlas cêcangkrimanira | Bangbang Partadewa kang samya myarsi | pra nata pra nanaryanararya. gung | samya nabda manawa | lêrês Bangbang Partadewa anggènipun | andunungakên batangan | nulya Rêsi Druna gênti ||

15. amêdharkên cêcangkriman | ana swara ananging tanpa warni | binatang puniku gludhug | lan rupa tanpa swara | inggih arca punika pradikanipun | lan wujud tan kêna pêjah | dipun pradikani warih ||

16. canthuka ngêmuli lèngnya | dèn tarbuka yeka sipat nglimputi | mring êdad dumunungipun | wontên ing alam dunya | lawan êlèng angêmuli khodhokipun | binatang punika êdad | anglimputi sipatnèki ||

17. dumunung alam dêlahan | tanggal pisan sampun purnamasidhi | punika pradikanipun | babaring alam mulya | Rêsi Druna rumôngsa katitih laju | mundur aris palarasan | pinêgad gantya winarni ||

6. Mêgatruh

1. wontên malih pralampitaning pituduh | yeka duk Jayasena ji | dadya brahmana nênamur | amêjang mring garwanèki | Dèwi Darmi sang lir sinom ||

--- 23 ---

2. sutèng Ajar Darmahita kang mawiku | ing wukir Kerata nguni | sang dyah warnendah pinunjul | karêmêne ulah ngèlmi | ngraras rèh kamulyèng layon ||

3. pamisike srana wuluh wungwang laju | sinungkên mring garwanèki | kinon ngincêng lêrêsipun | mastakanira sang aji | salêbêting murda katon ||

4. kadya wontên bale kinêmbar kalangkung | asri mawa cahya putih | sru maya-maya kadulu | lan wontên wiwara kalih | nèng ngarsa kèksi ngalowong ||

5. Endhang Darmi sru ngungun nulya umatur | ing raka dhuh paran marmi | têka bale dwi dumunung | nèng mastakanta puniki | raka nabda dhuh riningong ||

6. umatura ing rama sang maha wiku | sayêkti tan madal sumbi | dêdunungan kang kadyèku | sang rêsi wacana aris | babo sutaningsun dhenok ||

7. wruhanamu mungguh prakara puniku | yêkti wajib priyanèki | wanodya wus bênêripun | pruhita mring priya nini | nêtêpi bêbasaning wong ||

8. aran guru laki krana laire wus | nunggal rasa karongron sih | batine wor rasa tuhu | sang manamur sampun tampi | sasmitèng marsêpuh kaot ||

9. dyan sang namur paring dêdununganipun | yayi kawruhana mangkin | bale kêmbar kang dumunung | jro kapala iku yayi | tinjomaya swarga kaot ||

--- 24 ---

10. iya iku kayangane Sang Hyang Guru | pangancase pra maharsi | kang katrima bratanipun | nging durung waskithèng ngèlmi | padha manggon anèng kono ||

11. Endhang DharmiDarmi. duk miyarsa langkung kuwur | gènira nyurasèng ati | nulya umatur ring kakung | dhuh-dhuh guru nadi mami | paran têka langkung elok ||

12. dene mung sang buwana balik pukulun | kang kaprah manungsa sami | kang dèn èsthi Sang Hyang Guru | têka punika kuwalik | Hyang Guru kayangan manggon ||

13. kapalaning manungsa prasasatipun | lot-lotan lowe puniki | ngong minta dununganipun | sang namur ngandika malih | babo mirah ariningong ||

14. bênêr sira ananging ta ariningsun | sira dèn sarônta dhingin | kayangan iku têtêlu | dadi misih kurang kalih | ing jaja lan baga dhenok ||

15. marma mangkya sêmprongên maning riningsun | Dyah Darmi ngèstokkên nuli | dèn lêrêskên jaja laju | wruh bale kajênar kalih | saya sru ngungun ing batos ||

16. Sang Brahmana Susena gya ngandika rum | wruhanta bale kêkalih | kang nèng jro dhadha yaiku | Ngendraloka dèn wastani | kayangan luwih kinaot ||

17. ya swargane Bathara Endra riningsun | pangancase pra narpati | kang tan patitis ing kawruh | ing benjang katrimanèki |

--- 25 ---

amung dumunung nèng kono ||

18. nulya sêmprong ingincêngkên baganipun | ing raka wontên kaèksi | bale ijo nom sumunu | dahad kacaryan sang dèwi | gya sang namur manabdalon ||

19. wruhanira bale ijo kang dumunung | anèng jroning baga yayi | yaiku kayanganipun | bôngsa jin lan pra sujanmi | kang katrima nuksmèng kono ||

20. Endhang Darmi malih umatur ring kakung | dhuh guru nadingong yêkti | sun trusing tyas sêtya tuhu | mangkya inggih mugi-mugi | paringa pituduh yêktos ||

21. kêplasipun dêdunungan kang saèstu | de paduka dèn dunungi | kayanganing jawatagung | kang raka wêwajar ririh | wruhanira ariningong ||

22. iya iku kawruh kantêpaning idhup | sajatine raga iki | dèn arani jagad agung | kang dadi tandhane bangkit | angglar pangawikan kaot ||

23. kang amêtu saka pangwasaning kalbu | de jagad kang gumlar iki | pan jagad cilik sinêbut | amarga wuwuh ing warni | nganggo antara katongton ||

24. pratandhane kabèh lan sarana iku | thukule kalawan wiji | lan jagading manungsèku | amêngku triloka yayi | iya gon têlung wêwêngkon ||

25. kang adadi warananing uripipun | ênggoning cipta pangèsthi | nging kabèh [ka...]

--- 26 ---

[...bèh] iku kawêngku | kwasane kaanan jati | marmanta ywa kabêsturon ||

26. amangeran mring rêrupan kang kadulu | luput yèn mangkono yayi | karana jatining idhup | wus kasrira sarira tri | lêkêt anèng raga manggon ||

27. ananging ta lamun ngêngkokana luput | dene sêsilahanèki | ing urip aywa angaku | ing pati ngakua urip | urip ingkang murbèng layon ||

28. yèn ing urip angêngkoki lan angaku | kasiku mring kang mêngkoni | ing agama lawan kukum | yèn ing pati angukiri | kawruhe kaliru ênggon ||

29. têmah kuwur surupane sasar-susur | êmbuh-êmbuh kang dèn èsthi | lir kinjêng tanpa pandulu | ibêre ngubêngi langit | ngalayang nèng ngalam kothong ||

30. de marmanta dumununge Sang Hyang Guru | munggwèng kapalaning janmi | nèng utêk kayanganipun | iku mung pralambang yayi | jatine pramananing wong ||

31. iku ingkang binasakkên Sang Hyang Guru | wit pramana iku dadi | guruning angga sakojur | pratandhane yèn marêngi | pramananta lêrêm dhenok ||

32. angganira milu lêrêm nuli turu | yèn pramananira tangi | raganta ya milu wungu | saobah-osiking dhiri | pramana kang môngka pandom ||

33. marmanira kayanganing pramanèku | aran [ara...]

--- 27 ---

[...n] tenjomaya yayi | dene ing kono puniku | kanggonan kang cahya wêning | lan maning para kinaot ||

34. amastani Guruloka têgêsipun | guruning jagadirèki | gon paniti ala ayu | pramana kang milah-milih | saking palawangan loro ||

35. ingaranan mata iya têgêsipun | pangêmotaning sakalir | irêng bang kuning lan pingul | kamot anèng netra yayi | lan ingaran Sang Hyang Manon ||

36. de Bathara Endra marmanta dumunung | nèng jaja têgêse yayi | yèku karsa: wit karsèku | ya dadi ratuning dhiri | mangrèh ing raga riningong ||

37. pratandhane yèn karsanta lêrêm wastu | raga ngalumpruk tan osik | kayanganira sinêbut | Ngendraloka lire yayi | ratuning jagad riningong ||

38. lan ing kono ana palawanganipun | kèhe loro dèn arani | ati kalawan jêjantung | kalawan ampêru yayi | dene karsa iku dhenok ||

39. akayangan anèng têlênging jêjantung | lawan kêna dèn arani | Sang Hyang Êsa têgêsipun | iya iku kang piniji | utawa tunggal saênggon ||

40. katêlune Sang Hyang Jin marma dumunung | ana ing baganing janmi | têgêse rahsa riningsun | sabab rahsa iku dadi | kaanane badaning wong ||

--- 28 ---

41. pratandhane yèn rahsanta pêpêt masku | nora nuwuhake wiji | dadining jiwa saèstu | saking rahsa asalnèki | lan têgêse rahsa ênggon ||

42. kanikmatan kang êmat kalangkung-langkung | kayangane dèn arani | ing Janaloka liripun | jagading manungsa yayi | wiji mani kang dadi wong ||

43. ya ingaran Hyang Nur Rasa têgêsipun | rasa ingkang bisa urip | kumpulane kabèh mau | ingaran triloka yayi | têgêse jagad têlung gon ||

44. iya uga winastanan ngalam têlu | lawan ingaranan maning | suksma purba kadwinipun | suksma wisesa kaping tri | suksma ruhur ariningong ||

45. padha saking trimurti jumênêngipun | sêsari têtêlu yayi | gêni angin lawan banyu | nanging gêni mau yayi | iya dudu gêni tunon ||

46. lawan dudu gêni diyan ingkang murup | dudu gêni pandhe wêsi | lan dudu badhiyang masku | gêni sirat sêsarining | sang hyang surya kang sumorot ||

47. iya iku wahanane dadi napsu | dene angin iku yayi | iya dudu angin lesus | dudu angin kang sumilir | dudu kang ngobahke kayon ||

48. lawan dudu angin ububan puniku | angin sorot sêsarining | sosêking kartika masku | iya iku ingkang dadi | napasira ariningong ||

49. dene

--- 29 ---

banyu mau iku iya dudu | banyu mili saking kali | dudu banyu samodragung | dudu banyu sêndhang bêlik | dudu têrêsaning kayon ||

50. dudu banyu padasan lan banyu sumur | dudu banyu udan yayi | iya dudu banyu umbul | nging banyu sênêning sasi | kang dadi rahsa kawiyos ||

7. Mijil

1. marmanira têlu iku yayi | kang sawênèhing wong | angarani brama barunane | lawan bajra sawênèh mastani | a: oma: mênawi | riningkês paran um ||

2. kèndêl dènnya misik sang apêkik | marsêpuh nabdalon | pasmon sumèh mor èsêm wuwuse | adhuh radèn yèn makatên yêkti | suraosing ngèlmi | pan sadaya jumbuh ||

3. lan wasitanira sang maharsi | yogiswara kaot | ingkang kawrat ing Darmasonyane | yèn purwaning dumadi puniki | saking samadyaning | ngawiyat witipun ||

4. winastanan Nguma Ditya Karti | pradikane kang wos | Nguma Sang Hyang Asoman têgêse | inggih wulan Ditya jarwanèki | Hyang Surya lan malih | Karti têgêsipun ||

5. apan inggih kartika sang pêkik | katrinya wor sorot | lan kawarti katiga swargane | lêt-êlêtan tri atus pangèksi | purwaning trimurti | inggih saking ngriku ||

6. kang winastan kaalusan katri | lamun kêmpal [kêmpa...]

--- 30 ---

[...l] dados | gêsangipun pra dumados anggèr | lamun pisah inggih anggêsangi | jawi lêbêt mèsi | trimurti saèstu ||

7. andikanya sang namur lah inggih | asami kemawon | kang pralambang tan wontên bedane | wasitanya pra pratamèng ngèlmi | muhung saking murih | moncèrakên kawruh ||

8. Rêsi Darmahita duk miyarsi | wacanèng sang anom | manggut lawan nabdalon dhuh anggèr | kasinggihan andikanta yêkti | têmah amimbuhi | kêkahing pangrêngkuh ||

9. amung Endhang Darmi dèrèng tampi | kêplasing suraos | maksih rangu-rangu tyas kawêkèn | apuwara umatur ing laki | dhuh-dhuh sang binangkit | guru nadi ulun ||

10. ing samangkya raosing tyas mami | duk tampi pasêmon | wosing kawruh malah sru kawêkèn | pundi ingkang kawula ugêmi | pundi kang tinampik | nyuwun jatosipun ||

11. priyotama dupi amiyarsi | aturnya sang sinom | mèsêm sarwi wacanana anggèr | wruhanira anane Hyang Widhi | nora rupa warni | tan kêni dinulu ||

12. nora gatra tan kêna dinugi | uga nora manggon | nging mimbuhi sumrambah ing kabèh | kêbak jroning buwana ngèbêki | iya angêlèbih | ing têlêbingtêlênging. kalbu ||

13. nging kwasane wus anèng sirèki | kaya ta: yèn anon | tanpa

--- 31 ---

netra: mung netranta nikèn | kang kinarya ningali sakalir | lamun amiyarsi | tanpa karna masku ||

14. mung karnanta kang sinilih dadi | pamyarsèng Hyang Manon | yèn manabda tan mawa lesane | ya lesan ta kang kinarya angling | yèn anggônda yayi | ya grananta iku ||

15. kang kinarya nguswa arum manis | kalawan rumaos | sadurunge karasa ing tyase | têgêsira kang angrasa yêkti | ya karsanta yayi | karsane Hyang Agung ||

16. wus mangkono kewala ri mami | wêdharaning raos | sayêkti wus kawawas uwose | Endhang Darmi sakala wus tampi | wisikaning laki | kabèh wus kacakup ||

17. tyasnya padhang pindha purnamaning | basônta katongton | kadya sampun antuk nugrahane | sampun ilham tan samar pamoring | Hyang Wasesa tunggil | ing kaananipun ||

18. dyan matur ring raka lan patitis | dhuh dewataningong | yèn makatên pangeran jatine | yêkti wontên jatosing aurip | kang raka duk myarsi | ya manabda arum ||

19. lawan mêngkul lungayaning swami | babo mirah ingong | ya mangkono nanging ta: na anggèr | ywa kinira yèn urip kang mosik | sajatining urip | kang mêningning masku ||

8. Maskumambang

1. purna ponang wasitanira Sang Aji | Srijayamisena |

--- 32 ---

mring garwanya Endhang Darmi | mangkya ingkang winursita ||

2. duk ing nguni Sri Kusumawicitra ji | nata binathara | ing Daha inggih Kadhiri | nuju lunggwèng palanggatan ||

3. ingadhêp mring Wasi Wisumba lan patih | myang Sang Sicagana | angrêmbag kridhaning nagri | palêsthaning panggusthika ||

4. sri narendra nulya angandika aris | hèh Wasi Wisumba | seje kang ingsun rasani | bab kawruh ananing swarga ||

5. paran têka ana ditya munggah swargi | yèn mangkono apa | nora nana bedanèki | danawa lawan manungsa ||

6. Sang Wisumba umatur dhuh sang siniwi | sampun kapieram | mring ditya kang minggah swargi | sajatosipun punika ||

7. inggih namung swarganing ditya pribadi | tan nunggil manungsa | muhung wontên sangandhaping | canelanya Sang Hyang Kala ||

8. dados amung wontên kaalusanèki | ing hawa kewala | hawa punika sayêkti | prabawèng napsu kewala ||

9. yèn tumitis karya darudahing kapti | lir mêntas anendra | utawi pindha sujanmi | kang prapta saking wisata ||

10. manahipun pêtêng kêdah muring-muring | butêng tan sarantan | punika tan liyan saking | klêbêtan alusing hawa ||

11. tumusipun tuwuh kanêpsoning kapti | saèstu prabeda | kalihan swarganing janmi | lamun swarganing manungsa ||

--- 33 ---

12. inggih amung wontên ing gêsang sajati | gêsanging dumadya | kang nartani awal akir | jumênêng wahyu dyatmika ||

13. kawitipun sing sarèh sarônta kapti | santa lan santosa | myang rila lêgawa eling | pranawa lawan waspada ||

14. kosokwangsulipun ingkang mêminihi | sasaring kamuksan | nêpsu goyang supe tuwin | mangu mènglèng amangiwa ||

15. punika kang ngewahkên dyatmikèng kapti | anênarik marang | panasaraning pangèsthi | tan tumêkèng kalanggêngan ||

16. dene sasar tan mung mring dêlahan Gusti | nadyan marcapada | mênawi tan awas eling | inggih ugi praptèng sasar ||

17. kawitipun kang dados durgamèng kapti | dora melik cidra | anangsaya karêm tuwin | lumuh lan kêsèt sungkanan ||

18. dora cara nirnakkên têmêning kapti | melik narik marang | supe wêkasan kasarik | kêkarêman manggihêna ||

19. lumuh manggih kabodhohan kirang budi | kêsèt manggih cuwa | mangsuli witing sayogi | kang mrih rahayuning cipta ||

20. mrih lêstari kalaksitaning dumadi | sarônta amanggya | wêninging manah mênawi | rila amanggih kamulyan ||

21. èngêt manggih pêpadhanging manah Gusti | yèn manahnya padhang | lan wêning jasate suci | kapraptan saciptanira ||

22. awit têrus lair batosipun [bato...]

--- 34 ---

[...sipun] rêsik | sèstu kadunungan | waspada waskithèng budi | dene waspada punika ||

23. sumêrêp mring kaanan kang katon lair | sumôndha ing netra | waskitha punika uning | saliring kang kabatosan ||

24. pan sumôndha wontên salêbêting galih | kenging winastanan | sampun nunggil kwula gusti | ing sasolahbawanira ||

25. mobah-mosik kasinungan kwasa Gusti | kèndêl aturira | Wasi Wisumba sang aji | sangêt sukaning wardaya ||

26. wit sakala kadyanganing ngilo carmin | cêtha wela-wela | kang dadya rubedangrubêdèng. budi | miwah marganing kamulyan ||

27. apuwara sri narendra ngandikaris | e Wasi Wisumba | bangêt panarima mami | kabèh pralampitanira ||

28. nadyan ingsun muni wus dhêdhasar ngèlmi | sirèku minôngka | sêsangling dene mimbuhi | padhanging pramananingwang ||

29. lan rumasuk ing rasa prangrasa mami | sun sêngguh wisikan | balik ing mêngko sarèhning | uripe wus rinanggonan ||

30. kaanane ing dêlahan mêngko lagi | saka panggrayangan | wit durung nglakoni mati | paran paman Sidhagana ||

31. paman ingkang sampun nglampahi ngêmasi | duk prang lawan ditya | Raja Bandhura ing nguni | paran layap-liyêpira ||

32. wêdharêna supadya kenging binudi |

--- 35 ---

lan dadya panglimbang | têpunge kalihan ngèlmi | matur Rêsi Sidhagana ||

33. dhuh sinuhun rèhning pêjah amba nguni | pêjah sing kadadak | saking pangintên mênawi | sanès lan pêjah sarônta ||

34. lamun pêjah sarônta punika sang sri | yèn sampun waskitha | ing panêngran kang sayêkti | pangracut kukutanira ||

35. saèstunya antan-antan sing sakêdhik | wasana sirnanya | sayêkti mawi antawis | sarêng kang pêjah dadakan ||

36. sanalika mung kados kinêbat sang sri | nging rèhning kawula | sampun anangsuli ngèlmi | inggih botên was sumêlang ||

37. botên samar dhatêng kaananing pasthi | nalika kêplasnya | lir tiyang wuru branduwin | pramana bliwur byar-byaran ||

38. gya katingal pônca rêtna mrabawani | cahya cêmêng rêkta | jêne pêthak miwah wilis | nanging sarèhning kawula ||

39. inggih sampun sumêrêp prawitanèki | botên amba manah | Patih Byantara nambungi | dhuh sang dwija paran têka ||

40. wontên ingkang katingal amôncawarni | Rêsi Sidhagana | apêpajar mring kya patih | cahya kang cêmêng punika ||

41. gêsangipun gêgrêmêtan radèn patih | lah inggih punika | ngalam pêtêng dèn wastani | yèn korup ing ngriku benjang ||

42. yêkti nunggil yitnèng gêgrêmêtan pasthi | dene cahya rêkta | inggih punika

--- 36 ---

dyan patih | gêsangipun sato kewan ||

43. winastanan ngalam kanêpson sayêkti | yèn kèrêm mring rêkta | benjang sang atma umanjing | yitmèng kewan kang rumangkang ||

44. inggih amung nunggil mring alusing agni | dene cahya jênar | punika sajatosnèki | gêsanging ibêr-ibêran ||

45. winastanan ngalam pêpenginan inggih | alusing maruta | yèn kandhêg mring cahya kuning | wor yitnaning bêr-ibêran ||

46. dene cahya seta punika dyan patih | gêsangipun mina | ngalam kalalèn kang nami | inggih alusing udaka ||

47. yèn kasêngsêm kèrêm wontên cahya putih | tan wun suksmanira | wor yitmaning ulam kali | de cahya ijêm punika ||

48. gêsangipun sagung têtuwuhan inggih | ngalaming kang rahsa | yèn korup nèng cahya wilis | tan wun nuksmèng têtuwuhan ||

49. tantara byar katingal cahya tri warni | umancur kalintang | lan cahya mancorong wêning | nanging sarèhning kawula ||

50. sampun uning sababipun mila inggih | mung kèndêl kewala | sri narendra dangu malih | mring Sang Rêsi Sidhagana ||

51. yèn makatên punapa kang dèn wastani | cahyaning triloka | sang rêsi umatur: inggih | nanging ugi winastanan ||

52. cahyanipun trimurti punika sang sri | kalusan têtiga | dahana toya myang angin |

--- 37 ---

wangsul ing kaananira ||

53. kaananing napsu wangsul mring hyang rawi | kaananing rahsa | wangsul dhatêng sitarêsmi | dene kaananing napas ||

54. wangsul dhatêng purbaning trangganèng langit | tigang bab punika | mênawi kêmpal sayêkti | tamtu tuwuh dados gêsang ||

55. lamun pisah dadosipun anggêsangi | sang nata ngandika | dhuh sumitra sang maharsi | bab kaananing agêsang ||

56. sayêktose sampun kula sumêrêpi | yèn gêlaraning rat | purwane saking trimurti | ingkang winastan a: o: ma ||

57. wangsul mangkya kang winastan anggêsangi | kadiparan paman | kula dèrèng nguningani | matur Rêsi Sidhagana ||

58. dhuh sinuhun kang winastan anggêsangi | kaananing gêsang | yêkti sing tarik-tinarik | makatên wijanganira ||

59. jagad agêng tarikan lan jagad alit | napsu têtarikan | kalihan hawa ing jawi | hawa têgêsipun awan ||

60. awan saking purbaning hyang bagaspati | yèn rahsa punika | tarikan lan maya sang sri | inggih êbun toya gêsang ||

61. tuwuhipun kang kraos asrêping dhiri | asrêp purwanira | sayêkti saking ing ratri | ratri saking hyang candrama ||

62. lamun napas punika tarik-tinarik | kalihan swasana | saking lintang purwanèki | sang iswara angandika ||

63. inggih paman sadaya

--- 38 ---

ngong sampun tampi | wontên malih ingkang | dados raosing pamikir | inggih kang nama triloka ||

64. lire tigang panggenan ingkang rumiyin | nama Guruloka | lan Ngendraloka kaping tri | winastanan Janaloka ||

65. Guruloka kaswargane Hyang Pramèsthi | dene Ngendraloka | Hyang Endra kang darbe swargi | Janaloka kaswargannya ||

66. pra manungsa: kang makatên kadospundi | Rêsi Sidhagana | matur inggih sang siniwi | bilih kawula punika ||

67. inggih saking pangaran-aran witnèki | klèntuning panyana | de triloka kang sajati | inggih trilokaning badan ||

68. dunungipun Guruloka wontên nginggil | winastan Utyaka | lamun Endraloka sang sri | dumunungnya wontên madya ||

69. winastanan pranawa kang kaping katri | aran Janaloka | wontên ngandhap dèn wastani | paringsila: wardinira ||

70. kang Utyaka inggih utêk jarwanèki | pranawa punika | jêjantung têgêsnya sang sri | paringsila: paringsilan ||

71. triloka ya dados pratandhaning urip | dening ginadhuhan | pangwasaning dad sajati | Utyaka pangwasanira ||

72. tri prakawis mirsa gônda amiyarsi | pranawa kwasanya | pan inggih tigang prakawis | ambudi rasa rumôngsa ||

73. paringsila tuwin wagaprana inggih | kwasanya

--- 39 ---

tri warna | karasa mirasa tuwin | angêdalkên rahsa mulya ||

74. lantarannya saking pakakungan tuwin | wanodya duk samya | campuh paworing sarêsmi | amurwa waranèng gêsang ||

75. Sri Kusumawicitra ngandika malih | paran ta punika | pêpajare paman rêsi | sampun muluk amangandhap ||

76. Rêsi Sidhagana matur mèsêm sarwi | pra sujana ingkang | sampun putus ulah ngèlmi | sayêktosipun tan kewran ||

77. nunggilakên jagad agêng jagad alit | jagad gêng punika | gêlaran badan puniki | yèn jagad alit winastan ||

78. gêlaraning buwana punika sang sri | yêkti botên beda | sami amêngku trimurti | sri narendra duk miyarsa ||

79. mèsêm ing tyas dene sampun amêthuki | lawan kawruhira | patih byantara nambungi | matur ring sang maha dwija ||

80. dhuh sang dwija paran ta badan puniki | aran jagad jêmbar | buwana ran jagad alit | Sang Sidhagana pêpajar ||

81. dhuh sang patih mila badan dèn wastani | jagad gêng punika | makatên dunungannèki | jagad buwana punika ||

82. nadyan têbih myang jêmbara tanpa têpi | pan matsihmaksih. kantênan | petangipun yèn winilis | wangsul jagading manungsa ||

83. sintên ingkang sagêd anjajagi budi | lan suwaranira | tan pêgadpêgat. sajêge urip | upami dèn sêratana ||

--- 40 ---

84. kirang papan langkung suwaraning jamijanmi. | yêkti tanpantara | têlasipun lamun lalis | kalihan pratandhanira ||

85. kang bawana inggih kawasesèng janmi | samana kya patya | saklangkung marêm ing kapti | puwara malih têtanya ||

86. dhuh sang dwija mangsuli sabdanta ngarsi | duk paduka seda | wontên malih kang kaèksi | kanang cahya tigang warna ||

87. cahya mancur mancorong kalihan wêning | katiga winastan | sami cahyaning trimurti | lah duk samantên sang dwija ||

88. punapa ta sampun têlas kang kaèksi | sang pandhita nabda | maksih wontên cahya malih | gumilang tanpa wayangan ||

89. praptèng ngriku kula lajêng mèngêt malih | byar wruh gumlarira | sèsining dunya sakalir | wus rumôngsa lêbda jiwa ||

90. upamingong lajênga satatar malih | praptèng cahya samar | sayêkti laju ngêmasi | môngsa wangsula mring dunya ||

91. wit wus mulya wibawa sampurna jati | mulya artinira | mulih pulih nguni-uni | de: wibawa jarwanira ||

92. sampun mêngku kaluwihan rasa jati | sampurna jarwanya | rampung ambabarpisani | wangsul mantuk maring ora ||

93. nanging mantuk dhatêng ora radèn patih | tan gampil punika | yèn botên putus ing ngèlmi | ngèlmi wosing karungsitan ||

94. karungsitan purwa madyaning

--- 41 ---

dumadi | praptaning wasana | kinawruhan ywa sinangling | wruh pangglar lan gulungannya ||

95. dados botên samar moring kwula gusti | wruh pangrakitira | pangracut kukuting pati | patitis wosing kêkêran ||

96. duk samantên pêpajarira sang rêsi | mring rêkyana patya | sang nata mèsêm nabda ris | sampun paman Sidhagana ||

97. sampun cêkap kèndêl samantên rumiyin | yèn patih byantara | dèrèng sagêd anampèdnianampèni. | lyan ari malih rinêmbag ||

98. Rêsi Sidhagana tampi matur aris | dhuh inggih sang nata | kluhuran sabda sang aji | mèh kalajêng atur amba ||

99. kyana patih kapranan tyas masmu tistis | kalangkung kasmaran | myarsa wasitèng sang rêsi | puwara laju bibaran ||

100. nahên gantya ingkang ginupita malih | pralampitèng tekat | kukutan praptèng kajatin | mrih gambuh gambaring swarga ||

9. Gambuh

1. mangkya ingkang winuwus | wasita di wosing praptèng lampus | kacarita ing nguni duk muksanèki | Sri Anglingdarma ing dangu | nalika murwakèng layon ||

2. kathah ingkang kadulu | jroning liyêp-layaping ngalayu | cinadhanging sagung ngalam myang swarga di | angragodha angrêridhu | mrih kandhêg ywa praptaning don ||

3. de kang katon karuhun | ngalam pêtêng lir antarèng dalu | kang tan antuk sunaring [su...]

--- 42 ---

[...naring] hyang sitarêsmi | ya cahya irêng ing ngriku | kalangkung kyèh kang katonton ||

4. bôngsa grêmêt maèwu | wor prabawa buwana malindhu | dyan ngrancana murih sang suksmana nuli | kandhêg swarga sarwa jamus | nging sang suksma wus waspaos ||

5. tan samar jroning kalbu | wruh jatining pangrancana wau | kinêdhèpkên kaping tri sirna tan kèksi | gya wontên malih kadulu | ngalam bra markata katon ||

6. cahya bang anarawung | sajêroning kang alam kadulu | sagunging kang sato rumangkang mawarni | wor prabawa agni murup | gya sakyèhning kang bêburon ||

7. samya sarêng ngrêridhu | mring sang suksma kèndêla ing ngriku | umanjinga ing kaswargan kang sarwabrit | nanging sang suksma tan ayun | wruh yèn arsa kajalomprong ||

8. gya kêdhèp kaping têlu | sirna nulya malih kang kadulu | ponang ngalam sumunar ya cahnyacahya. kuning | sajêroning ngalam ngriku | sagung ibêran katongton ||

9. prabawanya angin gung | gya kang para ibêran sadarum | angrancana murih sang suksmana manjing | ing swarga sarwa kuning gung | nging sang suksmana tan keron ||

10. mring jatining pangridhu | kinêdhèpkên ping tri tan kadulu | tan antara wontên malih kang kaèksi | ngalam kawêningan yèku | cahya seta kang katongton ||

11. sajroning ngalam ngriku | katon [ka...]

--- 43 ---

[...ton] sagung bêburoning ranu | mina-mina maneka warna mêpêki | prancana mrih sang suksma nung | manuksmèng alam ulam loh ||

12. ya swarga sarwi pingul | nging sang suksma mung mênêng tan ayun | kinêjêpkênkinêjèpkên. kaping tri sirna tan kèksi | gya ngalam tuwuhan rawuh | wahananing cahya ijo ||

13. jroning ngalam sumunu | katon ponang tuwuhan maèwu | amardapa royo-royo masmu wilis | nêdhêng pala puspita rum | kang prabawa wangkawa wor ||

14. kawangwang wèh wulangun | anglam-lami mrih sang suksmana nung | kacaryana nuksmèng swarga mancawarni | nging sang suksmana tan ayun | wrin yèn yitnaning kêkayon ||

15. ngrancana mrih dumunung | nuksmèng kono dyan kêjêpkêjèp. ping têlu | sirna ponang cahya môncawarna nuli | salwiring cahya ing ngayun | nuksmèng cahya kang mancorong ||

16. jroning cahya narawung | ana urup umanthêr kadulu | gêng sasada jalu ngadêg andarbèni | sorot muncrat warna wolu | irêng abang kuning mawor ||

17. seta ijo myang biru | wungu dadu sarêngan kadulu | lawan swarga kawuryan laras sarwasri | nging sang suksmana wus wêruh | yèn pangrancana mrih keron ||

18. yèku sajatinipun | kayanganing para jin sadarum | muhung gwaning kamuktèn kewala sami | dene

--- 44 ---

swarga kang kadulu | irêng ngêngrêng mênang kados ||

19. musthikèng bumi nrawung | yeka kadadyaning nisthèng kalbu | yèn jumênêng ing ngriku tan wande dadi | ratuning ponang jin jamus | dene swarga bang kang katon ||

20. abra markata murup | mimba sotya gêniara yèku | kadadean saking dhusthanirèng kapti | yèn jumênêng wontên ngriku | tan wande ing têmbe dados ||

21. ratu jin abang iku | dene swarga kang kuning narawung | pindha rêtna dumilah punika nguni | kadadyan duraning kalbu | lamun jumênêng nèng kono ||

22. tan wun têmbe sirèku | dadi ratuning jin kuning tantu | dene swarga ingkang katon sarwa putih | lir Manikmaya sumunu | punika nguni kang dados ||

23. saking sêtyaning kalbu | yèn jumênêng nèng kono tan wurung | sang suksmana dadi ratuning jin putih | de swarga ijo kadulu | lir manik tenjomayabyor ||

24. yèku kadadyanipun | santosèng tyas kalamun dumunung | anèng kono dadi ratuning jin wilis | de swarga kang sarwa biru | amasmu muyêk katongton ||

25. lir nila pakaja nung | kadadean sing sambadèng kalbu | yèn jumênêng nèng ngriku sang suksma benjing | dadi ratuning jin biru | dene swarga kang katongton ||

26. asarwa wungu nguwung | pindha manik pusparaga nrawung |

--- 45 ---

ya kadadyan saking sambawaning kapti | yèn jumênêng wontên ngriku | tan wande ing têmbe dados ||

27. ratunirèng jin wungu | de kang katon swarga sarwa dadu | muncar mimba murih dalima langkung sri | yèku kadadeanipun | sing ewah gingsiring batos ||

28. yèn jumênêng nèng ngriku | tan wun dadi ratuning jin dadu | apuwara swarga wolung warna ngarsi | sampurna nunggil sawujud | dadya cahya mancur katon ||

29. jroning kang cahya mancur | katon ana sipating rupa nung | pindha tawon gumana nrawung nêlahi | lah iya iku gonipun | kawaskithan kang sajatos ||

30. yeka ta warnanipun | sang suksmana wahanèng Hyang Agung | kang mimbuhi salwiring wêwarnèn sami | nglimputi saubêngipun | jagad gêng alit tan mrojol ||

31. prapta ing ngriku laju | mangkat maring triloka liripun | ngambah maring kaananing ngalam katri | tataran kapisan kasbut | ngalam Janaloka kaot ||

32. swarganing manungsèku | lire iya gon wijining manus | têgêsira papaning rahsa sajati | andarbèni cahya mancur | kalih Endraloka kang gon ||

33. iku swarganing ratu | sajatine gon pangrasa iku | andarbèni cahya mancorong nêlahi | kang kaping têlu sinêbut | ngalam Guruloka ênggon ||

--- 46 ---

34. swarganing para wiku | artinira papan pramana nung | iya iku kang darbèni cahya wêning | nanging sang suksma tan ayun | dumunung alam têlung gon ||

35. kumpuling cahya têlu | manjing maring cahya kang kalangkung | padhang nrawang gumilang-gilang nêlahi | tanpa wayangan ing ngriku | rèh sang suksma wus waspaos ||

36. lamun puniku durung | praptèng jati-jatining dêdunung | têmah mênêng manungku ngêningkên kapti | tantara ana kadulu | cahya samar Sang Suksma wor ||

37. purna waluyèng dangu | praptèng wêkas-wêkasing tumuwuh | ing wusana sumôngga kang samya myarsi | sanggyaning kang wasita nung | mrih dumunung praptaning don ||

38. rèh purwa wasana wus | kawasita lir kawahyèng ngayun | mangkya namung gumantung kang anampèni | sintên kang waspadèng sêmu | wasisthèng wêwangsit kaot ||

39. sayêkti bangkit nyakup | wosing rasa kang sampun winuwus | paran têmbe sajroning layap mênawi | kongsi katona saèstu | rêrupan kang elok-elok ||

40. kang mrih sêngsêming kalbu | anyênyadhang gumiwang mrih dudu | iba dènnya kapiecanên nèng margi | kathah swargagêng kadulu | angragodha mrih kajlomprong ||

41. mangkya paran kadyèku | wasitaning pra wasisthèng ngèlmu | dènnya marna kaanan ingkang pinanggih | ing benjang wusanèng lampus |

--- 47 ---

kang nora sampurnèng kawroh ||

42. ana ingkang dumunung | kaswarganing para jin sadarum | ana manjing yitmèng sato minèng warih | ana manjing kayu watu | ana kang nitis maring wong ||

43. ana mring cahya mancur | cahya wêning mancorong narawung | ana ingkang nuksmèng suwung sonyaruri | ana karat Nyi Ra Kidul | dadi gandarwo jarangkong ||

44. ana nèng naraka gung | nraka wedang nraka api murup | nraka pêtêng nraka êndhut ana maning | ginada ing wana kirun | ana binujung binadhog ||

45. mring jamak juja besuk | warna-warna usule pra rusul | kang asalkên salsilahe praptèng kalis | kongsi bisa karya uwur | mring wong kang durung waspaos ||

46. mring paesaning lampus | pupusaning pambudi mung êmbuh | masaborong karsane Kang Maha Suci | saking tyase sangêt kisruh | mung pasrah maring Hyang Manon ||

47. lamun mangkono iku | karsanira pra dwija ing dangu | apa amung cangkriman kewala iki | apa mung kinirèng kalbu | babo têka karya ewoh ||

48. lamun mangkana pêrlu | angulati sajatining ngèlmu | mèt sarana sirnaning warna sakalir | kadya kang sampun kasêbut | ing sêrat Wirit kinaot ||

49. Hidayat Jati muwus | kang sampun kaswaspada pinutus | yêkti bangkit ambirat rêncanèng pati |

--- 48 ---

sakêdhèp netra wus rampung | praptèng uluwiah manggon ||

50. wontên pandhita muwus | sajatine ananing idhup |Kurang satu suku kata: sajatine ananirèng idhup. asal saking nora nana duk ing nguni | nulya dèn anakkên iku | barêng wus ana wujud wong ||

51. gya pinrih sirnanipun | mung mangkana karsane Hyang Agung | mulih maring ajal kamulane nguni | lamun tan mangkono luput | paran pêrluning tumuwoh ||

52. lalu nêmahi lampus | punaparsa manitis mring ratu | kang tartamtu elok kalakone nitis | Dhahyang Druna duk ing dangu | kêblusuk malbu mring bêlo ||

53. dening mlèsèt nêripun | baya saking angèle kalangkung | sampun malih manungsa sakula mangkin | kang sampun tamtu kalèntu | manjing mring ratuning laron ||

54. kratone anjênggunuk | lêmah lêmpung sinêngguh swargagung | binalengkrah ing rare sang nata nuli | ingambil laju kinrusuk | matêng kinrêmus ing uwong ||

55. suksmane mêsat nglangut | arsa nitis malih kang pakantuk | paran lamun mangkana ingkang pinanggih | yêkti sangêt kawlas ayun | suksma kang bingung ngaloyong ||

56. marma lamun pinuntu | mati nitis tan wontên saèstu | ingkang ana mati sasar suksmanèki | ngumbara mring ngawang nguwung | lir kinjêng tanpa pandulon ||

57. bingung tan wrin ing dunung | pangrasane pindha angganipun |

--- 49 ---

wong supêna marma sayogya binudi | mati kang sampurnèng dunung | suwawi dipun upados ||

58. wontên wasitanipun | wiku tama kang pratamèng kawruh | wusing pati wus ginambar jroning guling | kang ingaran sasar iku | kaya kang wus kacariyos ||

59. lir ngimpi jroning turu | dene ingkang sampurna puniku | rasanira lir wong turu nora ngimpi | tan padhang tan pêtêng iku | iya tan raos rumaos ||

60. yèku ingkang sinêbut | cahya samar pamoring ngaluyut | nora irêng nora abang nora kuning | nora wungu dadu biru | tan mancur wêning mancorong ||

61. tan wanodya tan kakung | nora arah lan nora dumunung | amung nikmat mupangat sajroning guling | lire nora ngêrês linu | tan ngrasa luwe kalêson ||

62. tan ngrasa mêlèk turu | rumangsane barêng wus awungu | baya iku kang ingaran nukat gaib | nuksmèng ngalame ngalimut | maluyèng gaibing raos ||

63. ing kono pisahipun | Sang Hyang Atma lan rasanta tuhu | rasanira asal alusing trimurti | dene Hyang Atma puniku | ya wahananing Hyang Manon ||

64. wahanane Hyang Agung | wangsul nunggil lawan ananipun | gya alusing trimurti mênêng tan osik | ing kono ingaran turu | marma tan raos-rumaos ||

65. samantararsa [sama...]

--- 50 ---

[...ntararsa] wungu | Sang Hyang Atma mungup sing ngalimut | iya mingip saking papaning asêpi | ingaran ngimpi puniku | yèku pamoring pangraos ||

66. lan atma murwèng wungu | mèngêt maksih lêlangên nèng kalbu | amêmangun raras raosing duk tangi | kang katingal kang kaambu | kang kapyarsa kang rinaos ||

67. ginambar jroning kalbu | dupi babar byar ingaran wungu | mèngêt ngungun pungun-pungun jroning tangi | ngira sasmitèng Hyang Agung | tan wruh yèn iku pangraos ||

68. raosira duk wungu | katut kèrêm karasa jro turu | marmanira impèn iku tan sayogi | binudi kadadyanipun | sasat mangeran pangraos ||

69. gaibing kang Mahagung | jroning kalbu katon jagad agung | sanyatane iya jagad sami ugi | ing jaba jêro satuhu | sarambut pan ora kaot ||

70. dene purwaning turu | raganira kang mênêng karuhun | narik marang saranduning angga nuli | ya mênêng nora lumaku | nadyan kang raos pangraos ||

71. ya mênêng tan lumaku | de Hyang Atma maluyèng ngalimut | lês wus turu lir kang jarwa ing ngarsi |Kurang satu suku kata: lês wus turu lire kang jarwa ing ngarsi. lah rasakêna puniku | dèn mêmêt mèt wosing pasmon ||

72. wusana rèh kula mung | amangimpun pralampitanipun | para êmpu-êmpu kang sampun mumpuni | yèn ngong priyôngga tan [ta...]

--- 51 ---

[...n] gayuh | kanthi matur môngsa-borong ||

10. Kinanthi

1. wontên malih kang pitutur | saking pra wasisthèng ngèlmi | ananing kang sipat êsa | sayêkti luwih ginaib | lire gaib iku samar | lire samar tan kaèksi ||

2. nanging mêsthi ananipun | kabèh saisining bumi | manusa lawan jin setan | sato pitik iwèn tuwin | sêsotya watu kancana | wrêksa gulma lata tuwin ||

3. kang gumrêbêg kang kumrumprung | kang kumlêndhang kang kumrincing | kang mancorong kang gumêbyar | kabèh ananing Hyang Widhi | nanging iya winastanan | sagunge ingkang kaèksi ||

4. ingkang agal ingkang lêmbut | kang nywara lan kang tan muni | dudu ananing Hyang Suksma | tan manggon nèng sonyaruri | lah ta paran jatinira | ulatana dèn kapanggih ||

5. sajatine Hyang Maha Agung |Lebih satu suku kata: sajatine Hyang Mahagung. kang jumênêng nungkat gaib | lire wiji pêpingitan | sumingit nèng rasanèki | rasa jroning pêjah gêsang | iya gêsang jroning pati ||

6. ingkang mati ingkang idhup | iya ingkang Maha Suci | jroning mati bisa gêsang | jroning gêsang bisa mati | iya iku kang winastan | pamoring kawula gusti ||

7. yêkti tan pisah sarambut | rêrakêtan siyang ratri | nyatane amung sajuga | pati urip mung sawiji | ya aran roroning tunggal | ana tandhane kang yêkti ||

--- 52 ---

8. yèku wujuding antêlu | lamun dèn arani mati | jêbul urip bisa kabrak | lamun winastanan urip | jêbul mênêng nora obah | marmanta pati lan urip ||

9. ingaran tunggal sawujud | wujud siji asma kalih | anata pralampitanya | pra wiku kang wus mumpuni | sapa kang wus nora samar | sêlaning pati lan urip ||

10. bisa urip tanpa nupus | lah samangkya ingkang êndi | kang urip pakean tiga | lawan sapa ingkang dadi | gatra wujuding kukila | dudu ingkang putih kuning ||

11. ingkang bisa dadi manuk | dene ingkang putih kuning | mung môngka bungkus kewala | bungkuse kang bisa urip | dupi urip wus dumadya | wus sangkêp sipating paksi ||

12. gya ngingsêp kang kuning pingul | môngka pangan nèng sajroning | antiga dupi wus têlas | buntêle kang putih kuning | gya nucuk cangkok pinêcah | lakir aran insan kamil ||

13. jumênêng urip kang wujud | tan beda dadining janmi | dudu ingkang wujud kama | ingkang dadi jabang bayi | wujud samar amanuksma | jumênêng sajroning mani ||

14. mênêng mati tanpa wujud | yaiku kang dèn wastani | witing gêsang saking ora | angrêm jroning sonyaruri | liring suwung tawang-towang | bêbasane pra winasis ||

15. winastan galihing kangkung | tantara kang mênêng mosik | mosik mahyakkên [mahya...]

--- 53 ---

[...kkên] kawasa | wus gêsang sarana jisim | samêta lan rasanira | babar aran isan kamil ||

16. lire wus sampurna wujud | wujud urip nganggo jisim | nganggo rasa nganggo nyawa | kaya kang kawrat kintèki | kang marna rèh Sastrajendra | yuningrat wadining bumi ||

17. sastra têgêse pan kawruh | yèku paningal kang êning | arja puniku minulya | suci ing ananirèki | endra iku agung samar | anglimputi sadayaning ||

18. sèsining kang buwanagung | yèku jatining ngaurip | jumênêng langgêng priyôngga | kang kawasa paring urip | kang gumlar ing bumintara | sanggyaning para dumadi ||

19. lêmbut tan kêna jinumput | agêng angèbêki bumi | kang wus samya ingaranan | bêbasane pra winasis | warôngka manjing curiga | kodhok ngêmuli lèngnèki ||

20. de wite jumênêng wujud | wujuding manungsa iki | mangkana lantaranira | dadine urip kang mosik | tumuruning Sastracêtha | kang aran nungkat ginaib ||

21. saking alaming ngalimut | gaibing Allah sajati | tumitising dalêm rahsa | rasaning priya duk lagi | sêngsêming asmaragama | pamoring jalu lan èstri ||

22. duk mêdhar rasaning kakung | lênyêp murcitaning daksi | tiniyup sing kanikmatan | ing kono pamorirèki | dading atma kang wisesa | kadim ajali abadi || [|...]

--- 54 ---

[...|]

23. amoring dad lan rasèku | ingaran wadi lan mani | tumiba ing guwa garba | acampuh kalawan madi | yèku rasaning wanita | nèng kama kumpul sawiji ||

24. aran maningkêm puniku | yèku wêwadhahing urip | wujud siji catur aran | mani wadi lawan madi | maningkêm sakawanira | yèku wijining dumadi ||

25. dadining manungsa tuhu | saking warna catur ngarsi | dene wiji kang ngaranan | sarining gêni lan bumi | miwah sarining maruta | sakawan pathining warih ||

26. kang samya ingakên iku | laire sipating Widhi | wus awor ing catur rahsa | yèku ingaran trimurti | sakawan minôngka dhasar | yaiku sarining bumi ||

27. kabèh môngka wrananipun | rahsa kawan warna ngarsi | wus lêkêt tanpa antara | yèku baboning jasmani | minôngka sêsandhanira | abuning roh kang sajati ||

28. abuning roh têgêsipun | baboning nyawa sakalir | kauripan sakwèh rahsa | kang aran nyawa rokhani | yèku ta jalining atma | sipat cahya Mukhamadi ||

29. dadine manungsa tuhu | si catur warna ing ngarsi | mani iku dadi rupa | rupaning uripirèki | madi uriping pangrasa | wadi iku dadi budi ||

30. maningkêm nyawanirèku | de wiji catur ing jawi | sari bumi dadi carma | tumus ing karsa marahi |

--- 55 ---

dhahga karêm anênadhah | sari gêni dadi daging ||

31. tumus karsa dadi napsu | sari angin dadi gêtih | tumus mahanani napas | pathining banyu pan dadi | tulang lan otot prasamya | tumus toya rasa jati ||

32. paworing kang rasa catur | lan sari kawan prakawis | lir madu lan manisira | myang pami kang puspita mrik | lan gôndanira kang ngambar | yêkti pinisah tan kêni ||

33. lir surya lan panasipun | tan kêna bineda yêkti | kadi angilo paesan | tunggal solahbawanèki | wus jumênêng warna rupa | iya warananing urip ||

34. dene urip kang satuhu | jumênêng ênêng lan êning | ênênge babar warana | warana kang obah sami | êningnya ambabar gêsang | gêsang ingkang bisa mosik ||

35. mobah-mosik wor sawujud | tan kêna pisah salami | salaminira ing donya | ingkang mobah iku jisim | kang mosik rasa pangrasa | atasing atma sajati ||

36. marmanta dèn awas emut | rasakna ing tyasirèki | sapa ingkang mosik mobah | sapa ingkang ênêng êning | dèn waspada wor misahnya | cèwèt yèn nora udani ||

37. mulane kêna sinêbut | uripe saka ing pati | ananira saking ora | mobah saking ênêng êning | wungunira saking nendra | rame saking sunyaruri ||

--- 56 ---

38. marmanta kang tan sumurup | sarengate sunyaruri | ruwêt kewraning wardaya | diya-diniya ing kapti | paran purwanira ana | sapa ta ingkang akardi ||

39. dadine sagung tumuwuh | ngandêl yèn saking Hyang Widhi | nanging maksih tidha-tidha | dene tan wruh tôndha yêkti | tur jatine wus têtela | tumali têlênging urip ||

40. mulane yèn arsa putus | tatas patitising pati | pruwitaa pra pandhita | kang uwus pratamèng ngèlmi | anata titikanira | rêsi kang waskithèng jati ||

41. yèku kang karêm manungku | asumèh pamulu wêning | netra tajêm tyas jatmika | paramarta tanpa pamrih | ayêm têntrêm anarima | sumarah sarèhing budi ||

42. yèn micara sarwa arum | raras mung mamrih utami | sakêcap dadi piwulang | pêpeling palining urip | supaya dadya raharja | raharjaning dunya ngakir ||

43. dunya lair têgêsipun | lire ngakir iku batin | dadi pandhita kang wus kas | tan kewran karya ayuning | tyasing sêsamèng tumitah | saking wus pratawèng gaib ||

44. kang gaib wajibul wujut | yaiku jatining urip | lah êndi ta uripira | cupana ingkang patitis | yèn sira batang kang obah | apa badan kita iki ||

45. badan iku sasat watu | obahe ana kang kardi |

--- 57 ---

pratandhane lamun nendra | kang ngobahkên nora mosik | raganira galundhungan | lir palwa tanpa kêmudhi ||

46. yèn binatang napas nupus | wit yèn napas sirna mati | napas tan darbe pangwasa | tan bisa rumêksa jisim | sajatine napasira | iku mung alusing angin ||

47. tan darbe rasa sarambut | pratandhane lamun guling | napasira maksih wêtah | tan wruh gônda arum manis | lamun sira batang rasa | dumèh ngwasani sakalir ||

48. kuwasa angambu ngrungu | kwasa mirsa kwasa angling | kuwasa aminta-minta | amisahkên pêdhês asin | nanging iya dudu gêsang | maksih ana kang mêngkoni ||

49. kapurba ing pangrasamu | ana pratandhane ugi | yèn pangrasa lagi karsa | angraras ingkang kinapti | rasanira gumalambyar | tan têtela ing pamyarsi ||

50. sansaya kalamun turu | têtela yèn dudu urip | sasat wus mati walaka | sadaya kadayanya nis | yèn sira batang pangrasa | iku sajatining urip ||

51. iku iya dudu idhup | tandhane kalamun guling | pangrasa tan darbe kwasa | saya lamun ora ngimpi | tan rumôngsa kakung priya | môngka iya maksih mosik ||

52. maksih bisa kêrot nglindur | maksih bangkit jingkrung miring | dadi maksih aran gêsang | pangrasa muwus tan mosik | yèn angên-angên [a...]

--- 58 ---

[...ngên-angên] ingaran | gêsangira kang sajati ||

53. wus ana pêparabipun | bêbasane pra winasis | angên-angên bale atma | bale panggonan lirnèki | atma têgêsira gêsang | dadi angên-angênnèki ||

54. iku mung ênggoning idhup | dudu uriping dumadi | jatine ngên-angên ika | angin papan patêmoning | Hyang Atma lan pangrasanta | dadi warananing urip ||

55. apa urip kang dumunung | sajroning ngên-angên kuwi | kang aran jatining gêsang | wit kwasa ngrèh obah osik | amurba rasa pangrasa | amasesa cipta êsir ||

56. yèn pinikir durung jumbuh | lan asmane kang sajati | wit jati-jatining gêsang | tan manggon ênggon sawiji | jroning triloka kèbêkan | iku mung nèng sanubari ||

57. kuwasane mung amêngku | saobah osiking jisim | iya jumênêng narendra | nging narendranta pribadi | dudu kang ngratoni jagad | kang isi samodra wukir ||

58. dadi iku têtêp amung | môngka sêsulihing Widhi | sinilih kinon masesa | masesa sawiji-wiji | siji-sijining kaanan | iya sasat ana siji ||

59. nadyan sawijining têngu | iya sajak isi siji | balik Kang Maha Kawasa | sajagad amung sawiji | pinrêjêt winijang-wijang | dadi wiji siji-siji ||

60. siji-sijine ajumbuh |

--- 59 ---

jumbuh mung wujud sawiji | siji langgêng salaminya | têtêp nora owah gingsir | lah kang êndi ulatana | aja mungkur mingkar mungkir ||

11. Pangkur

1. sawênèh manusa ana | angakoni ya ingsun Maha Suci | socaning jagad sawêgung | iku wong cumanthaka | anglêngkara kumalungkung ngaku-aku | kaananing Hyang Wisesa | ingkang masesa sakalir ||

2. lah ta êndi tandhanira | lamun sira ngaku wujuding gusti | têka maksih mangan turu | lan maksih bungah susah | têtêp lamun sira kawula satuhu | yèn ngaku kawula blaka | kêna ingaranan mungkir ||

3. tan rumôngsa ananira | yèn minôngka warananing Hyang Widhi | sinêdhahna anandêdulu |Lebih satu suku kata: sinêdhahna andêdulu. anggônda angandika | amiyarsa angrasa rumôngsa iku | môngsa bangkita mangkana | yèn tan tunggal ing Hyang Widhi ||

4. lah ta mangkya kadiparan | kang ingaran pisah kalawan tunggil | yèn pisaha nora idhup | lamun angaku tunggal | coba age wêcakêna waskithamu | benjang-enjang ana apa | apa kang arsa pinanggih ||

5. wasitaning dwijawara | yèn sirarsa wêruh jatining urip | wus nora kêna ginayuh | pan tanpa pitêdahan | sang pandhita tan kwasa asung pituduh | mung kari santosaning tyas | kang bisa mrih moring gaib ||

6. kawuri wasitèng dwija |

--- 60 ---

jroning sastra nyênyêt sarasanya nis | sonya saniskarèng dunung | nir tan nèng warnaning rat | kwèh kaanan samun tan kêni tinuju | parandene ingaranan | sèsining rat dinrêsing sih ||

7. linêkêting suksmanasa | sanyatane tita yyan dèn ulati | lawan wicaksèng pandulu | tuna yyan piniarsa | lan lêbdaning karna kadung yyan dèn ambu | lawan kawasèng oswasa | tan kêni sinabdèng lathi ||

8. pangèsthine mung kinôntha | samar moring pranawèng wardayaning | dinayan dayaning kayun | yuning tyas sinantosan | mrih sinung sih nitya sasmadi madrês nrus | nirnakna niskaraning rat | mangruwat ruwêting kapti ||

9. amêpêt êtuking cipta | natas wrana triloka kang ngawêri | ya murtining aumèku | winêngkang mrih narawang | jroning wrana kawuryan asri narawung | liyaking kang wuluh wungwang | kawangwang mangkawawangkawa. wêning ||

10. kono konusing Sang Hyang: Sa | kongas saking sêsotyaning tyas êning | nanging kwèh sangsayèng ênu | yyan tilaring sarana | yakti sinrang ring wèri wèh wuru riwut | puwara wigaring karsa | kuwur-kowar kang kinapti ||

11. ring pangrèh woring rêringa | winatara traping sita satiti | gung tajêm jênjêm mangêjum | sarjuning rèh silarja | jatmikèng tyas manrusing srirarum ruruh | wahyèng nayana ngumala | woring nêng wardaya

--- 61 ---

jrênih ||

12. jênêk jununing jinôngka | jumênêngkên jiwandana nêng êning | mênêng mrih ninging panêkung | kênaning nugrahèng Hyang | konang-onang menaking kanikmatan nung | mangonah ing nala lana | narawang wruh sangkaning sih ||

13. yayah rarasing brêmara | ngrêmih ngrêngih ngimêr yun ngosmèng sari | sing kwèhning rikang mrih wurung | rèh mrih wuryèng srêngkara | kêna saking ririh kang sêkar tan ruru | myang kadi mèt minaning lwah | kang we lana lir malani ||

14. marma ywa kalpèng laksita | ring pangungkih kêdah darpambêk pati | sêngkut srêng surayèng kayun | ywa lena yatnèng praya | pôncadriya prihên yêg samya mêmayu | mangayat waluyèng laya | pandhawa pindhaning kapti ||

15. pangarsa Sang Darmawôngsa | Bimarjuna Nangkula lan sang ari | Darmawôngsa martèng kalbu | Bima santosèng karsa | Dananjaya pewekawêweka. prayitnèng kayun | Nangkula Sadewa môngka | jumbuhing kawula gusti ||

16. pôncaryambêk abipraya | wor sarahsa mangayuh silastuti | mèt kotamaning tumuwuh | mrih wahyèng wahyu dayat | dening daya dinayan yêg sabiyantu | têmah katêkyaning sêdya | dadya darsanèng pangèsthi ||

17. lir tikswaning hru winawas | lan lungiting rêrayung adu manis | tan kêni mendra sarambut | gung bêk mangêmbat-êmbat | rumambating astra ring êri cumundhuk | gathuk [ga...]

--- 62 ---

[...thuk] pucuke kacupan | tumancêp kacêcêp ing sih ||

18. sihing Hyang Jatiwisesa | saking têlas rasa pangrasanta risnis. | woring atma jiwa ta nrus | purna murwakèng rahsa | têmah tita satiti kamulyèng dangu | mulih mangrèh trilokaya | trus mulat murtining urip ||"Sêngkalan: trus mulat murtining urip (1829 A.J., 1899/1900 A.D.).".

"Candhakipun, won"wontên. Sêrat Asmaralaya