Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Ngèlmi Yatnamaya, Tanaya, 1927, #1599

Katalog:Ngèlmi Yatnamaya, Tanaya, 1927, #1599
Sambung:-

Serie J. No… JATNAMAJA… Harga f 0.40

--- 0 ---

Sêrat Ngèlmi Yatnamaya

Babaraning nalar ingkang kangge panlusuring raos supados dadosa pêpèngêting manah pêtêng, ingkang sumêdya nungsung dhatêng sunaring pêpajar.

Karanganipun: M. Tanaya Ing Surakarta.

TJITAKAN JANG KE II. Diterbitkan dan terdjoeal oleh: TAN KHOEN SWIE KEDIRI 1927

--- 1 ---

Boekh: Tan Khoen Swie, - Kediri. Menerbitkan kitab-kitab bahasa dan hoeroef Djawa:

A.

Amoerwa Kala ... f 0.55 / Ardjoena Wiwaha ... f 2.- / Asmaralaja ... f 0.75

B.

Babad Gianti deel I sampai V a f 2.- / Babad Kediri ... f 1.50 / Babad Mochamad ... f 0.50 / Babad Rasoel ... f 0.60 / Babad Tjirebon ... f 2.- / Babad Toeban ... f 0.75 / Bab Wawadosing Gesang ... f 1.60 / Bagawad Gita ... f 1.75 / Bambang Dwihasta ... f 0.75 / Baoe Warna ... f 2.- / Bawa sagerongipoen ... f 0.75 / Bima Boengkoes ... f 0.80 / Bodja Boesana ... f 0.50 / Boekoe Sembahjang ... f 1.-

D.

Darma Sabda ... f 1.- / Dewa Roetji ... f 1.- / Djaka Lodang ... f 0.20 / Djampi Soesah ... f 0.75 / Djati Moerti ... f 1.50 / Djitapsara ... f 1.- / Djiwandana ... f 1.75

G.

Galoega Saloesoer Sari ... f 0.75 / Gatol-otjo ... f 1.50

H.

Hari Wara ... f 1.50 / Hidajat Djati ... f 1.25

I.

Iladoeni ... f 0.50 / Ilmoe Spritisme ... f 0.80 / Inl. Gem. Ordonnantie ... f 0.75

J.

Jatnamaya ... f 0.40

K.

Kabar Kijamat ... f 1.50 / Kaboetoehan ... f 0.50 / Ka'koel Islam ... f 1.75 / Kalam Wadi ... f 2.50 / Kalatida ... f 0.25 / Kanda Boemi ... f 1.- / Kapratjajan ... f 0.80 / Katja Wirangi ... f 1.- / Kawroeh Kasoeksman ... f 2.25 / Kawroeh Mantig ... f 1.25 / Kawroeh Pangoengsed ... f 0.75 / Kawroeh Sanggama ... f 1.- / Kawroeh Sasadji ... f 0.50 / Kawroeh Theosofie ... f 2.- / Kebo Kenanga ... f 1.75 / Kidoengan ... f 0.75 / Krida Atmaka ... f 1.25 / Krida Graita ... f 3.50 / Krida Sastra ... f 0.30

L.

L. Lambang Pradja (Djajabaja) ... f 1.- / Langen Drija Poestakaweni ... f 1.-

M.

Madoe Basa dell I ... f 2.- / Madoe Basa dell II ... f 1.25 / Madoe Rasa ... f 1.75 / Madoe Wasita ... f 1.25 / Manik Hardja Nirmala ... f 0.80 / Mardi Tama ... f 0.80 / Marga Joewana ... f 0.60 / Ma' Sapta Baja ... f 0.50

N.

Ngedja Arab ... f 0.75 / Ngelmoe Kak Sadjati ... f 0.60 / Ngelmoe Pangasihan ... f 0.80 / Ngelmoe Pangroetjat ... f 0.60 / Ngelmoe Panoedjoeman ... f 0.50 / Ngelmoe Pirasat (Pirasating djalma) ... f 0.60 / Nitik Kraton ... f 0.50 / Niti Prana ... f 40 / Niti Sroeti ... f 1.-

O.

Oegering Palakrama ... f 0.75 / Oesoeloeddin ... f 2.50

HARGA DIATAS BELOEM TERITOENG ONKOST KIRIM.

--- 1 ---

Sêrat Ngèlmi Yatnamaya

Babaraning nalar ingkang kangge panlusuring raos, supados dadosa pêpèngêting manah pêtêng, ingkang sumêdya nungsung dhatêng sunaring pêpajar.

Karanganipun: M. Tanaya Ing Surakarta.

TJITAKAN JANG KE II. Diterbitkan dan terdjoeal oleh: TAN KHOEN SWIE KEDIRI 1927

--- 2 ---

Diperlindoengkan Hak pengarang Stsbl. tahoen 1912 No. 600, fatsal 11. Kitab jang sjah dipertandai tangan oleh penerbit:

--- 3 ---

Bêbuka

Nuwun, atur kula kados wêdharing wasita. Sirnaning kamurkan nuwuhakên kalêrêman, punika sampun mêsthinipun, janji sirna lêrêmipun inggih tuwuh murkanipun. Môngka kamurkan punika pancèn ambêkta kasangsaran tumraping agêsang, dene têka botên kaudi sirnanipun, bokmanawi saking dèrèng manggih sarana ingkang kenging kangge nyirêp mêkaring kamurkan. Sarèhning tuwuhing kamurkan wau saking pakartining manungsa piyambak, punapa sirêpipun inggih botên kenging saupami dipun saranani saking pakartining manungsa malih. Dados anggêgulang ngêrèh kajêngipun piyambak. Manawi santosa ing tekad kados-kados kasêmbadan. Amargi sapintên rosaning kêkajêngan (kêkarêpan) taksih kodal katanggulang dening mintiring pamikir. Sapintên bablasing pamikir taksih kenging kablancang saking lêpasing budi. Sarta sapintên jêmbaring budi taksih kawêngku dening gêsang.

Mila kula paripaksa ngarang Sêrat Yatnamaya punika, bokmanawi sagêd dados sêsuluhing manah ingkang singup. Yatna, têgêsipun: èngêt, maya, têgêsipun: padhang utawi wêning.

Pangajap kula sagêda èngêt dhatêng kawêningan sarana nguli-uli yatnamaya, wusana nyuwun gênging pamêngku.

Ing Surakarta Adiningrat, ri Soma Wage, kaping dwidasastha, pôncami, tinêngêran: mêlênging indriya ngèsthi tunggal.

Pun dasih kingangingkang. kaswasih: M. Tanaya.

--- 4 ---

Ngèlmi Yatnamaya

Wiyosipun, kula matur malih nyuwun gênging pamêngku, dhatêng ingkang sami kasdu maos Sêrat Yatnamaya punika, dene kula kumawignya damêl sêsorahing ngèlmi sajati, punika botên saking anggèn kula cumanthaka nêdya ngongasakên pamanggih ingkang minôngka gêgêbênganing agêsang, lugu namung nulad wêwarahing para nimpuna ing ngèlmi. Kabêkta saking kumêdahing manah kula sumêdya ngupados sêsarêngan sami ngambah tataraning kautamèn. Awit manawi kasêmbadan ingkang dados saraosing manah, para sadhèrèk tumindak sami iyêgipun, saiba bingahing manah kula kados ginunturan ing sarkara, dene wontên kônca kula kêkipu malêbêt kalanganing karahayon, bokmanawi dados sarana panglêburing dosa ingkang tansah kula sandhang sadintên-dintên. Adhuh saiba kados punapa manawi gêsanging manungsa manggung kinurungan dening dosa, saèstu damêl mêmêlasing raga ingkang kajibah anglampahi. Mila pangajap kula mugi-mugi Yatnamaya sagêda dadosa lantaran ludhanging panandhang, inggih punika sarana èngêt dhatêng kawêninganing manah. Tuwuhing wêning saking mênêp, manawi manah sampun mênêp, saèstu botên kacampuran rêgêding pamikir. Môngka ingkang nama dosa punika têgêsipun: nyulayani. Samôngsa manah sampun wêning, janji lumarap tansah mencok botên nate cidra tuwin sulaya. Dados tiyang ingkang ngêningakên [ngêningakê...]

--- 5 ---

[...n] cipta, tumrap kabatosan ngèstokakên ing Gusti, tumrap kalairan angrojongi ing sasami, punika sagêd sumingkir saking dosa. Namung anggènipun nanggapi karsa kêdah sagêd aminta-minta. Supadya tan diya-diniya. Mênggah wêdharing wasita kados ing ngandhap punika.

Manungsa manawi purun angraosakên saha angyêktosi, bokmanawi lajêng rumaos bilih gêsangipun punika wontên ingkang murugakên gêsang. Inggih punika: nyawa, mahanani cahya. Cipta, mahanani napas. Rasa, mahanani ebah. Awit tiyang pêjah punika ngatasipun badan wadhag, sirna nyawa cipta rasanipun.

Nitik pangandikanipun para linangkung, ingkang winastan badan wadhag punika raga. Dados mêndhêt larapipun tamtu wontên ingkang nama badan alus, punika awis tiyang ingkang sumêrêp mêlokipun. Mila pêrlu kêdah kaudi mangrêtosipun, ingkang ngantos akal kula botên sagêd maibên, jalaran sawêg nêmbe nyumêrêpi barang mokal ingkang mawentehan, inggih punika gawang-gawanganipun barang alus,§ Barang alus têka katingal gawang-gawangan. Môngka limrahipun, ingkang katingal gawang-gawangan punika barang wadhag. Ombak ambing ingkang nyumêrêpi inggih kaalusaning pandulu (jatining pandulu). mênggah jèrènganipun makatên:

I. Nyawa, tumraping raga kadosdene sunaring cahya, upaminipun [u...]

--- 6 ---

[...paminipun] gêlaran ingkang gumêlar ing sêsiluk, nalika dèrèng kasorotan dening pêpadhang, saèstunipun tumraping paningal taksih bawur rêmêng-rêmêng, sarêng sampun kasunaran ing pêpajar lajêng cêtha wela-wela katingal nam-namanipun. Makatên ugi cipta, rasa, tuwin raga, sarêng kapraban dening nyawa lajêng sagêd molah sadaya. Ing pangraos kados gêsang piyambak-piyambak, lajêng jêjêr nama kawula, sajatosipun nunggil tuk, ingkang gêsang namung nyawa. Jêjêr sinêbut Gusti.

II. Cipta, punika pangajênging (kêpalaning) rasa, lampahing cipta, winastan karêp, panyaringing karêp winastan pamikir, wêninging pamikir winastan budi. Kawawa ngulah samubarang ingkang tumuwuh ing donya, santosaning budi ngantos nuwuhakên kawicaksanan, kawaskithan, tuwin kawaspadan, saking kuwasaning budi sagêd matêsi sadhengah prakawis ingkang kababar. Dene manawi badhe minggah ing gêgêbêngan, budi kêdah lêlawanan kalihan rasa. Awit budi botên kabubuhan mrantasi samubarang gêgêbêngan bilih botên angsal palapuraning rasa. Upaminipun kadosdene tiyang ingkang kacakot ing tuma, budi dèrèng sagêd ebah piyambak, sarêng sampun angsal palapuran saking rasa: gatêl, ing ngriku sawêg parentah dhatêng raga, supados tumandang kukur-kukur.

III. Rasa, punika sagêd ambedakakên samubarang ingkang kasandhang ing raga. Sanadyan ingkang dumunung wontên ing gaib,

--- 7 ---

rasa badhe botên kewran angraosakên, mila kawontênanipun nyawa katanggapan dening rasa, rasa katanggapan dening cipta, cipta katanggapan dening raga. Punika ingkang kawawa nyorahakên kawontênanipun badan alus sarana sangkêping pôncadriya. Mila tiyang anggêguru ngèlmi gaib kêdah milih guru ingkang tanpa kuciwa pôncadriyanipun, têgêsipun botên budhêg bisu, supados sagêd trawaca. Langkung utami tiyang ingkang micara ulah sastra, awit buntasing ngèlmi kasampurnan punika, bilih botên katalusur saking raosing basa, saèstu taksih slura-sluru utawi sasar-susur. Mila sastra winardèn satunggaling lêlandhêp, inggih punika kalungidaning sanjata ingkang piningit, tumama dhatêng sakathahing kawontênan. Sanadyan bêbètènging ngèlmi kudrat mêksa tatas dening sastra, inggih punika kacakup saking lanciping cipta. Beda kalihan tumbak bêdhil, têdhasipun namung bilih katamakakên dhatêng barang ingkang wadhag. Mriyêm botên pasah kangge nglêbur barang ingkang alus, kados ta kangge nyirnakakên susahing manah, sagêdipun nyirnakakên bilih sampun lêbur warananipun. Nanging landhêping sastra botên mawi nglêbur warana, pasah kangge ngolah molah-malihing bingah dados susah, susah dados bingah. Bêdhahipun nagari Cina kala jaman Menak, kabêdhah dening Dèwi Sudarawêrti botên saking pêdhang langkap, namung saking landhêping sastra. Bêbasan, dlancang sasuwir têmbung sakêcap, têmah sagêd nguras bôndha [bô...]

--- 8 ---

[...ndha] ing nagari Cina pintên-pintên konthing kakintunakên dhatêng ing Kuparman. Makatên tuladan ingkang sampun katatalan ing kina.

Tiyang ingkang ngudi dhatêng ngèlmi sajati, punika kalêbêt lasing manungsa. Awit prakawis ngèlmi sajati dede garapanipun sadhengah tiyang. Ingkang anggarap prakawis punika apêsipun para sarjana, para pujôngga, para ratu, para guru, tuwin para pandhita, inggih punika manungsa ingkang sampun kawahyon. Mila sinêbut para nangkunginglangkung ing. budi, jêr sami anggayuh kawruh ingkang rungsit-rungsit. Ewadene sanadyan dede golonganipun para linangkunging budi, sagêd ugi kadhawahan wahyuning ngèlmi sajati. Awit prakawis punika botên kêdah milih manungsa ingkang kuwawi mêngku, dados namung dumunung dhatêng tiyang ingkang kamot manahipun.

Salêrêsipun, ngèlmi sajati mèh botên kenging dipun sumêrêpi gamblangipun. Mirit cariyosipun para sagêd ing kina, ngèlmi sajati punika pancèn wêrit sangêt, kawruh ingkang gawat kaliwat-liwat, prasasat botên kenging ginrayang gumathokipun, jalaran saking alusing kawontênan. Dados kêdah cundhuk abên raosing dêdungkapan, mênggah ingkang dipun dungkap, inggih punika wontênipun Pangeran nitahakên jagad, utawi silahing kawula Gusti, punapa dene maliginipun Pangeran amung satunggal. Katêranganipun makatên:

I. Sipating Pangeran punika gêsang. Gêsang punika

--- 9 ---

nglimputi badan budi rasa, têmah wujud manungsa. Manungsa winênangakên misesa jagad saisènipun, punapa ingkang karaos, katingalan, tuwin kamirêngan, wênang tinêngêran sarana aran. Upami: iki tak arani gêni, iki tak arani bumi, iki tak arani banyu, iki tak arani angin, tuwin sadaya kawontênanipun sami dipun sukani aran piyambak-piyambak dening manungsa. Sasampunipun gadhah nama, tumuntên dipun sumêrêpi watak-watakipun. Gêni iku panas, bumi iku rêgêd, banyu iku adhêm, angin iku sumribit, makatên sapiturutipun. Jagad saisènipun lajêng kenging katindakakên prakawisipun piyambak-piyambak. Ing ngriku jagad lajêng nama gêsang. Têgêsipun: tumindak, awit saking pakartining manungsa. Bilih botên saking pakartining manungsa jagad botên sagêd tumindak. Tumindakipun namung saking dayaning kudrat. Sanadyan namaning kudrat ingkang mastani inggih manungsa. Môngka gêsanging manungsa saking Pangeran (roh), mila Pangeran sinêbut ingkang nitahakên jagad saisènipun.

II. Silahing kawula Gusti. Gusti lan kawula sampun kawarahakên ing ngajêng. Sarèhne manungsa punika kasinungan badan budi rasa, sarta kalimputan dening Pangeran, grêng, lajêng dados satunggal wujud manungsa. Katingaling lair pancèn langkung gaib. Nanging manawi kawawas ing batin lajêng kawangwang silahipun, Gusti inggih Gusti, kawula inggih kawula. Namung mor misah.

--- 10 ---

III. Pangeran têtela maligi namung satunggal, gêsang pribadi wontên ing jagad agêng jagad alit. Jagad agêng inggih donya punika, jagad alit dumunung ing guwa garbanipun manungsa. Manawi tiningalan ing alam lair, jagad alit wontên salêbêtipun ing jagad agêng. Nanging bilih tiningalan saking alam batin, jagad agêng saisènipun kamot wontên salêbêtipun jagad alit, inggih punika manjing guwa garbaning manungsa, sampun botên siwah samêndhang.

Manawi manungsa gêsangipun kaanggêp Gusti, dados Gusti kathah cacahipun, jalaran cacahing manungsa inggih kathah. Manawi makatên punapa lêrês Pangeran winastan maligi namung satunggal.

Pangraosing manungsa ingkang dèrèng andungkap dhatêng prakawis kaalusan dhasar makatên. Nanging ingkang sampun ngongak dumugi ing gaib, lajêng sagêd nyariyosakên, sutratmaning manungsa punika roncèn gêgancêngan sajagad, beda kalihan gêsanging raga pilah piyambak-piyambak. Mila manawi raga nglampahi pêjah inggih gumlethak, nanging sutratmanipun botên pêdhot, taksih gêgancêngan dados satunggal. Sanadyan dipun raganana ewon lêksan kêthèn, sutratma kawasa manukma ing agal alit, sadaya kasawaban dening gêsang. Ing raos têmah sagêd nêtêpakên bilih Pangeran maligi amung satunggal.

Punika manawi ngantos sulaya cipta riptaning para manungsa, sagêd buyar malih wangsul dhatêng kuwadhagan, lajêng ngagêngakên mêkaring

--- 11 ---

kamurkan, wêkasan tuna ing panggayuh. Môngka manungsa punika watakipun botên gadhah pamarêm, utawi kasinungan bosên. Sampun kadumugèn punika lajêng ngangkah liyanipun. Liyanipun sampun kasêmbadan lajêng nêdha santunipun, makatên salajêngipun tanpa wangênan labêt saking bosên. Botên wontên ingkang dipun rêmêni sayêktos dumugi sadangunipun. Sanadyan ngraosakên ingkang sakeca piyambak, inggih punika tilêm, ewadene mêksa bosên utawi sayah, lajêng tangi. Sampun kalampahan mangangge sêsupe mripat barliyan, êmbananipun jêne ukon sêpuh pangaos sèwu rupiyah, ewadene kapengin santun sêsupe bathok silih asih namung jajahan pangaos sadasa rupiyah.

Mênggah ingkang makatên wau ngatasing kadonyan pancèn sampun lêrêsipun. Mila wêwatakan kalih bab wau pêrlu kaandhar, kenging kangge ngrikatakên landhêping panggraita, supados nuntên rumaos bilih ingkang makatên wau tuna kaalusanipun, sarta botên sagêd ngombulakên darajating kamanungsan.

Saking gotèkipun para sagêd, manungsa botên sagêd marêm-marêm manahipun bilih dèrèng kisèn ngèlmi sajati. Jêr tiyang ingkang sampun mêngku kajatèn punika lampahipun namung ngagêngakên ambêk utami. Saèstunipun inggih botên kintên-kintên awratipun, amargi ingkang ginayuh amung rahayuning jagad tuwin sampurnaning kamuksan.

--- 12 ---

Lampah Yatnamaya

Lampahipun tiyang ulah ngèlmi sajati punika namung ngagêngakên kautamèn. Mênggah peranganipun wontên tiga: gêntur, suci tuwin lêgawa. Katêranganipun kados ing ngandhap punika.

Gêntur, botên kêndhat tansah mêlêng dhatêng kasantosan tuwin kasaenan. Upami: limrahipun tiyang, kuwawi mêkak ardaning manah salêbêtipun sawulan. Kuwawi dana tulung sawawratipun. Kuwawi cêgah tuwin sêsirih sapantêsipun. Kuwawi marsudi budi salintiripun. Kuwawi ngangkah sêmbada sapikantukipun. Tuwin kuwawi narimah sakaconggahipun. Kêkiyataning lampah sadaya wau kungkulan dening tiyang gêntur. Dados tiyang gêntur sampun nêdya muntu tekad amrih luhuring agêsang.

Suci, manthêng santosa nêkêm dhatêng sêdyanipun piyambak, botên ngêrèh, botên nulad, botên nênêdha (jaluk), botên ngêmpal pamikir, botên nêdya anggadhuh, botên amrih angsal saking pakartining akal, botên ngasorakên, tuwin botên ngunggulakên. Murni namung nancêbakên cipta dhatêng kamulyan.

Lêgawa, ugêripun namung pasrah lan sumarah, botên ngarubiru, botên munasika, botên gêndhak sikara, tuwin botên ngalang-alangi. Punapadene botên ngowêl bôndha bau suku, satasarta. botên mawang ngetang tuna bathi. [ba...]

--- 13 ---

[...thi.] Ewadene nampèni petanging liyan ingkang kapurih ngasoki pituwas. Wosipun kumambang mumônggasumôngga. ing karsa.

Môngka sakathahing manungsa ingkang limrah sami anggadhahi pêpenginan, kados ta:

1. Kapengin pangkat, 2. Kapengin sugih, 3. Kapengin misuwur, 4. Kapengin unggul, 5. Kapengin mêngku.

Pêpenginan gangsal bab punika sagêd ambombongakên manahipun manungsa. Ewadene tumrap tiyang ambêk utami, sakathahing pêpenginan wau malah dados rêncananing panggayuh, utawi anjugarakên pamêlêng.

Mênggah awratipun tiyang nglampahi ambêk utami:

1. Cêgah têdha, têtêpipun manawi dana.

2. Cêgah tilêm, têtêpipun manawi rumêksa utami mulat.

3. Cêgah suka, têtêpipun manawi nalôngsa.

4. Niyat, ngawon, têtêpipun manawi kêndêl.

5. Niyat sabar, têtêpipun manawi sinêdya.

6. Niyat wèwèh, têtêpipun manawi lêgawa.

7. Niyat têtulung, têtêpipun manawi sêmbada.

8. Botên melik lan têtêpipun manawi nyingkunyingkur. pamrih.

--- 14 ---

9. Botên alêman, têtêpipun manawi nyingkur panggunggung.

10. Botên kumlungkung, têtêpipun manawi nyingkur kajuwara. Wosipun wêlas asih dhatêng sasamining tumitah.

Manawi nitik wêwarah ing nginggil punika, tiyang anggayuh ngèlmi sajati tuwin anglampahi ambêk utami, têtela dados pêpayuningpêpayunging. jagad.

Awratipun anglampahi ambêk utami, sanadyan botên kaandhar nalar-nalaripun, kados-kados sampun miyos, bilih kautamèn punika dados panêbasing kaluhuran tuwin kamulyan. Ewadene amrih têrangipun prayogi mawi pêpiritan sawatawis, supados dados paugêraning lampah.

Tiyang gêsang limrahipun sami gadhah kapenginan dhatêng sênênging kajênganipun (kêkarêpane). Nanging manawi ambêk utami malah kacêgah, sababipun makatên:

Upami wontên satunggaling barang ingkang langkung eca raosipun, kamelikan ing tiyang kêkalih, manawi sami adrêngipun kalampahan rêrêbatan. Ingkang unggul sagêd ngraosakên barang eca. Ingkang kalindhih ngonggo-onggo, jêr sampun kawon kêkiyatan, kapêksa narimah cuwa. Punika sampun mêmêlas sangêt. Dene manawi sami santosanipun: baul, lêbur sakalih-kalihipun sami botên sagêd ngraosakên barang eca. Bilih kapanggih rukunipun sami sagêd [sagê...]

--- 15 ---

[...d] ngraosakên eca sapalih sewang, nanging tiyang ambêk utami botên makatên. Botên pisan-pisan gadhah cipta nêdya rêrêbatan. Sanadyan lêrêsipun angsal panduman sapalih sewan. Nanging dipun pilalah ngawon, botên susah mawi panduman kemawon, supados ingkang kapengin ngraosakên barang eca kalêgan manahipun, sampun kacuwan jalaran saking kirang. Mênggah tiyang ambêk utami anggènipun mikawon wau botên baèn-baèn, tamtu wontên nalaripun ingkang langkung lêbêt. Inggih punika mawi têtandhinganing raos. Tiyang ingkang mênang wau sagêd ngraosakên wujuding barang ingkang eca, inggih punika ingkang dipun meliki. Dene tiyang ambêk utami botên sagêd ngraosakên ecaning barang wujud. Nanging ingkang karaosakên raosing kautamèn. Dados tiyang ambêk utami mêndhêt sarining raos ingkang langkung miraos, makatên salajêngipun.

Wontên malih upami tiyang tulung-tinulung, punika sae. Têgêsipun gêntosan mitulungi. Nanging ambêk utami botên makatên. Manawi têtulung botên pisan-pisan ngajêng-ajêng gêntos angsal pitulungan. Sêdyanipun namung mitulungi kemawon. Botên kados lampahing tulung-tinulung, padha sarasa, awit pitulungan wau manawi ngantos wangsul, lajêng sirna namaning pitulungan. Botên dados labêting kautamèn.

--- 16 ---

Saminipun malih tiyang ingkang kaina ing liyan. Limrahipun lajêng kêncèngan malih angina, malah pamalêsipun dipun tikêli. Nanging ambêk utami botên makatên. Manawi dipun ina, botên pisan-pisan malês angina, malah rumaos lêpat tindakipun, utawi rumaos bathi. Nanging manawi kataman ing pakurmatan, lajêng malês nikêli kaurmatan ingkang andadosakên suka pirênaning liyan. Makatên ugi bilih dipun wèwèhi, dipun pitulungi, tuwin dipun labêti sasaminipun.

Manawi tindaking manungsa sampun kêbak kautamèn, ing ngriku lajêng arum ngambar gandanipun, mracihnani bilih têdhas pamêlênging cipta, têmah kinalulutan ing akathah, sadaya sami ajrih asih. Jêr sampun kawawa ngrasuk prabawaning cipta. Inggih punika minôngka sêsêkaranipun, sampun ngantawisi badhe nuwuhakên kaelokan, kados ta: kang cinipta ana, kang sinêdya têka. Punika sampun bènèh kalihan tiyang kathah, têmah kawawa nunggil kalihan badan alus. Inggih punika ingkang sami kaupadi dening para linangkung ing budi.

Titi

--- 0 ---

Boekh: Tan Khoen Swie, - Kediri. / Menerbitkan kitab-kitab bahasa dan hoeroef Djawa:

P.

Pamboekaning Tjipta ... f 2.- / Pandam Prana ... f 1.50 / Panggardjita ... f 3.- / Panembrama ... f 0.50 / Paniti Baja ... f 0.80 / Paniti Sastra ... f 0.80 / Papali Nabi Kh. H. Tjoe ... f 0.15 / Pastika Maja ... f 0.60 / Pastika Warna ... f 1.50 / Pati Tjentini ... f 3.- / Pafkoel karib (kawroeh pekih) ... f 1.- / Pedjah poenika saladjengipoen kados poendi? ... f 2.25 / Pitoetoer Djati ... f 0.80 / Piwoelang Noelis ... f 1.- / Poenapa ingkang bade kita goelang ... f 0.80 / Prabangkara ... f 1.50 / Pramana Sidi ... f 0.80 / Prasida Djati ... f 1.25 / Primbon Ngadoe Djago ... f 0.50

R.

Rangka Angrong ... f 0.75 / Rangsang Toeban ... f 1.25 / Rekasaning Batin ... f 1.- / Rerepen ... f 0.30

S.

Sangoe Gesang ... f 0.60 / Sara Sedya ... f 1.50 / Sasmita Rahardja ... f 0.60 / Sasmita Warni-warni ... f 0.60 / Sastra Hardjendra ... f 0.60 / Satoenggaling Oetoesan ... f 0.40 / Senarodra ... f 1.50 / Sendon Langen Swara ... f 0.50 / Siswa Sogata ... f 1.25 / Siti Djenar ... f 0.60 / Siti Rokanah ... f 1.75 / Soebasita ... f 1.- / Sukanda Karma ... f 1.50 / Sopanalaja ... f 0.75 / Sri Kresna Barata ... f 0.75 / Swaraning asepi ... f 1.50

T.

Tjandra Rini I sampe II a ... f 0.30 / Tjandia Sangkala ... f 0.30 / Tjipta Goegah ... f 0.40

W.

Walisana ... f 2.25 / Wangsalan ... f 0.50 / Wara Karna ... f 1.- / Warat Maja del a ... f 1.- / Warna Prana ... f 0.60 / Warna Sastra ... f 0.75 / Warni pitoe djedjer doemadosing manoengsa ... f 2.25 / Wedda Agama ... f 0.60 / Wedda Asmara ... f 0.50 / Wedda Jatmaka ... f 0.30 / Wedda Naraja ... f 0.60 / Wedda Poerwaka ... f 1.25 / Wedda Raga ... f 0.30 / Wedda Sanjata ... f 2.50 / Wedda Satya ... f 0.75 / Wedda Tama ... f 0.50 / Wedya Kirana (Darma Sonja) ... f 1.25 / Witjacara keras ... f 0.75 / Woelangreh ... f 0.75

HARGA DIATAS BELOEM TERITOENG ONKOST KIRIM.

--- 0 ---

Boekh: Tan Khoen Swie, - Kediri. Menerbitkan kitab-kitab seperti dibawah ini:

BAHASA DJAWA HOEROEF DJAWA:

Asmaralaja ... Harga f 0.60 / Kalatida ... f. 0.20 / Katoeranggan ... f 0.75 / Kidoengan ... f 0.75 / Siti Djenar ... Harga f 0.50 / Wedda Tama ... f 0.50 / Wisa Djiwa ... f 0.30

BAHASA MELAJOE HOEROEF LATINJN:

A.B.C. Melajoe dan Djawa ... f 1.- / Adji Asmaragama (dengan gambar) ... f 1.- / Bagawad Gita ... f 1.50 / Beroelang-oelang dilahirkan ka Doenia ... f1.- / Dewa Roetji ... f 1.- / Djati Moerti ... f 1.50 / Hak perkoempoelan dan persidangan ... f 0.60 / Hauw King ... f 0.80 / Ling Djiat (Panas Dingin) ... f 0.60 / Nona Mari I sampe IV per djilid ... f 0.80 / Primbon mengadoe djago ... f 0.50 / Sioe Lian (Samadhi) dell I. II. per djilid ... f 1.50 / Sjair Ilmoe Sedjati ... f 0.80 / Sjair Pertjintaan ... f 0.40 / Sjair Soesah dan Senang ... f 0.80 / Soeloeh Kesempoernaan dell I magnetisme ... f 1.50 / Soeloeh Kesempoernaan dell II hypnotisme ... f 1.50 / Soeloeh Kesempoernaan dell III asalnja manoesia ... f 1.50 / Soeloeh Kesempoernaan dell IV Goncentratie mengeningkan tjipta ... f 1.50 / Soeara Soeksma ... f 1.- / Tay Hak ... f 0.50 / Tiong Jong ... f 0.60 / Tjian Lie Gan (Adji Penrawangan) ... f 1.- / Tjiptaan tiap-tiap pagi ... f 0.60 / Toedjoeh Tjerita ... f 0.60 / Wali sepoeloeh ... f 1.25 / Wetboek van Strafrecht ... f 4.-

HARGA DIATAS BELOEM TERITOENG ONKOST KIRIM.

SEDIA CATALOGUS