Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Pandom Pruwita, Adisupana, 1935, #1595

Katalog:Pandom Pruwita, Adisupana, 1935, #1595
Sambung:-

... Rêgi f 0,65

--- 0 ---

Sêrat Pandom Pruwita

Inggih punika sêrat kawruh babagan kasampurnaning gêsang, kangge pitêdah dhatêng para ingkang ngudi utawi anggêguru ngèlmi sajati, mawi ngêwrat kawruh ka-Allahan katêrangakên cêtha lan gamblang, kawruh gaib lan lampah-lampah

KaimpuKaimpun (dan di tempat lain). sarta kakarang dening R. Adisupana Ing Surakarta

Tinêngêran: marga rêrês anggusthi gusti Utawi taun Walandi 1935Sengkalan: marga rêrês anggusthi gusti (1865 A.J., 1935 A.D.).

Kaêcap ing pangêcapan: Swastika, Pasar Pon, Surakarta.

--- 0 ---

Sêrat Pandom Praja

Inggih punika sêrat pathokan kangge angudi babagan kadonyan, ngangge wêwaton lêrês, sae, utami, sampurna. Sêrat punika sagêd laras kalihan kawontênaning jaman kanthi botên tilar talêsing kajawèn, mila kangge golongan modhèrên utawi ingkang taksih ngangge cara kina prêlu kagungan sêrat punika. Isinipun:

1. Wêwatoning ngudi kadonyan.

2. Ngudi kadonyan sarana angèngêti ing Pangeran.

3. Ngudi kadonyan kêdah anjagi ing kasarasan.

4. Ngudi jêjêring gêsang.

5. Ngudi kapintêran.

6. Ngudi kasugihan.

7. Ngudi kadrajadan.

8. Ngudi rèh kasatriyan.

9. Ngudi sagêdipun maluyakakên sêsakit.

10. Ngudi kawicaksanan.

11. Ngudi sagêdipun linangkung.

12. Pantoging gêgayuhaning agêsang.

Kandêlipun 65 kaca, rêgi f 0,60, mêdal ing pos tambah f 0,20, kintun arta rumiyin. Sagêd mundhut dhatêng ingkang nyêpêng administrasinipun:

S. Adipêrwata. Cindherêja M.N. Surakarta.

--- 0 ---

Sêrat Pandom Pruwita

Inggih punika sêrat kawruh babagan kasampurnaning gêsang, kangge pitêdah dhatêng para ingkang ngudi utawi anggêguru ngèlmi sajati, mawi ngêwrat kawruh ka-Allahan katêrangakên cêtha lan gamblang, kawruh gaib lan lampah-lampah

Kaimpu sarta kakarang dening R. Adisupana Ing Surakarta

Tinêngêran: marga rêrês anggusthi gusti Utawi taun Walandi 1935

Kaêcap ing pangêcapan: Swastika, Pasar Pon, Surakarta.

BOEKHANDEL "SOEY" TIMURAN SOLO. Djoewal Menjak-wangi, Bedak, Eau de Cologne, Balsem, Kina kastoeri, Parem, Serbat, dan Djamoe-Djawa, Tiong Hoa, enz.

--- 0 ---

Isinipun sêrat punika

Bab ... Kaca

Bêbuka

Perangan Ha. Bab Gêsang

Bab 1. Purwa dumadining agêsang wiwit saking Adam ... 1

Bab 2. Kawontênaning gêsang ingkang têmtu linampahan ... 2

Bab 3. Sanguning agêsang ... 3

Bab 4. Tataraning agêsang ... 4

Bab 5. Ingkang dipun wastani gêsang sarta kawontênanipun ... 5

Perangan Na. Bab Paguron Kasampurnaning Gêsang

Bab 1. Pambukaning bab paguron ... 10

Bab 2. Paguron ingkang taksih kalintu ... 13

Bab 3. Wêwarah dhatêng tiyang ingkang pados ngèlmi kasampurnan ... 16

Bab 4. Titikaning guru ingkang kanggenan ngèlmi lêrês sarta ingkang pantês ginuron ... 18

Perangan Ca. Bab Ngèlmi Sajati lan Kawruh-kawruh

Bab 1. Babaranipun ngèlmi sajati ... 19

Bab 2. Kawruh ingatasing Pangeran (ka-Allahan) ... 23

Bab 3. Kawontênanipun Gusti (Pangeran) ... 26

Bab 4. Anasir lan dading Gusti sarta jerenganipun ... 28

Bab 5. Pamoring Gusti ing kawula ... 30

Bab 6. Anasir lan peranganing dading kawula ... 33

--- 0 ---

Perangan Ra. Bab Pêjah

Bab 1. Wontênipun agêsang sagêd pêjah ... 37

Bab 2. Sukmaning tiyang pêjah ingkang sasar utawi ingkang angsal ukuming Allah ... 39

Bab 3. Pêjah ingkang sampurna ... 42

Perangan Ka. Bab Lampah

Bab 1. Gandhèngipun ngèlmi lan lampah ... 44

Bab 2. Gêgulangan lampah ... 45

--- 0 ---

Pambuka

Nuwun, punika Sêrat Pandom Pruwita, minôngka sambêtipun Sêrat Pandom Praja. Mila kula sukani nama pandom pruwita, têgêsipun pandom = pitêdah ingkang lêrês, pruwita = maguru. Dados saking pikajêng kula, sêrat punika kenging kangge pitêdah, ancêr-ancêr, cocogan, tuladan utawi pasaksèn dhatêng para ingkang sawêg angudi pados ngèlmi kasampurnan utawi ingkang angulah ngèlmi wau. Pancènipun ingkang pantês amêdharakên babagan kawruh kasampurnan punika sanès tiyang ingkang kados sakula, limrahipun kêdah tiyang ingkang sampun sêpuh ingkang mumpuni ing ngèlmi kasampurnan. Mila inggih layak kemawon upami sêrat punika ing têmbe ingèsêman utawi tuwuh ing panacad dening para sêsêpuh ingkang marsudi ing kasampurnan, kabêkta saking kawontênaning umur kula ingkang mênggaha wanci makatên sawêg andungkap bêdhug, dados mênggahing sêsêrêpan utawi nalar tamtunipun dèrèng dumugi. Wontênipun kula kadêrêng cumanthaka lan sumêngka, punika saking gadhah raos ajak-ajak dhatêng para diwasa supados sami kasêngsêm dhatêng kawruh kasampurnan wau. Manawi tiyang kina ingkang kathah botên mrayogèkakên bilih tiyang nèm anggêguru kasampurnan, awit kajawi dèrèng wanci, inggih mindhak ngêndhokakên kêkajêngan ingkang tumrap kangge ngudi dhatêng kadonyan. Makatên punika manawi saking pamanah kula kados botên wontên awonipun upami tiyang nèm pados kawruh wau. Mênggah ing raos, kados botên badhe angêndhokakên pangancas ingkang tumuju dhatêng kadonyan, nanging malah sagêd amêwahi sampurnaning tumindak anggènipun angudi dhatêng samukawis punapa kemawon. Upami kamanah dèrèng wanci, punapa botên angèmuti umuring tiyang punika pêpindhanipun kadosdene klapa ingkang wontên ing witipun, dene punika [pu...]

--- 0 ---

[...nika] dèrèng namtokakên kaundhuh ngêntosi manawi sampun kêmadhuh, trêkadhang sawêg dados dêgan kemawon sampun kapêndhêt.

Kajawi ancas ingkang kasêbut nginggil, inggih saking sangêt kapengin kula nyumêrêpi jaman rahayuning budi, supados tinêbihan ing papa druhaka, makatên punika ingkang sagêd angombulakên drajading kamanusan wontên ing donya dumugi ing akeratipun, awit sadaya tiyang ingkang ulah ngèlmi kêdah ulah lampah, mila ing ngriki inggih ngêwrat lampah gandhèngipun kalihan ngèlmi sajati.

Wasana sapintên kathahing lêpat kula, kabêkta saking tunadungkaping raos tuwin têtêmbungan ingkang wontên salêbêting sêrat punika, manawi wontên ingkang karsa anglêrêsakên, kula cadhong asta kêkalih supados malah sagêd damêl padhanging manah lan èngêtan.

A.

--- 1 ---

Perangan Ha. Bab Gêsang

Bab 1. Purwa Dumadining Agêsang Wiwit saking Adam

Sadaya barang utawi kawontênan ingkang gumêlar wontên ing donya punika katitahakên dening Pangeran. Wontênipun katitahakên wau tamtu wontên prêlunipun. Sapunika prêlunipun punapadene gêsang kita katitahakên wontên ing ngalam donya. Prêlunipun sapisan supados bêbranahan, punika anjalari jagad rame kanthi sampurna gumêlaripun. Kaping kalih wontên prêlunipun ingkang wigatos, inggih punika bilih gêsang kita nêdya nunggil lan gêsanging Pangeran,§ nunggil sasana. kêdah sarana tumitah wontên ing ngalam donya rumiyin, awit bêbukanipun sadèrèngipun wontên punapa-punapa Pangeran sampun wontên, lajêng anitahakên Adam, Adam têgêsipun kawitan, nanging Adam wau dèrèng tumitah wontên ing ngarcapada, kasêbatakên taksih wontên ing swarga. Adam ingkang dèrèng tumitah ing ngarcapada wau tamtu dèrèng gadhah wujud, kaananipun ing ngriku taksih dados trimurti (tripurusa), trimurti punika dados wahyuning panggêsangan sadonya punika. Asalipun trimurti saking kêmpaling tigang kaanan, inggih punika saking alusaning toya, latu, angin, trimurti sanajan dados wahyuning panggêsangan, nanging asalipun inggih saking gêsanging Pangeran. Adam ingkang dèrèng maujud utawi trimurti, sumêngka kapengin§ namung kangge luwêsing cariyos kemawon. ingkang dados sêngkêraning Gusti§ wontên ing cariyos woh wit kuldi, nanging jatinipun wohing budi. inggih punika ngangkah manunggil kalihan gêsanging Pangeran, botên sagêd kalêksanan jalaran awisaning Gusti, atêgês nyulayani kalihan karsanipun, awit manawi kalampahan [kalampaha...]

--- 2 ---

[...n] ing donya botên wontên barang gêsang, satêmah Adam dinukan katurunakên dhatêng marcapada kanthi wujud. Sagêdipun dados wujud, trimurti wau kêmpal kalihan sarining bumi, mila katêlah manusa punika sakawit ingkang dipun damêl saking lêmpung. Ing ngriku karsaning Pangeran supados Adam bêbranahan run-tumurun satêrusipun. Adam ingkang sampun katingal dumugi saturunipun sadaya, manawi têtêp manêmbah lan èngêt ing Gusti, Pangeran marêngakên malih dumunung ing swarga mulya, malah sagêd manunggil lan gêsanging Pangeran. Mangsuli trimurti punika asalipun saking Pangeran, dene gêsang kita saking trimurti, dados manawi katurutakên gêsang kita punika sakawit asal saking gêsaning Pangeran, inggih punika bêbukanipun wontên ngèlmi kasampurnan ingkang badhe kagêlar wontên ing sêrat punika. Ngèlmi kasampurnan pancèn sêpuh saèstu, sadèrèngipun jagad rame, ngèlmi kasampurnan sampun wontên, inggih punika ingkang dados sarining kawruhing sadaya agami, mila kawruh kasampurnan kita botên tilar talêsaning agami, sagêd mupakat kalihan pangandikaning para pandhita, wali, nabi, Gusti Allah.

Bab 2. Kawontênaning Agêsang ingkang Tamtu Linampahan

Gêsang kita punika kasinungan kodrad iradad sêkawan prakawis. Kodrad punika kuwasaning Gusti, iradad pandamêling kawula, dados têgêsipun kodrad iradad, kuwaosing Gusti kawan prakawis wau jumbuh kalihan pandamêling kawula, karsa kuwaosing Gusti inggih saking pandamêl kita, pandamêl kita saking kuwaosing Gusti, nama têgês tinêtêpan. Dene kodrad iradad wau: 1. Kêdah nyandhang, 2. nêdha, 3. tilêm, 4. sahwad. Punika babaripun sadaya mahanani jagad sagêd rame, jalaran [ja...]

--- 3 ---

[...laran] kita gêsang kasinungan kêkajêngan ingkang watakipun mulur, liripun upami namung bêtah tilêm ingkang pancènipun sagêd saênggèn-ênggènipun, wusana kêkajênganipun ngajak tilêm sagêda tansah wontên ing griya sae, ing ngriku lajêng tuwuh pikajênganing manusa damêl griya winangun mawarni-warni, makatên sapiturutipun bab anggènipun badhe nyandhang, nêdha, sahwad. Kêkajêngan makatên punika ugêr absah inggih botên dados punapa, kawontênanipun sae kemawon. Ingkang dipun wastani tindak botên absah punika sadaya lampah ingkang awon, upaminipun: nyolong, ngrêbat, ngapusi, tumindak langkung samêsthi, sapiturutipun. Gusti Allah anitahakên kita wontên ing ngalam donya, angèngingakên kemawon suka-suka, nanging ugêr tansah èngêt sarta manêmbah ing Gusti, ngantos benjing dumugi wusananipun kaparêng nunggil wontên ing swarga mulya lan Pangeran. Tiyang supados botên lêpat kaèngêtan sarta panêmbahipun dhatêng Pangeran kêdah puruhita rumiyin kawruh ngèlmi kasampurnan.

Bab 3. Sanguning Agêsang

Tiyang katitahakên wontên ing ngalam donya, punika kula upamèkakên tiyang kêkesahan ingkang ngambah margi angèl, punika manawi botên sangu arta utawi pirantos ingkang nyêkapi, saèstu badhe ngrêkaos kawontênanipun wontên ing margi. Sêmantên ugi gêsang kita, inggih kêdah sarana sangu, supados sagêd sakeca gêsangipun, ngantos dumugi ing wasana (pêjah), sampun ngantos lêpat puruging gêsangipun. Dene sangunipun ngagêsang wau: 1. kasagêdan, punika ingkang dados lantaranipun sagêd angupaboga, 2. saening kalakuan, supados cinêlakan rahayuning jiwa raga, 3. prêlu ing agêsang kêdah gadhah ngèlmi kasampurnan, supados sampun ngantos sêpuhipun winastan sêpi sêpa sarta pêjahipun [pê...]

--- 4 ---

[...jahipun] sampun ngantos pêjah sasar.

Bab 4. Tataraning Agêsang

Tundha-tundhaning gêsang kita punika wontên sakawan tataran, mênggah dipun wujudana sasagêd-sagêd dipun kados kawontênanipun ringgit purwa Pandhawa gangsal kados ngandhap punika:

1. Nalika taksih lare, punika kawontênanipun kadosdene Nakula Sadewa, dene wêwatakanipun taksih rêmên ela-èlu. Nakula Sadewa punika wadad, liripun lare punika dèrèng birai, botên wantun dhatêng wanita, kabêkta dèrèng môngsa.

2. Sarêng diwasa, punika kawontênanipun kadosdene Janaka, sampun dumugi môngsa birai, mila lajêng rêmên dhatêng wanita, mênggah katurutana sarta kasêmbadan, botên narimah rabi gangsal sapiturutipun, nanging Janaka botên ngêmungakên rêmên dhatêng wanita kemawon, taksih nêtêpi kasatriyanipun, inggih punika rêmên dhatêng ulah praja. Kajawi punika Janaka rêmên puruhita ing ngèlmi kasampurnan dhatêng para pandhita linangkung. Janaka kasêbatakên pusêr lan lêlananging jagad, liripun kita manusa ingkang nêdhêng diwasa inggih punika dumugi têngah-têngahing umur, punika sawêg majêng-majêngipun dhatêng wanita, nanging kita lêpat manawi botên andandosi prajanipun sarta botên purun ulah ngèlmi kasampurnan. Kita diwasa kêdah pados ngèlmi kasampurnan lan nyinaua ingkang dados lampah-lampahipun. Lampahing ngèlmi kasampurnan sakalangkung dening angèl lan awrat, dados manawi botên dipun sinau awit sangkaning nèm, adhakanipun inggih botên sagêd dados. Kajawi punika dèrèng namtokakên manawi agêsang punika dumugi sêpuh sawêg pêjah.

3. Sarêng sampun sêpuh, punika kawontênanipun dipun kados Wrêkudara,

--- 5 ---

tekadipun anggandhuli ing kajatèn, linampahan kanthi santosa, lêrês, kêncêng. Wiwit suda napsunipun dhatêng wanita sarta sampun botên nêngênakên dhatêng gêgayuhan praja (sampun kapêngkêr).

4. Dumugi akir sêpuh, mênggaha wanci sampun mancik lingsir kilèn, punika kawontênanipun ingkang kados Ratu Ngamarta, liripun sampun mungkur ing donya, sabar darana, narima, eklas.

Kasêbat ing nginggil wau sadaya, dadosa paugêran kita, têrangipun kados ngandhap punika.

Tiyang nèm kêdah ngudi kadonyan, nanging inggih kêdah kawruh kasampurnan lan nyinau lampahipun.

Tiyang sêpuh sagêda sampun rampung anggènipun ngudi kadonyan, sanajan dèrèng katutugan kêdah sawatawis kèndêl, ingkang prêlu kêdah ngêncêngi lampah ingkang tumuju dhatêng kasampurnan.

Tiyang ingkang sampun sêpuh sangêt, kêdah sampun mungkur ing kadonyan.

Sapunika manawi tiyang ngudi praja, môngka ing têmbe tilar kapandhitan punika lêpat.

Tiyang ulah kapandhitan, môngka dèrèng ngênggèni sampurnaning kaprajan, punika inggih lêpat.

Tiyang nèm ingkang sumêngka ngangge tataran ingkang pungkasan, punika inggih lêpat prajanipun, wujudipun kadosdene gêsanging para majênun. Makatên punika kangge tiyang nèm manawi botên kalêrêsan sagêd ngewahakên utawi anggingsirakên èngêtan.

Bab 5. Ingkang Dipun Wastani Gêsang sarta Kawontênanipun

Gêsang punika tanpa wujud, katingalipun bilih gêsang punika wontên,

--- 6 ---

ingkang dados tôndha lan têngêranipun sabab anggadhahi abngal inggih punika pakarti utawi pandamêl. Wontênipun barang gêsang sagêd mobah mosik utawi tumindak sagêd punapa-punapa, punika saking pandamêling gêsang, nanging gêsang botên nyambut damêl, awit sadaya pandamêlan sampun kapasrahakên dhatêng satunggal-satunggaling pirantos, kados ta: wontênipun sagêd ningali, anggônda, amirêngakên, angraos, punika sampun kapasrahakên dening pôncadriya. Wontênipun sagêd mikir, ngangên-angên, nyipta sapiturutipun, punika budi ingkang anindakakên, dunungipun wontên ing utêg, makatên sapiturutipun ngagêsang sagêd sampurna pakartinipun sadaya. Rèhning sadaya pirantos ingkang dumunung wontên ing raga punika dados karerehaning gêsang, kasêbatakên kawula, ingkang dados gustinipun gêsang. Gêsang kajawi botên nyambut damêl, inggih botên ewah gingsir, botên kenging sakit lan pêjah. Ingkang kenging sakit pêjah ewah gingsir punika raga lan pirantosipun wau. Dados upami tiyang sakit, susah, edan, punika ingkang nandhang raganipun, dene gêsangipun botên ngraosakên barang-barang. Raga punika kalihan gêsang beda sangêt kawontênanipun, awit raga rêgêd, gêsang sukci. Raga kasar (wadhag), gêsang alus (botên katingal). Raga kenging sangsara, gêsang mulya. Raga apês utawi pêjah, gêsang langgêng. Gêsang ingkang wontên kita punika sarana nyawa. Ingkang dados tangsuling nyawa napas, manawi napas wau kèndêl têrus raganipun pêjah, gêsangipun oncat saking raga, dados gêsang ingkang tanpa nyawa, ing ngriku gêsang wau sampurna punapa botên, punika gumantung lampahing raganipun ingkang wadhag lan alus duk nalika gêsang wontên ing donya, inggih punika ingkang andadosakên tiyang ngudi kasampurnan kêdah sarana lampah, awit sagêdipun sampurna gêsangipun wau, sajatosipun raga ingkang nêtêpakên. Kosokwangsulipun wontênipun [wontê...]

--- 7 ---

[...nipun] sagêd gadhah raga, punika gêsang ingkang nêtêpakên, mila raga lan gêsang punika sami têtêp-tinêtêpan. Sapunika tiyang pêjah ingkang gêsangipun botên sagêd sampurna, ing ngriku gêsang lajêng andadosakên raga malih, inggih punika wontênipun kawruh tumimbal lair utawi nyakramanggilingan. Dene gêsang ingkang sagêd sampurna punika sampun botên tumimbal lair malih ing donya, nanging gêsang wau manunggil lan gêsanging Pangeran, lêstantun dados maligining gêsang ingkang tanpa nyawa.

Gêsang ingkang anglimputi raga punika anggêsangi pirantosing raga sadaya, inggih punika kawontênanipun kita sagêd gêsang, nanging gêsang wau taksih ginêsangan, dene ingkang anggêsangi inggih punika gêsang ingkang sajati, sajatining gêsang inggih punika gêsang ingkang sampun sagêd sampurna. Gêsang ingkang sampun oncat saking raga, punika dados maligining gêsang, têgêsipun gêsang ingkang botên kawoworan utawi kêmpal kalihan pirantosing raga, sêmantên wau manawi sagêd sampurna. Dene manawi botên sagêd sampurna, sagêd ugi botên tumimbal lair malih sarana badan wadhag, nanging gêsang ngangge badan alus. Gêsang ingkang abadan alus punika, kados ta: jin, setan, dhanyang, pêri, prayangan. Ing wingking badhe katêrangakên bab gêsang sampurna, gêsang lair lan ingkang dhatêng badan alus.§ wontên ing Sêrat Pandom Pralaya sambêtipun punika.

Gêsang ingkang sampun mêngkêr saking donya punika tilaranipun namung turas kalihan asma. Turas punika dunungipun turun, asma dumunung ing pocapan. Tilar pocapan makatên sampun ngantos pocapan ingkang awon, awit punika nandhakakên gêsangipun wontên ing donya lan akerat botên sae lêlampahanipun. Tilar bôndha lan kapintêran punika wosipun inggih namung dados pocapan kemawon. Bab tilar

--- 8 ---

turas lan asma punika sajatosipun botên maedahi tumrap gêsangipun ingkang sampun ngancik jamaning akerat, nanging sanajan botên maedahi, kita sasagêd-sagêd angudia sagêdipun gadhah turun lan sagêda panjang punapadene angaraha têtêping saening asma supados sagêd sampurna ing donya lan ing akerat.

Punapa ingkang dados tandhanipun tiyang pêjah ingkang gêsangipun sagêd sampurna, awit kawontênaning pêjah botên kenging dipun nyatakakên. Ingkang dados tandhanipun namung saking gêlaring kaanan nalika gêsang wontên ing donya, awit saking sampun lêrês lampah lan ngèlminipun. Punapa ingkang dados pasêksènipun pêjah ingkang gêsangipun botên sagêd sampurna dene lajêng tumimbal lair utawi lajêng dados badan alus. Pêjah ingkang tumimbal lair lan pêjah ingkang lajêng dados badan alus, punika pancèn botên sagêd dipun nyatakakên dening manusa ingkang taksih gêsang. Wontênipun sagêd pinanggih dados kawruh lan ngèlmi, punika bêbukanipun saking manusa ingkang sangêt tinarimah utawi rinakêt dening Pangeran. Manusa wau pinaringan ilham rinilan dening Kang Maha Sukci amêdharakên kawruh utawi ngèlmi. Tiyang ingkang sagêd makatên punika rumiyin kados ta Radèn Ngabèi Rônggawarsita pujôngga ing nagari Surakarta. Para pandhita ingkang linangkung, wali, nabi, punika inggih sagêd tampi karsaning Kang Murbèng Gêsang bab ngèlmi-ngèlmi. Kawruh lan ngèlmi kang winêdharakên dening manusa ingkang tinarimah wau, ing lair katingal saking pandamêl utawi krêkatipun piyambak, nanging mênggahing kabatosan, sajatosipun pandamêl sarta krêkat nalika pados kawruh lan ngèlmi (manêgês) punika saking abngal utawi karsaning Pangeran. Rèhning makatên punika, ingkang sagêd mangrêtos namung manusa ingkang tinarimah wau sanèsipun tiyang (tiyang ingkang limrah) botên sagêd sumêrêp, ing ngriku namung dados kawruh kaprêcayan ngantos dumugi

--- 9 ---

sapunika, ewadene sanajan dados kawruh kaprêcayan, manawi dipun padosi kalihan nalar kangge pasaksèn inggih sagêd cocog, jerenganipun makatên: sampun pinanggih ing kanyataan, bilih sadaya kawontênan punika mèh sadaya mubêng utawi nyakramanggilingan. Jagad mubêng saisinipun, kawontênanipun manawi mêntas wontên nginggil lajêng dados wontên ngandhap manawi sampun wontên ngandhap lajêng wontên nginggil malih. Alam donya punika dados tata lairipun alam akerat,§ mila dipun wastani lairipun, awit kawontênaning alam akerat dunungipun inggih wontên alam donya, bedanipun kasêbat jagad walikan kalihan kawontênaning donya, donya minôngka wadhag, akerat minôngka alusanipun. manawi sagêd mangrêtos utawi nyumêrêpi lairipun, tamtu sagêd mêstani kabatosanipun, inggih punika alam akerat. Gumêlar kawontênaning alam donya punika sampun dados pasaksèning alam akerat, mila manusa botên usah kapengin nyumêrêpi kawontênaning alam akerat. Rèhning sampun têrang sadaya kawontênan punika mubêng, dados bab pêjah inggih wangsul dhatêng alam donya malih tumimbal lair, makatên salaminipun. Ewasamantên gêsanging manusa sagêd ngarah supados sampun nyakramanggilingan utawi tumimbal lair, inggih punika manawi gêsanging manusa wau ngarah sagêdipun sampurna. Dene pangarah wau pêpindhanipun makatên: kawontênaning tumimbal lair utawi kawontênaning donya akerat punika kadosdene rodha ingkang mubêng sêsêr, gêsanging manusa lan sadaya titah punika pindhanipun rujining rodha, punika tamtu wungsal-wangsul dhawah ngandhap lan nginggil, inggih punika gêsanging titah ingkang tansah tumimbal lair. Sapunika sagêdipun dumunung wontên ing rodha sampun ngantos tumut mubêng mangandhap manginggil kêdah dumunung wontên ing indhên utawi as. Indhên utawi as punika sampun kagalih indhên ingkang taksih katingal mubêng, nanging anyiptaa [a...]

--- 10 ---

[...nyiptaa] têngah-têngahing indhên punika wontên titik ingkang lêmbat sangêt, titik ingkang lêmbat sangêt taksih gadhah têngah malih ngantos botên katingal, titik ingkang botên katingal sajatosipun taksih gadhah têngah malih makatên sapiturutipun. Punapa punika kenging winastan mubêng ingkang lajêng dhawah ngandhap lan nginggil. Makatên mênggahing nalar, manawi nalar dèrèng sagêd marêmakên inggih kêdah pitados kemawon dhatêng kawruh ingkang sakawit, ewadene manawi mêksa kamokalakên inggih sumôngga karsa, anggèn-anggèn wontên ing sariranipun piyambak-piyambak. Sapunika ngrêmbag ingkang dados pasaksènipun tiyang pêjah ingkang sagêd manukma dhatêng bangsaning badan alus. Sampun kêrêp kemawon tiyang ingkang nyipati tiyang pêjah ingkang saking patrap mursal lajêng kubur utawi tilasipun wontên mêmêdi ingkang kadadosanipun saking ingkang pêjah, gandarwo purun ngrêmêni tiyang èstri, awit gandarwo wau nalika taksih dados tiyang rêmên lampah bandrèk jina. Bangsaning dhanyang kenging dipun takèni tiyang ingkang mangrêtos, ngakên bilih saking kadadosaning manusa. Tiyang pêjah kalap ingkang sagêd gêsang malih§ nama dèrèng pêjah ingkang saèstu dipun wastani pêjah ingkang botên saking krana Allah. sagêd nyariyosakên nalika wontên jaman kaalusan, malah nyariyosakên rencangipun punapa ingkang sampun pêjah rumiyin inggih sami abadan alus.

Perangan Na. Bab Paguron Kasampurnaning Gêsang

Bab 1. Pambukaning Bab Paguron

Paguroning tiyang murih sagêd nawung kridha, punika sanès pakartinipun tiyang ngupadi kawruh, nanging pakartinipun tiyang ulah ngèlmi, awit yèn ta botên makatêna, saèstu sampun tanpa wilangan cacahing tiyang Jawi ingkang ngambah

--- 11 ---

kawicaksanan. Sampun pintên atus taun sumêbaring agami Islam ing tanah kita ngriki, ancasing agami wau botên sanès badhe anjunjung drajad kita sagêda ngancik jagading kawicaksanan. Nanging kauningana, salêbêtipun kita wontên jaman madya, inggih punika ing ngalam donya, saèstu langkung gawat lampah kita sagêdipun anjog kumpuling kawula Gusti (sampurna). Sakawit kita kêdah anggadhahi panganggêp ingkang lêrês dhatêng ingkang dipun wastani Pangeran. Pangeran punika punapa, lan kadospundi kawontênanipun, makatên punika anjalari tuwuhing kawruh lan ngèlmi bab ka-Allahan. Sasampunipun makatên, punapa ingkang dados kuwajiban kita dhatêng Pangeran wau, rèhning kita botên sagêd oncat saking purba wasesaning Pangeran lan kadospundi patrapipun sagêdipun kita katarimah ing Gusti ing benjing sagêdipun nunggil sasana, makatên punika anjalari wontênipun lampah. Kalih bab punika kangge tiyang ingkang ngudi kasampurnan ing dêlahan kêdah mangrêtos lan anindakakên.

Kasêbat nginggil kawruh punika sajatosipun sanès ngèlmi, awit kawruh makatên amung andharan kangge anêrangakên ngèlmi. Kathah tiyang utawi golongan ingkang kalèntu sêrap, kawruh-kawruhipun sampun kaanggêp dados ngèlmi, awit saking têmbung ngèlmu anggènipun nêgêsi dados panêmu, mila botên purun ngawontênakên ngèlmu, ingkang wontên namung panêmu utawi kawruh. Môngka ngèlmu punika wontên piyambak sanès kawruh. Bedaning kawruh lan ngèlmi, manawi kawruh saking pandamêl utawi pamanggihing manusa, sarêng ngèlmi saking paring utawi pangandika(ngèlmi)ning Pangeran dhatêng manusa. Ingkang sagêd tampi ngèlminipun Pangeran punika kados ta Kangjêng Nabi Mukhamad. Ngèlmi ingkang sanès saking pêparingipun Pangeran inggih wontên, inggih punika ngèlmi ingkang saking pandamêling manusa, nanging punika naminipun ngèlmi karang, têgêsipun ngèlmi ingkang saking kêkaranganipun manusa, nanging [na...]

--- 12 ---

[...nging] kêdah manusa ingkang tinarimah, manawi dèrèng tinarimah botên sagêd dados, saya malih manawi katularakên. Ing kitab-kitab Kuran kathah pinanggih ngèlmi-ngèlmi ingkang kangge umat Islam, sadaya punika sajatosipun inggih karang, karanganipun Kangjêng Nabi Mukhamad. Ngèlmi ingkang saking pangandikanipun Pangeran punika namanipun ngèlmi gaib utawi ngèlmi sajati. Tungguling ngèlmi sadonya punika ngèlmi sajati. Wiji wontênipun ngèlmi karang, gaib, kak, kodrad, sêsorogan punika pêndhêtan saking ngèlmi sajati, nanging atas saking karsaning Pangeran. Sapunika ingkang dipun wastani pangandikaning Pangeran punika kadospundi kawontênanipun, awit ing salaminipun dèrèng nate wontên manusa dipun panggihi dening Pangeran. Manusa sagêd tampi pangandikaning Pangeran tumrap ngèlmi sajati, punika botên saking dipun panggihi utawi mirêngakên suwantên, nanging saking cipta sasmita ingkang karaos ing dalêm rahsa ingkang kalayan botên dipun arah, punika manawi mangandhapipun dipun wastani prêntuling cipta, nanging punika taksih sagêd malèsèt utawi goroh.

Sapunika ngrêmbag bab paguroning ngèlmi kasampurnan, punika ingkang kaudi wosipun dhatêng ngèlmi sajati, dene paugêranipun wontên tigang prakawis, inggih punika: 1. ngudi kawruh ka-Allahan, 2. ngudi bab kawontênaning pêjah sampurna, 3. ngudi lampah gandhèngipun lan ngèlmi sajati. Tigang bab punika kêdah kacakup, manawi wontên salah satunggal kemawon ingkang botên sagêd sampurna, tamtu badhe lêpat pangancasipun tumrap murid lan gurunipun ingkang kirang sampurna wau. Awit kathah kemawon paguroning ngèlmi kasampurnan ingkang namung ngêndêlakên katarimahing ngèlminipun, bab lampah botên kaparsudi ingkang saèstu, makatên punika kadospundi sagêdipun dumugi pangancasing ngèlminipun. Wontên malih sawênèhing tiyang utawi golongan ingkang namung ngêndêl-êndêlakên lampah

--- 13 ---

utawi panêmbah, makatên punika inggih kadospundi sagêdipun dumugi, awit sadaya lampah kêdah sarana pangancas (ngèlmi).

Pinanggihipun sapunika, ngèlmi sajati punika wontên warni-warni, môngka sabên guru amêjang panganggêpipun inggih punika ingkang nama ngèlmi sajati. Guru sami gadhah gêgêbêngan piyambak-piyambak lan sami angêkahi bilih punika ingkang sajati, punika inggih wontên èmpêripun, jalaran ingkang karêmbag punika kaanan jati, namung bab lêrêsing gêgêbêngan wau dèrèng kantênan. Dene ingkang dados tandhaning lêrês kêdah cocog kalihan pasêksèn utawi nalar ingkang absah.

Kabêkta saking kawruh utawi ngèlmi kita Jawi ingkang mawarni-warni wau, anjalari kawruh kita dipun anggêp dening sawênèhing golongan, anggènipun mastani ngèlmi alus-alus, klênik, tekad ingkang sasar lan rupi-rupi malih. Makatên punika pancèn inggih têmên, ngèlminipun tiyang Jawi punika pating tlêning. Wontênipun pating tlêning wau saking pandamêlipun tiyang ingkang cupêt ing kawruh mênggahing ngèlmi kasampurnan. Kajawi kawruh kita angsal cacadan kados ing nginggil, inggih anjalari angèling pangudi kita dhatêng ngèlmi ingkang sajati.

Bab 2. Paguron ingkang Taksih Kalintu

Ing ngajêng sampun kasêbat bilih tiyang ngrêmbag kawruh ka-Allahan lan kawruh kasampurnaning pêjah punika sakalangkung dening wêrit, awis-awis tiyang utawi guru ingkang sagêd sampurna mêstani dhatêng bab punika.

Rêmbag bab ka-Allahan, punika guru rupi-rupi anggènipun mêstani lan nêrangakên, kados ta:

1. Namung saking pasêmon supados dipun padosi piyambak dening murid ingkang takèn, upaminipun dilah dipun pêjahi, kacu dipun kalèbètakên [kalèbèta...]

--- 14 ---

[...kên] sasaminipun. Makatên punika saèstu damêl judhêging tiyang ingkang puruhita.

2. Dununging Gusti Allah wontên ingkang mêstani kados ta: wontên ing jantung, utêg, manah, ayang-ayangan ingkang wontên salêbêting mripat sapanunggilanipun. Tiyang gadhah panganggêp makatên wau sagêd mahanani mangeran dhatêng dhiri. Môngka sadaya peranganing dhiri (badan), sanajan dumugi perangan ingkang alus pisan, punika sanès sajatining Pangeran.

3. Wontên ingkang nyuraos saking têmbung ingsun, awit ngèlmi kasampurnan pancèn nyêbatakên bilih Gusti Allah punika dumunung ing ingsun. Rapal saha dad inggih mêngku suraos ingsun, ingkang maknanipun Jawi kirang langkung makatên: sajatine ora ana Pangeran anging ingsun, Mukhamad iku utusan ingsun, dene rasul rahsaningsun. Ingkang makatên wau anjalari kathah guru ingkang kalèntu sêrap, sami anggêgêgi panganggêpipun piyambak-piyambak, pangraosipun inggih punika (ingkang kasbat bab 2 perangan Na) ingkang dipun wastani ingsun (Gusti Allah). Tiyang ingkang gadhah panganggêp makatên punika dipun wastani kumingsun, têgêsipun sanès ingsun dipun ingsun-ingsunakên.

4. Wontên ingkang mêstani bilih Gusti Allah punika wujudipun kêmbar kalihan rupinipun piyambak. Wontên ingkang nganggêp malih inggih wujud kêmbar namung wontên bedanipun, ing ngriku cahyanipun wêning sangêt sarta dumunung wontên salêbêting buwêngan ingkang rêsik tur bêning. Panganggêp makatên punika inggih lêpat.

5. Wontên ingkang mastani dunungipun Gusti Allah punika wontên ing swarga, dene swarga prênahipun wontên nginggil utawi jamaning akerat, ing benjing manawi tiyang pêjah sagêd tinarimah badhe sumêrêp wujudipun Gusti Kang Maha Sukci. Tiyang mêstani makatên punika ngawur, trêkadhang saking gêthok tular

--- 15 ---

botên mawi dipun nalar ingkang absah.

6. Wontên ingkang sampun mêncit kawruhipun, gêsangipun piyambak utawi gêsang kita (titah) punika kaanggêp Pangeran ingkang sajati. Makatên punika inggih dèrèng dumugi, dêstun sawêg dumugi kikising kawula Gusti. Manawi Pangeran punika gêsang kita mangke rak lajêng sami kemawon kalihan tiyang ingkang manêmbah ing asma, bontosipun namung dumugi gêsang-gêsèng kemawon.

Sapunika rêmbag bab kawontênaning pêjah, kados ta:

1. Benjing dumunung wontên ing wêwayangan bundêr ingkang wontên salêbêting mripat, sagêdipun katingal wêwayangan wau manawi mripat kapidih.

2. Benjing dumunung wontên ing bolongan ingkang pindha sêkar kacubung ingkang mawi sorot kocor-kocor kadya kartika byor.

3. Ing benjing minggah suwarga ingkang èdipèninipun ing donya ngriki botên wontên ingkang ngungkuli.

4. Anamtokakên ing benjing tumimbal lair.

5. Angancêr-ancêri ing benjing manawi sampun wontên cahya upaminipun pêthak utawi manawi sampun wontên janma kêkasihing Pangeran, upaminipun Kangjêng Nabi Mukhamad utawi Kangjêng Nabi Ngisa, punika kinèn anumuti kemawon. Wontên malih piwêling, ing benjing manawi dèrèng dipun dhatêngi tiyang ingkang rupinipun kêmbar kados wujudipun piyambak, sampun ngantos gadhah sêdya punapa-punapa, awit tiyang ingkang nyami rupi wau ingkang badhe anêdahakên jaman karamatollah.

6. Wontên ingkang pêjah angraga sukma utawi pêjah ingkang raganipun kabêkta musna.

Warni-warnining pitêdah kados ingkang kasêbat nginggil taksih kathah tunggilipun malih, makatên wau dadosa pangemut-emut dening para ingkang pados [pa...]

--- 16 ---

[...dos] ngèlmi sajati, manawi wontên guru ingkang ngakên sagêd nêdahakên wujudipun Ingkang Maha Sukci punapadene mujudakên panggenanipun ing benjing, punika prayogi sampun dipun gêga kemawon.

Bab 3. Wêwarah dhatêng Tiyang ingkang Pados Ngèlmi Kasampurnan

Tiyang pados ngèlmi kasampurnan utawi badhe ngawruhi kawontênan bab pêjah punika sampun samêsthinipun lan wajib, awit tiyang gêsang tamtu badhe anglampahi. Manawi bab punika botên dipun budi lan dipun èngêti, ing benjing sagêd andadosakên kawontênan ingkang botên kalêrêsan. Sintên tiyang ingkang gadhah raos utawi wiraosan: êmbuh burine ing besuk, ngantos babar pisan botên dipun prêduli, makatên punika nama tiyang ingkang supe utawi nyupèkakên gêsangipun. Wontênipun tiyang sami botên mrêduli dhatêng bab punika saking kêtarik kawontênan warni-warni, kados ta: 1. sabab katungkul kasêngsêm ing kadonyan, 2. anggorohakên kawruh-kawruh kasampurnan, 3. rumaos angèl pangudinipun.

Tiyang anggayuh kasampurnan punika nyata angèl, wiwit pados dumugi sasampunipun angsal sarwa angèl kemawon. Angèlipun tiyang pados ngèlmi kasampurnan, punika dèrèng namtokakên angsal margi gampil sagêdipun angsal ngèlmi ingkang lêrês. Tiyang angsal ngèlmi kasampurnan ingkang dèrèng lêrês, punika nama tiyang kojur, jalaran ing benjing badhe anasarakên gêsangipun piyambak. Wontên tiyang ingkang kapetang lantip sagêd mangrêtos dhatêng kawruh ingkang taksih lêpat, ngantos dipun rencangi maguru marambah-rambah tansah dèrèng angsal ngèlmi ingkang lêrês saèstu, makatên [ma...]

--- 17 ---

[...katên] wau trêkadhang dipun rencangi nêlas-nêlasakên barang darbèkipun kangge ngawontênakên ragad. Sêmantên angèlipun tiyang pados ngèlmi, ewasêmantên inggih wontên ingkang angsalipun kanthi gampil kemawon, makatên punika dumunung ing tiyang ingkang sampun kawahyon, sapunika tiyang sasampunipun angsal ngèlmi kasampurnan, punika saya angèl, inggih punika angèl lampahipun, bêbasan sèwu namung satunggal ingkang sagêd dados, awit lampahipun wau kêdah santosa sarta dèrèng cêkap manawi namung ngangge lampah sae kemawon, nanging kêdah prayitna sanajan wujudipun sae, manawi botên lêrês inggih dèrèng sagêd dumugi, ing wingking§ wontên ing Sêrat Pandom Pralaya. badhe katêrangakên.

Pawitanipun tiyang pados ngèlmi kasampurnan punika kêdah:

1. Sangu kalantipan, supados sumêrêp lêrês lêpating kawruh ingkang katampi. Kajawi punika sanajan sampun angsal ngèlmi ingkang lêrês, manawi botên lantip, sagêd anjalari lêpat pangancasipun dhatêng kasampurnan.

2. Kêdah sangu saening kalakuan, supados cêlak ing kawahyonipun, awit tiyang ingkang wêwatakanipun botên burus punika tiyang ingkang badhe angandhapi ngèlmi inggih ngah (kogêl), awit guru angandhapakên ngèlmi sajati punika inggih wontên wêwatonipun, kados ta: 1. botên kenging dhatêng tiyang ingkang badhe ambalilu, cubluk, sêsakan, tiyang ingkang pakulinanipun sapele lan rèmèh sasaminipun. 2. Dhatêng tiyang ingkang botên sae wêwatakanipun, upaminipun tiyang lèrwèh botên sagêd anyimpên wados, gumêdhe, ladak, mamak, andêlarung, ambêlasar, botên gadhah dugi prayogi sapiturutipun. Wêwaton pamilihing guru dhatêng murid punika kathah lan warni-warni, nanging ing ngriki ingkang prêlu katêrangakên namung kalih warni wau, kados para guru botên [bo...]

--- 18 ---

[...tên] badhe kêkilapan piyambak.

Sawênèh wontên rekadayaning guru ingkang dipun suwuni barkah ngèlmi, môngka tiyang ingkang nyuwun wau kalêbêt tiyang ingkang kados kasêbat nginggil, guru wau supados botên mangsulakên kajênging tiyang ingkang mêmpêng, kangge angecani manah, guru wau lajêng purun mêjang, nanging ingkang kawêjangakên sanès ngèlmi ingkang sajati saèstu, manawi botên kaplèncèngakên inggih mawi ngèlmi sêdullan kados ingkang kasêbat bab 2 perangan Na. Kala suwargi Radèn Ngabèi Rônggawarsita inggih kêrêp anindakakên makatên, wontênipun makatên pancèn dipun jarag, panjênênganipun botên kirang waspada dhatêng watak antêp saha kalakuanipun badhe murid, awit tiyang badhe nètèsakên ngèlmi ingkang sajati saèstu, punika kêdah mawang tiyangipun, tiyang ingkang badhe kawucal punika upaminipun siti wontên ingkang wadhas utawi loh, manawi pasitèn wadhas kasêbarana wiji sae inggih tanpa damêl. Amijèkakên ngèlmi mawi mawang tiyang punika prêlu, awit manawi lèrwèh punika prêsasat angasorakên dhatêng kaluhuraning dad. Ngèlmi sajati pancèn dados kêkêraning Pangeran, botên kenging kangge mirah utawi dolanan, kocap makatên punika badhe wontên sêsikunipun, para nabi wali dèrèng wontên ingkang karsa anglairakên mirah, kabêkta saking ajrih bêbênduning Pangeran amiyak kêkêraning dad.

Bab 4. Titikaning Guru ingkang Kanggenan Ngèlmi Lêrês sarta ingkang Pantês Ginuron

Tiyang pados ngèlmi kasampurnan punika sampun ngantos pados guru anggêr guru kemawon, awit guru punika kawruhipun kathah kados ingkang kasêbat ing bab 2 perangan Na. Trêkadhang tiyang maguru mawi ngêdalakên ragad kathah tur warni-warni ingkang tundonipuntundhonipun (dan di tempat lain). namung kangge pokil utawi [u...]

--- 19 ---

[...tawi] ragad tanpa paedah.

Tiyang pados guru prayogi amiliha sasagêd-sagêd manawi angsal guru ingkang kawontênanipun kados ngandhap punika:

1. Ingkang bêkti ing Allah.

2. Tiyang ingkang sampun sêpuh ingkang sampun mungkur utawi nipisakên kadonyan, sukur angsal tiyang ingkang madhêp ing Pangeran sarta sampun sumendhe ing takdir tumrap badanipun piyambak.

3. Ingkang sukci, liripun têmên botên purun goroh, botên purun anglampahi awon.

4. Sêpên hawa nabsu, liripun sampun angêngirangi samukawis, botên gadhah kamelikan, pakarêman, botên rêmên pamèr lan ngajèkakên badan.

5. Andhap asor saha alus solahbawanipun.

6. Sugih cariyos kanthi titis lan têtês, inggih punika cocog kalihan kawontênanipun, botên ngirangi lan mêwahi.

7. Botên gumunan, was sumêlangan, gêtunan, kagètan, kawontênanipun ingkang ajêg jêjêg sarta awas emut.

8. Botên gugon tuhon.

Manawi sagêd angsal guru kados ingkang kasêbut nginggil punika, bokmanawi sapisan kemawon sampun angrampungi.§ wawênanging tiyang ingkang madêg guru badhe kasêbat wontên ing sêrat Pandom Pralaya.

Perangan Ca. Ngèlmi Sajati lan Kawruh-kawruh

Bab 1. Babaranipun Ngèlmi Sajati

Ngèlmi sajati punika punapa lan paedahipun kadospundi.

Ngèlmi sajati punika ngèlmi ingkang nêdahakên kaanan sajati, mila dipun wastani ngèlmi sajati. Kaanan sajati punika kaanan ingkang botên goroh, kaanan ingkang botên goroh punika kaanan ingkang langgêng botên ewah gingsir, botên risak, botên ical salami-laminipun, dene kaanan sajati inggih punika kaananing Pangeran sanès kaananing manusa. Kaananing manusa lan titah sadaya punika kaanan ingkang goroh, sabab wontênipun namung sawatawis môngsa kemawon, liripun sagêd ical inggih punika pêjah, kenging risak kenging ewah gingsir. Kaanan sajati punika dados kanyataanipun kaanan gorohan, mila kaanan gorohan wau minôngka dados gambaraning kaanan sajati. Alam donya lan kaananing titah punika gambaran utawi wêwayangan, dene ingkang dipun gambar utawi ingkang gadhah wêwayangan inggih punika kaanan sajati. Alam akerat inggih punika kaanan sajati punika sami kemawon kalihan kaanan donya inggih punika ingkang goroh, pindhanipun kadosdene wêwayangan ingkang wontên salêbêting pangilon kalihan ingkang ngilo, saèstu sami kemawon, namung kaot wêwayangan ingkang wontên salêbêting pangilon punika botên têmên wontênipun, nanging manawi ingkang ngilo têmên kanyataanipun. Rèhning alam donya lan alam akerat sami, mila botên prêlu nakèkakên alam akerat, sok ugêra alam donya sampun kasumêrêpan sampun cêkap. Ingkang makatên wau kita saèstu sampun nyumêrêpi kawontênaning akerat, namung kaot dèrèng sagêd nyatakakên lan ngraosakên, awit taksih gêsang wontên ing donya, nanging sampun kenging winastan: wêruh marang sajatining kira, têgêsipun kintên ingkang tamtu lêrês.

Ngèlmi sajati beda kalihan ngèlmi ingkang sanès sajati. Ngèlmi ingkang sanès sajati punika japa môntra utawi donga, ingkang kanggenipun namung

--- 21 ---

wontên ing donya kemawon. Nanging manawi ngèlmi sajati, punika sanès japa môntra utawi puji donga sarta paedahipun kangge:

1. Nyumêrêpi wosing gêsangipun.

2. Supados gadhah panganggêp ingkang lêrês mênggahing kawruh ka-Allahan.

3. Nyumêrêpi kawruh bab pêjah ingkang sampurna lan ingkang sasar.

4. Kangge angancas utawi angracut sukma sagêdipun dados sampurna.

5. Kangge nyumêrêpi wontênipun tindak awon kêdah dipun sirik, tindak sae kêdah dipun angge, amargi mênggahing wulang wuruk punika manawi namung kèndêl wontên ing ucap-ucapan kemawon, punika angèl sagêdipun dipun gêga kanthi marêmakên manah, saya manawi ingkang mulang muruk punika botên sagêd anglampahi piyambak, punika saya dipun sapèlèkakên. Beda kalihan tiyang ingkang sampun kanggenan ngèlmi sajati, saèstu sagêd sae saking kajêngipun piyambak, jalaran sampun mangrêtos ing wêwatonan ingkang botên kenging katrajang.

Ngèlmi sajati ugi kawastanan ngèlmi rasa utawi rahsa sajati, mila dipun wastani ngèlmi rasa awit pangraos ingkang ngraosakên. Rèhning pangraos, mila inggih sanès japa môntra utawi puji donga. Raos makatên botên sagêd bilih katampèkakên dhatêng sanès tiyang, sagêdipun kêdah sarana têtêmbungan utawi wêwêjangan. Rèhning dados wêjangan, mila lajêng dipun namakakên ngèlmi. Manawi tiyang sampun kadunungan pangraos sajati utawi ngèlmi sajati, punika benjing manawi sampun wancinipun kapundhut dhatêng jaman kalanggêngan, prêlu kangge ngancas sagêdipun dumugi ing kasampurnan. Tiyang ngancas kasampurnan punika manawi sampun gumolong, ringkêsipun lajêng dados, lêng, inggih lêng wau ingkang binasakakên ginulung bundêr kantun samrica binubut. Tiyang badhe pêjah punika wontênipun namung kantun cipta ingkang ringkês, mila manawi mawi angrapalakên japamôntra [japa...]

--- 22 ---

[...môntra] utawi donga, sampun malih panjang, trêkawangtrêkadhang. cêlak-cêlakan kemawon sampun supe. Mila inggih dadosa pangèngêt-èngêt tumrap ingkang sawêg ngudi ngèlmi, manawi wontên guru ingkang nyugatani rapalan ingkang panjang utawi kathah-kathah kados sêkar ingkang rinonce, prayogi sampun age-age.

Ngèlmi sajati punika wontênipun sampun kina-makina, wiwit kala jamanipun para wali lan nabi-nabi. Nabi wali wau sami kagungan pusaka gêgêbêngan ngèlmi sajati, namung pangawikan lan wiraosipun beda-beda, nanging mênggahing wos, ancas utawi lêngipun sami kemawon. Para wali wawêjanganipun inggih beda-beda, nanging inggih sami nunggil tekad. Kala jamanipun Kangjêng Sultan Agung, ngèlmining para wali wolu kaimpu katata dados satunggal, lajêng wujud dados wêjangan satunggal, nanging saking kathahing para sagêd, ngèlmi wau lajêng kababar malih dados warni-warni. Sarêng dumugi jamanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, ngèlmi-ngèlmi kasampurnan lajêng rêringkêsan malih dados sawêjangan satunggal, karsanipun ugêr cocog kalihan wêdharaning para wali lan nabi mandhapipun dhatêng para pandhita. Wontênipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita wau kagungan karsa ingkang makatên inggih atas saking karsaning Kang Murbèng Gêsang, rinilan lan pinaringan ilham. Mila mênggahing tiyang ingkang sawêg angudi ngèlmi anganggea waton kawan prakawis, kados ngandhap punika:

1. Nocogi kalihan pangandikaning Pangeran, punika nama mupakat lan dalil.

2. Nocogi kalihan pangandikaning Kangjêng Nabi Mukhamad, punika nama mupakad lan kadis.

3. Nocogi kalihan pangandikaning para wali, punika nama mupakat lan ijmak.

--- 23 ---

4. Nocogi kalihan pangandikaning para pandhita, punika nama mupakat lan kiyas.

Sadaya punika wau sami ambuka kêkêraning dad sadaya. Mila manawi wontên ngèlmi ingkang botên mupakat kalihan kawan prakawis wau sampun ngantos kasêsa dipun angge, prayogi kaabsahna utawi kasarasèhna, sanajan kalihan tiyang ingkang botên tunggil ngèlmi botên dados punapa, ugêr sampun ngantos kêncêng-kinêncêngan pados mênanging kawruhipun, mangke dangu-dangu mindhak dados garêjêgan, nanging kasêdyakna tiyang musawaratan punika kangge madosi punapa kawruhipun wau sampun lêrês saèstu punapa taksih lêpat. Manawi lêpat prayogi budidaya malih, dene manawi sampun lêrês ing ngriku kêdah wiwit kèndêl sampun rêmên bantah utawi sêsualan, mindhak kabarabean ing wêkasan kecalan, kajawi ta manawi wontên ingkang ambêtahakên.

Bab 2. Kawruh Ingatasing Pangeran (Ka-Allahan)

Sintên ingkang kita pangerani. Gusti Allah. Kita botên kenging mangeran sanèsipun Gusti Allah. Kados ta: kita botên kenging mangeran dhatêng badanipun piyambak, tawang-towang punapadene papan tulis, suwantên utawi ujar lan kawruh.

Botên kenging mangeran ing ora, guru ratu utawi nabi wali, botên kenging mangeran ing pôncadriya utawi angên-angên.

Têmbung mangeran punika atêgês namung ngêmungakên barang warni satunggal ingkang dipun têngênakên utawi ingkang dipun lêbêtakên manah, upaminipun: mangeran dhatêng donya, punika têgêsipun ing ngriku pangèsthi ingkang kalêbêt ing manah kajawi namung dhatêng bab donya (kadonyan), tiyang wau sanajan [sa...]

--- 24 ---

[...najan] gadhah panganggêp Gusti Allah punika wontên, ewadene taksih kawon kalihan anggènipun mrêlokakên dhatêng bab kadonyan.

Gusti Allah punika ingkang wajib kita pangerani piyambak lan wajib kita sêmbah. Kawontênanipun tiyang manêmbah ing Pangeran punika wontên warni kalih:

1. Tiyang nindakakên manêmbah, nanging dèrèng mangrêtos makna utawi kawontênaning ingkang sinêmbah, punika dipun wastani nêmbah ing asma kawontênan makatên punika sae, nanging sajatosipun dèrèng lêrês utawi dèrèng absah.

2. Tiyang manêmbah ingkang sampun mangrêtos ing makna lan kawontênaning ingkang sinêmbah, kawontênan makatên punika ingkang lêrês sae lan absah.

Tiyang manêmbah ing asma tilar makna, punika dèrèng lêrês ingkang saèstu, wujudipun kados ta tiyang sêmbahyang ingkang dèrèng mangrêtos dhatêng Hyangipun, punika taksih kalêbêt kupur. Sapunika tiyang ingkang mangrêtos ing makna, môngka botên purun nindakakên manêmbah ing asma, wujudipun kadosdene tiyang ingkang ngèlmi ingkang botên purun anglampahi utawi muji asmaning Pangeran sapiturutipun, makatên punika taksih kawilang kapir. Dene tiyang ingkang ngorakakên, liripun botên mangrêtos ing Pangeran lan botên purun anêmbah, punika dipun wastani kopar.

Makna tuwin kawontênaning Pangeran punika kadospundi. Makna punika wujud. Gusti Allah botên wujud, botên katingal lan inggih botên kados bangsaning ingkang abadan alus, nanging mokal manawi Gusti Allah wau botên wontên, nanging malah sadaya wêwujudan sadonya punika wujud kagunganing Pangeran, atêgês inggih wujud kita punika wujuding Pangeran Kang Maha Sukci. Manawi rinaos botên wontên barang wujud kajawi namung Pangeran. Wêjangan wahananing dad nyêbatakên makatên: Sajatine ora ana apa-apa kajaba mung ingsun (Pangeran).

--- 25 ---

Sapunika ngrêmbag kaananing Pangeran. Pangeran punika gêsang, gêsangipun dados wiji sadaya gêsang ing donya punika, ing ngajêng sampun kapratelakakên ing bab 1 perangan Ha. Gêsang kita punika inggih kagunganing Pangeran, atêgês gêsang kita inggih gêsanging Pangeran. Nanging sanajan gêsang kita punika gêsanging Pangeran, kita botên kenging mangeran dhatêng gêsang kita utawi dhatêng gêsangipun piyambak, awit gêsang kita wau namung gêsang kadadosan, sanès ingkang dados, dene ingkang dados inggih punika Pangeran. Rèhning gêsang kita punika namung kadadosan, dados gêsang kita wau sanès sajatining Pangeran, nanging namung dados warana utawi wakil, dene sajatining gêsang inggih punika gêsanging Pangeran. Gêsang kita punika gêsang ingkang taksih ginêsangan, ingkang anggêsangi inggih punika gêsang ingkang sajati kasêbut ingkang damêl gêsang. Gêsang sajati punika gêsang piyambak botên wontên ingkang anggêsangi. Kathah kemawon tiyang ingkang marsudi ing ngèlmi ingkang kalèntu sêrap, sinêngguh gêsang kita utawi gêsangipun piyambak punika Pangeran. Tiyang makatên wau kêlêbêt mangeran ing dhiri utawi badanipun piyambak.

Kita punika gadhah badan wadhag lan alus. Badan wadhag lan alus wau anggadhahi têlêng, têlêngipun gêsangipun piyambak. Sapunika gêsang ingkang kita angge punika taksih wontên têlêngipun malih, inggih punika têlêngipun wontên ing gêsang ingkang sajati. Gêsang ingkang sajati amurba wasesa sadaya ngagêsang, mila kasêbut ingkang murbèng gêsang.

Gêsang ingkang ginêsangan lan gêsang ingkang anggêsangi utawi gêsang kita lan gêsanging Pangeran, punika botên pisah lan botên wontên kalih, nanging tunggal utawi satunggal, punika pindhanipun kadosdene gêndhis lan lêginipun, ron lan ijêmipun, wêwangunan lumahing barang lan watêsipun, surya lan sorotipun, punika moring kalih dados satunggal, botên kenging bilih [bi...]

--- 26 ---

[...lih] kapisahên.kapisahakên. Makatên punika katêmbungakên: siji-ninga (nanging) loro, loro-ninga (nanging) tunggal. Moring kalih dados satunggal wau manawi karaosakên ing manah sanajan amor satunggal, inggih wontên pilah utawi bedanipun.

Gêsang kita punika kalihan gêsanging Pangeran katêmbungakên: cêdhak tanpa kêlêtan, têgêsipun cêlak sangêt botên mawi lêt-lêt, badanipun piyambak ngantos kawon cêlak, sabab pancèn sampun amor. Katêmbungakên malih: adoh tanpa watêsan, têgêsipun têbih botên mawi watês, sabab amor, nanging têbih sangêt bedanipun.

Bab 3: Kawontênanipun Gusti (Pangeran)

Kawontênanipun Pangeran punika: kawasa, luhur, agung, sukci, mulya, adil, asih, langgêng, wikan, wicaksana, lan sampurna, têrangipun makatên:

Kawasa: kawasanipun sagêd anitahakên bumi langit saisinipun, kawasa damêl pêjah gêsang, ngukum utawi angganjar kabêgjan, kawasa damêl kaelokan sapiturutipun.

Luhur: luhuripun botên wontên ingkang ngungkuli, ratuning ratu dèrèng sapintêna manawi katandhing kalihan luhuring Pangeran.

Agung: atêgês botên kêkirangan ing samukawis, inggih punika kagungan tanpa wangênan, botên wontên kasugihan ingkang sagêd mapaki kasugihanipun Pangeran. Pangeran kagungan punapa kemawon sarwa mêpaki.

Sukci: atêgês rêsik utawi têmên. Rèhning Pangeran botên abadan wadhag lan alus, môngka badan wadhag lan alus punika ingkang murugakên rêgêd, mila Pangeran piyambak ingkang rêsik. Pangeran sanajan [sana...]

--- 27 ---

[...jan] nunggil lan kawula ingkang kêbak mêmala lan kêmproh utawi ingkang rêgêd bêbudènipun ngantos kenging binasakakên tiyang candhala utawi gêlah-gêlahing jagad, ewadene Pangeran botên tumut rêgêd, punika pindhanipun kadosdene soroting pêpadhang anyuluhi barang utawi papan ingkang sangêt kêthêr, pêpadhang wau saèstu botên sagêd katutan ing sêsukêr. Sapunika katêmênanipun Pangeran, manusa taksih kathah gorohipun, nanging manawi Pangeran babar pisan botên nate goroh (èngêt bab 2 perangan Ca).

Mulya: liripun sakeca, pangeran botên nate ngraosakên sakit, susah, payah.

Adil: awit Pangeran pêparingipun panduman utawi karampungan dhatêng sadaya titah sagêd timbang, lêrês, botên malèsèt. Sintên awon siniksa, sintên sae ginanjar kanthi botên mawang asor luhuring pangkat, pangadilanipun sagêd murwat sapintên ingkang dipun lampahi dening titahipun.

Asih: atêgês wêlas lan trêsna. Manusa badhe anglampahi awon kados punapa Pangeran mêksa anuruti. Kawêlasanipun dene paring sandhang têdha lan kabêtahan ingkang kagêlar wontên ing donya dhatêng sadaya ngagêsang, sanajan manusa ingkang sangêt musibat inggih winêlasan kaparingan.

Langgêng: punika wilujêng salaminipun botên sagêd pêjah.

Wikan: punika awas utawi mangrêtos. Pangeran mangrêtos dhatêng obah-osik utawi sêdya krêkating sadaya titah,§ sabab tunggil kalihan titah. priksa sadèrèngipun winarah lan purwa madya wasana sadaya.

Wicaksana lan sampurna: punika pakarti ingkang botên nguciwani. Pangeran saèstu botên kewran anata jagad saisinipun.

--- 28 ---

Bab 4 Anasir lan Dading Gusti sarta Jerenganipun

Anasiring Gusti punika wontên kawan prakawis inggih punika: dad, sipat, asma, abngal.

Dad punika wujud, inggih gêsang kita punika wujud rupinipun Ingkang Maha Sukci.

Sipat punika warna, inggih warna kita punika warananipun Ingkang Maha Sukci.

Asma, punika aran, inggih aran kathah punika sayêkti kaakên asmanipun Ingkang Maha Sukci.

Abngal, punika pakarti, inggih pandamêl utawi ngakal kita punika wêwayangan abngalipun ingkang Maha Sukci.

Sêkawan bab punika sawêg gêgêlaranipun, panggulunganipun dèrèng, punika manawi dipun gulung bundêr kantun samrica binubut, nanging punika kêkêran, truwacanipun kêdah sarana wisikan. Sampun was sumêlang ing galih, jatining Pangeran sampun kasarira wontên ing kita tansah tunggil wontên ing ngriki (dêlahan), dene ingkang kangge pikêkah kita, bilih kita punika dados kanyatahanipun Pangeran ingkang sajati ingkang kangge watonan dalil. Ing ngadhap punika pêthikan saking satunggaling dalil dipun wastani wisikan ananing dad, ingkang kapangandikakakên Kangjêng Nabi Mukhammad dhatêng Sayidina Ngali makatên:

Sajatine Dat Kang Maha Sukci iku anglimputi ing sipat Ingsun, anartani ing asmaning-Sun, amratandhani ing abngal Ingsun.

Ing ngandhap punika culikan saking satunggaling dalil malih, dipun wastani wêdharan wahananing Dad, nukilan saking kitab Dakaikal Khakaik, ingkang kapratatelakakên wangsitipun Pangeran Ingkang Maha Sukci dhatêng Kangjêng Nabi Mukhammad, karaos ing dalêm rahsa, inggih punika kacipta sasmita makatên:

Sajatine Ingsun dad kang amurba wasesa, kang kawasa anitahake ing sawiji-wiji dadi padha sanalika, [sa...]

--- 29 ---

[...nalika,] sampurna saka kodrad Ingsun.

Têmbung Ingsun ing nginggil punika têrangipun Ingsun Pangeran, Pangeran punika gêsang ingkang sajati, gêsang sajati punika dados kajatèning sadaya titah. Gêsang sajati kalihan gêsang ingkang dèrèng sajati inggih punika gêsang kita ing ngajêng sampun katêrangakên kadosdene gêndhis kalihan lêginipun, gêsang kita inggih gêsanging Pangeran, mila kita inggih sampun kenging angakêni ingsun dhatêng gêsangipun, nanging ingsun ingkang derèng sajati. Ingsun ingkang dèrèng sajati rèhning abadan wadhag lan alus, mila kawastanan dhiri, dene gêsang ingkang sampun sajati punika Pangeran, dipun wastani pribadi, awit Pangeran wau jumênêng piyambak utawi botên wontên barang sanèsipun kajawi Pangeran pribadi (dhewe = piyambak), têrangipun ingkang cêtha: tiyang, kewan, têtuwuhan lan titah sanès-sanèsipun, punika sariranipun Gusti Allah, nanging wontên pilahipun piyambak-piyambak ingkang dipun wastani Gusti lan kawula. Badan kita ingkang wadhag lan alus punika kawula, dene gêsang kita wêwayangan utawi sorotipun dading Pangeran, gêsang kita manawi sampun murni, mligi, sajati, sampurna ing têmbe Gusti Allah. Ingkang makatên wau manawi kita sampun sagêd kadunungan rahsa: jlêg, satata angakêni Pangeraning bawana. Èngêt, sampun ngantos kalèntu sêrap, botên kok kita punika Pangeran, manawi kita gadhah raos makatên, ing mangke mindhak angsal dêduka utawi sêsikuning Pangeran, amargi kawula punika têtêp kawula, Gusti têtêp Gusti, kita kengingangakêni nanging botên kenging angêngkoki. Rahsa kita wau sawêg dumugi kikising kawula Gusti.

Sapunika sampun cêtha bilih pribadi utawi kajatèn kita inggih ingkang katêmbungakên mawi ingsun, punika sajatosipun dading Pangeran Ingkang Maha Sukci Sajati.

--- 30 ---

Dalil ingkang kaping kalih ingkang sampun kasêbat ing ngajêng, anyêbatakên sajatine ingsun dad kang murba wasesa, punika wênang sinantunan, sajatine kajatène, murnine, pribadine, maligine, sampurnane uripku iku dade Gusti Kang Maha Sukci Sajati, têmbung ku wau saking aku, dhawahipun wontên ing dhiri utawi badan. Ingsun punika inggih atêgês aku, nanging pikajênging wêjangan, ingsun, mathukipun sanès aku, sanajan katumrapna dhatêng sadayaning aku (titah sadaya) inggih mêksa botên mathuk, nanging mathukipun kêdah aku ingkang sampun murni, sajati, sampurna, mligi, inggih punika pribadi (kajatèn).

Kajatèn punika dados têlêng utawi poking sadaya titah, sanès kajatènipun piyambak kemawon. Sadèrèngipun gêsang kita murni dados pribadi utawi kajatèn, murni utawi jatining gêsang inggih punika Pangeran, kajatên utawi Pangeran wau sampun wontên. Wêkdal gêsang kita dados maligining gêsang (sampurna) ing ngriku botên nama kawitan utawi pungkasan tumrap Pangeran. Pangeran punika pok, tuk, têlêngipun sadaya gêsang, inggih punika ingkang wajib kita suwuni, kita èngêti, kita adhêpi, kita sêmbah, kita sambat sêbuti, kita ajrihi, kita trêsnani, kita pangerani. Inggih punika ingkang priksa saobah-osiking ingkang kumêlip wontên ing ngalam donya ingkang katingal tuwin ingkang botên katingal, inggih punika ingkang botên kenging kinayangapa cinakrabawa, ingkang nglimputi ing sajagad rad tuwin alam sadaya inggih punika ingkang sagêd mêsthèkakên ing samubarang sarta botên kewran damêl lêlampahan sadaya salajêngipun.

Bab 5 Pamoring Gusti ing Kawula

Gusti punika ing salaminipun tansah amor wontên ing ngriki wontên ing

--- 31 ---

ngrika (akerat) kalihan kawula. Makatên wau sampun kagalih sarêng Gusti lan kawula, Gusti wau lajêng ical utawi pindhah panggenan, manawi makatên punika mangke wontênipun lajêng namung kawula, Gustinipun botên wontên. Mila sajatosipun lêpat manawi kawula lan Gusti punika dipun upamèkakên kadosdene Wisnu kalihan Krêsna, icaling Wisnu dados Krêsna, utawi kadosdene Sang Panji ingkang angumbara andhêdhalang, murcaning Sang Panji dados dhalang, konduripun pulih Sang Panji putra ing Jênggala. Gusti nunggil lan kawula punika ingkang nunggil namung sorot utawi pêperanganing dading Gusti kemawon, têrangipun kados ngandhap punika:

Dadipun Gusti Ingkang Maha Sukci punika satunggal, têgêsipun piyambak, nanging peranganipun wontên tiga, inggih punika: urip, kang nguripi, kang gawe urip.

1. Urip, inggih punika gêsang ingkang kita angge sapunika, amêngkoni badan wadhag lan alusipun piyambak, kawontênanipun sampun maha langgêng. Gêsang salaminipun langgêng botên kenging pêjah, dene ingkang sagêd pêjah punika badan wadhag lan alusipun, gêsang kajawi langgêng inggih botên ewah gingsir, liripun badan kenging sakit, susah, edan, pêjah, nanging manawi gêsang botên tumut nandhang barang-barang, mila kasêbut kang maha langgêng, kang maha mulya. Têmbung uripe sapisan rusak, punika manawi panyuraosipun kalugokakên lêpat, lêpasipun badan lan pikirane nalika urip kang saiki rusak.

2. Kang nguripi, inggih punika wontênipun badan kita sami sagêd gêsang mobah mosik punika saking dayaning kang nguripi. Dunungipun kang nguripi punika wontên ing badan kita piyambak lan badaning asanès, gêsangipun piyambak lan gêsangipun asanès punika kang nguripi. Gêsang kita piyambak punika anggêsangi badan wadhag lan alusipun piyambak, mila sagêd tumindak [tuminda...]

--- 32 ---

[...k] barang-barang. Gêsanging asanès kados ta: gêsanging liyan, pantun utawi sawarnining têtuwuhan, sato kewan, bumi, latu, toya, hawa, surya sapiturutipun, punika inggih anggêsangi gêsang kita. Mila kawontênanipun moripun gêsang kita piyambak lan gêsanging asanès punika kasêbat kang nguripi, punika amêngkoni ingkang gumêlar punika sadaya ingkang bôngsa wadhag lan alus utawi roh, kasêbatipun kang maha mirah lan kang maha asih.

3. Kang gawe urip, inggih punika poking sadaya gêsang, winastan gêsang sajati, kajatèn, pribadi, dunungipun wontên ing kabatosaning gêsang kita. Kang gawe urip wau amêngkoni badan wadhag lan alus ingkang sampun gumêlar lan ingkang dèrèng gumêlar tumitah, punika dados tuk, têlêng, poking sadaya gêsang, kawontênanipun, maha purba, maha wasesa, maha agung, maha kawasa, maha sukci, maha elok sarta botên kasamaran lan kewran dhatêng ingkang gaib-gaib utawi lêlampahan punapa kemawon.

Manusa sagêd nyatakakên gaibing gêsanging Pangeran, nanging sagêdipun namung kalih perangan, inggih punika urip kalihan kang nguripi. Minggahipun dhatêng kang gawe urip sampun botên sagêd.

Gêsang kita piyambak ingkang kita angge punika dados paugêran kita piyambak, manawi kita sagêd amêsu ing kaêningan pinanthêng angèsthi satunggal, ing ngriku sagêd katingal wujud rêrupèn ingkang kêmbar kalihan rupinipun piyambak, mêdal saking badan kita pribadi. Rêrupèn punika sinêbat guru sajati, sukma sajati, manusa sajati, punika manawi ngandika botên karsa goroh, sagêd paring pitêdah ingkang sanyata. Prêlambangipun kadosdene Sang Dewaruci manggihi Wrêkudara.

Sapunika gêsang kita lan gêsanging asanès, inggih punika kang nguripi, punika [pu...]

--- 33 ---

[...nika] winênang dening kang murbèng gêsang amurbani ngagesang. Manawi kita ingkang pinêsu kanthi angêningakên ngèsthi satunggal dhatêng ingkang nguripi, ing ngriku sagêd katingal wujud inggih kêmbar kalihan rupinipun piyambak, namung kaot ing ngriku cahyanipun sakalangkung wêning dumunung wontên ing salêbêting buwêngan bêning, punika sinêbat wêwakiling Gusti ingkang angidèni panuwun sêdyaning manusa, mêdalipun inggih saking badan kita pribadi.

Bab 6. Anasir lan Peranganing Dading Kawula

Anasiring kawula punika wontên kawan prakawis, inggih punika: bumi, gêni, angin, banyu. Kaalusanipun kawan prakawis wau ngawontênakên balêgêr badan wadhag sapirantosipun, punika dados kawujudaning sipatipun Ingkang Maha Sukci, ing ngriku kapanjingan mudah gangsal prakawis, inggih punika: nur, rahsa, roh, napsu, budi. Nur punika cahya utawi pramana, rahsa = rasa, roh = nyawa, napsu = karêp, budi = pikiran. Gangsal prakawis punika minôngka warananipun wajah, têgêsipun wajah dadipun Kang Maha Sukci, dene mudah dadipun kawula. Kêmpaling gangsal prakawis wau kapurba dening gêsang, anjalari manusa sampurna saprabotipun sadaya.

Sapunika dading kawula, punika peranganipun inggih wontên tiga, inggih punika: badan wadhag, badan alus, gêsang (gêsang punika - mêlokipun Gusti Allah).

Badan wadhag wontênipun sagêd sampurna tumindakipun punika saking pandamêling tigang kaanan, inggih punika: rasa, ati, budi.

1. Rasa, inggih punika raosing badan sakojur, kados ta: gatêl, kêri, sakit, risi, cêmlêkit, bêntèr sapiturutipun, punika têlêngipun wontên ing palandhungan, alamipun dipun wastani janaloka,

--- 34 ---

kathah ugi ingkang mastani betal mukhadas, punika kaalusanipun dados sêngsêming jalu wanita. Ingkang mêngkoni janaloka wau pêparabipun Sang Hyang Antaga. Pralambangipun kala ing purwa nalika Hyang Antaga dèrèng ngejawantah dados Togog.

2. Manah, inggih punika ingkang murugakên sagêd: gêla, cuwa, sênêng, marêm, enak, kapenak, bungah, susah sapiturutipun, punika têlêngipun wontên ing manah utawi dhadha, limrahipun ingakathah dipun wastani betal mukharam utawi alam Endraloka, ingkang mêngkoni ing ngriku apêparab Sang Hyang Ismaya, pralambangipun ing purwa nalika Hyang Ismaya dèrèng ngejawantah dados Sêmar.

3. Budi, inggih punika ingkang murugakên sagêd: mikir, nimbang awon sae, ngangên-angên, nyipta, ngira, ngakal sapiturutipun, punika têlêngipun wontên ing utêg, limrahipun ingakathah dipun wastani betal makmur utawi alam Guruloka, ingkang mêngkoni ing ngriku pêparabipun Sang Hyang Manikmaya, inggih punika kawontênaning Bathara Guru mênggahing pralambangan wontên ing purwa, Bathara Guru angratoni titah ing ngarcapada, liripun utêg punika angratoni utawi dados guruning badan. Wontên ing ringgit purwa Bathara Guru dipun wujudi gambar tiyang ingkang tanganipun sêkawan ingkang satunggal ambêkta jêmparing sarta ngadêg wontên sanginggiling maesa Andini, punika têgêsipun kirang langkung makatên: Bathara Guru tangan sakawan, inggih punika utêg gadhah plawangan sêkawan: mripat, kuping, irung, lesan, tangan ingkang satunggal ambêkta jêmparing, inggih punika lesan kita sagêda ambêkta pusaka gêgêbêngan ngèlmi ingkang kangge nyampurnakakên pêjah. Angadêg wontên sanginggiling maesa, atêgês manusa punika bêbudènipun sampun ngantos sami kalihan bangsaning kewan sasaminipun, nanging kêdah wontêna sanginggilipun. Maesanipun Andini,

--- 35 ---

andini punika nama èstri, dados manusa manawi jalêr sampun ngantos kados wataking èstri utawi tiyang jalêr kêdah wontên sanginggiling manahipun ingkang èstri (simahipun).

Adêg gêsanging manusa alam triloka sampun kawêngku, manawi sagêd anipisakên janaloka lan endraloka inggih punika rasa-rasaning kadonyan utawi ubaling pôncadriya, ingkang kantun ing ngriku namung guruloka, punika prasasat sampun jumênêng sarira bathara utawi Bathara Guru, inggih punika manusa ingkang sampun ahli budi, punika sampun dados kontêning kajatèn (wênang anggayuh ing kajatèn).

Pêlandhungan, manah, utêg, wontênipun sagêd tumindak sampurna awit kasiram dening tirtamarta, inggih punika toya wahyuning gêsang. Upaminipun rasa lan manah botên karadinan ing tirtamarta, sagêd anjalari ewah utawi onyaning pirantosipun kalih bab wau. Sapunika manawi utêg inggih punika pagêdhonganing budi, botên karadinan ing tirtamarta, sagêd anjalari: ewah, gêndhêng, edan.

Sapunika ngrêmbag dading gêsang kita, ingkang sampun kaupamèkakên ing ngajêng kadosdene ron lan ijêmipun, sampun botên kenging kapisahên,kapisahakên. wosipun gêsang kita inggih gêsanging Pangeran (Gusti Allah) punika amêngkoni Mukhamad lan rasul. Allah Mukhamad lan rasul punika dumunungipun inggih wontên ing kita, kasêbat têlu-têluning atunggal. Allah punika gêsang, Mukhamad cahya utawi pramana, rasul, rasa lan pangrasa.

Mukhamad punika peranganipun wontên tiga, inggih punika: Mukhamad jaba, Mukhamad jêro, lan Mukhamad kadim, dunungipun satunggal-satunggal wontên ing gêsang kita, kados ngandhap punika:

1. Mukhamad jaba, inggih punika balêgêring badan kita.

2. Mukhamad jêro, inggih punika kawontênaning: pangripta, panglocita, [panglo...]

--- 36 ---

[...cita,] panyipta, pangrasa, panggagas, pangangên-angên sapiturutipun.

3. Mukhamad kadim, inggih punika ingkang murugakên sagêd sumêrêp alaming pasupênan.

Rasul punika peranganipun inggih wontên tiga: rasul jaba, rasul jêro lan rasul kadim. Dunungipun satunggal-satunggal wontên ing gêsang kita kados ngandhap punika:

1. Rasul jaba, inggih punika pangraosing badan sakojur, kados ta: gatêl, kêri, risi, sapanunggilanipun.

2. Rasul jêro, inggih punika pangraosing pôncadriya, kados ta ngraosakên: lêgi gurih asin, enak kapenak, bungah susah, lêga cuwa sapiturutipun.

3. Rasul kadim, inggih punika raos wêwayanganing raos kajatèn, pindhanipun kadosdene raosing tilêm ingkang botên supêna, ing ngriku kawontênanipun namung nikmat, manpangat, rahmat. Rasul kadim inggih punika raos wêwayanganing kajatèn lan kajatèn, punika sami gadhah daya. Dayaning kajatèn ingajêng sampun kapratelakakên bilih sagêd amurba wasesa sapiturutipun, dene dayaning rasul kadim sagêd sambêt raos ing pundi-pundi, upaminipun: anak nandhang sakit wontên ing purug, punika manahing tiyang sêpuhipun sagêd karaos sasaminipun. Tiyang manthêngakên pangancas dhatêng bab ingkang dipun raosakên saèstu, ing wusana sagêd katurutan, punika inggih saking dayaning rasul kadim. Tiyang sagêd angirup utawi sagêd anggêndam, punika inggih saking prabawaning rasul kadim. Tiyang manêgês punika raosipun inggih kêdah dumugi rasul kadim, mila kasêbatakên anutupi babahan hawa sasanga, têgêsipun anyêpênakên raos pangraos, sêpêning raos pangraos punika ginêntosan ing rasul kadim. Tiyang [Ti...]

--- 37 ---

[...yang] sagêd gadhah mukjijad utawi kaelokan, mangrêtos ing gaib sagêd layap liyêping aluyut inggih punika paningal ingkang awas, punika sadaya saking dayaning rasul kadim. Rasul kadim wontênipun sagêd gadhah daya jalaran kadayan dening kajatèn, inggih punika Pangeran. Rasul kadim inggih dados sorot, wêwayangan utawi wakilipun Ingkang Maha Sukci Sajati. Dadondados. Mukhamad lan rasul wau sapunika dumugi ing têmbe badhe dhêdhencangan,dhêdhencengan. awit Pangeran makatên gêsang ing kaanan kalih, wontên ing donya gêsang lan wontên ing akerat inggih gêsang.

Perangan Ra. Bab Pêjah

Bab 1. Wontênipun Agêsang Sagêd Pêjah

Jalaranipun ngagesang sagêd pêjah punika saking wadhag utawi raganipun risak. Raga punika wadhahing gêsang, dados manawi raga wau risakipun ngantos kêsangêtên, gêsang utawi sukmanipun sagêd oncat, wontênipun oncat, awit kêmpaling raga lan gêsang punika tinangsulan (kagandhèng) dening napas, raga ingkang risakipun kêsangêtên, punika sagêd anjalari rêndhêt lampahing napas, dangu-dangu napas wau pêdhot, satêmah pêjah. Raga sagêdipun risak punika katarik saking sabab warni-warni, kados ta: kenging paalan kabilaèn, upaminipun dhawah mêmènèk sapiturutipun, kenging sêsakit ingkang sangêt utawi ambêbayani, saking risaking manah ingkang ngantos botên kuwawi nyabili, nganyut tuwuh, mêdhot napas sarana nguntal ambêgan sasaminipun. Raga manawi sampun sêpuh sangêt, raga wau inggih sagêd risak.

Raga risak saking sêpuh punika jalaran saking punapa. Kodradipun tiyang ingkang sampun sêpuh sangêt, punika ingkang tamtu risak raganipun, kados [kado...]

--- 38 ---

[...s] ta: daging atos dados gembyor-gembyor, trêkadhang kêra aking, kulit kisut mripat kirang prêmana, rambut pêthak kuping suda pamirêngan lan napasipun cêkak, wosipun pirantosing raga sadaya saya risak, saya risak raganipun saya rindhik lampahing napas dangu-dangu pêdhot lajêng pêjah. Dene risaking raga wau katarik saking saya sêpuh tansah suda panêdhanipun, môngka têdha wau sarinipun sagêd dados daging, dados manawi tansah suda, raganipun inggih saya kêra. Sapunika sudaning panêdha punika jalaran saking pêpêring pirantos kados ta: wadhuk usus bayu otot. Pêpêring pirantos punika jalaran saking kêsalat utawi alum dening prêbawa ubaling hawa nabsu, manah susah lan budi pikiran kathah, satêmah rah bêntèr otot bayu alum, anjalari kulit kisut suda pamirêngan lan paningalipun, sanajan maliking rambut punika inggih saking ewahing pirantos, nanging lajêng dados wujud pêthak, pêthakipun wau saking kodrad, punika botên sagêd dipun têrangakên, nanging wontênipun sagêd malik punika wontên sababipun dipun wastani iradad. Mila mênggahing kodrad lan iradad salaminipun gandhèng utawi dados têtimbanganipun.

Andumugèkakên rêmbag bab gêsang lan pêjah. Kêkajêngan utawi têtuwuhan punika tanpa napas, kenging punapa sagêd gêsang sarta ingkang kasêbat nginggil wau manawi napas botên wontên lajêng pêjah, sagêdipun pêjah punika manawi kadospundi.

Bangsaning têtuwuhan punika botên gadhah napas kadosdene gêsanging manusa utawi bangsaning kewan, wontênipun sagêd gêsang sabab gadhah pakarti nêdha, inggih têdha wau ingkang dados panggêsanganipun, nanging manawi pirantos ingkang kangge nêdha wau dipun icali, barang wau inggih pêjah. Ing ngriku têtela manawi napas punika sajatosipun botên murugakên gêsang kangge titah sadaya, nanging tumraping manusa lan kewan, napas wau

--- 39 ---

gunanipun kangge ngebahakên tumindaking pirantosipun raga sadaya. Dene barang gêsang ingkang tanpa napas saèstu botên sagêd tumindak punapa-punapa, kados ta botên sagêd nyipta, ngraos sapiturutipun. Napas mênggahing pirantos jam dipun wastani pir.

Wontên malih barang gêsang ingkang tanpa napas tanpa nêdha, kados ta: surya, lintang, rêmbulan, bumi sasaminipun, punika sagêdipun gêsang kadospundi lan sagêdipun pêjah kadospundi. Wontênipun sagêd gêsang, jalaran barang wau kadunungan trimurti (angèngêtana bab 1. perangan Ha). Dene sagêdipun pêjah manawi barang wau sagêd ical utawi sampun botên gadhah daya pakarti, namung sagêdipun benjing punapa lan kadospundi botên wontên ingkang sagêd mangrêtos, punika gumantung wontên kuwaosing Pangeran.

Punapa ingkang kangge titikanipun barang ingkang gêsang lan ingkang pêjah. Titikanipun barang gêsang inggih punika gadhah pakarti (abngal) trêkadhang barang wau wontên ingkang sagêd mindhak utawi ewah agêng lan wujudipun. Dene titikanipun barang ingkang pêjah botên gadhah daya pakarti, dene manawi barang wau gadhah napas, napasipun sampun ical.

Bab 2. Sukmaning Tiyang Pêjah ingkang Tampi Ganjaran utawi ingkang Angsal Ukuming Allah§ minôngka katêrangan ingkang kasêbat wontên ing Sêrat Pandom Praja ing bab sêsakit.

Tiyang punika manawi pêjah sukmanipun oncat saking raga, sukma wau manawi botên sagêd sampurna wangsul dhatêng asalipun, punika dipun wastani sukma kêsasar utawi angsal ukumaning Allah. Kêsasaring sukma punika botên kenging tinamtokakên dhatêng pundi purugipun, wontên ingkang

--- 40 ---

tumimbal lair malih taksih nunggil jinis,§ suwaunipun manusa lajêng dados manusa malih. wontên ingkang ngalam-alam inggih punika manggèn wontên ing alam kaalusan, wontên ingkang manitis dhatêng bangsaning kewan rumangkang, gêgrêmêtan, ibêr-ibêran lan ingkang gêsang wontên ing toya, wontên ingkang manitis dhatêng bangsaning têtuwuhan, wontên ingkang dados bangsaning jin, setan, dhanyang, pêri, prayangan, brêkasakan ingkang sami manggèn wontên ing kajêng, sela, siti, pojokan, kuburan, wontên malih ingkang sirna dipun wastani manjing ing swasana utawi dados êndhêg amun-amun. Dados mênggahing sukma lêpat manawi tinamtokakên tumimbal lair malih, manawi makatên mangke badhe kathah tiyang ingkang anggêgampil gêsangipun, ciptanipun: aku iya tak anglakoni bêcik, nanging yèn mung ala sawatara bae anggêre slamêt rak iya ora dadi ngapa, besuk yèn aku mati ta ora wurung bali lair mênyang donya manèh, donya iku têmêne iya nyênêngake, tôndha nyatane kere kang bangêt kasrakatan uripe, rasa-rasane kang akèh iya êmoh mati, iku tôndha yèn donya angrasanake, mulane prêlu apa aku wêdi mati lan prêlu apa lakuku tak kêncêngi. Wontên sawênèh malih ingkang nyêpèlèkakên bab pêjah§ inggih punika ingkang nyêpênakên pangancas lan pangawruhan. ciptanipun makatên: ya arêpa aku besuk dadi kere, dadi cèlèng, dadi mêmêdi, cêkake dadi apaa bae, yèn wis pêsthine ya kapêksa nglakoni, aku ya gêlêm lan kuwat, tur mêsthine ya isih kadunungan sênêng lan bêgja. Punapa kawontênan utawi panimbang ingkang makatên punika lêrês, mokal manawi sakeca lan botên sakeca, kewan lan manusa sami kemawon.

Sapunika kadospundi ingkang dipun wastani pêjah ingkang tampi paukuman lan pêjah ingkang tampi ganjaran.

--- 41 ---

Pêjah ingkang tampi paukuman inggih punika pêjah ingkang sukmanipun kaplorot drajadipun, upami suwaunipun dados manusa lajêng pêjah tumimbal lair dados kewan, setan, têtuwuhan sasaminipun. Sanajana dados manusa, nanging manusa ingkang papa, sangsara, musakat, rinubung ing mêmala, mêdal jêdhul saking guwa garba sampun ambêkta sêsakit, kados ta: wuta, ciri, cacad. Wontên malih lajêng katingal gadhah sêsakit papasthèn, kados ta: ayan, bisu, edan, gondhok sasaminipun. Tiyang busung, pêjah sêpalih, kataman sêsakit bubrah sasaminipun punika sanès sêsakit papasthèn, tandhanipun sanès sêsakit papasthèn, awit manusa trêkadhang sagêd maluyakakên. Nanging manawi sêsakit papasthèn sampun botên sagêd dipun sarasakên. Sêsakit ingkang sanès papasthèn, punika ingkang kathah minôngka paukuman anggènipun tiyang purun anindakakên piawon ngantos kêsangêtên wontên ing donya ingkang dipun lampahi sapunika, ewadene inggih mêksa kenging katêtêpakên bilih punika gandhèng kalihan paukuman awoning gêsangipun ingkang rumiyin, mila lêrês wontênipun ungêl-ungêlan: yèn wong nglakoni ala iku paukumane ana ing donya lan akerat.

Sapunika ingkang dipun wastani pêjah ingkang tampi ganjaran, punika kawontênanipun sok wangsul kalihan ingkang pêjah tampi paukuman, inggih punika sanajana tumimbal lair, nanging sagêd sakeca prênahing panitisipun, dipun wastani kawontênan darajading gêsangipun minggah, kados ta: gêsanging tiyang mlarat sarêng pêjah sagêd manitis dados tiyang ingkang sagêd sugih, tiyang sudra papa dados luhur, sanajana wontên alam kaalusan inggih sagêd sakeca kawontênanipun makatên sapiturutipun. Mila tiyang gêsang sasagêd-sagêd damêla ngamal kasaenan supados sampun ngantos kaplorot drajading gêsangipun manawi ngantos manitis utawi sagêda manggih

--- 42 ---

kawontênan ingkang sae lan sakeca manawi ngantos wontên ing alam kaalusan, sukur sagêd rampung dumugi kasampurnanipun, awit sasêkeca-sêkecaning wontên ing donya (tumimbal lair) dèrèng paja-paja kalihan sakecanipun gêsang ingkang sagêd sampurna.

Bab 3. Pêjah ingkang Sampurna (Sampurnaning Gêsang)§ sampurnaning gêsang punika tumrap gêsang wontên ing alam akerat, beda kalihan sampurnaning agêsang, punika wontên ing kaprajan utawi gêsang ing alam donya.

Ingkang dipun wastani pêjah sampurna punika pêjah ingkang sukmanipun sagêd manunggil kalihan Pangeran, manawi botên sagêd manunggil punika dipun wastani pêjah sasar. Pêjah punika wontên warni tiga, inggih punika: mati, manitis (tumimbal lair), mulih.

Mati, têgêsipun sirna, liripun badanipun sirna dados lêbu, sukmanipun sirna dados êndhêg amun-amun manjing swasana dados suwung blung.

Manitis tumimbal lair utawi ngalih panggenan, mila bab pêjah ingkang lajêng abadan alus utawi ingkang ngalam-alam punika inggih kalêbêt perangan manitis.

Mulih, punika pêjah ingkang sagêd sampurna utawi mantuk dhatêng asalipun. Gêsang kita punika asal saking gêsanging Pangeran, mantukipun inggih kêdah dhatêng Pangeran, manawi botên sagêd mantuk punika nama kasasar. Kasêbut Gusti Allah punika tanpa arah tanpa ênggèn, mila mantuking gêsang kita inggih botên andadak mawi ngarah utawi nuju ênggèn. Dados sajatosipun wêjangan ingkang kangge kasampurnaning pêjah punika botên kangge ngarah utawi nuju, ananging kangge dêdamêl utawi têngêraning cipta lan raos punapa sampun dumugi punapa dèrèng ing kasampurnanipun, [kasampur...]

--- 43 ---

[...nanipun,] manawi sampun dumugi saèstu rumaos byar wontên ing kasampurnan. Lampahipun dumugi ing kasampurnan punika botên saking anggènipun mêntas nampik lan gadhah pamilih, awit sanajan nampika manawi mêsthinipun kasasar jalaran saking kirang santosaning lampah nalika gêsangipun, saèstu inggih botên sagêd selak. Sapunika sanajana botên milih, nanging manawi rumiyin santosa ing lampah kasêmbuh rahsanipun, sampun angakêni dhatêng gêsangipun ingkang sajati, saèstu katarik dening dayaning kajatèn, lajêng waluya nunggil lan gêsanging Pangeran.

Ingkang dipun wastani manunggil punika kadospundi trap utawi kawontênanipun, punapa nunggil papan, punapa dados abdi karerehan, punapa nyantana, punapa wontên ing swarga nunggil lan Pangeran punapa kadospundi.

Sadaya ingkang kasêbat punika lêpat, lêrês lan trapipun manunggil punika kadosdene warnining bunglon ingkang suwaunipun cêmêng lajêng malih warni dados ijêm, awit kadayan warnining ron-ronan ingkang ijêm, kosokwangsulipun sagêd dados cêmêng jalaran manggèn wontên ing papan cêmêng. Sêmantên ugi gêsang kita manawi ingolah santosa sagêdipun dumugi kajatèn, saèstu kajatènipun gadhah daya ingkang langkung kiyat utawi langkung kandêl kalihan daya sanèsipun, upaminipun daya ingkang murugakên tumimbal lair sasaminipun. Gêsang ingkang sampun kandêl dayaning kajatèn, ing ngriku kajatèn wau lajêng dayanipun amalikakên utawi angicalakên inggih punika sapêcating sukma saking raga lajêng sukma wau sirna byuh icalipun jumênêng jumbuh kalihan dadipun Gusti Kang Maha Sukci Sajati.

--- 44 ---

Perangan Ka. Bab Lampah

Bab 1. Gandhèngipun Ngèlmi lan Lampah

Ngèlmi punika kêdah sarana lampah, awit ngèlmi wau sajatosipun namung dados pangancas utawi pitêdah, sanajana wontên pangancasipun, manawi botên dipun lampahi, pangancas wau tamtu botên sagêd dumugi, mila lêpat manawi tiyang anjagèkakên katarimahing ngèlminipun. Tiyang ngèlmi botên lampah punika gagar-anggagar, dene manawi lampah tanpa ngèlmi punika wigar, manawi tanpa ngèlmi tanpa lampah punika ambalasar namanipun, tiyang ngèlmi tanpa lampah punika sami kemawon kadadosanipun kalihan tiyang ingkang botên gadhah ngèlmi, ngèlmi ingkang dipun angge punika sajatosanipun eman-eman, awit ngèlmi punika angèl pados-padosanipun tur inggih pusaka gêgêbêngan saèstu, pindhanipun kadosdene tiyang gadhah pusaka dhuwung ingkang pêngpêngan, nanging botên sagêd angrawati utawi anggènipun ngopèni sarta salaminipun wontên ing pasimpênan botên nate kaunus tiningalan, dangu-dangu wilahing dhuwung wau rêgêd ngantos kêlèt kalihan warangkanipun, wusana lajêng wontên pôncabaya andhatêngi ingkang kêdah pinrêjaya kalihan dhuwung wau, ingkang môngka dhuwungipun sampun botên kenging dipun unus, makatên wau pôncabaya saèstu anrajang damêl tiwasipun, dados tiyang gadhah dhuwung ingkang kados makatên punika tanpa damêl. Sapunika lampah ingkang tanpa ngèlmi, punika inggih eman-eman ngèlminipun, awit tiwas angèl lampahipun, wusana kawontênanipun kadosdene pêksi branjangan kemawon, liripun sangêt anggènipun muluk kêkêjêr botên wurung wangsul dhatêng panggenanipun malih, inggih punika kawontênanipun tumimbal lair utawi nyakramanggilingan. Tiyang lampah

--- 45 ---

tanpa ngèlmi punika kadosdene tiyang kesah ingkang dèrèng mangrêtos prênahing ancasipun, punika adhakanipun inggih kasasar-sasar utawi wangsul malih, dene tiyang ngèlmi tanpa lampah, punika papan prênahipun ingkang dipun ancas sampun sumêrêp, nanging lajêng mêdal margi ingkang kathah begalan utawi bêbayanipun, punika adhakan kandhêg wontên margi kenging begalan ngantos botên sagêd dumugi ingkang sinêdya. Sapunika tiyang ingkang ngèlmi mawi lampah utawi lampah mawi ngèlmi, punika kadosdene tiyang kesah sampun prêmana ingkang dipun tuju, marginipun inggih sampun mêdal margi ingkang padhang lan wilujêng sadaya prabot-prabot sampun sudhiya, ingkang makatên punika ingkang tamtu sagêd tulus lêstantun dumugi.

Bab 2. Gêgulangan Lampah

Raga kita ingkang wadhag lan alus punika dados wadhah utawi sêngkêraning gêsang, môngka gêsang kita punika gêsanging Pangeran, mila kita punika sajatosipun dados wadhahing Pangeran. Kita gêsang kaprêlambangan wujud wontên ing ringgit purwa sang nata ing Dwarawati, jêjulukipun Sang Prabu Padmanaba, têgêsipun padmana: wadhah, ba: kêmbang, dados pikajêngipun Sang Nata Dwarawati wau minôngka wadhah utawi kanggenan kêmbang Jayakusuma, wrêdinipun kêmbang Jayakusuma panggêsanganipun sadaya titah, inggih punika Gusti Allah. Manawi kita angèngêti bilih raga kita punika madhahi Gusti Allah, saèstu kita botên awrat nucèni raga inggih punika tabêri nindakakên kasaenan. Kita manawi anglampahi awon, sanajan bêbasanipun andhêlik wontên lènging sêmut botên wontên ingkang nyumêrêpi, nanging gêsanging Pangeran ingkang kita wadhahi tamtu anguningani. Kita manawi botên purun anucèni raga, gêsang ingkang winadhahan raga wau saèstu botên sagêd sampurna dados maligining gêsang ingkang sajati [saja...]

--- 46 ---

[...ti] inggih punika Pangeran, awit kaling-kalingan utawi sulap kêndhih dening rêrêgêding raga wau, dene ingkang dipun wastani rêrêgêding raga kados ngandhap punika:

Raga punika wontên peranganipun kalih, inggih punika raga wadhag lan alus.

Raga wadhag punika wontên peranganipun pitu ingkang agêng (prêlu) inggih punika: 1. balung, 2. kulit, 3. daging, 4. gêtih, 5. wulu, 6. utêg (sungsum), 7. toya ingkang sae mèmpêr lisah. Ingkang makatên wau raga kita ingkang wadhag winastan bumi sap pitu. kawontênanipun pitung perangan wau andadosakên warni-warnining pirantos raga, kados ta: kuping, irung, mripat, lesan, tangan, suku lan sanès-sanèsipun, punika sadaya karêsikan utawi pinardia ing lampah, upaminipun kados ngandhap punika:

Kuping, sampun kangge mêmirêngakên rêmbag utawi panyatur awon.

Irung, sampun kangge ngêngisêp awoning sanès.

Mripat, sampun kangge nêningali pandamêl awon utawi ingkang botên pantês.

Lesan, sampun kangge angginêm utawi ngraosi awoning sanès.

Tangan, sampun ngantos kangge mêmêndhêt darbèking sanès tanpa nêmbung utawi nyênyolong.

Suku, sampun ngantos kangge tumindak pandamêl awon, upaminipun kesah mandung, ngabotohan, bandrèk utawi jina sapiturutipun.

Sadaya kasbat nginggil bokmanawi punika wontênipun agami Islam manawi badhe sêmbahyang kêdah mêndhêt toya wudlu rumiyin, dene katingal ingkang [ing...]

--- 47 ---

[...kang] dipun sucèni mawi toya kados ingkang kasbat nginggil.

Sapunika raga ingkang alus ugi kaperang dados pitu, inggih punika: 1. nur, 2. rahsa, 3. roh, 4. napsu, 5. ngakal, 6. budi, 7. gêsang. Pitung perangan punika dipun wastani langit sap pitu, awit langit makatên botên wujud. Dene patrapipun ngrêsiki pitung perangan wau kados ngandhap punika:

Nur, rêsiking nur punika maliginipun dipun wastani nur Mukhamad, nur Mukhamad punika cahya kodrad, warninipun rêsik, gumilang-gilang tanpa wêwayangan. Ingkang ngaling-alingi cahya kodrad inggih punika cahya iradad, cahya iradad punika saking pandamêl kita piyambak, upaminipun makatên: kanêpson kita punika sagêd ngawontênakên cahya abrit, dhahga utawi kamuktèn kita sagêd dados cahya cêmêng, pêpenginan kita sagêd dados cahya jêne, lobaning kautamèn kita sagêd dados cahya pêthak, kararas kita sagêd dados cahya ijêm, makatên sapiturutipun, mangke wontên ing Sêrat Pandom Pralaya badhe katêrusakên, wosipun kita sasagêd-sagêd sampun ngagêngakên kanêpson, kamuktèn, pêpenginan, ulah kasutapan utawi tarak brata lan manggung ulah raras.

Rahsa, inggih rasa utawi pangrasa kita sampun kangge angraosakên ingkang botên prayogi.

Roh, inggih nyawa utawi napas kita, sagêda ingkang tamban utawi sarèh.

Napsu, inggih punika ingkang ngêdalakên hawa, mila lajêng dipun wastani napsu hawa, sasagêd-sagêd napsu hawa kita sampun ngantos kaumbar tumrap ingkang botên prayogi.

Ngakal, têgêsipun karêp, kita sampun ngantos gadhah kêkajêngan ingkang botên prayogi.

--- 48 ---

Budi, inggih punika pikiran, pikir kita sagêda ingkang ênêng, êning, awas, eling.

Gêsang, lampahipun ingkang sabar, narima, têmên, eklas, santosa ngèsthi sawiji (tunggal).

Wasana dumugi samantên kemawon, kirangipun badhe kasambêtan wontên ing sêrat Pandom Pralaya. Awit bakuning sêrat punika ingkang prêlu namung angginêm kawruh sajati.

Tamat.

--- 0 ---

...

--- 0 ---

Sêrat Pandom Pralaya

Inggih punika sêrat pathokan kangge angudi kasampurnan ing dêlahan, supados sampun ngantos malèsèd. Isinipun:

Perangan I bab dad.

1. Anêrangakên dhiri, pribadi, aku, ingsun, lan Maha Sukcèkakên ing dad kita. 2. tiyang ingkang têmên sampun ngrumaosi ing dadipun ingkang agung. 3. lampah kangge nyatakakên dad kita ingkang agung.

Perangan II bab pêjah.

1. Warni-warnining pêpangkataning pêjah, 2. kawruh panêngêran yèn badhe pêjah tumrap ingkang ngudi kasampurnan. 3. kawontênaning sakaratil maot. 4. sampurnaning pêjah. 5. suwarga lan naraka.

Perangan III bab lampah.

1. Tundha-tundhaning lampah. 2. lampah ingkang kangge perangan tiyang taksih nèm ingkang marsudi ing ngèlmi. 3. lampah kangge manawi sampun sêpuh. 4. lampah kangge manawi sampun sêpuh sangêt.

Rêginipun f 0,65 mêdal ing pos tambah f 0,20 kintun arta rumiyin. Sagêd mundhut dhatêng ingkang nyêpêng administrasinipun:

S. Adipêrwata. Cindherêja M.N. Surakarta.