Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Pangawikan Pribadi, Prawira Wiwara, 1932, #1366

Katalog:Pangawikan Pribadi, Prawira Wiwara, 1932, #1366
Sambung:-

Pangawikan Pribadi Wêjangan Suryamataraman

--- 0 ---

Ingkang ngarang Radèn Mas Prawirawiwara, Ngayugyakarta

Cap-capan ingkang kaping sakawan Kawêdalakên dening Panitya Windu Kancana Ngayugyakarta 1932. M.M. Djokja, 289.

--- 1 ---

Pangawikan Pribadi Wêjangan Suryamataraman

Ingkang ngarang Radèn Mas Prawirawiwara, Ngayugyakarta

Cap-capan ingkang kaping sakawan Kawêdalakên dening Panetya Windu Kancana Ngayugyakarta 1932.

--- 2 ---

...

--- 3 ---

Bêbuka

Kawruh ingkang kaandharakên ngriki, punika kula wastani: pangawikan pribadi, sabab pikajênganipun kawruh punika ngawikani pribadi. Sawênèh wontên ingkang mastani kawruh punika: ngèlmi, pitêdah: sajatining gêsang, ingkang makatên punika inggih botên lêpat, jêr kawruh wau inggih ugi ngêwrat kasunyatan-kasunyatan sajatining gêsang, wondene anggènipun mawi katrangan: wêjangan Suryamataraman, amargi asal-asalipun ingkang ambabar pangawikan (kawruh = ngèlmi = wêjangan) punika asma: Suryamataram, sawênèh wontên ingkang rêmên angothak-athik mathuk, asma punika dipun têgêsi: Surya = pêpadhang, Mataram = bawana, dados sagêd ugi dipun [di...]

--- 4 ---

[...pun] sêbut: pêpadhanging bawana. Sarèhning ngèlmi punika amurugakên sirnaning cilaka, ngantos kantun bêgjanipun kemawon, amila lajêng dipun wastani ngèlmi ingkang murugakên bêgja.

Manawi angrêmbag pangawikan pribadi, punika botên pêrlu mawi cocog-cocogan, alitipun kalihan tiyang ingkang ngarang kawruh punika, agêngipun kalihan tiyang ingkang asal-asalipun ambabar pangawikan wau, ananging ingkang langkung pêrlu sangêt, punika cocog-cocogan kalihan piyambakipun pribadi, yèn pêrlu mawi pasaksèn, punika cêkap cocog-cocogan kalihan sadhengah têtiyang kemawon.

Nirtiti.

Ingkang ngarang.

--- 5 ---

Andharan

I. Salumahing bumi sakurêbing langit, ora ana kang pantês diênthu-ênthu digolèki utawa dicêri-cêri ditampik.

II. Manungsa angênthu-ênthu anggolèki utawa anyêri-nyêri nampik:

-Apa kang diênthu-ênthu digolèki, iku yèn katurutan (kalakon) ora marakake bêgja. Ya, mung bungah sadhèlèt, banjur susah.

-Apa kang dicêri-cêri ditampik, iku yèn kalakon, ora marakake cilaka. Ya, mung susah sadhèlèt, banjur bungah.

I. Nalika manungsa duwe karêp, iku duwe panêmu:

-Yèn karêpe iku kalakon, mêsthi bêgja

--- 6 ---

bangêt, utawa duwe pangêrti bungah sajêge.

-Yèn karêpe iku ora kalakon, mêsthi cilaka bangêt, utawa duwe pangêrti susah sajêge.

2. Panêmu kang mangkono mau têtela kliru:

-Wis pirang-pirang karêp kang kalakon, ora bêgja§ gjha-kha-kawaos miring = ja-ka. ora bêgja. Ya, mung bungah sadhèlèt, banjur susah manèh.

-Wis pirang-pirang karêp kang ora kalakon, ora cilakha ora cilaka. Ya, mung susah sadhèlèt, banjur bungah manèh.

-Wis saprana-saprene ora tau utawa ora ana bungah tanpa susah, susah tanpa bungah.

--- 7 ---

III. Bungah lan susah ora bisa ajêg.

I. Bungah, iku jalaran saka karêpe kalakon, ing môngka ugêre karêp mau kalakon (bungah) iku banjur mulur. Yèn karêp mulur iku kalakon, iya banjur mulur manèh, mangkono ing sabanjure mung tansah mulur-mulur bae, nganti katanggrok - apa kang ora ana - la, ora kalakon, banjur susah.

2. Susah, iku jalaran saka karêpe ora kalakon, ing môngka ugêre karêp mau ora kalakon (susah) iku banjur mungkrêt. Yèn karêp mungkrêt iku ora kalakon, iya banjur mungkrêt manèh, mangkono ing sabanjure mung tansah mungkrêt-mungkrêt bae, [ba...]

--- 8 ---

[...e,] nganti katanggrok - apa kang ana - la, kalakon, banjur bungah.

3. Ing salawas-lawase mangkono bae, ugêre karêp iku kalakon (bungah), banjur mulur, nganti katanggrok ora kalakon (susah, banjur mungkrêt, nganti katanggrok kalakon (bungah), banjur mulur manèh. Mulane lêlakoning uwong iku mung gèk bungah gèk susah.

IV. Laire karêp iku ana ing drajat, sêmat, kramat:

1. Drajat. Wiwitane kapengin dadi juru tulis, barêng kalakon, kapengin dadi mantri, barêng kalakon, kapengin dadi wadana, barêng kalakon, kapengin dadi bupati, barêng kalakon, kapengin dadi pangeran, barêng

--- 9 ---

kalakon, kapengin dadi ratu, barêng kalakon, kapengin dadi ratuning ratu, nganti têkan kapengin dadi kang ora ana (la, ora kalakon). Barêng ora kalakon trima dadi ratuning ratu, barêng ora kalakon trima dadi ratu, barêng ora kalakon trima dadi pangeran, barêng ora kalakon trima dadi bupati, barêng ora kalakon trima dadi wadana, barêng ora kalakon trima dadi mantri, barêng ora kalakon trima dadi juru tulis, barêng ora kalakon wêkasane trima dadi apa kang ana, la, kalakon.

2. Sêmat. Wiwitane kapengin duwe pamêtu f 10.- barêng kalakon kapengin duwe pamêtu f 100.- barêng kalakon kapengin [kapengi...]

--- 10 ---

[...n] duwe pamêtu f 1000.- barêng kalakon kapengin duwe pamêtu f 10.000.- barêng kalakon kapengin duwe pamêtu f 100.000.- barêng kalakon kapengin duwe pamêtu f 1.000.000.- nganti têkan kapengin duwe pamêtu kang ora ana (la, ora kalakon), barêng ora kalakon, trima duwe pamêtu f 1.000.000.- barêng ora kalakon trima duwe pamêtu f 100.000.- barêng ora kalakon trima duwe pamêtu 10.000.- barêng ora kalakon trima duwe pamêtu f 1.000.- barêng ora kalakon, trima duwe pamêtu f 100.- barêng ora kalakon, trima duwe pamêtu f 10.- barêng ora kalakon, wêkasane trima duwe pamêtu apa kang ana, la, kalakon.

--- 11 ---

3. Kramat. Wiwitane kapengin kuwasa prakara kang agal-agal lan kang alus-alus, barêng kalakon kapengin kuwasa prakara kang cêdhak-cêdhak lan kang adoh-adoh, barêng kalakon kapengin kuwasa prakara kang biyèn-biyèn lan kang besuk-besuk, barêng kalakon kapengin kuwasa prakara kang ora ana (la, ora kalakon), barêng ora kalakon trima kuwasa prakara kang biyèn-biyèn lan kang besuk-besuk, barêng ora kalakon trima kuwasa prakara kang cêdhak-cêdhak lan kang adoh-adoh, barêng ora kalakon trima kuwasa prakara kang agal-agal lan kang alus-alus, barêng ora kalakon wêkasane trima kuwasa prakara apa kang ana, la, kalakon.

--- 12 ---

V. Isine wong iku mung karêp, kang panggaweane mung mulur lan mungkrêt, iya iku kang marakake lêlakone wong urip mung gèk bungah gèk susah.

1. Wong apa bae: kuli apa ratu, sugih apa mlarad, ala apa bêcik, bodho apa pintêr, wali apa bajingan, iku kabèh padha bae, lêlakone, ya, mung gèk bungah gèk susah.

2. Rasane, bangête, suwene bungah lan susah iku kang padha bae, dene kang dibungahadibungahi. lan disusahi iku kang beda-beda, kaya ta:

-kuli, ugêr buruhane mundhak ya, bungah, yèn suda, ya, susah.

--- 13 ---

-Ratu, ugêr kawibawane mundhak ya, bungah, yèn suda, ya, susah.

-Wong sugih, ugêr sugihe mundhak ya, bungah, yèn suda, ya, susah.

-Wong mlarad. ugêr mlarade mundhak ya, susah, yèn suda, ya, bungah.

-Wong ala, ugêr bisa ngalani, ya, bungah, yèn ora bisa ngalani, ya, susah.

-Wong bêcik, ugêr bisa bêciki, ya, bungah, yèn ora bisa ambêciki, ya, susah.

-Wong bodho, ugêr bodhone mundhak, ya, susah, yèn suda, ya, bungah.

-Wong pintêr, ugêr pintêre mundhak, ya, bungah, yèn suda, ya, susah.

-Wali, ugêr kramate mundhak, ya, bungah, yèn suda, ya, susah.

--- 14 ---

-Bajingan, ugêr bisa nyêbrot (tur ora kacandhak) ya, bungah, yèn ora bisa nyêbrot, ya, susah.

VI. Yèn wikan wong sajagad iku rasaning urip padha bae, banjur luwar saka naraka loro: mèri lan pambêgan:

1. Mèri lan pambêgan, iku kang marakake wong padha ngaya-aya jêngkêlitan (cilaka).

2. Mèri, iku duwe rumôngsa kalah - kalah mulya - karo sapadhane. Pambêgan - iku kudu duwe rumôngsa mênang - mênang mulya - karo sapadhane. Mèri lan pambêgan iku pangucape: ayo, golèk drajat, golèk sêmat, golèk kramat, supaya kaya kae, aja nganti kaya kae. Iya iku duwe pangêrti êmoh kalah lan arêp [a...]

--- 15 ---

[...rêp] mênang karo sapadhane, direwangi ngaya-aya jêngkêlitan.

3. Yèn mèri lan pambêgan iku sirna, jalaran wikan wong sajagad iku padha bae, banjur manjing ing swarga: têntrêm. Sanadyan golèka drajat, sêmat, kramat iya têntrêm (sakarêpe dhewe), ora kanthi mèri lan pambêgan karo sapadhane.

VII. karêp iku panggaweane mung mulur lan mungkrêt, kang marakake lêlakone wong urip mung gèk bungah gèk susah, ing môngka karêp iku ora kêna ing rusak (langgêng):

1. Karêp iku asal, ora ana asale kang digawe, ananging digawe asal - iya iku asaling urip - tanpa wiwitan tanpa wêkasan:

--- 16 ---

-Nalikane ana wêtêngane biyung, ana karêp lair.

-Nalikane dadi rahsa, ana karêp anukulake saranduning badan.

-Nalikane ana bapa biyung, ana karêp sacumbana.

-Nalikane mati, iya ana karêp, dene kang dikarêpake manèh, upamane salin rupa, apa ngalih ênggon, utawa bali asale (iya iku karêp), iku ora kawêruhan. Dene anggone ora kawêruhan, iku padha karo kang dikarêpake mêngko, sesuk, êmbèn lan satêruse, ing sadurung lan sawise ana awang-uwung, ana karêp.

VII.Yèn wikan karêp iku langgêng tanpa

--- 17 ---

wiwitan tanpa wêkasan, ing môngka panggaweane mung mulur lan mungkrêt, kang marakake lêlakone wong urip mung gèk bungah gèk susah, iku banjur luwar saka naraka loro manèh, i tahirku: gêtun lan sumêlang:

1. Gêtun marang lêlakon kang wis, sumêlang marang lêlakon kang durung, iya iku kang marakake ngênês-ênêsi (cilaka).

2. Gêtun, iku pangucape: biyèn-biyèn ngonoa, aku ora cilaka ngene. Sumêlang, iku pangucape: gèk besuk kapriye, yèn manggung mangkenea bae. Yèn gêtun lan sumêlang iku tuwuh, banjur dipapras bae: biyèn biyèn lan besuk besuk, ya, mung gèk bungah gèk susah, ora ana lêlakon liyane gèk bungah gèk susah.

--- 18 ---

3. Yèn gêtun lan sumêlang iku sirna, jalaran wikan lêlakoning urip iku langgêng, biyèn, saiki, besuk, ya, mung gèk bungah gèk susah, ora ana prihatin, manjing ing swarga: tatag, utawa apa-apa, ya, wani bae.

-Urip kapan?

Biyèn biyèn, apa saiki, utawa besuk besuk, ya, wani bae.

-Urip ing ngêndi?

Ana ing nagara Lônda, apa ing nagara Cina, ana ing jêron jagad, apa ing jaban jagad, ya, wani bae.

-Urip kaya apa?

Dadi kuli apa dadi ratu, dadi wong sugih apa [a...]

--- 19 ---

[...pa] dadi wong mlarad, dadi wali apa dadi bajingan, ya, wani bae.

-Kabèh-kabèh iku, ya, mung gèk bungah gèk susah.

IX. Yèn wikan urip iku mung gèk bungah gèk susah, ing môngka gèk bungah gèk susah iku langgêng, banjur wikan urip iku ora ana kang nguwatiri, ananging iya ora ana kang menginake:

1. Wose kang nguwatiri iku susah (ya, kuwat), wirang (ya, kuwat), lara (ya, kuwat), mati (ya kuwat), bangêt-bangête susah bisa edan (ing môngka edan, ya kuwat) bangêt-bangête wirang bisa nglalu (ing môngka nglalu, ya, kuwat), bangêt-bangête lara bisa mati (ing môngka mati,

--- 20 ---

ya, kuwat) kapan? - ngêndi? - kaya apa? susah (nganti dadi edan), wirang, (nganti dadi nglalu), lara (nganti dadi mati), kang ora kuwat? yèn ora kuwata, iku mêsthi ora ana wong: susah - edan - wirang - nglalu - lara - mati. Kuwatir iku sirna, jalaran apa-apa, ya, kuwat.

2. Wose kang menginake iku bungah, ing môngka bungah iku mêsthi kalakon. Biyèn biyèn, saiki saiki, besuk besuk, ing ngêndi-êndi lan kaya apa-apa bae, ya, mêsthi kalakon bungah.

X. Yèn wikan kabèh mau, manawa ana karêp, banjur ditakoni dhewe: lo, karêp, apa kowe wis wikan mêsthi kalakon? wangsulane karêp mêsthi: durung wikan.

--- 21 ---

Iku banjur dituturi: aku kang wikan, kowe (karêp) yèn kalakon (bungah), banjur mulur, yèn ora kalakon (susah) banjur mungkrêt. Wis, apa-apa ya kêna, ora nguwatiri. Karêp iku banjur diculake bae, cul!:

1. Yèn tabêri nuturi karêp kaya mangkono mau, banjur tuwuh kang nyawang (kang anon = kang wikan), tuwuhe saka rasa, rasa ana: aku.

2. Aku, iku asal, asaling rasa ana - ora kêna ing rusak (langgêng), tanpa wiwitan tanpa wêkasan, panggaweane mung nyawang karêp, ajêg mung sênêng: nyawang awake dhewe susah, ya, sênêng, nyawang awake dhewe bungah, [bu...]

--- 22 ---

[...ngah,] ya, sênêng. Paribasane: aku duwe ingon-ingon karêp, padha ora kêna ing rusak (langgêng), padha tanpa wiwitan tanpa wêkasan, ajêg mung sênêng, iya iku bêgja langgêng.

--- 23 ---

Katrangan

Andharan sadasa pada ingkang kasbut ngajêng, punika ringkêsanipun namung wontên pitung bab:

1. Kang jênêng uwong: karêp.

2. Panggawene karêp: bungah, susah.

3. Sabên uwong: padha.

4. Luwar saka naraka: mèri lan pambêgan, manjing swarga: têntrêm.

5. Langgênging karêp.

6. Luwar saka naraka: gêtun lan sumêlang, manjing swarga: tatag.

7. Aku: kang nyawang karêp.

--- 24 ---

Wêkasan

(Angsal-angsalipun ingkang ngarang)

Pangawikan pribadi, punika kawruh nyata, inggih nyata wontên kula piyambak, dene kawruh jare-jarene, dede kawruh dugi-dugi, dede kawruh patut-patutipun kemawon.

Pangawikan pribadi, punika watêkipun: wêning, kula ingkang suwau botên rumaos, lajêng rumaos: byar, padhang tarawangan, sapunika kula wêling dhatêng kula piyambak, inggih dhatêng sasami kula têtiyang gêsang, lan malih dhatêng sawarni-warnining dumadi sadaya.

Samôngsa pangawikan pribadi, punika kula enggak-enggokakên dumunung anuruti kula piyambak, inggih anuruti karêp, punika [puni...]

--- 25 ---

[...ka] sanalika watêkipun wêning wau sirna, bêbasanipun: kuwalat, lajêng ambalik grembyang. Kula ingkang suwau rumaos lajêng botên rumaos: pêt, pêtêng dhêdhêt alimêngan, dumunung ing samar-samar: dhatêng kula piyambak, inggih dhatêng sasami kula têtiyang gêsang, lan malih dhatêng sawarnining dumadi sadaya, saanggêp-anggêp kula kuwolak-kuwalik kemawon: kiwa kaanggêp têngên = têngên kaanggêp kiwa, padhang kaanggêp pêtêng = pêtêng kaanggêp padhang lan sapanunggilanipun.

Manawi pangawikan pribadi wau, jêjêg ajêg, dumunung ngawikani kula piyambak, inggih ngawikani karêp, punika watêkipun wêning saya ngrêda saya ngrêda, saya nandhês saya nandhês ngantos kandhas dumugi rumaos: kula punika sami kalihan [kaliha...]

--- 26 ---

[...n] dasa (nul). Ing ngriku kula ugi rumaos: rila, ingkang kula rilakakên inggih kula piyambak, kula sampun sêpên ing pangarêp-arêp, inggih sêpên ing karêp, kajawi kantun kêkêtêk ingkang dumunung anut umbak umbuling agêsang, mardika. Inggih sami sanalika ngriku tuwuhing nugraha: sih pribadi.

Sih pribadi, têgêsipun: sih tuwuh piyambak saking wêning botên sarana kaôngka-ôngka, inggih sih ingkang tanpa têtimbangan, utawi sajati-jatining sih, punapadene malih sih mardika, sih luhur, sih suci lan sapanunggilanipun, mangêrtosipun: dede sih ingkang kadadosan saking karêp: cocog (karêp: yèn cocog inggih sih, yèn botên cocog inggih botên sih)

--- 27 ---

dede sih ingkang anggadhahi karêp (pamrih) lan sapanunggilanipun sih apus-apusan. Sih pribadi, punika watêkipun: sarwa raras sarwa sênêng, kula ingkang suwau botên rumaos lajêng rumaos: sampurna, sarêng kalihan ros sêgêr, sumrah, rumêsêp ing balung sungsum, sumarambah ing saranduning badan sadaya. Dhêdhasar kula wêning kawêwahan sampurna, kula rumaos: sarwa sênêng, dhatêng kula piyambak ingkang sarwa raras, inggih dhatêng sasami sami kula têtiyang gêsang ingkang sarwa raras, lan malih dhatêng sawarni-warnining dumadi sadaya ingkang sarwa raras, ingkang gumêlar ing salumahing bumi sakurêbing langit ingkang sarwa raras, ing sapapan-papan ing samôngsa-môngsa kaèbêkan sarwa raras [ra...]

--- 28 ---

[...ras] sarwa sênêng. Sih pribadi, punika têtuwuhaning kang kawasa pribadi.

Ing wusana kula rumaos: sami (plêk) kalihan sadhengah têtiyang kemawon. Angsal-angsal kula, inggih angsal-angsalipun sadhengah têtiyang kemawon.

Tamat

--- 29 ---

Wêjangan Suryamataraman

Winêdhar dados tigang buku, inggih punika:

1. Pitadahpitêdah. sêjatining gêsang, langgitanipunanggitanipun. Mas Sudi, Ngayugyakarta, gancaran, sawangan saking jawi.

2. Pangawikan pribadi, angghitanipun Radèn Mas Prawirawiwara, Ngayugyakarta, gancaran, sawangan saking nglêbêt.

3. Uran-uran bêgja, anggitanipun Radèn Mas Suryamataram, Ngringin Salatiga, mawi têmbang macapat, langkung têrang tumrap ingkang baku rêmên têmbang.

Buku têtiga punika suraosipun satunggal, sawangan saha ikêtinipunikêtanipun. warni tiga. Makatên wau anjalari prayoginipun. Barang satunggal sinawang lan pinadhangan [pinadhanga...]

--- 30 ---

[...n] saking pundi-pundi, katingal saya mêlok, saya mêncorong, botên badhe sagêd kalintu. Kosokwangsulipun, manawi namung sawêg maos salah satunggal, têmtu dèrèng sagêd gambêlang babarpisan. Utaminipun malih manawi sagêd, kajawi nyinau buku têtiga wau, têksih kêdah mirêngakên piyambak wêjangan wau.

Pangaosipun satunggal buku f 0,20, kajawi wragadipun pangintun, manawi tumbas tiga pisan (satêlon) sagêd angsal namung klayan pangaos f 0.50. Manawi tumbasipun kathah sagêd angsal sudan, ngantos 25%.

Panumbasipun dhatêng pangêcapan Mardimulya, ing Ngayugyakarta.