Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Piwulang Teyosopi, Arjasaputra, 1921, #1636 (Jilid 1)

Katalog:Piwulang Teyosopi, Arjasaputra, 1921, #1636
Sambung:
1.Piwulang Teyosopi, Arjasaputra, 1921, #1636 (Jilid 1). Agama dan Kepercayaan | Kebatinan dan Mistik #903.
2.Piwulang Teyosopi, Arjasaputra, 1921, #1636 (Jilid 2). Agama dan Kepercayaan | Kebatinan dan Mistik #904.

--- 1 : 0 ---

Piwulang Teyosopi

Anggitanipun Tuwan C.W. Lèbètêr, ingkang Cêkak sarta Aos

Jilid 1

Tinêmbungakên Jawi dening Presidhèn Losê Wanagiri

Kaêcap ing pangêcapanipun Sidyanho èn Son ing Surakarta 1921

--- 1 : 1 ---

Piwulang Tiyosopi ingkang Cêkak sarta Aos

Anggitanipun Tuwan C.W. Lèbètêr

Jilid ôngka 1

Sangking têmbung Walandi tinêmbungakên Jawi dening Bêstiring Losè ing Wanagiri

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan Sidyanho Sêtumdrikêri ing Surakarta

Boekoe Tijosopi Tjitak (1)

--- 1 : 2 ---

Bêbuka

Ingkang nêmbungakên Jawi sêrat punika nyuwun gunging pangaksama dhatêng para maos tumrap anggèn kula nêmpuh byat agahan nyara jawèkakên sêrat têmbung Wlandi wah babagan kasuksman.

Tuwuhing kapurunan kula wau botên sabab sangking angrumaosi sagêd têmbung Wlandi sarta angêrtos kawruh kasuksman ananging labêt sangking sêruning pangajêng-ajêng murih kawruh teyosopi tumuntên sagêd sumêbar ing Tanah Jawi punapadene sabab sangking pandêdêlipuspandêdêlipun. para sadhèrèk bôngsa Jawi ingkang botên gadhah paitan têmbung Wlandi ananging kêpingin angudi kawruh wau, mila panyuwun kula dhatêng para maos mugi-mugi sampun kirang pamêngku.

Bêstiring Losê Wanagiri.

--- 1 : 3 ---

Bab 1

Tigang dasa taun sadèrèngipun taun 1912 Tuwan M.A.P. Sinnett angarang sêrat nami "De Occulte Wereld" inggih punika satunggaling sêrat ingkang wiwitan piyambak anggêlarakên bab teyosopi, ing dalêm sêrat wau panjênênganipun amêdharakên pangandika makatên: wontên satunggaling pamulangan bab sadarsana ingkang siningkur dening kamajêngan enggal.

Kala jaman samantên kathah tiyang ingkang angudi kawruh ing pamulangan ngriku, ewasamantên kawruh wau dèrèng sagêd sumêbar ing akathah, punapa malih tumrap têgêsipun teyosopi samangke sampun wontên sêrat kêkalih ingkang suka katrangan bab wau inggih punika sêrat Esot crisch Boeddhisme sarta oude wijsheid ananging mêksa taksih kathah tiyang ingkang tidha-tidha panampinipun tumrap jarwanipun têmbung teyosopi.

Anggèn kula ngarang sêrat punika, botên pisan-pisan gadhah sêdya badhe angrèmèhakên dhatêng lêrês saha prayogining sêrat-sêrat wau, ananging sumêdya andamêl katrangan ingkang cêkak ananging aos supados kenginga minôngka dados katêranganipun sêrat-sêrat ingkang kasêbat ing nginggil.

Kita sêring anggêlarakên manawi teyosopi punika botên amung [a...]

--- 1 : 4 ---

[...mung] agami kimawon ananging ugi kasunyatan ingkang dados têtalêsing agami, ananging manawi kita raosakên ingkang sayêktos têtela bilih teyosopi punika satunggaling sadarsana, agami sarta kawruh (ngèlmu) mênggah katranganipun makatên: pramila teyosopi winastan sadarsana awit teyosopi anêrangakên bab kamajênganing jiwa sarta sagunging badan-badan utawi sakathahing kawujudan ing dalêm cakrawala kita punika, pramila teyosopi winastan agami amargi sagêd suka pitêdah dhatêng margi utami, sarta sagêd suka pitêdah ingkang langkung cêkak sagêdipun kalampahan dumugi ing kautamèn, pramila teyosopi winastan kawruh (ngèlmu) sabab sagêd suka pitêdah bilih panggarapipun kalih bab ingkang sampun kajarwa ing ngajêng wau botên asarana kapitadosan dhatêng agami, ananging asarana anyinau kawruh sarta anitipariksa, langkung malih teyosopi suka pitêdah bilih kita sampun ngantos tumindak mutatuli ananging kêdah tumindak alêlandhêsan kasunyatan awit salêbêting manusa wontên panguwaos ingkang ginaib, manawi kita sagêd anggigah panguwaos ingkang ginaib wau, kita sagêd wuninga gaib sarta sagêd anitipariksa piyambak, langkung malih teyosopi sagêd suka sasêrêpan [sasêrêpa...]

--- 1 : 5 ---

[...n] ingkang dados sarananipun anggigah panguwaos wau.

Kawruh teyosopi punika pinangkanipun sangking satunggiling sujana ingkang sampun sagêd anggigah panguwaos ginaib, amargi pinangkaning piwulangipun ingkang kagêlarakên punika botên sangking anon tiron ananging sangking anggèning anyipati piyambak labêt sangking sagêd anggigah panguwaos ginaib, teyosopi punika ugi sadarsana ingkang sagêd anêrangakên ing kita bilih cakrawala kita punika satunggiling masin ingkang tinata sampat pèni sarta sampurna, inggih gêlaraning suksma linuhung (tajalining Pangeran) dene kita manungsa amung cuwilanipun, kajawi sangking punika teyosopi anêrangakên kalihan titi tumrap cêcuwilan wau sambêtipun kalihan kita, gigah punika kawontênanipun sapunika, duk kinanipun sarta kadipundi badhenipun ing têmbe.

Mirit katrangan ingkang awêwaton sangking alusing pandulu, teyosopi sagêd anggancarakên punapa ingkang winastan manungsa punika, manawi miturut pamanggihing akathah, tiyang punika gadhah jiwa, sarèhning teyosopi anyatakakên sarta anitipariksa piyambak sarana alusing pandulu mila pamanggihipun kosok wangsul, sanès manungsa punika gadhah jiwa ananging satunggiling jiwa ingkang

--- 1 : 6 ---

gadhah badan rupi-rupi ingkang minôngka pirantos utawi têtumpakanipun wontên sarupining alam, dene alam punika botên apêpisahan satunggal lan satunggalipun tanpa êlêt-êlêt utawi botên dumunung wontên ing awang-awang ananging wontên ing ngriki, wontên ing padunungan kita sapunika sarta kenging kanyatakakên, alam wau satunggaling pêperanganipun kodrat jasmani (Stoffelijke zijde der natuur). Bedanipun satunggal-tunggaling alam wau amung saking alus sarta wadhaging jasat (Verschillende graden van dichtheid in de aggregadie van stof), bab punika ing wingking badhe katêrangakên.

Manungsa punika sayêktosipun botên amung gêsang wontên ing donya punika kemawon, ananging ugi wontên ing alam sanèsipun malih, amung kimawon limrahipun botên angrumaosi bilih sagêd gêsang ing alam sanès kajawi ing alam donya, sanadyan wontên pasaksènipun inggih punika duk kita supêna sarta luyut sanadyan pangungaking alam sanès amung sakêclapan, mênggah ingkang limrahipun winastan pêjah punika yêktosipun amung anyèlèhakên têtumpakan utawi pirantos ingkang kangge wontên ing alam jasmani, ananging jiwa utawi manungsanipun sajati ingkang gêsang wontên ing kaswargan botên magêpokan punapa-punapa

--- 1 : 7 ---

rumaosipun botên beda manawi kita ambucal sinjang utawi rasukan ingkang sampun lungsêd, ingkang kajarwa ing nginggil punika sanès ngayawara utawi tuwuh saking pangintên-intên ananging satunggaling kasunyatan ingkang pinanggihipun saking alusing pandulu (sidik), kajawi saking punika teyosopi ugi anêrangakên bab babading kamanungsan ing jaman kina, sarta anêrangakên kadospundi mênggah kawontênanipun manungsa ing salêbêting kamajêngan ngantos dumugi sapunika, katêrangan wau pinangkanipun saking anitipariksa piyambak asarana alusing pandulu, ing dalêm parimboning bawana (lohmahpul) ingkang sêratanipun botên sagêd sirna ing salami-laminipun, sadaya kadadosan kacêtha wontên ing ngriku, sabab ingkang makatên wau para sidik paningalipun sagêd mirsa sagunging kadadosan kadidene ingkang kalampahan ing samangke punika.

Labêt pathokanipun anggèn kita anitipariksa sadaya kakadosan ingkang sampun kapêngkêr makatên têmahan kita lajêng mangêrtos bilih manungsa punika aslinipun saking Allah, sarta sampun dangu wiwit kina-makina anggèning tansah angambah alam donya, punapadene jiwa sarta raganipun tansah sagêd majêng, kajawi saking punika ugi kita sagêd antuk sasêrêpan bilih gêsanging jiwa punika mawa watêsan, [watê...]

--- 1 : 8 ---

[...san,] têgêsipun botên tansah wongsal-wangsul kimawon, ananging labêt saking sêringipun ngantos sajakipun tanpa wangênan, dene ingkang limrahipun kita wastani gêsang wontên ing donya punika tumraping jiwa amung sadintên, jiwa punika sampun pintên-pintên dintên anggèning gêsang wontên ing donya, sarta salajêngipun ugi badhe gêsang pintên-pintên dintên malih.

Mênawi kita badhe mangêrtos sajatining gêsang sarta punapa têgêsipun kita kêdah angèngêti dhatêng pintên-pintên panggêsangan sarta pintên-pintên panggêsangan ingkang badhe kalampahan, dados botên cêkap amung sapagêngan kimawon inggih punika wiwit lair dumugi tilar donya, piwulang ingkang anyariyosakên kawontênaning gêsang ing têmbe punika kathah rêroncènipun, mila kita kêdah anyinau kadospundi mênggah kawontênaning pagêsangan-pagêsangan ingkang dèrèng kalampahan, murih sagêd mangêrtos bab punika prayogi amaosa pitêdahing para linangkung ingkang sampun langkung kasampurnanipun tinimbang kita, ingkang sampun lumampah ing margi utami, sarta sampun sagêd anyipati piyambak sarana alusing pandulu, sarta awêwaton margi ingkang kasatmata inggih punika margi ingkang sampun linangkungan dening para linangkung, sanadyan taksih têbih sangêt sawêg katingal [ka...]

--- 1 : 9 ---

[...tingal] lamat-lamat ewadene kita sampun sagêd andulu pungkasaning manungsa sajati anggèning lair marambah-rambah wontên ing donya, mênggah saking pamawang kita sanadyan sampun sagêd andungkap ing pungkasaning lair marambah-rambah, ewasamantên manungsa taksih kenging anglajêngakên ajêngipun malih sakanggêr sampun amirantos.

Mênggah pigunaning teyosopi ingkang agêng inggih punika sagêd asung pêpajar, têmahan kita sagêd anjawab sagunging pitakenan ingkang angèl-angèl, sarta sagêd suka katrangan tumrap kawruh ingkang rêmpit sarta andhêlik, punapadene sagêd anêdahakên adiling Pangeran ing dalêm pintên-pintên kawontênan ingkang sajakipun bilih sinawang dening tiyang ingkang dèrèng mangêrtos katingal botên adil, gunggunganipun kimawon teyosopi kenging binasakakên sagêd angêjum kawontênan ing donya ingkang botên turut punika.

Sanadyan pangaranging kawruh teyosopi punika awêwaton aniti pariksa kakiyatan ingkang taksih ginaib tumrapipun tiyang limrah, ewadene prayogi kaanggêpa kadidene satugilingsatunggiling. upami rumiyin, manawi sampun angangge katrangan sangking teyosopi ing ngriku badhe sagêd amanggih pasaksèn ingkang nyata, amargi amung teyosopi ingkang sagêd suka katrangan sagunging

--- 1 : 10 ---

kawontênan sarta lampahing manungsa ing dalêm donya.

Kawruh tumrap wontênipun manungsa ingkang sampun sampurna, sarta kadospundi rekadayanipun murih sagêd sumungkêm ing padanipun sarta tampi piwulang punika teyosopi ingkang sagêd amanggihakên sarta anggiyarakên wontên tanah kilenan.

Kajawi saking punika teyosopi sagêd anêrangakên bilih kawontênan ing alam donya dalasan tiyangipun punika botên tumuju dhatêng kawontênan ingkang dahuru botên kantên-kantênan (anarchie) kimawon ananging sajatosipun kamajênganipun tinata sarta tinuntun dening aras kursining Pangeran (Hierarchie) inggih punika satunggaling pamarentah ingkang adil sarta sampurna, sabab ingkang makatên wau mila andupara bilih titahing Pangeran ngantos botên kadumugèn ingkang ginayuh, manawi kita sampun wuninga utawi mangêrtos tumrap kawontênaning pamarentah aras kursi ingkang sampurna wau, sampun tamtu manungsa lajêng katuwuhan cipta sumêja sumungkêm sarta ngabêkti ing padanipun, punapadene sanadyan kêdah anoraga ingkang kados punapa ewadene botên sagêd andamêl gingsiring sumungkêmipun, nêdya pasrah jiwa raga sabaya pêjah, andamêl santosaning pamarentah ingkang sampurna wau supados ing têmbe sagêda katampi ginolongakên [gi...]

--- 1 : 11 ---

[...nolongakên] dados nayakaning Pangeran, sabab ingkang makatên wau mila teyosopi ugi kagolongakên babaganing agami, mila botên anggumunakên manawi tiyang sampun mangêrtos sarta sampun lêbda panampinipun tumrap pitêdah ingkang sampun kajarwa ing ngajêng lajêng santosa tekadipun sumêdya andêdêr lampahipun botên purun urut margining kamajêngan mêdal margi lair marambah-rambah, awit katêbihên sarta kadangon, mila lajêng nêmpuh byat urut margi ingkang sungil sarta andêdêr murih tumuntên dumugi panggenan ingkang sinêdya (wujudipun lajêng sami mêdal margi utami anglampahi piwulangipun Sang Krêsnamurti ingkang sampun kajarwa ing dalêm sêrat: Panguswapadaning Sang Guru Dewa) sayêktosipun sadaya punika botên sagêd oncat saking sasanggêman ingkang sampun tinamtu, upaminipun satunggaling tiyang ingkang ngrêmbat awrat minggah ing rêdi, wontên ingkang urut margi simpangan ingkang angèl sarta andêdêr nanging cêlak, wontên ingkang mêdal margi ingkang gampil ananging têbih, ananging sanadyan mêdala margi ingkang sakeca utawi botên sakeca ewasamantên sêsanggêman wau kêdah karampungakên, têgêsipun babêktan wau kêdah karêmbat dumugi ing puncaking rêdi, sanadyan sapintên awratipun ewasamantên tiyang ingkang sampun anyobi angrêmbat mêdal [mêda...]

--- 1 : 12 ---

[...l] margi ingkang andêdêr sagêd cariyos bilih kinging linampahan, awit tôndha yêktinipun sampun sagêd kalêksanan, sarta piyambakipun sami angrumaosi bêgja sangêt labêt andêdêr rêdi têmahan tumuntên dumugi ing pucak.

Watêsipun badan-badaning manungsa utawi sagunging têtumpakan saya dangu saya wiyar, dene para linangkung ingkang sampun antuk kamardikan inggih punika sampun uwal saking bêbandan badhe sagêd dados juru amitulungi ajênging umating Pangeran.

Sababipun teyosopi kenging kaewokakên agami, aamargiamargi. teyosopi sagêd asung piwulang bab anggêr-anggêring gêsang ingkang mêdal saking nalar amargi anyatakakên kawontênanipun, ananging botên awêwaton sêrat utawi anggêr kina cariyos ingkang sampun timbal-tumimbal, anggèning teyosopi anuntun dhatêng para ingkang angudi anggêr-anggêring gêsang trapipun kadidene tiyang angudi kasarasaning badan ingkang awêwaton kawruh kadhoktêran, ananging botên miturut saringating agami, gunggunganipun kimawon punapa ingkang sampun kajarwa ing ngajêng salaras kalihan karsaning Pangeran (kalihan iradatollah) awit iradatollah wau wujud gumêlaring dalêm kodratullah (anggêr-anggêring kodrat)

--- 1 : 13 ---

sarta kasat mata, awit iradatullah wau anata samukawis ingkang gumêlar awêwaton kawruh ingkang sampurna, amila sintên ingkang anêrak anggêr-anggêr wau kenging tinêmbungakên nêrak iradatullah, inggih punika andamêl rêndhêting kamajênganipun piyambak, sarta anjalari papa cintraka ingkang dhumawah dhatêng dhiri pribadi utawi tiyang sanès, sabab ingkang makatên wau mila para sarjana sirik anêrak anggêr-anggêr ananging botên sabab saking ajrih dhatêng babênduning Pangeran ingkang dipun canthulani.

Mênggah sajatosipun teyosopi botên kenging manawi maligi amung kaewokakên agami, awit agami kalayan teyosopi punika wontên bedanipun, wujudipun para liding teyosopi botên kawajibakên pitados dhatêng punapa kimawon sadèrèngipun sumêrap nyata, lakar teyosopi botên angupaya kapitadosan kadidene limrahipun tiyang ingkang sami anglampahi satunggaling agami pitados dhatêng barang anèh ingkang kocap ing dalêm agami wau, para olah ngèlmi gaib pangudinipun ngantos antuk kasunyatan sajati, manawi dèrèng sagêd anyatakakên piyambak dèrèng purun amastani lêrês utawi lêpatipun satunggaling piwulang, sampun tamtu kimawon para ingkang amurwani angudi [angu...]

--- 1 : 14 ---

[...di] kawruh teyosopi dèrèng sagêd dumugi ing kasunyatan (dèrèng sagêd nyatakakên) sabab ingkang makatên wau mila amung kapurih maos utawi anyalêsihakên sasêrêpan bab rupi-rupi salajêngipun sadaya pamanggihipun sadèrèngipun kanyatakakên kaanggêpa satêngah lêrês, ananging lajêng angangkah anyatakakên kasunyatanipun, kajawi punika teyosopi botên gadhah pangangkah supados tiyang lumêbêta dados warga teyosopi, sarta angrumaosi bilih teyosopi punika satunggaling kawruh ingkang lêrês, sanadyan tiyang anglampahi agami punapa kimawon tiyang botên anampik, kosok wangsulipun tiyang sagêd dados sêsuluhing satunggal-tunggaling agaminipun piyambak-piyambak wau saya santosa ing dalêm agaminipun awit antuk katêrangan ingkang langkung sampurna, sarta angsal pamanggih ingkang salami-laminipun dèrèng kawuningan, kalamôngsa teyosopi sagêd suka pajar dhatêng tiyang ingkang kapêtêngan ing dalêm agaminipun sarta asung pamrayogi supados tiyang anglampahana ibadah sarta anêtêpana parentahing agaminipun, botên angêmungakên teyosopi sagêd dados jalaraning tiyang sumungkêm anggènipun anglampahi pitêdah ing agaminipun, ananging ugi sagêd angenggokakên [angenggoka...]

--- 1 : 15 ---

[...kên] tiyang ingkang sampun badhe murtat labêt saking botên mangêrtos dhatêng wêwarahing agaminipun têmahan dados kosokwangsul awit pinajaran dening teyosopi, inggih punika anêrangakên raosing anaminipunagaminipun. asarana katêrangakên ingkang cêtha sarta pinanggih ing akal.

Teyosopi punika ugi kinging kaewokakên ngèlmu, awit sajatosipun teyosopi punika satunggaling kawruh bab gêsang utawi kawruh bab jiwa ingkang sampurna panitinipun, pangupayaning sadaya kawruh asarana anandukakên rekadaya ingkang adhêdhasar kasunyatan, salajêngipun manawi sampun pinanggih, lajêng katandhing sarta kacocokakên, asarana lampah ingkang makatên teyosopi sagêd aniti pariksa satunggal-tunggaling alam sarta angên-angên utawi raosing tiyang duk taksih gêsang tuwin sasampuning tilar donya, sanadyan sampun wongsal-wangsul katêrangakên ewasamantên botên wontên awonipun manawi katêrangna malih bilih sadaya kawruh ingkang winêdalakên dening teyosopi punika sanès kawruh ingkang amung sangking pandamêling kintên-kintên, ananging sarana kanyatakakên wujud sarta nyatanipun punapadene panggarapipun salêsih, para linuhung ingkang angadani bab punika sok asring

--- 1 : 16 ---

kaparêng anitipariksa kawruh lair kadi ingkang kajarwa ing dalêm sêrat: bab kawruh pamisah gaib (occulte scheikunde) (karanganipun paduka Nonyah Ani Besan sarta paduka Tuwan C.W. Lèbètêr, mawi rinêngga ing gambar-gambar, sêrat wau taksih têmbung Wlandi dèrèng kacarajawèkakên).

Sarèhning sampun têtela bilih teyosopi adhêdhasar sadarsana, agami sarta kawruh, ing mangke wontên patakenan pitêdah utawi pawartos punapa ingkang kawartosakên dhumatêng jagat ingkang sampun lêsu marlupa punika, katrangan gaib ingkang kadospundi ingkang sampun tiniti dening teyosopi sarta tôndha yêkti ingkang kados punapa ingkang badhe nyatakakên dhumatêng manungsa, wangsulaning pitakèn ingkang kajarwa ing nginggil kinging rinigkês dados tiga, ingkang nyata sarta langgêng sanadyan sajatosipun sakalangkung andhêlik sarta bêbasan botên wontên têmbung ingkang kangge anêrangakên.

1. Jiwaning manungsa punika langgêng tan kinging ing pralaya sarta ing têmbe panguwaos tuwin kamulyanipun tanpa watês.

2. sipat ingkang asung daya gêsang punika dumunung ing jawi sarta ing salêbêt kita, tan kinging pralaya asipat langgêng sarta mirah, botên kinging dinulu asarana netra, pinirêng mawi karna, ginônda mawi grana, sanadyan [sana...]

--- 1 : 17 ---

[...dyan] punika wau kinging dinulu dening sintêna ingkang sumêja angawuningani.

3. Sadaya manungsa punika wênang amurba amisesa dhirinipun pribadi, inggih juru akarya anggêr tuwin marentah sariranipun, punapadene tukang andamêl sakeca tuwin botên sakecaning badanipun piyambak, sarta anata anggêr-anggêring gêsangipun angganjar sarta angukum.

Tigang kasunyatan ingkang kajarwa ing ngajêng punika suraosipun botên kirang mulya, sampurna tuwin utami botên beda kadi ucap-ucapan utawi pitêmbungan ingkang kadarbe dening Hyang Suksma, ananging sabab saking cêthanipun sanadyan tiyang ingkang bodho ugi mangêrtos, tigang bab ingkang kajarwa ing ngajêng punika rêringkêsanipun makatên: manungsa sajati punika langgêng wontênipun botên sagêd pralaya, Gusti Allah asipat rahman sarta rokhim, sarta punapa ingkang kita sêbar kita badhe ngundhungundhuh. wohipun, sajatosipun gumêlaring alam dunya punika mawa pikajêng (mawa karsa ingkang tinamtu) anggèning anindakakên karsa wau adhêdhasar nalar ingkang sampurna sarta miturut anggêr ingkang jêjêg sarta langgêng, satunggal-tunggaling manungsa tinata kalihan sampurna dening anggêr, amila manawi tiyang [ti...]

--- 1 : 18 ---

[...yang] mangêrtos kadospundi têgêsipun anggêr-anggêr wau sarta botên anêrak wêwalêring anggêr sayêkti badhe rikat ajêngipun sarta magihmanggih. kabêgjan, kosok wangsulipun sintên ingkang botên mangêrtos suraosing anggêr sarta anêrak pêpacuhipun sanadyan botên sinêdya punika badhe randhat ajêngipun sarta nandhang papa cintraka, pitêdah punika botên tuwuh saking pangintên-intên ananging awêwaton katêrangan ingkang nyata, amila sintên ingkang dèrèng pajar utawi taksih tidha-tidha ing panampi prayogi anglajêngna maos sêrat punika, awit badhe antuk sasêrêpan ingkang cêtha sarta ical sumêlangipun.

--- 1 : 19 ---

Bab 2

Wiwit saking Ywang Maha Agung dumugining manungsa.

Tumrap, Ywang Maha Agung ingkang tanpa wêkasan inggih ingkang Maha Kawasa kita botên sagêd wuninga kadospundi mênggah kawontênanipun ananging mêsthi wontênipun, mênawi kita angrêmbag bab punika sampun mêsthi botên gadug dados tamtu kalèntu.

Ing dalêm Dat (Dat) isi bawana tanpa petangan kathahipun ing dalêm satunggaling bawana isi cakrawala tanpa petangan kathahipun, sarta sabên cakrawala punika minôngka dados tajalining utawi gêlaraning wujud ingkang Maha Kawasa inggih punika kalammolah, inggih logos, Gusti Allah anarambas cakrawala kita, dados ingkang gumêlar punika sadaya botên wontên ingkang kaèbêkan Dating Pangeran, Gusti Allah asasana ing saluhuring sarta sajawining cakrawala sarta gêsang kalihan pribadinipun botên wontên ingkang anggêsangi wontên ing antawising wujud ingkang Maha Kawasa kadi panjênênganipun, ing dalêm Sêrat Bagawatgita wontên ungêl-ungêlan makatên: sawuse paperangan saka kaanan Ingsun angèbêki bawana saisine kabèh, kaanan ingsun isih sampurna wutuh ora kurang sawiji apa.

--- 1 : 20 ---

Tumrap pagêsanganing panjênênganipun ingkang linuhung sajawining cakrawala, kita botên sagêd andungkap ananging saperangan saking gêsangipun ingkang anggêsangi cakrawala punika sagêd kawuningan wontên ing alam ingkang andhap inggih alam dunungipun gumêlaring kawontênanipun Pangeran Ingkang Maha Sukci, sanadyan kita botên sagêd anyipati wujuding Pangeran ananging kita sagêd wuninga kadadosan ingkang saking kodratullah, amila sanadyan para ingkang sampun sidik paningalipun sampun tamtu pitados mênggah wontênipun Allah, awit pasaksèn ingkang anêtêpakên wontênipun Allah punika kathah sangêt.

Cakrawala ingkang agêng punika dumados saking sariranipun, dene kita ingkang ugi kalêbêt dados peranganing cakrawala anambut karya ngajêngakên perangan saking gêsangipun inggih palêtiking Gusti. Sadaya manungsa aslinipun saking panjênênganipun sarta ing têmbe badhe wangsul dhatêng panjênênganipun (inalilahi wa ina lilahiillaihi. rojingun, Kor'an ayat: 151).

Kathah sangêt tiyang ingkang sami kodhêng, punapa sababipun têka panjênênganipun ayasa ingkang makatên, angwontênakên sagunging cakrawala saking sariranipun sarta punapa prêlunipun, têka kita ginêlarakên [ginêlara...]

--- 1 : 21 ---

[...kên] wontên ing donya supados lumawan bêbayaning gêsang, sadaya punika kita botên sagêd andungkap sarta pitakenan wau sayêktosipun kirang amigunani, cêkap winangsulan bilih ing mangke kita dumunung wontên ing ngriki sarta kêdah angudi kalayan tumêmên, awit sajatosipun sampun kathah para sarjana ingkang sami angudi prakawis punika sarta anggêlarakên pamanggihipun.

Saking pamanggih kula sakathahing pamanggihipun para linangkung ing jaman kina ingkang prayogi piyambak kados ing ngandhap punika: Gusti Allah punika sipat asih, ananging manawi sih punika kagêm pribadi têgêsipun manawi botên wontên ingkang badhe anampi sarta amangsulakên sihing Gusti punika botên sampurna, sabab ingkang mêkatên wau mila saperangan saking panjênênganipun kaandhapakên ing dalêm jasat mawa winatêsan cahyanipun, prêlunipun supados kita manungsa sagêd majêng sarta anyampurnakakên badanipun, asarana lampah kamajêngan ingkang alon wêkasan kita lajêng sagêd anggayuh kaluhuraning Gusti, asarana lampah ingkang makatên sihing Gusti dados saya sampurna amargi winutahakên dhatêng putranipun piyambak, kosok wangsulipun pun putra anggèning anampèni sih mangêrtos sayêktos botên tidha-tidha, wêkasan sagêd [sa...]

--- 1 : 22 ---

[...gêd] angaturakên wangsul sihing rama, inggih asarana lampah ingkang makatên wau ingkang dados pangajêng-ajênging Gusti, sarta manawi lampahipun makatên sawêk kenging winastan karsaning Gusti kalampahan.

Sapintên luhuripun dunung raosing Gusti (beuristzijn) sarta wujudipun ingkang sajati wontênipun ing padunungan ngriku kita botên sagêd wuninga, ananging manawi panjênênganipun anggêlarakên kawontênanipun ing dalêm alam ingkang kinging ginayuh dening kartining pôncadriya kita, ing ngriku kacihna bilih wajahipun tiga (dat, sipat, apngal) mila dados piandêling sagunging agami bilih panjênênganipun punika tiga-tiganing tunggal (trimurti) sajatosipun namung satunggal, ananging wajahipun tiga (la sarikalahu), tiga tumrap paningal kita ingkang nyawang saking ngandhap amargi kacihna bilih wontên tigang kawontênan ingkang beda-beda pakartinipun, ananging panjênênganipun amung satungal awit panjênênganipun mirsa bilih tigang kawontênan wau wajahing sariranipun pribadi.

Ajênging cakrawala kita tuwin manungsa punika kasabab saking kodrat wiradating wajah têtiga wau, kamajêngan punika inggih punika karsanipun, dene cara lampah-lampahipun tumindaking kamajêngan punika pangarsa-arsanipun.

--- 1 : 23 ---

Ingkang minôngka dados andhahanipun inggih punika malaikat pitu (Planeetgessten) sadaya wau ugi peranganing sariranipun, ananging kadospundi wijang-wijangipun tumrap kita taksih ginaib. Mênggah sêsambêtanipun utawi kawontênanipun para malaikat kalihan panjênênganipun punika kinging kaupamèkakên kadi gathukipun otot-otot bayu kita ingkang langkung prêlu kalihan utêk, sadaya dhêdhawuhan babaganing kamajêngan ingkang mêdal saking panjênênganipun dhinawuhakên dening para malaikat, dene sangandhaping malaikat pitu wau ugi taksih kathah wujud rohani inggih punika ingkang winastan para dewa sarta jim, ananging kadipundi cara-caranipun anggèning sami anindakakên karsaning Pangeran punika kita botên sagêd wuninga, amung kimawon kita sagêd wuninga bilih saperangan saking pakaryanipun punika asêsambêtan kalihan pamanguning cakrawala, sarta amêkrokakên gêsang ingkang dumunung ing nglêbêtipun.

Ing ngalam donya ngriki wontên wujud gêsang ingkang Maha Kawasa ingkang minôngka dados wakilipun Gusti Allah rumêksa sagunging ewah-ewahan sarta kamajêngan ingkang kalampahan ing dalêm bumi kita punika (Pleneet aarde) mila kinging kita upamèkakên panjênênganipun punika [puni...]

--- 1 : 24 ---

[...ka] satunggaling narendra binathara ing jagad sarta kagungan mantrimuka ingkang sami dipun ampili wawênang gadhah panguwaos ing dalêm kawajibanipun piyambak-piyambak (satunggal-tunggaling dhêpartêmèn) ing antawising mantrimuka wau wontên satunggal ingkang tanggêlanipun anggarap kamajênganing kamanungsan ing dalêm satunggal-tunggaling bôngsa (ras) sabab ingkang makatên wau mila sabên satunggaling bôngsa (ras) ingkang agêng wontên ingkang dados pangagêngipun, inggih pangagêng wau ingkang ayasa utawi amangun bôngsa ingkang dipun pangagêngi sarta ambedakakên kalihan bôngsa sanès-sanèsipun punapadene panjênênganipun ingkang rumêksa kamajênganipun, sawênèh wontên ingkang kawajiban anata agami tuwin piwulang, inggih punika miyosipun para nabi sarta rosul ingkang sami amêncarakên agami rupi-rupi, manawi ing donya ngriki kagalih prêlu kêdah kawontênakên agami enggal ing ngriku para ingkang kajibah amangagêngi babagan punika lajêng tumurun dhatêng ing donya utawi angintunakên muridipun prêlu angadani agami enggal wau.

Sabab ingkang makatên wau duk sagunging agami ginêlarakên wontên ing donya têtela lampah anggèning anêrangakên kasunyatanipun beda-beda, awit satunggil-tunggiling bôngsa beda têmbung sarta

--- 1 : 25 ---

watakipun ananging raosipun sami, sabab saking tataraning kamajêngan sarta kasusilanipun ingkang badhe anampèni botên sami lamila. prêlu lampah anggèning anêrangakên kasunyatan kadamêl beda sarta kêdah salaras kalihan kamajênganipun, manawi dipun sawang kalairanipun têtela satunggal-tunggaling agami botên rujuk kapara kalamôngsa ngalèr kalihan ngidul, ananging mênggah khakekat sarta pinangkanipun sami, mila kalèntu agêng manawi kita sami arêbat unggul prakawis agami sarta amastani bilih Nabi Isa langkung luhur tinimbang Nabi Mukamad, awit para nabi punika kaandhapakên dhatèng donya dening: pakêmpalan pasêdherekan sampurna (Groote Broederschap der Adepten) sarta pathining agami sadaya punika sami.

Mirid kadi ingkang sampun kasumêrêpan ing akathah ing dalêm donya punika wontên kasunyatan (khakekat) ingkang asêsingidan ing dalêm sakathahing agami sarta ingkang asuka katrangan sadaya pandamêling kodrat dhumatêng kita, sarèhning manungsa ing dalêm donya botên mangêrtos utawi wuninga mila piyambakipun tansah darêdah, tidha-tidha dhatêng wontênipun Allah, dhatêng wontênipun manungsa sasampuning tilar donya (lêlampahan sampuning tilar donya) dhatêng anggêr-anggêr

--- 1 : 26 ---

kamajênganing jiwa punapadene kadipundi sambêtipun piyambakipun kalihan bawana, gagasan ingkang makatên wau tansah tumanêm ing dalêm sanubarinipun tiyang ingkang sampun wiwit diwasa pangraosipun, kathah-kathahipun tiyang sami gadhah pangintên manawi ingkang dados pêtênging manahipun wau botên badhe antuk pajar, ananging sayêktosipun kalèntu, sadhengah ingkang sumêdya angudi katrangan ingkang dados jawabaning pitakenanipun saèstu badhe antuk katrangan ingkang anyêkapi, sak agêranggêr. yêktosan pangudinipun.

Sadèrèngipun manungsa ing donya punika wontên ingkang sagêd anggayuh darajating panutan (dados nabi) Gusti Allah tansah angandhapakên panutan (aras kursi) saking peranganing cakrawala ingkang sampun sampurna, ananging manawi ing antawising manungsa ing donya sampun wontên ingkang sagêd anggayuh panguwaos sarta kasampurnan ingkang sajati, saèstunipun panjênênganipun ingkang badhe tinanggênah anindakakên pakaryan wau.

Sagêdipun manungsa anggayuh kaluhuran ingkang makatên piyambakipun kêdah anggayuh darajating adhèp, inggih punika manungsa ingkang kawasa tuwin kasampurnanipun sampun linangkung jalaran panjênênganipun sampun dumugi ing puncaking kamajênganing manungsa limrah, panjênênganipun [panjênêngani...]

--- 1 : 27 ---

[...pun] sagêd angrampungi rantamaning Allah ingkang sampun sinanggêmakên dhatêng panjênênganipun sampun ing wêdal punika, sarta panjênênganipun uwal saking bêbandan ingkang nangsuli jiwa, ewasamantên panjênênganipun taksih anglajêngakên kamajênganipun ngantos sagêd nunggil kawontênan kalihan Allah.

Sampun kathah sangêt manungsa ingkang sampun sagêd anggayuh darajad, adhèp, dene para ingkang sampun sagêd anggayuh kaluhuran wau botên ngêmingakên saking salah satunggiling bôngsa, ananging saking bôngsa warni-warni ingkang sami anuntun kamajênganing manungsa, panjênênganipun punika satunggiling jiwa ingkang kuwagang lumawan ing kakiyataning kodrat ingkang lampahipun andêdêr, botên wangwang ing bêbaya wêkasan sagêd jumênêng adhèp, darajating adhèp punika undha-usuk, pakaryanipun ugi beda-beda, ananging panjênênganipun wau sami dêdunung ing sacêlaking donya punika, sarta sami angadêgakên pakêmpalan, ingkang winastan pakêmpalan pasadherekan pêthak, dene kawajibanipun anata raharjaning jagad sarta anuntun kamajênganing jiwaning manusa, para liding pakêmpalan wau botên sami adêdunung cêlak nunggil sanagari, sasaged-sagêd para adhèp sami anêbihi padununganing manusa supados botên kinging

--- 1 : 28 ---

ing pangridhu.

Sanadyan botên cêlak padununganipun ananging para adhèp inggih liding pakêmpalan pasêdherekan pêthak wau, sabên dintênipun sami atêtunggilan sarta asêsrawungan kalihan ingkang dados pangagêngipun, labêt saking sampun sampurna kawruh tuwin kasêktènipun panjênênganipun sami sagêd apêpanggihan ing dalêm alam kaalusan botên asarana badan jasmani, ingkang kathah para adhèp sami adêdalêm ing nagarinipun piyambak-piyambak, ewadene panguwaosipun botên kawuningan dening tiyang limrah ingkang nunggil sapraja, sadhengah tiyang sagêd angaturi utawi karawuhan panjênênganipun sak ugêr kasucianipun tiyang wau anyêkapi kangge anampèni panjênênganipun, dhuh para sadhèrèk sami anyobia anucèkakên jiwa, sampun sumêlang bilih panyobinipun botên badhe kawuningan, awit sintên kemawon ingkang tumindak anindaki pakaryan ing Gusti, sampun tamtu jiwanipun lajêng manjila sangking jiwaning liyan satêmah jiwa wau angujwala kadidene dilah ingkang dumunung ing papêtêng, ing antawising para adhèp ingkang tansah murih rahayu ing jagad wontên ingkang kaparêng nampi murid ingkang sumêja puruhita, dene ingkang tinampi dados murid inggih punika [pu...]

--- 1 : 29 ---

[...nika] sujalma ingkang sampun têtêp manahipun sumêja nyambut damêl kangge kamajênganipun adhèp ingkang kaparêng nampi murid manungsa, dene panjênênganipun adhèp ingkang kaparêng nampi murid punika winastan Sang Guru Dewa.

Ing antawising para murid-murid inggih punika panjênênganipun Nyonyah Helena, Petrona, Blaphatki, panjênênganipun punika satunggiling jiwa ningkangingkang. mulya, kintên-kintên sampun sakawan dasa gangsal taun ingkang kapêngkêr kautus Sang Guru Dewa amêdharakên kawruh dhatêng ing ngalam donya, ingkang makatên wau mila panjênênganipun asêsarêngan kalihan panjênênganipun Tuwan Kolonèl Han Risêti Lêolkot lajêng angadêgakên pakêmpalan teyosopi prêlu kangge anggêlarakên kawruh ingkang kapatêdhakakên dening Sang Jagad Guru, ing wêdal punika Tuwan A.P. Cinèt ingkang angarang sêt: tepionir puruhita dhatêng panjênênganipun Nyonyah Blaphatki, labêt saking kamursidanipun sadaya ingkang winulangakên sagêd anampèni kalihan sampurna.

Sanadyan panjênênganipun Nyonyah Blaphatki sampun angarang sêrat Ipis Ên Phèilèdh ewadene kawruh wau dèrèng sagêd sumêbar wontên ing tanah kilenan, sagêdipun maratah sarêng kasêmbuh dening sêrat karanganipun Mistêr Cinèt nami Teokêl

--- 1 : 30 ---

Worl sarta Esotêri Budhismê.

Kula nyuwun pariksa dhumatêng panjênênganipun nyonyah kadospundi anggèn kula aminangkani supados sasêrêpan kula sagêd tambah sarta kadipundi rekanipun murih kula sagêd angambah margi utami ingkang sampun tinêrangakên, dhawuh wangsulanipun sadaya tiyang sagêd tinampi dados muriding guru kadi panjênênganipun sak anggêr anglampahi ingkang dados sêsanggêmaning murid sarta anglampahi pandamêl ingkang sêpên saking pamrih, punapadene tancêbing cipta amung kêdah maligi satunggal awit sanadyan kadospundi anggèn kita minangkani saèstu botên badhe sagêd kadumugèn sêdya kita manawi kita bakti dhatêng Pangeran ananging botên niyat ambucal kadonyan, Sang Jagad Guru angandika makatên: siswa kang angangkah katêkan kang dadi sêdyane kudu mungkur marang kadonyan lan anglêboni jamanku: têgêsipun piyambakipun kêdah gêsang botên kadi limrahing tiyang kathah, inggih punika angudi dhatêng kaluhuran sarta kasugihan ananging kêdah ambucal kadonyan sarta piyambakipun kêdah tumungkul dhatêng sagung pandamêl ingkang akarya rahayuning bawana, kajawi punika panjênênganipun aparing pêpèngêt bilih margi wau sakalangkung gawat, kita badhe cineda sarta ingerang-erang dening para ingkang taksih mangeran [ma...]

--- 1 : 31 ---

[...ngeran] ing kadonyan mila inggih lêrês kimawon bilih sadaya ingkang ngambah margi wau pinacangan ing pakaryan ingkang sakalangkung awrat, sanadyan ing têmbenipun sampun mêsthi kita badhe kadumugèn ingkang dados sêdyaning manah ananging kita botên badhe sagêd angintên-intên badhe pintên wulan utawi pintên taun laminipun sagêdipun kalampahan, sanadyan makatên kawontênanipun ewasamantên kita sami anglampahi akanthi tumêmên sarta suka pirênaning manah.

Sasampuning sawatawis taun anggèn kula anglampahi sêsanggêman kanthi tumêmên têmahan kula antuk nugraha sagêd sumungkêm ing padaning para guru sarta tampi piwulang rupi-rupi punapadene kacêthakakên kanyataning sagunging piwulangipun ingkang sampun pinaringakên sabab ingkang makatên wau mila sadaya ingkang kula andharakên punika sanès dongengan ananging kula anyipati piyambak wujut sarta kawontênanipun, ewasamantên taksih wontên piwulangipun ingkang dèrèng kula nyatakakên awit daya kakiyatan kula dèrèng gaduk, ewasamantên kula sagêd anêrangakên bilih kawontênan ingkang dèrèng kula nyatakakên punika salaras kalihan ingkang sampun kula titi pariksa, mila kula botên sumêlang malih manawi piwulang wau lêrês awit sagêd dados katranganipun sagunging

--- 1 : 32 ---

piwulang ingkang sampun kula nyatakakên.

Saking kamirahanipun Sang Jagad Guru kathah kawruh teyosopi ingkang winulangakên dhumatêng kula ingkang dèrèng kula nyatakakên nyatanipun, ananging sarêng kula nyatakakên saya pinanggih cocog, amila kula botên sumêlang bilih sadaya wulang ingkang dèrèng kula nyatakakên punika sampusampun. mêsthi lêrêsipun awit ingkang sampun kula nyatakakên sadaya botên wontên ingkang nyalisip, dados manawi daya kakiyatan kula sampun nyêkapi kangge ambikak perangan ingkang langkung luhur sampun tamtu kula badhe antuk kasunyatan kadi ingkang kajarwa ing piwulang.

Sadaya ingkang sami angudi kawruh teyosopi kalihan tumêmên sampun tamtu gadhah pangangkah mugi-mugi sagêda katampi dados muridipun Sang Jagad Guru, ananging sagêdipun kalampahan kêdah lair batos pangudi kita, sarèhning kathah sujanma ingkang têmên pangudinipun mila inggih botên lôngka manawi wontên titah ingkang sagêd wuninga ing kajatèn, sarèhning kawruh wau sayêktosipun kawruh linangkung, amila sintên ingkang sampun sagêd anggayuh kasunyatanipun saèstu badhe langkung sasamining tumitah, sarta mahawan ing alam ingkang luhur.

--- 1 : 33 ---

Kawuningana para sadhèrèk, sarèhning kawruh punika ugi undha-usuk darajatipun mila sintên ingkang sinêdya angudi kawruh kinging sinau dhatêng para sarjana ingkang ing mangke nêdhêng puruhita dhatêng Sang Jagad Guru, awit ingatasing manungsa punika sami dumunung ing unton-untoning ôndha kamajêngan, wujudipun para ingkang sawêg amurwani kinging tinêmbungakên sawêk ngancik ing untuning ôndha ingkang ngandhap ananging kita ingkang sampun antuk kawruh kinging tinêmbungakên sampun amènèk ôndha sawatawis inggil, botên beda mênggah kawontênanipun manawi kita angungak mangandhap aningali unton-unton ingkang sampun kapêngkêr, ananging manawi kita angungak manginggil ugi taksih kathah unton-unton ingkang kêdah kita pènèk.

Manawi kita tumolèh mangandhap kita wuninga para ingkang sami mènèk unton-untoning ôndha kamulyan sarta wuninga sapintên inggiling inggahipun, sarèhning ing nginggil kita punika ugi wontên titah ingkang nêdhêng mènèk ôndha wau, sanadyan kita botên wuninga sapintên inggahipun ananging kita lajêng sagêd angintên-intên badhening inggahipun awit awêwaton inggahing tiyang ingkang dumunung ing unton-unton sangandhap kita, sabab ingkang makatên wau kita botên sumêlang malih bilih kita ugi badhe sagêd anggayuh [ang...]

--- 1 : 34 ---

[...gayuh] ing kamulyan.

Agunging prabawa tuwin sampurnaning ngèlminipun para ingkang sampun mancik ing tataran sanginggil kita punika sampun apindha jawata, ewasamantên sami angandika bilih dèrèng dangu anggèning dumunung ing unton-unton ingkang kita anciki, sarta panjênênganipun ugi aparing pitêdah unton-untoning ôndha ingkang kêdah kita pènèk manawi kita sumêdya anggayuh kaluhuran kadi panjênênganipun.

--- 1 : 35 ---

Bab 3

Kawontênan sasampuning pêjah.

Ingkang limrahipun winastan pêjah punika sayêktosipun amung anyèlèhakên sandhangan, dados tumrapipun manungsa sajati (ego) botên magêpokan punapa-punapa botên beda kawontênanipun kadi tiyang kalanipun angglethakakên rasukanipun ingkang jawi piyambak, sasampunipun badan jasmani kasèlèhakên manungsa sajati anglajêngakên gêsangipun utawi lampahanipun ngangge badan astral, dangunipun anggèning ego gêsang ing dalêm badan wau punika ngantos têlasipun kakiyataning pêpinginan sarta hawa napsunipun taksih gêsang ing donya, manawi hawa napsunipun wau sampun têlas kakiyatanipun ing ngriku lajêng pêjah malih, inggih punika badan astral kasèlèhakên, salajêngipun manungsa sajati gêsang wontên ing dalêm badan pikiran, sarta dumunung ing alam pikiran perangan ngandhap (kaswargan perangan ngandhap) dangunipun manusa sajati gêsang wontên ing alam ngriku punika amung gumantung kalihan kakiyataning pikiranipun duk wontên ing donya sarta wontên ing alam astral, manawi pikiran wau sampun têlas kakiyatanipun badan ingkang ôngka tiga wau lajêng kasèlèhakên salajêngipun manungsa sajati gêsang

--- 1 : 36 ---

wontên ing alamipun piyambak, inggih punika alam kaswargan ingkang perangan nginggil sarta angangge badan jalaran, dados limrahipun ingkang tinêmbungakên pêjah punika sayêktosipun botên wontên, ingkang wontên punika amung panggêsangan ingkang mindêng sarta kawontênan ingkang tundha-tundha ing dalêm alam têtiga ingkang dèn-ambah utawi dinunungan dening manungsa sajati, enggal laminipun anggèning dumunung ing satunggal-tunggaling alam wau amung gumantung wontên ing kamajênganing jiwa, gêsanging tiyang wanan mèh sadangunipun wontên ing donya, satilaripun donya lajêng manggèn ing alam astral amung sawatawimsawatawis. môngsa dangunipun lajêng wangsul malih dhatêng ing donya, manawi tiyang wau saya majêng, gêsangipun wontên ing astral saya dangu, langkung malih mênawi saya mursid sarta wiwit sinau amikir-mikir, satilaripun dunya piyambakipun badhe gêsang wontên ing alam pikiran, sawatawis môngsa dangunipun, bôngsa têngahan inggih punika tiyang ingkang watakipun sampun alus gêsangipun langkung dangu wontên ing alam dhewasandhewacan. tinimbang wontên ing alam donya (jasmani) tuwin alam khewani (astral) manawi tiyang wau saya diwasa anggèning kèndêl wontên ing alam astral amung sawatawis môngsa, ananging ingkang dangu wontên ing alam dhewasan (kaswargan) ingkang anjalari gêsang

--- 1 : 37 ---

wontên ing alam dhewacan (kaswargan), ingkang anjalari gêsang wontên ing alam astral punika sangking pandamêling raosing manah ingkang adhêdhasar napsi (watak mikantukakên badan piyambak) dados manawi gêsang kita wontên ing dunya punika tansah kaèbêkan ing watak amung mikantukakên badan piyambak, ing têmbe gêsang kita wontên ing alam astral badhe linimput dening pangraos ingkang botên sakeca (anyêdhihakên) sanadyan taksih kadunungan ing watak amung mikantukakên badan piyambak ananging mênawi manahipun sae sarta botên nyanyêngit (Vriendelijk) ing têmbe gêsangipun kadunungan raos pangraos sênêng ananging taksih linimput pangraos astral, dene cipta sarta raosing manah ingkang adhêdhasar botên amung mikir dhiri pribadi (onzelfzuchtig) badhe tumuwuh wontên ing alam kaswargan amila tiyang ingkang kadunungan watak makatên ing têmbenipun badhe kadunungan raos nikmat lan manpangat sarta rumaos bêgja, inggih punika ingkaingkang. winastan minggah sawarga, miturut wêwarahing agami ingkang winastan siksa naraka punika sayêktosipun raos pangraos ing dalêm astral ingkang anggêgirisi sarta anyêdhihakên, dene ingkang winastan minggah sawarga punika raos pangraos nikmat sarta manpangat sampurna botên kirang satuga

--- 1 : 38 ---

lsatunggal. punapa ing dalêm alam dhewacan ingkang ngandhap, kawontênan ingkang makatên wau botên sanès inggih sangking pandamêl kita pribadi, dados têtelanipun sawarga tuwin naraka punika amung gumantung ing pandamêlipun piyambak, kawuningana sawarga tuwin naraka punika sanès satunggaling papan utawi panggenan ananging kawontênaning raos, wontênipun têmbung sawarga tuwin naraka punika sayêktosipun amung saking pangothak-athiking agami, têmênipun botên wontên, ananging tiyang ingkang gêsangipun manahipun sasar kinging katêmtokakên gêsangipun wontên ing alam kabir badhe botên sakeca sarta dangu sanadyan makatên kawontênaning sawarga tuwin naraka punika botên langgêng, awit satunggaling jalaran ingkang mawa watêsan punika botên badhe anjalari kadadosan ingkang tanpa watês, dene dangu cêlakipun pamanggènipun ing dalêm alam ngriku satunggal-tunggaling manungsa botên sami, botên kinging dèn-ukur sarta cinêthakakên asarana peta awit amung badhe anjalari kalèntuning panampi, amila kula amung badhe andamêl upami kados tatiyang ingkang kasagêdan sarta kasusilanipun sangandhaping sêdhêng inggih punika bangsaning toko alit-alitan utawi garap toko punika gêsangipun wontên ing alam astral 40 taun sarta [sar...]

--- 1 : 39 ---

[...ta] wontên ing dhewacan 200 taun, dene tiyang ingkang sampun kadunungan kasucian sarta sugih kawruh gêsangipun wontên ing astral amung kintên-kintên 20 taun ananging wontên ing kaswargan 1000 taun, manawi tiyang wau sampun saya diwasa wontênipun ing astral amung sawatawis jam utawi sawatawis dintên lajêng gêsang ing kasuwargan ngantos 1500 taun.

Satunggal-tunggaling tiyang botên angêmungakên beda enggal sarta laminipun anggèning dumunung ing alam ngriku ananging ugi beda-beda mênggah kawontênanipun. Dhuh para sadhèrèk sampun kasupèn bilih jasat utawi anasir ingkang dados tapêling sagunging badan punika gêsang wontên nyawanipun dados sanès barang pêjah, badan jasmani punika dumados saking pakêmpalaning sèl, satunggal-tunggaling sèl kadunungan gêsang pinangkaning gêsangipun wau sangking wajahing Gusti ingkang kaping kalih (sipat) sèl-sèl wau jinisipun awarni-warni sarta sami gadhah sêsanggêman pakaryan piyambak-piyambak, amila sintên ingkang badhe bagas kasarasan badanipun samia nyumêrêpana dhatêng pakaryan utawi garapanipun satunggaling sèl-sèl wau, mênggah kawontênaning badan astral sarta badan pikiran botên beda kadi ingkang kajarwa ing ngajêng.

--- 1 : 40 ---

Gêsang ingkang anjiwani sèl-sèl wau sayêktosipun dèrèng gadhah pangêrtos utawi nalar, ananging sawêg kadunungan instinct (watak utawi tabiat) ingkang watakipun majêng, gêsang ingkang anjiwani anasir inggih ingkang anggêsangi sèl-sèl ingkang dados badan-badan wau dumunung wontên palêngkunging kamajêngan ingkang mandhap, têgêsipun lampahing kamajênganipun gêsang wau mandhap tumuju dhatêng wujud ingkang kandêl sarta atos supados sagêd sinau kawontênaning gêsang sarta anêdahakên kabatosanipun, ananging kamajênganing manungsa botên makatên kapara kosok wangsul, inggih punika jasad anarik mangandhap ananging Ego (manungsa sajati) lampahipun anuju palêngkung manginggil badhe wangsul dhatêng ajal kamulanipun, awit sampun dangu anggèning wontên ngandhap dumunung ing dalêm sêtop (jasat) labêt saking sami gadhah bêtah piyambak-piyambak amila lajêng anjalari dhèncèng kajêng, ego sumêdya lumampah urut palêngkung ingkang manginggil ananging sêtop ingkang jiniwanan ing gêsang adrêng lumampah mangandhap.

Anasiring badan astral utawi gêsang ingkang anjiwani molêkiling badan astral sagêdipun majêng kêdah sagêd anggêtêr sarta anampèni gêtêr rupi-rupi sarta wadhag, mila manawi majêng satindak kawawa anggêsangi [anggê...]

--- 1 : 41 ---

[...sangi] sêtop ing badan jasmani satêmah badhe ngulinakakên pribadinipun kalihan gêtêring jasmani ingkang rindhik, murih kasêmbadan sêdyanipun mila angupaya gêtêring astral ingkang wadhag piyambak, sanadyan piyambakipun (sêtop) dèrèng kasinungan nalar ingkang sagêd andumugèkakên sêdyanipun ananging sarèhning sampun gadhah watak (instinct) ingkang sagêd amitulungi sêdyanipun mila kalihan gampil sagêdipun manggih gêtêr ingkang wadhag wau.

Molêkiling badan astral punika ugi tansah ewah gingsir kawontênanipun kadidene molêkiling badan jasmani, sanadyan raosipun dèrèng cêtha taksih gagap-gagap ewadene ing ngriku gêsang ingkang anjiwani molêkiling badan astral sampun wiwit gadhah pangraos bilih piyambakipun dados wujud tunggal, inggih punika dados mujud satunggal ing dalêm sawatawis môngsa, piyambakipun (molêkil-molêkiling badan astral) botên sumêrêp bilih piyambakipun samangke dados peranganing badan astraling manungsa, sakawit piyambakipun botên mangêrtos punapa ingkang winastan manungsa, sanadyan botên awêwaton nalar, dados amung amutatuli ananging samangke piyambakipun mangêrtos utawi karaos bilih sasampuning ewah kawontênanipun inggih kawontênan samangke punika lajêng [la...]

--- 1 : 42 ---

[...jêng] sagêd anampèni gêtêr langkung kathah sarta langkung rosa tinimbang duk taksih angalambrang ing dalêm swasana, ing nguni piyambakipun kalamôngsa sagêd anampèni gêtêring hawa napsu tuwin raosing manahipun tiyang sangking katêbihan, ananging samangke piyambakipun sagêd anampèni kalihan cêtha sarta botên wontên ingkang kacicir awit sapunika piyambakipun sampun adêdunung ing têngahing sagunging gêtêr-gêtêr, sabab ingkang makatên wau kawontênan samangke punika sakalangkung andadosakên kapanujoning manah, têmahan tansah anandukakên rekadaya supados sagêd awèt dumunung ing kawontênan enggal, ing mangke piyambakipun karaos mawi agêgathukan kalihan kawontênan ingkang langkung alus inggih punika sêtoping badan mental, piyambakipun mangêrtos manawi sagêd angêlih badan mental dhatêng gêtêripun piyambak (manawi sagêd amêksa badan rohani sumusup ing dalêm gêtêripun piyambak) sampun tamtu gêtêr-gêtêr saya wimbuh santosa sarta sagêd dangu.

Sarèhning jasating badan astral punika tumpakaning pêpinginan sarta jasating badan mental, tumpakaning pikiran kita, dados sampun têtela bilih wataking jasat astral wau angangkah kita anunggil kajêng kalihan piyambakipun, supados saya gampil tuwin santosa [santo...]

--- 1 : 43 ---

[...sa] anggèning badhe anglêksanani ingkang dados kaniyatanipun, sabab ingkang makatên wau mila badan pêpenginan (astral) tan kêndhat pangudinipun anggèning anêlukakên manungsa supados anunggil kajêng, amila tansah angajak manungsa sami anglampahana pandamêl ingkang botên lêrês sarta wadhag, pangudining badan astral tumrap ingkang makatên wau kadidene tiyang kaluwèn ingkang botên gadhah tuwan, wujudipun tiyang ingkang brangasan tinuntun dhatêng kanêpson, dene tiyang ingkang kandêl luamahipun tinuntun dhatêng sagunging pandamêl ingkang botên sukci, mila tiyang ingkang dèrèng mangêrtos dhatêng aluranipun asring kalèntu panampi wontên ingkang angintên bilih wataking badan astral ingkang makatên wau lakar kêrsaning Allah têmahan lajêng winastan watak awon bêktan (asal) sawênèh wontên ingkang gadhah pangintên manawi punika panggodhaning jim setan, sadaya wau kalèntu, mênggah lêrêsipun dumunung ing têngah liripun makatên: pangajak utawi pandêdêl punika lakar lêrês ananging pandêdêling tumpakanipun sanès pangajakipun ingkang numpaki (tiyang) papinginan punika lakar prayogi tumraping tumpakan, ananging pituna tumraping manungsa ingkang dêdunung sasampunipun ingkang dêdunung ing dalêm tumpakan, amila manungsa kapêksa lumawan anyêgah ingkang dados pikajênganipun tumpakan,

--- 1 : 44 ---

manawi manungsa sagêd anyêgah botên mituruti pikajênganing têtumpakan satêmah saperangan saking badanipun ingkang gadhah bêtah gêtêr ingkang makatên wau lajêng tanpa daya amargi botên angsal tatêdhan sarta dangu-dangu lajêng pêjah, gogrog utawi cuwil saking badanipun astral lajêng ginêntosan jasat ingkang gêtêripun salaras kalihan ingkang sabên linilan anglêbêti badanipun astral.

Sabab ingkang makatên wau mila gêsang padintênan utawi gêsang limrah punika winastan pikajênging watak asor, manawi tiyang amituruti têgêsipun botên purun anyêgah pikajênganing watak wau dangu-dangu saya wêwah kasantosanipun têmahan kita badhe kuwalahên ananggulang kurdanipun wêkasanipun kita binoyong têluk nunggil karsa kalihan piyambakipun, inggih makatên punika ingkang kinajêngakên dening pangraos saperanganing badan astral (gêsanging pangraos kadi ing dalêm supênan) manawi badan jasmani pêjah, pangraosing badan astral ingkang dèrèng cêtha wau kagèt (badan astral kagèt saking anggèning supêna) ing ngriku piyambakipun karaos bilih kawontênanipun kadidene satunggiling tumpukan utawi pakêmpalan ingkang pisah sarta rumaos manawi ginantungan ing panandhang, awêwaton watakipun instinct dados [da...]

--- 1 : 45 ---

[...dos] botên awêwaton nalar amung sangking pitulunganing (instinct) ing ngriku badan astral lumawan ing bêbaya ingkang badhe dhatêng murih sagêdipun lêstantun kawontênanipun.

Sêtop utawi jasating badan astral punika botên patos asêsambatan kadi badan jasmani, sabab ingkang makatên wau mila pangraos ingkang taksih gagap-gagap lajêng angêmpalakên sagunging perangan-perangan sangking badanipun lajêng tinata sakalangkung prayogi murih sagêd lumawan ing bêbaya ingkang sakalangkung agêng, sêtop utawi jasat ingkang wadhag sarta kêkêt (dicht) tinata wontên ing jawi minôngka dados kulitipun dene sêtop sanèsipun tinata mubêng lapis-lapis angubêngi têlêngipun (pertengahan) labêt sangking saening pangrakit têmahan badan wau kawawa ananggulang mêngsah wêkasan wujudipun sagêd dangu botên tumuntên risak, kawontênan ingkang makatên wau pituna tumraping manusa.

Mênggah kawontênanipun gêsanging badan astral punika beda kalihan gêsanging badan jasmani, badan jasmani angraosakên samukawis ingkang sangking jawi sarana pitulunganing pôncadriya, inggih punika peranganing badan kados ta mripat, irung, salajêngipun ingkang dados pirantosing indriya, ananging badan astral botên gadhah indriya gangsal [gangsa...]

--- 1 : 46 ---

[...l] ingkang amiyambak-miyambak kadi ingkang kasatmata punika, sagêdipun badan astral wuninga samukawis manawi molêkil-molêkiling badan wau sagêd wuninga sarta sagêd amangsuli panggêpoking molêkil-molêkil ingkang wontên ing jawi ingkang tunggil laras, upaminipun makatên, ing dalêm manungsa wontên sêtopipun astral ingkang saking sap-saping alam astral sabab ingkang makatên wau piyambakipun sagêd wuninga sagunging kawontênan ingkang dumados saking sêtop-sêtoping sap wau, awit gêtêring sêtop ingkang dumunung ing manungsa sagêd amangsuli gêtêring sêtop-sêtop wau, cêthanipun makatên, saupami satunggaling kawujudan astral ingkang sangking cêcampuraning sêtop kapisan ingkang kaping kalih saha kaping tiga sampun tamtu tiyang ingkang gêsang dumunung ing alam astral sagêd wuninga kawujudan wau, sak anggêr badan astralipun piyambak lapis ing jawi wontên sêtopipun, ôngka satunggal kalih sarta tiga, awit gêtêring sêtop-sêtop wau sagêd amangsuli jalaran tunggil laras, ananging labêt sangking pandamêling pangraos ingkang dèrèng cêtha saping badanipun astral ingkang dumunung wontên ing jawi piyambak sampun tamtu sangking sêtop ingkang wadhag sarta rapêt (dicht) kadi ingkang sampun kajarwa ing ngajêng, sabab ingkang makatên wau sampun tamtu botên sagêd sumêrap dhatêng wujud ingkang sangking [sang...]

--- 1 : 47 ---

[...king] campuraning sêtop lapisan ingkang ôngka kalih tuwin tiga kadi ingkang kasêbat ing ngajêng, botên beda kadidene manawi kita wontên ing dalêm badan jasmani botên sagêd sumêrap dhatêng gas ingkang ngumandhang ing dalêm hawa (atmospheer) sarta botên sagêd sumêrap wujud ingkang dumados sangking sêtop utawi jasat etêr.

Ing dalêm gêsang kita wontên ing donya sêtoping badan astral tansah ebah sami campur satunggal lan satunggalipun kadi wedang umêb, sabab ingkang makatên wau sampun tamtu ing sawanci-wanci badaning manusa sap ingkang sisih jawi piyambak wontên saperangan ingkang sêtopipun satunggal-tunggaling sap, amila manawi tiyang pinuju tilêm lajêng ngangge badan astral sagêd wuninga sadaya kawujudan astral ing sakiwa têngênipun.

Kabêkta saking tunaning sasêrêpan kathah tiyang ingkang sami anata badan astral sêtop ingkang wadhag sarta rapêt sinèlèh ing jawi kadidene ingkang sampun kajarwa ing ngajêng, mila sasampuning pêjah lajêng sanès kawontênanipun, awit sap ing badan astral ingkang ing jawi piyambak dumados sangking sêtop ingkang wadhag sarta rapêt satêmah amung sagêd anampèni gêtêr ingkang wadhag sarta rapêt, mila piyambakipun wontên ing alam astral botên sagêd bablas paningalipun, [paningali...]

--- 1 : 48 ---

[...pun,] ingkang sagêd katingal amung lapisan ingkang kapitu inggih punika ingkang wadhag piyambak wah botên sadaya amung ingkang sakalangkung wadhag sarta pêtêng, gêtêring sêtop ingkang kandêl utawi awrat wau anjalari tuwuhing pangraosing manah giris, pangraosing manah ingkang makatên wau pinangkanipun sangking titahing alam astral ingkang asor tuwin para, sabab ingkang makatên wau tiyang ingkang dumunung ing alam ngriku tansah sumêrap titahing alam astral ingkang anggêgirisi sarta ingkang anjêjêmbêri punapadene tansah rumaos kapanduk ing patrap siya sarta pangèsi-èsi, sayêktosipun piyambakipun punika ugi acacêlakan kalihan mitra karuh tuwin tiyang sanès ingkang badanipun astral cêkapan, têgêsipun botên awon sarta botên sae, ananging sarèhning ingkang katingal amung badanipun astral ingkang wadhag sarta para, mila pangraosipun piyambakipun aningali dhêmit ingkang awon sarta ngêthaha manahipun, kapara manawi pinanggih mitranipun supe, amargi rupinipun beda, ingkang katingal amung ingkang awon, mila inggih botên agumunakênanggumunakên. bilih alam astral punika winastan naraka, ingkang makatên wau sanès lêpatipun alam astral ananging saking lêpatipun piyambak, awit ingkang nomêr sapisan piyambakipun sampun angêmpalakên [a...]

--- 1 : 49 ---

[...ngêmpalakên] sagunging sêtop ingkang asor, ingkang kaping kalih amung mituruti pangêrèhipun pangraos astral ingkang taksih gagap-gagap (vaag) ingkang gadhah kajêng anumpuk sêtop kadi ingkang sampun katêrangakên ing ngajêng.

Sadhengah ingkang sampun sinau sarta mangêrtos bab punika saèstu badhe botên amiturut panggèndènging watak asor sarta sasampuning tilar donya badhe botên purun angewahi tatanan, manawi kalampahan makatên piyambakipun badhe sagêd sumêrap alam astral sadaya dados botên angêmungakên perangan ingkang botên sakeca sarta asor kimawon, kawontênaning alam astral punika kathah ingkang sami kalihan kawontênaning alam donya, botên beda kadi kawontênaning alam donya, sawangan ing dalêm alam astral tumrap paningalipun satunggaling tiyang amolah-malih, botên ngêmungakên tumrap paningaling tiyang kathah sanadyan tiyang satunggal ugi makatên miturut kawontênaning gêsangipun, têgêsipun paningalipun satunggal-tunggaling tiyang tumrap kawontênan ing alam wau botên sami, sanadyan tumrap paningalipun tiyang satunggal ugi botên ajêg, inggih ing alam astral ngriku panggenanipun sagunging raosing manah sarta cipta ingkang wadhag sarta asor punapadene [puna...]

--- 1 : 50 ---

[...padene] raosing manah wontên ing alam ngriku langkung rosa kraosipun manawi katimbang kalihan ing donya, ing salêbêtipun tiyang taksih mêlèk botên sagêd kacihna sadaya ingkang dados raosing manahipun ingkang kacihna amung saperangan alit, sarta saperangan agêng saking kakiyatanipun pinedahakên kangge angebahakên utêk amila manawi tiyang ngatingalakên sihipun botên sagêd kacihna sawêtah utawi maligining sih, ananging amung saperangan, sanadyan amung saperangan sagêdipun kalampahan manawi tiyang wau sampun rampung anggèning anggarap prakawis sanès (panggaraping kamurkan).

Sabab ingkang makatên wau raosing manah wontên ing alam astral langkung rosa tinimbang wontên ing donya, sanadyan raosing manah wau pinênggak ewadene botên sagêd anjalari kêndhaking kaniyatan dhatêng kaluhuran, amila ing dalêm alam kewani kita sagêd angudi dhatêng kasucian sarta anulung sêsamining tumitah, kosokwangsulipun kita wontên ing alam ngriku sagêd ugi anggaluyur angocar-acir wanci, wiyaring alam kewani punika mèh sapalihing têbihipun dhatêng rêmbulan, kita sagêd anjajah alam ingkang samantên wiyaripun sak anggêr kita kalanipun tilar donya

--- 1 : 51 ---

botên angewah pranatan panumpuking sêtop hewani, ewasamantên ingkang kathah botên sagêd bablas anjajah alam wau ananging sami dumunung ing sacêlaking alam jasmani, sêtopipun satunggal-tunggaling sap cinampur kalihan sampurna, limrahipun sêtop ingkang wadhag pamanggènipun wontên ing sap ingkang andhap, bab punika kenging kaupamèkakên timba isi toya ingkang cinêmplungakên rêrupèn warni-warni ingkang botên sami wawratipun, manawi toya ing dalêm timba wau kinêbur sadaya rêrupèn wau lajêng campur, ewasamantên ingkang wawratipun langkulangkung. awrat sampun tamtu ngalêmpak wontên ing ngandhap, sap-sapaning alam astral puninapunika. botên kenging kaupamèkakên kadi bawang, amung kimawon kangge anêrangakên mênggahing sap-sapan kinging mirid kawontênaning bawa.

Anggèning sêtoping alam astral anarambas sêtoping alam jasmani punika kalihan gampil botên wontên ingkang ngalang-alangi kapara sajakipun kadi botên wontên alam jasmani, ananging satunggal-tunggaling saping alam jasmani ugi anggèndèng dhatêng satunggal-tunggalipun saping alam kewani ingkang tunggil laras, upaminipun makatên, sêtoping jasmani sap ingkang kapitu anarik sêtop kewani sap pitu makatên salajêngipun, sabab ingkang makatên wau sadaya [sada...]

--- 1 : 52 ---

[...ya] saping alam jasmani gadhah abên-abênan saping alam jasmani, saupami gêlas ingkang kêbak isi toya sinèlèh ing meja, sampun tamtu gêlas sarta meja tinarambasi sêtoping alam kewani sap ingkang ngandhap piyambak awit gêlas sarta meja wau dumados saking sêtoping alam jasmani ingkang atos, dene toyanipun tinarambas ing sêtoping alam astral ingkang kinging kita wastani bangsanibangsaning. toya inggih punika sap ingkang kaping nênêm, sarèhning meja tuwin gêlas wau kinubêngan hawaning jasmani ingkang awujud gas, mila inggih tinarambas ing gasing kewani inggih punika sêtoping alam kewani sap kagangsal, ananging hawa, toya, gêlas sarta meja ugi tinarambas dening sêtoping jasmani ingkang langkung alus inggih punika etêr, makatên ugi sêtoping alam kewani sadaya sami tinarambas dening sêtoping kewani lapisan ingkang langkulangkung. alus, ingkang atêtimbangan kalihan saping alam ingkang saking etêr, ananging sêtoping alam astral ingkang wadhag piyambak inggih punika jasat ingkang atos mêksa taksih kirang kêkêtipun manawi tinimbang jasating alam jasmani ingkang langkung alus inggih punika jasat etêr.

Manawi sasampuning tilar donya kita sagêd anolak panggodhaning angewahi tatananing badan astral ing dalêm alam astral kawontênan [kawo...]

--- 1 : 53 ---

[...ntênan] kita amung kaot sakêdhik kalihan kawontênan kita duk anèng donya, kita sagêd dhatêng pundi-pundi miturut sakajênging manah, ewasamantên ingkang kathah tiyang wau amung sami dumunung ing padununganipun lami, piyambakipun sagêd wuninga sanak sadhèrèk tuwin mitranipun, punapadene sagêd wuninga griya pirantosing griya sarajadarbèkipun tiyang ingkang dèrèng sinau bab punika ngintên bilih kaicalan kulawarga manawi piyambakipun tilar donya, ananging kulawarganipun ingkang tilar donya wau botên pisan-pisan angrumaosi bilih pisah kalihan ingkang taksih sami gêsang, amung kimawon piyambakipun botên sagêd wuninga badanipun jasmani, ingkang kadulu amung badanipun astral, awit ing mangke piyambakipun ngangge badan astral ananging sarèhning badan jasmani kalihan badan astral punika sami rupinipun mila piyambakipun botên age angrumaosi pisah kalihan kulawarga tuwin mitranipun, tumrapipun ingkang sampun sami tilar donya kulawarga tuwin mitranipun wau katingal kinêmulan ing pêdhut ingkang mawa cahya wujudipun lonjong kadi tigan, manawi piyambakipun satunggaling tiyang titi, saèstu badhe wuninga sakathahing ewah-ewahan ing sakiwa têngênipun, gunggunganipun kimawon piyambakipun botên angrumaosi pindhah griya [gri...]

--- 1 : 54 ---

[...ya] dhatêng sawarga utawi naraka, ananging têtêp pangraosipun bilih taksih adêdunung ing padunungan utawi papanipun lami, sanadyan ing wêdal sapunika anggèning aningali sangking ing alam sanès, kadi ingkang sampun kajarwa ing ngajêng tiyatiyang. ingkang sampun tilar donya punika sagêd andulu badan astraling mitranipun mila bêbasan botên nyambut mripat cêtha anggèning wuninga ingkang sami taksih wontên ing donya, amila piyambakipun botên angrumaosi bilih pisah kalihan kita, ananging manawi kita pinuju mêlèk, tiyang ingkang sampun tilar donya wau botên sagêd andayani punapa-punapa amargi kalanipun kita tangi pangraos kita anggarap kawontênan kadonyan, dene badan astral amung minôngka dados tarêtêg, sanadyan tiyang ingkang sampun tilar donya punika botên sagêd awawan ginêm kalihan kita sarta piyambakipun botên sagêd wuninga cipta kita ingkang luhur, ananging sarèhning piyambakipun wuninga ewahing warninipun badan astraling mitranipun têmahan piyambakipun wuninga saosiking manahipun sarta manawi piyambakipun purun sinau sampun têmtu lajêng piyambakipun wuninga sagunging ciptaning mitranipun ingkang adhêdhasar watak amung manah badanipun piyambak, tuwin ingkang kawoworan papenginan, manawi kita panuju tilêm tumrapipun tiyang ingkang sampun tilar [ti...]

--- 1 : 55 ---

[...lar] donya lajêng beda kawontênanipun, piyambakipun lajêng apêpanggihan kalihan kita sarta sapocapan kadi duk taksih wontên ing donya, raosing manahipun tiyang gêsang rosa sangêt dayanipun tumrap tiyang ingkang sampun tilar donya ingkang dipun trêsnani, manawi ingkang tinilar pêjah amrihatosakên têmahan ingkang tilar donya nandhang prihatos.

Kawontênan sasampuning pêjah punika warni-warni labêt sangking kathah sarta warni-warni mila manawi kacariyosna satunggal-satunggal amung badhe angêbak-êbaki papan, ewasamantên sintên ingkang kaparêng angudi bab alam astral sarta anitipariksa watakipun tiyang ingkang dados sêdyaning manah, saèstu kita badhe wuninga kawontênanipun, awit watak punika botên badhe sagêd ewah kawontênanipun ingkang jalaran sangking tilar donya, sadaya ciptanipun raosing manahipun sarta hawa napsunipun punika botên ewah kadi duk taksih gêsang, tiyang tilar donya punika babar pisan botên wontên ingkang ewah kajawi badanipun jasmani, mila bêgja cilakanipun punika amung gumantung wontên ing raosing manahipun ingkang jalaran sangking kaecalan badan jasmani (kalanipun tilar) manawi papenginanipun punika bôngsa wadhak têgêsipun manawi

--- 1 : 56 ---

sagêdipun rumaos kalêgan bilih linampahan dening badanipun jasmani, punika piyambakipun badhe nandhang botên sakeca.

Wontên ing alam astral papenginan ingkang makatên wau katingal gumêlar kadi gêtêr, mila kalanipun kita wontên ing donya botên prayogi sangêt kalimput ing papinginan awit kawontênan ingkang kasêbat ing nginggil wau tatela duk kita taksih wontên ing donya kêkathahên utawi kasêron anggèn kita makartèkakên kakiyataning gêtêr kangge angebahakên peranganing jasmani ingkang bangsaning awrat, amila kakiyataning papinginan langkung rosa ing dalêm gêsang wontên ing alam astral tinimbang kalihan wontên ing donya, manawi tiyang duk gêsangipun wontên ing donya botên angulinakakên anyêgah papinginan, ing têmbe badhe nandhang prihatos agêng sarta badhe dangu pamanggènipun wontên ing ngriku, amargi botên sagêd kalêgan-kalêgan ingkang dados papenginanipun, kados ta tiyang ingkang rêmên ngunjuk utawi ingkang gadhah pakarêman.

Manawi tiyang duk gêsangipun wontên ing donya gadhah papinginan ingkang kiyat liripun anggèning mituruti pakarêmanipun wau ngantos supe dhatêng tatakrami ingkang prayogi, thukul budinipun ingkang asor, [a...]

--- 1 : 57 ---

[...sor,] sirna wêlas asihipun dhatêng kulawarga ing têmbe wontênipun ing alam astral papinginan wau tikêl satus kakiyatanipun, ananging sarèhning badanipun jasmani sampun botên wontên mila amung manggung katagihan jalaran botên wontên pirantosipun ingkang kangge andamêl marêming katagihan, kawontênan ingkang makatên wau ingkang têtêp nami kacêmplung naraka, ananging botên wontên ingkang anyêmplungakên sarta ngukum piyambakipun angundhuh uwohing pandamêlipun piyambak, raos ingkang makatên botên badhe langgêng wontênipun ananging badhe wontên môngsakalanipun ical sasampuning anglampahi sagunging panandhang ingkang anggêgirisi, ing môngka raos ing donya sadintên saminipun ing ngriku sèwu taun, ing alam ngriku tiyang botên sagêd ametangi wanci kadi wontên ing donya, amila inggih amung kinintên-kintên miturut pangraosipun, dene sasar ingkang langgêng punika inggih punika tiyang ingkang murtat ingkang tuwuhipun sangking angekal pitêdah ingkang lêrês, sanadyan botên sami kadi ingkang sampun kajarwa ing ngajêng, ewasamantên taksih wontên têtuladan ingkang kinging minôngka katrangan inggih punika sintên tiyangipun ingkang gadhah papinginan ingkang agêng, ingkang botên kinging pinêpêr ugi badhe andadosakên siksa agêng,

--- 1 : 58 ---

tiyang ingkang botên awon kalakuanipun kados ta rêmên wuru utawi gadhah pakarêman ingkang kandêl, ananging anêngênakên kadonyan utawi manahipun amung tumungkul dhatêng kanggening ngupados pangasilan punika gêsangipun wontên ing ngrika badhe kapanduking raos ingkang anyêdhihakên sarta ribêt, awit piyambakipun botên badhe sagêd nyambut damêl kadi ingkang dados raosing manahipun, jalanjalaran. wontên ing alam astral botên wontên caranipun pados pangupajiwa, piyambakipun ugi sagêd sêsrawungan kalihan tiyang kathah ananging sanadyan makatêna mêksa botên sagêd andadosakên lêganing manah, jalaran sadaya ingkang dados tancêping manahipun botên sagêd tumindak ing dalêm alam ngriku dene ingkang sami nandhang siksa kadi ingkang kasêbat ing nginggil punika botên kathah, limrahipun manawi tiyang sampun tilar donya lajêng sakeca gêsangipun sarta rumaos bêgja, tinimbang duk gêsangipun wontên ing donya, agêng-agênging kanikmatan ingkang tinampi dening para ingkang tilar donya inggih punika rumaos mardika sarta sakeca ingkang tanpa timbang, awit botên prêlu angraosakên sandhang têdhaning anak bojo sarta botên anggadhahi sêsanggêman amila botên prêlu ribêt sarta sumêlang ingkang sabab sangking sêsanggêmanipun, awit botên [botê...]

--- 1 : 59 ---

[...n] wontên ingkang marentah sarta amisesa kajawi manahipun piyambak, kosokwangsulipun gêsanging tiyang wontên ing donya kêdah anglampahi samukawis ingkang botên dados manahipun, kêdah ngupados pangupajiwa kangge kapêrluaning anak rayat, wontên ing alam astral kita botên prêlu ngingoni anak rayat, awit sandhang têdha gumêlar angêmohi, kita botên prêlu angwontênakên griya, awit ing alam ngriku botên wontên asrêp tuwin bêntèr, punapa ingkang cinipta sakala lajêng wujud.

Wiwit alit ngantos dumugining tilar donya manungsa prasasat tansah kinunjara, luwaripun manawi kita sampun gêsang wontên ing alam ngriku sarta badhe kadumugèn ingkang dados kajêngipun, sak anggêr sanès kasênêngan utawi kanikmatan ingkang lêganipun sarana linampahan ing badan wadhag, ing dalêm alam ngriku kita badhe kadumugèn ingkang dados sênênging manah, kapara anggèn kita angraosakên kasênêngan tuwin kanikmatan raosipun tikêl tinimbang duk kita taksih kinurung ing badan wadhag, manawi satunggaling tiyang ingkang pamanggènipun manahipun alêlana ningali tingalan ingkang endah-endah, punika sagêd lêlana anjajah bawana aningali têtingalan ingkang endah sarta andamêl kacaryaning pandulu lampahipun rikat kadi [ka...]

--- 1 : 60 ---

[...di] thathit sarta botên gadhah kêsêl, manawi karêmênanipun bangsaning kagunan ing ngriku piyambakipun badhe sagêd aningali yêyasan ingkang awig pakirtyanipun angungkuli damêlanipun tiyang ingkang sampun winical langkung, manawi piyambakipun rêmên dhatêng gêndhing tiyang wau ing sapurug-purug badhe mirêngakên ungêling pradôngga ngrarangin ingkang salaminipun wontên ing alam donya dèrèng nate kapirêng, manawi piyambakipun ahli kawruh badhe sagêd puruhita dhatêng sagunging para linangkung ing dalêm donya punika sarta gampil panampining piwulang, kajawi punika piyambakipun piyambak ugi sagêd sinau sagunging kawruh ingkang pinanggih ing alam luhur wau kalayan gampil mangêrtos sarta panampinipun, dene ingkang langkung utami punika manawi tiyang kalanipun gêsang wontên ing donya rêmên korban kasaenan dhatêng samining tumitah punika badhe ingajangan wiyar tumrap gêgayuhan, utawi sêdyaning manahipun.

Sanadyan gêsanging manungsa wontên ing alam astral botên karaos luwe, asrêp sarta sakit ananging kathah ingkang bêtah kawruh, bêtah tinuntun supados manahipun dados sukci, amêrgi piyambakipun taksih binônda ing papenginan kadonyan, taksih linimput ing manah sasar sagêdipun oncat sangking kawontênan wau amung sangking

--- 1 : 61 ---

pitulungipun sarjana ingkang sampun jajah wontên ing alam ngriku, labêt sangking pitulunganing panjênênganipun têmahan piyambakipun sagêd ambedakakên ingkang langgêng sarta botên langgêng, sarta sagêd sumêrap lêpatipun samukawis ingkang ing ngajêng kinintên lêrês, dene ingkang sagêd anuntun sangking papêtêng margi ingkang pajar wau botên sanès amung sarjana ingkang sugih kawruh sarta bèrbudi rêmên dêdana.

Sasampuning tilar donya kathah sangêt tiyang ingkang lingak-linguk angambah alam ngriku sarta botên angrumaosi bilih sampun tilar donya, sawênèh wontên ingkang mangêrtos bilih sampun tilar ananging manahipun sakalangkung kêtir-kêtir awit kaèngêtan dhatêng sapudhêndha ingkang badhe dhumawah ingkang kajarwa ing dalêm piwulanging agami ingkang goroh sarta ngawur, sadaya wau prêlu kêdah linipur sarta dinunungakên ing sajatosipun dening sarjana ingkang ahli budi sarta putus ing kawruhing alam-alam, dados sampun tatela tumrap tiyang ingkang gêsangipun wontên ing donya cêkapan utawi mawa pikiran ing têmbenipun botên badhe kakirangan garapan ingkang amigunani sarta botên badhe kakirangan kônca, para ingkang sami anunggil budi tuwin nunggil raos ing têmbe badhe sagêd gêsang asêsarêngan kadi duk taksih wontên ing donya, sarta manawi piyambakipun purun angudi [angu...]

--- 1 : 62 ---

[...di] badhe sagêd anitipariksa sagunging isèn-isèning alam ingkang duk wontên ing donya botên wuninga, labêt tinutup ing mripat jasmani, ingkang limrah para ingkang sampun tilar donya wontên ing ngrikanipun sami amangun utawi andamêl papan utawi sawangan (Onngeving) piyambak-piyambak, kadi ingkang sampun kajarwa ing ngajêng alam astral punika atundha pitu, manawi pinetang sangking ingkang langkung inggil utawi alus wau pinerang dados tiga: tundha kapisan, kaping kalih tuwin kaping tiga dados saperangan, tundha kaping sakawan gangsal tuwin nênêm dados saperangan, dene ingkang dados perangan ingkang andhap piyambak inggih punika tundha ingkang kaping pitu, sanadyan saping sadaya alam wau sami tarambas-tinarambas ewasamantên kabêkta sangking watakipun jasat-jasat wau sami ngêmpal nunggil bôngsa (miturut bobotipun) sabab ingkang makatên wau jasat perangan ingkang inggil (ingkang alus) têbih dunungipun sangking ing bumi, dene perangan ingkang wadhag langkung cêlak, sanadyan satunggaling tiyang sagêd angumbara ing dalêm alam astral ananging miturut kabatosanipun (luguning kajêngipun) mêksa rêmên ubêngan ing dalêm jasat ingkang bobotipun salaras kalihan boboting badanipun astral, manawi tiyang sasampuning [sasa...]

--- 1 : 63 ---

[...mpuning] tilar donya botên angewahi pranatan panungsuning badan astralipun piyambakipun badhe sagêd anjajah ing alam astral tundha pitu, ewasamantên kathah para ingkang botên angewah liripun amung miturut pranatan ananging botên sagêd anjajah ing dalêm alam astral, mênggah ingkang dados darunanipun botên sabab wontên ingkang ngalang-alangi anggèning badhe minggah anjajah alam ingkang langkung alus utawi mandhap dhatêng alam ingkang wadhag, ananging amung kabêkta saking pangraosipun dèrèng sagêd gêsang wontên ing sagunging perangan sagêdipun gêsang sawêk wontên ing satunggiling perangan kimawon, ing ngajêng sampun kapratelakakên kadospundi mênggah kawontênaning satunggaling tiyang ingkang dumunung ing saping alam astral ingkang andhap piyambak binuntêl ing jasating alam astral ingkang sakalangkung wadhag, sarèhning jasat wau sakalangkung rapêt manawi katandhing kalihan jasat ing lapisan sanèsipun mila sasêrêpan sarta pangêrtosanipun tumrap kawontênan ing dalêm sanès-sanèsing sap kawon kalihan tiyang sanès ingkang botên dumunung ing ngriku, kabêkta sangking badan astralipun piyambak salaras bobotipun kalihan perangan ngandhap mila kapêksa piyambakipun mangandhap dumunung ing sacêlaking bumi, sajatosipun paningaling badanipun astral botên sagêd [sagê...]

--- 1 : 64 ---

[...d] andulu jasat jasmanining bumi punika, sarta kabêkta sangking watakipun piyambakipun kraos tinarik dening jasat astral ingkang wadhag, ingkang atêtimbangan utawi gêgandhengan kalihan jasat bumi ingkang aos, amila tiyang ingkang labêt sangking pandamêlipun piyambak manggèn ing sap ingkang andhap piyambak punika linimput ing papêtêng sarta pisah kalihan kancanipun ingkang sampun tilar donya ingkang manggèn ing sap langkung inggil, dene saping alam astral ingkang kasakawan, gangsal sarta nênêm ingkang limrah kambah dening tiyang kathah punika sampun adhêdhasar gadhah timbangan utawi gandhengan kalihan alam donya, mila kawontênaning gêsang kita wontên ing sap ingkang kanênêm sami kimawon kalihan duk wontên ing donya kaotipun botên mawi badambadan. jasmani sarta ingkang dados kabêtahaning badan wau, manawi minggah malih dhatêng sap ingkang kagangsal sarta kasêkawan kawontênaning gêsang kita saya tipis tumraping kawadhagan, dangu-dangu saya têbih saking donya kita ingkang asor sarta sangking kabêtahanipun.

Sanadyan sap ingkang kapisan, kaping kalih tuwin kaping tiga angèbêki sap sanès-sanèsipun ewasamantên sagêd anjalari raos saya têbih sangking ing donya, sabab ingkang makatên wau têmahan suda sambêtipun kalihan kadonyan, amila donya

--- 1 : 65 ---

sampun botên sagêd katinggal dening tiyang ingkang dumunung ing sap ngriku, sarta sampun botên gadhah papinginan dhatêng kadonyan, piyambakipun sami mêlêng maligi angèngêti dhatêng pribadinipun, dene sadaya kawontênan sarta sêsawangan ing sakiwa-têngênipun têgêsipun samukawis ingkang tiningalan sarta ingkang kalêbêt manahipun (Omgeving) punika damêlanipun piyambak asarana ciptanipun, ananging sadaya wau wontên wujudipun sarta kasatmata dening têtiyang ingkang sami dumunung ing sangriku mila para waspada ing tingal ugi sagêd mirsa.

Miturut kawruh sipiritismesêpiritismê. (ngèlmi prewangan) alam wau winastan alam sritanêm, tiyang tilar donya ingkang dumunung ing alam ngriku sami angadêgakên griya pamulangan tuwin nagari asarana kakiyataning cipta, sanadyan kawontênan utawi sawangan (Ongwing) wau tumrap paningal kita amung gagasan (denkbeeldig) ananging tumrapipun para ingkang dumunung ing alam ngriku rumaosipun wontên yêktos, botên beda kadi panganggêp kita dhatêng kawontênaning mêsjid, griya-griya gêdhong, candhi tuwin greja ing donya punika, piyambakipun sami gêsang sênêng ing dalêm pintên-pintên taun wontên antawising dêdamêlaning ciptanipun, ing antawising gananing cipta wau wontên ingkang pèni sarta andamêl rêsêping pandulu kados ta: talaga ingkang

--- 1 : 66 ---

toyanipun wêning, rêdi agêng asri dinulu, patamanan ingkang sakalangkung endah, sadaya wau langkung sae manawi katandhing kalihan kawontênan ing donya, kosok wangsulipun para linangkung inggih punika para sarjana ingkang sampun sinau sagêd anyatakakên kasunyataning samukawis asring amrangguli rêrupan ingkang elok-elok kados ta: pakartinipun tiyang ingkang dèrèng lêbda panampinipun tumrap babaganing kawruh kasampurnan (ngèlmu) ing ngriku piyambakipun sami amujudakên sarana cipta kadospundi panampinipun tumrap sagunging prasêmoning kawruh kasunyatan ingkang kacêtha ing dalêm kitab sukci (sami angraosakên piwulang ingkang kocap ing kitab sukci sarta kadospundi panampinipun mênggah piwulang wau) wontên sawênèhing tiyang tani ingkang taksih bodho anyipta satunggaling kewan ingkang mripatipun kathah sami tumèmplèk ing badanipun utawi anyipta sagantên sangking kaca utawi latu, sanadyan wêwangunaning cipta wau sakalangkung anèh ewasamantên kadadosakên karênanipun ingkang anggôntha, ing dalêm alam kewani wau sakalangkung kathah rêrupan sarta wêwangunan ingkang dinamêl dening cipta, wontên ingkang awujud tiyang, wujud griya, kitha sapiturutipun, labêt sangking anggagas ingkang dados piandêlipun sawarnining tiyang

--- 1 : 67 ---

ingkang sami nglampahi satunggaling agami wontên ing alam ngriku sami sagêd pinanggih awêwentehan kalihan ingkang dados pêpundhènipun punapadene rumaos dumunung ing dalêm sawarga kadidene piandêlipun, piyambakipun sami asuka-suka ing dalêm panggenan ingkang dinadosakên dening ciptanipun ngantos titimôngsa pindhahipun dhatêng alam pikiran, inggih punika satunggaling alam ingkang sampun anyêlaki dhatêng ing kajatèn.

Sujalma limrah ingkang sami angewahi pranataning badan astral kadi ingkang sampun kajarwa ing ngajêng punika sadaya sami anglangkungi sagunging sap-sapaning alam astral ananging kalanipun piyambakipun langkung utawi manggèn ing ngriku botên kraos, badan astralipun tiyang wau mung kacampuran jasat sangking sap ingkang asor sakêdhik, mila botên sagêd anyêkapi kinarya kulit ingkang kandêl, manawi tiyang angewahi pranatan jasat ingkang wadhag lajêng dumunung wontên ing jawi (dados kulit) sabab ingkang makatên wau manawi tiyang cêkapan, botên awon sarta botên sae kalakuanipun angewahi pranataning badan astral ingkang dados kulit jasating sap ingkang kanênêm campur kalihan jasat lapis kapitu sakêdhik mila piyambakipun sagêd wuninga gandhengan utawi rakitaning alam jasmani.

--- 1 : 68 ---

Manungsa sajati tansah mundur sumêja angoncati wangsul dhatêng ajal kamulanipun, mila tansah anilar satunggal-tunggaling sapipun alam astral, dene enggal dangunipun pamanggèning tiyang wontên ing satunggal-tunggaling sap punika amung gumantung sapintên kandêl tipisipun jasating sap wau ingkang dumunung ing sariranipun, kandêl tipising jasat ing sariranipun gumantung kalihan awon saening gêsangipun duk wontên ing donya, inggih punika dumunung wontên anggèning nuruti papinginan kalanipun wontên ing donya, awit satunggal-tunggaling papinginan punika kawawa anarik jasat ingkang dados badan astral (badan papinginan) tiyang tilar donya ingkang manggèn ing sap kanênêm punika taksih ubêngan wontên ing panggenan kalanipun gêsang sarta taksih angrumaosi sêsrawungan kalihan kancanipun gêsang, manawi sampun sawatawis dangunipun sawangan sarta pangraosipun ingkang makatên punika saya suda têgêsipun dunya lajêng katingal lamat-lamat sarta pisah kalihan kancanipun gêsang, ing ngriku piyambakipun katuwuhan ancas sanès inggih punika ngangkah andamêl papan panggenan ingkang salaras kalihan cipta utawi gêgayuhanipun ing wêgdal punika, labêt sangking uwohing gêgayuhanipun manawi piyambakipun sampun ngancas ing sap ingkang katiga, ing ngriku piyambakipun [piyamba...]

--- 1 : 69 ---

[...kipun] lajêng uwal sangking têtingalaning astral ingkang wadhag-wadhag, sap ingkang kaping kalih punika radi suda wadhagipun tinimbang sap ingkang kaping tiga, inggih alam punika (sap ingkang kaping kalih) kaswarganipun para ingkang sami anyungkêmi agami ingkang botên mangêrtos dhatêng kasunyatanipun, dene sap ingkang kaping tiga punika winastan nagari sri tanêm inggih padununganing para sêpiritisme (prewangan) mênggah sap ingkang kapisan inggih punika ingkang luhur piyambak punika dados padununganipun manungsa ingkang kala gêsangipun rêmên olah pangawikan, botên kangge ginaning ngakathah ananging kangge kaprêluanipun pribadi, utawi amung angangkah murih sugih kawruh sarta tajêming utêk, wontên ing alam ngriku sadaya tiyang wau sami rumaos mulya sampurna botên kirang satunggal punapa, sarta ing têmbe manawi minggah satataran malih piyambakipun badhe mangêrtos bilih piyambakipun minggah ing alam ingkang langkung luhur sarta sumêrêp bilih wiwaraning alam ingkang langkung luhur katingal mênga.

Têtiyang ingkang nunggil bôngsa sarta ingkang nunggil tekad gêsangipun wontên ing alam kewani sami anyungkêmi tekatipun piyambak-piyambak botên beda kadi duk gêsangipun wontên ing donya, upaminipun makatên: para ingkang anglampahi agami ingkang ngangkah utawi anggayuh [ang...]

--- 1 : 70 ---

[...gayuh] ujuding kaswargan kadi kawontênanipun ing donya punika botên pisan-pisan purun opèn dhatêng para ingkang anglampahi agami sanès ingkang beda pamanggihipun tumrap kanikmatan sawarga, ing alam ngriku botên wontên ingkang amakèwêdi, saupami tiyang Kristên badhe lumêbêt ing kaswarganipun tiyang Islam utawi Budda, ananging piyambakipun sami botên purun lêbêt-linêbêtan awit kabêtahan tuwin kasênênganipun amung sagêd pinanggih ing dalêm kasuwarganipun piyambak, amargi wontên ing ngriku sagêd asêsrawungan kalihan mitra-mitranipun ingkang nunggil tekad, sajatosipun punika sanès kaswargan sajati kadi ingkang kocap ing dalêm satunggal-tunggaling agami, ananging amung saking pangraosipun tiyang sasar, sarta kalèntu idhêpipun rumaos bilih punika sawarga, dene sajatosing sawarga ing têmbe badhe sagêd pinanggih bilih kita sampun dumugi ing alam dhewacan.

Manawi tiyang tilar donya botên gadhah kajêng angewahi pranatan panungsuning badan kewani saèstu badhe sagêd anjajah sadaya alam astral tanpa pakèwêd sarta sagêd aniti pariksa isèn-isèning alam wau sadaya, ananging ingkang angewahi pranataning panungsun amung sagêd sumêrêp ing dalêm saperangan kimawon.

--- 1 : 71 ---

Alam astral punika anggalodhag botên sêsak kadi alam donya punapadene titah ingkang dumunung ing alam ngriku botên kathah manawi katimbang kalihan ngalam donya, awit gêsanging titah ingkang wontên ing ngriku ingkang kathah botên dangu kadi gêsang ing donya, awit ingkang manggèn ing alam kewani punika botên angêmungakên tiyang ingkang tilar donya ananging ugi tiyang ing donya ingkang pinuju tilêm sami anilar badanipun wadhag, sadangunipun tilêm tiyang wau sami gêsang wontên ing alam astral, cacahipun tiyang ingkang gêsang ing alam astral amung sawatawis môngsa wau botên sakêdhik, kirang langkung sapratiganing tiyang ing donya punika, ing alam ngriku botên angêmungakên dinunungan manungsa ananging ugi sanès bangsaning manungsa ingkang cacahipun botên sakêdhik, sawênèh kamajênganipun ngungkuli manungsa ananging wontên ugi ingkang sangandhaping manungsa dene bangsaning jim punika kathah sangêt cacahipun sarta saperangan agêng ugi manggèn ing alam kewani, sarèhning saperangan saking jim wau wontên ingkang gadhah badan jasmani perangan etêr (badan etêring jasmani) mila piyambakipun ugi sami dêdunung ing ngalam donya ananging botên kasatmata ing mripat limrah, ewasamantên wontên môngsakalanipun manungsa sagêd wuninga piyambakipun, dene kayanganipun pêri prayangan [prayang...]

--- 1 : 72 ---

[...an] wau wontên ing rêdi, kajêng aèng, papan ingkang wingit sarta ing siti sangar, piyambakipun wau sagêd mancala putra mancala putri, ananging kasênênganipun malih rupi tiyang cebol, sarèhning titah wau dèrèng awujud miyambak-miyambak mila kinging kaanggêp kewani alam kewani sarta kewan ingkang taksih abadan etêr, titah wau wontên ugi ingkang sampun kadunungan akal budi kadi manungsa ingkang cêkapan, mênggah kawontênanipun botên têbih kadi kawontênan kita inggih punika gadhah kulawarga sarta pinerang dados pintên-pintên bôngsa, dene perangan ingkang agêng inggih punika bangsaning jim ingkang manggèn ing toya, ing latu, ing siti sarta ing ngawang-awang, bangsaning jim sakawan wau amung jim ingkang manggèn ing ngawang-awang ingkang adêdunung ing alam astral, sarèhning cacahipun kathah sangêt mila angèbêki alam astral.

Kajawi sangking punika alam astral ugi dados padununganing para malaikat, tiyang Hindhu amastani dewa, mênggah drajating kadiwasan langkung luhur tinimbang manungsa, para dewa ingkang darajating kamajênganipun asor piyambak punika manggèn ing alam astral, ingkang winastan dewa ingkang darajatipun asor piyambak punika saminipun manungsa ingkang sae kalakuanipun, ingkang dados isèn-isèning cakrawala [cakrawa...]

--- 1 : 73 ---

[...la] punika botên angêmungakên manungsa kimawon ananging taksih wontên titah sanès sarta ingkang darajatipun langkung luhur, makatên ugi tumrap garis lampahing kamajêngan, botên angêmungakên garis lampahing kamajêngan kita kimawon ananging wontên garis lampahing kamajênganing manungsa, sanadyan piyambakipun wau kêdah anglangkungi tataraning kamajêngan ingkang salaras kalihan tataraning kamajêngan ingkang tinurut ing manungsa lampahing ajêngipun para dewa ingkang nurut garisipun piyambak wau ugi sampun kathah ingkang sagêd dumugi tataran ingkang inggil, sarèhning kita dèrèng sapintêna ajêngipun mila ing dalêm darajating kamajêngan kita sapunika, kita dèrèng sagêd asêsrawungan kalihan para dewa, ananging manawi darajating kamajêngan kita sampun inggil sampun tamtu sagêd apêpanggihan kalihan para dewa.

Sanès ingkang kula cariyosakên, manawi pangraosing manah ingkang asor têgêsipun manawi watak kita ingkang adhêdhasar amung mikangsalakên slira piyambak sampun sirna ing ngriku dumugi pungkasaning gêsang ing dalêm alam astral, sasampuning ego (manungsa sajati utawi ingsun) anyèlèhakên badan astral lajêng lumêbêt ing alam [a...]

--- 1 : 74 ---

[...lam] dhewacan (Verstandelijke wereld) têmbung malêbêt ing alam rohani wau sampun katampi pindhah panggenan ananging namung kawontênan awit ego (manungsa sajati) sampun dangu tansah mundur nêdya angoncati jasat kewani ingkang wadhag dumugi alus, ing mangke sagêd kalampahan têmahan raos-pangraosipun sapunika amung mêlêng gumolong dhatêng alam dhewacan, sanadyan badanipun astral sampun wiwit luluh ananging dèrèng sagêd luluh utawi uwal sadaya, ing mangke badan astral sampun kasèlèhakên utawi sampun dados jisim kadidene duk anyèlèhakên badan wadhag, anggèning manungsa sajati nyèlèhakên badan wadhag kalihan astral punika cara sarta trap-trapanipun botên sami, amila prêlu kêdah dipun wuningani bedanipun, manawi tiyang anilar badanipun jasmani punika sagêd pisah babar pisan ananging tumraping badan kewani ingkang sakalangkung lêmbat wau botên sagêd sah yêktos kadi kawontênaning badan jasmani, awit tumrapipun tiyang cêkapan jasad kewani wau duk gêsangipun sampun rumasuk ing badan, têgêsipun hawa napsunipun punika sampun dados êrah, amila kalanipun manungsa oncat sangking badan wau sarta amarkati ing dalêm alam, ental botên sagêd rêsik mêksa taksih wontên saperangan ingkang lumèngkèt [lumèng...]

--- 1 : 75 ---

[...kèt] ing badan astral, saperangan ingkang lumèngkèt badan kewani wau lajêng kawawa anggêsangi, têmahan badan kewani ingkang sampun kasèlèhakên (ingkang sampun pêjah) taksih sagêd amakarti wontên ing alam ngriku, sarèhning raos utawi gêsang ingkang dumunung ing dalêm badan wau lakar saperangan sangking tiyang ingkang sampun lumêbêt ing alam rohani mila sampun lêrês kimawon manawi watak sarta lagehanipun botên siwah kadi tiyang wau sarta ngakên bilih piyambakipun punika sanès tiyang sanès, mila tumrap tiyang ingkang dèrèng kathah sêsêrêpanipun lajêng ngintên bilih punika tiyang ingkang dados sêdyaning manahipun (ingkang sinêdya) sayêktosipun inggih makatên ananging sarèhning ingkang anggêsangi badanipun astral amung peranganipun mila botên jangkêp kawontênanipun kathah ingkang sampun cèwèt, ingkang taksih jangkêp amung èngêtipun inggih punika piyambakipun taksih èngêt bilih pun Suta, para sêpiritismê asring sangêt sagêd asêsrawungan kalihan tiyang pêjah ingkang makatên kawontênanipun mila piyambakipun gumun sangêt dening sasampuning tilar donya pun Suta wau sakalangkung sarwa mundur kawontênanipun, titah ingkang botên jangkêp kawontênanipun wau limrahipun kita wastani hantu, manawi sampun dumugi titimangsanipun saperangan sangking raos wau [wa...]

--- 1 : 76 ---

[...u] badhe angoncati badan astral ananging botên wangsul dhatêng manungsa sajati, sasampuning badan astral tinilar dening ingkang anggêsangi ugi taksih wujudipun sarta winastan kulit, ananging sampun botên sagêd makarti sarta botên sagêd agêgathukan kalihan para sêpiritismê, sanadyan kulit wau sampun tanpa daya ewasamantên sarèhning sêring kaangge dening jim amila taksih sagêd sêsrawungan kalihan para sêpiritismê sarta wujud nyamlêng kadi pun Suta jalaran jim ingkang ngangge kurungan wau sagêd anggêsangakên kêkantunan utawi tabêting wujud sarta èngêtan ingkang taksih kantun ing badan astral.

Manawi tiyang tilêm manungsa sajati manjing ing alam astral sarta anilar badanipun wadhag, ananging manawi tiyang wau tilar donya badanipun latip (badan jasmani ingkang perangan etêr) kabêkta, amila kalanipun piyambakipun oncat sangking perangan wau botên kraos (supe) badan latip (etherische dubbel) punika sanès têtumpakan sarta botên kinging pinedahakên kadi tumpakan, mila manawi tiyang linimput dening badan latip botên sagêd makarti ing dalêm donya utawi ing astral dados dumunung ing antawising donya kalihan astral, sasampuning tilar donya uwaling manungsa sangking panglimputing [pa...]

--- 1 : 77 ---

[...nglimputing] etherische dubbel botên sami, wontên ingkang amung sawêtawis mênit sawênèh sawatawis jam ananging wontên ingkang ngantos sawatawis dintên utawi minggu. Manawi tiyang sampun sagêd oncat sangking panglimputing badan latip dèrèng kinging katêmtokakên bilih piyambakipun lajêng tangi pangraosipun ing dalêm alam astral awit taksih katitipan jasat kewani ingkang wadhag ingkang têmahanipun dados kulit abungkus badanipun, ananging dèrèng kinging tinamtokakên bilih tiyang wau amedahakên jasat ingkang wadhag wau, sanadyan jasat ingkang wadhag wau dados kulit ananging manawi kala gêsangipun manah sarta kalakuanipun sae têgêsipun botên nate amedahakên wataking jasat ingkang wadhag sarta gêtêripun botên purun amangsuli dhatêng gêtêring jasat wadhag sampun tamtu piyambakipun botên badhe kapitunan ingkang sangking pandamêling kulit wau sadangunipun kulit wau dèrèng luluh sampun tamtu kimawon piyambakipun dèrèng sagêd tangi pangraosipun wontên ing alam astral, ananging sarèhning piyambakipun botên kulina amedahakên jasat ingkang samantên wadhagipun mila dangu-dangu lajêng luluh piyambak lajêng sinantunan jasat ingkang kulina pinedahakên kalanipun taksih gêsang, sanadyan piyambakipun binalêbêd ing kulit ingkang kandêl ewasamantên [ewasamantê...]

--- 1 : 78 ---

[...n] botên têmtu rapêt yêktos jalaran sanadyan sapintên kandêl sarta rapêting bungkus ewasamantên mêksa taksih kinging binrobosan utawi tinarambas dening jasat ingkang langkung alus, sabab ingkang makatên wau anjalari manungsa ingkang winarôngka ing dalêm kulit wau sagêd anginguk padunungan ingkang dipun ênggèni.

Sawênèhing tiyang wontên ingkang trêsna sangêt kalihan badanipun jasmani ngantos anindakakên sakathahing rekadaya supados badan jasmani sampun ngantos pisah kalihan badan latip (etherische dubbel) sêdyanipun ingkang makatên wau ugi sagêd kalêksanan ananging mawi sangsara, tiyang ingkang makatên wau lajêng gêsang wontên ing alam antawis piyambakipun mêdal ing sajawining alam donya tuwin astral sarta kinubêng ing ampak-ampak klawu, sabab ingkang makatên wau samukawis isining donya katingal rêmêng-rêmêng tanpa warni, tiyang ingkang dumunung ing alam antawis wau sakalangkung nandhang sangsara ananging kêkah manahipun botên purun angêculakên badan latip (etherische dubbel) (botên purun pêjah) amêrgi piyambakipun angintên bilih punika satunggaling tangsul ingkang anjalari sagêdipun agêgandhengan kalihan alam donya ingkang sampun dipun wuningani sarta dipun trêsnani, labêt sangking katutup ing alam kalih, têmahan [tê...]

--- 1 : 79 ---

[...mahan] piyambakipun sêdhih kingkin angumbara sapurug-purug kadi kinjêng tanpa soca, kabêkta sangking kêsêl anggèning anggondhèli badan latip dangu-dangu sagêd uwal saking gondhelanipun têmahan manjing ing alam astral, ing ngriku piyambakipun rumaos bêgja tinimbang kalihan kawontênanipun ingkang sampun kapêngkêr.

Amargi saking judhêging manah tiyang ingkang dumunung ing alam antawis wau amutatuli sacandhak-candhakipun lajêng anyêrapi tiyang ingkang manahipun suwung utawi manjing ing kewan, papa cintraka ingkang makatên wau jalaranipun amung sangking kabodhoan, mila tiyang ingkang sampun lêbda dhatêng anggêr-anggêring pêjah tuwin gêsang botên badhe nandhang makatên, manawi sampun pêjah ing dalêm alam astral pangraosipun lajêng gêsang ing dalêm alam dhewacan, ananging kawontênanipun beda kalihan para sarjana ingkang sampun sidik paningalipun sarta sagêd manjing ing alam punapadene sugêng tuwin makarti kadidene wontên ing alam astral tuwin donya.

Tiyang ingkang kawical cêkapan duk kala gêsangipun linimput ing gananing cipta rupi-rupi, gagasan ingkang kirang prêlu sarta botên kalêbêt ing manah punika lajêng tumuntên ical tanpa labêt ananging cipta ingkang prêlu ingkang kalêbêt ing manah punika ing salaminipun botên [botê...]

--- 1 : 80 ---

[...n] sagêd ical, kapara saya dangu saya wêwah santosa, dene cipta ingkang adhêdhasar mikangsalakên dhiri pribadi punika sampun luluh duk wontên ing alam astral ananging cipta ingkang dhasaripun dhatêng kautamèn sarta wêlas asih sumêja têtulung punika dados gadhahanipun badan mental, mila manawi piyambakipun manjing ing alam mental, sagêd angraosakên kawontênaning alam wau, ananging kathah sakêdhikipun amung gumantung ing kandêl tipising watak sih sumêja têtulung, badanipun mental têtela dèrèng paja-paja sampurna, ananging ciptanipun ingkang dhatêng kautamèn wêlas asih punika ingkang sagêd amakarti ing dalêm alam ngriku, mila sasampunipun pêjah ingkang kaping kalih (sasampuning tilar wontên ing alam astral) lajêng kraos nikmat tuwin manpangat rumaos gêsang sampurna tanpa pêpindhan ngantos piyambakipun botên gadhah pangangkah sanèsipun kajawi amung gêsang ingkang kados makatên, raos nikmat sarta munpangat ingkang makatên wau kadarbe dening para ingkang gêsang wontên ing alam-alam ingkang luhur, dawêgsawêg. gêsang wontên ing alam astral kimawon kita sampun angraosakên bêgja ingkang ing donya botên wontên pêpindhanipun, langkung malih gêsang wontên ing kasuwargan langkung mulya sarta bêgja tinimbang wontên ing alam astral, pêpindhaning kabêgjan sarta [sar...]

--- 1 : 81 ---

[...ta] kamulyan ingkang pinanggih ing alam ngriku botên wontên sagêd pinanggih ing alam astral, sabên tiyang minggah ing alam ingkang langkung luhur sampun tamtu lajêng antuk kanikmatan ingkang langkung tinimbang kanikmataning alam sangandhapipun, botên angêmungakên tambahing kanikmatan ananging ugi antuk tambahing kawicaksanan sarta wiyaring pandulu, duk kita gêsang wontên ing donya ribut ngalèr-ngidul anindakakên pakaryan sarta angrumaosi bilih sampun amumpuni ing guna pangawikan, ananging manawi kita sampun gêsang wontên ing alam kewani ing ngriku lajêng wuninga bilih duk gêsang kita wontên ing donya kawontênanipun amung kadi ulêr ingkang badhe dados kupu, sasêrapanipun botên badhe mlangkah sangking êron ingkang dipun panggèni, wangsul sapunika sampun dados kupu sampun tamtu langkung wiyar jajahanipun sagêd mibêr ing sapurug-purug kalihan suka pirênaning manah, sanadyan mênggahing kintên-kintên elok manawi wontên gêsang ingkang langkung sangking sapunika, ananging manawi sampun dumugi mangsanipun kita manjing ing alam kasuwargan ing ngriku kita badhe tuwuh kapitadosan kita bilih têmên wontên kabêgjan tuwin kanikmatan ingkang botên kinging kita ukur sangking ing kanikmataning alam astral, awit panggêsangan ing dalêm alam dhewacan langkung mulya tuwin sampurna ingkang pêpindhanipun [pêpindhanipu...]

--- 1 : 82 ---

[...n] botên sagêd pinanggih ing alam kewani, sanadyan makatên kawontênanipun ewasamantên taksih wontên malih ingkang angungkuli inggih punika manawi kita sagêd manjing ing alam ilhami (alam buddhi) panggêsangan ing alam mental manawi kajèjèr kalihan panggêsangan ing dalêm alam ilham mila lajêng surêm tanpa cahya, pindha wulan kasunaryan surya.

Kawontênan kita wontên ing alam dhewacan punika beda kalihan wontên ing alam astral, awit wontên ing alam astral kita ngangge badan ingkang kulina kita angge kalanipun kita tilêm ananging têtumpakan ingkang kita angge ing dalêm alam dhewacan punika dèrèng nate kita angge punapadene badan wau dèrèng diwasa, amila têtumpakan wau botên sagêd amitulungi kangge anjajah ing alam ngriku, kapara anjalari netra kita katutup botên sagêd wuninga sêsawangan ingkang dumunung ing alam dhewacan, watak kita ingkang asor sampun sirna binasmi ing latu naraka, ingkang kantun amung cipta kita duk wontên ing donya ingkang sukci luhur, wêlas asih sarta rêmên têtulung, cipta ingkang makatên wau angêmuli kita dados kulit, sangking pitulunganing cipta utami ingkang dados kulit wau kita sagêd anampèni gêtêripun jasat ing alam ingkang luhur [lu...]

--- 1 : 83 ---

[...hur] wau, têmahan kita sagêd angraosakên kanikmataning suwarga, labêt sangking dayaning cipta utami ingkang anglimputi, ing ngriku kita wuninga bilih wontên gêdhong pasimpênaning kanikmatan tanpa wicalan kathahipun ingkang dados pêpintan kita, kita kinging angalap kanikmatan wau miturut sapintên kakiyataning cipta kita ingkang utami awit ing dalêm kasuwargan wau wontên kodratullah ingkang tanpa upami ingkang pinintakakên dhatêng sagunging jiwa (roh) sapintên anggèning jiwa badhe sagêd anampi punika amung gumantung wontên ing kakiyatanipun (kasukciyanipun)

Dene ingkang sagêd anampèni sagunging kakiyatan ingkang sangking kodratullah ingkang kalihan sampurna punika amung para linangkung ingkang sampun makriphat, ingkang sampun asarira bathara têgêsipun ingkang sampun nunggil kawontênan, Gusti inggih kawula kawula inggih Gusti, sarèhning drajating kasukcian kita dèrèng samantên amargi sawêg lumampah dèrèng wontên ingkang sagêd antuk kanikmatan ingkang sampurna wau, nanging amargi punika wau lakar dados sawangan kita dados manawi lêlabêtan kita ingkang sampun kapêngkêr sampun mungguh tumrap anampèni kanikmatan wau saèstu badhe dados darbèk kita, kalangkunganing manungsa punika botên sami sarta botên kinging kintên-kintên, [ki...]

--- 1 : 84 ---

[...ntên-kintên,] ujaring paribasanipun tiyang tanah wetan makatên: sadaya manungsa sami ambêkta gêlas pangunjukanipun piyambak-piyambak: gêlas pangunjukan wau botên sami wontên ingkang agêng wontên ingkang alit ananging sadaya wau sami kêbak isi kanikmatan awit samodra kanikmatan mêncêp-mêncêp kêbak isi kanikmatan anyêkapi kangge sadaya manungsa, sagêdipun kita angungak kanikmatan wau amung sangking lomponganing candhela yasan kita piyambak, inggih punika cipta kita ingkang sukci ingkang sampun kajarwa ing ngajêng, cipta wau ingkang sagêd anjalari kita sagêd asêsambêtan kalihan kakiyatan utawi satunggaling panguwaos ingkang dumunung wontên ing jawi, dados manawi duk gêsang kita wontên ing donya tansah anêngênakên dhatêng kadonyan punika, têgêsipun botên kathah anggèn kita andamêl candhela ingkang dados margining kamulyan luhur anggèning anyoroti kita, ananging sanadyan tiyang ingkang taksih asor sangêt watakipun ewasamantên sampun têmtu nate kadunungan cipta utawi raos sukci sarta bêkti ingkang dados sarana pambikaking candhela, mila tumrapipun tiyang wontên ing alam dhewacan botên sagêd nambut pakaryan ingkang winical pêrlu, awit piyambakipun ing dalêm alam ngriku sajak sarwa kidhung sarta [sar...]

--- 1 : 85 ---

[...ta] sarwa tuna dungkap, punapadene gêsanging pangraos tuwin sawanganipun botên sagêd bablas.

Ing dalêm alam ngriku piyambakipun punika dumunung wontên ing antawising titah ingkang sampun sukci sarta kawasa kadidene para dewa, sadaya wau sampun tipis sangêt pangraosipun tumrap krêntêg sarta gagasaning tiyang (gevoelig) sarta dhangan sangêt amangsuli punapa ingkang dados gagasan-gagasaning tiyang, sapintên anggèn kita sagêd angundhuh kanikmatan ing dalêm alam ngriku punika amung gumantung ing alam kita (kasukcian kita duk wontên ing donya) awit cipta sarta gagasan amung sagêd makarti urut ancêr-ancêr utawi garis ingkang sampun tinamtu sarta botên sagêd sakala andamêl garis enggal, ananging cipta ingkang luhur sagêd amakarti sarta ebah dhatêng ing pundi-pundi wontên ingkang tumuju dhatêng tiyang wontên ingkang botên, ingkang kaewokakên têlênging cipta ingkang botên tumuju dhatêng tiyang punika cipta dhatêng kagunan, dhatêng gêndhing sarta darsana (filosofie) mila tiyang ingkang manggèning manahipun tumuju dhatêng salah satunggil sangking tigang prakawis wau wontênipun ing alam dhewacan antuk kanikmatan ingkang tanpa sisihan sarta badhe antuk kawruh ingkang tanpa watês, sapintên kathahipun pangangsu kita kawruh sarta [sar...]

--- 1 : 86 ---

[...ta] sapintên agênging kanikmatan ingkang badhe kita tampi punika amung gumantung wontên ing kakiyatan kita.

Sawênèhing tiyang luhuring ciptanipun tumuju dhatêng wêlas asih sarta bakti, manawi satunggaling tiyang asih sawêg dhatêng mitranipun utawi bakti dhatêng Pangeran (persoonlijke Godheid) ing ngriku mitra tuwin Pangeran lajêng gumana ing dalêm ciptanipun sarta kawawa anarik utawi anjujugakên dhatêng ing kasuwargan jêr jasat wau lakar sangking ing ngriku pinangkanipun, cobi kula badhe andamêl upami bab kawontênaning sih wau, ingkang ngantos amujudakên gambaripun ingkang dipun sihi punika satunggaling kakiyatan ingkang rosa, saking rosanipun ngantos sagêd dumugi sarta andayani mitranipun ingkang dumunung ing alam dhewacan, ing môngka mênggah sajatosipun mitra tuwin ingkang dipun sihi punika manungsanipun sajati, sanès badanipun wadhag ingkang anjalari manungsa sajati kirang bablasipun, manawi manungsa sajati nampèni gêtêring mitranipun ingkang asih wau sakala lajêng têtimbangan akanthi suka pirênaning manah sarta lajêng manjing ing dalêm wêwangunan ingkang cinipta dening mitranipun, asarana lampah ingkang makatên para ingkang tilar donya sagêd pêpanggihan kalihan mitra karuhipun sarta anggèning atêtunggilan [atê...]

--- 1 : 87 ---

[...tunggilan] tuwin sih-sinihan langkung pakangsal tinimbang duk sami asêsrawungan wontên ing donya, amila tumraping mêmitran punika sanadyan taksih gêsang utawi sampun tilar donya botên wontên bedanipun awit tumanduking osik utawi raosing manah punika botên dhatêng peranganing mitranipun ingkang winarungku ing badan jasmani, ananging tumanduk dhatêng manungsanipun sajati ingkang dumunung ing alam dhewacan sarta ingkang mêsthi lajêng amangsuli osik sarta raosing manah wau, sanadyan tiyang ingkang darbe mitra satus ewasamantên sami sanalika sagêd animbangi asihing mitra satus wau kanthi sampurna, awit sanadyan pintên kathahing mitranipun ingkang dumunung ing alam ingkang asor ewadene botên badhe sagêd andamêl sudaning kalangkunganing manungsa sajati ingkang tanpa timbang, sabab ingkang makatên wau sadaya para ingkang sugêng ing kaswargan sami gêsang sêsarêngan kalihan mitranipun sarta sadaya wau sami rumaos bêgja tuwin sênêng awit wujuding mitranipun wau piyambakipun piyambak ingkang anggôntha sarta ing mangke kalampahan gêsang asêsarêngan, wontên ing donya ingkang sarwa kirang sampurna punika amargi kaling-kalingan ing kawadhagan kita botên sagêd bablas pamawas kita dhatêng sajatining mêmitran, ananging manawi kita sampun sagêd anggayuh kaswargan [kaswarga...]

--- 1 : 88 ---

[...n] ing ngriku kita badhe antuk pasaksèn bilih sajatosipun anggèn kita mêmitran wontên ing alam kaswargan langkung sampurna sarta langkung supêkêt tinimbang duk wontên ing donya, makatên ugi tumrap ing bakti, tiyang ingkang dumunung ing dhewacan kaot kalih tataran langkung parêk kalayan ingkang binêktènan tinimbang kala gêsang ing kadhewacan, sabab ingkang makatên wau mila pamanggihipun saya luhur sarta sampurna.

Ing alam dhewacan ugi pinerang dados pitung sap kadidene alam astral, perangan satunggal, kalih sarta tiga punika padununganing manungsa sajati angangge badan jalaran dados badanipun mental, dumados sangking jasating sap kasakawan gangsal nêm tuwin pitu, inggih sakawan perangan wau ingkang winastan suwarga.

Kawontênaning manungsa ing alam ngriku botên pindhah-pindhah sangking sap satunggal dhatêng satunggalipun kadidene kawontênaning alam astral awit ing alam ngriku botên wontên kawontênan ingkang mèmpêr sacaraning nungsun jasat kadi wontên ing alam astral, ananging piyambakipun tinarik dening daya panggèndènging sap ingkang kawontênanipun salaras kalihan darajating kamajênganipun tiyang wau, inggih ing sap ngriku dununging kasuwarganipun, sarèhning kawontênan kita punika sayêktosipun [sayê...]

--- 1 : 89 ---

[...ktosipun] kita piyambak ingkang andamêl, amila wontênipun ing alam ngriku botên sami sakalangkung beda-beda kawontênanipun.

Kinging kita wastani nalika ing perangan ingkang andhap piyambak punika dados tatêngêring sih ingkang botên kawoworan pamrih tumrap kulawarga, amargi saupami taksih kawoworan watak amikangsalakên awakipun piyambak sampun tamtu botên kinging adêdunung ing ngriku, watak ingkang makatên wau tamtu sampun sirna wontên ing alam astral, mênggah lapis ingkang kaping nênêm kinging tinêmbungakên minôngka tôndhaning bakti dhatêng Pangeran, dene lapis ingkang kagangsal minôngka panggenaning bakti ingkang winujudakên asarana kêdah anêdahakên pandamêl ingkang prayogi, dados perangan kagangsal, nênêm sarta pitu panggenaning bakti dhatêng tiyang dhatêng kulawarga (mitra sarta dhatêng Allah ingkang maujud) dene raos bakti dhatêng sagunging kamanungsan punika wontên ing perangan kasakawan, mênggah wujuding raos bakti dhatêng sagunging kamanungsan punika warni-warni nanging kinging riningkês dados sakawan golongan inggih punika angudi kawruh kasampurnan ingkang sêpên sangking pamrih, bab sadarsana ingkang inggil utawi sagunging kawruh-kawruh bab ngarang utawi angudi kagunan ingkang linuhung

--- 1 : 90 ---

kados ta bab gambar, gêndhing sapiturutipun ingkang sêpên pamrih tuwin anindaki pakaryan ingkang awit saking anglampahi ayahaning Gusti (ingkang kawit sangking prentahing kawajiban).

Kawuningana sanadyan gêsang ing dalêm suwarga ugi wontên wêkasanipun, manawi sampun dumugi titi mangsanipun badan mental ugi lajêng kasèlèhakên kadi badan sanès-sanèsipun, salajêngipun manungsa jati sampun angrasuk badan wau sampun tanpa aling-aling sarta sampun tanpa candhela awit sampun dumunung ing papanipun piyambak, ananging ingkang kathah wontênipun ing alam ingkang luhur wau sami botên sagêd tangi pangraosipun labêt sangking dèrèng diwasa, kawontênaning wontên ing alam ngriku kadi kawontênanipun tiyang supêna, kabêkta sangking dèrèng diwasa mila sakêdhik sangêt sasêrêpanipun, sanadyan amung sakadhiksakêdhik. sumêrapipun kawontênaning alam ngriku ananging punika kawontênan ingkang tulèn.

Ing têmbe manawi piyambakipun gêsang wontên ing kaswargan malih aling-alingipun badhe saya tipis sarta kawontênanipun badhe saya prayogi tinimbang sapunika.

Manawi diwasa gêsangipun wontên ing alam ngriku langkung dangu manawi [ma...]

--- 1 : 91 ---

[...nawi] katandhing kalihan danguning anggèning gêsang wontên ing alam sanès-sanèsipun ingkang langkung andhap, manawi manungsa tambah diwasa (langkung sukci) botên angêmungakên kasinungan panguwaos gampil anampèni ananging ugi sagêd anyukani, mênggah sajatosipun manawi sampun makatên kawontênanipun punika sampun anyêlaki unggul yudabratanipun, awit sampun angèstokakên piwulangipun Nabi Isa ingkang sakalangkung mulya, inggih punika anyatakakên kanikmatan ingkang luhur wujudipun kanikmatan angorbanakên dhiri prêlu kangge pigunaning akathah, anglilakakên jiwanipun kangge pigunanipun sasamining gêsang, anyungkêmi kodrating Pangeran kangge kaprêluwaning manungsa ingkang sami kasurang kasangsaya kombak-kambul manrang aluning alam donya, mênggah sajatosipun punika saperangan sangking panggêsangan ingkang dados sêsanggêman kita, inggih punika saperangan sangking unton-untoning ôndha kancana ingkang pucukipun tumamèng ing kasidan jati sarta ingkang kasatmata ing netra kita, sanadyan kita taksih dumunung ing sukunipun, ingkang makatên wau mila bab punika prêlu kula gêlarakên tumrap para ingkang dèrèng mirsa babagan punika, akanthi pangajêng-ajêng mugi-mugi sami angèsthia dhatêng kamulyan sajati ingkang sagêd anyoroti panggêsangan [pang...]

--- 1 : 92 ---

[...gêsangan] padintênan ingkang sêpi sarta samun punika, inggih makatên punika saperangan sangking kanugrahan tuwin kabêgjan angsal-angsalipun teyosopi, inggih punika satunggaling katêmtuan bilih kita sadaya ing têmbe mêsthi sagêd anggayuh darajating kamulyan ingkang linuhung, dene sarananipun botên sanês amung kita kêdah angudi sagunging pirantos ingkang sagêd andumugèkakên dhatêng kajatèn.